Anda di halaman 1dari 2

Nama : Ferry Candra Andhika

NIM : 2601419044

Teks Pranatacara Lomba Geguritan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alkhamdulillahi robbil ‘alamin, wabihi nasta’iinu ‘ala umuurid-dunya wad-diin, washolaatu wassalaamu
‘ala sayyidina mukhammadin, wa ‘ala aalihi wa shokhbihi ajma’iin

para alim, para ulama’ ingkang kula hormati, para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten
ingkang kula hormati bapak martono minangka kepala dusun ngobo sak perangkatipun . bapak Suryani
minagka imam masjid ittikadul muhtadin ingkang satuhu minulya. Ugi para rawuh muslimin
muslimat ingkang bingah ing manah tansah bagya mulya. Kula minangka pranata adicara ugi ng
aturaken sugeng rawuh dhumateng bapa KH abu Hanafi saking tlatah Wujil ingkang tansah kita
antu-antu barokah lan ilmunipun.

Keparenga langkung rumiyin kula lan panjenengan sedaya ngunjukaken raos syukur dhumateng
Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi. Amargi sampun paring kanugrahan lan kawilujengan
supados kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten papan menika saperlu nderek
mengeti isra’ miraj Nabi Muhammad SAW kanthi bagas waras.

Salajengipun kula minangka pranata adicara keparenga ngaturaken rantamaning adicara dalu
menika,

Pambuka
Atur pambagyaharja
Waosan sholawat saking adi-adi tpq at taqwa
Waosan ayat suci al quran
Pengajian bapa kh abu hanafi
Panutup
Pramila saking menika, sumangga adicara lomba geguritan menika dipunwiwiti kanthi
andedonga miturut kapitayan ugi kapitadosan piyambak-piyambak.

Andedonga kawiwitan … purna

Adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja dening pangarsa Dusun Ngobo.
Dhumateng bapa Martono kula sumanggaaken …

Matur nuwun dhumateng bapa Martono. salajegipun atur pambagyaharja saking bapa suryani
minangka imam masjid ,,,,. Dhumateng bapa suryani kula sumanggaaken …

Matur nuwun dhumateng kang mas Budi ingkang sampun paring pambagyaharja.

Adicara salajengipun inggih menika pamaosan sholawat Nabi saking adi-adi tpq attaqwa
dilajengaken pamaosan ayat al quran saking kadhang arafah.

Sugeng midangetaken….

Salajengipun titi wanci ingkang sampun katengga-tengga inggih menika pengajian sesarengan
kaliyan bapa KH abu Hanafi ingkang tansah kita antu-antu barokah ugi ilmunipun. Dumateng ba
pa KH abu Hanafi kula sumangaaken …..

…..

Inggih menika . Anuju ing pungkasaning adicara inggih menika panutup. Kula minangka
pranatacara mbok bilih wonten kalepatanipun atur kula nyuwun agunging pangaksami.
Minangka pratanda pungkasaning adicara sumangga sedaya andedonga miturut kaptayan ugi
kaptadosan piyambak-piyambak.

Andedonga kawiwitan … purna

Wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai