Anda di halaman 1dari 1

Atur Panampi Pasrahan

Assalamu'alaikum wr. wb. Kawula nuwun,

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana putri,
kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bp. sakulawangsa mangka duta saraya
saking kadang besan sutresna. Tingkang dahat sinudarsana. Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten
ingkang agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngirangi tata
trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang makaten, kapeksa kula jumeneng wonten
ngarsa panjenengan. Panjenenanganipun Bp. kula minangka sulih sarira Bp. sekaliyan
ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp. sekaliyan nembe ngraosaken
bombong mongkog ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung teta lining katresnan ingkang tanpa
pepindhan. Langkung rumiyin Bp. sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp. sekaliyan, katitik ing
wekdal punika Bp. sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan Ingkang kaping
kalih, kula pribadi tuwin Bp. sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dhumateng
kerawuhan panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana
palakrama saking dalem dumugining wisma punika. Bp. Kaping tiganipun, sampun dipun
tampi atur salam taklimipun Bp. sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp.
Semanten ugi Bp. sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun
Bp/lbu. kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka
rahayu lan tinebihna ing godha rencana. Kaping sekawan, Bp. sekaliyan ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. sekaliyan kersa hangenthengaken bot
karepotanipun Bp. ingkang punika pasrahing temanten kakung dipun tampi kanthi suka
renaning penggalih. mbok bilih sadaya nipun sampun samekta ing gati sri temanten kekalih tumunten
badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panyuwunipun Bp. seka liyan mugi panjenenganipun dalah
para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka
anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos paripur naning gati.

Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngatur aken panampi punika taksih kathah cicir cewet
kuciwaning atur. saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih.
Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.

Wassalamu'alaikum wr. wb.

Nuwun

Anda mungkin juga menyukai