Anda di halaman 1dari 2

NAMA : ………………………….

NO : …………………………
PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL
DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI PENGKOL KARANGMOJO

Alamat : Pengkol, Jatiayu, Karangmojo, Gunungkidul, DI Yogyakarta 55891


e-mail : sdpengkol@ymail.com laman : sdpengkolkarangmojo.pendidikan.gunungkidulkab.go.id

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023
Mata pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : Kamis, 15 September 2022
Kelas : V ( Lima ) Waktu : 07.30 - 09.00

Lindhu
Lindhu yaiku kadadean getaran ing lumahing bumi sing dijalari anane obahing lempeng tektonik
ing kerak bumi utawa sebab - sebab liyane. Jinise lindhu kuwi ana loro, yaiku lindhu tektonik lan
lindhu gunung geni ( vulkanik ). Lindhu tektonik dijalari saka obahing lempeng tektonik sing ana kerak
bumi, dene lindhu vulkanik dijalari saka obahing materi-materi ing jero gunung munggah menyang
pucuking gunung geni. Lindhu paling gedhe sing kecathet ing jaman modheren sakiki yaiku lindhu ing
Chili taun 1960 nganti 9,5 skala Richter.
Menawa kadadean lindhu, ana tata carane ngadhepi lindhu. Sepisan kudu tenang utawa aja
grusa-grusu supaya bisa mikir kanthi nalar. Kepindho, metu saka omah utawa bangunan kanthi ngati-
atilan gilir gumati karo wong liyane. Ketelu, nunggu prentah saka badan resmi kaya BMKG lan liyane.
Aja langsung nduweni penemu menawa lindhu njalari tsunami lan langsung geger tangga teparone.

I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !


1. Apa irah - irahan wacan ing dhuwur?
Wangsulan : ……………………………………………
2. Apa kang diarani lindhu iku ?
Wangsulan : ……………………………………………
3. Ana pirang jenis lindhu iku? Apa wae ?
Wangsulan : ……………………………………………
4. Apa bedane lindhu tktonik lan lindhu vulkanik iku ?
Wangsulan : …………………………………………..
5. Kepriye tata carane ngadhepi lindhu ?
Wangsulan : ………………………………………….

II. Wenehan tandha ping ( x ) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe wangsulan sing paling
bener !
6. Cacahe wanda saben sagatra diarani ….
a. Guru musik c. Guru gatra
b. Guru lagu d. Guru wilangan
7. Sing ora klebu jinise tembang macapat yaiku ….
a. Gambuh
b. Garisa
c. Pangkur
d. Kinanti

Wacanen tembang macapat ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 8-10 !
Dadiya lakunireku
Cegah dhahar lawan guling
Lawan aja asukan - sukan
Anganggora sawatawis
Ala watake wong suka
Suda prayitnaning batin

8. Tembang macapat dhuwur ana … gatra.


a. 5 c. 7
b. 6 d. 8
9. Gatra kaping 5 guru lagune swara ….
a. i c. ra
b. u d. a
10. Gatra kaping 5 guru wilangane cacahe ana … wanda.
a. 8 c. 6
b. 7 d. 5
11. Pak Wangsa anggone duwe gawe mantu digawe prasaja supaya ngirit. Senadyan wis digawe
ngirit nanging tundhone entek akeh. Pratelan iki paribasane ….
a. Ana gula ana semut c. Jer basuki mawa bea
b. Cincing - cincing meksa klebus d. Kadang konang
12. Pratelan iki sing dudu upaya kanggo nyegah banjir yaiku ….
a. Nanduri lemah bera c. Nggawe wadhuk
b. Ora ngguwang uwuh ing kali d. Negori wit-witan
13. Perkara iki aku ora ora reti … kawite.
a. Wesi c. Bibit
b. Gulung d. Baya
14. Dadi wong ojo kakehan gludhug kurang udan. Tegese kakehan gludhug kurang udan tegese ….
a. Ora duwe papan panggonan c. Mungsuhan karo panguwasa
b. Okeh omonge nanging ora ana nyatane d. Wong nemoni kesusahan
15. Bocah kok kandel kulite, dikandhani becik ora nggugu.
a. Wes ora duwe rasa c. Ora duwe isin
b. Nesu d. Mencla - mencle

III. Isenana ceceg - ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!
16. Tegese paribasan kerubuhan gunung yaiku ….
17. Bapake Bima dedeg piadege gagah ….
18. Tegese tembung rai gedhek yaiku ….
19. Tegese lunyu ilate yaiku ….
20. Adhiku ing pasar tuku jaran ….

IV. Garapen manut prentahe!


21. Tulisen nganggo aksara jawa tembung “ lara weteng “!
Wangsulan : …………………………………………………………
22. Ana bocah kok mencla - mencle. Apa tegese mencla - mencle?
Wangsulan : …………………………………………………………
23. Golekana kosok balene tembung ngisor iki !
a. Cedhak >< ….
b. Ijo royo royo >< ….
24. Apa tegese paribasan “ pupur sadurunge benjut “?
Wangsulan : ………………………………………………………..
25. Kepriye carane mbudidaya nalika ana putting beliung ?
Wangsulan : ……………………………………………………….

Anda mungkin juga menyukai