Anda di halaman 1dari 7

LAPORAN KEGIATAN KARYA WISATA GOES

TO LAMONGAN
KELAS IX

Kasusun Dening :
1. Ahmad
2. Bayu
3. Citra

SMP NEGERI 1 GAYAM


JL. RAJEKWESI NO. 01 KEC. GAYAM
BOJONEGORO
Atur Prawacana

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung
sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem
tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh
lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna.

Laporan kegiatan kanthi irah-irahan "Laporan Kegiatan Karya Wisata Goes to Lamongan   punika minangka
salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester II mata
pelajaran basa   Jawa.

Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng
para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe
saha panyendu tansah kula antu-antu. 

Gayam, ….. Maret 2023

Panyerat
Daftar Isi
1. Sampul
2. Atur prawacana
3. Daftar isi
4. Pambuka
a. Lelandhesan pamedharan
b. Tujuan kegiatan
c. Manfaat kegiatan
5. Isi
a. Jeneng kegiatan
b. Wektu lan panggonan kegiatan
c. Peserta kegiatan
d. Jadwal kegiatan
e. Dheskripsi ringkes
1) Wisata bahari lamongan
2) Maharani zoo
6. Panutup
a. Dudutan
b. Saran
1. PAMBUKA
a. Lelandhesan pamedharan
SMP N 1 Gayam saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.
Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe
Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau neng njero kelas wae. Kanggo
nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa
perlu sinau ing laboratorium alam. Laboratorium alam sajining panggonan kang cocog
kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthi
mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha
sing nyata. Lelandhesan kasebut sekolah ngajak marang para siswa karya wisata
menyang Lamongan.
b. Tujuan kegiatan
Tujuan Kegiatan karya wisata menyang Lamongan nduweni tujuwan supaya:
a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Indonesia, mligine ing Lamongan.
b. Ngidhentifikasi kewan-kewan kang langka.
c. Ngidhentifikasi papan-papan wisata sing duwe nilai pengetahuan kang dhuwur.
c. Manfaat kegiatan
a. Supaya siswa mangerteni langsung apa kang wes disinaoni ing sekolah
b. Suoaya siswa ora bosen nglakokake pembelajaran in sekolah
2. Isi
a. Jeneng kegiatan
Jeneng Kegiatan Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng ”Karya Wisata Siswa SMP
Negeri 1 Gayam Goes to Lamongan”.
b. Wektu lan Panggonan Kegiatan
Kegiatan karya wisata dianakake: Dina lan tanggal : Sabtu- Minggu, 19 Maret 2023
Papan tujuwan : WBL, Goa maharani
c. Peserta kegiatan
Peserta legiatan ing karya wisata iki ana 185 siswa, 89 siswa kelas IX lan 97 siswa
kelas VIII
d. Jadwal kegiatan

Waktu Kegiatan

 Minggu , 19 Maret Peserta berkumpul disekolah bersiap berangkat


2023
04.00

07.00 Peserta sampai di rest area untuk sarapan


08.00 Tiba di WBL

13.00 Peserta meninggalkan WBl menuju Goa


Maharani

13.30 Tiba di Goa Maharani

15.30 Meninggalkan Goa Maharani

16.00 Meninggalkan Goa Maharani menuju pulang

19.00 Tiba di sekolah

e. Dheskripsi ringkes

1) Wbl
Wisata Bahari Lamongan utawa WBL iku punjer wisata sing mapan ing pasisir lor
kisik Jawa, ing kacamatan Paciran, Kabupatèn Lamongan, Jawa Wétan.
Papan wisata iki wis dibuka wiwit 14 November 2004. Wisata Bahari Lamongan
dikelola déning PT Bumi Lamongan Sejati, sawijining perusahaan patungan Pemkab
Lamongan lan PT Bunga Wangsa Sejati.[1]
Sawetara wahana unggulan papan wisata iki antarané Pura Bawah Laut, Guwa
Insectarium, Space Shuttle, Anjungan Wali Songo, Texas City, Paus Dangdut, Tembak
Ikan, Rumah Kaca, sarta Pura Bajak Laut.
2) Goa Maharani

Wisata Gua Maharani dumunung ing Jl. Raya Paciran, Paciran, Kabupaten Lamongan,
Jawa Timur. Wiwitane, Guwa Maharani ditemokake kanthi ora sengaja dening Bupati
Lamongan nalika iku, yaiku Muhammad Faried nalika tanggal 6 Agustus 1992. Guwa iki
dumunung ing ngisor lemah kanthi ambane 25 meter saka lumahing lemah lan ambane
kurang luwih 2500 rongga. . , banjur guwa iki didadèkaké papan wisata lan dibukak
sacara resmi tanggal 10 Maret 1994.
Kajaba iku, ing Mazoogo uga ana kebon binatang mini sing dumunung ing komplek
Wisata Bahari Lamongan (WBL) sing ana ing sandhinge. Mazoogo nyedhiyakake kebon
binatang kanthi macem-macem fasilitas sing cocog kanggo ngunjungi minangka alat
pendidikan kanggo bocah-bocah. Kewan-kewan sing ana ora mung bisa dideleng saka
kadohan, sawetara jinis kewan bisa diajak njupuk gambar kanthi pengawasan pawang.
Pengunjung uga bisa ngrasakake sensasi pakan kewan tartamtu. Kajaba iku, ana museum
kewan lan pameran kewan sing bakal nambah kawruh.
3. Panutup
a. Dudutan
Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata
akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan
kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi utawa liwat internet wae,
nanging weruh sing sanyatane.
b. Saran
Ing pangajab kegiatan karya wisata tetep dileksanakake ing taun candhake
kanthi bisa luwih apik.
Lampiran
1. Wbl

2. Goa maharani

Anda mungkin juga menyukai