Anda di halaman 1dari 9

Besut : ealah, lega rasane atiku. Aku saiki wis lulus SMA, rek.

Gak rugi olehku sinau,


gak rugi oehku tuku buku. Tapi rek, aku jek kalah karo kancaku sing jenenge rusmini.
Besut : areke ayu, bintang kelas sisan. Iki enake aku tak mrono ae ya. Sopo ngerti
engkok gelem dadi pacarku.
Besut : wes ya rek, tak tinggal disek, ya…

….
Gondo masuk panggung.
Gondo : dek, aku saiki dadi wong soge lho. Rejeki ne koyok ngene. Enek kalung e,
kalung rante. Onok rante nang masjid iku tak jokok gone sopo, gak ero.
Gondo : aku dadi wong soge jarene kang heru pas pelatihan winginane, yo gak. Wong
soge iku wujude nang kene.
Gondo : mangkane tak dudui mlakune wong sugih, jal.
Gondo berjalan.
Gondo : ngerti? Ngunuku mlakune wong sugih. La yo opo, aku due pabrik biting nang
kunu 13. Maringunu mobilku enek, siji loro.. tak tarek kene. Terus jaranku enek 12,
wedosku 35,
Gondo : sek, jaran 12, wedos 35, la koyok nomer e togel.
Gondo : la aku dadi gondo, due anak uayu, masalahe moleh sekolah gak langsung
moleh. Goncengi koncone ngalor ngidul. Bulak balik disusul gonta ganti sing nyusul,
blenger aku nguasi rusmini. Ibuke gak ngandani ta yo opo. Omah gede gede sak mene
kok gak enek wong e iku nangdi kabeh se…
Gondo : wes moleh rusmini koyoe.. ros, rusmini…
Rusmini masuk panggung.
Rusmini : assalamualaikum.
Gondo : waalaikumsalam, anakku
Rusmini : yuhuuu bapak
Mereka saling mencari.
Gondo : nangdi arek iku maeng, rus, rus
Rusmini : bapak iki melbu nang freezer opo yo. Pak..
Akhirnya ketemu.
Rusmini : bapak iki rek..
Gondo : bapakmu kaget. Lanek jantung e pindah nok kene piye.
Rusmini : kok menisan gak pindah ndok kene?
Gondo : lah
Rusmini : bapak.. bapakku aku ada kabar gembira
Gondo : opo iku?
Rusmini : aku iki anak e sopo?
Gondo : anak e gondo
Rusmini : ayu t gak?
Gondo : uayu
Rusmini : bapakk.. rusmini lulus dengan nilai terbaik
Gondo : alhamdulillah, gak rugi oleh bapakmu nyekolahno rus
Rusmini : pinter yo bapak…
Gondo : pinter
Rusmini : jarene bapak ngene, sekolah sing bener, lek sinau sing temen, ojok dulinan.
Mergo sing temen bakalan berhasil
Gondo : heeh bapakmu kok
Rusmini ; bapak… rusmini sekolah maneh ya
Gondo : sekolah?
Rusmini : heeh
Gondo : sekolah opo rus?
Rusmini : kuliah (diulangi)
Gondo : kuliah jarene mbah mu biyen iku nguyahi uyah rus
Rusmini ; sekolah iku sekolah nek mari SMA bapak…
Gondo : oh, ngunu ta, bapak mu ae lulusan SD
Rusmini : tapi aku kan pinter
Gondo : iyo
Rusmini : aku oleh kuliah yo bapak
Gondo : kuliah opo se rus?
Rusmini : kuliah nok UNESA
Gondo : sek, UNESA iku opo?
Rusmini : kuliah nok UNESA iku iso dadi koyok… iki, iki, iki(nunjuk) sip. Terus yo iso
ngene. Assalamualaikum selamat pagi anak anak silahkan dibuka kampung
halamannya.
Rusmini : buka halaman 21, nah koyok ngunu loh pak
Gondo : oh, sopir she?
Rusmini : ojok nular, ojok nular.
Gondo : yo amit amit o ambek bapakmu rus
Rusmini : la kok supir, guru pak, UNESA iku iso dadi guru pak
Gondo : guru koyok iko ta? Koyok iko, iko…
Rusmini : iyo
Gondo : pinter kabeh
Rusmini : kabeh pinter, calon pembentuk manusia manusia berkarakter berdaya saing
Sedikit penghormatan pada guru. Tepuk tangan.
Rusmini : oleh yo pak.
Gondo : kuliah? Gak… awakmu saiki wes lulus, ganti karo bapak.
Rusmini : tapi bapak..
Gondo : ga atek tapi tapian. Awakmu bakal tak rabekno karo sumo gambar. Wong sugih
tekok kampung sebelah
Rusmini : oalah, akum oh dirabek no bapak, akum oh
Gondo : rusmini, saiki awakmu kudu manot bapak. Awakmu kudu gelem rabi karo
sumo gambar, titik!
Rusmini : moh bapak! Aku moh rabi karo sumo gambar.
Gondo keluar panggung.
Rusmini ; terus opo guna ne aku sinau lanek… sing temenan..
Besut masuk panggung.
Besut : kulo nuwun, assalamualaikum..neng rusmini
Rusmini : besut e gak enek sing liyane ta?
Besut : bintang kelas yo bintang kelas, aku ojo di lalekno
Rusmini : aku gabakal lali lek besut e ganti kok
Besut : lo, pancet lali
Rusmini : biasane ngunu
Besut : dek rusmini, tek terawang tekan kene, mendung kelihatan menyelimuti
wajahmu. Onok opo dek?
Rusmini : aku malu cak besut, karena rusmini mau dikawinkan cak
Besut : hah? Dikawinkan?
Rusmini : heeh
Besut : kalau kamu dikawinkan, opo ora eman prestasimu sing juara siji iku?
Rusmini : laiyo iku cak, aku dikongkon atene rabi, lho
Besut : ros, kamu mau dikawinkan, sama siapa?
Rusmini : sumo gambar, arek deso sebrang, sing jarene sugih
Besut ; sumo gambar arek sing petentang petenteng
Rusmini : lah sing ita itu biasane iku lho
Besut : la terus kamu mau?
Rusmini : sakjane mau
Besut : terus?
Rusmini ; berhubung sekenario ne tidak mau.. aku moh
Besut : alhamdulillah, jek onok harapan
Rumini : aku iki pingin pendidikanku tak terusno cak. Aku pingin kuliah maneh. Kekono
solasi cak
Besut ; solasi? Njaluk o tukang tambal ban kono
Rusmini : jalan keluar
Besut : solusi?
Rusmini : nah iku sing bener, aku maeng kate muni ngunu
Besut : ngene, lanek sampeyan njaluk solusi, kene tak bisik i
Besut bisik bisik.
Besut : nah, piye?
Rusmini : opo iku maeng?
Besut : ganti seseh kene!
Besut pindah posisi. Besut bisik bisik
Rusmini : sip! Cocok!
Mereka tos.
Rusmini : saiki aku manggon ndi?
Besut menunjuk kursi.
Rusmini : oke!
Gambar masuk panggung. (Pantonim mengetuk pintu)
Gambar : asalamualaikum. Kulo nuwun dek rusmini. Wong ganteng tekan bolong besuk
teko dek.
Gambar : dek dek. Aku wingi tekan pasar jombang, golek toko emas. Nemu ali ali sing
paling larang dewe.
Gambar : iki ali ali berlian, jambul e ijo ijo biru, guedi
Gambar : dek rusmini, terimalah ali ali berlian ini, sebagai tanda cintaku. Trimoen dek
Gambar membungkuk sambil menyerahkan cincin segede gaban.
Rusmini menerima cincin.
Gambar : alhamdulllah ditampani. Gelem yo dek
Rusmini : apik
Rusmini : aaa rusmini due ali ali. apik!
Gambar : wes, seneng sampeyan?
Rusmini melempar cincin ke tanah, kemudian melewatinya layaknya bermain sonda.
Gambar : loh, kok mok buak.
Rusmini selesai sonda.
Gambar : lho, kok mok gae kyk ngunu dek, iku ali ali larang. Jek kredit pisan.
Rusmini : aaa rusmini due ali ali. apik!
Gambar : lha kok ngunu…
Rusmini : rusmini sido rabi!
Gambar : lho, gelem dek?
Rusmini : Rusmini rabi..
Gambar : lha kok ngene rek..
Rusmini mulai mengejar gambar.
Gambar : sek sek, gelem ta gak?
Mereka berhenti sejenak. Tanpa menjawab pertanyaan, rusmini lanjut mengejar
gambar dan meneriakan kata “rabi!”. Gambar bingung.
Gondo datang ke panggung.
Gambar : anakmu edan man!
Gambar di belakang gondo.
Gondo : lapo se kon iku
Gambar : anakmu edan! Aku jange dientup.
Gondo : ros.. anakku mok arani edan?! Wong arek pinter kok
Gambar : ali ali iku larang, malah digawe sonda
Gondo menyidik rusmini.
Gondo : sek ta, iki rusmini t? ros, amu lapo ros?
Gondo mendekat dan mencoba membubarkan rusmini yang diam tak bergerak.
Gondo : ros, ojok isin isini bapak, ros!
Rusmini : heeyyy gondo! Lungguh!
Gambar : lah. Gak lidok
Gondo : amu y melok lungguh!
Mereka semua duduk.
Rusmini : gondo! Opo koe lali karo suaraku
Gondo : sopo iki? (bertanya ke gambar)
Rusmini : opo koe lali karo pesen lan wasiatku, gondo
Gondo : sopo iki?
Rusmin : gondo, aku iki cacakmu
Gondo : lho, cacak? Wes mati cacak ku
Rusmini : gondo… nek ancene koe wes gak sanggop ngeramut utawa nyekolahno
rusmini… y gapopo! Tak pedot ndas-
Gondo : ampun cak! Ampun!
Gondo : aku bakalan ngenakno rusmini cak! Rumini bakal tak rabekno karo wong sing
luweh sogeh, jelas uripe luweh enak ambek wong iki (gondo menunjuk gambar)
Gambar : iyo, ambek aku!
Rusmini : weee gondo! Opo kue ngerti sejatine sumo gambar?
Gondo : y gk ngerti
Rusmini : sumo gambar iku cukong TKI ilegal!
Gondo : loh? Iyo ta (natap gambar)
Rusmini : opo kon pengen rusmini didadekno TKI ilegal?
Gondo : ora, ora cak
Rusmini menunjuk cincin yang ada di tanah.
Rusmini : ali ali sing digowo sumo gambar… iku palsu gondo! Imitasi!
Gondo : ga ngerti aku cak!
Rusmini : ancene kon goblok!
Gambar : ojo percoyo man! Iku ali ali asli! Ojo percoyo ambek wong gendeng iku!
Gondo mengambil cincin itu, lalu menunjukkannya pada gambar.
Gondo : iki sing jaremu asli? Ali ali model ngene aku y iso tuku! Iki palsu!
Gambar : asli!
Gondo melempar cincin itu ke gambar.
Gondo : ojo ngawe alasan!
Gambar : olehku tuku-
Gondo : ojo gae alasan kon! Kurang ajar kon lanek gak ngaleh tekan kene! Majuo tak
tandangi koe!
Gondo dengan jurus silat abal abalnya mengejar gambar yang menjauh.
Besut datang.
Gambar : besut tolong lah!
Besut : onok opo iki?
Besut menahan tangan gondo.
Gondo : ojo digandoli! Anakku gendeng iku mergo sumo gambar, sut!
Besut : gendeng (pura pura kaget)
Gondo : sakno rusmini gendeng sut!
Besut : oo ancene sumo gambar!
Gambar : gak tak apak apakno, tak demek ae ora!
Gondo : tulungono aku sut! Warasno! Aku wedi
Besut : lah, koyoe aku y gak wani
Gondo mendorong besut untuk maju. 2 kali.
Besut : wes ngene ae
Besut : rusmini ta warasno, tapi sampeyan janji kudu nyekolaho rusmini sampek
perguruan tinggi.
Gondo : ngunu?
Besut : lanek sampeyan janji, tak warasno!
Gondo : ngunu a? yowes sut, aku janji
Besut : nah, ngunu, ya. Tak warasno.
Besut memegang kepala rusmini, berusaha untuk menyembuhkan. Besut
mengucapkan mantra.
Besut : setan ora doyan, demit ora iblis. Sing sokok etan, balik o ngetan, sing saka
kulon balik o kulon, sing saka kidul, balik o kidul, sing saka lor, balik o ngalor. Waras,
waras, saka arsane gusti. Wusss~ rusmini tepar.
Gondo : ngunu? Wes waras temen, sut?
Besut ; waras, sampean delok
Gondo membangunkan rusmini.
Gambar : waras man? Sido rabekno ya
Gondo : gak, gak rabi
Gondo : ros, tangio ros. Bapakmu wes insaf ros
Rusmini bangun.
Gondo : ros, sadar ros?
Rusmini : jek kait 5 menit, pak
Gondo : yowes turuo maneh
Rusmini : mbok enteni 20 menit ae ngunu
Rusmini : rusmini oleh kuliah?
Gondo : oleh ros
Rusmini : alhamdulillah. Cak, bapak wes insaf, cak besut. Aku wes oleh kuliah
Gambar : loh, gak sido rabi?
Gondo : y gak sido.
Besut : EH, Tibakne man gondo insaf gara gara rusmini..
Semua kecuali rusmini : EDAN! (menunjuk rusmini)
THE END.

Anda mungkin juga menyukai