Anda di halaman 1dari 4

‫ َاالَّناِفِذ َقَض اُئُه ِبَم ا َتْج ِر ى ِفْيِه اَأْلْقَداُر‬.‫ َااْلُم َتَفِّض ِل ِباْلَع َطاِء اْلِم ْد َر اِر‬.

‫ َاْلَح َلْيِم الَّسَّتاِر‬.‫َأْلَحْم ُد ِهَّلِل اْلَع ِزْيِز اْلَغ َّفاِر‬.

‫ُيْد ِنى َو ُيْبِع ُد َو ُيْش ِقى َو ُيْس ِع ُد َو ُيْهِبُط َو ُيْص ِع ُد‬.

‫ َو َأْش َهُد َأْن اَل ِإَلَه إاَّل ُهَّللا َو ْح َد ُه اَل َش ِرْيَك َلُه ُم َك ِّو ُر الَّلْيِل َع َلى الَّنَهاِر‬.‫َو َر ُّبُك َيْخ ُلُق َم ا َيَش َاُء َو َيْخ َتاُر‬

‫َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَدَنا ُمَحَّم ًدا َع ْبُد َه َو َر ُسْو ُلُه اْلُم ْص َطَفى اْلُم ْخ َتاُر‬.

‫َالَّلُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َو َباِر ْك َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد اَّلِذ ى َكَش َف اْلُك ُرْو َب َو اَأْلْض َر اَر‬

‫َو َع َلى آِلِه َو أْص َح اِبِه َم ا َطَلَع َفْج ٌر َو اْسَتَناَر‬.

‫ َفَياأُّيَها اْلَح اِض ُرْو َن‬:‫أَّم ا َبْعُد‬.

‫ َفَقْد َفاَز َمِن اَّتَقى َو َخ اَب َم ْن َطَغى‬,‫ُأْو ِص ْيُك ْم َو َنْفِس ْي ِبَتْقَو ى ِهَّللا‬

Jamaah sholat Jum’at …

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti


nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kita
sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Saat meniko kita manggen wonten wulan Shofar, wualn kaping kalih saking tahun hijriyyah.
Nami Shofar magayutan kalian aktivitas bongso Arab rumiyen. Shofar tegese kosong. Dipun
asmani mekaten kranten wonten ing wulan kasebut, masyarakat naliko semanten sami
ninggalaken daerahipun, sak perlu bidal perang utawi musafir utawi mlancong.

Poro ulomo nyebat wulan Shofar minangka Shofar al-Khoir, wulan Shofar engkang kebak
kabecikan minangka wujud optimisme mundut nilai-nilai positif kanthi nyandarken kesaenan
wonten wulan Shofar.

Ari kolo zaman jahiliyah, sumebar anggepan bilih wulan Shofar minangka wulan sial
engkang dipun sebat tasya’um. Wulan engkang mboten gadah kekarepan nopo-nopo dipun
percayo mengku kealanan hinggo nimbulaken kekhawatiran utawi rasa wedi nindakaaken
perkawis-perkawis tartamtu. Pemikiran kados mekaten taksih menjalar ngantos sak meniko.
Sebagian tiyang nganggep bilih dinten-dinten tartamtu andatengaken hoki utawi
keberuntungan, anananging dinten-dinten lintunipun mengku kosok wangsulipun.

Kasunyatanipun, kados wulan-wulan lintu, wulan Shofar netral saking nasib awon utawi
bebaya ola. Menawi wonten kedadosan engkang awon wonten lebetipun, milo mung amargi
faktor lintunipun, yakni miturut kersanipun Allah, sanes amargi wulan Shofar piyambak.

Kanjeng Nabi dawuh:

‫اَل َع ْد َو ى َو اَل ِطَيَر َة َو اَل َهاَم َة َو اَل َص َفَر َوِفَّر ِم ْن اْلَم ْج ُذ وِم َك َم ا َتِفُّر ِم ْن اَأْلَسِد‬

(‫)رواه البخاري ومسلم‬


“Ora ana ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo (ngedoho) saka wong sing kena kusta
(lepra) koyo awakmu mlayu (ngadoh) saka singa.” (Riwayat Bukhari lan Muslim)

‘Adwa meniko kapercayaan menawi wonten penyakit engkang saget nular piyambak, tanpa
proses sak derengipun lan tanpa izin saking Allah. Thiyarah meniko kapercayaan babagan
nasib sae lan olo sak sampun ipun ningali manuk. Ing masyarakat jahiliyah wonten mitos
menawi wonten tiyang medal saking griyo ndeleng manuk mabur ing sisih tengenipun,
pratondho pinaringan nasib mujur. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing
sisih kiwo, iku pratondho manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.

Wondene hamah meniko jinis anggepan menawi manuk hantu menclok wonten griyo,
meniko pratandha nasib ala tumrap engkang kagungan griyo. Mboten benten kalian Shofar
engkang dipun yakini minangka wektu khusus engkang saget andatengaken beboyo.

Jamaah sholat Jum’at …

Ing saben komunitas, kados ing kulawargo, suku utawi bongso, mesthi wonten wulan
tartamtu engkang dipun anggep minangka wulan sial. Sebagian tiyang Jawi nganggep wulan
Muharram utawi Sura minangka wulan sial. Lintunipun nganggep wulan Dzulqa’dah utawa
Selo/Apit minangka wulan sial. Wonten kalangnipun tiyang Arab, wulan sial ipun inngih
puniko wulan Shofar lan Syawwal. Negari lintunipun ugi anggdahi wulan engkang benten-
benten. Keyakinan engkang kados mekaten dipun timbulaken saking kalih perkawis:

Kaping sepisan, wonten tragedi utawi kedadosan engkang nyengsaraken leluhur ing wulan,
dinten utawa wektu tartamtu. Lajeng dipun anggep wulan kasebut minangka wulan sial lan
wasiat marang anak lan putune supados waspodo dateng wulan kasebat supados selamet
saking tragedi kasebat.

Kapindho, saben manungsa kagungan sifat pesimis kanthi ukuran benten-benten. Menawi
sifat pesimisme dipun gandhengaken kalian crita leluhur lan crita sial, mongko engkang
kagungan sifat pesimisme bade prasongko mboten sae dateng awak-awakan, papan, utawi
wektu tartamtu minangka penyebab sial. Nabi Muhammad SAW ngendika:

)‫ (رواه إبن أبى الدنيا‬.‫ َالَّظُّن َو الِّطَيَر ُة َو اْلَحَس ُد‬: ‫َثاَل ٌث اَل َيْنُجْو ِم ْنُهَّن َأَح ٌد‬

“Telung perkara, ora ana sing selamet soko perkoro telu iku; yaiku prasangka, pesimisme,
lan hasad. ” (Riwayat Ibnu Abi Dunya)

Jamaah sholat Jum’at …

Islam mboten ngakeni dinten, wulan utawi taun sial. Kados kawontenan jagat royo meniko,
wektu minangka titahing Allah. Wektu mboten saget jumeneng piyambak. Dhewekne
wonten ing kekuwatan lan penguwasanipun Alloh. Saben tiyang Islam kedah percados bilih
mboten wonten pengaruh sae utawi awon tanpa izin saking Allah.

Kanjeng Nabi piyambak nolak anggepan negatif masyarakat jahiliyah dateng wulan Shafar
kanthi praktik-praktik positif. Habib Abu Bakr al-‘Adni wonten Mandhumah Syarh al-Atsar
fî Ma Warada ‘an Syahri Shafar nerangaken bilih kathah kedadosan penting engkang dipun
tindaaken Nabi wonten ing wulan Shofar, ing antawisipun nikah kalian Sayyidah Khadijah,
perkawinan putrinipun Sayyidah Fatimah kalian Ali bin Abi Talib, ngantos panjenenganipun
miwiti hijrah saking Mekah dateng Madinah. Artosipun, Kanjeng Nabi mbantah kapercayaan
masyarakat jahiliyah mboten namung kalian argumentasi sarasan, ananging ugi kanthi bukti
nyoto. Kanthi nindakaken prekawis-perkawis sakral lan penting ing wulan Shofar. Kanjeng
Nabi kados maringii pesen manawi wulan Shofar mboten bedo kalian wulan lintune.

Kita wajib ngilangi kapercayaan dateng wulan, panggenan, obyek lan tokoh pembawa sial.
Kepercayaan kados mekaten bade ngrisak panggesangan individu tuwen masyarakat.
Antawisipun langkah-langkah kagem terapi mandiri saking penyakit meniko:

Mikir engkang positif, mikir negatif dateng wulan Shafar bade andatengaken hal negatif.
Sebalikipun, menawi mikir kanthi positif, ugi bade andatengaken hal positif. Amargi Gusti
Allah bade nakdir kita miturut menopo engkang dipun percoyo lan dipun yakini. Ing hadits
Qudtsi Allah ngandika:

)‫ (رواه أحمد‬.‫ ِإْن َظَّن ِبى َخْيًرا َفَلُه َوِإْن َظَّن َش ًّر ا َفَلُه‬,‫َأَنا ِع ْنَد َظِّن َع ْبِد ِبى‬

“Aku gumantung marang prasangka abdi dalem. Yen dheweke nganggep apik tumrap Aku,
mula bakal kelakon apik. Yen dheweke nganggep ala marang Aku, mula dheweke bakal olel
ala. ” (HR. Ahmad)

Tawakkal, anggepan sial dateng wulan Shofar saget dipun cegah kanthi tawakkal utawi
pasrah dateng Allah. Nabi Muhammad SAW ngendika:

)‫ (رواه الترميذي‬. ‫َالِّطَيَر ُة ِم َن الِّش ْر ِك َو َم ا ِم َّنا ِإاَّل َو َلِكَّن َهَّللا ُيْذ ِهُبُه ِبالَّتَو ُّك ِل‬

“Keyakinan sial (ngroso nompo sial) iku kalebu syirik, ora ana sala sijini kita kejobo keno
penyakit iki. Nanging saktemene Allah ngilangi nganggo tawakkal. ” (HR. At-Tirmidhi)

Sakwise milih nglajengaken langkah, lajeng wancinipun tawakkal dateng Allah kanthi bener.
Inggih meniko, ambudidoyo kanthi estu, ngagem coro engkang bener, lan tumindak kanthi
profesional. Sakwise lajeng pasrah dateng Allah.

Jamaah sholat Jum’at …

Keyakinan bilih wulan Shofar meniko wulan sial meniko keyakinan engkang mboten
landasan kalian dhasar kasunyatan. Sedoyo wulan anggawa berkah lan kabekjan, gumantung
kalian polah lan tingkah laku kita. Tumindak lan keyakinan engkang positif bade ndorong
hal-hal positif wonten panggesangan. Kosok wangsulipun, tumindak lan keyakinan negatif
baden ndorong dateng perkawis engkang negatif wonten panggesangan.

Mugi-mugi kita pinaringan i’itikad lan keyakinan engkang berdasar kalian tuntunan agami,
hingga kita selamet saking akibat engkang mboten sae engkang muncul saking i’itikad utawi
keyakinan engkang mboten sae. Amin
‫َأُع ْو ُذ ِباِهَّلل ِم َن الَّشْيَطاِن الَّر ِج ْيِم ‪ُ ,‬قْل َلْن ُيِص ْيَبَنا ِإاَّل َم ا َكَتَب ُهَّللا َلَنا‪ُ ,‬هَو َم ْو اَل َنا‬

‫‪َ.‬و َع َلى ِهَّللا َفْلَيَتَو َّك ِل اْلُم ْؤ ِم ُنْو َن‬

‫‪.‬بَاَر َك ُهللا ِلْي َو لكْم ِفي الُقْر آِن الَعِظ ْيِم ‪َ ،‬و َنَفَعِنْي َوِإّياُك ْم ِباآلياِت والِّذْك ِر الَحِكْيِم‬

‫‪.‬إّنُه َتعَاَلى َج ّواٌد َك ِر ْيٌم َم ِلٌك َبٌّر َر ُؤ ْو ٌف َر ِح ْيٌم‬

‫َأْلُخ ْطَبُة الَّثاِنَّيُة‬

‫َاْلَحْم ُد ِهَّلِل َو َكَفى‪َ .‬و ُأَص ِّلْي َو ُأَس ِّلُم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد اْلُم ْص َطَفى‪َ .‬و َع َلى آِلِه َو َأْص َح اِبِه َأْهِل اْلَو َفا‪ .‬أَّم ا َبْعُد‪َ ،‬فَيا َأُّيَها‬
‫‪.‬اْلُم ْس ِلُم ْو َن ‪ُ،‬أْو ِص ْيُك ْم َو َنْفِسْي ِبَتْقَو ى ِهللا اْلَعِلِّي اْلَعِظ ْيِم ‪َ .‬و اْعَلُم ْو ا َأَّن َهللا َأَم َر ُك ْم ِبَأْم ٍر َع ِظ ْيٍم‬

‫َأَم َر ُك ْم ِبالَّص اَل ِة َو الَّس اَل ِم َع َلى َنِبِّيِه اْلَك ِرْيِم‬

‫َفَقاَل ‪ِ :‬إَّن َهَّللا َو َم اَل ِئَك َتُه ُيَص ُّلوَن َع َلى الَّنِبِّي ‪َ .‬يا َأُّيَها اَّلِذ يَن آَم ُنوا َص ُّلوا َع َلْيِه َو َس ِّلُم وا َتْس ِليًم ا ‪.‬‬

‫َالّٰل ُهَّم َص ِّل َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد ‪َ .‬ك َم ا َص َّلْيَت َع َلى َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم ‪َ .‬و َباِر ْك َع َلى ‪.‬‬
‫َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد ‪َ .‬ك َم ا َباَر ْك َت َع َلى َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم ‪ِ .‬فْي اْلَع اَلِم ْيَن ِإَّنَك َحِم ْيٌد َمِج ْيٌد ‪.‬‬
‫ّٰل‬
‫َال ُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن َو اْلُم ْس ِلَم اِت واْلُم ْؤ ِمِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت اَأْلْح َياِء ِم ْنُهْم َو اَأْلْم َو اِت‪َ .‬الَّلُهَّم اْر َفْع َو اْدَفْع َع َّنا اْلَباَل َء َو اْلَغاَل َء َو اْلَو َباَء‬
‫َو الَّطاُع ْو ن ّو ِفُروْس َقَر َن َو اْلَفْح َش اَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغ َي َو الُّسُيْو َف اْلُم ْخ َتِلَفَة َو الَّشَداِئَد َو اْلِمَح َن َم ا َظَهَر ِم ْنَها َو َم ا َبَطَن ‪َ،‬ع ْن َبَلِد َنا َهَذ ا‬
‫َخ اَّص ًة َو َع ْن ُبْلَداِن اْلُم ْس ِلِم ْيَن َعاَّم ًة‪ِ .‬إَّنَك َع َلى ُك ِّل َش ْي ٍء َقِد ْيٌر‬

‫الَّلُهَّم ِإَّنا َنْس َأُلَك اْلَع ْفَو واْلَع اِفَيَة َو اْلُمَع اَفاَة الَّد اِئَم َة ِفى الِّدْيِن َو الُّد ْنَيا َو اآْل ِخَر َة‪ِ .‬بْس ِم ِهَّللا اَّلِذ ي اَل َيُضُّر َم َع اْس ِمِه َش ْي ٌء ِفي اَأْلْر ِض ‪.‬‬
‫َو اَل‬

‫‪ِ.‬في الَّس َم اِء ‪َ .‬و ُهَو الَّس ِم يُع اْلَعِليُم ‪َ .‬ر َّبَنا آِتَنا ِفى الُّد ْنيأ َح َس َنًة‪َ ,‬وِفى أآلِخَر ِة َحَس َنًة‪َ ,‬وِقَنا َع َذ اَب الَّناِر‬

‫‪َ.‬و اْلَحْم ُد ِهَّلِل َر ِّب اْلّعاّلِم ْيَن‬

‫ِعَباَد ِهللا‪ .‬إَّن َهللا َيْأُم ُر ِباْلَع ْد ِل َو اإْل ْح َس اِن َوِإْيَتاِء ِذ ي اْلُقْر َبى وَيْنَهى َع ِن الَفْح َش اِء َو اْلُم ْنَك ِر َو الَبْغ ِي ‪َ ،‬يِع ُظُك ْم َلَع َّلُك ْم َتَذَّك ُرْو َن ‪.‬‬
‫َفاْذ ُك ُروا َهَّللا اْلَعِظ ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم‬

‫َو اْشُك ُرْو ا َع َلى ِنَعِمِه َيِزْد ُك ْم ‪َ .‬و اْسَئُلْو ُه ِم ْن َفْض ِلِه ُيْؤ ِتُك ْم ‪َ .‬و َلِذ ْك ُر ِهَّللا َأْك َبُر ‪.‬‬

Anda mungkin juga menyukai