Anda di halaman 1dari 2

Drama Lansia

Latar : Ibu lagi nyuci (sambil nyanyi “koyo ngene rasane dadi wong ora duwe”) dan bapak tiba-tiba masuk
sambil membawa Ayam

Ibu : pithik maneh…pithik maneh, wis tangine mesthi kerinan, tanggi-tangi mesthi sing dicandak pithik.
He…pak, dadi wong lanang ki sing sregep ngunu lho. Isuk tangi, ndungo, terus olahraga ben sehat.
Delengen koyo aku iki isuk wis olahraga ngumbahi pakaian.

Bapak: walah bune, bune…… samben dino kok ngecepret wae. Awake dewe iki wis tuwek,urip kuwi
dinikmati. Ojo ngecepret wae tambah tuwek mengko.

Ibu : ora ngecepret yo opo, tangi-tangi sing dielus2 pithik. Mbok bojone disopo, selamat pagi bojoku
saying, lapo dik….aku iso mbantu opo, ……..bojone wae jarang dielus-elus malah pithik wae sing
dielus2.

Bar ngunu ngopeni manuk, manuke dikudang2……. Timbangane ngunu mbok dolano ning anakmu
kono, ngudang putune tah yo opo. Uwong kok uripe lek gak ngopeni pithik, yo manuk. Koyo ora ono
liyane wae. Kae disawang korahane kebek, mbok bojone iki diewangi.

Bapak : wong wedok kok isone ngomel wae, seprono-seprene aku yo wis nyambut gawe. Saiki pensiunan,
opo yo gak oleh menikmati hidup. Pensiunanku lak yo akeh to, yo isa lek nyewa pembantu, kowe
dewe sing kok gelemen susah-susah

Ibu : oalah wong iki…… mbok dipikir, sampeyan ben bengi mesthi njaluk dibloyoi minyak kayu putih,
kadang lek awake lara kabeh njaluk dibloyoi minyak tawon, ngunu kuwi opo yo lek tuku nganggo
kreweng, pakane pithik karo manuk lek entek ngroweng2, ngunu kuwi opo yo lek tuku nganggo
kreweng. durung lek putune teko, opo sing digawe njanjan…opo nggo godhong. Durung rokokmu,
wong wis tuwo mbok sadar,ngrokoke kuwi mbok dikurangi…….

Bapak : lho aku kuwi wis ngurangi ngokok….. delengen yen ra percoyo…sak cepet isi 12 wis tak kurangi
kari 7. Sik untung lho aku iki krasan ning omah. Delengen kancaku sing pensiunan liyane senengane
kluyuran.

Ibu : embuh pak, sampeyan iki angel dikandani.

Ada sepasang suami istri yang bertamu

Tamu 1 : kulonuwun, walah yu, tak bengoki ning ngarepan kok ora ono sing semaur. Tak rungok2ne kok
ono swara ning mburi. Elah tibakne kabeh kok ning kene. Ono opo iki kok koyoke pada
pententengan.

Ibu: iku lho Masmu, bendino kok sing umek manuk karo phitik wae bendino.

Tamu 2 : masalah hobby to, gak popo mbakyu, aku yo hobbyne ngingu pithik karo manuk. Kuwi apik gawe
lansia koyok awake dewe iki, supaya lansia tetap aktif, sehat, bahagia, lan tansah bersosialisasi. Eling
ora lagu masa tua bahagia (tanya ke penonton apa penonton bisa, bisa juga mengajak menyanyi
penonton 1 kali)…..nah kuwi kembangkan hobby sesuai kemampuan. Tegese yo kudu ngerti situasi
kondisi lan kebutuhanne ning omah.

Ibu : kuwi pak ngertio….. aku yo ora nglarang sampeyan duwe hobby tapi yo kudu ngerti kondisine omah.
Terus masmu kandanono iku le, ojo ngrokok wae, …. wis tuwek…watuk ae bendino

Bapak: lapo sih bu, kok ngladrah tekan rokok. lakaran ning alkitab yo ora ono dalile kudu gak oleh
ngrokok.

Tamu 1: bener kuwi mas sing diomongno mbakyu, kita harus jaga kesehatan. Badan sehat, jiwa kuat,
sambut masa yang akan datang, mutu hidupun meningkat. Dadi iki dudu masalah dalil ning masalah
kesehatan. Bukankah kita diciptakan Tuhan dengan amat sangat baik, mosok yo awake dewe kate
ngrusak ciptaane Gusti Allah iki karo kebiasaan2 sing merugikan.

Tamu 2: tak kancani nglereni rokok mas, kuwi yo kanggo awake dewe. Tapi iki mau aku rene jane kate
ngelingne sampeyan ning Sukorame melu pertemuan adiyuswo. Lha kok podo durung siyap2….yo
opo iki.

Bapak ; waduh iyo lali aku, kowe yo ora ngandani.


Ibu: aku dewe yo lali.untuk awakmu iki mau mampir mrene. Lek ngunu entenono sik ya. Aku karo masmu
tak siap-siap dhisik.

Anda mungkin juga menyukai