Anda di halaman 1dari 1

Nasakah KANG TARWAD

Tema : curhat esuke kang tarwad


1:kang tarwad”minum kopi dengan bersendawa ahhhhhh”
Sambil mengekspresikan muka dan suasana yang meyebalkan dan sambil menyanyi dengan nada yang tak berarah tak
karuan
2:yu tarwen “datang dengan tiba tiba dengan eksprsi yang suram dan jengkel sambil membawa tampah”

Yu tarwen : paaaaa,aja klalen, Dina kie maring mas andri, bank utuk sing tekane mingguan.
Toli, bumbon yawis entok,mbokan rika ora ngain, ya saja kaget,yen sumprahan rasane asin tok.terus listrik ya moni
entat entit, kayong gawe makruh.paling ngko awan ya yawis ora murub listrike. Gas enteng pa, saja klalen.pengin
enyong ora masak sedina met.rikane be agulan, wong biasa krusuk ning pawon be eka reka nggo kompor gas. Toli
sabun nggo ngumbahi ya lngka blas seuprit uprita. Mbokan pengin ngumbahi ben ana umpruke ya mana met godong
awar awar. Tapi ya aja kaget, guluh ning klambi ora bisa ucul, kaponga rika ari anggon anggon guluhe kena nggo
nandur boled. Tengik maning ambune. Toli siji maning pa, kae tipi pan diserpis ora, si Kliwon karo si paing, wis
gemeder bae. Malah wingi kliwon saking kesuhe, wis nyekel palu nggo meprek tipi. Jere jaman saiki tipi koh
seglondongan kaya kuwe, ning tanggane be tipine wis tipis tipis koh. Mending ana gambare, kwe gambare kaya
slimut ning rumah sakit. Lerek lerek tok….” Yu tarwen “dengan situasi beribicara sambil napeni beras”.

Kang tarwad : Dih….mane mane…..mbokan sih ngomong kaya kuwe ya mengko, ngenteni wedange anjog weteng
kabeh. Esuk esuk jere wis pidato kaya wong kampanye. Lha mbokan rika ngerti dewek rah Wen, tanduran mbene
wayah pada congok. Wong matun be wis reyang njaluk dibayar koh. Ya sing sabar, mbokan ngko olih rejekine Lha
kiye nggoreng bodin daneng esih bisa…”dengan makan sinkong goreng sambil menjawab yu tarwen dengan ekspresi
yang santuy dan ngemekin”

Yu tarwen : Kwe be nggorenge nggo lenga jlantah wis seminggu koh pa. sing penting kena nggo nggoreng Mana rah
rika nggolet utangan ning sapa sapakha. Aja ngomong njaluk ning Bapane nyong, wis isin, mojare utang, tahun
tumbuk tahun urung pernah kesaur acan acan, pengrasane bapane nyong bank apa…? “menjawab dengan nada aga
keras”
Duh,…jaman koh sengsaya mene sengsaya akeh nemen butuhe. Mbokan sih, duit mangatus ewu kena nggo setahun
apa rong tahun. Semanisan be esih ngutang ning warunge Yu Kaswen. “ sambil napeni”
Gemiyen, duit mangpe be olih gorengan lima, saiki, duit mbangpe be jere Kliwon duit ora payu jere paing adine
kliwon malah jere duit duitan. Pernah kepikiran ding kang Tarwad pan ngranto maning. Tapi kemutan sing wis wis,
ngranto dudu olih duit, malah balik mriyang kenang demam berdarah. “sambil berjalan masuk rumah dan tiba tiba
berhenti di samping kang tarwad karena jawabanya kang tarwad dan dengan nada keras ”
Tadz soleh :Aja bingung wad keanteben butuh nggo ngempani anak bojo. Wong wajibe menungsa kwe ya usaha karo
ndonga wad. Mesti, mbuh tah carane keprimen, gusti Alloh arep ngein rejeki. Mbuh tah sedina kuwe olih undangan
walimahan kosih ping pindo apa nemu duit ning prapatan wetan kaya kuwi wad. “dalam hati dan fikiran kang tarwad
berbincang dengan tadz soleh”
Kang tarwad : dasare tah iya, wis pirang likur ko pidato kaya kuwe, daneng Kliwon karo Paing ya ora kosih geger
sengkilen kurang madang. Deweke ya esih bisa jegang karo medang saben esuk. “sambil ngopi”

Anda mungkin juga menyukai