Anda di halaman 1dari 5

Bapak lagi ngrokok ing teras, ibuk teka nggawa kopi.

Ibuk : “Kopine pak..”


Bapak : “suwun ya buk”
Ibuk : “pak....”
Bapak : “hmm”
Ibuk : “kok kedadeyane kaya ngene yo, opo rasah sido ae to pak?”
Bapak : “ora sido kepriye to buk, kabeh ragat lak yo wes cukup to?”
Ibuk : “uduk bab ragat pak, suwara kiwa tengen iki lho”
Bapak : “westo.. nak masalah kiwo tengen, kui dadi tanggunganku. Sing penting niate adewe
ndang kaleksana”
Ibuk : “Bapak ki mesti ngeyel, nek nganti acarane awake dewe mung dadi rasan-rasan tonggo
teparo, aku wegah pak, ibuk ra arep melu-melu.” (ngaleh karo nesu)
Bapak : “westo buk.. paling kiwo tengen ki yo ra ngerti maksud tujuwane adewe to”

Bu Lasmi ngenteni bakul sayur sing durung teka.


Bu Lasmi : “oalahh endi to bakul sayur ki? Wes awan barang kok gung teko.”
Bakul sayur : sayur, sayur, sayur....”
Bu Lasmi : “ke lagek teko. Gek watak e tekan kene ws gari garingan kabeh.”
Bakul sayur : “sayur, sayur, sayure Bu Lasmi.”
Bu Lasmi : “halah alon wae, ababmu ki teko ngendi-ngendi”
Bakul sayur : “monggo sayure Bu Lasmi.”
Bu Lasmi : “pie to kok sampek kawanen ki”
Bakul sayur : “hoalahh yo kahanane to yu lasmi, wong wingisedino ws dadak ulur jagung,
makane maeng nk pasar rodok karipan. Iku sayure iki saman pilih”
Bu Lasmi : “ ws garing kabeh ki gek kon adang opo, kok koyo ngene sayuranmu saiki.”
Bakul sayur : “yo mek ngeteniki kahanane yu…, lek gelem yo ngono kui yu, lek ora yo tak
iderne liane. Arep ora? Lek ora ider aku.”
Bu Lasmi : “rausah galak-galak ga tak kek i duwet we ngko”
Bakul sayur : “yowes ndang yu gek dipileh sayure”
Bu Lasmi : “heh yu, we krungu kabar durung, Pak Waseso ki arepe ewuh geden”
Bakul sayur : “yo jelas krungu lah yu, ewuh geden to, yo ra maido anak e mek gor sitok kok”
Bu Lasmi : “yo masio anak mek siji wong kahanan lagi koyo ngene kok nekat ewuh geden”
Bakul sayur : “ngene lo, arepe sido ewuh opo ora iku kan urusane pak waseso sak keluarga,
yo uduk urusane awake dewe to?”
Bu Lasmi : “yo jelas urusane adewe to, pak waseso ki wargane awake dewe. Njajal bayangno
lk awake ki rewang nek omae Pak Waseso, gek enek sng nggowo virus, gek awake dewe
ketularan opo ora wedi we yu? Lek aku yo wedi”
Bakul sayur : “sekto sekto, si Nawang I jane arepe rabi karo sopo to?”
Bu Lasmi : “yo karo pacare kuliah kae to, gekno dino-dino kae wes diterne sampek
ngarepan”
Bakul sayur : “Ya Allah Bu Lasmi, kok koyo detektif ae, opo opo kok ngerti ngono lo
jann…..”
Bu Lasmi : “aku kok disepelekne kan mbendino liwat ngarep omahku, terus bonfengan
sampek mepet-mepet, terus sopo neh lek uduk pacare, opo mungkin lek kui lik e?”
Bakul sayur : “tenang yu…., lek masalah kui kan wes enek sing ngurus, lek jarene pak dukuh
lhoyo, lek arep ngenekne ewuh wi oleh nanging kudu nerapke protokol sing wis berlaku”
Bu Lasmi : “arep nggae protokol kae, opo nganggo brongkos kae, lekjeneng virus ngene ki
bahaya, lek enek wong ngumpul wi ki nular tak kandani”
Bakul sayur : “hoalahhh atune bu lasmi ki angel, wes daripada we ki nggrundel ae mending
kowe moro ning kelurahan kono”
Bu Lasmi : “yo mbok iyo, lek mek kon tekok nek kelurahan dikiro aku ora wani, tak jelasne
pisan nek kelurahan lek enek virus sing berbahaya, yowes iki selak awan aku keburi adang,
nyoh tak bayar” (nguwehne duwet)
Bakul sayur : “suwun ya Bu Lasmi”
Bu Lasmi : “yo”

(Numpak montor)
Sinta : “mas iki ko kepriye to, kok maleh dadi koyo ngeneki, kiwa tengen podo ngomongne
ngeneki”
Pacare : “wes to dek.., mungkin tonggo teparomu ki ugung paham wae”
Sinta : “aku ki mek gor mesakne karo bapak ibuk lo mas, sabendino kok gor dadi rerasane
poro tonggo” (Bu Lasmi inceng-inceng)
Pacare : “iyo aku ki ngerti posisimu, tapi kabeh iki perlu dijelasne alon-alon, ben kabeh ki do
paham, wes to saiki kowe gek tenang, ngko aku tak sing matur nk bapak ibuk”
Sinta : “iyo mas iyo…. Ngapurane yo mas, lek tonggoku ki podo ngene iki”
Pacare : “yo dek ora popo, lek aku ki ora masalah. Aku ki malah ora kepenak karo bapak
ibumu”
Sinta : “yowes, sing ati-ati yo mas yo”
Pacare : “balek disek yo dek yo”
Sinta : “yo..” (numpak montor ngaleh)
X : kulo nuwun pak lurah sugeng enjing
Y : mongg monggo bu sugeng enjang pinarak rumiyin
X : nggih matur nuwun, kula tak lenggah mriki
Y : wonten napa bu kok sajak e penting?
X : dados ngeten lo pak kula niku badhe tangled tangga kula niku pak badhe ewuh geden tur
kan musim oandemi to pak nopo mboten berbahaya kula biku sebagai watga masyarakat
merasa was was kados kondisi ngeten niki
Y : sekk…. Tangga ne njenengan niku sinten sing ajenge ewuh niku
X : niku lo pak pak waseso warga padukuhan dengok 4 niku niko badhe ewuh ake anake
wedok padahal pak waseso niku kandhanane angel sanget lo pak
Y: nggih ngeten lak pak waseso niku ajenge ewuh. Lak sakniki niku ajenge ewuh angsal sing
penting manut aturan lan ketentuan.
X: lha kok njenengan niku malah ngentukke pak waseso ajenge ewuh to pak wong berbahaya
wonten pandemi niku wau
Y : ngeten lo bu lasmi, sesuai kalian peraturan perbup no 68 taun 2020 sing ngatur sing
ngatur babakan adaptasi kebiasaan baru dados teng mriku
Y: Yo ngenten Bu Lasmi, dados sesuai kalian perbup 68 tahun 2020 sing ngatur babagan
adaptasi kebiasaan baru, dados teng mriku pun diatur Piye lek enek wong ewoh, Piye lek
wong sing Ning perjalanan. Nah khusus sing wong ewoh Niku pun diatur teng mriku. Misal
kudu protokol kesehatan gawe masker kabeh, Yo sing jagong Yo seng rewang, arek mlebu
kudu Wijik gawe sabun, dicek suhu ne lek kurang Soko 37 lagi oleh mlebu. Gek lek neng
njero nggak entuk salaman, ora nganggo cipika-cipiki, tur Yo kudu jaga jarak. Yo ngono
Kuwi sing kudu dilakoni.
X: Wahh, Niku rak mesti Jan angel sanget to pak. Gek warga mriki Niku nggeh kados ngoten
Niko. Angel kandanane, Kulo jamin Podo mboten patuh Niku mengke pak.
Y: Yo sampean rasah panik, sing baku rak kabeh anggen nko dituruti sesuai Karo aturan
ketentuan mengko insyaallah demi keamanan dan kesehatan bersama mengko iso mlaku.
X: lah gek mboten panik pripun pak. Wong benjang genah Kulo sak keluarga rewang. Gek
bojo Kulo genah nyinom, Kulo mengke lek mboten tapen beras nggih diken among tamu, gek
anak Kulo Niku lek enten sound Muni gek nunggok i. Nopo mboten nggih Jan prihatin Kulo
Niku pak kalih keadaane Niku.
Y: yowes ngene sampeyan bab Iki wes enek sing tanggung jawab, nko gugus covid kalurahan
sing tanggung jawab. Tur meneh aku mengko tak Nyang nggene pak Waseso, tak kandanane.
Lek perlu nko pak dukuh tak Dawuhane Rene, pak Waseso tak Kon ngejak Rene Ben
mengko Diwek i pengertian.
X: Ohh ngoten, Ning Jane Kulo nitip weling Saestu kersane pak wasesa Niku mboten Sido
ewoh.

Y: Yo Ojo nyurung hak e personal masing-masing. Dadi sampean Yo ora oleh mekso
ngelarang Ojo ewoh wong aturan e wes Ono. Sing penting mengko kabeh iso netepi aturan
ketentuan. Lha pak Babinsa Karo babinkamtibmas mrikso Lo sok Ki. Dadi sampeyan Ki wes
rasah sumelang, mengko pak wasesa Arep ewoh tak kandanane Dewe.
X: Woh ngih.. lek ngoten, Ning weling e Kulo Niki wau Ojo nganti kesupen Lo pak
jenengan. Gek Niki Kulo mpun cekap ngoten mawon. Pokok e Kulo wakil teng jenengan pak
Niki.
Y: wes siap, sing penting mengko aku tak mrono tak kandanane Ben sesok kabeh Podo aman.
X: nggih,nggih..gek Niki Kulo tak nyuwun pamit nggih pak. Maturnuwun sanget Niki.
Y: nggih sami-sami. wes rasah bingung, rasah panik mengko tak mrono.
X: nggeh, nyuwun pamit nggih pak.(metu ruangan)
Y:nggih

Bu lasmi : Ayo cah, ohh lha kae wong e ki kae, pas neng kono. Kulonuwun Pak Waseso, ayo
cah kae kae deloken
(mlaku bebarengan dateng griyane Pak Waseso)
Bu Lasmi : Pak Waseso
Pak Waseso : eh eneng opo to iki, sabar . . . mbokyo sabar disek
Bu Lasmi : mpun mboten iso sabar pak nek niki, nek njenengan niku nekat ajeng e ngewuhne
Nawang, kula sak warga mriki mboten setuju, haa hooh to lur ?
warga : hooh betul !!
Pak Waseso : he sek sek sek sek to sek to ewuh ewuh nopo to, kok malah dadi bingung ngono
lo
Ibukke : seng ajeng ewuh niku sopo to Bu Lasmi ? Bu Lasmi ki ngenek-ngenek wae kok
Bu Lasmi : weh, sepurane seng akeh nggeh bu, niki nyuwun pangapunten estu loh,
panjenengan niku lakyo ngertos to keadaan e sak iki niku tasik berbahaya, kok malah ajenge
ngewuhke Nawang napa mboten meresahkan to bu . . berbahaya
Hadi : Nuwun sewu bapak ibu, sederek tepangaken kula Hadi, kula sanes calonipun Nawang,
kula meniko . . .
Bu Lasmi : Heh mas, kowe ora usah ngapusi, aku wes ngerti bola-bali ngeterne nawang
mulih, nek ora pacaran gek sopo ? sopone maneh njajal ?
Sinta : mangke rumiyin to bapak ibu, Mas Hadi niki sanes pacar kula tapi Mas Hadi niku
sederek kula saking ibu, anakke palik kula ngeten lo pak bu . .
Bu Lasmi : halah rasak selak kowe ki wang, kowe ki wong enom ndue hp mbarang tek nok...
nok, mbokyo dipikir saumpamane sasi ngarep kowe sido ewuh gek sek enek kedadeyan seng
berbahaya umpama diundur ora ora lek kowe dadi perawan tuek
Bu Lasmi : hoalah mpun nggih Bu Lasmi . . bener kula niku ajeng ewuh, ning mboten ajeng
ijabne Nawang, sasi ngarep iku arep sewune si mbok, dadi kula ajeng ewuh niku nyewu si
mbok
Bu Lasmi : weh, dadi duduk ajeng ijab ne nawang to pak
Pak Waseso : lha yo ora, wong Nawang isih kuliah kok, yo bene lulus disik ko kuliah, ijab
kepriye
Salah siji warga : oalah bu lasmi bu lasmi, nek ana informasi kui dicek disik kebeneran e, ben
ora koyo ngeneki ngisin-ngisini wae, wes mulih mulih mulih
Bu Lasmi : yo jelas ae, wong bendinane diterke mulih
Pak Waseso : wis wis bubar, ora enek apa-apa

Anda mungkin juga menyukai