Anda di halaman 1dari 3

Nama: Farhan Hafidh S

Kelas: XI MIPA 1
Absen: 11
CERKAK HASA JAWA SINGKAT

Gusti Pengeran Maha Welas

Kira-kira wes wektu jam 7 esuk. Anggota sak perangakt desa neng desa ngadirejo wes podo teka
kabeh, Delalah dino iki yo arep baka ono rapat ruwat bumi sing bakal arep dilaksanaake wulan
ngarep. Ruwat yo ikutradisi seng diananke saben 3 tahun sepisan. Masyarakat bakal kirap
mubnegi deso ngarak wulu wetuning desa yo ono gunung-gunungan. Sak uwise kui, diteruske
tontonan, yo peragane wong warga ngadirejo kui maneh, yo kanti pentas seni seng es di siapke.
Banjur acar pamungkas yo iku wayangan seng di selenggarakke neng balai desa.

Nganti pak lurah iku gumun, pak bejo sengtukang resik latar, noto meja mbek kursi malah ora
mlebu. Gek ono opo yo? Pak wiro seng tukang resek-resek kui biasane mesti teko gasik. Gawean
seng kurang penting disek-sek, Ora suwi we wes rampung ganti nandangi liyan. Dadi wes
perangkat desa teko kabeh rapat yo wes arep dilekasi pak lurah banjur medal neng pawon
nggoleki garwone ngendiko :

Buk, mengko nek wes akeh sing rewang nandangi kanggo nyugoh seng rapat, Mbok kono neng
pak bejo diteliki, kok ora mangkat nyambut gawe?? Langsung sumaguh bu lurah, terus langsung
tindak neng omahe pak bejo.

Basan tekan omahe kok malah tutupan rapet suwung. Kiro-kiro gek do menyang nendi yo? Anake
pak bejo yo ono seng lanang lan wadon. Dillan lan meli, seng dilan wes kelas 3 SMK, lan si
melilagek kelas 2 SMP. Bocah loro kui pinter-pinter ora tau seng jenenge nunggak kelas. Yen wes
mulih sekolah yo podo pengerten ngrewangi wong tuone. Nalikane libur dilan kerep ngenteni
bapakne, yaiku gawean resik-resik kebon lan nata balai desasak wise do muleh. ORA salah yen
bapak lurah lan keluargane demen mbek anak-anake pak bejo seng podo sregep lan bekti kui.

Presa omahe pak bejo suwung bu lurah banjur neng omah wetane nggone mbokde Yah, pas
kebeneran lagi ngresiki sumur, lan ngendikone

Dhe Yah! kok griyone pak bejo tutupan yo, kinten-kinten sami kesah teng pundi?? Dhe Yah lan
dengengek karo nyedak mangsuli.

Owalah, Nganu bu, Pak bejo niku nembe ngeterke garwone teng puskesmas. Mungale sampun 3
dinten sambat mumet, malah kolo wingi kulo sampun keroki, sanjange pak bejo, saking wau ndalu
mboten saged tilem nggeh badane sedanten sami gemetera. Pramila wau terus dibencengke di beto
teng puskesmas?

bu lurah terus ngendiko :


Owalah….Ngoten nggeh de Yah, suwun nggeh diparingi ngertos, mangkeh kulo aturaken tg pak
lurah?

sak wise ngendiko kui bu lurah langsung kundur, esuke bare pak bejo nyambut gae koyo biasane.
denen pak lurah sak wise di ngertosi garwone, yo ora sui lanngsung titik marang omahe pak bejo,
titik marang garwone pak bejo seng jarene nembe loro.

Basan tekan omahe pak bejo kabeh keluarga pak bejo podo nunggoni marang garwone pak bejo.
terus pak lurah sak keluargo langsung mlebu marang seng nggone loro garwone pak bejo.
Nalikane tekan ngarep lawang, teko-teko mireng lagi podo sembahyang pak wiro ingkang imam.
pak lurah banjur ora sida mlebu supoyo ora ganggu.

Pak bejo iku wong seng sregep ngibadah neng masjid. neng masyarakat yo apik, tetangganan yo
apik. tansah yo pinter matur kaleh tyang umum nopo linune. barang es rampung lek solat banjur
pak lurah mlebu.

Assalamualaikum, kepiye bu bejo, alaramu opo??

Pak lurah bu lurah, matur suwun sampuun tindak teng nggen kulo, sakit kulo nggeh katah sanget
pak lurah naming nggeh pun atah sudanipun? mature kirang jelas banjur disambung aleh pak bejo
matur :

Ngendikanipun dokter kolo wingi. katah pikiran?

Owalah…..mikir nopo sampean niku bu bejo….nok meli kolo winggi cerios, yen nok meli mboten
angsal nderek ujia kaleh guru kelasipun, bu bejo banjur ora biso nerosake matur amero mrembes
mili. Semono ugo yo nok meli nderek nrocos mripatipun. pak lurah sekalian kepengen reti opo
sebabe.

Banjur pak lurah ngajak meli metu neng arep omah. terus lungguh marang lincak pak lurah banjur
dangu :

Sak jane mbokmu kuwi mikir opo ti li, yen mengko bisa pak lurah bantu mesti bakal tek entengke
li. Banjur meli matur, Simbok niku sisiah maergi dereng saged bayar SPP 6 wulan. seklian arto
damel ujian ganggsalatos ewu rupiah? ature meli karo sesenggukan.

Wes meli rasah di piker, yen iku seng nyebabke mbok mu loro sesuk tak cukupi. Sesok mlbeuo tak
gawani duite gawe bayar kekurangan lan SPP mau.

Terus pak lurah sekalian mlbet maleh teng nggen loronipun bu bejo, banjur matur marang bu bejo.
Yu utangmu sek dek biyen gak usah di saur. aku rila lahir batin. Saikai di gawe lego ben ayem lan
cepet waras maneh. Perlune yen ono kerepotanku, sampean kang bejo mbek bocah-bocah bisa
sami sareng ngrewangi? sak uwise ngendiko banjur pamit kundor bu lurah lan pak lurah. Nalkane
wes bar nguntapke tekan latar pak lurah dan garwone. Bu bejo wes biso lungguh, weruh anake
podo mlebu banjur tangane diantungake meli.

Meli lan bu bejo rangkulan kang kraket karo tetangis disekseni marang pak bejo seng lungguh
neng wetan amben.

sak wise mrimbik-mrimbik utawa nangis, bu bejo kanda marang meli :

Nok lan kowe bappakmu, syukur-syukurno olehmu le matur panuwun marang ghusti pangeran
allah swt. Syukur marang kabeh paringe rezeki lan liyane.

iyo mbok, mula yen dadi wong ojo sumelan, janji eling marang kan nyiptakno alam dunia, ghusti
mesti bakal paring pitulungan marang mahkluke. Meli nyambung :

iyo pak…mbok ….ghusti moho adil lan maringi rezeki lumantar pak lurah lan bu lurah.

Bener nok, ghusti iku maha welas lan asih? Banjur kui keluarga pak bejo solat isya’ jama’ah.

Anda mungkin juga menyukai