Anda di halaman 1dari 2

LAYANG

1. Jinising Layang
Layang iku mujudake slah sijine sarana komunikasi. Senajan ing mangsa saiki wis ana sarana komunikasi
kang luwih canggih, kayata tilpun kabel, tilpun seluler, internet, e-mil, SMS, telegrap lan liya-liyane,
nanging layang isih akeh digunakake masyarakat kanggo sesambungan, kanggo ngirim kabar. Layang
kiriman uga diarani layang iber-iber
Jinise layang kiriman utawa layang iber-iber ana 6 yaiku :
1) Layang kitir
Yaiku layang sing isine mung saperlune wae, cekak, ditulis ing dluwang/kertas sacandhake, nanging
ditengeri mawa tulisan kitir.
2) Layang paturan
Yaiku sawijine layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu dingerteni
dening wong akeh.
3) Layang dhawuh
Yaiku layang sing isine dhawuhe wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing luwih
dhuwur pangkate marang wong sangisore)
4) Layang ulem
Yaiku layang undhangan wong sing duwe gawe (mantu, khitanan, ulang taun, lan pahargyan liyane)
5) Layang lelayu
Yaiku layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten
6) Layang ganep
Yaiku layang sing isine jangkep(nggunakake unggah-ungguh sing trep, nganggo bebuka, isi,
panutup, tanggal, paprenah lan tandha tangan sarta jenenge sing ngirim)

Bab-bab kang kudu digatekake ing layang kiriman / iber-iber :


1) Kanggo sapa layang kasebut dikirim
2) Yen layang katujokake marang wong tuwa/ wong luwih tuwa, prayogane migunakake basa krama
3) Yen layang katujokake marang kanca cukup nggunakake basa ngoko

2. Peranganing (bagian-bagian) Layang Ganep


Peranganing layang ganep yaiku :
1) Titi mangsa
Yaiku perangan kang nyethakake wektu lan papan panulisan layang
2) Adangiyah
Yaiku perangan kang nyebutkake marang sapa layang ditujokake
3) Purwaka
Yaiku perangan sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng
4) Surasa basa
Yaiku perangan isi layang utawa kang dadi wigatine layang
5) Wasana basa
Yaiku perangan pungkasane layang, isine nyuwun pangapunten manawa ana tetembungan kang
kurang prayoga
6) Paprenahan
Yaiku perangan kang nyethakake sapa utawa kaprenah apa kang gawe layang
7) Tapak asta lan asma panyerat
Yaiku perangan kang nyethakake tapak asta / tandha tangane sing kirim layang lan jenenge (nama
jelas ) sing nulis layang.
3. Tuladha layang ganep

(1) Surabaya, 1 Januari 2015


(2) Katur dhumateng
Bapak saha Ibu
Ing ndalem

Sembah pangabekti,
(3) Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya
tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangayomaning Gusti Ingkang Maha
Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak saha Ibu saha
kulawarga ing Pacitan ugi makaten.
(4) Kajawi ingkang kasebut ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih
benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten
kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra
nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge
sangu ingkang cacahipun Rp 400.000, 00. Wondene tampi rapot benjing tanggal 17
Januari 2015. Menawi wonten kalodhangan wekdhal keprenga Bapak/Ibu tindak
Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot,
dipunpendhet pakdhe mboten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan,
mbenjing sasampunipun study tour dhateng Pulo Bali antawisipun tanggal 21
Januari 2015.
(5) Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging
atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Nuwun.

(6) Keng putra tuhu tresna

(7) Natasya Sulistya Wulandari

Anda mungkin juga menyukai