Anda di halaman 1dari 18

SESORAH

dening
Bu Heni Aprilinawati, S.Pd
Pangerten
Pangerten SESORAH
TANGGAP WACANA
Ngomong ana ing sangarepe wong
okeh kanthi ancas utawa tujuan kang
gumathok
Ancas
SESORAH
TUJUANE SESORAH
Menehi
menehi kabar /
pangerten /
informasi
kawruh

mbujuk
menehi
panglipur
pamiyarsa
Metode Sesorah
Metode Teks /
Metode Apalan
Naskah

Impromptu Ekstemporan
Kang kudu digatekake
NALIKA SESORAH

BUSANA SWARA

SUBASITA BASA TUWIN


SASTRA
Ngadeg sigrag lan jejeg

TANGGAP WACANA
Patrap Sarira
Tangan Ngapurancang

Polatan sumeh

Nyawang pamiyarsa kanthi trapsila

Nata ati supaya ora grogi

Wicara cetha

Basa krama alus


Struktur/ Cengkorongane
SESORAH

1. Salam Pambuka 3. Surasa Basa / isi 5. Pangarep arep


2. Pambuka utawa 4. Dudutan / Simpulan 6. Wasana / Panutup
Purwaka 7. Salam Panutup
Salam Pambuka
Ngaturake salam ( Assalamulaikum, wilujeng enjing
lsp) banjur nyebutake naminipun para rawuh.

Assalamualaikum warahmatullohi wabarakatuh


Bapak Kepala SMA Negeri 2 Grabag ingkang satuhu
kinabekten, Bapak saha ibu dwija saha karyawan SMA
Negeri 2 Grabag ingkang kawula hormati, sarta kanca-
kanca ingkang kula tresnani.
Pambuka / Purwaka
Atur panuwun marang para tamu undangan lan atur pamuji
syukur marang Gusti Kang Maha Agung

Ingkang sepisan kula aturaken agunging panuwun dhumateng para


rawuh ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara punika,
sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng
Gusti Allow SWT ingkang sampun paring nikmat saha rahmatipun
satemah kula saha panjenengan tasih saget kempal wonten ing papan
panggonan punika tanpa alangan satunggal punapa.
Surasa / isi
Underan / kabeh bab kang diandharake
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ing
ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah
Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal
28 Oktober Bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih punika
salah satunggaling kadadosan sacral ingkang nuduhaken bilih Bangsa
Indonesia nggadhahi semangat juang, semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika,
dados Bangsa Indonesia ingkang jumeneng kanthi jejeg. Wondene wosing
Sumpah Pemuda inggih punika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air
Indonesia
2.Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, Bahasa Indonesia
Dudutan / Simpulan
Rangkumane isi, intisari, kesimpulan

Wose sumpah saha prasetya punika wajib kula saha panjenengan


sedaya jaga saha ugemi sarta dipunwarisaken dhumateng para
putra wayah saperlu mujudaken gegayuhan kamardikan saha
gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja,
adil saha sejahtera
Pangajeng-ajeng
Bab kang dikarepake dening ingkang nindakake
sesorah dhateng para rawuh / harapan

Kita minangka siswa gadhahi jejibahan njagi semangat


dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita
ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut
damel ngisi pembangunanipun bangsa.
Wasana / Penutup
Atur panuwun lan atur pangapura

Mbok bilih namung menika ingkang saget kula aturaken


ngengingi babagan Sumpah Pemuda, maturnuwun awit
kawigatosanipun, menawi wonten kathah kalepatan anggen
kula matur, nyuwun agunging samudra pangaksami.
Salam Panutup
Salam pungkasan

Wassalamualaikum warahmatullohi wabarakatuh.


Matur nuwun
AWIT KAWIGATOSANIPUN

Anda mungkin juga menyukai