Anda di halaman 1dari 7

ATUR PAMBAGYA HARJA

ADICARA PRENGETAN AMBAL WARSA RI

Assamu’alaikum wrwb.
Nuwun,rinengga sagunging pakurmatan.

 Wonten ngarsa panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh


ingkang hanggung hamestuti dhateng pepoyaning kautamen.
 Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari,minangka
pandam pandoming para kawula dasih,ingkang pantes tinulad
sinudarsana
 Para alim para, ulama,para kyai,ingkang rinten dalu tansah
sumanding kitab suci wahyuning Illahi,minagka pitedah kiblating
manembah mring Gusti ingkang satuhu pana ing pamawas miwah
lebda ing pitutur.
 Sagung para tamu undangan ,kadang werda tumaruna,para kadang
panitia, para kadang kaneman kakung sumawana putri,ingkang
dhatan kuwawi kula piji setunggal mbaka setunggal ingkang satuhu
kula tresnani.

kagem mahargya kamardhikan, mangga sareng-sareng kula dherek’aken


ngaturaken pekik kamardhikan langkung rumiyin….MARDHIKA….!!!
MARDHIKA…!!! MARDHIKA..!!!

Linambaran raos syukur,langkung rumiyin mangga jengandika sami


kula dherekaken manungku puja,kunjuk mring gusti ingkang amurbeng
dumadi,naninggih Gusti Allah ingkang maha suci,ingkang sampun
kepareng paring kawilujengan,kabagaswarasan ugi kanugrahan sejati
tumrap kula lan panjenemgan sami,katitik ing titi wanci punika,kula lan
panjenengan sami tasih kepareng kempal manunggal wontening adicara
punika kanthi wilujeng uwal saking rubeda nir ing sambekala.Pramila
sumangga, jengandika sami kula dherekaken nglairaken raos syukur kanthi
angaturaken puja- puji. Alhamdulillahirobil’alamin.

Sholawat saha salam,mugya kunjuk lan sinanding katur Gusti Rasul


mustikaning jagad panutanipun para kawula dasih nenggih kanjeng nabi
Agung Muhammad SAW.ingkang kula panjenengan sami rantu
syafaatipun, wiwit wontening alam padhang dumugining alam
kelanggengan ing samangke.
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan.

Sakderengipun kula ngaturaken sedyaning gati, gunging panuwun


kula aturaken dhumateng kadang juru pengendhali adicara,ingkang
sampun paring wekdal dhumateng kula,kinen hangaturaken babaring
sedya wigatosing gati sesambetan kaliyan anggen kula sinaraya minangka
sulih salira saking para kadang panitia prengetan ambal warsa ari
kamardhikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 ( pitungdasa pitu )
warsa 2022.

Mboten supe keparenga kula anyenyadhong lumunturing sih


kawilasa,awit, kula jejering titah sawantah,dhasar lare dusun bebasan adoh
ratu cepak watu,ingkang cubluk ing budi miwah kothong ing
seserepan,kumawani deksura murang tata nilar subasita,ngadeg saha
anyahak kamardikan jengandiko sami ingkang nembe eca sekeca wawan
pangandikan.saperlu angaturaken menggah wigatosing pahargyan ing
titiwanci punika.

Sagung para rawuh ingkang satuhu winantu ing karahayon.


Menggah wigatosing sedya,ingkang angka sepisan,kula sakkadang panitia
hangaturaken wilujeng rawuh,wilujeng lelenggahan ugi wilujeng angrahabi
pasugatan kanthi sukarenaning panggalih,ngantos purnaning adicara
samangke,ananging cuwa ing panggalih,awit kula dalah kadang-kadang
panitia ,datan kuwawi angaturaken jejering tri trapsilaning sugata tamu
nenggih aruh,lungguh lan suguh.Katitik,para kadang panitia , datan
kuwawi atur panyaruwe setunggal mbaka setunggal sesambetan kaliyan
rawuh jengandika sami.Menggah werdinipun lungguh,kula sak
kadang ,mboten kuwawi hangaturaken papan palenggahan ingkang
jumbuh kaliyan drajat lan pangkat jengandika sami, Minggahipun suguh,
kula sak kadang mboten saged hangaturaken pasugatan manekawarni
ingkang saged andamel suka rena saha ngresepaken panggalih
panjenengan sedaya. mila saking punika,kula dalah para kadang panitia
tansah hamawantu-wantu anyenyadhong lumunturing sih samodra
pangaksama.

Saklajengipun, kula minangka sulih salira saking para kadang panitia,


angaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mliginipun katur
dhumateng para punggawaning praja,saha para warga ingkang sampun
kepareng paring pambyantu arupi dana weweh, tenaga lan iguh pretikel,
murih adicara menika lumampah kanthi gangsar,kalis ing rubeda, dhatan
amanggihi bebaya. Nanging cuwa ing panggalih, kadang panitia mboten
saged ngaturi piwales punapa-punapa, namung saged amemuji, mugi-mugi
sih kadarman saking panjenengan sami tansah kaserat minangka amal
kesaenan lan kaparingan piwales saking Gusti ingkang Maha Agung.
Jangkeping angka tiga ,kula sak kadang panitia ngautri rawuh
panjenengan sedaya, wontening prengetan ambal warsa ari kamardhikan
Republik Indonesia ingkang kaping 77 menika, saperlu sareng-sareng
ndherek midhangetaken werdhining kamardhikan sejati saking Rama kyai,
linajengaken umbul donga sesarengan , ngiras – pantes anglahiraken raos
syukur mring Gusti ingkang akarya jagad nuninggih Allah SWT, awit
rikalanipun surya kaping 17 wulan Agustus Warsa 1945, paring
kanugrahan dhateng bangsa lan negari Indonesia arupi kamardhikan
lumantar sang proklamator bangsa nenggih Bapa Ir.Soekarno lan Bapa
Drs.Muhammad Hatta. Kanthi pangajab, mugya lumantar adicara umbul
donga saha tasyakuran ingkang ginelar ing titi wanci punika, bangsa lan
negari Indonesia satemah dados Negari ingkang tansaya ngrembaka,
ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi linambaran dhasaring nagri
nuninggih Pancasila lan UUD warsa 1945.

Mekaten ingkang saged kula aturaken,Ing wasana,mbok bilih anggen


kula hangaturaken sedyaning gati kirang runtut nggenya angrakit ukara
saha tumpang suh saking paugeraning paramasastra,keparenga kula
anyadhong gunging samodra pangaksama,bebasan sawergung asirah
jalma,wader kali sesonderan,mangsa borong sak kathahing lepat
kula.Kanthi asesanti,jaya-jaya wijayanti rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun.
Wassalamu’alaikum wrwb.
KAMUS KECIK JAWA-INDONESIA

TEMBUNG/KATA BASA NGOKO BAHASA INDONESIA

Anyahak Nerak/nimbrung/ngrusuhi Menabrak/mengganggu

Awiyat/akasa Angkasa/awang-awang Langit

Amurbeng Kuwasa Kuasa

Apagut Tempuk Benturan/ketemu

Anawung kridha Pengarep Pimpinan/barisan depan

Amestuti/hamestuti Ngupaya/golek Usaha

Anggung/hanggung Tansah Selalu

Amedhar/hamedhar Arep/bakal Akan

Anuju prana Cocok neng ati Tepat di hati

Amemangun/amangun Gawe Membuat

Anyigeg Ngendeg Menghentikan

Andrawina Suguhan enak Makanan enak

Bagaskara Srengenge Matahari

Binabar Didadeake dibuat

Brayat Keluwarga Keluarga

Bantala Lemah Bumi/tanah

Boga Panganan makanan

Bujana/bojana Pesta pesta

Buwana/bawana Bumi bumi

Cinandhi Tinandur/tandur Menancap/tancap

Cipta Pikiran gagasan

Cundhaka Utusan Orang yang diutus

Dhuta saraya Utusan Orang yang diutus

Gantal Suruh sirih

Gita-gita/daya-daya Enggal-enggal Cepeat-cepat

Hastungkara Donga Do’a

Hamengku gati Sik dwe gawe Yang punya hajat


Hangadi Nganggo Memakai

Hangedi Ngapik-apik Membuat bagus

Jaja Dahadha dada

jaladri Segara laut

Jurung Surung Dorong

Jejibahan Ayahan Tugas

Jengkar Bali/mulih Pulang

Jalma Menungsa manusia

Konjem Jarem/jeru Dalam

Kawistara Katon Kelihatan

Kapyarsa Keprungu terdengar

Kasuwur Kondhang Terkenal

Kalpika rukmi Ali-ali Cincin kawin

Kasimpir Mentelung melengkung

Maruta Angin Udara

Lumaksana Lumaku berjalan

Manjing Mlebu masuk

Mijil Metu Keluar

Mandrawa Adoh Jauh

Madya - Tengah

Munggwing Ana ing Ada di

Mring Marang kepada

Mulad Weruh mengerti

Ngabyantara Sowan Datang

Ngadisalira Macak berhias

Nala Ati hati

Napak tilas Tiru sik maune ana Meniru yg sudah ada

Nedheng Nyrempeng giat

Nirbaya Uwal seka bebaya Terhindar dari bahaya

Pada Panggonan/sikil Tempat/kaki

Pangastuti Sembah sembah

Pangaksama Pangapura maaf

Paripurna Pepak/jangkep lengkap


Panyaruwe Takon/aruh-aruh Tanya

Pangarsa Pengarep Pimpinan

Pengendhali wara Pranata cara MC / Pembawa Acara

Pana/lebda Pinter Pandai

Prapteng Tekan ing papan Sampai di tempat

Purwa Wiwitan pembukaan

Parandene Ewa semunu Namun demikian

Pradhangga Gamelan Gamelan

Rinonce/reroncen - Dirangkai/merangkai

Rahina Awan siang

Ratri Wengi malam

Sawergung Ula gedhe Ular besar

Samapta Siyaga Siap

Sasmita Tandha tanda

Sigra Banjur terus

Sinudarsana Ditiru dicontoh

Sinigeg Mandeg Henti

Sinuba sinukarta Diurmati dihormati

Sudama / ndaru Lintang Bintang

Subasita Unggah-ungguh Sopan santun

Sembada - Tanggungjawab

Seganten madu Segara madu Samodra madu.

Sabda Omong Bicara

Taruna Enom muda

Tepa palupi Tuladha becik Contoh baik

Tumpang suh Ora runtut semrawut

Tuhu/satuhu Temen/nyata temen Rajin/benar-benar rajin

Tinon Katon kelihatan

Wacana Caturan bicara

Wadana Rai wajah

Warsa Taun tahun

Waspa Luh Air mata

Wardaya Ati Hati


Warih Banyu Air

Wasana/wusana Pungkasan/rampung Akhir

Werdi/wredi - makna

Wilujeng Slamet Selamat

Winursita Dicritakke diceritakan

Wiwaha Pesta pesta

Wredha/werdha Tuwa tua

Wijang Cetha jelas

Wukir/arga kencana Gunung emas Gunung emas

Wuntat Mburi belakang

Anda mungkin juga menyukai