Anda di halaman 1dari 5

Rangkuman Bahasa Jawa

Ciri-Ciri Pawarta
1. Aktual = baru
2. Faktual = nyata berdasarkan fakta
3. Cekak aos = singkat, padat, jelas
4. Narik kawigaten = menarik perhatian
Pawarta utawa pawartos yaiku berita/kabar/informasi ingkang anyar, lan bener.
Pawarta menika biasanipun diberitakae ing media cetak lan elektronik. Pawarta ingkang
becik yaiku sing kalebet ing njerone 5W + 1H, beritane aktual, wigati, faktual, lan, Narik
Kawigaten.
Miturut bentuke, pawarta iku dibagi dados 4 jenis, antarane wonten pawarta cetak, wonten
pawarta siaran, wonten pawarta internet, lan wonten pawarta lisan.
1. Narasi
Yaiku karangan utawa paragraf,kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu utawa kedaden kang
runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya
dene kedadeyan kang ana jroning crita.
2. Argumentasi
Yaiku karangan utawa paragraf kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan
kang mathuk.
3. Deskripsi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa
wewujudan liyane) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe
obyek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki.
4. Persuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang
dikandhakake panulis.
5. Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine njlentrehake nganti cetha terwaca. Ana ing bab iki
kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf narasi.

Guru gatra yaiku cacahing gatra(baris) saben sapada (satu bait)


guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra(baris)
guru wilangan yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
Tembang Macapat

Contoh Tembang Maskumambang


Tembang Maskumambang memiliki kaidah/ Wewaton: 12i – 6a – 8i – 8o
Seperti contoh berikut ini :
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kecemplung warih (8i)
Gulagepan wus meh pejah (8o)

Contoh Tembang Mijil

Tembang Mijil memiliki kaidah/ Wewaton: 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o


Seperti contoh berikut ini :

Poma kaki dipun eling (10i)


Ing pitutur ingong (6o)
Sira uga satriya arane (10e)
Kudu anteng jatmika ing budi (10i)
Ruruh sarta wasis (6i)
Samubarangipun (6o)

Tembang Kinanthi memiliki kaidah/ Wewaton: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i


Seperti contoh berikut ini:

Anoman malumpat sampun (8u)


Prapteng witing nagasari (8i)
Mulat mangandhap katingal (8a)
Wanodya yu kuru aking (8i)
Gelung rusak wor lan kisma (8a)
Kang iga-iga kaeksi (8i)

Unen unen ( ungkapan ) yaiku tetembungan kanthi teges kang mligi (khusus).
Wujude unen unen ono 3 yaiku :
1. Paribasan yaiku unen –unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu.
Tuladhane :
 Kakehan gludug kurang udan tegese kakehan omong nanging ora ana bukti nyatane.
 Becik ketitik ala ketoro tegese kabeh samubarang tumindhak ala utawa becik bakal ketoro
ing tembe burine
 Jerbasuki mawa beya tegese samubarang gegayuhan butuhake wragat
 Ing ngarsa sung tuladha yaiku sipate pemimpin bias dadi tuladhane andhahane.

2. Bebasan yaiku unen unen kang ajeg pengganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper
pasemon) sing di semoni sipat utawa kahanane wongbarang
Tuladhane :
 Lambe satumang kari samerang tegese dituturi bola bali meksa ora di gugu
 Mikul dhuwur mendem jero tegese bias njunjung drajate wong tuwane
3. Saloka yaiku unen unen kang ajeg penganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper
pasemon) sing disemoni wonge utawa ulah kridhaning manungsa.
Tuladhane :
 Kebo kabotan sungu tegese wong sing uripe rekoso amarga kakehan anak.
 Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk wuruk wong enom

Cangkriman tegese unen unen utawa tetembungan kang kudhu di bedhek isine utawa karepe.

Jinise cangkriman ana 4 yaiku :

a). Cangkriman wancahan (cekakan) yaiku cangkriman kang kedadaeyan saka tembung
tembung kang di wancah utawa di cekak , tuladha (contoh) :
1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut

3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng

4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot

5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa
tipake

6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan

7. Nasgithel : Panas, legi, kenthel

8. Bithi notun nati binatun : babi mati cinane getun, cina mati Babine ora getun

b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan) yaiku, tuladha (contoh) :


1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )

3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )

4. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )

5. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng

6. Dikethok malah dhuwur ( celana )

7. Putrid melik melik sendhen kayu legi (jagung)

8. Gajah numpak becak kethok (kayale)

c). Awujud plesedan utawa blenderan yaiku cangkriman sing sejatine ukara pranyatan kang
bisa gawe bingung yen macane salah, tuladha (contoh) :

1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan


2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)

3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.

4. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)
5. Kebo picak ateges kebo, sapi, cicak motone 6

d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :


1. Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
2. sabamu ing sendhang,

3. pencokanmu lambung kering,

4. prapteng wisma si pocung muntah guwaya

5. (batangane = klenthing/jun)

 Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung

 dawa kaya ula

 pencokanmu wesi miring

 sing disaba si pucung mung turut kutha

 (batangane : sepur)

1. Bapak pucung

2. dudu watu dudu gunung

3. Sangkamu ing Plembang

4. ngon ingone sang Bupati

5. Yenlumampah

6. Si pucung lembehan grana. (gajah)

 Bapak pocung

 Amung sirah lawan gembung

 Padha dikunjara

 Mati sajroning ngaurip

 Mijil baka

 Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )

Isine sesorah (pidhato) ing dhuwur dumadi saka :

 Pembuka
conto : Sugeng siyang
 isi
conto : kula minangka wakil saking para siswa MIN 1 ngaturaken agunging panuwun
dhumateng brayat ageng bengkel “Tirta Agung” griki.
 Penutup
Conto : bilih kulo sakanca kirang suba sita lan tata karma kula nyuwunaken agunging
pangaksami. Nuwun.

Unsur unsure sesorah yaiku :


 Wong sing nindhaake sesorah
 Bahan utawa materi sing di andharake
 Wong sing grungokake sesorah
 Tema utawa underaning rembung

Tujuane Sesorah yaiku :


 Kanggo aweh informasi
 Kanggo penyuluhan
 Utawa menehi pitutur
 Kanggo ajak ajak

Anda mungkin juga menyukai