Anda di halaman 1dari 1

KEMAH BUDAYA PENGUATAN PROFIL PELAJAR PANCASILA

Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kinurmatan para dewan juri, kakak-kakak Pembina saha kanca-kanca sedaya.
Sumangga puji lan syukur tansah kita aturaken dumateng ngarsa Allah SWT,
Ingkang sampun maringi nikmat lan karunia dateng kita sedaya, inggih menika nikmat iman
lan kesehatan,
Sehingga ndadosaken kita sedaya menungsa beriman ugi bertaqwa.

Sholawat serta salam dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun
maringi petunjuk dhumateng umatipun sedaya, sehingga kita saget pinaringan cahaya ingkang
terang benderang.

Para rawuh ingkang minulya,


Kegiatan kemah budaya engkang badhe kita lampahi niki, sejatosipun anggadahi manfangat
engkang sanget wigati tumrap kula ugi panjenengan.
Amargi kegiatan pramuka menika ngajaraken ketrampilan lan kemandirian.
Sebab sakmeniko nyatanipun kepedulian bergotong royong sampun milai luntur.

Kegiatan pramuka menika salah setunggalipun kegiatan engkang saget nggugah manah
keperdulen, kekeluargaan, guyub rukun, lan gotong royong.
Mugi-mugi kegiatan pramuka menika nggih saking purwa, madya, saha wasana saget
migunani dhateng kita sedaya.

Para rawuh ingkang kinurmatan,


Mbok bilih namung semanten atur saking kula, menawi kathah lepat kula nyuwun
pangapunten.

Kula akhiri Wabillahi Taufiq Wal Hidayah


Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai