Anda di halaman 1dari 2

PIDATO BASA JAWA

Assalamu’alaikum wr.wb
Nuwun, dumatheng para Bapak, Ibu Guru saha para Juri ingkang kula kurmati.
Dumatheng rencang sedaya ugi para rawuh ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun
Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sami, saengga kula lan
panjenengan saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW,
mugi-mugi kita tampi safaatipun ing Yaumul Akhir.
Para rawuh ingkang dirahmati Allah. Kaparenga kula jumeneng wonten mriki, sowan
wonten ing ngarsa panjenengan sami badhe ngaturaken sesorah temanipun “ Membumikan
Islam Berkemajuan, Memajukan Kabupaten Tulungagung.”
Para rawuh ingkang kula kurmati,
Sejatosipun secara konseptual Islam menika sampun berkemajuan.
Ngendikanipun KH. Ahmad Dahlan “ Dadiyo kyai sing berkemajuan...”
Supados Islam ingkang berkemajuan menika membumi wonten tlatah kitha Tulungagung
mila menika kedah wonten gerakan amal nyata bidang pendidikan, kesehatan, sosial ugi
ekonomi masyarakat.
Para rawuh ingkang kula kurmati,
Kita menika generasi muda kedahipun perang kaliyan keterbelakangan,kemiskinan,
kebodohan ugi kemerosotan akhlak. Supados saged merangi bab-bab menika wau kita kedah
wasis ugi trampil anggenipun ngangsu kawruh . mboten kesed anggenipun sinau, mboten
ketergantungan kaliyan bab-bab ingkang mboten wonten faedahipun ingkang cumawis ing
Gadjet (HP). Kita kedah saged manfaat aken kemajuan teknologi damel bab-bab ingkang
wigatos tumprap kemajuan ketrampilan kita.
Miturut hadist Riwayat Bukhari, ingkang artosipun “ Berilmulah sakderengipun panjenengan
ngendikan, beramal utawi beraktivitas.
Para rawuh ingkang kula kurmati, mliginipun para mudha
Mangga kita milai nuwuhaken raos kepedulian kita tumprap bumi pertiwi kita kanthi dados
siswa ingkang pinter, terampil ugi berbudi pekerti luhur.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan.
Cekap semanten anggen kula matur, mbok bilih wonten atur kula ingkang kirang nuju prana.
Wonten solah bawa ingkang kirang trapsila, kula tansah nyuwun cadhong duka lan
pangapunten.
Wasana, wassalamu’alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai