Anda di halaman 1dari 1

LURU ILMU NGUPADI KAMULAYANING GESANG

Assalamualaikum warohmatullahi wabarakatuh.


Ingkang kinurmatan bapa ibu Dwija ing laladan kecamatan Ampel.
Ingkang kula tresnani kanca–kanca kula siswa siswi ingkang mirsani lomba ing wekdal menika.
Sumangga kula derekaken ngaturaken puja puji Syukur wonten ngarsanipun Allah, Gusti ingkang
murbeng kawasa, awit wonten kalenggahan siang menika penjenengan dalasan kula sampun pinaringan
sehat mboten wonten pambengan setunggal menapa sahingga kita saget kempal manunggal wonten
papan menika kanthi manggih keslametan saha kawilujengan tinebihaken saking sambe kala.
Para pamirsa ingkang kinurmatan ing mriki kulo badhe sesorah kanthi irah-irahan “Luru Ilmu
Ngupadi Kamulyaning Gesang”.
Para pamirsa ingkang kinurmatan, gesang wonten jaman sak punika kedah tanggap saha tanggon
dumateng kawontenan ingkang lumampah, artosipun jaman modern menika manungsa kedah ngupadi
kamulyaning gesang saha ajining diri saha jumbuhaken dateng ombyakking panggesangan kanthi nggladhi
dhiri, luru ilmu supados saget nderek dateng suasana kemajengan jaman punika, kedah nggadhahi
panguaos ilmu kanthi luru ilmu ingkang sak estu mboten keblidhu kalian tumindak sembrono, sak
remenipun piyambak ingkang dadosaken manungsa ingkang mboten nggadhahi jati diri .
Monggo kagem nggigah semangat kita supados sami saestu anggenipun sinau, kula bade nyekar
tembang macapat “Pucung”, sugeng mirengaken :
Ngemu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan khas
Tegese khas nyantosani
Setya budya pangkese dur angkara
Para pamirsa minulya keparenga badhe kula wedharaken werdinipun sekar pangkur menika:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku, tegesipun bilih ilmu menika saget dipun luru kanthi saestu
Saestu linambaran tulusing manah supados saget nggayuh ilmu ingkang wigati.
Lekase lawan khas, tegesipun luru ilmu menika kedah dipun lampahi kanthi rekaos murih kasembadan
sedaya sedyanipun.
Tegese khas nyantosani, tegesipun menawi sampun ngupadi ilmu menika kedah dipunlampahi kanthi
saestu murih nggayuh kasantosanipun gesang.
Setya budya pangekese dur angkara, tegesipun tiyang ingkang sampun pana babagan ilmu saget
kagem tameng saking sifat angkara murka.
Para pamirasa ingkang kinurmatan dados uwosipun ngupadi ilmu menika supados saget migunani
tumrab pribadi kita piyambak menapa dene dateng bebrayan agung ingkang satemah saget ngripta gesang
ingkang ayom ayem tentrem tinebihaken saking rubeda lan minggahipun saget mujudaken kunacaraning
bangsa, inggih menika bangsa lan negari Indonesia.
Para dewan juri lan sedaya pamirsa, mekaten ingkang saget kula aturaken wonten ing wekdal
menika, kula nglenggana kathah cewet saha sisip atur kula, awit saking menika mawantu wantu kula
nyuwun angunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warroh matullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai