Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum wr.

wb
Sing kule hormati Bapak, Ibu lan peserta NALEK sekota Cilegon
pertami –tami lan sing paling utami kule panjatkan maring Allah SWT. sing sampun ngisungi nikmat
marėng kule sedanten.
Sholawat ma assalam sing kule curahaken marėng Nabi Kule yakni Nabi Muhammad SAW.
sing sampun ngebakte umate saking jaman kebodohan marėng jaman sing modėren.
Hadirin sedanten kule ayun ceriossaken salah sios kampung sing wenten ning kote Cilegon niki
geh puniku kampung Tembulum sing tetanggaan sereng kampung gunung batur, Kecamatan
Pulomerak, Kelurahan Mekarsari.
Sengėnė Tembulum niku kampung sing subur lan tempatė adem,
kebiasaan teh Rubi ah (selaku tetangga sebelah ), bie Jumaroh, mang Kamsidin (suami istri) lan teh
Munayah (sebagai tetangga agak jauh dari rumah bie Jumaroh) lamun pepasar linggare jam telu
sipeng.

Rubi ah bie Jumaroh sapun bebetrek tah ?


Jumaroh nggeh lagi niki
Rubi ah sampun Jam Pinten bie ?
Jumaroh eeh sampun jam telu Rub
Rubi ah serėg – serėg bie bokan kawanan
Jumaroh Rubi ah bakte godog nggeh, sholat isuk ke ken saos ning musholah pasar
Rubi ah bie jumaroh mang Kamsidine pundi ?
Jumaroh sampun linggar kerihinan nėnggėni ning cipedak barang wewadianė didėkėn ning rike
Kamsidin lambat amat Rub sampean niku sampun Jam telu lewat
Rubi ah wong bie Jumaroėi niku ketungkulan bebetrek saos boten medal – medal sing geriyani
Jumaroh kulane ngilari Godog kerehen asale kule dekėn ning pepojok lawang pawon boten
wenten kayane di aleh sereng kang Kamsidin.
Kamsidin geh kule aleh ning arep bebancik arep, bokan kule mah sampun uning
Jumaroh puguhan boten uning

SAMPUN RAWUH NING PASAR


Kamsidin Rubi’ah bakte wewadėan nape ?
Rubi ah bakte wewadean GETUK sėrėng OROG – OROG mang
Jumaroh pun selėhaken ning riki saos napik tebih – tebih
SESAMPUNE TELAS WEWADEANE TEH RUBI AH LASUNG TUMBAS ULE-ULEH LAN MANTUK

KEPETUK SERENG TEH MUNAYAH NING DEDALAN

Munayah bie Jumaroh tumbas iwak nape ?


Jumaroh tumbas iwak teri niki…. kanggeh di pepes lan di gegodoh wong kang Kamsidin doyane
gegodoh, lamun pecil mah sing naminė khotijah doyane pepesan teri
Jumaroh teh Munayae tumbas nape ning pasarėė ?
Munayah kulanė tumbas tempe sėrėng oncom niki wong kulanė ngewadė godong gedang
kelutuk sepuluh kompet, dadose antuk picisė antuk kangge tumbas ketempė sėrėng
oncom doang.
Kebiasaan wong Tembulum niku lamun sampun awan (wayah tengangi ) sekitar jam sewelas
nyampe jam setenga sios kedah istirahat , sing lagi nyongkog ning alas ngaub, sing lagi
gegombrang ning alas ngaub kerėhin.
Sulhi sebagai tukang nyongkog Humedi sebagai tukang gegombrang
Surdi sebagai tukang manek kelape Madarip sebagai tukang nasap alas
Sulhi kang Sur boten reren kerihin tah wayah tengangih.
Surdi nggeh ken ayun mendet kelape kerėhėn, sing gemelundung wau.
Humed woooooouuuuu….
Sulhi nekanė sinten sing wau sesurak nike ?
Surdi mang Humed sing ning sebelah lor kule nike alase..
Sulhi lagi nape ning rikune ?
Surdi lagi gegombrang ketingalanė mah !
Madarip woooouuuu
Sulhi lan sing nyaut niku sinten ?
Surdi Die Madarip niku sing alase sebelah kidul kule niku
Sulhi lagi nape maleh ?
Surdi ketingalani mah rupine lagi nasapi alas gedange niku.

Biasanè ning kampung TEMBULUM niku sengėn lamun ba’da sholat magrib boca –bocahè belajar
ngaji. gurune niku, bie Hojaaah, embok Kamaaah, Mang Juhėėr
Jahrudin sebagai bapak, Samlawi sebagai anak,
Zamal sebagai rencang pedek Samlawi
Jahrudin Tèèng sampun magrib ngajiiii…
Samlawi Bah damarè boten wènten minyake….
Jahrudin Tumbas merike ning bie Rebanah….
Samlawi Pinten liter bah ?
Jahrudin Pinten saos sing penting damarè murub..!
Samlawi Bah wènten minyakè rong liter bah….!
Jahrudin pun di isèkaken dipunè ngajinè napik pepetengan…
Samlawi enggèh bah…
Zamal DAER..?
Samlawi wèèèè si Zamal ngegetak – getak saos…
Zamal lagi nape SAM ….
Samlawi Lagi ngisèni damar Mal…
Samlawi ZAMAL Al- Qurane pundi boten ngaji tah…
Zamal boten kulane pegel tas ngangsu sing sumur wungu…
Samlawi dadados meriki – meriki niku ayun nape……?
Zamal ayun dedolan saos …
Samlawi MAL, berarti Zamal niku alasan doang kèn ngajimah alsanè pegel ari dedolan
mah boten alasan pegel, lanikumah artine ZAMAL niku malas boten ayun ngaji…
Jahrudin SAMLAWI… ZAMAL nagji niku napek di damel males, wong ngaji niku antuk ganjaran
lan sangu tuwe kangge ngajari pecile lan lian-liane.
Samlawi enggeh bah kule ayun semamget kule napek sampe dados Zamal mualeees.

semongko saking kulė, bokan wenten


kata –kata kule sing boten enak dipireng ,
ende maafe akhirul kalam assalamualaikum Wr.Wb.

ALIKA

Anda mungkin juga menyukai