Anda di halaman 1dari 2

Ndagell

Bareng : Assalamualaikum wr wb

Jula juli
tuku lenga gawe masak tempe, wes teko minyak e entek.
Dadi cah enom ojo sering ndelok hape, engko aboh mripat sebelah tengen ne.
Nek wes kedadean karek nangis e.
Melbu rumah sakit kentekan duwek, ndelok hasile wong tuane nangis.
Lolololo e parahe cakk arek2 saiki

Ndagel
Davin : ehh cakk aku wes macak ganteng2 ngene, apik toh ora?? *Mbek nyekel
klambine*
Ghani : kene takon penonton aee, piye?? *Nunjuk penonton*
Davin : yowes lah nek ngonoo
Ghani : ooyy ton penonton!!! *Tangane ngangkat*
Penonton : oooyyy
Ghani : piye klambine koncoku sing iki apik toh ora?? *Nunjuk dapin*
*Tergantung penonton jawab sing endi, nek iyo*
Ghani : iyo ehh ngandel saiki aku
Davin : kandani og aku iki ganteng ancene
*Nek ora*
Ghani : elek ngono kok cak klambi mu
Davin : kok ngonoo, sedih lo aku ekspresi sedih
Ghani : yo ra eroh aku pin, ancene sing ngganteng iki aku tok *sombong*
Davin : ehh cakk aku ape takok, piye gek mau sing narii, ayuu ngga??
Ghani : lolololololo ga bahaya ta , prasaku ayuu sihh cak, tapi kok sayange
kumisen
Davin : Adudududuhhh
Ghani : ehh cak kokk bahasane malah ngalor ngidul. Iki loo jerenee onokk
drama bocahh durhaka.
Davin : wahh sopo neh ngeneki?
Ghani : yo Said kui sopo maneh cak2
Davin : ooo Said sing nyolongan kui yo?
Ghani : iyo cak kandani og
Davin : nemen eh, bocah kok ganteng-ganteng nyolongan
Ghani : lha iyo cak, jaman gek biyen bocah cilik ra ngarah nyolong duwit emak
e. Ora koyo kene cak sing nyolongan
Davin : lolololoo kokk di bongkar toh cak
Ghani : tapi masio said nyolongan dekne anake Adipati loo rekk
Davin : nduk ke kokk ngeri ngonoo
Ghani : terus ibuke lo jenenge Dewi Ambarwati, Said yo nduwe sodara jenenge
Dewi Rayung Wulan. Wes pokoke sak keluarga iki cakep mbek ayu kabeh,
sampe kepincut aku karo emak ane Said
Davin : tapi yo cak wes sugih kok isih nyolong?
Ghani : lha iku, aku dikandani nek jerene dekne nyolong gawe .......
*Davin menengno lambene ghani*
Davin : wes cak mendingan nonton drama ne aee

Anda mungkin juga menyukai