Anda di halaman 1dari 7

NASKAH DRAMA

‘SOMBONG NGERUSAK KONCO’

OLEH :
ALFAN FARCHI AL-HADI/06
AMIRAH SALWA SALSABILLA/08
ANDINA KRISTYA ARUMDHATI/09
HEDMY KEISYAKHANTI/17
JONATHAN BUDI PRATAMA/20
MARTINO HAZRIEL MESAKH/22
M.NAUFAL TSANI AGIL/27
NISRINA MOEGIS/30
ROBITH AHMAD MAULA/33

SMA NEGERI 7 MALANG


 Tokoh – Tokoh :

1. Kevin
2. Nando
3. Sheryl
4. Gita
5. Bapak Kevin
6. Ibu Kevin

 Dialog :

 Omah

Gita : Lho… kok dulinan HP kabeh se? Duh mbuh…


Nando : Lha terus kate nang endi?
Kevin : Ayo dolen rek, sumpek aku nang omah tok iki mung dolanan HP
Gita : Ayo dolen saiki
Sheryl : Ayo wes nang endi?
Gita : Nang endi yo enak e? Sek tak golek tempat sing enak
Kevin : Nang Paralayang a? Apik koyok e
Sheryl : Oiyo apik…
Gita : Tapi iku adoh tempat e
Nando, Sheryl : Gapapa wes
Kevin : Rodo adoh tapi panggon e
Gita : Adoh rek, ojok mekso
Sheryl : Ayo wes nang kono, orapapa ayo
Kevin : Ayo wes, kapan?
Gita, Sheryl : Saiki wes
Kevin : Yakin a?
Sheryl, Gita : Iyo wes

 Paralayang

Gita : Apik yo rek ing kene


Kevin : Iyo rek, adem tapi yo
Gita : Iyo
Nando : Adem nemen
Sheryl : Awakmu ga luwe a rek?
Gita : Opo o? Awakmu luwe a rek?
Kevin : Iyo luwe ta
Gita : Iki lho aku ana panganan
Nando : Wih, opo iki rek?
Kevin : Waduh, enak iki
Sheryl : Enak iki koyok e
Gita : Wee, iki jenenge pisang coklat
Nando, Kevin : Ohh
Sheryl : Ayo dipangan
Gita : Ayo mangan, mangan, mangan
Nando : Tak coba yo
Sheryl : Enak yo
Gita : Enak se
Nando : Enak
Kevin : Iyo, koyo nduwene Safira
Nando : Persis koyo sing didodol Safira
Kevin : Tapi murah iki koyo e

 Omah Gita

Gita : Duh kesel, sopo mang ngajak nang Paralayang?


Sheryl : Nando
Kevin : Kon iku Ndo… Ndo…
Gita : Kon ngajak pisan Sher, aku kan wes ngomong mang adoh panggon e. Tapi sek
Ngeyel ae
Sheryl : Tapi apik panggon e
Nando : Adem tapi
Kevin : Awakku pegel kabeh
Sheryl : Yowes aku kate moleh, wes disusul aku Git
Gita : Temenan a?
Sheryl : Iyo, wes disusul aku. Wes yo
Nando : Aku tak moleh barang wes Git, ngantuk awakku
Gita : Ati – ati yo…
Kevin : Iki padha moleh kabeh a?
Gita : Moleh o wes
Kevin : Wes tak moleh pisan yo
Gita : Iyowes, ati – ati yo

 Omah Kevin

Bapak Kevin : Iki lho bu bisnis e awak dewe, penghasilan e cukup lah ya
Ibu Kevin : Iyo gawe sekolah e anak e
Bapak Kevin : Iyo, karo gawe ke depan e
Ibu Kevin : Penghasilan e lumayan loh pak. Lho… anak e wes moleh
Bapak Kevin : Oiyo
Bapak lan Ibu Kevin : Tekan endi ae le?
Kevin : Saking griyanipun rencang kula
Bapak Kevin : Lungguh disek kene. Ojo moleh bengi yo
Kevin : Inggih
Ibu Kevin : Dolen ae le.. le…
Kevin : Inggih bu, O inggih kala wau Bapak lan Ibu ngendikan menapa?
Bapak Kevin : Oh iki mang ngomong bisnis e bapak lan ibumu iki. Itungane kan wes
maju, lancar, sukses lah. Jadi penghasilan e wes cukup lah kanggo
kehidupan e awakdewe ke depannya, ora bingung maneh
Kevin : Alhamdullilah pak nggih
Bapak Kevin : Alhamdulillah
--------------------------------------------------
Kevin : Dadi lek aku sugih, aku kan iso nduwe opo ae. Motor, omah, duwek, HP,
Kabeh lah. Tapi konco – koncoku kok pancet ae yo? Aku kudu nduwe konco
anyar iki soale sing saiki wes ga level. Wes dolan nang Desa, Paralayang, wes
ngono lah pokok
---------------------------------------------------
Ibu Kevin : Lho le, kok HPan ae se?
Kevin : Ibu badhe menapa?
Ibu Kevin : Lho ga dolen ta karo koncomu?
Kevin : Yo kados menika
Ibu Kevin : Opo o se le?
Kevin : Sakmeniko kula dolanipun wonten Starbucks
Ibu Kevin : Lho yo ojo ngono ta le… Rejeki iku kudu disyukuri ojo digawe sombong –
Sombongan
Kevin : Lha sakmenika kita – kita lak sampun sugih
Ibu Kevin : Yo masio ngono gaoleh koyo ngono, awak dewe kudu tetep rendah hati
Kevin : Bu, kula mboten napa- napa nyuwun arta dateng panjenengan?
Ibu Kevin : Gawe tuku opo le?
Kevin : Kangge tumbas HP enggal
Ibu Kevin : Haduh… wes mben – mben ae yo le
Kevin : Yaweslah bu

 Ing dalan

Nando : He Vin! Opo o arek iku rek? Haduh…


---------------------------------------------------------------
Sheryl : He Vin!
Gita : He Vin! Loh? He Vin! Vin!
Sheryl : Sombong i lho
----------------------------------------------------------------
Gita : Sher, mang Kevin opo o yo? Aku kok gedek karo de e yo? Padahal awak
dewe gaduwe salah opo opo nang Kevin
Sheryl : Mboh yo, koyo e arek e ngamuk nang awak dewe
Gita : Lha opo o, kan awak dewe sek ket ae dolen
Sheryl : Lhaiyo padahal wingi sek tas dolan bareng
Gita : Iyo, nang Paralayang
Sheryl : Arek iki dadi gajelas
Gita : Opo o yo?
Nando : Assalamualaikum wr. wb
Gita, Sheryl : Waalaikumsalam wr. wb
Gita : Nan tak ceritani a? Mang aku nang dalan ketemu karo sopo? Bedek en
Nando, Sheryl : Kevin
Gita : Iyo, aku mang ketemu karo Kevin
Nando : Eroh se aku, aku mang yo ketemu karo Kevin rek
Gita, Sheryl : Temenan?
Nando : Iyo aku mang ketemu arek e, wes tak sapa pisan
Gita, Sheryl : Awak dewe pisan nyapa arek e tapi de’e ga nyapa balik
Nando : Opo o yo arek e?
Sheryl : Padahal jek tas dolan bareng
Gita : Awak dewe yo gaduwe masalah opo opo karo Kevin
Sheryl : Iyo, yaopo enak e ngene iki?
Nando : Yaopo lek Kevin diajak metu bareng ae? Awak dewe ndelok respon arek e
diajak metu
Sheryl : Lek Kevin gagelem diajak metu?
Nando : Yo berarti ono masalah karo awak dewe
Sheryl : Yaopo ngono iku Git?
Gita : Sek sek yaopo iku mang? Yaopo? Yaopo?
Sheryl : Kevin diajak metu
Nando : Ngene lho Git, yaopo seumpamame Kevin awak dewe ajak metu?
Gita : Tapi aku gaero i arep nang endi
Nando : Nang endi yo?
Sheryl : Nang omahe a?
Nando : Sakkarep
Gita : Gaduwe duwek aku rek, mek ana lima ewu
Nando : Ditambahi Kevin engkok
Sheryl : Iyo
Gita : Lha Kevin ae ngamuk nang awak dewe, kok arep ditambahi Kevin
Sheryl : Gapopo engkok njaluk ae
Gita : Awakmu lho Sher sing ngejak
Nando, Sheryl : Iyo
Gita : Ayo ndang

 Omah Kevin

Sheryl, Gita, Nando : Vin… Kevin… Vin…


Sheryl : He iku kan Kevin
Gita : Oiyo iku Kevin, ayo mlebu. Vin kon iku opo o se? awak dewe nduwe utang
Nang awakmu a? Ayowes ngomong karo aku
Kevin : Opo se rek?
Nando : Arek iki lho gaya tok
Sheryl : Sombong sombong saiki, mentang mentang HPne Apple
Gita : Lho iki Apple a?
Nando : Vivo iki
Kevin : Ngawur Apple iki, Vivo teka endi
Gita : Mosok e?
Nando : Elek ngono
Kevin : Wes mboh
Gita : Wes wes gausah kakehan omong, saiki kon ngomong o nang aku awakmu
opo’o
Kevin : Saiki aku iku wes nduwe konco anyar, sepurane yo awakmu kabeh iku wes
guduk levelku maneh saiki
Sheryl : Oh… ngono saiki lek wes seneng lali konco e
Gita : Lali a kon dolen karo awak e nang endi – endi, kon lali?
Kevin : Arek iki nemen i lho
Nando : Aku iku yo mikir, milih konco iku yo sing apik titik lah
Gita : Oh jadi awak dewe iki elek?
Sheryl : Ayowes moleh ae, jarno ae wes lali konco arek e
Nando : Nemen yo arek iki
Gita : Padahal awak dewe kabeh nang kene arep ngejak dolen kon, tapi kon malah
koyo ngene nang awak dewe kabeh
Sheryl : Ayo wes moleh ayo
Gita : Kelewatan kon!

 Omah Kevin

Nando : Lho, Kevin!


Gita : Lho Kevin! Awakmu kok sa aken se Vin…
Nando : Opo o awakmu?
Kevin : Aduh… Loro…
Sheryl : Awakmu iku yo opo se Ndo, koncomu sikil e loro malah di lungguh i
Nando : Sepurane. Iki patah tulang a?
Kevin : Iyo
Nando : Kon kok iso koyo ngene opo o?
Kevin : Aku wingi iku ditabrak uwong
Nando : Gawe opo uwong e nabrak?
Kevin : Gawe sepada motor, terus wong e ngalih mboh nag endi
Sheryl : Tabrak lari a?
Kevin : Iyo
Nando : Sikilmu gapopo a?
Kevin : Yon gene iki wes
Gita : Kon tibo ndek endi se?
Kevin : Ndek ngarep omah
Sheryl : Dewea a?
Kevin : Iyo pas aku mlaku dewe
Nando : Awakmu arep nang endi?
Kevin : Kate nang koncoku
Nando : Ndelereng paling awakmu
Kevin : Ora kok
Sheryl : Makane ojo HPan ae
Nando : HPan tok ae se kon
Sheryl : Mentang – mentang HPne Apple, maleh dadi HPan tok ae
Gita : Saiki HPmu lak ora onok se?
Kevin : Ora
Nando : Rusak se HPmu?
Kevin : Iyo rusak
Gita, Nando, Sheryl : Kapok, makane ojo aneh- aneh
Nando : Ndang waras yo
Kevin : Iyo, suwun yo rek yo. Dadakno kon kabeh sek saying karo aku. Aku yo merasa
bersalah sombong nang awakmu kabeh. Sepurane yo rek
Nando, Sheryl, Gita : Iyo gapopo
Nando : Kon sek butuh awak dewe se
Sheryl : Aja lali konco
Nando : Lhaiyo
Kevin : Iyo rek

Anda mungkin juga menyukai