Anda di halaman 1dari 11

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN
UJIAN SATUAN PENDIDIKAN
SMA NEGERI 1 TUREN
TAHUN PELAJARAN 2022/ 2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tgl : Selasa, 13 Desember 2022


Kelas / Semester : XI (Sebelas) / Ganjil Waktu : 09.30-11.00 (90 menit)

A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang trep!
(Pilihan Ganda)
1. Budhaya daerah iku uga diarani ….
a. Kesenian dhaerah
b. Tarian dhaerah
c. Basa dhaerah
d. Kearifan lokal
e. Aset dhaerah
2. Kabudayan Indonesia ngisor iki sing maune mujudake budaya dhaerah, nanging saiki wis
dilakoni minangka budaya ndonya, yaiku ….
a. Tari remo
b. Reog ponorogo
c. Seni mbathik
d. Wayang kulit
e. Watu akik
3. Sing nduweni kuwajiban ngleluri kabudayan dhaerah yaiku ….
a. Nom-noman
b. Generasi mudha
c. Sesepuh dhaerah
d. Pamarentah
e. Kabeh warga
4. Carane ngleluri kabudayan dhaerah sing isih ana, yaiku ….
a. Gelem melu nglakoni
b. Nyacat sing ana
c. Meneng bae
d. Emoh melu
e. Ngalih enggon
5. Yen ana warga sing nglakoni budaya dhaerah beda utawa ora slaras karo panutanmu,
kepriye sikapmu?
a. Ngormati bae
b. Alok-alok
c. Ngrusuhi
d. Melu nglakoni
e. Mbubarake
6. Budaya “Grebeg Suro” iku ana ing tlatah ….
a. Yogyakarta
b. Surabaya
c. Gresik
d. Malang
e. Solo
7. Budayan “Jamasan Pusaka” iku ana ing tlatah ….
a. Desa
b. Kutha
c. Wana
d. Pesantren
e. Keraton
8. Ancase ngleluri kabudayan dhaerah, yaiku supaya ….
a. Akeh acara
b. Ora mboseni
c. Ana fariasi
d. Dadi aset dhaerah
e. Bisa didol
9. Kabudayan dhaerah sing dhilestarekake iku ana sesambungan karo bageyan Dinas ….
a. Pariwisata
b. Pendidikan
c. Kesenian
d. Kebudayaan
e. Kependudukan
10. Kanthi akehe budaya dhaerah sing ana ing Indonesia ndadekake kita ….
a. Muji sukur marang Gusti Kang Mahaagung
b. Bingung carane nglestarekake
c. Seneng ndeleng kabeh budaya
d. Bingung ndata lan ngature
e. Pinter ing kabeh budaya
11. Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan
….
a. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
b. Basane endah, mentes, lan mantes
c. Basa rinengga, mentes, lan mantes
d. Guru swara, guru sastra, lan guru basa
e. Purwakanthi, pepindhan, lan paribasan
12. Geguritan iku tembung-tembung luwih akeh migunakake tembung kanthi teges ….
a. Wantah
b. Kias
c. Denotatif
d. Apa anane
e. Lumrah
13. Wong sing ngarang geguritan, diarani ….
a. Dhalang
b. Komponis
c. Panggurit
d. Niyaga
e. Sindhen
14. Ing geguritan asring tinemu basa rinengga wujud runtute swara ing saben pungkasane
gatra. Basa rinengga iki diarani purwakanthi ….
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Guru basa
d. Guru lagu
e. Guru gatra
15. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, kita kudu mangerteni ….
a. Tegese tembung
b. Pralambange tembung
c. Pamacane tembung
d. Ekspresi wajah
e. Wong sing ngarang
16. Wong sing maca geguritan bisa apik lan enak dirungokake sauger mangerteni ….
a. Tegese tembung
b. Isine geguritan
c. Mangerteni wong sing ngarang
d. Irah-irahan
e. Basane
17. MEDHITASI MANGSA
Dening; Sumono Sandy Asmoro

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh wini dithukulake
Ora metung papak lincipe
Basa rinengga sing tinemu ing pethikan geguritan dhuwur, yaiku purwakanthi ….
a. Guru basa
b. Guru sastra
c. Guru swara
d. Guru gatra
e. Guru lagu
18. Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungsa ….
a. Kudu milah lan milih
b. Tumindak sakarepe
c. Kang ngina mring sasama
d. Ora oleh mbedak-mbedakake
e. Kudu bisa mbedak-mbedakake
19. Jingglengana pethikan geguritan ing ngisor iki!
UNEG-UNEG TUKANG ROSOK MARANG CALON PEMIMPIN
Dening: Siti Purwati, S.Pd

Nanging, jajalen … titenana!
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh koktakon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh bae panjenengan ora duwe wektu!
Apa maneh kokmujudake janji-janji panjenengan!
Tembung “lunggh kursi” ing pethikan geguritan iku tegese ….
a. Dadi pemimpin
b. Dadi juwara
c. Lungguh kepenak
d. Lungguh empuk
e. Kursi kang enak
20. Temane pethikan geguritan ing dhuwur, yaiku ….
a. Kursi empuk
b. Kursi panas
c. Pemulung
d. Rosokan
e. Pemimpin
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih 2 wangsulan kang trep!
(Pilihan Ganda Kompleks)
1. Ing ngisor iki sing kelebu pathokane geguritan yaiku ….
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Guru wilangan
d. Guru lagu
e. Guru gatra
2. Ing ngisor iki sing kelebu struktur lair geguritan, yaiku ….
a. Irah-irahan
b. Lelewane basa
c. Panyitra
d. Tema
e. Amanat
3. Ing ngisor iki sing kelebu struktur batin geguritan, yaiku ….
a. Lelewane basa
b. Panyitra
c. Belegere geguritan
d. Tema
e. Wirasa
4. Bab swara/vocal ing wayah maca geguritan kuwi kudu migatekake ….
a. Guru lagu
b. Guru swara
c. Artikulasi
d. Purwakanthi lumaksita
e. Diksi
5. Solah bawane ing wayah maca geguritan kuwi kudu migatekake ….
a. Agresif
b. Posesif
c. Komunikatif
d. Ekspresif
e. Melankolis
6. Ing ngisor iki sing kelebu budhaya kang manggon dening Tanah Jawa yaiku ….
a. Pasola
b. Dugderan
c. Mapasilaga tedong
d. Kebo-keboan
e. Ritual tiwah
7. Mligi upacara slametan kanggo wong mbobot kuwi ditindakake kaping pindho, yaiku ing
wulan ….
a. Ka-2
b. Ka-4
c. Ka-3
d. Ka-6
e. Ka-7
8. Kang diarani upacara tedak siten, yaiku ….
a. Upacara slametan bayi
b. Sepasaran
c. Lair sepisanan
d. Mudhun lemah
e. Upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan
9. Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kajaba ….
a. Karnaval
b. Pameran
c. Larung saji
d. Tedak siten
e. Grebeg suro
10. Piranti kang digawe ing upacara tedak siten, yaiku ….
a. Jadah 7 werna
b. Wadah larung saji
c. Gunungan kang isine janganan
d. Sesajen kang rena-rena
e. Kurungan
C. Pasangna pranyata ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
(Menjodohkan)
Upacara Kasada Ing Bromo
Upacara Kasada Bromo dilakoni dening masyarakat Tengger sina manggon ing
Gunung Bromo, Jawa Timur. Masyarakat Tengger nglakoni ritual iki kanggo ngangkat
sawijining tabib utawa dukun ing saben desa. Wong sing bisa diangkat dening para tetua
adat, wong mau kudu bisa ngamalake lan ngapalake mantera-mantera.
Pirang-pirang dina sadurunge upacara Kasada Bromo diwiwiti, masyarakat
Tengger Bromo nyiapake sesaji-sesaji sing mengkono diuncalake menyang kawah
Gunung Bromo. Ing malem ka-14 wulan Kasada, masyarakat Tengger padha bebarengan
budhal kanthi nggawa ongkek sing isine sesaji arupa asile tetanen lan ternak. Banjur
digawa menyang pura lan karo ngenteni sang dukun sepuh kang dihormati mau teka,
wong-wong mau padha ngapalake lan nglafalake mantera, pas tengah wengi dianakake
pelantikan dukun lan pemberkatan umat ing segara wedhi Gunung Bromo.
Kanggone masyarakat Tengger, peranan dukun wigati banget, amarga nduweni
tugas mimpin acara-acara ritual, perkawinan, lsp. Sadurunge wong mau lulus dadi dukun,
wong mau diwajibake apal lan lancar anggone maca mantera-mantera. Sawise upacara
bubar, ongkek-ongkek sing isi sesaji digawa saka ngisor Gunung Bromo menyang
kawah, banjur diuncalake menyang njero kawah, minangka simbol pangorbanan sing
dilakokake dening para leluhure. Ing njero kawah mau akeh wong ngemis lan warga
Tengger sing manggon ing pedalaman, wong-wong mau wis pirang-pirang dina olehe
teka ing Gunung Bromo lan ngedekake gubuk-gubuk ing kawah Gunung Bromo kanthi
panjangka mengko bisa oleh sesaji sing diuncalake ing kawah mau.
Pasangna pranyata ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
No Pranyata Pilihan Wangsulan
Upacara ing Gunung Bromo sing A. Nduweni tugas mimpin acara-acara ritual,
1.
dilakoni dening masyarakat Tengger. perkawinan, lsp.
Peran dukun utawa tabib pancen
2. B. Kasada.
wigati banget ing dhaerah Tengger.
C. Akeh wong ngemis lan warga Tengger sing
manggon ing pedalaman, wong-wong mau
wis pirang-pirang dina olehe teka ing
Ritual ing Gunung Bromo dilakokake
3. Gunung Bromo lan ngedekake gubuk-gubuk
warga amarga nduweni tujuan.
ing kawah Gunung Bromo kanthi panjangka
mengko bisa oleh sesaji sing diuncalake ing
kawah.
D. Isine ongkek yaiku sesaji arupa asile tetanen
lan ternak sing sawise upacara bubar bakal
digawa saka ngisor Gunung Bromo
Ritual ing Gunung Bromo uga dadi
4. menyang kawah, banjur diuncalake
berkah.
menyang njero kawah, minangka simbol
pangorbanan sing dilakokake dening para
leluhure.
Ongkek-ongkek ing ritual Gunung
E. Kanggo ngangkat sawijining tabib utawa
5. Bromo isine rena-rena kang nduweni
dukun ing saben desa.
maksud.

D. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki nganggo wangsulan kang trep!


(Benar-Salah)
NAWALA BINUKA KANGGO KORUPTOR
Dening: Sudiyahartana
Yagene sira duraka
Yagene sira padha culika
Yagene sira dadi durjana
Ngerampas kaskaya negara
Apa sira durung ngerti menawa Pangeran tansah mirsani,
Apa sira durung ngerti sira wong telu rembugan kang wadi,
Sing kaping papat Pangeran
Geneya sira ora percaya, menawa Pangeran gawe neraka
Kang bahan bakune saka watu lan manungsa
Kanggo wong duraka.
Kaya sira ….
Kang diparingi mata ora kanggo ndeleng kaesaane Pangeran
Kang diparingi kupinng ora kanggo ngrungokake ayat-ayate Pangeran
Kang diparingi ati ora kanggo mangerteni dhawuh-dhawuh Pangeran
Banjur ing endi nikmate Pangeran kang mbok umpetake
Panjebar Semangat No. 3, 26 Juli
2014

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki nganggo wangsulan kang trep!


No Pranyata Pilihan Wangsulan
1. Yagene sira duraka
Yagene sira padha culika
B S
Yagene sira dadi durjana
Kuwi tuladhane purwakanthi guru basa.
2. Bait ka-2 geguritan ing nduwur nduweni teges yen
B S
Pangeran kuwi ora weruh napa-napa.

3. Yagene sira dadi durjana.


B S
Tembung sira ing nduwur ngemu teges kowe (koruptor).
4. Panggurit geguritan kuwi paring asma Sudiyahartana. B S
5. Geguritan ing nduwur ngemu teges satuhune manungsa B S
kuwi kudu nduwe unggah-ungguh marang Pangeran, ora
gampang kagudo marang kahanan kang ora becik.
Manungsa kudu nglaras yen sedaya ing dunya peparing
saka Pangeran.

_SUGENG MAKARYA_

Anda mungkin juga menyukai