CANGKRIMAN
1. Pitik walik saba kebon, batangane ....
2. Ana gajah numpak becak. Katon apan? Batangane ....
3. Kewan apa sing sirahe ning sikil, mripat ning sikil, irung ning sikil, pokok e kabeh nang
sikil? Batangane ....
4. Yen cilik dadi kanca. Yen gedhe dadi mungsuh. Batangane ...
5. Ana kapal disawat watu iso kelem, kira - kira gedhe apane? Batangane ....
6. Ana tulisan arab. Macane saka ngendi? Batangane ...
7. Ana kuthuk dilebokne kurungan, kira - kira wis ora bisa metu, dicepake mangan lan
ngombe, bareng wis setahun kuthuk e ilang, menyang endi yo? Batangane ....
8. Lampu apa yen dipecah metu wonge? Batangane ....
9. Abang - abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan. Batangane ....
10. Rasane padha karo jenenge. Batangane ....
11. Duwe rambut ora duwe endhas. Batangane ....
12. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur. Batangane ....
13. Anak e diidak idak. Embok e dielus - elus. Batangane ...
14. Pitik walik saba meja. Batangane ....
15. Rupane kaya wedhus, benthuke kaya wedhus, nanging dudu wedhus. Batangane ...
16. Ana kebo mangan suket ngadhep ngidul, buntute an ing ngendi? Batangane ...
17. Adoh - adoh diparani. Bareng wis tekan diliwati. Batangane ....
18. Dilebokne malah metu. Batangane ...
19. Lawa lima kalong loro dadi ...
20. Dikethok malah cendhak. Batangane...
21. Dicokot bongkote, sing kalong pucuke. Batangane ...
22. Burnas kopen. Batangane ...
23. Bosok malah penak. Batangane ...
24. Cilik ora wedhakan, yen wis tuwa wedhakan. Batangane...
25. Untu kedawan gusi menyonyo. Batangane ...
nanas geni kepiting omongi mbujuki
bata sepet mabur alas lampune toko sing tutup
tape rokok kesemek tuwan sinyo Bubur panas kokopen
jagung anak tangga cempe sulak Gentheng Bocor
ana ing bokonge benik celono pitu Lawang