Anda di halaman 1dari 18

P ENDALAMAN MATERI

BAHASA JAWA

KELAS 6 SDN MOJO VIII/227


Muatan
B. Jawa Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang
KD 3.1 dan 4.1 diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis

MATERI : Menjelaskan pengertian teks informasi.

Teks Persuasi

Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik


kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca.
Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake,
nawakake.
Ciri khase lan jinise teks.
Carane nyusun teks
Persuasi
1. Temtokna data/fakta/fenomena sing arep kokgunakake
minangka dhasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani
utawa ngajak.

2. Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/


fenomena sing rupa sebab akibat sing bisa migunani utawa
ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa, lan
negara, malah bisa uga tumrap donya saisine. Nulis jenis teks
persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang
dingerteni dening pamaca kabeh.
Contoh
Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Lingkungan

Karesikan lingkungan mujudake tanggungjawabe bebarengan. Mujudake


lingkungan kang resik bakal ndadekake warga kang manggon ing papan kasebut ngrasa
ayem lan tentrem. Ngancik mangsa rendheng iki adate akeh dumadi kahanan kang ora
dipengini. salah sijine yaiku anane banjir lan tanah longsor.
Mulane kanggo ngawekani babagan kasebut. Prayogane kabeh masyarakat kudu
tansah bebarengan njaga karesikane lingkungan. Cara sing paling gampang kanggo
njaga karesikane lingkungan yaiku kanthi mbuwang larahan ing papan kang samesthine.
Aja pisan-pisan mbuwang sampah utawa larahan ing kali utawa selokan. Jalaran sampah
utawa larahan kang dibuwang ing kali bisa nyumpeti iline banyu.
Yen nganti iline banyu kasumpet. Menawa ana udan gedhe, samesthine bakal
ndadekake banjir kang banget ngrugekake warga kang mapan ing sauruting kali.
Ing perangan liya, saliyane aja mbuwang sampah utawa larahan ing kali. Prayogane
masyarakat bisa nindakake kegiyatan 3 M (mengubur barang bekas, menutup tempat
penampungan air, menguras bak air) kanggo ngawekani serangan nyamuk demam
berdarah kang adate metune mbarengi tekane mangsa rendheng.
Muga-muga kanthi njaga karesikane lingkungan kanthi bebarengan iki bakal
ndadekake kita kabeh adoh saka sawernaning bebaya lan samubarang kang ora
dipenginake.
Teks PARIWARA (Iklan Basa Jawa)

Pariwara/Iklan yaiku pangajak kang  ditindakake kanthi dibolan-


baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak
elektronik, gawe utawa ngrakit iklan iku ora mung waton nggawe
nanging ana paugeran supaya anggone gawe iklan mau ginayuh
tujuane. 
BAB-BAB KANG PERLU DIGATEKAKE
SAJRONING IKLAN 

Isine Iklan
1. kudu objektif lan jujur
2. cekak lan cetha
3. ndudut ati (narik kawigaten)

Basane iklan:
Iklan kang becik iku basane dirakit kanthi :
4. Gampang ditampa
5. Ukarane cekak aos, cetha lan ndudut ati 
6. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha
wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin
ngerti lan nyoba maneh
7. Isine nyata lan ora ngapusi apa ngarang
8. Sipate ajak-ajak, aja nganti kang pirsa utawa kang mireng
rumangsa diguroni apa maneh dipeksa.
Pariwara/ Iklan yaiku
Isine 
1. Tawa dagangan hasil produksi/barang
2. Tawa jasa

Sifate

1. Ngajak-ajak marang konsumen (masyarakat pembeli) supayane tuku


apa sing  ditawakake/dipariwarakake.
2. Narik kawigaten (menarik perhatian) supaya migunakake jasa sing
ditawakake.
Wujude

1. Tetembungan
2. Gambar
3. Swara tetembungan-swara lagu
4. Swara instrumentalia-acting

Media

1. Elektronik : radio, TV, internet.


2. Cetak : ariwarti (Koran), kalawarti (Majalah), tabloid,
cathetan penting. Pariwara kang wujude pawarta (berita)
iku diarani advertorial
3. Wosing publikasi, yaiku aweh katerangan marang
pamaca,babagan : apa wae kang ana sambung rakete karo
produk, ing antarane : kandungan bahan kasiat/manfaat,
perijinan, cabang, lan sapanunggalane
Jenise Pariwara

1. Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane


iklan radio.
2. Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar
kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
3. Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar
uga swara kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
Teks pariwaranya berbunyi

“Ijokna maneh kanggo masa depan bumi kita“.

Makna teks pariwara iklan :


Hijaukan untuk masa depan bumi kita.
Tuladha Iklan
Wenehana tanda (x) ana ing wangsulan seng bener!
MATUR SUWUN

Anda mungkin juga menyukai