Anda di halaman 1dari 6

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas VI

Kompetensi Dasar : Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi


yang diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan /
tertulis

Teks Informasi

Teks informasi iku padha karo pawarto yaiku sawijining teks kang isine aweh kabar utawa
ngandharake bab informasi apa wae ngenani kedadeyan sing wis kelakon lan sig arep dilakoni
lumanthar media cetak lan mediya elektronik.

Teks bisa wujud lisan, tulisan utawa gambar.

Tujuan panulisane teks nginformasekake apa wae.

Teks narasi faktual

Teks informasi bisa Teks dheskripsi


ffffgghgghghghgh
wujud

Teks persuasi

Teks narasi factual tuladhane teks pawarta, pengalaman pribadi, lan profil tokoh

Teks dheskripsi yaiku tulisan / teks sing ngambarake samubarang utawa sawijine bab kanthi
njlimet, rinci utawa sanyatane nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe
obyek sing digambarake penulis.

Teks persuasi, isi lan andharane ngajak – ngajak, narik kawigatene liyan, ngyakinake lan
ndayani.
Nylametake Alas

Patut kita syukuri menawa ing tanah Jawa iki isih akeh nduweni alas tropis sing cukup amba.
Wit – witane thukul kanthi subur lan gegodhongane katon ngrembuyung. Kanthi mangkono alas
kuwi nduweni piguna kanggo njaga lestarine maneka warnane panguripan utawa makhluk –
makhluk sing urip ana ing sjrone alas.

Ora mung kuwi wae, alas sing isih diopeni kanthi becik bisa njaga kalestarene sumber banyu.
Geneya mangkono Wit – witan ing alas bisa nambahi banyu menyang atmosfer lumantar proses
transpirasi. Lumantar proses fotosintesis saka gegodhongan iku bisa ngasilake banyu, banjur
ngabar dadi mendhung kang banjur dadi banyu udan lan mbalik maneh menyang alas kang bisa
nguripi sumber – sumbering banyu ing alas.

Alas uga bisa kanggo nyuda anane erosi, yaiku ambroling lemah sing diterak banyu udan.
Oyot – oyote wit – witan mau bakal nahan lemah supaya ora kenyut dening banyu udan. Yen
lemah – lemah kuwi kentir dening banyu udan bisa mbebayani tumrap panguripane iwak – iwak
ing kali jalaran kaline malih dadi butheg. Semono uga tumraping manungsa, yen lemahe katut
banyu kamangka kuwi mujudake lemah sing subur, mula yen ditanduri tandurae ora bisa lemu.

Nanging sing mrihatinake, alas sing gedhe banget paedahe kuwi saiki akeh seng wis dirusak
dening manungsa – manungsa sing ora gelem tanggung jawab. Wit – witan dikethoki kanggo
gawe omah, gawe perabotan, kanggo kayu obong, lan liya – liyane. Alas ditebangi kanggo
lahane tetenen. Akhire lahan alas dadi ciut.

Yen wis kaya mangkono kepriye carane nangggulangi ? Lana pa sing bisa kita tindhakake ?
Salah sijine cara yaiku njaga aja nganti nebangi alas kanthi ngawur, nganakake penghijauan lan
reboisasi, yen milih kertas, miliha kertas daur ulang sing asale saka kayu, lan sapanunggalane.
Ayo njaga bareng – bareng nylametake alas sala karusakan.

Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki !

. Apa pigunane alas tumrap panguripan?


. Geneya alas sing isih diopeni anthi becik bisa njaga kalestarene sumber banyu ?
. Apa sing diarani fotosintesis ?
. Apa sing diarani erosi ?
. Kepriye nalare alas bisa nyuda anane erosi ?
. Apa bebayane banjir ?
. Geneya kahanan alas saiki kok mrihatinake banget ?
. Kepriye carane nanggulangi supaya alas ora rusak ?
Titikane utawa ciri – cirine teks informasi :

a. Teks pawarta

. Ngandarake fakta
. Kamomot ing medhia cetak utawa elektronik
. Isine pawarta kang dadi bahan omongane masyarakat

b. Teks persuasi

 Teks persuasi yaiku karangan sing isi lan andharane ngajak – ngajak, narik
kawigatene liyan, ngyakinake sing maca.
 Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake

c. Sesanti / slogan

 Slogan isine ngajak lan ngelingake


 Tuladhane slogan : visi misi sekolah, visi misi instansi/ perusahaan, partai politik, lan
sapanunggalane
d. Pariwara / iklan

 Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake.
 Tuladhane iklan : iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lansapanunggalane

Tugas !
Goleka contone :
. Sesanti/slogan
. Pariwara /iklan
Nyusun teks informasi
Carane nyusun teks informasi :
. Teks pawarta
Teks pawarta kuwi sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani : apa, sapa,
kapan, nyapa ( kena apa ), nang endi, kepriye
. Teks persuasi
Temtokna data / fakta / fenomena sing arep kok gunakake minangka dhasar kanggo narik
kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak.
Data / fakta / fenomena sing narik kawigaten yaiku data / fakta / fenomena sing rupa sebab
akibat sing bisa migunani utawa ngrugekake tumrap pribadi – pribadi, masyarakat, bangsa
lan Negara, malah iso uga tumrap donyo saisine.
Nulis teks persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang dingerteni dening
pamaca kabeh.

Tugas !
. Pilihen salah siji gambar ing nduwur
. Pilihen jinise teks sing arep kotulis
. Ngawea teks miturit gambar sing kok pilih
Bahasa Jawa Kelas

Minggu Pertama
Video : teks informasi
Tugas : Soal latihan menjawab pertanyaan dari bacaan -

Minggu Pertama
Video : Titikane / ciri – ciri teks informasi
Tugas : Mencari contoh slogan dan iklan

Minggu Ketiga
Video : Menyusun teks informasi
Tugas : Menulis teks berdasarkan gambar yang dipilih

Minggu Keempat
Tugas : Membuat iklan

Anda mungkin juga menyukai