Anda di halaman 1dari 1

Sesorah

Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak-bapak, ibu-ibu lan hadirin sedaya mangga
sakderengipun kita manjataken puja lan puji syukur dumateng
kehadirat Allah SWT ingkang sampung marengi kita sedaya
kenikmatan kaliyan kasarasan.
Hadirin sedaya kula jumeneng ing ngajeng menika dados
perwakilan kangge nyambut para tamu undangan ingkang sampun
rawuh kangge tasyakuran kelairan putranipun Pak Bejo ingkang
dipunasmani M. Sholeh, ingkang lair tanggal tigangdasa setunggal
Januari 2008, kanthi lair normal pukul 01.00. Matur nuwun
sakderengipun kangge para hadirin ingkang nyagedaken rawuh
wonten griyane Pak Bejo kangge tasyakuran kelairan putrane Pak
Bejo.
Saklajengipun kula nyuwun doa restunipun saking para hadirin
kangge putranipun Pak Bejo, mugi-mugi dados anak ingkang sholeh,
berbakti marang bapak lan ibune, migunani tumraping liyan, negara
lan agami kita sedaya inggih menika Islam. Amin Ya Rabbal Alamin
Menika mawon ingkang saged kula aturaken, menawi wonten
kirangipun menika sampun wajar amargi kula namung tiyang
ingkang kathah kekhilafan, kula nyuwun pangapunten menawi
wonten atur kula ingkang kirang prayogi dumateng para sederek
sedaya
Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai