Anda di halaman 1dari 2

Pengetan Maulud Nabi Muhammad S.A.

W
Assalamualaiku Warakhmatullahi Wabarakatuh
Ingkang kula hormati bapak lurah utawi ingkang mewakili, bapak RT/RW
minangka sesepuh, sarta bapak-bapak ibu-ibu kaum muslimin kalihan muslimat sedaya.
Puji syukur mugi kunjuk dumateng Allah S.W.T ingkang sampun maringi kita
kasempatan saengga kita saged makempal wonten acara menika. Sholawat sarta
salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad S.A.W, keluarga, sahabat, mugi-mugi
lumeber dumateng kita sedaya minangka pengikut Nabi Muhammad
Saben taun, kita mengeti lahiripun nabi kita, Nabi Muhammad S.A.W. nabi
Muhammad lahir wonten tahun gajah tanggal 12 Rabiul Awal. Lahir saking Ibu Aminah
Bapakipun Abdullah ingkang sampun seda rikala Nabi Muhammad Lahir. Nabi
Muhammad dipun mong simbahipun ingkang asma Abdul Muthalib lan paklikipun Abu
Thalib.
Nabi Muhammad nggadahi sifat ingkang sae. Inggih menika sidiq, amanah,
fatonah, tabligh. Ingkang sedaya wau saged kita conto. Kita minangka umatipun kedah
saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad S.A.W. karana, sedaya piwucalipun tamtu
leres.
Kula nggadahi pangajab. Kanthi kita asring nganaaken pengetan punika, kita
saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad. Ajaranipun Nabi Muhammad saged kita
conto wonten gesang kita sedaya.
Cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih bapak lan ibusedaya, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
Wassalamualaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai