Anda di halaman 1dari 2

BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH

Jaman mbiyen ana ing sawijining desa urip sakluarga, Rama Biyung lan bocah ayu
arane Bawang Putih. Kaluarga mau urip bahagia, Sawijing dina biyunge bawang
putih lara ora bisa ditulung lan akhire ninggal dunya. Bawang Putih lan ramane
sedih.

Ing desa liya, urip janda sing duwe anak arane Bawang Abang. Sawise biyunge
Bawang Putih ninggal, biyunge bawang abang kerep mara gawa panganan lan
ngrewangi resik-resik omah. Ramane Bawang Putih mbojo karo biyunge bawang
abang.

Awale, bawang abang lan biyunge apik ulate kaliyan Bawang Putih. Nanging, suwe-
suwe sifat asline katon, kerep ngomeli Bawang putih lan menehi gawean abot yen
ramane lungo.

Sawijining dina, Ramane bawang putih lara lan ninggal dunya. Mulai wektu kui,
Bawang Abang lan Biyunge sing nguasani lan semena-mena kaliyan bawang putih.
Bawang Putih tangi subuh, nyiapke banyu adus, lan ngumbah klambi ing kali.
Bawang putih seneng nyambut gawe. Karepe biyung tirine seneng kaya anake
dewe.

Kaya biasane, esuk kui Bawang Putih gawa kranjang isi klambi arep dikumbah ing
kali. Saking asike, bawang putih ora sadar salah siji klambine keli. Sing keli kui
klambi biyung tirine sing paling disenengi. Bawang Putih nyusuri kali golek klambi,
nanging ora ketemu. Bawang Putih bali omah banjur crita karo biyung tirine.

Dasar ceroboh ! bentake. aku ora peduli, kowe kudu golek klambiku nganti
ketemu. Ojo bali omah sak durunge nemoake klambiku. Ngerti?

Bawang putih gagenan nyusuri kali. Wis adoh mlaku lan srengenge wis ning kulon
weruh tukang angon ngedusi kebo.

Bawang putih takon Paman, nopo priksa rasukan abrit ingkang keli ?

iya, cah ayu, yen kowe ndang balik mungkin iseh bisa ketemu. Wangsalane
Paman.

inggih paman, maturnuwun. Bawang Putih gagean mlayu nyusuri kali.


Dina wis peteng. Bawang Putih putus asa. Ana cahya lampu saka omah gubuk ing
pinggir kali. Bawang putih gagenan mampir lan notok lawang.

kula nuwun. Salam bawang putih. Wong wadon tuwa mbukak lawang sopo kowe
nduk? takon mbah kui.

kula Bawang Putih mbah, madosi rasukan sing keli. Sak niki sampun wengi, napa
pareng kula tilar teng mriki?. Takon bawang putih.

oleh nduk, apa klambi sing mbok goleki warnane abang? takon mbahe.

napa mbahe priksa? takon bawang putih.

iya, mau klambine nyangkut ngarep omahku. Aku arep mbalike klambi kui yen
kowe gelem ngancani aku seminggu neng kene.

nggih mbah, kula badhe ngrencangi. Jawab bawang putih kalih mesem

Wis seminggu, mbahe nyeluk bawang putih. nduk, amargo kowe sregep lan
ngabekti, kowe oleh gawa klambi biyungmu lan milih salah siji waluh loro kae
kanggo hadiah. kula mbeto sing alit mawon mbah. Omonge bawang putih. Mbahe
mesem lan ngeter bawang putih tekan ngarep omah.

Tekan omah, bawang putih ngaturna klambi biyung tirine banjur mbelah waluh
kuning ing dapur. Bawang putih jerit kaget nalika waluh kabelah njerone isi emas
permata akeh banget. Bawang abang srakah ngrebut emas kui. Bawang putih
kapeksa nyritaake kepiye olehe bisa oleh hadiah iki.

Krungu critane bawang putih. Bawang abang langsung mara omahe mbah tuwa ing
pinggir kali. Bawang abang njaluk manggon seminggu ngancani mbahe. Ora kaya
bawang putih, bawang abang males-malesan, gaweane ora tau beres lan asal-
asalan. Nalika wis seminggu bawang abang arep mulih. Mbahe printah bawang
abang milih salah siji waluh. Bawang abang jipuk sing gede tanpa ngucapake matur
nuwun. Mbahe geleng-geleng terus lunga.

Tekan omah bawang abang nemoni biyunge. Seneng ndelengake waluh sing digawa.
Ora sabar waluh dibelah, nanging dudu emas permata sing metu saka waluh, malah
kewan-kewan wisa kaya ula, kala jengking lan liyane. Kewan-kewan mau nyerang
bawang abang lan biyunge nganti mati. Kuwi walesan kanggo wong sing srakah.

Anda mungkin juga menyukai