Anda di halaman 1dari 5

Kuliah subuh bahasa jawa


. .


.
. .
Assalamualaikum wr.wb.
(Audzubillahiminasaitonirojim bismillahirohmanirohim Alhamdulillahirabil alamin washolatu
wasalamuala asrofil anbiyai wal mursalin,sayidina wa maulana Muhammadin wa ala alihi wa
)sohbihi ajmain . Ama Badu
Alhamdulillaahi nastaiinuhu wa nastaghfiruhu wa nauudzubillaahi min syuruuri
anfusinaa wa min sayyiaati amaalinaa may yahdillaahu falaa mudhillalahu wa may yudh-lil
falaa haa diyalah , Asyhadu allaa ilaaha illaloohu wahdahu laa syariikalah, wa asyhadu anna
muhammadan abduhu wa rosuuluhu laa nabiyya badah. Allahumma sholli wasallim wa baarik
ala muhammadin wa ala aaalihi wa ash-haabihi ajmaiin,

Jamaah ingkang minulyo,


Alhamdulillah, mangga sami tansah memuji syukur dumateng ngarsaning Allah SWT. Ingkang
sampun maringi kanikmatan, rizki, rahmat ugi hidayah, arupi kesehatan, iman saha Islam.
Saha inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri
kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang
kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat
kabliah subuh . sholat subuh dilajengaken pangaosan meniuko.. Mugi-mugi ibadah ingkang
sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken
timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.
Shalawat serto salam mugiyo tetep tercurah dumatheng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW soho keluargo lan sahabatipun, mugiyo syafaatipun saged lumeber dhateng kito sedoyo
mbenjang dinten kiamat, Amin Allahumma Amin

Jamaah shalat subuh ingkang dipun rahmati Alloh,


Alhamdulillah kito saget manggihi malih wulan ingkang kito tenggo-tenggo, wulan ingkang
penuh berkah wulan ingkang dipun lipat gandakaken pahala

Shalawat saha salam, katunjuk dumateng panutan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang
sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa dateng margi ingkang leres.
Mugi rahmat saha salam, kaparingna dateng keluarga Nabi Muhammad SAW, poro
sahabat, tabiin tabiut-tabiin, sedaya umat muslim khususan ingkang kerso netepi ugi njagi
sunah2ipun Rasulullah SAW. Insya Allah, mugi kalebet kula panjenengan sedaya.
wonten pangersanipun Bopo xxxxxxx ingkang kawulo hormati lan ingkang dipun
mulyaaken Alloh swt. wonten pangersamipun poro bapak soho ibu jamaah sholat
subuh ingkang kawulo hormati. monggo kito unjukaken raos puji soho syukur
wonten pangersanipun Alloh ingkang sampun paring nikmat iman islam hidayah
soho inayahipun sahinggo wonten enjangpuniko kito waget makempal wonten
masjid puniko waget nglampahi kewajiban kito inggih puniko sholat subuh kanti
berjamaah. Sholawat soho salam mugi dipun limpahaken dumaeteng junjungan
nabi agung Muhammad saw ingkang kito antu-antu syafaatipun fiddini fidduna
wal akhiroh. allohumma amiin.

Bapak soho ibu jamaah sholat subuh ingkang kawulo hormati wonten enjang
puniko kawulo wonten mriki namung badhe ngajak dumateng kulo piyambak soho
dumateng panjenegan sedoyo monggo wonten bulan romadhon ingkang barokah
puniko kito sesarengan manfaataken kesempatan ingkang sampun dipun
paringaken gusti Alloh dumateng kito kagem peningkatan kuantitas lan kualitas
ibadah kulo lan panjengenan sedoyo , saking segi kuantitas utawi jumlah monggo
kito tambah ibadah kito ingkang wajibe sampun kalampahan kito tambah sunah-
sunahipun , ingkang sholatipun taseh bolong2 monggo dipun tambal dipun ganepi
, amargi sholat puniko tiyang agami kanjeng nabi sampun ngendikaaken wonten
ing hadits "asholatu imaduddin " sholat niku tiyang agami kados dene griyo utawi
omah nek tiyang utawi jagak griyo wau gotang mangkeh griyone nggeh ringkih
bangunan omah puniko saget risak lan ambrol sami ugi nek sholat kito gotang
manhkeh bangunan agami kito saget rusak saget ambrol, milo monggo kito
bangun ingkang kokoh, lajeng lan sunnah sedekahipun monggo ditambahi
mumpung gusti Alloh sek obral ganjaran wonten wulan niki, sek ibadah sunnah
mon diganjar dados ibadah wajib kok nopo maleh sing wajib ganjaranipun matikel
tikel taseh ditambah maleh wonten doorprise / hadoah kejutan sangking gusti
Alloh arupi lailatul qodar ingkang ganjaranipun luweh sae ketimbang 1000 bulan.
cobi kirang pripun nek ngoten meniko gusti Alloh meniko moho murah sanget ,
dados monggo kito berlomba nindaaken amal kesaenan.

Sak lajengipun mboten namung saking segi jumlah ananging kualitas amal
kesaenan injih kito tingkataken kados syiam romadhon meniko ingkang syiamipun
nek wingi-wingi niku namung poso padaran mboten ngunjuk lan dahar mawon
kito tingkataken poso hawanafsu anggoto badan ingkang arupi peningal tutuk,
kuping dipun pasani ampun diginaaken kagem perkawis ingkang dipun larang gusti
Alloh. lajeng ati kito bersihaken saking hubbudunnya utawi cinta dunia amargi
hubuddunya utawi cinta dinia meniko sumber saking kerisaan lan penyakit hati
kados sabdanioun kanjeng nabi "hubbudunya ro'sun'ala kulli khothiatin" cinta
dunia sumber segala kerusakan , ampun salah paham nggeh engkang dilarang
meniko cimta dunya sanes dunyonipun ananging raos demene niku ingkang
dilarang nek dunyane kaleh ikhtiyare mboten dilarang mboten nopo-nopo ,
mangkeh hasile kagem biaya operasional ibadah , kagem nafkah diri lan keluargo
kagem menegakkan agamanipun Alloh sedoyo diperdembahkan wonten
ngerdanipun gusti Alloh. saking hubudduya menikolah timbul kesombongan riya
sum'ah, medit, cetil, pokil,iri/meri, dengki, hasud , paten patenan, ngrusak
pasederekan,ngrisak paseduluran, nglalekke marang Alloh lan akhirat. mulo
monggo kito bersihaken ati kito saking cimta dunya kito tablek sumber segala
kerisakan lan penyajit hati kito , insya Alloh nek saget mekaten fitrah ingkang kito
antu antu /dambakan saget dipun raih, ati kito dados ati i engkang bersih resik
suvxi kados bayi engkang taskair kito dadoa pribadi yg baru mboten
nnungpakaiankito ingkang baru ananging akhlak kito ugi baru akhlakul karimah
kito dados lantaran pancaranipun rahmat kasih sayangipun Alloh kagem sedoyo
makhluk.

Mekaten atur kawulo wonten enjang meniko mbok bilih katah kalepatanipun
kawulo nyuwun pangapunten ingkah katah, mugi- mugi nopo ingkang sekedik kulo
aturaken saget bermanfaat dateng kulo lan panjenengan sedoyo. aamiin, wabillahi
taufik walhidayah wassalamalaikum wr. wb.
Mekaten kultum ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi siyam kia saestu-estu saged
nuceni jiwa kita saking mapinten-pinten dosa. Kawula nyuwun agunging pangapunten menawi
wonten kalepatan, kekhilafan lan kekirangan. Akhir kalam wabilahitofik walhidayah.
Wassalamualaikum wr.wb
Mugi-mugi siyam ingkang kito tindakaken kalandasan kanti iman lan ikhlash karanana Alloh,
pinaringan kekiatan lan tansah semangat kagem nindakaken amal shalih ngantos dumuginipun
ajal. Amiin
Cekap semanten, mbok bilih katah tata basa ingkang mboten pas kauolo nyuwun agenging
pangaksami

Rasululloh paring sabda:




Hadits riwayat At Tirmidzi meniko nedahaken bilih wonten tigang golongan ingkang mboten
tertolak doa panyuwunanipun inggih meniko tiang ingkang siyam ngantos buko, imam ingkang
adil lan tiang ingkang dipun zhalimi.
Meniko sekedik ingkang saget kulo aturaken babakan keutamaanipu ramadhan, taksih katah
malih ingkang mboten seget kaulo aturaken ing mriki. Mugi-mugi kito sedoyo saget nindakaken
ibadah ing ramadhan tahun meniko ngantos paripurno sahinggo sakmangke seget dados pribadi
ingkang langkung bertaqwa.
Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten

SUBHAANAKALLAAHUMMA WABIHAMDIKA ASYHADU AL-LAA ILAAHA ILLA


ANTA ASTAGHFIRUKA WA-ATUUBU ILAIKA
Artinya :
Maha Suci Engkau ya Allah, dengan memuji-Mu aku bersaksi bahwa tiada tiada Tuhan
melainkan Engkau, aku memohon pengampunan-Mu dan bertaubat kepada-Mu.( HR. Tirmidzi,
Shahih)

Itulah lafadz doa kaffaratul majelis atau doa penutup majelis yang dapat kita amalkan ketika
hendak meninggalkan suatu majelis, yang mana keutamaan dari doa tersebut yaitu sebagai
penebus dosa dalam majelis.

Anda mungkin juga menyukai