Anda di halaman 1dari 4

‫اَل َّساَل ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َرحْ َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُ ْه‬

‫َّح ْي ْم‬
ِ ‫بِس ِْم هللاِ الرَّحْ مٰ ِن ار‬
‫الحمدهللا حق حمده‬,‫الحمدهللا‬
‫ َوال َّساَل ُم َع ٰلى خير خلقه سيد ناوموالنامحمد‬,ُ‫صاَل ة‬
َّ ‫َوال‬
‫و َع ٰلى ٰالِه َواَصْ َحابِه المجاهدين الطاهرين امابعد‬.
َ

 Para alim, para tokoh ulama, para rama kyai, para masyayikh, para ibu nyai ingkang
kita cadong ilmu soho barokah do’aipun.
 Para bapak/ para ibu ingkang kaula hormati sarto rencang-rencang ingkang kaula
sayangi.
 Kalangkung dumateng para dewan juri ingkang kaula hormati, soho rencang-rencang
kaula sayangi
 Aduh senenge kita bisa melu lomba kumpul karo santri sarta para kanca. Santri jaman
saiki pinter ngaji pinter Keren sebab pada ngaji ana ing pondok pesantren.
 Kalo cari mantu santri thoat lan pinter
Kalo kurang pinter minum saja obat puyer
 Para dewan juri engkang kaula hormati ampun supe biji, biji kula nomor siji

‫صلِّى َع ٰلى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد‬ ٰ


َ ‫اَللّهُ َّم‬
Para rawuh engkang minulyo langkung rumiyin, sumonggo kita muji syukur

‫بِقَ ْولِنَا اَ ْل َح ْم ُد هّٰلِل ِ والشكرهلل‬


dumateng Alloh Subhanahu wataa’ala engkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan
engkang antawisipun arupi kesehatan soho kesempatan, sahingga wonten ing saat meniko
kita saget pepanggihan wonten ing acara lomba pidato Bahasa jawa kanti kawantenan
kabegjan, karaharjan sarto kabagaswarasan.
Sholawat saha salam mugi kaujuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW
kanthi ucapan.

‫صلِّى َع ٰلى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َو َع ٰلى ٰا ِل َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد‬ ٰ
َ ‫اَللّهُ َّم‬
Para rawuh engkang dahat kinormatan wonten ing wekdal sakmeniko kulo bade ngaturakan
setunggaling tema inggih punika “Nyukuri Nikmat Kemerdekaan”.
Para rawuh ingkang engkang kaula hormati, punapa hubungan Islam kaleh kemerdekaan?
Islam sampun maringi sugesti, dorongan, semangat, rangsangan dumateng tiyang-tiyang
sepuh kita zaman rumiyin, kangge berjuang, bangkit melawan penjajah. Agami Islam
menikolah engkang pertama ndidik dumateng kita bilih cinta tanah air meniko setengah
saking iman

ْ ‫حُبُّ ْال َوطَ ْن ِم َن ْاِإل ي َم‬


‫ان‬
Tanah air kita boten Aljazair
Tanah air kita boten Palistina, boten
Arab Saudi, boten Yaman
Tanah air kita Indonesia
Mencintai/trisna dumateng Indonesia berarti sebagaian saking iman.
Pramila kanti semangat jihat engkang dipun ajarken agami, bangkitlah para ulama kalayan
jamaahipun, kyai kaleh santrinipun, bahu-membahu, gotong-royong kalaya tentara, berjuang
ngelawan penjajah Walanda.
Rencang-rencang …!!
Nate ningali gambar Pangeran Diponegoro? Ngangge nopo?? (Surban)
Boten namung ngangge surban tapi ugi ngangge jubah, berarti tiyang Islam!
Naliko walanda kasil nangkep Pangeran Diponegoro, pengikutipun termasuk Kyai Maja
mundur teng pedalaman, mbentuk kantong-kantong perjuangan, arupi nopo? (Pondok
Pesantren)
Dados?? Pondok Pesantren sakliyane kangge sinau ugi kangge kantong perjuangan ngelawan
penjajah.

‫حاضرين والحاضرات رحمكم هللا‬


Malahan wonten ing salah setunggaling pidato Bung Tomo, ngendikan..
Saumpama boten wonten kalimat takbir, ngangge napa kula nggerakke putra-putra bangsa
kangge bangkit, berjuang ngelawan penjajah sareng ngucap Allahu Akbar, semangat jihat
menggelora. Belanda kecil, mati? Tiket teng suwarga!
Cobi ngangge kalimat sanes : Hoe perang, ayo perang, mesti do boten purun, malah mlayu,
nggeh nopo nggeh???
Rencang-rencang ingkang kaula sayangi, sumonggo nikmat kemerdekaan punika kita syukuri
kanti kelakukan-kelakuan engkang sae, kegiatan-kegiatan engkang sae, boten usah ageng,
tapi hal-hal kecil mawon, tapi dilampahi terus-menerus, teng dalem, teng sekolahan lan teng
pundi kemawon.
Cekap semanten atur kaula, menawi lepat nyuwun ngapuro.
Pak Bajuri dahar bihun, para dewan juri matur nuwun.

‫َول َّساَل ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َرحْ َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُ ْه‬


TEKS PIDATO
BAHASA JAWA

No. Undi : 22

Nama : Aisha Nur Fadhilah

MI NU AL KHURRIYAH 03

Anda mungkin juga menyukai