Soal Praktik Ujian Bhs Jawa 2013
Soal Praktik Ujian Bhs Jawa 2013
A. MENDENGARKAN
Standar Kompetensi Lulusan:
Memahami wacana lisan yang didengar baik teks sastra maupun non sastra pesan, dalam
berbagai ragam bahasa berupa cerita teman, teks karangan, pidato, cerita rakyat, cerita
anak, geguritan, tembang macapat, dan cerita wayang.
Indikator:
Diperdengarkan cerita rakyat, peserta didik dapat menjawab sepuluh pertanyaan yang
berkaitan dengan isi cerita tersebut
Materi :
Nuju ing sawijining dina, ing sawijining alas ana manuk loro sing padha gelut. Sing siji
manuk podhang, dene sijine manuk jalak. Anggone gelut rame banget. Cakar-cakaran, cucuk-
cucukan lan genti-genten mbanting. Pang lan wiwt-witan ana ing kono bosah-baseh, padha
ambruk merga polahe manuk loro.
Pas mbareng wektu iku, ana manuk thilang sing lagi golek pangan. Ora dinyana-nyana
abure manuk thilang tekan papan cedhake manuk podhang lan jalak gelut. Manuk thilang weruh.
Dheweke banjur nyedhaki.
He mandheg.mandheg! Ana apa iki? pambengoke manuk thilang karo misah sing
padha gelut.
Sing dipisah sakala mandheg. Iki ana apa, ta? Wong karo sedulur kok padha gelut-
gelutan? pitakone thilang.
Iki lho lang, aku didakwa jalak nyolong endhoge! wangsulane podhang.
Apa bener, lak?
Iya, lang . Malah ora mung aku thok sing kelangan endhog. Meh kabeh bangsaku saben
dina kelangan endhog, wangsulane jalak.
Lha kok bisa ilang kepriye?
Embuh aku ora ngerti. Cethane saben aku ninggalake susuh saperlu golek pangan,
mesthi endhogku kalong utawa ilang.
Banjur kowe ngarani si podhang sing njupuk utawa nyolong endhogmu?
Aja nganti ,lang, aku nyolong endhoge kancaku, bangsaku dhewe! panyaute podhang.
Lho lak, kowe krungu dhewe, podhang ora njupuk endhogmu!
Aku ya ora weruh dhewe. Mau aku ketemu karo ula. Dheweke kandha menawa podhang
golek pangan ana cedhak susuhku. Aku dikon ngati-ati, menawa endhogku ilang.
Banjur? pamedhote thilang.
Aku mulih niliki susuhku. Jebul endhogku wis kari cangkang.
Terus kowe ngarani podhang?
Aku mung dikandhani ula, lan bener si podhang ana cedhak susuhku. Sapa maneh sing
njupuk yen dudu podhang?
Bener lang, aku mau golek pangan, tekan cedhak susuhe jalak. Ning.. blas aku ora
niliki apa maneh njupuk endhoge jalak, kandhane podhang.
Njur sapa sing njupuk, yen dudu kowe?
Aja angger nuduh, lak! pamunggele podhang.
Bener kandhane podhang. Awake dhewe aja gampang ngarani uwong yen durung ana
buktine ! ujare thilang.
Buktine cetha, endhogku ilang.
Ning sing nyolong, apa cetha?
Aku ora weruh!
Lha nek ngene lak, ndang, dakkandhani. Aku ki mau weruh dhewe, sakjane sing nyolong
endhogmu, ya endhog-endhoge kabeh manuk sing ana ing alas kene ki si ula. Aku weruh dhewe
malah weruhku karo si emprit. Yen ora percaya. Takona emprit.
Nuju ing sacedhake kono ana manuk emprit sajodho sing padha leren.
Prit apa bener kowe weruh si ula nyolong endhogku? pitakone jalak.
Iya lak. Wong endhogku ya dicolong, kok, wangsulane emprit.
Lha kok kowe meneng bae?
Aku wedi, merga aku kalah gedhe!
Cetha ta lak, sing nyolong endhogmu ki ula? Ayo saiki bali rukun karo podhang!
Manuk loro, podhang lan jalak banjur padha salaman. Sabubare iku banjur padha
rembugan kepriye carane ngajar si ula.
Dina iku kabeh manuk sing urip ana alas kono padha nglumpuk. Ana jalak, podhang,
thilang, emprit, bethet, lan liya-liyane. Manuk-manuk iku wis nyawiji tekade arep ngajar ula.
He, ula . Tangiya, aja nglengker bae! pambengoke jalak sajak nggugah.
Sing digugah klolat-klolet nglilir.
Ana. ana apa ta, lak? pitakone.
Sepisan maneh aku arep takon. Sapa satemene sing nyolong endhog-endhoge
bangsaku?
Lha sapa? Aku rak wis kandha si podhang!
Buktine apa?
Ya embuh, pokoke podhang! wangsulane ula.
Apa dudu kowe dhewe malinge, la?
Lho kowe nudhuh aku, buktine apa?
Tekan semono rembugane jalak karo ula, dadakan manuk sa alas padha teka ing papan
kono.
Aku bisa mbuktekake, la, kandhane thilang.
Lha apa buktine? Wangsulane ula.
Buktine ana ilatmu! Coba tuduhna ilatmu, menawa kowe bisa ngetokake ilatmu, ateges
kowe bener!
Sakala ula ngetokake ilate. Ilate sing dawa diukur sadawa-dawane. Nalika ula ndawakake
ilate, sakkal manuk-manuk padha nyucuki, malah uga ana sing nyakar. Ula jerit-jerit kelaran.
Ilate suwek, godres getih.
Wiwit iku nganti saiki ilat ula banjur cawang. Ilat cawang nggambarake wong kang
gunemane ora bisa dipercaya utawa seneng adu-adu.
Pedoman Penilaian:
Skor masing-masing soal
~ Jawaban benar dan lengkap 10
~ Jawaban tidak lengkap 5
~ Jawaban salah 1
~ Tidak menjawab 0
B. BERBICARA
1. Menceritakan Gambar
Indikator:
Disajikan gambar seri tentang peristiwa, peserta didik dapat menceritakan gambar tersebut
dengan ragam bahasa tertentu (padinan / sehari hari, Ngoko alus, Krama)
Materi :
Pedoman Penilaian
Menceritakan gambar
1. Kesesuaian isi dengan gambar/tema : 20 40
2. Keruntutan isi cerita/alur : 15 30
3. Penggunaan bahasa : 15 30
C. MEMBACA
Standar Kompetensi Lulusan:
Menggunakan berbagai keterampilan membaca untuk memahami teks sastra maupun non
sastra dalam berbagai ragam bahasa berupa teks bacaan, pidato, cerita rakyat, percakapan,
geguritan, cerita anak, cerita wayang, dan huruf Jawa.
Indikator:
Peserta didik dapat membaca sesuai dengan lafal, intonasi, dan ekspresi yang tepat.
Materi :
Membaca indah dari geguritan yang berjudul:
Nggresulane Manuk-manuk
jone gegodhongan
seje ijone dhuwit
alas-alas dibabadi
ngukuhi urip
dhuh anak-anakku
wis dadi begjamu
menangi jaman kalabendu
senajan kang ora kleru melu kesaru
dhuh simbok
aku dadi tumbal
alas-alas wiwit diambah
aku mung bisa pasrah
Kauman Jepara, 1999
Pedoman Penilaian :
1. Lafal : 20 30
2. Intonasi : 25 40
3. Ekspresi : 15 30
D. MENULIS
Indikator:
Disajikan satu paragraph (lima kalimat sederhana), peserta didik dapat menyalin dalam
aksara jawa.
Pedoman Penilaian :
3 Ketepatan : 40 80
4 Kerapian : 10 20
PEDOMAN PENILAIAN :
Skor maksimal masing-masing aspek berbahasa 100
Nilai = Skor (A + B + C + D)
4