Anda di halaman 1dari 5

TUGAS BAHASA JAWA

MITOS UMBUL SUNGSANG BOYOLALI

Nama Anggota :
1. Aprilia Kusuma Dewi (07/XI MIPA 1)
2. Diva Wahyu Putra Utomo (15/XI MIPA 1)
3. Dyah Prastiti Arditaningrum (17/XI MIPA 1)
4. Elizabeth Selvia Krisnandari (18/XI MIPA 1)
5. Ilyas (20/XI MIPA 1)
6. M. Ichsan Himawan (23/XI MIPA 1)
7. Wuri Aisiyah Nur Rahman (33/XI MIPA 1)

SMA NEGERI 1 KARTASURA


TAHUN AJARAN 2018/2019
Mitos Umbul Sungsang Boyolali

Papan Panggonan : Umbul Sungsang

Alamat : Desa Bendan, Kecamatan Banyudono, Kabupaten Boyolali

Dina : Setu

Tanggal : 23 Februari 2019

Jam : 11.00-12.00 WIB

Narasumber : Pak Priyatna lan Pak Timbul

Asil Wawancara :

Umbul Sungsang yaiku salah sawijining umbul sing ana ing Desa Bendan, Kecamatan
Banyudono, Kabupaten Boyolali. Asal usule Umbul Sungsang iku ora ana sing ngerti. Umbul
Sungsang ditemuke dening Raden Ngabehi Yosodipuro utawa sing kerep disebut Eyang
Yosodipuro. Eyang Yosodipuro yaiku Pujangga Kasunanan Surakarta Hadiningrat sing pas
kui bisa nyirepke perang sedulur antarane Kraton Solo karo Kraton Jogja. Eyang Yosodipuro
iku putra saka pasangan Raden Tumenggung Padmonegoro lan Siti Mariyam sing lair ing
wektu subuh taun 1729.

Salah sawijining ritual ing Umbul Sungsang yaiku ritual kungkum sing dianakake
saben wektu Jumat Pahing. Ritual iki dianakake saben Jumat Pahing amarga dikaitake karo
dina laire Eyang Yosodipuro. Tujuan ritual kungkum yaiku tahapan kanggo nggayuh tingkat
spiritual sing luwih dhuwur. Makna sing ana ing ritual kungkum yaiku kanggo nggresiki
awak saka karegedan jiwa lan minangka wujud utawa bentuk pamratobat kanggo ngupaya
kasucian ati lan jiwa.

Ing jero Umbul Sungsang ana Umbul Pancuran sing nduweni sumur kang dadi
sumber mata air utama umbul kasebut. Mbiyen banyu sing metu saka sumur kasebut bisa
nganti muncrat. Nangging saiki banyune wes ora bisa muncrat koyo mbiyen meneh. Kanggo
wong sing dodol, nalika masak nggunakake banyu saka sumur kasebut dipercaya bisa
nglancarake dodolan.
Ana mitos sing nyebutke yen Umbul Sungsang ana penunggune ing wangun ula sing
gedhe. Nanging nganti saiki durung ana bukti kanggo benerake mitos kasebut.

Kesimpulane Umbul Sungsang iku kanggo nenangake batin supaya kita bisa fokus ing
gaweyan lan kahidupan
Lampiran

Anda mungkin juga menyukai