Anda di halaman 1dari 3

Nggembol Sempol

Lamat-lamat keprungu suarane Didi Kempot, kanti tembang banyu langit, iki suarane
Didi Kempot temenan apa ora? Bareng tak setiteke jebul suarane Petrok kang lagi mlaku
bareng Bagong. Petruk suarane penak tenan, persis kaya Didi Kempot. Bagong kepenak wae
mangan sempol. Banjur keprungu suara seru.

‘’ Bagong! ‘’

‘’ nggeh mas ‘’

‘’ reneo tak kandhani’’

‘’ nopo mas ‘’

‘’ dene wajibe wong angawula iku amung awas eling ‘’

‘’ awas eling kepiye mas?’’

‘’lha ora eling to kandhane dalang mambengi?’’

‘’ sing endi to mas?’’

‘’ tegese awas ing bener luput, eling ing ala becik enggone amatrapake kedaling lesan lan
obahing badan.’’

‘’ ooo ngono to’’

‘’ iyo Gong, Yen bener kui, dadi becil ing wekasane. Yen luput kui, dadi ala ing wekasane.
Mulane kedaling lesan lawan obahing badan iku patrape anganggo empan, lungguhe angango
papan, kanthine anganggo duga-duga lawan watara.’’

‘’ nggeh mas ‘’ karo nyokot sempol sing ana ing tangane

‘’ sakjane kowe ngerungokake aku ngomong apa ora to Gong?, tak delok saka mau ketoke
kowe gur mangan sempol wae?’’

‘’ora kok mas, aku yo ngerungoake’’

‘’ yo wes ini sing pungkasan, Aja tinggal pamrayoga lawan riringa, supaya bis reksa-rumeksa
ing wekasn dadi rosa, karana wit ing rosa iku saka ing reksa rumeksa Gong’’

‘’ nggeh mas, kula sakniki bakal luwih awas lan eling’’

‘’ lan aja kakean mangan deloken kui wetengmu wes gede banget’’

Bagong gor meringis dikandani kakange. Langit saya peteng, nalika Petruk lan Bagong
kepengin mulih, dheweke ketemu Gareng ing dalan sing diwelingi dening bapake.
‘’ saka ngendi wae truk?’’ kondone bagong

‘’ saka mlaku-mlaku mas, ana apa?’’

‘’ wes arep maghrib , ndang balio’’

‘’ yo’’

Bareng-bareng petruk bagong lan gareng maku mulih. Ning dalan karo mlaku bagong
gor mangani sempol wae nganti keselak. Banjur dielengake dak karo petruk. Dituturi kanthi
becik. Senajan urip kui butuh manggan, tapi mangan terus kui yo ora apik, marakake lemu
lan nggowo akeh penyakit. Wong sing kakean mangan biso wae kena obesitas, lan penyakit
sing aneh-aneh.

Mambengi gareng ra melu adi-adine nonton wayang amarga keturon ana oman, banjur
gareng tetep pengen weruh kepiye ceritane wayang mambengi. Tapi bagong gor mangan wae
trus akhire petruk sing njawab omongane gareng.

‘’ gong...’’ gareng nyeluk bagong lirih. Tapi bagong tetep mangan.

‘’ goong, bagong’’ saya banter.

‘’ he Gong, Bagong’’ banter

‘’ oh iyo mas, nopo?’’ semaure bagong kan ijek akeh panganan nang lambene.

‘’ kowe mambengi melu ndelok wayang opo ora?’’

‘’ ningali mas’’

‘’ trus ceritane tentang opo?’’

‘’ lali aku mas’’

‘’ lha kok lali opo sing kok delok mong sindene sing ayo-ayu wae?’’

‘’ sindene lemu-lemu mas’’

Senajan petruk melu nyauri

‘’ saka mambengi bagong gur mangan sempol wae mas, nganti ora ngerungokake opo
omonge dalang mambengi’’

‘’ jannn jannn ngumun aku karo kowe gong’’

‘’lha iyo mas mosok gawenane gur mangan terus’’ petruk gedeg-gedeg

‘’ urip kui kudu seimbang lo gong, ora oleh koyo ngono’’


‘’ seimbang ora oleh kakean utawa over, manggan sak cukupe, turu sak cukupe, kerja sak
cukupe, dolan sak cukupe, ibadah akeh ora opo-opo nanging pas ibadah ojo nganti lali sak
sembarange’’

‘’ kakean manggan sempol awakmu dadi koyo sempol kui lho’’ tambahane gareng.

‘’ saiki uwesono anggonmu mangan sempol’’ petruk njaluk sempol sing isih ana nang
gegemane bagong. Trus digawa karo gareng.

‘’ sek sek mas, aku iseh durung marem’’ jare bagong njaluk sempole balek

‘’ ojo marem kanthi pirantine dunia gong, ora apik’’ jare petruk

‘’ lha iyo, nek kowe mangan kanthi marem bakale sesuk kowe wes emoh bosen, kui ora
apik’’

‘’ saiki mending ewangono bapak enek kebon kono lho’’ jare petruk nambahi.

Karo rasa sedih akhire bagong ngelereni mangane lan nyusul ngewangi bapake sing kerja ana
kebon. Sak banjure bagong metu, gareng lan petruk ngentekake sempol sing iseh anak kresek.

‘’ makane bagong emoh uwis kang, dadakno sempole ini wenak tenan’’

‘’ lha iyo truk, opo maneh bumbune iki’’

Sakbanjure bagong ngewangi bapake saka kebon, dekne pengen nerusake mangan sempole
senajan tekan omah dekne kaget nalika ndelok sempole wes entek dipangan karo kakang-
kakange.

‘’ owalah mas, mas sempolku kok dientekake’’

****

Anda mungkin juga menyukai