Anda di halaman 1dari 263

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874

Katalog

Katalog # : 778
Titel : Babad Tanah Jawi
Versi : Meinsma
Tahun : 1874
Image :

Tipe : Terbitan
Bentuk : Prosa
Bahasa : Jawa
Aksara : Jawa
Ikhtisar : Silsilah para raja di Jawa yang dikaitkan dengan para nabi dan para dewa, sejak
Nabi Adam yang berputra Sis, Sis berputra Nur Cahya, Nur Cahya berputra Nur
Rasa, Nur Rasa berputra Sang Hyang Wenang, Sang Hyang Wenang berputra Sang
Hyang Wening, Sang Hyang Wening berputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang
Tunggal berputra Bathara Guru, Bathara Guru berputra 5 yaitu Sambo, Brama,
Mahadewa, Wisnu, Dewi Sri. Wisnu kemudian bertahta di Jawa bergelar Prabu
Set, kerajaannya Suralaya. Selanjutnya adalah sejarah timbulnya kerajaan-
kerajaan di Jawa, mulai Prabu Jayabaya di Kediri sampai cerita perpindahan
keraton Kartasura ke Surakarta.
Kata kunci : aksara, babad, cetak, cithak, gancaran, jawa, jawi

Deskripsi

Judul
Luar : Babad Tanah Djawi
Dalam : Punika Sêrat Babad Tanah Jawi Wiwit Saking Nabi Adam Dumugi ing Taun 1647
Lain : Babad Tanah Djawi, in proza.
Sub-judul : Javaansche Geschiedenis Loopende tot het jaar 1647 der Javaansche Jaartelling
Bagian dari : -
Memuat : -
Series dari : Koninklijk Instituut voor de Taal-, Land- en Volkenkunde van Ned. Indië
Penyusun
Jumlah : 1 dari 1
Peran : Penyusun
Peran ref. : Met aantekeningen van
Nama depan : J. J.
Nama belakang : Meinsma
Kedudukan : -
Lokasi : -
Tanggal : -
Jilid
Jumlah : 1 dari 1
Jilid # : 1
Series ref. : Koninklijk Instituut voor de Taal-, Land- en Volkenkunde van Ned. Indië
Jilid titel : -
Penerbit : Martinus Nijhoff
Tempat : 's Gravenhage
Tanggal : 1874
Edisi ref. : -
Print ref. : -
Halaman : 688
Gambar : -
Kosong : -
Sumber
Jumlah : 1 dari 1
Sumber : Yayasan Sastra Lestari
Katalog : 778
Tipe media : Fotocopy
Ukuran : A4
Ukuran teks : 17.3 x 9.1 cm.
Fisik : -
Kertas : -
Rusak : -
Tulisan : -
Penomoran : 2-688 + 1-4 ralat. Angka Jawa.
Digitisasi
Transkipsi oleh : Yayasan Sastra Lestari
Digitisasi oleh : Yayasan Sastra Lestari
Tanggal : Apr 1999
Sumber : Yayasan Sastra Lestari #778 Fotocopy

Babad Tanah Djawi in proza

--- 0 ---

Javaansche Geschiedenis

Loopende tot het Jaar 1647 der Javaansche Jaartelling

met Aanteekeningen van

J. J. Meinsma

eerste stuk

Tekst

Uitgegeven door het Koninklijk Instituut voor de Taal Land en Volkenkunde van Ned. Indie.

's Gravenhage, Martinus Nijhoff 1874.

--- 0 ---

Punika Sêrat Babad Tanah Jawi Wiwit Saking Nabi Adam Dumugi ing taun 1647

Kaêcap wontên ing tanah Nèdêrlan, ing taun Wêlandi 1874

--- 1 ---

Sêrat Babad Tanah Jawi

--- 2 ---

Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam apêputra Sis, Êsis
apêputra Nur Cahya, Nur Cahya apêputra Nur Rasa, Nur Rasa apêputra Sang Hyang Wêning,
Sang Hyang Wêning apêputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Tunggal apêputra Bathara
Guru, Bathara Guru apêputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara
Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri, Bathara Wisnu wau jumênêng ratu wontên ing pulo
Jawi ajêjuluk Prabu Sèt, Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya.

Bathara Guru wau kagungan sêngkêran putri ayu ing nagari Mêndhang, karsanipun badhe
kainggahakên ing swarga sarta kadamêl garwa. Anuntên Bathara Wisnu panuju sawêk
pêpara, kapencut aningali putri ing Mêndhang wau, botên sumêrêp bilih sampun kasêngkêr
dhatêng ingkang rama, lajêng kapêndhêt garwa, punika sangêt andadosakên dukanipun
Bathara Guru. Sang Hyang Narada lajêng kautus andhawahakên dêduka dhatêng Bathara
Wisnu sarta anglungsur karatonipun, Bathara Wisnu anuntên kesah saking ing nagari, atapa
dhatêng ing wana wontên sangandhaping uwit wringin jèjèr pitu, ingkang garwa putri ing
Mêndhang wau dipun tilar.

Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Watugunung,
garwanipun kêkalih,[1]

--- 3 ---

satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp, putranipun pitu likur, sami kakung sadaya,
anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang,
Galungan, Kuningan, Langkir, Môndhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwêlut, Marakèh,
Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang,
Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta.

Kala sêmantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gêgêring agêng, kathah tiyang alit
ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana
rêmbulan, jawah salah môngsa, lindhu kaping pitu sadintên, punika sadaya anjalajati, yèn
nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih, aningali
risakipun ingkang abdi, sang nata sarean wontên ing kathil gadhing, garwanipun ingkang
nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak, matur pitakèn
ingkang dados sababipun, sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare, ingkang ibu
sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong, ngantos mêdal rahipun,
lajêng kesah sapurug-purug.

Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang
prabu, kèngêtan putranipun ingkang kesah lajêng botên mantuk-mantuk [mantuk-
mantu...]

--- 4 ---

[...k] amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalihan cariyosipun sang nata, sangêt susahing
galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal
saking sang nata, sarèhning dangu kèndêl kemawon kadangu ingkang dados sababipun,
Dèwi Sinta matur, yèn sadangunipun kèndêl anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata,
namung kirang saprakawis, kirangipun punika dene sang nata dèrèng krama widadari ing
Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amêsthi
dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang
raka.

Prabu Watugunung sarêng dipun aturi mêkatên, lajêng sumêja nginggahi ing Suralaya
anglamar widadari, enggal andhawuhakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng
anakipun pitu likur wau, angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng ing Suralaya.

Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing Suralaya, lajêng
animbali ing para dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu
Watugunung, sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng
Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, mawi dipun sagahana, bilih kadugi
angawonakên ratu ing Gilingwêsi, kaapuntên [kaa...]

--- 5 ---
[...puntên] sadosanipun, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang
kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng, Sang Hyang Narada lajêng
tumurun saking Suralaya, badhe angupadosi Bathara Wisnu.

Sang Hyang Narada sampun kêpanggih kalih Bathara Wisnu, ingkang sawêk tapa wontên
sangandhapipun wringin pitu, sarta andhawahakên timbalanipun Bathara Guru, kados
ingkang kasêbut ing ngajêng wau. Bathara Wisnu sagah angundurakên Ratu Gilingwêsi,
nanging kalilana mantuk rumiyin, badhe pamitan dhatêng ingkang garwa. Sang Hyang
Narada dipun aturi angêntosi wontên sangandhaping wit wringin pitu wau.

Bathara Wisnu lajêng mangkat, badhe amanggihi ingkang garwa, kalanipun katilar rumiyin
ingkang garwa wawrat, Bathara Wisnu amêling, bilih ambabar mêdal jalêr kanamanana
Srigati. Sarêng ambabar mêdal jalêr, inggih kaparingan nama kados wêwêlingipun ingkang
raka, wancinipun sampun diwasa, abagus warninipun. Anuntên Bathara Wisnu dhatêng
kêpanggih kalih ingkang garwa saha putra, ingkang garwa dipun wartosi, bilih katimbalan
ing Bathara Guru minggah dhatêng Suralaya, kakarsakakên mêthukakên ratu ing
Gilingwêsi. Ingkang putra kêdah tumut, nanging Bathara Wisnu botên parêng. Sarêng
sampun pamitan dhatêng ingkang garwa lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalih Sang
Hyang Narada

--- 6 ---

wontên sangandhaping wringin pitu.

Radèn Srigati ingkang katilar wau anututi lampahipun ikang rama, dumugi ing wringin pitu
alênggah wingkingipun, Sang Hyang Narada sarêng sumêrêp yèn punika putranipun Bathara
Wisnu kêdah andhèrèk dhumatêng Suralaya, asuka pirêmbag dhatêng Bathara Wisnu,
sampun ngantos ambêkta ingkang putra, bokmanawi amêmungu dukanipun Bathara Guru.
Ingkang putra lajêng kadhawahan mantuk. Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu enggal
mangkat dhatêng Suralaya, Radèn Srigati katilar wontên sangandhaping wringin pitu.

Lampahipun Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu sampun dumugi ing Suralaya, sami
sowan ing Bathara Guru, sawêk eca sami gunêman, botên antawis dangu Radèn Srigati
ingkang katilar wau anusul lampahipun ingkang rama, dumugi ing kadewatan, alênggah
wingkingipun ingkang rama, Bathara Guru sarêng aningali wontên tiyang neneman bagus
warninipun, alênggah wingkingipun Bathara Wisnu, andangu dhatêng Sang Hyang Narada,
mênggah tiyang neneman punika sintên. Narada nyêrêpakên yèn punika putranipun
Bathara Wisnu, patutan kalih putri ing Mêndhang. Bathara Guru sarêng miyarsakakên atur
mêkatên sangêt dukanipun jumênêng saking pinarakanipun malêbêt ing dalêm, Narada
anututi, sumêrêp yèn Bathara [Ba...]

--- 7 ---

[...thara] Guru duka. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang
Narada, andikakakên mundhut putranipun Bathara Wisnu badhe kapêjahan, kadamêl
tawuring swarga, sarta Bathara Wisnu andikakakên mêthukakên mêngsah tumuntên.

Sarêng Bathara Wisnu tampi dhawah mêkatên. Atur wangsulanipun. Bilih ingkang putra
kapundhut badhe kapêjahan, botên purun amêthukakên mêngsah. Sang Hyang Narada
lajêng munjuk dhumatêng Bathara Guru, mênggah ingkang dados wangsulanipun Bathara
Wisnu. Botên dangu ing jawi gègèr, alok mêngsah dhatêng, Bathara Guru sangêt ajrihipun
sarta gumêtêr, amundhut rèh dhatêng Sang Hyang Narada. Aturipun Sang Hyang Narada,
bilih botên kasandèkakên karsanipun, anggènipun badhe amêjahi pun Srigati, Bathara
Wisnu mopo amêdali pêrang, amêsthi botên sande risakipun ing Suralaya, Bathara Guru
miturut rèhipun Sang Hyang Narada, botên èstu karsanipun badhe amêjahi wau, anuntên
Bathara Wisnu kadhawahan amêthukakên mêngsah.

Bathara Wisnu akalihan ingkang putra sami mêdal saking kadewatan. Badhe amêthukakên
Ratu Gilingwêsi, sarêng kêpanggih ajêng-ajêngan kalih[2] Prabu Watugunung, sang nata
anantun dhatêng Bathara Wisnu, botên susah pêrangan, manawi sagêd ambadhe
cangkrimanipun. Sang nata ngawon. [ngawo...]

--- 8 ---

[...n.] Suka lila dipun pêjahana, nanging bilih botên sagêd ambadhe, para dewa ing
Suralaya sami nungkula, amasrahna sakathahing widadari, badhe kadamêl garwa, Bathara
Wisnu amarêngi ingkang dados panantun punika. Sang nata lajêng mangandikakakên
cangkrimanipun. Ana wit adhikih adhakah wohe, ana wit adhakah adhikih wohe.
Cangkriman punika kajawab dening Bathara Wisnu, wit adhikih adhakah wohe, punika
samôngka, wit adhakah woh adhikih wringin. Sang nata botên sagêd ngandika, rumaos
kajawab cangkrimanipun. Lajêng dipun cakra dhatêng Bathara Wisnu, pêgat jangganipun.
Sakathahing balanipun sami ngisis. Bibar mantuk sadaya.

Sasedanipun Prabu Watugunung Dèwi Sinta sangêt amuwun. Andhatêngakên gara-gara,


ngantos dumugi ing Suralaya, andadosakên susahipun para dewa. Bathara Guru andangu
dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados sababing gara-gara, Sang Hyang Narada
anyêrêpakên, yèn wontênipun ing gara-gara awit saking pamuwunipun Dèwi Sinta, prihatos
amargi pêjahipun Prabu Watugunung. Bathara Guru lajêng dhawah dhatêng Sang Hyang
Narada, anuruni Dèwi Sinta, amuriha kèndêlipun muwun. Sarta anyagahana, yèn ing dalêm
tigang dintên Sang Prabu Watugunung badhe dipun gêsangakên malih, katurunakên
[katuruna...]

--- 9 ---

[...kên] sarta jumênêng ratu wontên ing nagari Gilingwêsi malih.

Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên pangandikanipun Bathara Guru dhatêng Dèwi
Sinta, Dèwi Sinta lajêng kèndêl muwun. Gara-gara agêng wau inggih tumuntên ical. Sarêng
dumugi ing tigang dintên Prabu Watugunung botên katingal rawuh, Dèwi Sinta lajêng
muwun malih, andhatêngakên gara-gara, sangêtipun angungkuli ingkang sampun
kalampahan. Bathara Guru andangu malih dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados
sababing gara-gara. Sang Hyang Narada matur, yèn ingkang adamêl gara-gara punika inggih
Dèwi Sinta ugi, awit sampun dumugi ing wêwatêsan tigang dintên. Prabu Watugunung
dèrèng wangsul dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi. Bathara Guru lajêng andhawahakên
parentah dhatêng Sang Hyang Narada, anggêsangakên Prabu Watugunung, sarta
angantukakên dhatêng nagari ing Gilingwêsi.

Sarêng Prabu Watugunung sampun dipun gêsangakên dhatêng Sang Hyang Narada,
kadhawahan wangsul dhatêng nagari ing Gilingwêsi, botên purun. Awit sampun karaos
wontên ing swarga, panyuwunipun, ingkang garwa sakalihan, kalih ingkang putra sadaya
mugi kainggahna dhatêng swarga, nunggila kalih sang nata. Bathara Guru amarêngi
panyuwun punika, lajêng andhawahakên parentah, anginggahakên dhatêng swarga garwa
akalihan para putranipun. Pamêndhêtipun [Pamê...]
--- 10 ---

[...ndhêtipun] saking satunggil-satunggil sabên Ngahad. Punika wiwitanipun wontên wuku


tigang dasa.

Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên
dhatêng marcapada; dados ratunipun ing lêlêmbat. Angêrèhakên wolung panggenan. Ing
rêdi Marapi, ing Pamantingan, ing Kabareyan, ing Lodaya, ing Kuwu, ing Wringin pitu, ing
Kayu Landheyan, ing Roban.

Bathara Brama katurunakên dhatêng marcapada jumênêng ratu wontên ing nagari ing
Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Watugunung. Pulo Jawi sampun nungkul. Lami-lami Bathara
Brama apêputra èstri, anama Bramani, Bramani apêputra Tri Trustha, Tri Trustha apêputra
Parikênan. Parikênan apêputra Manumanasa, Manumanasa apêputra Sakutrêm. Sakutrêm
apêputra Sakri, Sakri apêputra Palasara, Palasara apêputra Bagawan Abiyasa, Bagawan
Abiyasa apêputra Pandhu Dewanata jumênêng ratu wontên ing Ngastina, Pandhu Dewanata
apêputra Arjuna, Arjuna apêputra Abimanyu, Abimanyu seda wontên ing paprangan, atilar
garwa wawrat sêpuh, ambabar miyos kakung, anama Parikêsit, jumênêng ratu wontên
nagari ing Ngastina ugi, Prabu Parikêsit apêputra Yudayana, Yudayana apêputra
Gêndrayana, Gêndrayana apêputra Jayabaya, anuntên sirna nagarinipun. [na...]

--- 11 ---

[...garinipun.] Jayabaya ing Kadhiri apêputra Jayamijaya, Jayamijaya apêputra


Jayamisena, Jayamisena apêputra Kusumawicitra, Kusumawicitra apêputra Citrasoma,
Citrasoma apêputra Pôncadriya, Pôncadriya pêputra Anglingdriya, Anglingdriya pêputra
Prabu Sawelacala, angratoni ing tanah Jawi nagarinipun ing Purwacarita, Prabu Sawelacala
apêputra Sri Mahapunggung, pêpatihipun anama Jugulmudha, Sri Mahapunggung apêputra
Kandhihawan. Pêpatihipun anama Konthara, Kandhihawan apêputra gangsal. Ingkang
pambayun anama Panuhun. Dados ratunipun tiyang tani, adêdalêm wontên ing Pagêlèn.
Panggulunipun anama Sandhang Garba, dados ratunipun tiyang dagang, adalêm wontên ing
Jêpara, panêngahipun anama Karungkala, karêmênanipun saba wana, dados ratunipun
tuwaburu, adalêm wontên ing Prambanan, ajêjuluk Ratu Baka, sundhulanipun anama
Tunggul Mêtung, karêmanipun andèrès, dados ratunipun tiyang anggaota, wuragilipun
anama Rêsi Gathayu, anggêntosi ingkang rama, jumênêng ratu wontên ing Koripan.
Sadhèrèk sakawan wau sami kalèrèh. Rêsi Gathayu apêputra gangsal. Pambajêngipun èstri,
anama Rara Suciyan. Panggulunipun anama Lêmbu Amiluhur, jumênêng ratu ing Jênggala,
panêngahipun Lêmbu Pêtêng, jumênêng

--- 12 ---

ratu ing Kadhiri, sundhulanipun anama Lêmbu Pangarang, jumênêng ratu ing Gêgêlang,
wuragilipun èstri, anama Ni Mrêgiwôngsa, krama angsal Lêmbu Amijaya, ingkang jumênêng
ratu ing Singasari. Lêmbu Amiluhur apêputra Panji krama angsal putri ing Kadhiri, anama
Dèwi Côndrakirana utawi Dèwi Galuh, Panji apêputra Kudalaleyan, jumênêng ratu ing
Pajajaran. Prabu Laleyan apêputra Banjaransari, Banjaransari apêputra Mundhingsari,
Mundhingsari apêputra Mundhingwangi, Mundhingwangi apêputra Sri Pamêkas. Sri Pamêkas
apêputra Arya Bangah, kalih Radèn Sêsuruh, Arya Bangah jumênêng ratu wontên ing
Galuh, Radèn Sêsuruh punika ingkang dipun gadhang jumênêng ratu ing nagari Pajajaran.

Anuntên kacariyos wontên ajar, atapa ing rêdi Pajajaran, anama Ajar Cêpaka, misuwur
yèn tasdik, sumêrêp samukawis kang dèrèng kalampahan. Wartos punika sampun katur ing
sang nata, sang prabu karsa angayoni kasagêdanipun kyai ajar, adhawah dhumatêng
pêpatihipun, andikakakên dhatêng rêdi, kêpanggih kalihan ki ajar, sarta ambêkta
kalangênan sêlir, prênahing wêtêngipun kinandhutan bokor, sampun kados tiyang wawrat
mêkatên. Supados dipun batanga dhatêng kyai ajar, jalêr èstrining wawratanipun. Ki patih
lajêng [la...]

--- 13 ---

[...jêng] lumampah dhatêng ing rêdi, andhawahakên timbalanipun sang nata dhatêng ki
ajar, kyai ajar sumêrêp yèn dipun ayoni kasagêdanipun dhatêng sang nata, wawratan wau
dipun badhe jalêr.

Ki patih sampun munjuk dhatêng sang prabu, sang nata sangêt suka ing galih, awit ki ajar
wau kagalih dora, sarêng sêlir dipun rucati tapihipun. Bokor botên wontên. Èstu ing
wawratipun. Sang nata sangêt duka, lajêng andhawahakên parentah amêjahi ajar,
sapêjahipun ki ajar wontên swara kapirêngan ing sang nata, ujaring swara, hèh Sang Ratu
ing Pajajaran, aku kopatèni tanpa dosa, besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana wong
aran Siyung Wanara, ing kono ênggonku malês.

Anuntên nagari ing Pajajaran kenging wêwêlak agêng, kathah têtiyang kang sami pêjah,
andadosakên prihatosipun sang nata. Lajêng animbali para nujum andangu têtulaking
pagêring, aturipun para nujum, sang nata kapurih suka-suka adhahar eca, sabibaring
dhahar lajêng anyarenana tiyang èstri, punika ingkang minôngka têtulaking pagêring,
nanging sang nata ing benjing badhe amanggih bilai, dipun sedani dhatêng putranipun
piyambak, ingkang mêdal saking garwa sêlir.

Sang prabu inggih anglampahi ing pitêdahipun para nujum. [nu...]

--- 14 ---

[...jum.] Sabibaring kasukan dhahar eca, sang nata wuru sangêt, lajêng anyarèni sêlir,
pinuju ingkang dipun batang wawrat dhatêng ki ajar wau. sarêng sampun andungkap ing
môngsa wawratanipun mêdal jalêr, sang nata kèngêtan pambatangipun para nujum,
jabang bayi lajêng dipun têdhani wisa, nanging botên pasah, anuntên badhe dipun suwèk-
suwèk, nanging para inya amambêngi, rêmbagipun, bilih sang nata kêkah ing karsa, badhe
amêjahi jabang bayi, prayogi kalêbêtna ing tabêla, kabucal ing lèpèn Karawang, sang nata
inggih sampun marêngi, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, lajêng dipun kèlèkakên ing
lèpèn Karawang.

Tabêla ingkang dipun kèlèkakên wau kapêndhêt ing tiyang mancing, anama Kyai Buyut ing
Karawang, sarêng dipun bikak ing lêbêt isi jabang bayi, abagus warninipun. Kyai Buyut
saklangkung suka ing manah, lajêng kabêkta mantuk, kapasrahakên dhatêng semahipun.
Nyai Buyut sarèhning botên gadhah anak dados sangêt ing bingahipun. Jabang bayi dipun
pulasara, sarêng sampun diwasa botên pitajêng yèn Kyai Buyut bapakipun sayêktos. Sangêt
ênggènipun ngudi anêdha dipun jatènana, Kyai Buyut saking ênggènipun badhe anglêgani
pitakènipun dados adamêl dora, asanjang yèn gadhah sadherekan, atapa wontên
satêngahing [satê...]

--- 15 ---

[...ngahing] wana, sumêrêp sadèrèng winarah, amêsthi sagêd anglêgani ingkang dados
pitakèn wau, punika prayogi yèn dipun pitakènana. Ciptanipun Kyai Buyut, môngsa
kalampahan Ki Jaka purun dhatêng wana, awit saking têbihipun. Ananging lêpat
panyiptanipun. Ki Jaka anêdha dipun atêrêna dhatêng wana. Sarêng sami lumampah Ki
Jaka aningali kêthèk, kalihan pêksi siyung, lajêng pitakèn dhatêng Kyai Buyut mênggahing
wastanipun. Kyai Buyut inggih anyêrêpakên namaning bêbujêngan kalihan pêksi wau,
lajêng kapêndhêt dados namanipun piyambak. Ki Jaka dados anama Siyung Wanara.

Sarêng sampun dangu ênggènipun sami lumampah, Siyung Wanara pitakèn griyanipun
sadherekan[3] wau. Kyai Buyut kèwêdan ing manah, anyalimpangakên, asanjang yèn
sadherekanipun[4] sampun ngalih dhatêng nagari ing Pajajaran, padamêlanipun pandhe,
Siyung Wanara sakalangkung bingahipun, cipta badhe sumêrêp ing nagari, anêdha dipun
atêrêna dhatêng griyanipun pandhe, Kyai Buyut anuruti, sadhatênge ing griyanipun
pandhe, Siyung Wanara kapasrahakên, lajêng katilar mantuk.

Salamine wontên griyanipun pandhe, Siyung Wanara sinau pandhe, botên antawis lami
sampun sagêd [sagê...]

--- 16 ---

[...d] aparon dhêngkul, apalu asta, asupit dariji, kathah tiyang ingkang sami dhatêng
griyanipun, aningali kasêktènipun Jaka Siyung Wanara.

Anuju Jaka Siyung Wanara kesah dhatêng pêkên kalih Kyai Pandhe, gajahipun ratu ing
Pajajaran sawêk dipun guyang, sarêng aningali dhatêng Siyung Wanara lajêng amurugi,
mêndhak wontên ing ngajênganipun, yèn sagêda wicantên sêmunipun mêkatên. Gusti,
suwawi kula sampeyan titihi, kula bêkta sowan dhatêng rama jêngandika sang prabu,
gajah dipun usap gadhingipun. Sakathahipun ingkang aningali sami eram.

Kacariyos Sang Prabu ing Pajajaran miyos sineba ing balanipun, sawêk kalangênan ngabên
prang tandhing, Jaka Siyung Wanara anonton, dipun ampah dhatêng Kyai Pandhe botên
kenging. Sadhatêngipun ing pasowanan lajêng jajar lênggah kalihan sang nata, botên
wontên ingkang sumêrêp, anuntên lumêbêt ing kadhaton, kandhêg wontên ing bale sawo,
wondene bale sawo punika bilih dipun gêpok mungêl kados gôngsa sarancak. Bale lajêng
dipun lênggahi dhatêng Jaka Siyung Wanara, mungêl swaranipun umyung, adamêl
kagètipun sang nata, dukanipun inglangkungi[5] lajêng andhawahakên parentah, anyêpêng
ingkang purun-purun anggêpok bale, para abdi mantri sami lumampah, Siyung Wanara
pinanggih [pinang...]

--- 17 ---

[...gih] tilêm wontên ing bale sawo, lajêng dipun tubruk. Siyung Wanara akêkirig, para
mantri sami malêsat. Kathah ingkang katiwasan. Sakantunipun ingkang katiwasan sami
lumajêng, angunjuki uninga ing sang prabu. Sang nata kadugi ing galih, sumêrêp
kasêktènipun Siyung Wanara, lajêng kaabdèkakên, sarta asring dipun utus angirid prajurit
ambêdhah nagari, sabên-sabên angsal damêl. Saking sangêt sihipun sang nata Siyung
Wanara kajunjung lênggahipun, kaparingan nama Arya Banyak Widhe, sarta alênggah siti
karya salêksa, kajawi saking punika kaakên putra, kawênangakên angêtrapakên paukuman
badan, sarta paukuman pêjah.

Arya Banyak Widhe anglampahakên sakathahing pandhe, dipun dhawahi damêl kanthil wêsi
mawi kori, sarêng sampun dados sarta sampun karêngga, kaprênahakên wontên ing
dalêmipun. Kala sêmantên nêgari Pajajaran kadhatêngan mêngsah, sang prabu unggul
pêrangipun. Arya Banyak Widhe munjuk ing sang nata, yèn gadhah nadar bilih sang nata
unggul ing pêrang, dipun aturi kasukan dhahar eca wontên ing dalêmipun. Sang nata inggih
amarêngi, lajêng têdhak dhatêng dalêmipun Arya Banyak Widhe, badhe kasukan dhahar
eca. Sabibaring dhahar sang nata aningali kanthil wêsi, andangu dhatêng Arya Banyak
Widhe, mênggah pikantukipun adamêl kanthil kados mêkatên punika,

--- 18 ---

Arya Banyak Widhe matur, kanthil punika bilih tiyang lêsu tilêm wontên ing ngriku dados
sêgêr, yèn gêrah dados asrêp, yèn asrêp dados gêrah, tiyang sakit dados waluya, sang nata
karsa angayoni, nuntên asarean wontên ing kanthil wêsi, sarêng Banyak Widhe aningali
sang nata sarean, korining kanthil lajêng dipun kancing, rencangipun dipun kèn anjunjung,
badhe dipun labuh dhatêng lèpèn Karawang. Sang nata sangêt ing dukanipun, andangu
dosanipun. Wangsulanipun Banyak Widhe, sarèhning kala taksih alit kalabuh ing lèpèn
Karawang, ing mangke walês[6] dhatêng sang nata, kanthil wêsi lajêng siyos kalabuh.

Anuntên kauningan dhatêng putranipun sang nata, kang nama Radèn Sêsuruh, lajêng
amêpak damêl, badhe anyêpêng Arya Banyak Widhe, botên antawis dangu nuntên pêrang
rame, balanipun Arya Banyak Widhe kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Radèn
Sêsuruh, Banyak Widhe amêdali, amêthukakên Radèn Sêsuruh, kêpanggih ajêng-ajêngan.
Radèn Sêsuruh dipun lêpasi jêmparing, kenging paningsêtipun tatas, radèn kawirangan
sarta giris, mundur lajêng lolos. Lampahipun ngetan lêrês, kandhêg wontên ing dhusun
Kaligunting ing griyanipun rôndha, Radèn Sêsuruh lajêng kapêndhêt anak.

Salolosipun Radèn Sêsuruh, Arya Banyak Widhe [Wi...]

--- 19 ---

[...dhe] sampun jumênêng ratu ing Pajajaran, lajêng andhawahakên parentah dhatêng
para abdi bawahipun sadaya, botên kalilan yèn kanggenan Radèn Sêsuruh, sintên ingkang
nêrak pêpacak punika amêsthi badhe manggih bilai agêng. Sarèhning dhusun ing
Kaligunting wau kalêbêt talatah ing Pajajaran, nyai rôndha sasadhèrèkipun jalêr têtiga,
anama Ki Wiro, kalih Ki Nambi, tiga Ki Bandar, sami sangêt ing ajrihipun, sumêrêp
pêpacakipun sang prabu, lajêng sami rêmbagan kalih Radèn Sêsuruh mênggah prayogine
ingkang badhe linampahan. Pangandikanipun Radèn Sêsuruh karsa kesah ing sapurug-
purug, sampun ngantos nyai rôndha amanggih rêribêd. Nyai rôndha sasadhèrèkipun kêdah
tumut ing salampahipun. Anuntên sami kesah saking dhusun ing Kaligunting,
brayanipun[7] nyai rôndha ingkang sami andhèrèk watawis tiyang satus, ingkang dipun jujug
ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên ingkang mara tapa, anama Ajar Camara Tunggal,
misuwur tasdik sarta sumêrêp sadèrèngipun winarah, angêrèhakên sakathahing lêlêmbat
ing tanah Jawi.

Ajar Camara Tunggal sarêng tamian Radèn Sêsuruh, sampun sumêrêp ikang dados
karsanipun. Kyai ajar asuka pitêdah, Radèn Sêsuruh kapurih lumampah ngetan lêrês.
Mênawi manggih wit maja satunggil, ingkang awoh [a...]

--- 20 ---

[...woh] namung satunggil, isinipun pait. Adhêdhepoka wontên ing ngriku, panggenan
punika ing benjing badhe dados nagari agêng, Radèn Sêsuruh ingkang badhe angratoni,
anêdhakakên para ratu ing tanah Jawi, sarta badhe malês dhatêng ratu ing Pajajaran.
Wondene Ajar Camara Tunggal wau dede ajar ingkang sayêktosipun. Kala waunipun putri
ing Pajajaran, ingkang rayi tumuntên ing eyangipun Radèn Sêsuruh, mila kalampahan lolos
saking nagari dados ajar, awit saking lumuhipun krama, pintên-pintên ratu ingkang sami
nglamar dipun tampik. Salolosipun saking nagari Pajajaran anjujug ing rêdi Kombang, ing
ngriku wontên kajêngipun camara namung satunggil. Mila anama Ajar Camara Tunggal.
Radèn Sêsuruh inggih dipun sêrêpakên mênggah punika, anuntên ajar malih warninipun
lami, dados èstri anglangkungi ayunipun. Radèn kedanan sangêt, amarêpêki badhe
nyêpêng, tiyang èstri lajêng musna, botên antawis dangu katingal malih, nanging sampun
warni ajar, Radèn Sêsuruh lajêng nyungkêmi sukunipun, sarta nyuwun pangapuntên.

Ajar Camara Tunggal pitutur malih, yèn ing benjing badhe kapanggih malih kalih Radèn
Sêsuruh, bilih radèn sampun jumênêng ratu, angrèhakên ing tanah Jawi sadaya, sarta kyai
ajar badhe ngalih dhatêng ing sagantên [sa...]

--- 21 ---

[...gantên] wêdhi, wontên ing ngriku jumênêng ratu, angrèhakên sakathahing lêlêmbat.
Anuntên badhe ngalih ngadhaton ing Pamantingan, kalèrèh dhatêng Radèn Sêsuruh,
wondene têdhak-têdhakipun Radèn Sêsuruh badhe ngadhaton salèripun ing Pamantingan,
sakidulipun ing rêdi Marapi, sarta sintên-sintêna ingkang jumênêng ratu ing tanah Jawi,
badhe anggarwa dhatêng Ajar Camara Tunggal. Ing wusananipun Radèn Sêsuruh dipun
wêling, manawi ing benjing manggih pakèwêd, kapurih animbalana Ajar Camara Tunggal,
amêsthi sakêdhap dhatêng, ambiyantoni sabalanipun lêlêmbat. Satêlasing pitutur radèn
dipun aturi mangkat, anjujug nagari ing Singasari.

Radèn Sêsuruh sasampuning pamit lajêng mangkat sarencangipun tiyang satus. Wontên ing
wana kèndêl sangandhapipun wit maja, wohipun namung satunggal. Radèn èngêt
wêwêlingipun Ajar Camara Tunggal, wohing maja andikakakên mêthik. Sarêng dipun
dhahar raosipun pait. Radèn adhêdhêkah wontên ing ngriku, kawastanan dhusun ing
Majapait. Anuntên kathah têtiyang dhatêng, tumut agriya wontên ing ngriku, saha sami
anênanêm. Lami-lami dados nagari agêng, misiwur ing pundi-pundi.

Kacariyos Arya Bangah, sadhêrekipun Radèn Sêsuruh, ingkang jumênêng wontên ing Galuh,
nagarinipun kabêdhah [ka...]

--- 22 ---

[...bêdhah] dhatêng ratu ing Pajajaran, lolos saking ing nagari, kêpanggih kalih ingkang
rayi wontên dhusun ing Majapait wau, sarêng sampun mratelakakên ing tiwasipun, lajêng
sami ngrêmbag anglurugi ing nagari Pajajaran, inggih lajêng linampahan.

Sabêdhahipun nagari ing Pajajaran, Radèn Sêsuruh jumênêng ratu wontên ing Majapait.
Têtiyang sapulo Jawi suyud sadaya, Arya Bangah ngalih nama Arya Panular, Ki Wiro
kajunjung lênggahipun, anama Patih Wahan, Ki Bandar sarta Ki Nambi kadamêl Mantri.

Lami-lami prabu ing Majapait pêputra, kaparingan nama Prabu Anom. Patih Wahan inggih
pêputra, anama Hudara, dados Adipati ing Kadhiri, sasedanipun Prabu Sêsuruh dipun
gantosi putranipun, ingkang dados patih taksih Kyai Wahan. Anuntên sang nata ingkang
jumênêng enggal badhe kagungan karsa ambêbujêng dhatêng wana, Patih Wahan botên
amrayogèkakên, awit sawêg jumênêng enggal, para abdi dèrèng suyud sêdaya, tampinipun
sang nata kyai patih angèwêd-èwêdi karsanipun, andadosakên sangêt ing dukanipun,
lajêng malêbêt ing dalêm.
Sang nata kagungan abdi satunggil, anama Ujung Sabata, dados lurah abdi kajinêman.
Sampun kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton. Sumêrêp yèn sang nata

--- 23 ---

duka, amargi dipun ampah karsanipun dhatêng kyai patih, lajêng sowan ing sang prabu,
akathah-kathah ênggènipun ambêbolèhi, sangsaya adamêl dukanipun, angantos dhawah
dhatêng Ujung Sabata, andikakakên nyidra Patih Wahan. Kaparingan agêmipun
wangkingan, anama Kyai Jangkung Pacar. Ujung Sabata anglampahi, Patih Wahan pêjah
dipun cidra wontên ing dalêmipun piyambak. Garwa putranipun sami kapundhut
kadalêmakên

Sapêjahipun Patih Wahan, sang nata andumugèkakên karsanipun. Ambêbujêng dhatêng


wana kalih ingkang garwa, kadhèrèkakên ingkang para abdi, saking bingahipun
ambêbujêng sang nata ngantos pisah kalih ingkang abdi. Putranipun Patih Wahan ingkang
dados Adipati Kadhiri sampun midhangêt wartos, bilih ingkang rama dipun pêjahi dhatêng
sang prabu, sumêrêp yèn sang nata sawêk ambêbujêng dhatêng ing wana, lajêng anumpak
kapal kalih ambêkta waos, angupadosi sang nata, sumêdya amalês pêjahipun ingkang
rama, anuju kêpanggih ijen, sang nata dipun waos dados ing sedanipun. Lajêng kagêntosan
ingkang putra anama Adaningkung.

Prabu Adaningkung apêputra Hayamwuruk. Hayamwuruk apêputra Lêmbu Amisani,


patihipun anama Dêmung Wular, Lêmbu Amisani apêputra Bra Tanjung, Bra Tanjung
apêputra Radèn Alit, sarêng jumênêng ratu anama Brawijaya, [Brawi...]

--- 24 ---

[...jaya,] patihipun anama Gajah Mada.

Sang Prabu Brawijaya ing dalu supêna krama kalih putra ing nagari Cêmpa, enjing
sawungunipun animbali kyai patih, kadhawahan lumampah dhatêng nagari ing Cêmpa
ambêkta sêrat katur ratu ing Cêmpa, ungêlipun, anglamar ingkang putra, wondene
prênahipun nagari Cêmpa wau ing tanah sabrang, Patih Gajah Mada lajêng lumampah
numpak baita, lampahipun lastantun dumugi nagari ing Cêmpa, sang prabu putranipun
tiga, pambajêng kalih panggulunipun èstri, wuragilipun jalêr, Patih Gajah Mada sowan ing
sang prabu angaturakên sêrat. Sang nata parêng putranipun dipun lamar, ingkang
pambajêng kabêktakakên dhatêng kyai patih, sarta dipun bêktani gong, nama Kyai Sêkar
Dalima, kalihan garêbong, anama Kyai Bale Lumur sarta padhati, nama Kyai Jêbat Bètri,
patih lajêng mangkat, lastantun dumugi nagari Majapait. Putri katur ing Sang Prabu
Brawijaya.

Sang Prabu ing Cêmpa wau atamian tiyang saking sabrang, anama Makdum Brahim Asmara,
matur ing sang nata kapurih Islama, sang nata anuruti, dalasan abdi sanagari sadaya sami
Islam. Sarta putranipun èstri kantun satunggil kadhaupakên kalih Makdum Brahim Asmara,
sasedanipun sang prabu kagêntosan putranipun jalêr, Makdum Brahim Asmara apêputra
kalih sami jalêr.

--- 25 ---

Satêngahing wana bawah nagari Majapait wontên danawa kêkalih tapa, jalêr èstri sami
sadhèrèk. Danawa èstri wau sangêt ênggènipun kapingin dados garwanipun Prabu
Brawijaya, sarèhning warni danawa, anyipta botên kêdugèn ing pikajênganipun, lajêng
malih warni èstri anglangkungi ayunipun, asêsilih nama Endhang Sasmitapura, pamit
dhatêng sadhèrèkipun sumêdya sowan ing Sang Prabu Brawijaya, sadhèrèkipun anglilani.
Sadhatêngipun nagari ing Majapait, sakathahing tiyang sami eram aningali ayunipun,
ngantos kêmirêngan ing sang nata, lajêng andikakakên ngirid dhatêng kadhaton, sarta
kadamêl sêlir, lami-lami Endhang Sasmitapura wawrat, kapingin nêdha gêcok mêntah,
sang nata anglêgani, sarêng Endhang Sasmitapura nêdha gêcok mêntah, lajêng malih warni
danawa malih, sang nata kagèt sarta sangêt ing dukanipun, amundhut waos. Endhang
Sasmitapura badhe dipun pêjahi, nanging botên kalampahan, awit enggal lumajêng
mantuk dhatêng ing wana malih. Sarêng dumugi ing sangang wulan, danawa èstri gadhah
anak jalêr, bagus warninipun, kanamanan Ki Dilah.

Sarêng Ki Dilah sampun birai, atakèn ingkang yoga dhatêng ibunipun. Ibunipun anjatèni,
Jaka Dilah lajêng pamitan, badhe lumampah dhatêng nagari ing

--- 26 ---

Majapait, sumêdya ngabdi ing sang nata, dipun ampah botên kenging, mêksa kesah,
dumugi ing nagari kêpanggih kalih Patih Gajah Mada wontên ing pasowan.[8] Sarêng sampun
mratelakakên ingkang dados pikajênganipun, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata
parêng, Jaka Dilah kadadosakên abdi panakawan.

Prabu Brawijaya karsa ambêbujêng dhatêng wana, Ki Dilah matur, sampun susah sang nata
adamêl kangelaning sariranipun, ambêbujêng tindak dhatêng wana, Ki Dilah sagah
anggiring sawarnining bêbujêngan wana dhatêng alun-alun. Sang nata parêng, nanging
bilih botên sagêd andhatêngakên, badhe kapatrapan paukuman pêjah. Jaka Dilah lajêng
lumampah dhatêng ing wana, kapanggih kalih ibunipun, awartos ingkang dados
kasagahanipun dhatêng ratu ing Majapait. Ibunipun sagah anglêmpakakên sawarnining
bêbujêngan wana, sarêng sakathahing bêbujêngan sampun ngalêmpak, lajêng dipun giring
dhatêng Jaka Dilah dumugi ing alun-alun ing Majapait. Andadosakên suka bingahipun sang
nata. Jaka Dilah katrimah ing damêlipun, sabibaring ambêbujêng Jaka Dilah kajunjung
lênggahipun, dados ratu ing nagari Palembang, kaparingan nama Arya Damar, sarta dipun
bêktani abdi salêksa, Arya Damar lajêng mangkat saking nagari Majapait, kèndêl wontên
ing Garêsik.

--- 27 ---

Kacariyos Sang Prabu Brawijaya krama malih angsal putri ing nagari Cina, garwanipun
sêpuh ingkang saking nagari Cêmpa sangêt ing pamularipun, botên parêng dipun maru
kalih putri Cina, anyuwun kaantukakên dhatêng ingkang rama, mênawi botên kabucal
marunipun. Saking agênging trêsnanipun dhatêng garwa kawitan, Prabu Brawijaya sagah
angantukakên putri Cina dhatêng nagarinipun. Sang nata lajêng animbali Patih Gajah
Mada, kautus amasrahakên putri Cina dhatêng Arya Damar, sarta mawi dipun bêktani
sêrat. Patih Gajah Mada lajêng lumampah ambêkta putri Cina, sampun kêpanggih kalih
Arya Damar wontên ing Garêsik. Andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta
amatêdhakakên sêrat, ungêling sêrat. Putri Cina kapatêdhakakên dados garwa dhatêng
Arya Damar, nanging sarèhning sawêg ngandhêg, botên kalilan anyarènana, angêntosana
sababaring wawratan. Arya Damar matur sandika. Arya Damar lajêng mancal, lastantun
dumugi ing Palembang, lajêng jumênêng ratu.

Makdum Brahim Asmara, ingkang wontên ing nagari Cêmpa, apêputra kalih sami jalêr,
ingkang sêpuh nama Radèn Rahmat, ingkang anèm nama Radèn Santri, Ratu ing Cêmpa
inggih sampun pêputra kakung satunggil. Anama Radèn Burèrèh. Radèn Rahmat wau
anyuwun pamit dhatêng ingkang paman Prabu ing Cêmpa, kalilana dhatêng ing tanah Jawi,
[Ja...]

--- 28 ---

[...wi,] kalih ingkang rayi, badhe tuwi ingkang uwa ratu ing Majapait. Sang nata anglilani,
nanging Radèn Burèrèh andikakakên ambêkta, anuntên sami mangkat tiyang têtiga,
lastantun dumugi nagari ing Majapait. Sampun kêpanggih kalihan Prabu Brawijaya.

Putra têtiga wau ênggènipun kèndêl wontên ing nagari Majapait sataun. Radèn Rahmat
krama angsal putranipun Tumênggung Wilatikta, anama Ki Gêdhe Manila, wondening
Tumênggung Wilatikta wau inggih gadhah putra jalêr satunggil, awasta Jaka Said,
kaprênah anèm kalih ingkang sampun krama wau, Radèn Rahmat lajêng adhêdhêkah
wontên ing Ngampèl Dênta. Radèn Burèrèh kalih Radèn Santri inggih sampun sami krama
angsal putranipun Arya Teja, ingkang sêpuh angsal Radèn Santri, ingkang anèm angsal
Radèn Burèrèh, anuntên sami dhêdhêkah wontên ing Garêsik.

Kacariyos wontên maolana saking nagari Juldah angajawi, anama Sèh Walilanang, ingkang
dipun jujug ing Ngampèl Dênta, arêraosan bab ngèlmi kalihan sunan ing Ngampèl Dênta,
sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng alêlampah
malih angetan lêrês, anjog ing Balambangan, anjujug dhusun ing Purwasata. Ratu ing
Balambangan kagungan putra èstri sawêg gêrah sangêt, botên wontên ingkang [ing...]

--- 29 ---

[...kang] sagêd anyarasakên. Sarêng dipun jampèni Sèh Walilanang saras, anuntên
karsanipun sang nata ingkang putra kadhaupakên kalih Sèh Walilanang, lami-lami sang
prabu dipun purih Islama dhatêng ingkang putra mantu, nanging botên purun. Sèh
Walilanang lajêng kesah dhatêng ing Malaka, ingkang garwa dipun tilar, panuju wawrat
sêpuh. Sakesahipun Sèh Walilanang nagari ing Balambangan kenging wêwêlak agêng,
akathah tiyang pêjah. Garwanipun Sèh Walilanang ingkang katilar wau ambabar mêdal
jalêr, karsanipun Ratu ing Balambangan, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, dipun labuh
dhatêng ing sêgantên.

Ratu ing Balambangan kagungan abdi, anama Ki Samboja, punika manggih bilai kadukan
ing sang nata, kaundur saking kalênggahanipun, lajêng kesah ngabdi dhatêng Ratu ing
Majapait, katrimah ing pangabdinipun, kaganjar kalênggahan wontên ing Garêsik.
Sapêjahipun Ki Samboja, atilar semah anglangkungi sugihipun. Sarta kathah padagangipun.
Anuntên wontên padagangipun amanggih tabêla isi lare, dipun sukakakên dhatêng Nyai
Rôndha Samboja, jabang bayi kapêndhêt putra, sarêng sampun agêng dipun kèn ngaos
dhatêng Sunan ing Ngampèl Dênta, kancanipun ngaos kalih putranipun Sunan ing Ngampèl
Dênta, anama Santri Bonang, wondene putranipun nyai rôndha wau kanamanan Santri Giri,
[Gi...]

--- 30 ---

[...ri,] lare kalih wau nuntên sumêja ngaos dhatêng Mêkah, lajêng sami mangkat, kèndêl
wontên ing Malaka, kêpanggih kalih Walilanang, sarta dipun guroni, antawis sataun
laminipun, lajêng badhe andumugèkakên kaniyatanipun ngaos dhatêng Mêkah, nanging Sèh
Walilanang botên angrêmbagi, dipun purih mantuka dhatêng ing nagarinipun piyambak,
sarta sami dipun iring jungkat, kalih rasukan jubah, Santri Giri dipun juluki Prabu Sètmata,
Santri Bonang dipun jêjuluki Prabu Nyakrakusuma, anuntên sami mantuk dhatêng ing
Ngampèl Dênta malih.

Wontên drêwis saking tanah ing Atasangin angajawi, anama Sèh Raidin, adêdunung wontên
ing Ngampèl Dênta, lami-lami kesah alêlampah malih, sarêng pêjah dipun pêtak wontên
ing Pamalang.

Putranipun Tumênggung Wilatikta ing Majapait, ingkang nama Jaka Said, sangêt rêmênipun
ngabotohan, ambalayangan dumugi ing Japara, bilih kawon ambêbegal, angadhang tiyang
lumampah wontên ing wana, anama ing Jatisêkar, kaprênah salèr wetanipun ing Lasêm.
Sunan Bonang pinuju langkung wontên ing wana wau, dipun andhêg badhe dipun begal.
Sunan Bonang ngandika, benjing manawi wontên tiyang langkung ing ngriki, angangge
sarwa wulung, sarta asumping sêkar wora-wari abrit, punika prayogi dipun begala, Radèn
Said [Sa...]

--- 31 ---

[...id] anuruti, Sunan Bonang dipun lulusakên ing lampahipun. Antawis tigang dintên
langkung ing panggenan Radèn Said ngadhang tiyang wau, panganggènipun sarwa wulung,
asumping sêkar wora-wari abrit. Sarêng dipun andhêg dhatêng Radèn Said, Sunan Bonang
dados sakawan. Radèn Said sangêt ing ajrihipun lajêng tobat, amantuni ênggènipun
anglampahi padamêlan awon. Nuntên tapa angsal kalih taun, saking ênggènipun
angèstokakên pakènipun Sunan Bonang, sasampuning tapa Radèn Said dhatêng ing
Carêbon, wontên ing ngriku tapa malih sapinggiring lèpèn, anama Kalijaga, lajêng ngalih
nama Sunan Kalijaga, lami-lami kapêndhêt ipe dhatêng Sunan Gunungjati, ingkang
angrèhakên ing Carêbon. Kaangsalakên sadhèrèkipun anèm.

Kacariyos putri Cina, ingkang kaparingakên dhatêng Arya Damar, sampun ambabar miyos
kakung, dipun jêjuluki Radèn Patah, patutanipun kalih Arya Damar piyambak inggih kakung
satunggil, kanamanan Radèn Usèn. Sarêng sampun sami diwasa, karsanipun Arya Damar
badhe amagawan, Radèn Patah badhe kagêntosakên jumênêng ratu ing Palembang, Radèn
Usèn dadosa patihipun. Nanging Radèn Patah mopo, awit kêdugi dèrèng sagêd anglampahi,
ing wanci dalu Radèn [Radè...]

--- 32 ---

[...n] Patah lolos saking Palembang, lumampah ing sapurug-purug, angambah wana,
anuntên kèndêl wontên pinggiring têlagi.

Radèn Usèn sarêng enjingipun ningali ingkang raka botên wontên, lajêng kesah
angupadosi, botên mawi matur dhatêng ingkang rama ibu, utawi dhatêng tiyang sanèsipun.
Lampahipun ngantos têbih, anasak-nasak wana, botên kantênan ingkang dipun jujug.

Radèn Usèn angsalipun ngupadosi ingkang raka sampun kêpanggih. Pinuju lênggah wontên
pinggiring têlagi, ingkang rayi awad yèn kadukan dhatêng ingkang rama, mila kalampahan
kesah saking nagari, putra kêkalih lajêng sami rêmbag dhatêng ing tanah Jawi, angabdi
Prabu Brawijaya ing Majapait. Sarêng sami lumampah, kêpêthuk tiyang begal kêkalih,
anama Supala Supali, begal kêkalih kawon, lajêng dipun kèn sami mantuk.

Radèn kêkalih andumugèkakên lampahipun, sumêdya ngadhang juragan ingkang mêdal ing
sêgantên. Badhe dipun nunuti, nuntên kèndêl wontên ing rêdi ngongkang sêgantên, anama
Rêsamuka, wontên ing ngriku sami tapa ngantos tigang wulan, sarta angajêng-ajêng
langkunging baita, anuntên wontên baita juragan, kèndêl cêlak ing rêdi wau, purun dipun
nunuti, lampahing baita kèndêl ing Surapringga, wontên ing ngriku radèn kêkalih mudhun
[mudhu...]

--- 33 ---

[...n] dhatêng dharat, kèndêl wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng sami anggêguru dhatêng
Sunan Ngampèl Dênta, sarta sami manjing agami Islam. Sarêng sampun antawis lami
ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, Radèn Usèn angèngêtakên ingkang raka,
ênggènipun badhe angabdi ratu ing Majapait. Wangsulanipun Radèn Patah, sarèhning
sampun manjing agami Islam. Botên purun angabdi ratu kapir, ingkang rayi kasarah, bilih
karsa angabdi piyambak. Radèn Usèn wau inggih lajêng lumampah piyambak dhatêng ing
Majapait, sumêdya ngabdi, inggih sampun katrimah ing pangabdinipun, kajunjung lênggah
dados Adipati Têrung.

Amangsuli cariyosipun Radèn Patah, ingkang kantun wontên ing Ngampèl Dênta,
kadhaupakên kalih putranipun Nyai Agêng Maloka ingkang pambayun, wayahipun Sunan ing
Ngampèl Dênta, anuntên Radèn Patah nyuwun pitêdah, ing pundi ênggènipun badhe
jêmjêm adhêdhêkah, Sunan ing Ngampèl Dênta inggih asuka pitêdah, Radèn Patah kapurih
lumampah ngilèn lêrês. Bilih manggih galagah arum ambêtipun, punika dipun dhêkahana,
awit panggenan punika badhe dados nagari, sarta gêmah raharja. Radèn Patah lajêng
lumampah anjog ing wana agêng, amanggih galagah wangi ambêtipun. Wana punika anama
ing Bintara, ing ngriku Radèn [Radè...]

--- 34 ---

[...n] Patah adhêdhêkah, botên antawis lami kathah têtiyang dhatêng, sami tumut gêgriya
ing ngriku, sarta sami ambabadi wana, angadêgakên masjid. Sangsaya kathah têtiyang
dhatêng, sami anggêguru dhatêng Radèn Patah.

Kacariyos Prabu Brawijaya miyos sitinggil, andangu dhatêng para nujum. Punapa
sasedanipun wontên ingkang anggêntosi kaprabonipun, andarbèni panguwasa kados
panjênênganipun. Aturipun para nujum inggih wontên, têdhakipun sang nata ugi, nanging
badhe ngalih kadhaton ing Mataram. Angèdhêpakên tiyang ing tanah Jawi sadaya. Prabu
Brawijaya botên mawi ngandika lajêng kundur angadhaton. Kala samantên sang nata gêrah
raja singa, lami botên sagêd miyos-miyos, sawarnining jêjampi botên mantunakên,
anuntên wanci dalu sang nata mirêng swara. Hèh sang nata, yèn sira arêp waras, atunggala
turu wong wandhan kang kuning rupane, sawungunipun sang nata lajêng mundhut abdi
èstri wandhan, bêbêktanipun ingkang garwa saking nagari ing Cêmpa, sarêng dipun sarèni
sapisan sang nata saras gêrahipun. Abdi èstri wau wawrat, ambabar miyos kakung, abagus
warninipun. Karsanipun sang nata, jabang bayi kaparingakên dhatêng abdi juru sabin,
anama Kyai Buyut Masahar, nanging bilih sampun umur sawindu andikakakên mêjahi, awit
pambatangipun para [pa...]

--- 35 ---

[...ra] nujum, jabang bayi punika ing benjing badhe dados ratu, angrisak panjênênganipun
sang prabu, nanging pambatangipun para nujum wau kalintu.

Jabang bayi kabêkta mantuk dhatêng Ki Masahar, kapasrahakên dhatêng semahipun,


supados kapulasaraa, sarêng sampun puput, dipun jêjuluki Radèn Bondhan Kajawan.
Dumugi umur sawindu Kyai Buyut anyêrêpakên dhatêng semahipun, ingkang dados
karsanipun sang nata wau, lajêng ngunus curiga, badhe amêjahi ing Radèn Bondhan
Kajawan. Nyai Buyut kalêngêr, Kyai Masahar sande ênggènipun badhe amêjahi, enggal
anulungi semahipun. Saking awrating trêsnanipun dhatêng ingkang èstri, Radèn Bondhan
Kajawan botên siyos pêjah, Kyai Masahar lajêng sowan ing sang nata, awad yèn sampun
anglampahi dhawahipun. Sang nata sakalangkung suka ing galih.

Prabu Brawijaya sampun midhangêt wartos, yèn wontên tiyang dhêdhêkah ing wana
Bintara, misuwur ing pundi-pundi mênggah agênging padhêkahan sarta kasêktènipun. Sang
nata andangu dhatêng para mantri, yêktos kalihan botênipun. Adipati Têrung matur yèn
sayêktos, sarta ingkang dhêdhêkah wau kaprênah sadhèrèkipun sêpuh, sang nata lajêng
dhawah animbali, Adipati ing Têrung ingkang lumampah angirit abdi salêksa.

--- 36 ---

Sadhatêngipun ing Bintara, Radèn Patah dipun timbali, enggal lumampah, kairid dening
Adipati Têrung, sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung suka
ing galih, sarta luntur sihipun dhatêng Radèn Patah, awit warninipun sami kalihan sang
prabu, lajêng kaakên putra, kaangkat nama Dipati ing Bintara, sarta kaparingan abdi
salêksa, sang nata anyêrêpakên dhatêng Radèn Patah, yèn padhêkahan ing Bintara benjing
badhe dados nagari anama ing Dêmak. Ing ngriku badhe wiwitipun salin agami Islam.
Sarêng Radèn Patah sampun dipun pituturi, lajêng kalilan mantuk dhatêng Dêmak, angirid
abdi salêksa, sarta kaparingan gajah, kapal, garêbong, padhati. Lami-lami padhêkahan ing
Bintara sangsaya gêmah arja.

Ing nagari Kudus wontên tiyang dêdunung, awasta Kyai Agêng ing Kudus. Punika gadhah
anak jalêr têtiga, ingkang tunggil biyung kêkalih, wuragilipun sanès biyung, dipun tantun
rabi botên purun, andadosakên dukanipun ingkang rama, saking ajrihipun kadukan, ing
wanci dalu Ki Jaka kesah, lampahipun anjujug ing rêdi Kêndhêng, atapa wontên ing ngriku,
lami-lami kalunta-lunta lampahipun, amanggih patamanan, wontên bèjinipun ayom
kaubêngan ing sêsêkaran. Ki Jaka rêmênên[9] alênggah sangandhaping kajêng, ingkang
angayomi [anga...]

--- 37 ---

[...yomi] bèji, wondene ingkang gadhah patamanan punika, anama Kyai Agêng ing
Kêmbang Lampir, agadhah[10] anak èstri satunggil ayu, dipun taros laki botên purun.

Ing wanci kèndêling bêdhug siyang, anakipun Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir wau
angangsu dhatêng ing patamanan, botên mawi rencang. Ki Jaka sarêng aningali wontên
tiyang èstri ayu dhatêng, lajêng sênêtan ampungan[11] kajêng, botên katingal dhatêng kang
badhe ngangsu, sarèhning botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang katingal, tiyang
èstri wau botên taha-taha, awuda lajêng adus ing bèji, sasampuning adus badhe mantuk,
dipun tututi dhatêng Ki Jaka, dipun gujêg lajêng katunggil tilêm. Sarêng sampun, Ki Jaka
kesah, tiyang èstri mantuk.

Lami-lami anakipun Kyai Agêng Kêmbang Lampir wawrat, dipun takèni dhatêng bapakipun,
mênggah ingkang ngêtêngi, botên purun bêlaka, Kyai Agêng sakalangkung nêpsu, sarta
sangêt ing wirangipun. Saking ajrihing dukanipun ingkang rama, anak wau ing wanci dalu
lolos, kesah ing sapurug-purug. Sarêng andungkap ing mangsanipun, ambabar mêdal jalêr,
wontên ing wana ing Kapanasan. Tiyang èstri pêjah konduran. Jabang bayi wontên ing
daganipun.
Kacariyos Kyai Agêng ing Selandaka, karêmênanipun [karêmênani...]

--- 38 ---

[...pun] anulup. Anuju kyai agêng dhatêng wana, amanggih jabang bayi, lajêng dipun
êmban ing sabukipun. Kyai agêng andumugèkakên anggènipun badhe nulup, anuntên
ningali kidang, sangêt ing rêmênipun, kaêtutakên ing sapurugipun. Dangu-dangu kidang
ical, sangêt andadosakên cuwaning manahipun muring-muring dhatêng jabang bayi, lajêng
kasèlèhakên sangandhaping wit-witan. Kyai agêng andumugèkakên ngupadosi kidang wau.

Wondene panggenanipun anyèlèhakên lare wau, kala rumiyin pratapanipun Kyai Agêng ing
Tarub. Satilaripun Kyai Agêng ingkang èstri wulanjar taksih agriya wontên ing ngriku, lare
wau dipun panggih dhatêng nyai rôndha, sarta dipun pulasara, sarêng umur pitung taun
katingal bagusipun. Kancanipun lare sami dolan asih sadaya, karêmênanipun anulup
dhatêng wana, ngantos dumugi ing diwasanipun, badhe dipun rabèkakên botên purun.

Ki Jaka anuju nulup dhatêng wana, aningali pêksi anèh warninipun, sangêt anggènipun
kapencut, dipun tulup lêpat. Ngalih-ngalih ênggènipun mencok, kaêtutakên ing
sapurugipun, ngantos dumugi ing wana agêng, pêksi lajêng botên katingal. Satêngahing
wana punika wontên sêndhang, pasiramanipun widadari. anuju [a...]

--- 39 ---

[...nuju] ing dintên Anggara Kasih para widadari sami tumurun asiram ing sêndhang wau.
Ki Jaka asênêtan. Widadari sami lukar asiram wontên ing sêndhang, Ki Jaka awas aningali,
kapencut ing ayunipun. Anuntên panganggènipun widadari ingkang satunggil dipun cuthik,
sarta kaumpêtakên. Para widadari botên wontên sumêrêp, taksih bingah-bingah sami
siram. Ki Jaka lajêng dhèhèm. Para widadari kagèt mirêng swaraning tiyang, enggal sami
mabur ambêkta panganggènipun piyambak-piyambak. Namung satunggil anama Dèwi
Nawangwulan, taksih kantun wontên ing sêndhang, awit panganggènipun botên wontên. Ki
Jaka marêpêki, Nawangwulan dipun tantun, bilih purun dipun rabèni badhe kasukanan
pangangge, saking kèwêdanipun Dèwi Nawangwulan, sagah anglampahi ingkang nênantun
wau, pangangge lajêng kasukakakên, Nawangwulan kabêkta mantuk sarta dipun rabèni,
andadosakên suka bingahipun nyai rôndha ing Tarub. Lami-lami nyai rôndha ing Tarub
tilar, ingkang putra pupon wau lajêng anama Kyai Agêng ing Tarub, sampun apêputra
satunggal èstri, anglangkungi ayu warninipun, kanamanan Rara Nawangsih.

Anuju satunggil dintên Dèwi Nawangwulan badhe angumbah popok dhatêng lèpèn. Ingkang
raka dipun aturi têngga dangdanganipun, sarta kawêling wantos-wantos, sampun [sa...]

--- 40 ---

[...mpun] ngantos angungkabi kêkêb. Sakesahipun Dèwi Nawangwulan dhatêng lèpèn, Kyai
Agêng atêngga dangdangan, dipun sambi amomong putra, ciptanipun Kyai Agêng, ingkang
garwa amung dipun kêkayani pantun salumbung, môngka sampun antawis lami botên
kalong, Kyai Agêng botên sagêd andugi ing sababipun. Saking badhe sumêrêp sapintên
ingkang dipun bêthak, kêkêb dipun angkat. Ingkang wontên ing kukusan amung pantun
sawuli, kêkêb lajêng katutupakên malih. Sadhatêngipun ingkang garwa angangkat kêkêb.
Pantun sawuli taksih kados kalanipun kalêbêtakên. Sangêt andadosakên nêpsunipun sang
dèwi, anarka yèn kêkêb dipun ungkabi dhatêng ingkang jalêr, ingkang jalêr lajêng badhe
katilar mantuk dhatêng ing kahyanganipun, nanging sang dèwi sampun ical kasêktenipun,
botên sagêd wangsul dhatêng ing pawidadarèn.
Wiwit kalanipun kamanungsan ênggènipun bêthak, Dèwi Nawangwulan sabên enjing
anggêntang, lami-lami pantun salumbung têlas. Satêlasing pantun, rasukanipun sang dèwi
anama ôntakusuma, ingkang dipun pêndhêt dhatêng ingkang raka kalanipun wontên
pinggiring sêndhang, pinanggih kasasaban pantun, sangêt andadosakên nêpsunipun sang
dèwi, rasukan kapêndhêt lajêng dipun agêm. Sang dèwi mantuk kasaktènipun kados ing
wau-wau, matur [ma...]

--- 41 ---

[...tur] dhatêng ingkang raka, yèn badhe mantuk dhatêng ing kahyanganipun, sampun
pinêsthi botên kenging têtunggilan lami-lami, wondene wêlingipun dhatêng ingkang raka,
bilih putranipun muwun, kabêktaa minggah dhatêng ing panggungan, ing ngandhapipun
bêsmènana mêrang kêtan cêmêng, sang dèwi mêsthi tumurun anêsêpi ingkang putra.
Sarêng sampun mêmêling, lajêng mêndhêt mêrang kêtan cêmêng, kabêsmi, sang dèwi
mumbul nurut kukus. Sangêt andadosakên susahipun Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Agêng
Tarub inggih anglampahi ingkang dados wêwêling wau, sabên-sabên ingkang putra muwun
kabêkta minggah ing pêpanggungan, ing ngandhap mawi dipun bêsmèni mêrang kêtan
cêmêng, lajêng katilar mudhun. Sarêng ing lami-lami sangsaya agêng, suwarninipun
mèmpêr ingkang ibu.

Kacariyos Kyai Buyut Masahar lumampah dhatêng ing Majapait, badhe sowan ing sang nata,
anyaosakên pamêdaling sabin, warni pantun kathah, Radèn Bondhan Kajawan tut
wingking, nanging Kyai Buyut Masahar botên sumêrêp. Pantun sampun konjuk ing Prabu
Brawijaya, Radèn Bondhan Kajawan anjujug ing sitinggil, anabuh gôngsa Kyai Sêkar
Dalima, andadosakên kagètipun sang prabu, ingkang nabuh sampun kacêpêng, katur ing
sang nata, sarêng kapariksa, anakipun Ki Buyut Masahar lajêng kapundhut ing sang nata,
kaparingan dhuwung

--- 42 ---

kêkalih, nama Kyai Maesa Nular, kalih Kyai Malela, sarta waos satunggil, nama Kyai
Palèrèd. Dhawahipun sang nata dhatêng Kyai Buyut, Radèn Bondhan Kajawan andikakakên
masrahakên dhatêng Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Buyut matur sandika lajêng lumampah
dhatêng Tarub angirid Radèn Bondhan Kajawan. Wontên ing margi dipun begal ing tiyang
kêkalih, begalipun sami pêjah dening Radèn Bondhan Kajawan, amargi dipun suduk ing
dhuwung Malela, nanging dhuwung wau tugêl pucukipun. Radèn Bondhan Kajawan lajêng
prasapa, benjing satêdhakipun sampun wontên ingkang ngangge dhuwung Malela.

Kyai Agêng ing Tarub sampun sumêrêp, yèn badhe katamuan. Ingkang putra Dèwi
Nawangsih kapurih anggêlara klasa, botên antawis dangu Radèn Bondhan Kajawan sarta
Kyai Buyut dhatêng, Kyai Buyut Masahar andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta
amasrahakên Radèn Bondhan Kajawan, supados kawulanga, Kyai Agêng ing Tarub sampun
nyandhak karsanipun Sang Prabu Brawijaya, wangsulanipun sandika.

Saantukipun Ki Buyut Masahar Radèn Bondhan kasadhèrèkakên kalihan putranipun Kyai


Agêng Tarub. Kala samantên Sang Rêtna Nawangsih yuswanipun kawan wêlas taun.
Anuntên Radèn Bondhan Kajawan kaêlih nama Lêmbu Pêtêng [Pê...]

--- 43 ---

[...têng] dhatêng Kyai Agêng ing Tarub.


Sang Prabu Brawijaya midhangêt wartos, bilih kathah têtiyang nungkul dhatêng Giri, Patih
Gajah Mada lajêng kautus anglurugi ing Giri, tiyang ing Giri sami kagegeran, angili dhatêng
kadhaton. Kala samantên Sunan Giri sawêg nyêrat, kagèt mirêng wartos dhatênging
mêngsah, kang sumêja ngrisak ing Giri, kalam ingkang kadamêl nyêrat lajêng dipun bucal,
sarta andêdonga ing Gusti Allah, kalam ingkang kabucal wau lajêng dados dhuwung,
angamuk piyambak. Tiyang ing Majapait kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng
mantuk dhatêng ing Majapait.

Sabibaring mêngsah dhuwung wangsul piyambak, sumèlèh ing ngarsanipun sang pandhita
sarta akuthah rah, sang pandhita sarêng aningali dhuwung kuthah rah, lajêng andêdonga,
mugi kaapuntêna solah ingkang sisip. Sarta anyêrêpakên dhatêng balanipun, mênggah
dhuwung wau kanamanan Kalam Munyêng.

Sarêng sampun antawis lami Sunan ing Giri seda, kagêntosan wayahipun, jêjuluk Sunan
Parapèn. Kala samantên Prabu Brawijaya sampun kawartosan ing sedanipun Sunan ing Giri,
kagêntosan wayahipun anama Sunan Parapèn. Prabu Brawijaya lajêng parentah dhatêng
Patih Gajah Mada, sarta para putra, andikakakên ambêdhah ing Giri. Sunan Parapèn [Pa...]

--- 44 ---

[...rapèn] inggih amêthukakên pêrangipun bala ing Majapait, nanging kawon pêrangipun,
nuntên lumajêng angungsi sapinggiring sagantên. Kitha ing Giri lajêng kabêsmi sadaya.
Rajaputra ing Majapait tindak dhatêng pasareyanipun sunan lami kang sampun seda,
ingkang têngga pakuburan ngriku tiyang kêkalih sami pincang, lajêng andikakakên
andhudhuk pakuburan. Bala ing Majapait enggal sami tumandang andhudhuk, nanging
lajêng sami dhawah gulasahan. Tiyang kêkalih kang sami pincang wau nuntên kadhawahan
andhudhuk. Yèn botên purun anglampahi, kaayam-ayam badhe kadamêl coban dhuwung.
Tiyang pincang kêkalih wau inggih enggal andhudhuk. Siti ing pasarean sampun kadhudhuk,
balabag tutuping tabêla lajêng kabikak, kombang mêdal tanpa wicalan saking salêbêting
pakuburan, manginggil angêbêki awang-awang, swaranipun kados langit rêbah, nuntên
anêmpuh bala ing Majapait sami lumajêng arêbat gêsang, dumunung ing nagari Majapait,
kombang taksih angêsuk. Prabu Brawijaya sabalanipun atilar nagari, angungsi têbih, awit
botên kadugi anulak pangangsêging kumbang, kombang sampun wangsul dhatêng
nagarinipun malih. Sarêng kombang sampun botên wontên, Prabu Brawijaya lajêng kundur
dhatêng nagari ing Majapait malih lan sabalanipun, sarta botên sumêja anyikara malih
dhatêng Sunan [Su...]

--- 45 ---

[...nan] ing Giri.

Kacariyos tiyang kêkalih kang sami pincang atêngga pakuburan wau, lajêng waluya
sakitipun, nuntên lumajêng asuka pirsa dhatêng Sunan ing Giri, kang ngungsi wontên
pinggiring sagantên, awêwartos yèn mêngsah sampun larut, amargi katêmpuh ing
kombang, sarta awêwartos jalarane anggènipun saras. Sunan Parapèn sarêng mirêng
wêwartosipun tiyang kêkalih wau, lajêng kondur dhatêng ing Giri, antawis lami ing Giri
sampun raharja kados ingkang wau-wau, sarta botên wontên mêngsah malih.

Kala samantên Prabu Brawijaya èngêt dhatêng putranipun ingkang dhêdhêkah wontên ing
Bintara, angandika dhatêng Adipati ing Têrung, kêpriye kakangamu dene wis lawas ora
nana seba, jangjine marang aku ing sabên taun bakal seba, môngka wis têlung taun ora
nana mrene, apa ta wus mukti, dene ora eling marang aku, yèn mêngkono, kowe lumakua
mênyang ing Bintara, kakangamu takonana, apa sababe dene ora seba marang aku.

Adipati ing Têrung enggal lumapah dhatêng Bintara, kadhèrèkakên tiyang salêksa, sampun
kêpanggih kalih ingkang raka, sarta andhawahakên timbalanipun sang prabu. Radèn Patah
amangsuli, yèn sampun agêng panuwunipun [panuwuni...]

--- 46 ---

[...pun] mênggahing sih kawêlasanipun Prabu Brawijaya, wondene sababipun botên sowan,
awit saking wêwalêring agami, ingkang botên anglilani tiyang Islam sowan ing tiyang kapir,
sarta sampun kajôngka yèn ing Bintara badhe jumênêng karaton, wiwitipun tiyang Jawi
sami Islam. Adipati ing Têrung anggraita ing galihipun, ajrih wangsul dhatêng ing Majapait,
yèn botên sarêng kalih ingkang raka, lajêng angatag dhatêng Radèn Patah, supados
enggala linampahan ing kaniyatanipun, sarta Adipati ing Têrung badhe ambiyantoni
pêrangipun. Nuntên sami pirêmbagan, tiyang Islam sami kaklêmpakakên sadêdamêlipun
wontên ing Bintara, bupati ing Madura, Arya Teja ing Tuban, Bupati ing Surapringga tuwin
sang pandhita ing Giri inggih sampun sami ngalêmpak wontên ing Bintara lan sabalanipun.
Punapadene para wali lan para mukmin inggih sampun sami ngalêmpak. Anuntên sami
bidhal dhatêng Majapait. Kathahing baris tanpa wilangan. Kitha ing Majapait lajêng
kakêpang, tiyang ing Majapait kathah ingkang sami têluk dhatêng Dipati Bintara, botên
wontên ingkang purun mêthuk prang, Adipati ing Bintara sarta Adipati ing Têrung lajêng
lumêbêt ing alun-alun. Adipati Bintara pinarak ing dhêdhampar wontên ing pagêlaran
ingadhêp para prajurit.

--- 47 ---

Patih Gajah Mada angunjuki uninga ing sang prabu, yèn kadhatêngan mêngsah saking ing
Bintara, samangke Adipati Bintara pinarak wontên ing pagêlaran. Sang Prabu Brawijaya
sarêng mirêng yèn ingkang putra wontên ing pagêlaran, lajêng minggah dhatêng
pêpanggungan, karsa aningali dhatêng ingkang putra, Sang Prabu Brawijaya sarêng sampun
aningali dhatêng ingkang putra, lajêng merad lan sabalanipun ingkang sêtya dhatêng
rajanipun. Kala meradipun Prabu Brawijaya ing sakêdhap punika ugi wontên ingkang
katingal kados andaru, wêdalipun saking kadhaton ing Majapait, warninipun kados kilat,
swaranipun gumludhug anggêgirisi dhumawah dhatêng ing Bintara.

Adipati Bintara nuntên lumêbêt dhatêng ing kadhaton, sangêt eramipun, dene botên
kêpanggih tiyang satunggil-tunggila, amuwun salêbêting galih, nuntên mêdal saking
kadhaton, kondur dhatêng ing Bintara, kalihan bantu saprajuritipun. Sarawuhe ing Bintara,
Sunan Ngampèl Dênta ngandika dhatêng Dipati ing Bintara, andikakakên jumênêng ratu
wontên ing Majapait, ingkang sampun dados warisipun, ananging Sunan Giri badhe
anyêlani jumênêng Ratu Majapait, laminipun kawan dasa dintên. Anyarati supados ical
lêlabêtipun ratu kapir, rêmbag mêkatên wau inggih sampun kalampahan.

Sarêng sampun angsal kawan dasa dintên, Sunan Giri nuntên pasrah [pa...]

--- 48 ---

[...srah] karaton dhatêng Radèn Patah, Radèn Patah inggih lajêng jumênêng ratu wontên
ing Dêmak, angêrèh ing tanah Jawi sadaya, ajêjuluk Senapati Jimbun Ngabdurahman
Panêmbahan Palembang Saidin[12] Panatagama. Ki Wanapala kajunjung pêpatih, anama
Patih Mangkurat. Tiyang ing tanah Jawi sami suyud sarta anut ing agami Islam. Lajêng sami
pirêmbagan badhe angadêgakên masjid ing Dêmak. Para wali sami bêbah-bêbahan ing
panggarapipun. Sampun sami cumawis, amung Sunan Kalijaga ingkang kantun, dèrèng
warni ingkang dados bêbahanipun. Sabab sawêg tirakat dhatêng ing Pamantingan.
Sawangsulipun dhatêng ing dalêm, masjid sampun badhe kaadêgakên. Sunan Kalijaga
enggal anglêmpakakên tatal. Nuntên kabêngkêkan, sarêng sadalu punika ugi bêngkêkan
tatal dados saka, enjingipun tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah masjid kaadêgakên,
sinêngkalan 1428, keblatipun masjid manut kakbah ing Mêkah, pangulunipun Sunan ing
Kudus. Sarêng sampun antawis sajumungah adêgipun masjid wau, para wali pinuju sami
dikir wontên ing masjid, Sunan Kalijaga lênggah nyanès, nyikruk wontên sangandhaping
bêdhug. Nuntên wontên buntêlan dhawah saking nginggil, ulêsipun wacucal menda, ing
lêbêt isi pasujudan sarta salendhangipun Kajêng Rasul. Para wali sami pirêmbagan,
buntêlan wau prayogi [prayo...]

--- 49 ---

[...gi] kapanduma sapikantukipun. Sunan Bonang botên amrayogèkakên ing pirêmbag wau,
karsanipun Sunan Bonang buntêlan prayogi kaumbulakên. Sintên ingkang kadhawahan
inggih punika ingkang andarbèni. Buntêlan wau inggih nuntên kaumbulakên, dhawah
wontên ing pangkonipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga kagèt nuntên ngaluwat laminipun
kawan dasa dintên, sarwi andondomi wacucal wau sarta maos kalimah kêkalih, wacucal
sampun dados rasukan anama ôntakusuma utawi Kyai Gundhil. Mênggah Kyai Gundhil
punika sapanginggilipun dados agêm-agêmanipun para ratu, ing nalikanipun yèn jumênêng
ratu lan yèn mangun pêrang, namung Sultan Dêmak lan Sultan Pajang kang botên ngagêm.

Kala samantên Sunan Bonang animbali pandhe ing Tuban awasta Ki Sura, punika
kaparingan cis dhatêng Sunan Bonang, andikakakên damêl pasunatan. Ananging Ki Sura
wau lajêng adamêl dhuwung dhapur sangkêlat. Nuntên andikakakên damêl malih
sakantunin[13] tosan cis wau, inggih nuntên kadamêl warni wulung malih dhapur pasopati,
kasaosakên dhatêng Sunan Bonang. Wondene dhuwung kêkalih wau dede ingkang
kakarsakakên Sunan Bonang, ewadene padamêlanipun Ki Sura wau inggih katarimah, sabab
Sunan Bonang sumêrêp yèn dhuwung kêkalih

--- 50 ---

wau badhe dados panganggènipun para ratu ingkang ngêrèh ing tanah Jawi, ananging Ki
Sura wau sasampunipun damêl dhuwung lajêng sakit mripatipun, têmahan ina, botên sagêd
damêl dhuwung malih. Sunan Bonang anuntên dhatêng wana, aningali tunggak jati
growong wontên sapinggiring toya katuwuhan godhong pakis, angrêmbyung wontên
sangandhaping tunggak wau, sarta pating cêkênuk êlungipun. Tunggak kasawang-sawang
pinanggih panggalihipun, badhe kapola wangunipun, kadamêl garaning dhuwung wau,
badhe kaagêm piyambak. Sakonduripun Sunan Bonang lajêng adamêl garan wau, sarêng
sampun dados sangêt ing prayoginipun, pantês yèn kaagêma ing para ratu, mila lajêng
kaêtrapakên ing dhuwung kêkalih wau, mênggah namanipun kawastanan ukiran tunggak
sêmi dhatêng Sunan Bonang. Punuju[14] ing dintên Jumungah Sunan Bonang sêmbiyang
dhatêng ing masjid. Sabakdaning sêmbiyang Sunan Kudus pitakèn, sababipun botên
ngangge cis. Sunan Bonang anyêrêpakên sarta andêdahakên dhuwung pasopati wau, Sunan
Kudus rêmên aningali wanguning dhuwung, lajêng kasambut kadamêl pola, ingkang dipun
kèn damêl tiyang pandhe anama Ki Janas. Sarêng sampun dados dhuwung inggih lajêng
kawangsulakên malih.

Kacariyos Kyai Agêng Tarub sangêt asihipun dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, kados
putranipun piyambak. [piyamba...]
--- 51 ---

[...k.] Sabab Kyai Agêng sumêrêp ing pêpêsthèn. Awit sampun angsal wisik. Mila ingkang
putra sangêt anggènipun amulang, dipun kèn amratapa, aling-aling sêsabin. Radèn Lêmbu
Pêtêng ngèstokakên parentahe kang rama, ing sabên dintên saba ing pagagan, anênanêm
sarêmênipun warni-warni, manawi siyang kakirim dhaharipun. Kala samantên putranipun
Kyai Agêng ing Tarub kang nama Rêtna Nawangsih sampun môngsa birai sandhang,
sangsaya sangêt ayunipun. Ing sabên siyang andikakakên ngirim dhaharing Radèn Lêmbu
Pêtêng ing pagagan. Sadhatêngipun ing pagagan babêktanipun dipun tampèni dhatêng
Radèn Lêmbu Pêtêng, nanging astanipun tansah dipun cêpêngi dhatêng Radèn Lêmbu
Pêtêng, andadosakên kagètipun Dèwi Nawangsih, lajêng mantuk sarta awêwadul dhatêng
ingkang rama, Kyai Agêng Tarub ngandika, wis mênênga bae dhenok, satêmêne Si Lêmbu
Pêtêng iku sadulurmu angkat, dudu sadulurmu têmênan. Sang Rêtna Nawangsih lajêng
kèndêl. Sarêng ing dalunipun Sang Rêtna Nawangsih lajêng kadhaupakên kalihan Radèn
Lêmbu Pêtêng nanging dèrèng ngantos atut. Kyai Agêng tumuntên seda, sarêng sampun
lami-lami Sang Rêtna Nawangsih rumaos lola, lajêng atut anggènipun palakrama, sarta
sangêt anggènipun sih-sinihan. Radèn Lêmbu Pêtêng lajêng ngalih nama Kyai Agêng Tarub.
Ing lami-lami Rêtna Nawangsih wawrat. Sarêng dumugi ing môngsa

--- 52 ---

saha mbabar miyos kakung abagus warninipun. Ingkang rama ibu sangêt asih, sarêng
sampun kasapih nuntên gadhah putra malih èstri, Kyai Agêng Tarub lajêng gêrah dados ing
sedanipun. Putra kêkalih wau ingkang jalêr anama Ki Gêtas Pandhawa sampun krama,
ingkang èstri kakramèkakên angsal Ki Agêng Ngêrang. Kacariyos Ki Gêtas Pandhawa wau
sampun apêputra pitu, pambajêngipun jalêr, awasta Ki Agêng Sela, ingkang rayi nênêm
èstri sadaya, Nyai Agêng Pakis, Nyai Agêng ing Purna, Nyai Agêng ing Kare, Nyai Agêng ing
Wanglu, Nyai Agêng ing Bokong, Nyai Agêng Adibaya, sami rukun anggènipun saduluran.

Kacariyos Ki Agêng ing Pêngging, anama Dipati Jayaningrat, saklangkung digdayanipun.


Sangêt dipun sihi dhatêng Prabu ing Majapait, sarta katariman putrinipun. Sampun
apêputra kêkalih, anama Ki Kêbo Kanigara, kalih Ki Kêbo Kananga, sarêng sampun pêputra
kêkalih, Dipati Jayaningrat seda. Punika putra kêkalih[15] wau sami pradondi, ingkang
sêpuh Ki Kêbo Kanigara kêdah angêkahi agami Buda, lajêng kesah amartapa dhatêng
salêbêting kawah tuwin ing rêdi-rêdi, anèlad lampahing ajar, pêjahipun obong, botên
kantênan kuburipun. Dene Ki Kêbo Kananga anglampahi agami Islam, anut ing

--- 53 ---

sarakipun kangjêng rasul. Sampun angadêg Jumungahipun wontên ing Pêngging, kathah
têtiyang dhusun kang sami sêmbiyang Jumungah dhatêng ing Pêngging, sarta Ki Kêbo
Kananga wau anggêguru dhatêng pangeran ing Siti Jênar, sêsarênganipun anggêguru tiyang
tiga, anama Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, tiyang sakawan wau sami
manjing dados sadulur sarta kêmpal manahipun dados satunggal, awit saking karsanipun
Pangeran Siti Jênar.

Kacariyos sultan ing Dêmak mirêng wartos, yèn têdhakipun Ki Dipati Dayaningrat, kang
nama Ki Kêbo Kananga, ing mangke anama Ki Agêng Pêngging, punika sampun agami Islam,
nanging dèrèng wontên sowan dhatêng ing Dêmak. Sinuhun Bintara asêmu duka, awit ing
Pêngging wau tilas kabupatèn, sarta kaprênah santana dening Sultan Dêmak, bokmênawi
amikir sumêja jumênêng ratu, Sultan Dêmak lajêng utusan pinisêpuh, anama Ki Agêng
Wanapala, sarta kabêktanan suwal tigang prakawis. Kang sapisan kadospundi, ingkang
dados kaniyatanipun, punapa inggiha tulus anggènipun ngibadah kemawon, punapa badhe
melik karaton ing Dêmak. Kaping kalih, sultan ing Dêmak inggih sampun sumêrêp, yèn
piyambakipun santananipun Sultan Dêmak. Kang kaping tiga punapa sababipun dene botên
purun sowan dhatêng ing Dêmak. Ki Wanapala sagêda nyêngkolong [nyê...]

--- 54 ---

[...ngkolong] ingkang dados kaniyatanipun. Sasampuning têrang Ki Wanapala lajêng


mangkat. Sadhatêngipun ing Pêngging sampun kêpanggih kalihan Ki Agêng, nuntên sami
sêsalaman. Ki Agêng Pêngging pitakèn mênggah ingkang dados damêlipun, dene
lampahipun anyalawadi, Ki Wanapala mangsuli bêlaka yèn kautus ing kangjêng sultan.

Tiyang kêkalih wau lajêng sami bêbantahan. Rame gêntos kawon. Ki Wanapala sarêng
sampun sumêrêp ingkang dados kaniyatanipun Ki Agêng Pêngging, lajêng pamit mantuk
dhatêng Dêmak, matur ing kangjêng sultan, yèn Ki Agêng Pêngging wau gadhah cipta
kêkalih, ing lair anêtêpi anggènipun ngibadah, nanging ing batos sumêja jumênêng ratu,
sangêt sagêdipun anyamur lampah, aturipun Ki Wanapala, prayogi kasarèhakên ing
sawêtawis. Sabab sampun kula wangêni kalih taun, tumuntên sowana dhatêng ing Dêmak.
Akathah-kathah aturipun Ki Wanapala wau ênggènipun amurih icaling dukanipun dhatêng
Ki Agêng Pêngging.

Kacariyos Ki Agêng Pêngging, saantukipun utusan ing Bintara, lajêng katamuan Ki Agêng
Tingkir, Ki Agêng Ngêrang, Ki Agêng Butuh, mila sami mara tamu, sabab mirêng wartos,
yèn Ki Agêng Pêngging tinimbalan dhatêng ing Dêmak mopo, tiyang têtiga wau sarèhning
sadhèrèk tunggil guru dados sami kuwatos dhatêng Ki Agêng Pêngging, nuntên [nu...]

--- 55 ---

[...ntên] sami takèn mênggah ing sababipun, dene tinimbalan dhatêng ing Dêmak botên
purun sowan, sarta sami amituturi, supados yèn dipun timbali malih lumampaha, nanging
Ki Agêng Pêngging taksih sangêt ing wangkotipun. Kala samantên Ki Agêng Pêngging ing
dalu nanggap wayang bèbèr, sarêng sadalu punika ugi garwanipun Ki Agêng Pêngging
wawratanipun sampun sêpuh, lajêng ambabar miyos jalêr, abagus warninipun. Kasarêngan
dhatênging kêkuwung sarta jawah dêrês. Ingkang angringgit bèbèr kinèn kèndêl. Jabang
bayi sasampuning binêrsihan ingaturakên dhatêng Ki Agêng Tingkir, tinampèn lajêng
pinangku, Ki Agêng Tingkir ngandika dhatêng Ki Agêng Pêngging, adhi, anakmu iki bagus
têmên, aku amêsthèkake bocah iki ing besuk gêdhe darajate, bêgjane kang padha
mênangi, sarta bocah iki dakwehi jênêng Mas Karèbèt, dene ênggone lair pinuju nanggap
wayang bèbèr. Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, sarêng sampun sadasa
dintên anggènipun wontên ing Pêngging, lajêng sami mantuk. Botên antawis lami Ki Agêng
Tingkir nuntên seda, Ki Agêng Pêngging inggih dipun aturi dhatêng garwanipun Ki Agêng
Tingkir, anggènipun wontên ing Tingkir gangsal dintên, nuntên mantuk. Dhatêngipun ing
dalêm Ki Agêng Pêngging sangêt susah ing galihipun, ciptanipun tumuntên nusula pêjah
dhatêng Ki Agêng Tingkir.

--- 56 ---

Kacariyos Sultan Bintara, lami ênggènipun angantos-antos ing sowanipun Ki Agêng


Pêngging, awit sampun dumugi ubangginipun kalih taun. Ing mangke Sinuhun Bintara
anggalih sampun têtela, yèn Ki Agêng Pêngging balela, botên purun sowan. Sinuhun
Bintara lajêng utusan Sunan Kudus dhatêng ing Pêngging angêmban dêduka, nuntên
mangkat namung ambêkta sabat pêpitu, sarta ambêkta bêndhe, wasiyat saking
marasêpuhipun kang nama Dipati Têrung, bêndhe wau anama Ki Macan. Kacariyos Sunan
Kudus samargi-margi adamêl wasiyat namaning tanah, kados ta namaning dhusun ing Sima,
ing Jimbungan, ing Dêrana, ing Ngaru-aru, punika Sunan Kudus kang anamakakên. Ing
mangke lampahipun sampun dumugi ing Pêngging, kêpanggih kalihan Ki Agêng Pêngging,
lajêng sami tarung bantah ing ngèlmunipun. Ki Agêng Pêngging kacêthikan karsanipun,
anggènipun ngrangkêp pikajêngan. Nanging botên mingkêd ing ukumipun tiyang mirong ing
ratu angandhêmi, Ki Agêng Pêngging sampun seda amargi binêlèk sikutipun dhatêng Sunan
Kudus. Kulawarganipun sami gègèr, sadaya sumêja ambelani dhatêng Ki Agêng Pêngging
kang sampun pêjah, sami anututi ing Sunan Kudus. Sunan Kudus nuntên
amêdalakên[16] kasêktèn. Sabatipun amung pitu, pangraosipun tiyang Pêngging katingal
tiyang kalih lêksa sarta pêpak sadêdamêlipun. Nanging tiyang

--- 57 ---

Pêngging botên ajrih, mêksa badhe angamuk, sarta anitir bêndhe nama Kyai Udanarum.
Sunan Kudus nuntên amêdalakên kasêktèn malih, têkênipun kakipatakên. Tiyang ing
Pêngging sakala ical nêpsunipun, lajêng sami mantuk amênêdi layoning gustinipun,
kapêtak salèr wetaning dalêm. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên, garwanipun Ki
Agêng Pêngging nusul seda, Mas Karèbèt kantun lola, kaêmong dhatêng para santananipun.

Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng nyai rôndha ing Tingkir,
wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar nyai rôndha ing Tingkir sugih mas
picis, kèringan ing tôngga desa, Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir,
solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên anênêpi dhatêng ing rêdi utawi ing
wana-wana tuwin guwa, ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Dene ingkang putra
botên kenging dipun cêgah ênggènipun rêmên saba wana tuwin rêdi. Pinuju satunggiling
dintên Ki Jaka Tingkir mantuk, lajêng rinangkul kang ibu sarwi ngandika, thole, kowe aja
dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir,
durung manut agamane kangjêng nabi, luwih bêcik kowe anggêgurua marang wong
mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggêguru [anggêgu...]

--- 58 ---

[...ru] dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn,
ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggêguru dhatêng Ki Agêng ing Sêsela. Ki Agêng ing
Sêsela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun.
Wontên ing ngriku Ki Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit.
Ki Agêng ing Sêsela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn Ki
Agêng anênêpi, Ki Jaka inggih kabêkta.

Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun
ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing tanah Jawi, awit Ki
Agêng rumaos yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sela sampun
pitung dintên pitung dalu anggènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal
binubak, pêrnah salèr wetaning Tarub, kawastanan wana ing rèncèh, ing wanci dalu Ki
Agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing gagan. Ki Agêng Sela
supêna dhatêng wana anyangking pudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka
Tingkir sampun kêpanggih wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami
rêbah, kaseredan dhatêng Ki Jaka Tingkir, salêbêting supêna Ki Agêng eram sangêt,
nuntên kagèt wungu saking ênggènipun [ênggèni...]

--- 59 ---
[...pun] sare, Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên gagan, lajêng ginugah, Ki Agêng pitakèn.
Thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga, wangsulanipun Ki Jaka, botên. Ki Agêng
mirêng aturipun ingkang wayah sangêt anggènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika
salêbêting galih, gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên ênggonku duwe panêdha ing
Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe
panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono, Ki Agêng
lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka, thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa, Ki Jaka
Tingkir matur bêlaka, kala kula tirakat dhatêng ing rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing
ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing
Telamaya mungêl gumludhug. Kula lajêng tangi, punika kadospundi ing wahananipun. Ki
Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangsaya ngungun. Ciptanipun, yènta sampuna ajrih
ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging Ki Agêng sumêrêp, yèn
papêsthèning Allah punika botên kenging dipun têkerah ing têtiyang, Ki Agêng nuntên
ngandika, thole, kowe aja takon wahananing impènmu, wis ngaluwihi bêcike, yaiku ratu-
ratuning impèn.

--- 60 ---

Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono
mênawa kêtêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur, kawula
sandika anglampahi saking dhawah sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki
Agêng ngandika malih, iya thole, ênggonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang
kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi wahyumu. Ki Jaka aturipun
sumôngga, Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta
akathah-kathah pawulangipun dhatêng Ki Jaka.

Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur
dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela, ingkang ibu angandika,
thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dakarêp-arêp. Nuli
lakonana nanging ngêntènana baturmu loro iku dhisik. Lagi tak kon matun gaga, iku bakal
dakkon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji ngawula Sultan Dêmak,
jênênge Kyai Ganjur, dadi lêlurah suranata, iku kang bakal daktitipi marang kowe, sarta
angaturêna ing sang nata, Ki Jaka inggih amiturut ing dhawahipun kang ibu, nuntên tumut
matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau ngantos sadintên botên mantuk-mantuk.

--- 61 ---

Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung
cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan. Thole,
sira iku têka pijêr matun gaga bae, mariya ênggonmu matun, nuli ngawulaa marang ing
Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah Jawa, sampuning ngandika lajêng
kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng
ingkang ibu, kang ibu mirêng sakalangkung bingah sarta ngandika, thole, kowe bêgja
bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngêntèni
ênggone matun gaga, sing kèri dakrêmbatne bae, Ki Jaka inggih nuntên lumampah
kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur.

Kacariyos sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra
nênêm. Pambajêngipun èstri anama Ratu Mas, sampun krama angsal Pangeran Carêbon.
Panênggak anama Pangeran SabrangLèr, punika ingkang anggêntosi kang rama jumênêng
ratu, nuntên Pangeran Sedalèpèn. Nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruwan.
Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng
seda, dèrèng apêputra, ingka[17] anggêntosi

--- 62 ---

jumênêng ratu Radèn Trênggana ajêjuluk Sultan Dêmak. Ki Patih Mangkurat inggih sampun
pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr anama Patih Wanasalam.
Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sangandhap[18] sami ajrih asih.

Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak.
Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok
wontên pinggir balumbang badhe sumingkir botên sagêd, sabab kapêngkok ing balumbang,
Ki Jaka lajêng nglumpati ing balumbang sarwi mungkur, Sultan Dêmak sarêng aningali
sakalangkung kagèt, sarta andangu, Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur, Ki Jaka
lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Ki Jaka
Tingkir, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki
Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta
kadadosakên lêlurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.

Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit
tamtama, kathahipun kawanatus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari sarta
padhusunan. Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal lajêng dipun
coba kaabên [kaa...]

--- 63 ---

[...bên] kalihan banthèng, mênawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun inggih kalêbêt
dados tamtama, yèn botên inggih botên kalêbêt. Kacariyos wontên tiyang ing
Kêdhungpingit, anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun
komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt
prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir nuntên katimbalan dhatêng ing
ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali sangêt ênggènipun botên rêmên, sabab
warninipun sakalangkung awon ... lajêng tinantun. Sarèhning wontên ing dhusun sampun
kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki
Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah
lajêng pêjah, kancanipun tamtama êndikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung,
jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya
misuwur ing kadigdayanipun. Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Radèn Jaka
Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan sakalangkung
duka, sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun. Radèn Jaka Tingkir lajêng
kadhawahan tundhung saking nagari ing Dêmak. Kangjêng sultan amaringi diyat dhatêng
ali[19] warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsal atus reyal.

--- 64 ---

Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak.
Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi prikancanipun tamtama inggih sami anangisi
sadaya, Radèn Jaka Tingkir sangêt ênggènipun kaduwung ing solahipun kang sampun
kêlampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali têtiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu,
ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing
wana agêng, botên kantênan kang dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun.
Kacariyos ênggènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug
ngantos gangsal wulan. Kala samantên lampahipun dumugi ing wana Jati Têngah tanah
rêdi Kêndhêng, wontên ing ngriku kêpêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta
ngandika, sarta anyêlaki, thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr kakang
Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu
pidêgsa, si kakang ing Pêngging biyen rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura,
pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur, wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih
anakipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka
sarwi ngandika, yagene ênggèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing
wiwitan dumugi wêkasan.

--- 65 ---

Kyai Agêng sakalangkung ngungun.

Kyai Agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh
Radèn Jaka sakalangkung sinungga-sungga, Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing
Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka
punika putranipun Kyai Agêng Pêngging, Kyai Agêng Ngêrang enggal angrangkul sarta
anangisi, wicantênipun. Thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora nana,
wis digawa marang ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat
mêngkono, thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah,
lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amêsthi wiwitane lara. Ki Agêng Butuh lan Kyai
Agêng Ngêrang wau akathah-kathah pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka
inggih sakalangkung narima sarta suka ing galihipun. Dene anggènipun wontên ing Butuh
Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas pamulangipun Kyai Agêng Butuh
ngandika, thole, sarèhning wis antara pitung sasi ênggonmu lunga têka[20] ing Dêmak, ing
samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging,
bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki
ing ênggon [êng...]

--- 66 ---

[...gon] kawijilane, Ki Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun
sajawining nagari Dêmak lajêng amêlingakên prikancanipun tamtama, inggih sami dhatêng
cêcolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning ênggènipun kesah sampun
lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun. Wangsulanipun tiyang
tamtama, sang nata dèrèng wontên andangu, Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susahing
manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngêlambrang malih.

Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dêdagan, wontên
ing pakuburanipun ingkang rama, ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atêtela, thole,
sira lungaa angidul ngetan, cêdhaking desa Gêtasaji ana wong dhêdhukuh jênênge Kyai
Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt
tumuntên wungu saking ênggènipun sare, lajêng mangkat ijèn.

Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa,
anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing Majapait. Ki Jabaleka wau agadhah putra jalêr
satunggil abagus warninipun, nama Mas Mônca, Ki Mas Mônca wau kesah saking [sa...]

--- 67 ---
[...king] ing Calpitu sumêja tapa dhatêng ing pasisir kidul, kèndêl wontên ing Toyabiru,
lajêng kapêndhêt mitra dhatêng Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung
sapolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun. Supados
enggala tuwuh kang darajat. Sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mônca wau badhe dados
êmbaning ratu. Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mônca, kulup, bakal
ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas mêsthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi
ênggone ana ing Banyubiru kene, iku wus dungkap jumênênge nata, besuk bakal kêkutha
ing Pajang, ratu iku angluwihi sêkti, kineringan ing mungsuh, karatone angkêr, iya iku
turune Dipati Andayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang
angreka, amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mônca aturipun nuwun.

Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru,
inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Sakalangkung ingêla-êla, kasadhèrèkakên
kalihan Mas Mônca, Ki Buyut anêlas pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas
Mônca, sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka, ênggèr,
wis mangsane kowe ngaton marang ramakmu kangjêng

--- 68 ---

sultan, mumpung iki môngsa rêndhêng, amêsthi ngadhaton ing gunung Prawata, dakkira
têkamu ing Prawata kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku anggawani
sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing kêbo
dhanu, amêsthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora nana kang
bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe, yèn kowe andikakake matèni
kêbo mau, lêmahe buwangên dhisik. Amêsthi kêbo iya banjur kêna kopatèni, lan kowe
dakwèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mônca, sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan
kaponakanku, anake Ki Buyut Majasta, jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo
kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika.

Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk,
badhe têtumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos nuntên mangkat
numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn. Sarwi andêdonga anênga
langit. Ki Majasta ngatêra tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun
dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên,
lajêng mangkat, Ki Majasta botên tumut. Gèthèk [Gèthè...]

--- 69 ---

[...k] milir dumugi ing bêngawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi,
ingkang kêkalih amêlahi.

Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing kêdhung Srêngenge, anuntên wontên
mêndhung sarta grimis awor barat. Ing kêdhung Srêngenge ngriku wontên ratuning baya,
anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang, balanipun baya tanpa wilangan. Baya
Jalumampang wau angirid baya kalih atus, sami angrampit gèthèk, lajêng pêrang rame
kalihan Mas Mônca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitung dasa
sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mônca, dene Radèn Jaka
Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan
kemawon, nuntên prang rame, baya kathah kang pêjah, ratuning baya kang nama Baurêksa
sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn
Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil
ing sabên taun.
Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing
bajul kawan dasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun
sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi Bêbagan [Bê...]

--- 70 ---

[...bagan] ing Butuh, gèthèk kathothok. Bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk
kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun têtiga sarèhning sami sayah lan arip. Lajêng
sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh mêdal saking
griyanipun, kagèt aningali pulung karaton, cumlorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing
lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau, Ki Agêng nuntên nututi ing dhawahing
pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, Ki Agêng botên samar aningali dhatêng Radèn
Jaka, kang sare ing gèthèk kadhawahan pulung, lajêng ginugah, thole, tangia, aja pijêr
turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira. Radèn Jaka lan sarencangipun
sampun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang
inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka,
sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun. Punika
ênggènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing
Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata, sarta kawulang ing lampah nistha
lan kang utami, akathah-kathah pawulangipun Ki Agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn
Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe angèstokakên ing piwulang [piwu...]

--- 71 ---

[...lang] wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak
gèthèk, alon miliripun. Sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas
dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing
kêdhung Srêngenge, Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit
kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak.

Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing
Prawata, Radèn Jaka sumêrêp yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur
dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados maesa dhanu, sarêng sampun angsal lajêng
kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta, maesa wau enggal lumajêng angamuk
dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan. Sarta anggudag
anyudhangi têtiyang, kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun
tiyang sa Prawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên
parentah dhatêng abdinipun tamtama, andikakakên mêthukakên pangamuking maesa
dhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun
gêgulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah, prajurit tamtama inggih
nuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, [gêntos-gê...]

--- 72 ---

[...ntos,]

nanging botên wontên ingkang ngêntasi damêl. Malah kathah kang sami pating kalèsèd,
amargi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên
tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, mênawi enjing lajêng
ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih, ambêbujêng tiyang.
Ing sabên dintên sang nata aningali saking pêpanggungan, kala samantên sang nata
aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang têtiga, lumampah malipir
sawingkinging baris. Solahipun kados tiyang aningali pangamuking maesa, sang nata enggal
ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêbad. Jêbad, pandêlêng ingsun kae kaya Si
Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dheweke wani sun adu lan
kêbo ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dakapura dosane kang wus kalakon.
Radèn Jaka sarêng kadhawahan aturipun sandika, sang nata nuntên parentah angêpung
maesa sarta andikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka ênggènipun tanglêd kalihan maesa
lan andikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking pêpanggungan. Radèn Jaka
Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag, adangu ênggènipun
tanglêd, kapurih erama kang sami ningali, Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu,
nanging botên [bo...]

--- 73 ---

[...tên] pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhat dipun sêndhal, maesa dipun
tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata,
tuwin ingkang aningali sadaya, Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun
lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-
wau, sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.

Botên antawis lami kangjêng sultan bidhal dhatêng ing Carêbon, sumêja amondhongi ing
Sunan Kalijaga, kaaturan adalêm ing nagari Dêmak. Susunan Kalijaga inggih amiturut,
lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngadilangu,[21] padamêlanipun amêmulang ing agami Rasul,
sampun kathah muridipun.

Kacariyos Kyai Agêng ing Sêsela sumêja lumêbêt prajurit tamtama, nuntên dipun coba
kaabên kalihan banthèng, banthèng tinabok sirahipun sapisan pêcah, rahipun mancurat.
Kyai Agêng Sela mengo, lajêng kapariksa ing sababipun amengo, atur wangsulanipun Ki
Agêng Sela, bokmênawi kapancorotan rah, Kyai Agêng ing Sela nuntên dipun tampik
ênggènipun badhe dados tamtama, kawastanan ajrih ing rah, Ki Agêng Sela sangêt
isinipun, mantuk lajêng amêpak gêgaman, sumêja soroh amuk angrisak kadhaton
[kadha...]

--- 74 ---

[...ton] ing Dêmak. Ki Agêng anumpak kapal, kairing rencangipun sami numpak kapal tuwin
dharat kathah. Sadhatêngipun sêlaning waringin kurung ing alun-alun Dêmak, lajêng dipun
jêmparing dhatêng sang nata, kapalipun Ki Agêng kenging pathakipun, anglumba sarta
anubruk kapale rencangipun. Rencangipun pating balêsar, lajêng dipun jêmparing malih
kenging jilinging kapal. Kapalipun Ki Agêng ambandhang mantuk dhatêng ing Sela,
rencangipun inggih bibar sadaya, sang nata ningali sakalangkung suka, sarta ngandika
dhatêng Patih Wanasalam. Nyata tipis atine Ki Thole ing Sela, ingsun kira ora bisa
jumênêng ratu, êmbuh kang buri-buri.

Kacariyos sang nata sampun pêputra nênêm. Pambajêngipun èstri, sampun kakramakakên
angsal putranipun Ki Agêng ing Sampang, anama Pangeran Langgar, ingkang rayi jalêr,
anama Pangeran Prawata, tiga èstri, krama angsal Pangeran Kalinyamat. Sakawan èstri,
krama angsal Pangeran ing Carêbon. Gangsal èstri, krama angsal Radèn Jaka Tingkir,
wuragilipun jalêr, nama Pangeran Timur. Radèn Jaka Tingkir sarêng sampun atut
ênggènipun krama lajêng kadadosakên bupati ing Pajang, kaparingan lênggah siti kawan
ewu karya, pasowanipun dhatêng Dêmak sabên taun. Botên antawis lami nagari Pajang
sampun gêmah raharja,

--- 75 ---

tulus kang sami tinanêm. Dipati Pajang sampun adamêl kadhaton.

Kacariyos Sultan Dêmak sampun seda, ing sasedanipun Sultan Dêmak, Dipati Pajang
jumênêng sultan. Nagara kang sami kabawah sadaya kairup dhatêng ing Pajang, ingkang
mogok kagêbag ing prang, tanah pasisir tuwin môncanagari kang wetan, lan pasisir kilèn,
sadaya sampun sami suyud, botên wontên kang purun anglawan ing prang, sami ajrih ing
kadigdayanipun Adipati Pajang, amung adipati ing Jipang kang botên purun têluk, kang
anama Pangeran Arya Panangsang, punika putranipun Pangeran Seda ing Lèpèn, wayahipun
kangjêng sultan ing Dêmak, dados kaprênah nak-sanak lan garwanipun dipati ing Pajang,
wondene kang jumênêng amêngku nagari ing Dêmak putranipun kangjêng sultan ingkang
panênggak, anama Sunan Prawata, ananging rukun kalihan sang dipati ing Pajang, sami
narimahipun. Putranipun kangjêng sultan kang wuragil kang nama Pangeran Timur kabêkta
dhatêng ing Pajang lajêng katanêm bupati wontên ing Madiun.

Amangsuli cariyos malih, kala taksih panjênênganipun kangjêng sultan ing Dêmak, punika
Kyai Agêng ing Sêsela pinuju jawah dhatêng ing sabin, ambêkta pacul, wanci ngajêngakên
asar, sadhatêngipun ing sabin lajêng macul. Sawêg angsal tigang kêcrokan, nuntên wontên
gêlap [gêla...]

--- 76 ---

[...p] dhatêng, awarni tiyang kaki-kaki, Kyai Agêng sumêrêp yèn punika gêlap, enggal
kacêpêng, gêlap mungêl jumêgur, Ki Agêng kêkah ênggènipun nyêpêngi, blêdhèk lajêng
binônda, kaaturakên dhatêng ing Dêmak. Gêlap lajêng kinunjara ing kunjara wêsi, sang
nata parentah botên kalilan nyukani toya, têtiyang ing Dêmak agêng alit sami aningali
sadaya, anuntên wontên tiyang nini-nini dhatêng, angulungi toya ing bêruk. Punika
semahipun ing gêlap kang kinunjara wau, gêlap ing kunjara sarêng sampun anampèni toya,
lajêng mungêl gumêbyur, kunjara wêsi ajur sami sakala, gêlap kêkalih sarêng icalipun.

Kacariyos ing Dêmak wontên dhalang ringgit purwa, anama Ki Bicak, bojonipun
sakalangkung ayu, punika dipun tanggap dhatêng Ki Agêng Sela, Kyai Agêng sarêng aningali
semahing dhalang sangêt ênggènipun rêmên. Dhalang Ki Bicak lajêng pinêjahan. Ringgit
sarta bêndhe tuwin semahipun sami kapêndhêt dhatêng Kyi Agêng Sela, Ki Agêng sarêng
sampun angsal bêndhe botên siyos rêmên dhatêng semahipun dhalang Ki Bicak. Sangêt
kasêngsêmipun dhatêng bêndhe, bêndhe wau kanamakakên Kyai Bicak. Sarta lajêng kaidèn
ing Kangjêng Sunan Kalijaga, yèn bêndhe wau badhe dados wasiyat karaton, sarta badhe
dados têngêraning prang, yèn bêndhe

--- 77 ---

wau katabuh mungêl ngungkung, amêsthi badhe unggul prangipun. Yèn katabuh botên
mungêl, pratôndha badhe asor prangipun.

Kala samantên Kyai Agêng Sela pinuju angêmban putranipun alit, dipun aring-aringi cêlak
wontên ing têtanêmanipun waluh, Kyai Agêng anyamping cindhe botên mawi paningsêt.
Nuntên mirêng rame-rame alok tiyang ngamuk. Kyai Agêng niyat badhe mantuk,
anyèlèhakên putranipun. Nanging tiyang ngamuk kasêlak dhatêng, lajêng anyuduki
dhatêng Ki Agêng, Kyai Agêng botên pasah, nanging Kyai Agêng kasrimpêd ing wit waluh
dhawah kalumah, nyampingipun cindhe udhar saking badanipun dados wuda, Kyai Agêng
nuntên tangi, tiyang ngamuk dipun tampiling pêcah sirahipun sampun pêjah, Kyai Agêng
lajêng andhawuhakên prasapa, benjing ing saturun-turunipun sampun wontên kang
nyamping cindhe, sarta ananêm waluh tuwin adhahar wohipun.

Kacariyos Kyai Agêng Sela sampun pêputra pitu, sampun sami krama, satunggil nama Nyai
Agêng Lurung Têngah, kalih Nyai Agêng Saba, tiga Nyai Agêng Bangsri, sakawan Nyai Agêng
Jati, gangsal Nyai Agêng Patanèn. Nênêm Nyai Agêng Pakisdadu, wuragilipun jalêr nama
Kyai Agêng Ngênis. Sarêng sampun pêputra pitu Kyai Agêng Sêsela seda, dene Kyai Agêng
Ngênis wau

--- 78 ---

inggih sampun pêputra jalêr satunggal, anama Kyai Pamanahan, sampun kakramakakên
angsal putranipun Kyai Agêng Saba ingkang pambajêng, ingkang wuragil jalêr, anama Kyai
Juru Martani, dados Kyai Pamanahan wau kalihan Kyai Juru Martani kaprênah nak-sanak
dados ipe. Kyai Agêng Ngênis amêndhêt anak angkat satunggil jalêr, kaprênah kaponakan
misan, anama Ki Panjawi, kasadherekakên kalihan Ki Pamanahan tuwin Ki Juru Martani,
atut ênggènipun saduluran. Tiyang têtiga wau ing sapurugipun inggih botên pisah, lajêng
sami anggêguru ing Sunan Kalijaga, sêsarênganipun anggêguru Kangjêng Sultan Pajang,
karsanipun Sunan Kalijaga, Sultan Pajang kasadulurakên kalihan tiyang têtiga wau, inggih
sakalangkung sae anggènipun saduluran, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.

Anuntên karsanipun Sultan Pajang Ki Agêng Ngênis kaaturan gêgriya ing Lawiyan. Ki Agêng
inggih sampun adhêdhêkah wontên ing Lawiyan. Sarêng sampun lami Kyai Agêng Ngênis
seda, inggih kakubur ing Lawiyan ngriku. Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi sampun
kaabdèkakên ing Sultan Pajang, kadadosakên lurah tamtama, sakalangkung kanggêp
pangawulanipun, kapitadosan rumêksa pakèwêdipun ing nagari Pajang, sarta sami dipun
[dipu...]

--- 79 ---

[...n] basani kakang dhatêng Sultan Pajang, wondene Kyai Juru damêlipun amung momong
dhatêng Ki Panjawi lan Ki Pamanahan. Ingkang dados pêpatih ing Pajang Ki Mas Mônca,
anama Tumênggung Môncanagara, Ki Wila lan Ki Wuragil sami dados bupati.

Kacariyos Ki Pamanahan sampun apêputra pitu, ingkang jalêr gangsal, ingkang èstri
kêkalih, pambajêngipun anama Radèn Jambu, kalih Radèn Bagus. Tiga Radèn Santri,
sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri, krama angsal
Tumênggung Mayang, wuragilipun èstri taksih alit. Kala samantên Kangjêng sultan Pajang
dèrèng apêputra, putranipun Ki Pamanahan kang nama Radèn Bagus wau kapundhut putra
pambajêng dhatêng Sultan Pajang, sakalangkung dipun sihi, sampun kados putranipun
piyambak. Karsanipun Sultan Pajang kadamêl lanjaran, supados tumuntêna gadhah putra
piyambak.

Ing waktu punika têtiyang Jawi kathah kang sami rêmên anggêguru lampahing agami Rasul,
tuwin anggêguru kadigdayan sarta katêguhan. Guru wau ingkang sampun misuwur kêkalih,
satunggil Kangjêng Sunan Kalijaga, kalih sunan ing Kudus. Sunan Kudus wau muridipun
têtiga, satunggil Pangeran Arya Panangsang ing Jipang, kalih Sunan Prawata, tiga Sultan
Pajang, ingkang dipun sihi piyambak Pangeran Arya Panangsang, kala samantên Sunan
[Suna...]
--- 80 ---

[...n] Kudus pinuju lênggah ing dalêmipun kalihan Pangeran Panangsang, Sunan Kudus
ngandika dhatêng Arya Panangsang, wong ngalapdho guru iku ukume apa. Arya Jipang
matur alon. Ukumipun pinêjahan. Sarèhning kula dèrèng sumêrêp, sintên ingkang gadhah
lampah mêkatên punika. Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata. Arya Panangsang
sarêng mirêng dhawahipun Sunan Kudus lajêng sagah badhe amêjahi ing Sunan Prawata,
nuntên angutus abdinipun kajinêman, anama Rangkud, andikakakên nyidra ing Sunan
Prawata, Rangkud inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Prawata inggih sampun
kêpanggih wontên ing dalêm. Sunan Prawata pinuju gêrah, asêsèndhèn kang garwa, sarêng
aningali dhatêng pun Rangkud Sunan Prawata takèn. Kowe iku wong apa, Rangkud matur,
kula utusanipun Arya Panangsang, andikakakên nyidra ing sampeyan. Sunan Prawata
ngandika, iya ing sakarêpmu, nanging ngamungna aku dhewe kang kopatèni, aja angilok-
ilokake marang wong liyane, Rangkud lajêng anyuduk sarosanipun. Sunan Prawata
jajanipun butul ing gigir, anêrus jajanipun kang garwa, Sunan Prawata sarêng aningali
kang garwa kêtaton. Enggal narik dhuwungipun, anama Kyai Bêthok, kasawatakên dhatêng
Rangkud. Pun Rangkud kabêsèr ing kêmbang kacanging dhuwung niba ing siti lajêng pêjah,
Sunan Prawata lan sagarwanipun [sa...]

--- 81 ---

[...garwanipun] inggih sampun seda, sinêngkalan sedanipun Sunan Prawata 1453. Milanipun
Arya Panangsang purun akèn mêjahi ing Sunan Prawata, sabab ingkang rama Arya
Panangsang sampun dipun pêjahi dhatêng Sunan Prawata, pinuju kondur saking
Jumungahan kacêgat wontên ing margi dhatêng utusanipun Sunan Prawata, anama
Surayata, Ki Surayata wau inggih lajêng dipun pêjahi dhatêng rencangipun ingkang rama
Arya Jipang, punika cariyos kala sedanipun ingkang rama Arya Jipang.

Kacariyos Sunan Prawata wau gadhah sadhèrèk èstri, anama Ratu Kalinyamat. Punika
sangêt anggènipun botên narimah pêjahe sadhèrèkipun jalêr, lajêng mangkat dhatêng ing
Kudus kalihan lakinipun, sumêja nyuwun adil ing Sunan Kudus. Inggih sampun kêpanggih
sarta matur nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus, kakangmu iku wis utang pati
marang Arya Panangsang, samêngko dadi sumurup nyaur bae, Ratu Kalinyamat mirêng
wangsulanipun Sunan Kudus makatên sangêt sakit ing manah, lajêng mangkat mantuk.
Wontên ing margi dipun begal utusanipun Arya Panangsang, lakinipun Ratu Kalinyamat
dipun pêjahi, Ratu Kalinyamat sakalangkung mêmêlas. Sabab mêntas kêpêjahan sadulur,
nuntên kêpêjahan bojo, dados sangêt ênggènipun prihatos. Lajêng martapa awêwuda
wontên ing rêdi [rê...]

--- 82 ---

[...di] Danaraja, kang minôngka tapih remanipun kaore, Ratu Kalinyamat amêdalakên
prasêtya, botên purun angangge sinjang salaminipun gêsang, yèn Arya Jipang dèrèng
pêjah, punapa dene apunagi sintên-sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, Ratu
Kalinyamat badhe ngawula lan sabarang gêgadhahanipun kasukakakên sadaya.

Kacariyos Sunan Kudus, pinuju sawêg rêrêmbagan kalihan Arya Panangsang, Sunan Kudus
ngandika, kakangmu ing Prawata lan Kalinyamat samêngko wis padha mati, nanging durung
lêga atiku, yèn kowe durung jumênêng ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, lan yèn misih
adhimu Sultan Pajang dakkira kowe ora bisa dadi ratu, sabab iku kang amakewuhi. Arya
Panangsang matur, mênawi parêng ing karsa sampeyan, nagari Pajang badhe kula gêbag
ing prang, pun adhi ing Pajang kula pêjahi, supados sampun amakèwêdi. Sunan Kudus
ngandika, karêpmu iku aku ora mrayogakake, sabab bakal angrusakake nagara, sarta akèh
pêpati, dene kang dadi karêpku, kakangmu ing Pajang iku bisaa mati kacidra bae, aja
kawêruhan ing wong akèh. Arya Panangsang matur sakalangkung prayogi, lajêng angutus
abdinipun kajinêman, sami êndikakakên[22] [ênd...]

--- 83 ---

[...ikakakên] nyidra ing Sultan Pajang. Kajinêman inggih nuntên mangkat. Dhatêngipun ing
Pajang wanci dalu, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sultan Pajang pinuju sare, amujung
kampuh, para garwa sami tilêm ing dagan. Kajinêman lajêng nêrajang anyuduki
sarosanipun. Sultan Pajang botên pasah, taksih sakeca sare kemawon. Sanajan kampuh
ingkang kadamêl mujung wau inggih botên pasah, para garwanipun kagèt, tangi lajêng
sami nangis sarta anjêrit. Sultan Pajang kagèt sarta wungu, wungunipun sultan wau
kampuh kang kadamêl mujung anyampyuk dhatêng pandung kang sami nyuduki, pandung
lajêng sami dhawah ing siti agalasahan. Botên wontên kang sagêd kesah, Sultan Pajang
enggal andangu dhatêng kang para garwa, ana apa dene kowe padha nangis pating jalêrit.
Para garwa matur, panjênêngan dalêm kula wastani sampun seda amargi dipun suduki ing
pandung, sultan enggal amundhut damar sarta amurugi panggenaning pandung, pandung
sakawan taksih sami anglungsar wontên ing siti, botên wontên kang sagêd anggulawat.
Sultan enggal andangu, sira iku maling têka ing ngêndi, lan sapa kongkon marang kowe.
Pandung matur balaka. Sultan Pajang ngandika malih, samêngko kowe wis dakapura,
nanging dikêbat tumuli muliha marang Jipang, matura marang gustimu, ênggonmu mêtu
saka ing kadhatonku kene dirikat, sabab mênawa kowe kawênangan marang bocahku kang
padha nganglang, ora wurung kowe [ko...]

--- 84 ---

[...we] dipatèni. Maling sakawan nuntên sami kaganjar arta lan busana, sakalangkung ing
bingahipun, botên nyana yèn dipun gêsangi, lajêng nyêmbah sarta mangkat. Lêstantun ing
lampahipun. Dumuginipun ing Jipang inggih lajêng matur ing gustinipun, yèn lampahipun
botên angsal damêl. Sultan Pajang sakalangkung têguh sarta sakti, botên kenging
sinawawa.

Arya Panangsang sarêng mirêng aturing kajinêman, sangêt susahing manahipun, lajêng
ngaturi uninga ing Sunan Kudus, yèn anggènipun utusan anyidra ing Sultan Pajang botên
angsal damêl. Mênawi parêng saking karsa sampeyan, Sultan Pajang prayogi katimbalan
mriki kemawon, awad badhe kaajak rêrêmbagan bab ngèlmi, yèn sampun dumugi ing ngriki
gampil. Sunan Kudus inggih anuruti ing panuwunipun Arya Panangsang, lajêng utusan
animbali Sultan Pajang. Sultan Pajang sarêng tampi timbalanipun Sunan Kudus
sakalangkung gugup, katimbalan ing guru, nuntên apradandosan. Ki Pamanahan lan Ki
Panjawi enggal angaturi peling ing Sultan Pajang. Aturipun, sampeyan katimbalan dhatêng
ing Kudus punika botên badhe rêrêmbagan bab ngèlmi, kintên kula panunggilanipun
pandung rumiyin punika, sanajan sampeyan sowana dhatêng Kudus, sampun kirang ing
pangatos-atos, prayogi ambêkta sagêlar sapapan. [sapa...]

--- 85 ---

[...pan.] Sultan Pajang sarêng mirêng aturipun Ki Pamanahan lan Panjawi, sakalangkung
suka ing galihipun. Lajêng parentah amêpak dêdamêling prang. Putranipun Ki Pamanahan
kang dipun pundhut putra pambajêng ing Sultan Pajang samangke sampun jaka kumala-
kala, sampun kuwawi angêmbat lawung, sakalangkung dipun sihi ing Sultan Pajang,
kaparingan nama Radèn Ngabèi Saloring Pasar, sarta kadadosakên lurahipun prajurit
tamtama. Bala ing Pajang sarêng sampun samêkta, Sultan Pajang lajêng bidhal lan
sabalanipun, nanging Sultan Pajang lampahipun angrumiyini kalihan bala kang sami
numpak kapal. Dene bala kang sami dharat lumampah ing wingking, ingkang anindhihi
pêpatih ing Pajang, kang nama Tumênggung Môncanagara.

Lampahipun Sultan Pajang sampun dumugi ing Kudus, kandhêg wontên ing alun-alun.
Sampun angaturi uninga têng[23]

1. kalih. (kembali)

2. kalihan. (kembali)

3. sêdhèrèk. (kembali)

4. sadhèrèkipun. (kembali)

5. anglangkungi. (kembali)

6. malês. (kembali)

7. brayatipun. (kembali)

8. pasowanan. (kembali)

9. karêmênên. (kembali)

10. gadhah. (kembali)

11. ampingan. (kembali)

12. Sayidin. (kembali)

13. sakantuning. (kembali)

14. Pinuju. (kembali)

15. Putra kêkalih punika. (kembali)

16. angêdalakên. (kembali)

17. ingkang. (kembali)

18. sapangandhap. (kembali)

19. ahli. (kembali)

20. saka. (kembali)

21. Kadilangu (dan di tempat lain). (kembali)


22. andikakakên (dan di tempat lain). (kembali)

23. dhatêng. (kembali)

--- 86 ---

Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng andhawahi Pangeran Arya Panangsang, êndikakakên
manggihi ing Sultan Pajang, sami pinaraka wontên ing pasowan, angêntosana miyosipun
Sunan Kudus dhatêng ing pasowan. Arya Panangsang inggih sampun dandos angatos-atos,
nuntên mêdal pinarak ing pasowan, sabalanipun tiyang pêpilihan sami wontên ing
wingkingipun. Karsanipun Arya Panangsang, samangsanipun Sultan Pajang dhatêng badhe
dipun tingali dhuwungipun, lajêng kasudukakên, rencangipun lajêng sami tumut
angêrocok. Dene Sultan Pajang wau inggih sampun dipun dhawahi dhatêng utusanipun
Sunan Kudus, andikakakên pinarak wontên ing pasowan kalihan Arya Panangsang, Sultan
Pajang inggih lajêng pinarak wontên ing pasowan. Ki Panjawi lan Ki Pamanahan sarta
Radèn Ngabèi Saloring Pasar sami angampingi kiwa têngên ragi wingking sarta sami
angatos-atos. Sultan Pajang lênggah ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang, sami sawang-
sinawang, Arya Panangsang nuntên pitaken dhatêng Sultan Pajang, adhi, sampun lami kula
botên kêpanggih kalihan sampeyan, sapunika asêsarêngan sowan wontên ing ngriki,
mênggah kang sampeyan agêm punika dhuwung ingkang pundi. Sultan Pajang amangsuli,
dhuwung kula lami. Arya Panangsang wicantên malih, pundi adhi, kula badhe ningali ing
dhuwung sampeyan. Wangkingan lajêng dipun unus, Ki Pamanahan enggal anjawil. Sultan
Pajang igraita,[1] wangkingan sampun kaulungakên dhatêng Arya Panangsang, Sultan Pajang
enggal anarik cothèn sarwi wicantên. Kakang Arya Panangsang, taksih sae dhuwung kula
punika, angungkuli kang sampeyan tingali puniku, Arya Panangsang mèsêm sarwi wicantên.
Tingal kula kang kula cêpêngi punika inggih sae. Sultan Pajang sumaur, ingkang kula
cêpêng punika nama Kyai Carubuk, sanajan sami sae taksih [ta...]

--- 87 ---

[...ksih] ampuh pun Carubuk, luwangipun kang sampun kalampahan sok bucêka mêsthi
pêjah. Kasaru wêdalipun Sunan Kudus, aningali kang sami lênggah angliga dhuwung, Sunan
Kudus enggal anyêlaki sarwi ngandika, iki ana apa dene padha angliga kris. Apa arêp
balantikan, apa arêp ijol kêris, kêbat padha wrangkakna, ora bêcik didêlok ing wong akèh.
Dhuwung inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Sultan Pajang sarta sampun sami
kasarungakên. Arya Panangsang wicantên, layak durung pêsthine ênggonku bakal gawe
rôndha. Sultan Pajang inggih wicantên. Baya durung pêsthine ênggonku bakal awèh
pakaning gagak. Sunan Kudus ngandika, wis aja padha kodawakake cêlathumu iku, padha
atuta ênggonmu padha duwe sadulur, samêngko wis padha muliha marang pasanggrahamu
dhewe-dhewe, besuk samangsane para bupati wis padha pêpak, kowe padha daktimbali.
Sultan Pajang sarta Arya Panangsang lajêng sami mantuk dhatêng pasanggrahanipun
piyambak-piyambak. Arya Panangsang pasanggrahanipun sawetan bêngawan Sore, Sultan
Pajang pasanggrahanipun sakilèn bêngawan Sore, utawi bala ing Pajang ingkang sami
lumampah ing wingking inggih sampun sami dhatêng.

Ing wanci dalu Sultan Pajang pinarak kalihan Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi, Ki
Pamanahan matur, kula mirêng wartos, [war...]

--- 88 ---
[...tos,] ing sasedanipun Sunan Prawata lan raka jêngandika ing Kalinyamat, punika bok
ayu jêngandika ing Kalinyamat sangêt ênggènipun prihatos, amartapa wontên ing rêdi
Danaraja sarta awêwuda, pangandikanipun botên karsa ngagêm sinjang yèn Arya
Panangsang dèrèng pêjah, mênawi sampeyan karsa, sumôngga sami têtuwi. Sultan Pajang
anurut ing aturipun Ki Pamanahan. Inggih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi Danaraja ing
wanci dalu, ingkang andhèrèk Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Radèn Ngabèi Loring
Pasar, dhatêngipun ing rêdi Danaraja kandhêg wontên ing paregolan, sampun kaaturakên
dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Sultan Pajang badhe kêpanggih, dhawahipun Ratu
Kalinyamat. Enggal aturana, nanging surupêna dhingin, yèn aku ora bisa anêmoni sap
mata, aturana lênggah sajabaning kobongan bae, abdi ingkang kadhawahan wau inggih
enggal angaturi ing Sultan Pajang, Sultan Pajang lan rencangipun têtiga inggih sampun
sami lumêbêt, alênggah sajawining kobongan. Ratu Kalinyamat alon ngandika, yayi prabu,
apa ingkang dadi karsamu, dene kowe tilik mrene, Sultan Pajang matur, bakyu, sowan kula
mriki, awit kula mirêng pawartos, yèn sampeyan tilar nagari atapa wontên ing rêdi
Danaraja ngriki sarta botên karsa [kar...]

--- 89 ---

[...sa] ngagêm sinjang, punika punapa ingkang dados prihatos sampeyan. Mênggah
sedanipun kakang ing Kalinyamat tiyang sampun pinêsthi karsa Allah, mênawi parêng mugi
sampeyan bucal ênggèn sampeyan prihatos. Ratu Kalinyamat ngandika, bangêt panrimaku
yayi, ênggonmu amituturi marang aku, nanging wong ujarku wis katrucut kapriye, aku ora
nganggo tapih yèn Si Arya Jipang durung mati, sanajan aku kongsia tumêka ing pati, ya
daklakoni, malah têkamu mrene iku bangêt ênggonku bungah, sarèhning aku wong wadon,
sapa kang dakjaluki pitulung angilangi prihatinku, kajabane kowe, sabab aku wis ora duwe
sadulur manèh, yèn kowe bisa amatèni Si Arya Panangsang, nagara ing Kalinyamat lan ing
Prawata utawa rajabranaku kabèh kaduwea marang kowe, sarta aku angèngèr marang
kowe. Sultan Pajang matur, bakyu, kula ajrih amêngsah pun Arya Jipang, sabab sangêt
ênggènipun sakti sarta têguh. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, sapa kang daktêtangisi
liyane têka[2] kowe, dadi ênggonmu tilik mrene iku tanpa gawe. Ki Pamanahan matur bisik-
bisik ing Sultan Pajang, mênawi pikajêngan kula prayogi dipun pikir rumiyin. Sampeyan
sumadosa ing sadalu mangke karêmbag. Benjing enjing [e...]

--- 90 ---

[...njing] sumôngga sami wangsul. Sultan Pajang inggih anurut, lajêng matur kamanah ing
sadalu mangke, Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sesuk balia mrene têmênan, aku
angarêp-arêp. Sultan Pajang sampun pamit mantuk dhatêng pasanggrahan, Ki Pamanahan
tumut andhèrèk konduripun Sultan Pajang, nanging nuntên wangsul kêpanggih lan Ratu
Kalinyamat, sarta lajêng tinakenan. Adhi Pamanahan, apa ana gawemu dene kowe bali
mrene, Ki Pamanahan matur, bakyu, kula badhe ngaturi pratikêl dhatêng ing sampeyan,
bab anggèn sampeyan mundhut pitulung dhumatêng Sultan Pajang, kala wau kula ningali
abdi sampeyan èstri kêkalih, sami ayu warninipun. Punika benjing-enjing sami sampeyan
paèsi, yèn Sultan Pajang dhatêng mriki sampeyan kèn linggih cakêt kobongan ngriki, mila
makatên, watêkipun Sultan Pajang yèn aningali tiyang èstri ayu lajêng gadhah kakêndêlan,
amêsthi lajêng sagah amêjahi dhatêng Arya Jipang, yèn tiyang èstri wau sampeyan
paringakên. Amung punika ênggèn kula prêlu wangsul mriki, Ratu Kalinyamat mèsêm sarwi
ngandika, bangêt panarimaku adhi, ênggonmu awèh pratikêl mêngkono iku, sarta bakal tak
turuti. Ki Pamanahan sampun pamit mantuk dhatêng ing pasanggrahan.

Ing enjingipun Sultan Pajang apirêmbagan kalihan Ki Panjawi [Pa...]


--- 91 ---

[...njawi] lan Pamanahan. Sultan Pajang ngandika, kadospundi kang dados rêmbag dika
prakawis pamundhute pitulung kakang bok ing Kalinyamat. Ki Pamanahan matur, ing
pamanah kula prayogi dipun sagahi, sabab ingkang kawajiban têtulung amung sampeyan.
Sampeyan môngsa kêkirangana budi, abdi sampeyan para bupati sapangandhap sami
tinantun, sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, sampeyan êbang kaganjar nagari tuwin
rajabrana, mokal yèn botên wontêna kang sagah. Sultan sarêng mirêng ature Ki
Pamanahan sakalangkung lêga galihipun. Lajêng ngandika, kakang mangke dalu sawêg sami
wangsul. Kakang bok mêsakake, supados mantuna susahipun. Sarêng ing wanci dalu lajêng
sami mangkat dhatêng ing rêdi Danaraja, sadhatêngipun ing ngriku Sultan Pajang kagèt
aningali tiyang èstri ayu kêkalih, sami alênggah sakiwa têngêning kobongan. Sultan sangêt
kagimir ing galihipun, lajêng nolih pitakèn dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, tiyang ayu
kalih punika bojone sintên. Dene rupine ayu têmên. Kula dèrèng nate tumon. Ki
Pamanahan matur, pandugi kula kalangênanipun raka jêngandika ing Prawata suwargi,
Sultan Pajang ngandika malih, upaminipun kula suwun, kakang bok punapa parêng, Ki
Pamanahan matur, pangandikanipun bok ayu jêngandika rumiyin. sampun [sampu...]

--- 92 ---

[...n] ingkang warni tiyang èstri, sanajan sanèsipun inggih parêng, yèn sampeyan sagêd
anglêgani ing pamundhutipun. Ratu Kalinyamat nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang,
kêpriye adhi, têkamu mrene iku apa wis olèh pikir kang prayoga ing panjalukku wingi.
Sultan Pajang matur, bakyu, sampeyan sampun kuwatos, ingkang eca kemawon galih
sampeyan. Kula kang sagah mêjahi pun Arya Panangsang, nanging tiyang èstri kêkalih
punika kula suwun, kang sami lênggah cakêt kobongan. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi,
aja sing wong wadon iku yèn ora dakwèhêna, sanajan nagara Kalinyamat lan ing Prawata
utawa rajabranaku kabèh ya dak wènèhake, sok uga kowe anglêganana ing panjalukku,
èstri kêkalih wau lajêng kaparingakên, êndikakakên sami lênggah ing ngarsanipun sultan.
Inggih sampun sami majêng alênggah tumungkul. Mênggah èstri kêkalih punika
sayêktosipun taksih gadhah laki, semahipun kajinêman ing Prawata. Sultan Pajang sarêng
sampun tampi èstri kêkalih lajêng matur, bakyu, sampun sumêlang galih sampeyan. Pun
Arya Jipang amêsthi pêjah dening kula. Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sapa kang
dakandêlake kajabane kowe. Sultan Pajang sampun pamit kondur dhatêng pasanggrahan,
sarta ambêkta èstri kêkalih. [kêka...]

--- 93 ---

[...lih.] Wondene kajinêman ingkang gadhah bojo wau ing wanci dalu sami anyidra dhatêng
Sultan Pajang, sarta ambêkta prikancanipun kajinêman tiga dados tiyang sakawan. Sultan
pinuju sare, lajêng dipun suduki dhatêng kajinêman sakawan, nanging botên pasah, ing
sawungunipun sultan, kajinêman sakawan sami angaturakên tobat. Sultan inggih aparing
pangapuntên sarta sami kalilan mantuk, lan sampun anglilakakên bojonipun.

Ing enjingipun Sultan Pajang andhawahakên parentah dhatêng abdinipun sadaya, sintên
ingkang purun amêngsah sarta sagêd amêjahi dhatêng Arya Jipang, Sultan badhe angganjar
nagari ing Pathi lan ing Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri botên wontên ingkang
sagah, sabab sami ajrih dhatêng Arya Panangsang. Sultan Pajang nuntên dhawah
angundhangakên dhatêng sawarninipun tiyang ing nagari tuwin tiyang dhusun. Sanajan
tiyang pangarit, yèn sagêd amêjahi Arya Panangsang, amêsthi kaganjar nagari ing Pathi lan
Mataram.
Kacariyos Ki Panjawi lan Ki Pamanahan, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring
Pasar, pinuju sami kalêmpakan wontên griyanipun Ki Pamanahan. Ki Juru pitakèn wartos.
Ki Pamanahan sumaur, kala wau sang nata andhawahakên sayêmbara, sintên tiyang [ti...]

--- 94 ---

[...yang] ingkang amêjahi Arya Panangsang, amêsthi dipun ganjar nagari ing Pathi lan
Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri sami ajrih sadaya, dados dèrèng wontên
tiyang ingkang gadhah kasagahan. Ki Juru wicantên malih, rêmbag kula prayogi sampeyan
sagah tiyang kêkalih lan Ki Panjawi, sabab nagari ing Pathi lan Mataram wau eman sangêt
yèn ngantosa kenging ing tiyang sanès. Ki Pamanahan sumaur, ki ipe, gampil yèn tiyang
tampi ganjaran mêkatên, balik ênggènipun mêjahi Arya Panangsang kadospundi. Ki Juru
Martani wicantên malih, upami tiyang ngabên sawung, yèn botohipun sagêd, amêsthi
sawungipun inggih mênang, makatên malih tiyang pêpêrangan, yèn dhasar sagêd
anggènipun angreka senapatinipun, amêsthi pêrangipun inggih mênang, sarèhning kula
sampun sumêrêp ing watêkipun Arya Panangsang, sangêt ing wantêripun sarta panasbaran.
Pikajêngan kula, Arya Panangsang wau badhe kula kintuni sêrat panantang, kula purih
dhatênga piyambak, sampun ambêkta bala, yèn sampun dhatêng lajêng kula karubut lan
santana kula sadaya, amêsthi inggih pêjah, bilih sampeyan sampun marêngi ing pirêmbag
kula punika benjing-enjing sumôngga sami sowan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi inggih sami
miturut ing pirêmbag wau.

Sarêng enjing tiyang sakawan lajêng samai sowan. Para bupati [bu...]

--- 95 ---

[...pati] mantri inggih sampun pêpak sami sowan. Sultan andangu dhatêng para bupati,
sapa kang sanggup amungsuh sarta amatèni marang Arya Panangsang, aturipun para bupati
botên wontên ingkang sagah. Ki Pamanahan matur, kula kalihan pun adhi Panjawi ingkang
sagah amêngsah prang lan pun Arya Jipang, panjênêngan dalêm aningalana saking
katêbihan kemawon. Ingkang anadhahi pêrangipun kula piyambak lan santana kula, mila
makatên, samangsanipun panjênêngan dalêm katingal dhatêng pun Arya Panangsang,
amêsthi panjênêngan dalêm kemawon kang dipun têmpuh, botên angopèni ing tiyang
kathah. Sultan Pajang sarêng mirêng sakalangkung suka sarwi ngandika, sokur kakang, dika
piyambak ingkang sagah amêngsah pun Arya Jipang, nagari ing Pathi lan Mataram êmpun
kaliya, lan reka dika kadipundi. Ki Pamanahan matur, benjing-enjing bala ing Pajang
sadaya sami angrakita gêgaman. Nanging wontêna ing pasanggrahan kemawon. Kula lan
sasantana kula piyambak ingkang lumampah prang. Sultan inggih anuruti ing aturipun Ki
Pamanahan.

Sarêng enjing Ki Pamanahan lan Panjawi, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi
Loring Pasar sarta sakulawangsanipun sadaya, watawis tiyang kalih atus. Lajêng sami
mangkat dhatêng sakilèning banawi cakêt, sarta sampun sami angatos-atos. Ki Pamanahan
kalih Ki

--- 96 ---

Panjawi, tiga Ki Jurumartani, lajêng sami kesah tanpa bala, anjujug panggenan
pangaritan, angupados pakathik ngarit. Nuntên wontên pakathik mêncil satunggal. Lajêng
dipun pitakèni dhatêng Ki Pamanahan. Kowe iki pangarite sapa, ki pakathik sumaur, kula
gamêlipun Adipati Jipang, ingkang angêritakên titihanipun anama Gagak Rimang, Ki
Panjawi sarêng mirêng yèn punika gamêlipun Arya Panangsang, enggal dipun tubruk
dhatêng Ki Panjawi, pakathik botên sagêd polah. Ki Pamanahan wicantên sarta mèsêm. Ki
sanak, kula nêdha maklum dika, kuping dika niku kula jaluke sisih kemawon. Ki pakathik
sumaur, ah puniku dede padu, kuping ajêng dika jaluk. Angur dika mundhuta kranjang
sarta arit, pêsthi kula sukakakên. Ki Pamanahan wicantên malih, yèn dika botên awèh kula
jaluk, ênggih bakal kula tuku, sapintên rêgane. Ki pakathik sumaur, sanajan dika tukua
kula inggih botên awèh, kula botên melik yatra, lan saumur kula dèrèng nate wade kuping.
Ki Pamanahan wicantên malih, angur êndi kowe tak tuwêk. Pakathik inggih lajêng
nyumanggakakên kupingipun. Nuntên dipun paringi yatra gangsal wêlas reyal, kupingipun
pinêrung sasisih, ingkang sasisih kinanthilan sêrat panantang, dipun kèn ngaturakên ing
gustinipun. Ki pakathik [pa...]

--- 97 ---

[...kathik] nuntên lumajêng mantuk dhatêng wetan banawi, sadhatêngipun ing


pasanggrahan anêrak abdinipun Arya Panangsang kang sami sowan. Pêpatih ing Jipang
anama Ki Mataun sakalangkung kagèt, aningali pakathikipun sang dipati agubras rah,
kupingipun pinêrung sasisih sarta kakalung sêrat, lumajêng sumêja sowan ing gustinipun.
Nuntên dipun kèn nyêpêng dhatêng Ki Mataun, badhe dipun pitakèni, ki pakathik budi,
kêdah lumêbêt sowan ing gustinipun.

Kala samantên Arya Panangsang pinuju dhahar, kagèt mirêng rame ing jawi, lajêng akèn
nimbali Ki Mataun. Arya Panangsang ngandika, Mataun, apa kang dadi rame-rame ing jaba
iku, Ki Mataun matur, bêndara, mugi sampeyan dumugèkakên ênggèn sampeyan dhahar,
mangke kemawon kula matur, sabab wartos botên sae. Mila Ki Mataun matur makatên,
sabab sumêrêp watêking gustinipun, yèn sangêt panasbaran sarta kêndêl. Samangsanipun
sampun sumêrêp ing wartos wau botên wande nuntên mangkat atilar bala. Arya Jipang
ngandika, Mataun enggal tutura marang aku aja anganggo wêdi, Ki Mataun inggih dèrèng
purun, matur kèndêl kemawon. Nuntên pakathik wau ucul ênggènipun sami nyêpêngi,
lumêbêb[3] sowan ing ngarsanipun sang adipati. Arya Jipang enggal andangu, iku

--- 98 ---

wong apa dene awake gubras gêtih. Ki Mataun matur sarwi nêmbah, inggih punika ingkang
dados gumêdêr ing jawi wau, gamêl sampeyan dipun pêrung kupingipun sasisih, sarta
kinalungan sêrat. Sêrat lajêng pinundhut tinampèn ing asta kiwa, astanipun têngên taksih
angêpêl sêkul. Sêrat winaos, ungêlipun, pèngêt, layang ingsun Kangjêng Sultan Pajang,
tumêkaa marang Arya Panangsang, liring layang, yèn sira nyata wong lanang sarta kêndêl,
payo prang ijèn, aja anggawa bala, nyabranga marang sakulon bêngawan saiki, sun êntèni
ing kono. Arya Panangsang sasampuning maos sêrat sakalangkung dukanipun. Wadananipun
dados rah, ambêngipun kabithi sarwi angêpêl sêkul. Panjang ambêng sigar dados kêkalih,
Arya Panangsang enggal jumênêng angrasuk busananing prang, sarta akèn ngambili
titihanipun anama Gagak Rimang, nuntên nitih titihan sarwi mandhi waos anama
Dhandhang Mungsuh, Ki Mataun matur, bêndara, sampeyan kèndêla sakêdhap,
angêntosana bala, mila makatên, sampeyan punika mêsthi badhe kenging ing gêlar utawi
paekan. Arya Panangsang botên amirêngakên aturipun Ki Mataun, malah sangsaya sangêt
dukanipun kados dipun unggar-unggar. Nuntên wontên saduluripun nèm Arya Panangsang
anama Arya Mataram, enggal murugi sarta matur, kakang, sampeyan kèndêl rumiyin,
[rumiyi...]

--- 99 ---
[...n,] angêntosana bala. Arya Panangsang ngandika, wis mênênga, aja carèwèt, aku ora
wêdi, wis jamake wong prang iku dikarubut ing akèh. Ingkang rayi taksih matur kathah-
kathah. Arya Panangsang ngandika bêngis. Wis lungaa, aku ora ngajak kowe, sabab kowe
sadulurku seje biyung, amêsthi ora kêndêl kaya aku, Arya Panangsang anyèmêthi
kudanipun sampun nyandêr ijèn. Arya Mataram mantuk sangêt sakit manahipun. Ki Mataun
nututi botên kacandhak. Sabab sampun sêpuh sarta gadhah sakit mêngi. Lampahipun Arya
Panangsang sampun dumugi sawetaning bêngawan sore cakêt. Kacariyos wêwalêripun
tiyang ingkang rumiyin-rumiyin, yèn tiyang ajêng-ajêngan badhe pêrang, sintên ingkang
nyabrang bênawi punika amêsthi apês pêrangipun.

Wondene Ki Pamanahan, kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, lan
sabalanipun sadaya inggih sampun sami mirantos wontên sakilèn bênawi cakêt. Sampun
sami aningali yèn Arya Panangsang dhatêng ijèn. Tiyang Sêsela sami suka ing manahipun.
Arya Panangsang wicantên sêru, hèh wong Pajang, sapa kang awèh layang panantang
marang aku, dikêbat nyabranga mangetan, aku karubutên ing akèh, lan wis dhêdhêmênaku
yèn prang dikarubut ing akèh. Tiyang

--- 100 ---

ing Sêsela sami sumaur, iya gustiku Sultan Pajang kang awèh layang nyang kowe, yèn kowe
nyata kêndêl nyabranga mangulon dikêbat, dak kêmbari padha siji. Arya Panangsang
mirêng sêsumbar makatên talinganipun kados sinuwèk. Sangêt ing nêpsunipun. Titihanipun
enggal dipun gêbrag sarta cinamêthi, kagêbyurakên ing toya, kuda inggih lajêng anglangi,
gigiripun botên têlês. Panglangining titihanipun Arya Panangsang sampun dumugi ing
pinggir kilèn. Lajêng sami dipun sanjatani, tuwin binêngkolang dhatêng tiyang Sêsela,
wontên kang nalorong waos, nanging botên kenging. Titihanipun Arya Panangsang nuntên
cinamêthi malumpat saking toya, dumugi satêngahe barisipun tiyang Sêsela, kathah kang
rêbah katunjang ing titihanipun Arya Panangsang, kapal lajêng anyepaki sarta ambrakot.
Ingkang nitih inggih angamuk kalihan waos. Tiyang Sêsela kathah kang tatu tuwin pêjah.
Arya Panangsang ngamuk sarwi wicantên. Si Karèbèt ana ngêndi, kang sanggup angêmbari
prang karo aku, dene ora nana katon. Arya Panangsang dangune ngamuk tansah amungsêng
ngupadosi ing Sultan Pajang kemawon.

Arya Panangsang nuntên kinarubut ing kathah, dipun tumbaki saking kiwa têngên tuwin
ngajêng wingking, Arya Panangsang sampun tatu lambungipun têngên, ususipun mêdal.
Lajêng kasampirakên [kasampira...]

--- 101 ---

[...kên] ing ukiraning dhuwung, sarta sangsaya riwut pangamukipun, botên nêja gêsang,
tiyang ing Sêsela tuwin tiyang tamtana sangsaya kathah kang tatu tuwin pêjah, Radèn
Ngabèi Loring Pasar enggal badhe amêthukakên pêrangipun Arya Panangsang anitih bêlo,
bêbathilan surinipun, sarta amandhi waos nama Kyai Plèrèd. Ki Pamanahan kalih Ki
Panjawi, tiga Ki Juru sami anjagèni ing wingkingipun, sampun ajêng-ajêngan lan Arya
Panangsang. Kyai Juru enggal anguculakên kuda èstri, kudanipun Arya Panangsang sarêng
aningali kuda èstri lajêng bigar thakur-thakur, mobat-mabit, nujah-nujah, titihanipun
Radèn Ngabèi lajêng bandhang ngantos sapambalang têbihipun. Radèn Ngabèi mèh dhawah
lajêng angrangkul guluning kapal. Sarêng kapal sampun kèndêl, Radèn Ngabèi enggal
tumurun sarta anuntun kapal. Radèn Ngabèi andhawahakên prasapa, besuk ing saturunku,
yèn pêrang, aja ana kang nunggang jaran bêbathilan. Sabab bakal anêniwasi. Kapal
sampun kasukakakên ing rencangipun, Radèn Ngabèi umangsah dharat, sarta amandhi
waos Kyai Plèrèd. Sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Arya Panangsang wicantên.
Sapa jênêngmu wong nonoman amapagake pêrangku, angur mundura, eman mênawa mati,
Si Pajang undangên kang sanggup prang ijèn karo aku, nanging titihanipun Arya [Ar...]

--- 102 ---

[...ya] Panangsang wau taksih mobat-mabit sarta thakur-thakur dados botên kaur[4] [ka...]

--- 103 ---

[...ur] mapanakên waosipun. Lajêng dipun waos dhatêng Radèn Ngabèi dhadha têrus ing
gigir, kapalipun inggih sampun pêjah karampog, jisimipun lajêng dipun saèni dhatêng
têtiyang ing Sela, Radèn Ngabèi waosipun pugut sabêras. Botên antawis dangu Ki Mataun
dhatêng angamuk, tinadhahan karampog ing têtiyang kathah sampun pêjah, sirahipun
kakêthok lajêng dipun panjêr sapinggiring lèpèn. Kala samantên sinangkalan 1471,
anuntên bala ing Jipang dhatêng sagêgamanipun sakalangkung kathah, kandhêg
sapinggiring lèpèn, sampun sami kamirêngan yèn gustinipun sarta Ki Mataun sampun pêjah,
Radèn Ngabèi enggal ngandika sarta astanipun angawe saking pinggir kilèn bênawi, hèh
wong Jipang yèn kowe durunga[5] sumurup, bêndaramu sarta pêpatihe wis padha mati,
êndhase tak panjêr iki dêlêngên. Kang bakal korêbut apa, luwih bêcik padha nungkula bae
marang aku, sabab kowe wong cilik. Amêsthi ora sumurup apa-apa, dene Ki Mataun patut
yèn belaa mati, awit milu mukti ing bêndarane. Tiyang ing Jipang sadaya sarêng mirêng
nuntên sami sumêja nungkul. Sampun sami ambongkoki gêgaman, lajêng sami anyabrang
mangilèn, asowan ing Radèn Ngabèi, sampun kabêkta dhatêng ing pasanggrahan.

Sarêng ing wanci dalu Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi,
sami pirêmbagan bab ingkang amêjahi Arya Panangsang, Ki Juru wicantên dhatêng Ki
Pamanahan. Kadospundi pamikir sampeyan. Sarèhning kang mêjahi Arya Panangsang Radèn
Ngabèi, punapa badhe sampeyan aturakên ing sayêktosipun dhatêng kangjêng sultan. Ki
Pamanahan amangsuli, ki ipe, tiyang dhasar punika ingkang mêjahi Arya Panangsang, kula
inggih badhe matur ing sayêktosipun kemawon. Kyai Juru wicantên malih, ing pamanah
kula prayogi sampeyan kang angangkênana mêjahi dhatêng Arya Panangsang, kalih Ki
Panjawi, mila makatên, ing samangsanipun sampeyan aturakên Radèn Ngabèi kang mêjahi
Arya Panangsang, botên wande badhe dipun ganjar busana kang adi-adi kemawon
sapanunggilanipun. Mêsthi badhe botên kaganjar nagari, sabab Radèn Ngabèi punika taksih
lare, amêsthi rêmên ing busana kang sae-sae, kaping kalihipun sampun kapundhut putra
pambajêng ing kangjêng sultan. Amêsthi kangjêng sultan kenging angganjar ing sakarsa-
karsanipun kemawon. Bilih sampeyan kang ngangkêni, sarta Ki Panjawi, inggih badhe siyos
tampi ganjaran nagari ing Pathi lan Mataram. Ki Pamanahan lan Panjawi sarêng mirêng
wicantênipun Ki Juru salangkung bingah

--- 104 ---

manahipun, sarta amiturut. Utawi Radèn Ngabèi inggih sampun miturut ing pirêmbag wau
sarta lajêng dipun umumakên dhatêng balanipun sadaya, yèn ingkang amêjahi Arya
Panangsang Ki Pamanahan lan Ki Panjawi.

Ing enjingipun nuntên bidhal saking ngriku sumêja sowan ing Sultan Pajang sarta angirit
tiyang Jipang kang sami têluk. Sadhatêngipun ing ngarsane Kangjêng sultan, enggal
kadangu, Kakang Panjawi Pamanahan, napa dika padha oleh gawe, Ki Pamanahan matur,
yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi prang dipun but kalih, lan Ki Panjawi, sarta
angaturakên tiyang Jipang kang sampun sami nungkul. Kangjêng sultan sakalangkung suka,
lajêng andangu dhatêng Mantri ing Jipang, Mantri Jipang, Si Arya Panangsang biyèn duwe
sadulur nom, jênênge Arya Mataram. Samêngko ana ngêndi. Mantri Jipang matur nêmbah,
gusti, kalanipun Arya Panangsang badhe mangkat pêrang, Arya Mataram matur
anggêgondhèli, ingkang raka kapurih angêntosana bala, nanging lajêng dipun dukani
kathah-kathah dhatêng ingkang raka, Arya Mataram sakit manahipun lajêng kesah, kula
botên sumêrêp ing purugipun. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan.
Kakang êmpun bangêt tarima kula marang dika lan marang si kakang Panjawi, mungguh
ganjaran kula nagara ing Pathi lan Mataram, dika dum dhewe lan Ki Panjawi, sarèhning
dika kang tuwa kula lilani yèn miliha dhingin, pundi kang dika

--- 105 ---

sênêngi. Ki Pamanahan matur, sarèhning kula dados sêpuh pantês angawon. Kula milih
kang taksih dados wana kemawon. Pun adhi Panjawi anampanana ing Pathi kang sampun
dados nagari, sarta kathah tiyangipun. Kula ing Matawis ingkang taksih dados wana. Sultan
ngandika malih, yèn êmpun padha narima ing sakarone, si kakang Panjawi tumuli
mangkata marang ing Pathi saka ing ngriki kemawon. Nagara ing Pathi dèn tataa kang
bêcik. Dene nagara Mataram besuk yèn kula êmpun mulih marang ing Pajang bakal kula
wèhake marang si kakang Pamanahan. Lan malihe kakang Pamanahan, dika êmpun mulih
barêng lan kula, dika mênyang ing Danaraja dhingin, angaturana uninga marang kakang
bok, yèn Si Arya Panangsang êmpun mati dene dika lan Si kakang Panjawi, kakang bok kula
aturi luwar anggènipun tapa, tumuli ngagêma sinjang, dika êmpun lawas-lawas, nuli dika
mulih. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng sami mangkat, kangjêng sultan kondur
dhatêng Pajang, Ki Panjawi dhatêng ing Pathi, Ki Pamanahan dhatêng ing rêdi Danaraja.
Lampahipun Ki Panjawi sampun dumugi ing Pathi, lajêng anama Kyai Agêng Pathi sarta
sampun mukti, kala samantên kathahipun têtiyang ing Pathi salêksa.

Dene lampahipun Ki Pamanahan inggih sampun dumugi ing rêdi Danaraja, lajêng matur
dhatêng Ratu Kalinyamat, [Kalinyama...]

--- 106 ---

[...t,] yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi pêrang kalihan piyambakipun sarta
Panjawi. Ratu Kalinyamat sarêng mirêng sakalangkung bingah manahipun, enggal angagêm
sinjang sarta lajêng ngandika, sokur adhi yèn Si Jipang wis mati dening kowe, sarta kowe
wis wajib dakngèngèri, ing mêngko nagara Kalinyamat lan ing Prawata tampanana. Ki
Pamanahan matur, bakyu, kula sampun dipun ganjar nagari Matawis. Pun adhi Panjawi ing
Pathi, dene nagari ing Kalinyamat lan Prawata inggih katura ing rayi sampeyan kangjêng
sultan kemawon. Ratu Kalinyamat ngandika malih, adhi, yèn kaya mangkono, rajabranaku
iki kabèh bae tampanana, gawenên mragadi ênggonmu bakal andandani nagara Mataram.
Ki Pamanahan matur, rajabrana punika kula inggih botên ajêng, sadaya inggih prayogi
katur ing kangjêng sultan, amung ingkang nama pusaka kemawon, kenginga kula suwun
piyambak ing sampeyan. Ratu Kalinyamat ngandika sarta angulungakên. Ênya adhi, amung
rupa ali-ali loro iki pusakaku, kang siji mirah, jênêng Si Mênjanganbang, kang siji intên,
jênêng Si Uluk. Ki Pamanahan nampèni sarta matur nuwun. Ratu Kalinyamat ngandika
malih, nanging wêkasku adhi, dirêmit ênggonmu angrawati pusaka iku, supaya yayi prabu
aja sumurup. Ing samangsane kongsi kawuningan, [kawuninga...]

--- 107 ---

[...n,] amêsthi bakal andadekake ing kaluputanamu, karo dene wong wadon iki tampanana
kabèh, iku kabèh tilas sêsêngkêrane kakangmu swargi ing Kalinyamat lan Prawata, aku
ngèngèhana kang tuwa-tuwa bae, supaya anaa kang angladèni aku. Ki Pamanahan aturipun
sandika, lajêng pamit sarta ambêkta tiyang èstri tuwin, rajabrana, lampahipun Ki
Pamanahan mampir ing Sêsela, anantun dhatêng para santananipun, kaajak gêgriya ing
Matawis. Para santananipun ing Sêsela wau ingkang sami trêsna inggih lajêng sami tumut,
kathahipun kalih bêlah atus.

Ki Pamanahan sampun bidhal saking ing Sêsela, dumuginipun ing Pajang lajêng sowan ing
kangjêng sultan, angaturakên ênggènipun kautus dhatêng ing rêdi Danaraja, sarta
angaturakên rajabrana tuwin tiyang èstri kang saking Kangjêng Ratu ing Kalinyamat. Sultan
Pajang ngandika, bangêt panarima kula kakang marang dika, olèh-olèh dika niku dika êpèk
dhewe, kula botên ajêng, sabab kêkaya dika marang kula êmpun akèh, patine Si Arya
Panangsang sarta sanagarane, amung wong wadon iku kemawon kula pilihane, mênawa
ontên kang kula sênêngi bakal kula pundhut. Ki Pamanahan aturipun sakalangkung ing
panuwunipun, sarta sawarninipun tiyang èstri wau inggih lajêng sami kasowanakên
[kasowanakê...]

--- 108 ---

[...n] ing ngarsanipun kangjêng sultan. Kangjêng sultan inggih nuntên amilih, amung
satunggil ingkang dipun sênêngi, nanging taksih alit. Sultan ngandika dhatêng Ki
Pamanahan. Kakang, bocah wadon siji niku kemawon kula pundhut, nanging kula titipake
marang dika, dika rêksa kang bêcik, besuk yèn êmpun birahi kula pundhut dika aturake
marang kadhaton. Ki Pamanahan aturipun sandika. Kangjêng sultan ngandika malih
dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, dika mulih kemawon dhingin. Besuk yèn kula miyos
sinewaka, tanah Mataram bakal kula paringake marang dika. Ki Pamanahan aturipun
sandika inggih lajêng mantuk.

Kacariyos sampun langkung saking antawis ing laminipun, kangjêng sultan ing sabên-sabên
inggih miyos sinewaka, nanging botên ngandika bab tanah Matawis. Ki Pamanahan sangêt-
sangêt ing pangajêng-ajêngipun anggènipun badhe tampi ganjaran tanah ing Matawis. Kyai
Juru tansah pitutur akèn sabar, sabab botên wontên adatipun ratu cidra ing
pangandikanipun, nanging Ki Pamanahan sampun isin aningali ing tiyang kathah sarta èngêt
ing sakiting manahipun dhatêng kangjêng sultan, amargi dipun cidrani. Kala samantên Ki
Pamanahan kesah saking nagari adhêdhêkah ing dhusun Kêmbang Lampir amêrtapa wontên
ing ngriku, sarêng sampun antawis lami, anuntên Susunan [Su...]

--- 109 ---

[...sunan] Kalijaga têdhak dhatêng Kêmbang Lampir, atêtuwi ing Ki Pamanahan. Ki


Pamanahan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang pandhita, sampun sami tata lênggah,
sang pandhita ngandika, yagene sira têka dhêdhukuh ana ing kene, aninggal marang si
thole ing Pajang. Ki Pamanahan matur, kilap punapa sampeyan, ing sadèrèngipun kula
matur, amêsthi sampeyan sampun sumêrêp. Sang pandhita mèsêm sarwi ngandika, ingsun
ya wis wêruh kang dadi karêpira, sira aja susah tutur, payo sira milua marang ingsun,
ingsun sebakake marang si thole ing Pajang, sarèhning sira sadulur tunggal guru karo si
thole ing Pajang, ingsun amêsthi patut angrukuna ênggone padha saduluran. Supaya aja
ana kang bênggang ing karêp. Sang pandhita wau lajêng mangkat dhatêng Pajang, Ki
Pamanahan inggih andhèrèk. Dumarojog dhatêng ing kadhaton, botên mawi larapan.
Sultan pinuju lênggah, sarêng aningali sang pandhita dhatêng enggal amêthuk, sarta
anyungkêmi sukunipun. Nuntên kabêkta lênggah, sang pandhita ngandika dhatêng
kangjêng sultan. Thole sultan, yagene sira cidra ing jangjinira marang kakangira
Pamanahan. Sira wis sanggup angganjar tanah Mataram timbangane ing Pathi, kakangira Ki
Panjawi wis anampani ing Pathi, Ki Pamanahan durung anampani ing Mataram. Sultan
Pajang matur, milanipun [milani...]

--- 110 ---

[...pun] ing Matawis dèrèng kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, dene taksih
cêngkar bana, lan sakêdhik tiyangipun. Sêja kula pun kakang Pamanahan badhe kula sukani
nagari sanèsipun, kula pilihakên kang sampun kathah tiyangipun, sarta kang rêja. Sang
pandhita sampun sumêrêp ingkang dados pakèwêding galihipun Sultan Pajang, nanging
botên purun amêlèhakên. Sang pandhita lajêng ngandika, yagene sultan, Ki Pamanahan
badhe sira wèhi nagara liya, wong wis dadi jangjinira dhewe, yèn ing Pathi lan Mataram
iku kang môngka ganjaran. Ing samangsane Ki Pamanahan sira wèhi nagara liyane ing
Mataram. Dadi sira kêna diarani ratu cidra, ing saiki tumuli ing Mataram paringna marang
Ki Pamanahan, supaya aja ana kang marêngut, tulusa ênggonira saduluran. Sultan Pajang
dangu anggènipun botên amangsuli dhatêng sang pandhita akèndêl kemawon. Yèn
sampuna ajrih ing guru, amêsthi ing Mataram botên siyos kaparingakên dhatêng Ki
Pamanahan. Ing wêkasan alon matur, milanipun ing Matawis badhe botên kula sukakakên
dhatêng kakang Pamanahan, kula mirêng wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Matawis benjing
badhe wontên ingkang jumênêng ratu agêng kados kula. Sang pandhita ngandika, yèn kang
dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangira

--- 111 ---

Ki Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni, payo thole Pamanahan, sira
prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni. Ki Pamanahan enggal matur
prasêtya, sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe
jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak
kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên
ingkang sumêrêp ing karsaning Allah. Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wis
cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni. Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga
galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar
keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram
dika tampani, nanging taksih dados alas. Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta
sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, thole Pamanahan, sira nuli ngaliha
marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran
lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih, sang pandhita sampun mangkat. Ki
Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan.

--- 112 ---

Kacariyos Ki Pamanahan sampun pêputra pitu, pambajêngipun anama Radèn Ngabèi Loring
Pasar, kalih Radèn Jambu, tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn
Kadhawung, nênêm èstri krama angsal Tumênggung Mayang ing Pajang, pitu èstri krama
angsal Arya Dhadhaptulis ing Pajang, putra èstri kêkalih wau sami tumut lakinipun, botên
tumut dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun anggènipun pradandosan, Ki Pamanahan lajêng sowan nyuwun pamit ing
sang nata, lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya, sadhatênge ing ngarsanipun
sultan. Ki Pamanahan anyuwun pamit sarta sêsalaman. kangjêng sultan ngandika, inggih
kakang, mugi salamêta ingkang mangkat, ingkang kantun inggih salamêta, Ki Juru inggih
sampun jawab tangan kalihan sang nata, tuwin garwa putranipun Ki Pamanahan sarta
santananipun sami angujung gêntos. Radèn Ngabèi Loring Pasar arêrangkulan kalihan
putranipun pambajêng kangjêng sultan kang nama Pangeran Banawa, kalih-kalihipun sami
ambrêbês mili. Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun tuwina[6]

santananipun sadaya sampun mangkat saking Pajang, asêlur rêmbatan tuwin gotongan.
Sadandosanipun tiyang gêgriya botên kantun. Lampahipun sakalangkung rêmbênipun. Kala
samantên sampun dumugi ing Taji, lajêng sami kèndêl alênggah sangandhaping waringin.

--- 113 ---

Kacariyos Ki Agêng ing Karanglo, sampun sumêrêp yèn Ki Pamanahan boyong dhatêng ing
Matawis. Ki Agêng Karanglo sumêja asêsêgah sêkul sarta pêcêl pitik jangan mênir, Ki
Agêng Karanglo lan garwanipun sampun dumugi ing Taji, lajêng sêsalaman sarta matur
dhatêng Ki Pamanahan. Kula angaturi sêsêgah sêkul, sarta pêcêl pitik jangan mênir,
supados dadosa jêjampining lêsu. Ki Pamanahan mangsuli, inggih kisanak, sangêt ing
panarima kula ing sih jêngandika, Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun lajêng sami
dhahar, waradin lan sabrayatipun sadaya, sami tuwuk. Ki Pamanahan angandika, bangêt
panarima kula adhi, ênggèn kula nêdha lan sabrayat kula sadaya sami eca sarta tuwuk,
dados kula rumaos kapotangan dhatêng dika, pintên banggi ing benjing yèn kula sagêd
malês. Ki Agêng Karanglo matur nuhun.

Ki Pamanahan nuntên mangkat saking ngriku, Ki Agêng Karanglo inggih andhèrèk, sumêja
ngatêrakên dumugi ing Matawis. Ing samargi-margi tansah ênggènipun minta sih, supados
ing têmbe wingking sagêda tumut mukti. Kala samantên lampahipun sampun dumugi ing
lèpèn Ompak.[7] Susunan Kalijaga pinuju siram, wontên ing ngriku, Ki Pamanahan lan
Karanglo enggal sami amurugi dhatêng sang pandhita, Ki Pamanahan angosoki [ango...]

--- 114 ---

[...soki] sukunipun sang pandhita kang têngên. Ki Karanglo suku kang kiwa. Sang pandhita
alon ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wêruhanamu ing besuk turune Ki Karanglo iki bakal
milu mukti ing turunmu, nanging ora wênang kasêbut mas utawa radèn. Lan ora wênang
nunggang jêmpana utawi tandhu, wis padha bacuta lakumu. Ki Pamanahan sarta Ki Agêng
Karanglo inggih lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis, lajêng atata pemahan
wontên ing ngriku, kala samantên sinêngkalan 1532.

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala
gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing
toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun sakalangkung bêning,
tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agêgriya ing ngriku, Ki Pamanahan
sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya,
nanging Ki Agêng Matawis wau tansah ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing
wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng
angrèh ing tanah Jawi sadaya, ciptanipun Ki Agêng Matawis yèn sayêktos wirayat wau
sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat [pê...]

--- 115 ---

[...gat] ênggènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki
Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkanipun[8]ing tanah rêdi Kidul
anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng Paderesan. Anggènipun sadherekan kalihan Ki
Agêng Matawis sakalangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.
Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès.
Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil,
cakêt lan kang sawêk dipun inggahi Ki Agêng, tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh,
ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung
wontên ing nginggil tirisan. Anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing
dawêgan satunggil wau, ujaring swara, Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe
banyu dêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing
tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking
anggènipun andèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan
satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah,
namung dawêgan [da...]

--- 116 ---

[...wêgan] kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi,
nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih
enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun Ki
Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên
ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun
anggodhog lêgèn adamêl gêndhis. Amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring
nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta
pitaken dhatêng semahipun Ki Agêng Giring, bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên
wontên kêtingal. Nyai Giring sumaur, raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng
Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang, sarêng aningali ing pawon
sêpên. Botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên
tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing
griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta
wicantên dhatêng Nyai Giring, bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn. Kula dhatêng
[dha...]

--- 117 ---

[...têng] pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur, inggih
amung sadintên punika towong, karsane raka aso, Nyai Giring kagèt aningali dawêgan
badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên. Adhi, dawêgan niku
êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula
digitiki marang raka dika, Ki Agêng Matawis sumhur, bakyu, êmpun maras ati dika, dika
sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing
pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal.
Botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun.

Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon.
Kajêng sampun kasèlèhakên. Karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan.
Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya
amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun. Wong wadon, dawêganaku
kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi, semahipun amangsuli, rayi dika niku kang
mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai
[Kya...]

--- 118 ---


[...i] Agêng Matawis sumambung, inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan.
Tiyang sangêt ênggèn kula ngêlak. Sampeyan dukani inggih sumôngga. Ki Agêng Giring
sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt ênggènipun gêtun, dangu ênggènipun
kèndêl. Bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinêsthi
karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki
Agêng Giring lajêng ambêlakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha
dhatêng Ki Agêng Matawis. Adhi, panêdha kula mêkatên kemawon. Sarèhning dawêgan
sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing
kenginga gêgêntosan lan turun dika, turun dika sapisan, nuntên kagêntosan turun kula. Ki
Pamanahan botên suka, panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên wau ngantos ping nêm. Ki
Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng
Matawis sumaur, adhi Allahu alam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki
Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun antawis lami putranipun Ki Agêng Matawis kang nama Radèn Ngabèi Loring
Pasar angrêmêni tiyang èstri sêsêngkêranipun Sultan Pajang kang saking Kalinyamat.
Ingkang dipun titipakên dhatêng Ki Agêng Matawis. Dhawahipun [Dhawah...]

--- 119 ---

[...ipun] sultan, lare èstri wau samangsanipun sampun birai andikakakên ngaturakên
dhatêng kangjêng sultan. Môngka ing mangke sampun birai, nanging lajêng dipun rêmêni
dhatêng Radèn Ngabèi, mila Ki Agêng Matawis sangêt ênggènipun prihatos. Botên wande
angsal dukanipun kangjêng sultan. Kala samantên Ki Agêng Matawis mangkat dhatêng
Pajang sumêja ngaturakên ing kalêpatanipun. Radèn Ngabèi inggih binêkta, sadhatêngipun
ing Pajang lajêng sowan lumêbêt ing kadhaton, sampun sêsalaman kalihan kangjêng
sultan. Ki Agêng Mataram matur, sowan kula punika, kula angaturakên pêjah gêsangipun
putra sampeyan Radèn Ngabèi Loring Pasar, amargi agêng kalêpatanipun ing panjênêngan
sampeyan. Sultan Pajang mirêng aturipun Ki Pamanahan sakalangkung kagèt, sarta
ngandika, kakang, Si Ngabèi dosanipun punapa, dene dika aturake pati uripe, wong êmpun
kula pèk anak pambarêp. Dika êmpun botên milu anguwasani marang Si Ngabèi, Ki Agêng
Matawis matur malih, milanipun pun Ngabèi kula aturakên makatên, sabab angrumiyini
karsa sampeyan, akaronsih kalihan lare èstri ingkang kagadhuhakên dhatêng kula kang
saking Kalinyamat rumiyin. Inggih saking tiwasipun anggèn kula rumêksa. kangjêng sultan
nuntên ngandêka,[9]kakang, yèn kaluputane Si Ngabèi mêngkotên [mêngko...]

--- 120 ---

[...tên] mawon, kula ênggih êmpun ngapura, sarta banjur dika ningkahake, kula êmpun
lila, nanging wêkas kula, bocah wadon wau yèn besuk êmpun botên kanggo êmpun disiya-
siya, kalih dene dika kula tutuh ênggon dika momong marang Si Ngabèi kurang ati-ati,
bênêre bocah êmpun diwasa mêngkotên rak dika rabèkake, utawa dika wèhi sêlir, supaya
êmpun kongsi nêrak kaluputan. Ki Agêng Matawis sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa,
angraos yèn kadukan ing batos. Sarêng kangjêng sultan sampun kendêl ênggènipun
ngandika, Ki Agêng Matawis sarta Radèn Ngabèi nuntên pamit mantuk dhatêng ing
Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis Radèn Ngabèi inggih lajêng kêpanggih kalihan lare
èstri wau, ing lami-lami sampun apêputra jalêr satunggil abagus warninipun, kanamanan
Radèn Rôngga, ingkang rama ibu sakalangkung asih.

Kacariyos Sultan Pajang bidhal dhatêng ing Giri lan sabalanipun sadaya, Ki Agêng Matawis
inggih andhèrèk. Sumêja nyuwun idi anggènipun jumênêng sultan dhatêng Sunan Parapèn.
Kala samantên para bupati ing bang wetan sami pêpak wontên ing ngriku sadaya, ing
Japan, Wirasaba, Kadhiri, Surabaya, Pasuruan, ing Madura, Sadayu, Lasêm, Tuban, ing
Pathi,

--- 121 ---

sarta sami damêl pasanggrahan wontên ing ngriku. Ing satunggil dintên Sunan Parapèn
miyos siniwaka, Sultan Pajang sarta para dipati sami lênggah jèjèr, balanipun sami linggih
ing wingkinge gustine piyambak-piyambak. Sultan Pajang nuntên katimbalan lênggah cakêt
lan sang pandhita, sarta kamupakatakên anggènipun jumênêng sultan amêngku nagari ing
Pajang ajêjuluk Sultan Prabu Awijaya,[10] utawi sang pandhita inggih sampun angidèni, kala
samantên sinêngkalan 1503.

Anuntên pêpundhutan dhahar mêdal, lumintu saking kadhaton. Sunan Parapèn lan Sultan
Pajang sarta para bupati sami dhahar, sang pandhita ngandika, anak ingsun para bupati
kabèh, diatut ênggonira padha saduluran, aja ana kang sulaya ing budi, dipadha ati
raharja, sokura ing Allah ing salungguhe dhewe-dhewe, kang tinitah dadi gêdhe, lan kang
tinitah dadi cilik. Iku wis pêsthine dhewe-dhewe, ingsun têdha ing Allah, anak putuningsun
kabèh padha salamêta ing donya ngakherat. Para bupati sadaya asaur pêksi. Para bupati
sarêng sampun anggènipun sami dhahar, nuntên kalorodakên dhatêng para abdi, para abdi
inggih lajêng sami nêdha, Sunan Giri sangêt anggènipun mandêng dhatêng Ki Agêng
Matawis, sabab Sunan Giri wau sumêrêp ing sadèrènge winarah, nuntên andangu dhatêng
Sultan [Sulta...]

--- 122 ---

[...n] Pajang, thole, baturmu kang mangan ngèrèni iku jênênge sapa, Sultan Pajang matur,
punika rencang kula patinggi ing Matawis, ingkang dipun rèh siti wolung atus karya, raja
pandhita ngandika malih, timbalana maju, konên linggih jèjèr lan para dipati. Ki Agêng
Matawis inggih sampun majêng, raja pandhita ngandika dhatêng para bupati, anak ingsun
para dipati kabèh, wruhanamu turune Ki Agêng Matawis iku besuk bakal angrèh wong
satanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk iya ngidhêp marang ing Mataram. Ki
Agêng ing Matawis sarêng mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng sujud ing siti,
sakalangkung nuhun dhatêng sang pandhita, nuntên angaturi dhuwung satunggil ing sang
pandhita, nanging botên tinampèn. Para dipati sami rêsêp aningali dhatêng Ki Agêng
Matawis. Raja pandhita lajêng parentah adamêl têlaga dhatêng para dipati, balanipun
para Bupati inggih enggal tumandang dhudhuk-dhudhuk. Têlaga sampun dados,
sakalangkung sae, sarta kanamanan têlaga Patut dhatêng sang pandhita.

Sultan Pajang sarta para Bupati sampun sami kalilan mantuk dhatêng nagarinipun
piyambak-piyambak. Tuwin Ki Agêng Matawis inggih sampun mantuk dhatêng ing Matawis.
Sultan Pajang sarawuhe nagarinipun lajêng ngandika wêwartos dhatêng putra tuwin
balanipun sadaya punapa ing sawirayatipun [sawiraya...]

--- 123 ---

[...tipun] Sunan Giri, para bupati, mantri sarêng sami mirêng wirayat makatên
sakalangkung kagèt. Putranipun sultan kang nama Pangeran Banawa matur, rama prabu,
mênawi wirayatipun Sunan Giri sayêktos, ing Mataram punika kula upamèkakên latu
sapêlik. Prayogi tumuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ômbra, yèn
panjênêngan dalêm parêng, ing Mataram badhe kula risak saking pêrang, para bupati
gumarumung sami ambiyantoni ing aturipun Pangeran Banawa. Sultan Pajang alon
ngandika, kulup, aturira iku iya bênêr, gôndra pira ing Mataram, sira gêcaka ya amêsthi
bêdhah, nanging pêpêsthèning Allah iku ora kêna yèn dipikira ing manungsa, lan ingsun
wêdi ing wêwalêre Sunan Giri, sapa kang miwiti amêsthi bakal ora salamêt. Pangeran
Banawa sarta para punggawa sami mênggah manahipun.

Kacariyos Ki Agêng Matawis pinuju lênggah ingadhêp para putra tuwin kulawangsanipun
sadaya, Ki Agêng Matawis ngandika, anakku lan sanak-sanakku kabèh, sarèhning aku
dicêtha marang Sunan Giri, yèn turunku ing besuk bakal amêngku ing tanah Jawa, iku
wêkasku, yèn ing besuk kowe anglurug marang bang wetan, anuruta ing dina kalane aku
andhèrèkmarang sultan seba marang ing Giri, ing dina Jumungah Paing sasi Mukaram,
poma

--- 124 ---

padha wuri-wurinên. Dene yèn dilurugi, ênggonmu mapagake pêrang aja kongsi angliwati
gunung Kêndhêng, sabab bakal apês pêrangmu, lan maninge turun-turunku besuk yèn
agawe bupati, aja liya turune wong Mataram iki kabèh, sabab iku padha milu lara, yèn
turune besuk duwe dosa mati, laranana bae, yèn dosa lara apuranên. Akathah-kathah
wêwêlingipun Ki Agêng wau dhatêng ingkang para putra tuwin santana.

Kala samantên nagari Matawis sampun gêmah raharja, mirah sandhang sarta pangan.
Anuntên Ki Agêng Matawis gêrah sangêt, amêmêling dhatêng Ki Juru Martani, ki ipe,
sarèhning kula bakal tinêkakake ing jangji, môngsa bodhoa ênggon dika momong marang
anak-anak kula kabèh, dene kang kula lilani anggêntèni ing kula, Si Ngabèi Loring Pasar, Ki
Agêng ngandika dhatêng kang para putra, anak-anakku kabèh, kowe padha mituruta
marang pamanmu Ki Juru Martani, Ki Agêng tumuntên seda, layon sampun binêrsihan
kasarèkakên sakilèning masjid, sinêngkalan 1535.

Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng
Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi
ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai [Kya...]

--- 125 ---

[...i] Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng
katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan. Sampun sami
sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi
ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang
kakarsakakên anggêntosi, kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah,
sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana
ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing
Ngalaga, Sayidin Panatagama, lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi
momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang
Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli
sebaa aja kongsi kasèp. Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing
kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamitipun[11] dhatêng ing Mataram. Ing Mataram
sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga
sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe
sumêja kadamêl kitha.

Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati

--- 126 ---


dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun
Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan.

Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya,
sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, rôngga,
dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kajêng[12] sultan kados wulan purnama,
kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan. Bocah ingsun kabèh,
apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana
sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba
marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih
kudhup, ing saiki mangsane mêkar, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti
linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados
wontên kang mambêngi ing karsanipun. Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng
pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe
adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi
Wilamarta, [Wilamar...]

--- 127 ---

[...ta,] sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati. Ki
Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun
sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng
dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura
sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki
Wilamarta, dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan. Ki
Wilamarta sumaur, yèn dika mudhuna saking kapal rumiyin, dados botên angluhurakên
kang angutus. Sabab utusan wau kalane andhawahakên pangandika, inggih prasasat kang
angutus. Môngka kang dèn dhawahi taksih numpak kapal, dados dika angêsorakên
Panjênêngane kangjêng sultan, dika kêna dèn arani utusan nistha, kalih dene pandugi kula
Senapati puniku sampun sumêrêp, yèn dika lan kula diutus ing kangjêng sultan, dhasar
anjarag botên purun mudhun. Ki Wuragil wicantên malih, makatên punika dèrèng
kantênan, pamanah kula ing samangsane dika sanjang yèn kautus ing kangjêng sultan,
amêsthi enggal mudhun. Tiyang kêkalih wau lajêng sami mudhun saking kapal, sarta
amurugi dhatêng Senapati, Senapati enggal pitakèn sarta numpak [numpa...]

--- 128 ---

[...k] kapal. Ki Wuragil lan Wilamarta, pênapa dika diutus ing sultan. Ki Wilamarta
wicantên dhatêng Ki Wuragil. Lah botên linyok ujar kula, Senapati dhasar anjarag botên
purun mudhun, dika lan kula puniki sampun têtêp utusan nistha, Ki Wuragil enggal sumaur
dhatêng Senapati, inggih tiyang kêkalih puniki sami dipun utus ing kangjêng sultan.
Sampeyan kadhawahan mantuni ênggèn sampeyan asring suka-suka sarta mangan nginum,
lan acukura rambut sarta nuntên sebaa dhatêng Pajang. Senapati sumaur taksih manggung
wontên sanginggiling kapal. Dika matura ing kangjêng sultan. Kula andikakake marèni
mangan nginum, kula taksih doyan. Kula kapurih cukur rambut, wong rambut thukul
piyambak kadospundi anggèn kula ngulapi, kula kadhawahan sowan inggih purun. Yèn
sultan sampun mantuni anggènipun ngalap dho garwa sarta amantuni anggènipun asring
mundhut bojo tuwin anake wadon para abdinipun, amung makatên kemawon wangsulan
kula. Utusan kêkalih lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Pajang, nanging sami
adamêl dora sêmbada, aturipun ing kangjêng sultan. Kula kautus animbali putra dalêm
Senapati, aturipun inggih sandika, nanging kula dipun kèn mantuk rumiyin, putra dalêm
badhe tumuntên nusul. Kangjêng sultan inggih lajêng kèndêl, [kè...]
--- 129 ---

[...ndêl,] botên karsa andangu kathah-kathah.

Kacariyos Senapati pinuju lênggah wontên ing dalêmipun kalihan Ki Jurumartani, Kyai Juru
wicantên. Thole, kapriye karêpmu, kowe tinimbalan ing ramakmu sultan têka ora gêlêm
seba, kangjêng sultan amêsthi duka, ora wurung kowe bakal mêmungsuhan lan kangjêng
sultan. Yèn kowe mêmungsuhana kang koandêlake apa, balamu mung sathithik. Môngsa
wania kodu lan bala Pajang, sanajan waniya bakal mêsthi tumpês. Karodene Sultan Pajang
iku wis misuwur yèn ratu angluwihi digdaya, kinèringan marang para ratu liya nagara, dhèk
biyèn dicidra ing maling, sultan pinuju sare amujung kampuh, maling banjur anyuduki,
pangrasane kangjêng sultan kaya diencoki lalêr, kêmule bae ora pasah, iku kowe sumurupa
ing katêguhane kangjêng sultan. Karo dene yèn kowe mungsuha karo sultan kang
koandêlake apa, yèn kowe ngêndêlna kasêktènmu, ênggonmu angambah banyu ora têlês,
malêbu gêni ora kobong, utawa digdaya katêguhanamu, pintêrmu mêngkono iku kabèh ya
têka pamuruke kangjêng sultan. Sabab kowe pinundhut putra pambarêp cilik mula, sarta
bangêt sihe, wis kaya putrane dhewe, barêng kowe wis diwasa banjur diwuruk sakèhing
ngèlmu sarta kasaktèn [kasa...]

--- 130 ---

[...ktèn] lan katêguhan, lan banjur dimuktèkake ana ing Mataram. Samono iku kang
kowalêsake bae apa marang ing sihe kangjêng sultan, dadi kaluputamu iku têlung prakara,
kang dhingin mungsuh gusti, ping pindho mungsuh bapa, kaping têlu mungsuh guru, iba
guyune wong kang padha sêngit. Cêlathune mêngkene, Senapati iku ênggone wani prang
wong mungsuh bapakne dhewe, yèn mungsuh karo wong liyane wêdi. Lan aku iki bangêt
isinku andêlêng marang wong Pajang, sabab kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan.
Angur kowe mungsuha karo wong nagara liya, angluwihi ing Pajang gêdhene, aku ora wêdi.
Akathah-kathah panêtahipun Kyai Juru wau.

Senapati Ngalaga sarêng mirêng anangis salêbêting manahipun, rumaos yèn kalêpatan,
angrêrêpa sarwi alon matur, paman, kadospundi pratikêl sampeyan. Sarèhning kula
sampun katrucut wicantên botên purun sowan dhatêng kangjêng sultan. Supados sampun
ngantos dados dukanipun kangjêng sultan. Têtêpa anggèn kula wontên ing Matawis, sarta
kula sagêda amêngku tiyang ing tanah Jawi sadaya, tumuruna ing anak putu kula. Kyai
Juru angandika, yèn kang dadi kêkarêpanamu kaya mêngkono, bêcik suwunên ing Allah
bae dèn mantêp. Kang supaya yèn kangjêng sultan wis seda

--- 131 ---

kowe bisaa anggêntèni karatone, lan kowe aja pisan yèn duwea cipta bakal mungsuh ing
kangjêng sultan, malah ing batin mung nêja amalês ing kabêcikane kangjêng sultan
marang ing kowe, ênggonmu dipundhut putra lan ênggonmu dimuktèkake, sarta ênggone
mulang akèh-akèh marang kowe, ing samangsane bangêt panyuwunmu marang Allah kaya
mêngkono, amêsthi kangjêng sultan ya isih bangêt sihe ing batin marang kowe, sarta ing
batin ya bakal lila karatone kogêntèni. Senapati Ngalaga sakalangkung panuwunipun, sarta
amiturut ing wulangipun ingkang paman. Kyai Juru Martani lajêng mantuk dhatêng
griyanipun. Senapati Ngalaga wau rintên dalu inggih botên pêgat panyuwunipun ing Allah.

Kala samantên para mantri pamajêgan ing tanah Kêdhu tuwin Pagêlèn sami sumêja
lumêbêt sowan dhatêng Pajang, badhe sami angaturakên bulu bêktinipun, lampahipun
sami langkung ing Mataram. Wontên ing ngriku sami dipun êndhêg dhatêng Senapati,
sinungga sarta binoja krami, sarta sami dipun jak kasukan mangan nginum, lan sami dipun
anggêp sadulur tuwin wong atuwa dhatêng Senapati, para mantri pamajêgan wau inggih
sakalangkung sami sukanipun. Para garwanipun Senapati sami dipun kèn ambadhaya, sarta
sami dipun kèn angladosi, [anglado...]

--- 132 ---

[...si,] amborèhi lan anyumpingi sêkar dhatêng para mantri pamajêgan. Para mantri wau
sangsaya sami rumaos kapotangan kasaenan dhatêng Senapati, lajêng sami prasêtya, ing
benjing samangsanipun Senapati manggih mêngsah, para mantri wau sami purun yèn
kaabêna prang, awit saking kathah kasaenanipun Senapati, botên sagêd amalês. Ingkang
badhe kawalêsakên pêcahe kulitipun sarta wutahe gêtihipun. Senapati sarêng mirêng
prasêtyanipun para mantri, sakalangkung suka ing galihipun. Pangandikanipun ing galih,
ing saiki aku oleh rewang saka pitulunging Allah, kaya-kaya aku bakal bisa angêndhih
karaton ing Pajang. Para Mantri Pamajêgan wau lajêng sami dipun ganjar busana kang adi-
adi, sadaya waradin. Para Mantri sadaya sakalangkung suka manahipun, sarta sami matur
gumarumung, angkat kula saking tanah Kêdhu Pagêlèn rumiyin, sumêja sami ngaturakên
bulu bêkti dhatêng ing Pajang, samangke botên siyos. Sakathahe lêladosan kula bulu bêkti
katura ing sampeyan sadaya, sabab botên sanes. Ing Pajang inggih ratu, ing Matawis inggih
ratu, aturipun para mantri wau sarwi kêplok asênggak-sênggak. Senapati angandika,
sakèhe sanakku para mantri kabèh, ya wis padha taktarima prasêtyamu, dene karêpku
besuk bae padha sebaa [se...]

--- 133 ---

[...baa] marang Pajang, barêng lan aku, yèn sultan duka aku kang malangi, sabab sabarang
ing karsane kangjêng sultan wis ana ing aku, dene sanak-sanakku iki kabèh, yèn ana kang
arêp ajênêng dêmang, rôngga, ngabèi utawa tumênggung, aku wis dikuwasakake amaringi
marang[13] kangjêng sultan. Para mantri wau sarêng mirêng, sangsaya ing sukanipun,
anggêpipun sami angratu dhatêng Senapati, para mantri lajêng sami ambêksa sarta sami
ngatingalakên ing kadigdayan tuwin katêguhanipun. Wontên ingkang onclang waos, tuwin
angumpulakên towok, sarta angumbulakên sela kang bobot sadhacin, udhunipun sami
dipun tadhahi dhadha utawi gigir, nanging sadaya botên wontên kang tumama, sabab para
mantri wau sakalangkung sami digdaya sarta têguh.

Anuntên wontên mantri satunggal anama Ki Bocor, punika sangêt susahe manahipun,
aningali solahe kancanipun mantri, ciptaning manahipun. Kapriye kancaku iki kabèh, têka
padha kapiluyu kapirare kabèh, padha kêna ing bujuke Senapati, padha arêp anjunjung
ratu marang Senapati, ora bisa amatara yèn Senapati iku wong licik, kudu amungsuh ing
Pajang, yèn mungguh aku dhewe durung gêlêm kaêrèha marang Senapati, mênawa aku
durung angayoni ing kadigdayane, tak kira oraa kulit têmbaga, [tê...]

--- 134 ---

[...mbaga,] lan ora otot kawat. Yèn dhasar ora pasah tak suduk kêrisku prêmati Si
Kêbodhêngên iki, aku ya gêlêm angawula. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun
sumêrêp, yèn Ki Bocor badhe angayoni, sabab katawis ing solah, botên purun tumut
kasukan. Ciptanipun Senapati, tak kira Si Bocor iku seje lan mantri akèh iki, ora bungah
dening boja krama, kudu angayoni marang aku, nanging ya bênêr Si Bocor, aku iki
upamane wong cebol, mêksa anggayuh langit. Amêsthi dèn ina, lan aku yèn kadigdayanku
ora angungkuli ing wong akèh, môngsa bisaa dadi ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh,
Panêmbahan Senapati lajêng kondur, para mantri inggih sampun sami amakuwon. Senapati
nuntên andhawahi dhatêng balanipun kang sami têngga regol. Ing samangsanipun Kyai
Bocor lumêbêt dhatêng ing pura dipun kèndêlna kemawon. Sampun ngantos wontên kang
amênging. Sarêng ing wanci dalu Ki Bocor sampun dandos, sumêja nyidra dhatêng
Senapati, dhuwungipun cinoba, landhêpipun tinumpangan kapuk dinamonan bablas. Ki
Bocor lajêng lumêbêt ing kadhaton ijèn. Sakathahipun tiyang ingkang sami têngga kori
api[14] botên uninga, Senapati Ngalaga pinuju dhahar lênggah angungkurakên korining
[kori...]

--- 135 ---

[...ning] dalêm. Ki Bocor enggal narajang anyuduki, Senapati botên pasah sarta botên
nolèh, eca dhahar kemawon. Pucuking dhuwungipun Ki Bocor ngantos pêpêr, Ki Bocor
sayah lajêng dhawah ing siti sadhêku, dhuwungipun tumancêp ing siti, sangêt luma
sariranipun. Ki Bocor nuntên ngujung sarta atur tobat. Senapati nolèh sarta ngandika,
kakang Bocor, kula êmpun ngapura, sarta pracaya marang dika, Ki Bocor nuntên mantuk.

Senapati ing wanci têngah dalu lajêng kesah, ingiring tiyang gangsal, anjujug ing Lipura,
ing ngriku wontên sela kumlasa sae warninipun. Senapati lajêng sare wontên ing sela wau.
kacariyos Ki Juru Martani ing wanci lingsir dalu wontên dalêmipun, dèrèng karsa sare,
enggal kesah dhatêng ing kadhaton. Sumêja kêpanggih kalihan Senapati, sarêng dumugi ing
regol pitakèn dhatêng tiyang ingkang têngga, wong tunggu lawang, putraningsun apa isih
wungu, tiyang têngga kori amangsuli, Kyai Juru, sabibaring kasukan wau, suruping baskara
ginanti padhanging côndra, putra dika lajêng kesah wikana purugipun. Kyai Juru sarêng
mirêng ing aturipun tiyang têngga kori, lajêng sumêrêp ing purugipun Senapati, enggal
dipun susul dhatêng ing Lipura, dumuginipun ing ngriku Senapati kêpanggih sare ing sela
[se...]

--- 136 ---

[...la] gêgilang, Kyai Juru enggal anggugah, wicantênipun. Thole tangia, jarene arêp dadi
ratu, têka enak-enak turu bae. Anuntên wontên lintang dhawah saking langit. Mêncorong
sakalapa dalasan tabonipun sumèlèh ing ulon-ulonipun cakêt Senapati. Kyai Juru
sakalangkung kagèt. Sarta anggugah dhatêng ingkang putra, thole, kêbat tangia, kang
mancorong kaya rêmbulan ana ing ulon-ulonmu iku apa. Senapati kagèt nuntên wungu,
aningali sarta pitakèn. Sira iku apa, dene mêncorong ana ing dhuwurku turu, sajêgku
durung tau wêruh. Lintang enggal sumaur kados manungsa, wruhanira ingsun iki lintang,
ênggonira manêngkung[15]ngêningakên paningal, anêgês karsaning Hyang, ing saiki wis
tinarima ing Allah, kang sira suwun kêlilan. Sira bakal jumênêng nata amêngku ing rat
Jawa, tumurun marang anak putunira, padha jumênêng ratu ana ing Mataram tanpa
timbang, kineringan ing mungsuh, sugih êmas lan sêsotya, buyutira besuk kang mêkasi dadi
ratu ing Mataram. Nagarane nuli rêngka, kêrêp grahana sasi lan surya, lintang kumukus
sabên bêngi katon, gunung padha guntur, udan awu utawa ladhu, iku cirining nagara bakal
rusak. Lintang wau sasampuning wicantên makatên lajêng musna. Senapati ngandika
salêbêting galih, ing saiki panyuwunku marang

--- 137 ---

Allah wis kêlilan. Ênggonku sumêja dadi ratu anggêntèni ing rama sultan, tumurun marang
anak putuku, minôngka damare ing tanah Jawa, wong tanah Jawa padha têluk kabèh. Kyai
Juru sumêrêp ing batose kang putra, lajêng wicantên. Senapati, kowe aja ujub riya,
amêsthèkake kang durung kêlakon, iku ora bênêr, yèn kowe ngandêl calathuning lintang,
iku kowe luput. Sabab iku jênênge swara jais. Wênang goroh lan têmên, ora kêna dicêkêl
ilate kaya manungsa, lan ing besuk mênawa kowe kêlakon pêrang karo wong Pajang,
amêsthi lintang mau ora kêna kotagih utawa kojaluki tulung, ora wurung aku lan kowe
padha angawaki pêrang dhewe, yèn mênang kowe mêsthi jumênêng ratu ana ing Mataram.
Mênawa kalah ora wurung padha dadi boyongan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng
wicantêne kang paman, sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, sarta alon matur, paman,
kadospundi kang dados pratikêl sampeyan. Kula inggih badhe amiturut. Kula upaminipun
baita, sampeyan kêmudhinipun. Kyai Juru angandika, thole, yèn kowe wis miturut, ayo
padha nyênyuwun ing Gusti Allah, sakèhe kang angèl muga ginampangna, ayo padha
andum gawe, kowe mênyanga ing sagara kidul. Aku tak munggah [mung...]

--- 138 ---

[...gah] marang ing gunung Marapi, padha anyatakake karsaning Allah, ayo barêng
mangkat. Kyai Juru lajêng mangkat dhatêng ing rêdi Marapi, Senapati Ngalaga mangkat
ngetan lêrês. Anjog ing lèpèn Umpak, ambyur ing toya, nglangi ambathang anut ilining
toya.

Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng
ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang
amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng
ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên
Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan
sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya
malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati. Ing nalika punika ulam
olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor
lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun,
nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta
andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat

--- 139 ---

awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi,
swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang
kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking
prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah.

Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi
ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh
sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing
dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan.
Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados
ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, salawasku
urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa
srêngenge runtuh bakal dina kiyamat. Nyai Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên
sanginggiling toya, aningali jagad padhang, botên wontên punapa-punapa, amung tiyang
linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdha
ing

--- 140 ---

Allah, Nyai Kidul wicantên piyambak. Iku layake kang agawe gara-gara ing sagara, sarta
lajêng sumêrêp ing saciptanipun Senapati, Rara Kidul enggal amurugi, lajêng nyêmbah
anyungkêmi sukunipun Senapati sarta matur angrêrêpa, mugi sampeyan icalakên susahing
galih sampeyan, supados sirnaa gara-gara punika, tumuntên mulyaa saisining sagantên
kang sami risak kenging ing gara-gara, sampeyan mugi wêlasa dhatêng ing kula, sabab
sagantên punika kula kang angrêksa, dene anggèn sampeyan anyênyuwun ing Gusti Allah
samangke sampun angsal. Sampeyan lan satêdhak-têdhak sampeyan sadaya amêsthi
jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah
Jawi sadaya inggih karèh ing sampeyan. Upami ing benjing sampeyan amanggih mêngsah,
sadaya inggih sami amitulungi, ing sakarsa sampeyan sadaya anut. Sabab sampeyan kang
minôngka bapa babuning para ratu ing tanah Jawi. Senapati Ngalaga sarêng mirêng ature
Nyai Kidul, sakalangkung suka ing galihipun. Sarta gara-gara wau inggih sampun sirna,
utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Nyai Kidul nyêmbah sarwi
angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Senapati Ngalaga sangêt
kasmaranipun, lajêng anut wingking [wing...]

--- 141 ---

[...king] dhatêng Rara Kidul. Senapati lumampah sanginggiling toya kados angambah
dharatan. Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas
sakalihan, ingadhêp para pêri prayangan. Senapati Ngalaga eram aningali kadhatonipun
Nyai Kidul, anglangkungi sae, ingkang kadamêl griya utawi pagêr banonipun sadaya mas
sarta salaka, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarnine pêpêthetan ing
pataman inggih sakalangkung sae, wowohan sarta sêsêkaranipun adi-adi sadaya, ing
dharatan botên wontên sêsaminipun.

Senapati wau ênggènipun pinarak adhêdhepelan kemawon lan Nyai Kidul. Sarta tansah
anyantosakakên ing galih, emut yèn dede jinis. Wondene Nyai Kidul inggih anampèni ing
sêmunipun Senapati, sarta tansah angujiwati Senapati Ngalaga mèsêm sarwi ngandika
dhatêng Rara Kidul. Nimas ingsun arêp wêruh ing pasareanira, kaya apa rakite. Nyai Kidul
matur, sumôngga botên wontên pakèwêdipun. Kula darmi têngga, sampeyan ingkang
kagungan. Senapati astane lajêng dipun kanthi, kabêkta lumêbêt dhatêng ing pasarean,
sami pinarak. Senapati alon ngandika, nimas, ingsun bangêt eram andêlêng paturonira,
layake caritaning [cari...]

--- 142 ---

[...taning] suwargan iya kaya iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kaya iki, sêmbada
lan kang duwe, dhasar ayu bisa angrêrakit. Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram.
Bakal katrêm ana ing kene, nanging cacade mung siji, dene ora nana wonge lanang, yèn
ana wonge lanang kang bagus iba bêcike. Aturipun Nyai Rara Kidul. Sae lamban, jumênêng
ratu èstri kemawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amarentah. Senapati mèsêm
sarwi ngandika, nimas, ingsun muga paringana tômba, ênggon ingsun kaedanan marang
sira. Rara Kidul matur sarwi malerok. Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kula dede
dhukun, sampeyan ratu agêng, môngsa kiranga wanodya kang ngungkuli ing kula. Senapati
manahipun kados dèn unggar, Rara Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun.
Kacariyos Senapati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah
sih-sinisihan kalihan Rara Kidul. Senapati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing
ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahe manungsa lan jim pêri.
Senapati angandika, bangêt panarimaningsun, ing sakèhe wurukira, lan ingsun ya pracaya,
balikaning besuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sira sapa,

--- 143 ---


wong ing Mataram amêsthi ora ana kang wêruh marang ing sira. Rara Kidul matur,
makatên punika gampil kemawon. Bilih sampeyan karsa animbali dhatêng kula, sêdhakêp
suku tunggal, nuntên tumêngaa ing awang-awang, amêsthi kula enggal dhatêng, sarta kula
ambêkta bala jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang. Senapati ngandika malih, nimas,
ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasira kabèh ya bakal ingsun èstokakên.

Senapati sampun mangkat, angambah toya sagantên kados angambah dharatan. Sarêng
dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijaga lênggah
pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis. Senapati enggal angujungi, sarta angrêrêpa
nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên
botên têlês. Susunan Kalijaga ngandika, Senapati, marenana ênggonira angêndêlake sakti
digdayanira iku, dadi iku jênênge wong kibir, para wali ora gêlêm anganggo kaya
mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Allah, yèn sira bakal sumêja tulus jumênêng ratu,
anganggoa sokur ing satitahe bae, ayo marang Mataram. Ingsun arsa wêruh ing omahira.
Lajêng sami mangkat, sampun dumugi ing Mataram. Sang Pandhita aningali [aninga...]

--- 144 ---

[...li] padalêmanipun Senapati dèrèng mawi pagêr lajêng ngandika, omahira ora nganggo
pagêr bata, iku ora bêcik, dadi sira jênêng wong ujub riya kibir, angêndêlake kasêktèn
sarta têguh digdayanira, upamane kêbo sapi tanpa kandhang mêsthi bakal ucul ing
saparan-paran. Kêbo sapi mau bêcik cancangên. Yèn bêngi kandhangna, ing jaba jaganana
uwong, sarta pasrahna ing Allah, mêngkono manèh ênggonira omah-omah bêcik nganggoa
pagêr jaba, jênênge pagêr bumi, wong Mataram sabên katiga konên nyithak bata, yèn wis
akèh gawea kutha bacingah. Sang pandhita lajêng nyandhak bêruk isi toya, dipun curakên
mubêng sarwi dhikir, sang pandhita ngandika, yèn sira besuk gawe kutha iki turutên.
Senapati matur sandika, sang pandhita lajêng pamit kondur.

Kacariyos Kangjêng Sultan Pajang miyos sinewaka wontên ing pagêlaran. Para putra,
santana, mantri bupati pêpak sadaya, para bupati sami matur, putra dalêm Senapati
Ngalaga saèstu mirong badhe mêngsah ing panjênêngan dalêm. Pratandhanipun samangke
sampun adamêl bètèng sarta lêlarèn wiyar. Sultan Pajang ngandika dhatêng Pangeran
Banawa, putraningsun Ki Banawa sira mênyanga ing Mataram karo ipenira Adipati Tuban,
lan Si Tumênggung Môncanagara gawanên. Kakangira Senapati [Sena...]

--- 145 ---

[...pati] takonana, apa nyata dheweke sumêja amungsuh marang ingsun. Pangeran Banawa
sarta Dipati Tuban, Tumênggung Môncanagara aturipun sandika, lajêng budhalan
sabalanipun. Ing Pajang wontên mantri satunggil, anama Pangalasan. Sampun atêpang sae
kalihan Senapati Ngalaga, Pangalasan wau enggal anglampahakên utusan dhatêng ing
Mataram. Asuka pariksa Senapati, yèn Sultan Pajang anglampahakên utusan putranipun
dhatêng Mataram, sarta ambêkta sadêdamêling pêrang. Senapati Ngalaga sarêng sampun
tampi pawartos wau enggal amêthuk dhatêng ing Randhulawang, tiyang Mataram kêrig
lampit, sarta sami ambêkta sêsêgah.

Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali
ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan
kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên
kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur, kakang, sangêt kangên
kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe
kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing
rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên.

--- 146 ---

Kula mugi sampeyan bêlakani. Senapati amangsuli, adhi mas, môngsa boronga rama
jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi
sampun sumêrêp. sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama
jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika,
punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara.
Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga
ngandika malih, adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula
cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab
sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumôngga sampeyan kula aturi nitih gajah
kalihan kula. Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Môncanagara, Tumênggung
Môncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si
kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang
kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni
marang wong ing Pajang.

Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan
sabalanipun. Sarawuhipun [Sa...]

--- 147 ---

[...rawuhipun] ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah,
nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur,
arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun
adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi. Adipati Tuban pitaken
dhatêng Senapati, kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên
ambêksa rangin. Senapati amangsuli, adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên
wontên kang sagêd. Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing
kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn
sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing
tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên
putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Rôngga, patutanipun
kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin. Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa,
têguh, panasbaran. Lajêng anjawil dhatêng ingkang rama, sumêja tumut ambêksa.
Senapati Ngalaga sarèhning rêmên angêsorakên pambêkanipun, ingkang putra dipun
sêntak. Adipati Tuban sumêrêp, yèn Radèn [Radè...]

--- 148 ---

[...n] Rôngga badhe sumêja tumut bêksa, nanging dipun pênging dhatêng ingkang rama,
Adipati Tuban lajêng angatag dhatêng Radèn Rôngga, nanging botên purun. Senapati
nuntên angatag bêksa dhatêng ingkang putra, sabab sampun dipun kèn kalihan Dipati
Tuban. Radèn Rôngga enggal amundhut tamèng sarta towok. Tamèngipun wau kabêkta
tiyang sakawan, towokipun inggih kabêkta tiyang sakawan. Sabab ngalangkungi agêngipun.
Lajêng cinandhak kadamêl onclang. Adipati Tuban eram aningali malongok. Adipati Tuban
lajêng parentah dhatêng rencangipun kang sami bêksa, dikakakên anêmêni dhatêng Radèn
Rôngga, awit sampun pitados ing kadigdayanipun Radèn Rôngga, tiyang Tuban lajêng sami
anyuduki sarta anumbaki sayêktos. Radèn Rôngga botên pasah, eca ambêksa kemawon.
Sarta botên purun malês. Nuntên dipun dhawahi dhatêng Adipati Tuban sarta ingkang
rama, dikakakên malês. Radèn Rôngga enggal malês kalih tangan. Tiyang Tuban dipun
tabok satunggil, sirahipun pêcah sampun pêjah, lajêng gègèr, Pangeran Banawa lan Dipati
Tuban sabalanipun bidhal tanpa pamit, sumêja mantuk dhatêng Pajang.

Sadhatêngipun nagari Pajang lajêng sami sowan ing kangjêng sultan. Nanging Pangeran
Banawa lan Dipati Tuban aturipun [aturipu...]

--- 149 ---

[...n] pradongdi, aturipun Pangeran Banawa, Senapati sakalangkung sae, sarta urmat
sangêt dhatêng tiyang Pajang, botên wontên watawisipun, yèn sumêja amêngsah ing
Pajang. Wondene aturipun Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagari, Senapati sayêktos
yèn mirong, sumêja mungsuh ing Pajang, pratandhanipun sampun adamêl bètèng sarta
ajêjagang, lan angungasakên kadigdayane putranipun kang anama Radèn Rôngga, anabok
tiyang Tuban satunggil pêcah sirahipun pêjah. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur
makatên wau lajêng lêgêg. Adangu ênggènipun kèndêl. Dene ature putra lan ature nayaka
sulaya, kangjêng sultan angandika, atur kabèh iku ora nana kang sun gugu, Ki Banawa iku
ature ya bênêr, Senapati Ngalaga mokal yèn wani marang ingsun. Krana ingsun mundhut
putra cilik mula, wus kaya putraningsun pambarêp, sarta akèh pawulang ingsun. Barêng
wus diwasa ingsun muktèkake ana ing Mataram. Amêsthi Senapati mau sumêja malês
kabêcikan marang ingsun. Dene Si Dipati Tuban lan Si Tumênggung Môncanagara ature ya
bênêr, Senapati anggone sumêja angêndhih karaton ing Pajang awit sumurup wirayate
Sunan Giri, môngka wirayate Sunan Giri mau upamane kêmbang, ing saiki wis mangsane
mêkar. Tumênggung Môncanagara lan Dipati Tuban [Tuba...]

--- 150 ---

[...n] matur, kangjêng sultan. Ing Matawis punika kula upamèkakên latu sapêlik. Mupung
dèrèng mraman, prayogi kasirama tumuntên. Kula ingkang anggêbag ing Matawis.
Kangjêng sultan alon ngandika, ingsun wêdi ing Allah, lan wis pinêsthi karsa Allah, yèn ing
Mataram bakal ana kang jumênêng ratu gêdhe, angrèh wong sa tanah Jawa kabèh, kapriye
ênggonira anêkerah. Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagara sami tumungkul botên
sagêd amangsuli, kangjêng sultan lajêng kondur angadhaton.

Botên antawis lami ing nagari Pajang wontên bupati satunggil, ipenipun Senapati Ngalaga
anama Tumênggung Mayang, Tumênggung Mayang wau gadhah putra jalêr satunggil, taksih
anèm, sakalangkung bagus warninipun. Sanagari Pajang botên wontên kang mirib, sampun
kalok sanagari Pajang bagusipun Radèn Pabelan wau, inggih punika putranipun
Tumênggung Mayang, nanging Radèn Pabelan wau asring lampah awon. Angrong
pasanakan, anyumur gumuling, sangêt ênggènipun brancah, dipun tantun krama dhatêng
ingkang rama botên purun. Ki Tumênggung Mayang sampun kakên galihipun, awit
pawulangipun botên dipun gêga, ingkang putra wau lajêng sumêja dipun krenah, supados
pêjaha. Kala samantên Radèn Pabelan dipun timbali dhatêng ingkang rama, sadhatênge
ing ngarsanipun ingkang rama [ra...]

--- 151 ---

[...ma] angandika, kulup, yèn kowe dhasar ora gêlêm rabi isih gêlêm laku ngiwa, karêpku
aja katanggungan. Putrane wadon kangjêng sultan kang jênêng ratu sêkar kadhaton iku
rahên, bedhangên. Sanajan kowe matia ucape bêcik. Yèn kabênêran kowe oleh pitulunging
Allah bisa dadi bojomu, ora kaya solahmu kang wis kêlakon, ênggonmu sok ambedhang
anake bojoning wong, iku ora bêcik. Yèn kongsia bilahi ucape bangêt ênggone nistha.
Ingkang putra matur alon. Rama, kula botên sagêd yèn angangkah ambedhang ratu sêkar
kadhaton. Sabab panggenanipun salêbêting kadhaton. Ki Tumênggung ngandika, iku
gampang bae, sarèhning kalumrahane wong wadon iku amêsthi padha dhêmên kêmbang
wangi-wangi, aku ya wis duwe isarat arupa kêmbang capaka, iki aturna marang kangjêng
ratu, luwange isaratku iki, samangsane wong wadon wis anampani sarta andêlêng, amêsthi
banjur bingung ora enak ênggone mangan sarta turu, lan amêsthi banjur kongkonan. Kowe
angadhanga wong kaputrèn. Abdine kangjêng ratu kang sok diutus tuku kêmbang mênyang
pasar, iku konên ngaturake marang ing gustine.

Radèn Pabelan sampun anampèni sêkar capaka, kawadhahan ing conthong, salêbêting
sêkar kadèkèkakên [ka...]

--- 152 ---

[...dèkèkakên] sêrat alit. Sakalangkung rêmit anggènipun andèkèkakên. Radèn Pabelan


lajêng kesah dhatêng ing margi cêlak korining alun-alun. Anuntên wontên tiyang èstri
satunggil. Abdinipun ratu sêkar kadhaton. Sumêja tumbas sêkar dhatêng ing pêkên. Lajêng
dipun andhêg dhatêng Radèn Pabelan sarta dipun sukani sêkar ing conthong, kapurih
angaturna ing gustinipun. Èstri wau sampun anampèni sêkar sarta sangêt bingahe
manahipun. Sabab botên kangelan dhatêng pêkên lan botên mawi tumbas, lajêng pitakèn.
Bilih gusti kula mangke andangu, nama sampeyan sintên. Radèn Pabelan sumaur
ambêlakakakên namanipun. Tiyang èstri wau inggih lajêng mantuk dhatêng ing kadhaton,
sarta sangêt kasmaraning manahipun, aningali bagusipun Radèn Pabelan. Sadhatêngipun
ing kaputrèn sêkar lajêng kaaturakên ing kangjêng ratu, ratu sêkar kadhaton sarêng
sampun nampèni sêkar ing conthong lajêng dipun bikak, sarta pinilihan. Anuntên ningali
sêkar capaka satunggil wontên sêratipun. Enggal winaos. Ungêlipun. Saking Radèn
Pabelan, sumêja ngabdi dhatêng kangjêng ratu, ing donya dumugi dêlahan. Ratu sêkar
kadhaton sampuning maos sêrat, sangêt tarataban ing galihipun. Bawanipun èstri sampun
[sa...]

--- 153 ---

[...mpun] diwasa, dados sangêt kasmaranipun dhatêng ingkang ngaturi sêrat, kalih dene
sampun asring mirêng para tiyang èstri kang sami micantên ing bagusipun Radèn Pabelan.
Tiyang èstri kang sampun sami ningali angalêm sadaya, ratu sêkar kadhaton ngandika
dhatêng abdinipun anama êmban Soka, biyung, kowe mêtua, anêmanana marang kang
awèh kêmbang iki, yèn dhèwèke têmên anggone bakal angèngèr marang aku, mêngko
bêngi konên malêbu marang kaputrèn. Êmban Soka aturipun sandika lajêng mêdal. Sampun
kêpanggih kalihan Radèn Pabelan. Êmban soka wicantên, radèn dika mangke dalu dipun
ajêng-ajêng dhatêng kangjêng ratu, sarta dipun cêcadhang dhêdhaharan tuwin agêm-
agêman. Sampun tan botên mangke dalu sampeyan lumêbêta dhatêng kaputrèn. Radèn
Pabelan wicantên. Ya bibi, matura ing kangjêng ratu, aja sumêlang galihe, mêngko bêngi
aku mêsthi malêbu. Êmban Soka lajêng mantuk dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan nuntên
sowan dhatêng ingkang rama Ki Tumênggung Mayang, Radèn Pabelan matur, rama, sêkar
pêparing sampeyan sampun kêtampèn dhatêng kangjêng ratu, sarta lajêng utusan. Ing
mangke dalu kula dipun timbali dhatêng kaputrèn. Kula inggih sampun sagah, nanging
sangêt pakèwêding manah kula, anggèn kula badhe lumêbêt marginipun mêdal ing pundi.
[pu...]

--- 154 ---


[...ndi.] Ingkang rama angandika, yèn kowe malêbu ing kaputrèn, aja mêtu ing lawang,
manawa konangan wong nganglang, bêcik malumpata ing pagêr bata bae, ayo taktêrake,
iki wis wayah sirêp wong.

Ki tumênggung sarta ingkang putra lajêng sami mangkat. Sampun dumugi pagêr banon
kaputrèn. Radèn Pabelan lajêng kawulang ngèlmu angandhapakên pagêr banon.
Pangandikanipun ki tumênggung, yèn kowe bakal mêtu saka kaputrèn, ênggonku amuruk
mau apalna, sarta angusap pagêr bata, amêsthi pagêr bata banjur mêndhak dhewe, Radèn
Pabelan aturipun nuwun, nanging Radèn Pabelan wau kawulang sisip dhatêng ingkang
rama, pamrihipun supados sampun sagêd mêdal. Ki Tumênggung Mayang lajêng andonga
sarta angusap pagêr banon. Pagêr banon inggih sampun mêndhak. Radèn Pabelan enggal
jumangkah malêbêt. Sarêng Radèn Pabelan sampun lumêbêt. Pagêr banon nuntên kausap
malih dhatêng ki tumênggung, sampun inggil kados ingkang wau-wau, ki tumênggung
lajêng mantuk. Radèn Pabelan lajêng andhodhot wontên ing kêbon wingkinge dalêmipun
kangjêng ratu. Wondene ratu sêkar kadhaton inggih sampun dangu anggènipun angajêng-
ajêng, sarêng ing wanci sirêp tiyang lajêng mêdal saking dalêm dhatêng ing kêbon
pêpungkuran. Abdinipun èstri botên wontên kang uninga,

--- 155 ---

amung êmban Soka kang andhèrèk. Anuntên kêpanggih kalihan Radèn Pabelan, kalih-
kalihipun sangêt anggènipun bingah, kados tiyang amanggih êmas sakranjang, sarta lajêng
sami sasêtyan. Sampun tinakdir yèn Radèn Pabelan badhe dados bêbantêning nagari.
Kathah tiyang èstri salêbêting kaputrèn. Abdinipun sang putri piyambak kawan dasa, utawi
tiyang jalêr nganglang inggih kathah, nanging botên wontên kang uninga dhatêng Radèn
Pabelan ing sadalu punika. Ratu sêkar kadhaton lajêng anganthi astanipun Radèn Pabelan.
Kabêkta dhatêng pasarean. Andumugekakên ing karsanipun. Sarêng ing dalunipun malih
Radèn Pabelan sumêja mantuk, nanging botên sagêd sabab pagêr banon kaputrèn dipun
usap wali-wali botên sagêd mêndhak. Radèn Pabelan sampun anyipta yèn badhe pêjah,
anuntên wangsul dhatêng ing dalêmipun sang putri malih, sanajan pêjah asarênga kalihan
sang putri.

Kacariyos Radèn Pabelan wau ênggènipun wontên salêbêting kaputrèn pitung dintên pitung
dalu, botên wontên tiyang kang sumêrêp. Sarêng ing wolung dintên, inya tuwin êmbanipun
sang putri sami anggraita, sabab sang putri awis-awis mêdal. Tansah wontên salêbêting
pasarean. Inya tuwin êmban wau lajêng sami anginjên, sarta anilingakên pamirêng, lajêng
sami [sa...]

--- 156 ---

[...mi] sumêrêp yèn gustinipun ulah lambang sari kalihan Radèn Pabelan. Inya tuwin
êmban wau enggal angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn ing kaputrèn kalêbêtan
pandung aguna, anyidra ing rêsmi. Kangjêng sultan sarêng mirêng sakalangkung duka,
enggal animbali lurah prajurit tamtama kêkalih, anama Wirakêrti kalih Suratanu,
lanjaripun kalihdasa, sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan lajêng andikakakên
mêjahi pandung kang wontên ing kaputrèn. Tiyang tamtama kalih likur enggal sami
lumêbêt dhatêng kaputrèn. Nanging sadaya sami kèndêl wontên palataraning kaputrèn.
Amung Ngabèi Wirakêrti piyambak kang lumêbêt dhatêng ing dalêmipun sang putri, Radèn
Pabelan kêpanggih gêgulêtan kalihan sang putri, anyipta sarênga pêjah, Ngabèi Wirakarti
wicantên saking katêbihan. Sabab ajrih cêlak kalihan sang rêtna, thole Radèn Pabelan,
mrenea, kowe ngandêla ing calathuku, bapakmu Si kakang Tumênggung Mayang wis bêlaka
marang aku bab solahmu iku, aku dikon amurih salamête awakmu, kang iku samêngko aku
kang nanggung ing patimu, krana kangjêng sultan wis bangêt pangandêle marang aku, yèn
prakara sajroning kadhaton, kowe ya sumurup dhewe, kowe bakal daksuwun ditêmokna
bae karo kangjêng ratu, ayo tak jak seba marang kangjêng sultan.

--- 157 ---

Sampun dilalah Radèn Pabelan manahipun gampil, angandêl dhatêng wicantênipun Ki


Wirakêrti, uwal ênggènipun gêgulêtan, lajêng tut wingking dhatêng Ki Wirakêrti, sarêng
dumugi ing palataran tiyang tamtama enggal anyuduki, Radèn Pabelan sampun pêjah
tatunipun arang kranjang, jisimipun kabucal ing lèpèn Ngêlawiyan.

Anuntên Ki Tumênggung Mayang kadukan ing kangjêng sultan. Kakesahakên dhatêng ing
Samawis, dipun iringakên gêgaman sewu, têtindhihipun mantri ing Pajang wolung dasa.
Garwanipun Ki Tumênggung Mayang taksih kantun wontên ing Pajang, enggal utusan asuka
pariksa dhatêng Senapati ing Matawis. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan
sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng para mantri pamajêgan. Sanak-sanak kula
pamajêgan kabèh, aku anjaluk gawemu, ipèkku kang jênêng Tumênggung Mayang iku ing
saiki dibuwang marang ing Samarang, iku padha rêbutên ing saênggone kacandhak. Padha
mêtua ing Kêdhu bae. Para mantri pamajêgan sadaya matur sandika, lajêng sami mangkat
anumpak kapal. Lampahipun anjog nyongklang, lampahe gêgaman Pajang katututan
wontên ing Jatijajar, para mantri pamajêgan lajêng sami nêrajang angamuk sarta waos,
anumpak kapal. Bala ing Pajang kathah kang tatu tuwin pêjah, nuntên sami lumajêng
sumêja [su...]

--- 158 ---

[...mêja] mantuk dhatêng Pajang, Ki Tumênggung Mayang sampun karêbat dhatêng para
mantri pamajêgan. Kabêkta dhatêng ing Mataram, para mantri pamajêgan wau sami
ambêkta sirahipun mantri Pajang kang sami pêjah, ingaturakên dhatêng Senapati.

Palajêngipun bala ing Pajang sampun dumugi ing Pajang, sarta sampun katur ing kangjêng
sultan. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên, lajêng anggraita yèn Senapati
Ngalaga sayêktos balela, sabab adamêl wiwitan pêrang, nuntên parentah angrakit
gêgamaning prang, sumêja ambêdhah ing Mataram. Para bupati môncanagara kang karèh
ing Pajang inggih sampun ngalêmpak, tuwin putranipun mantu kangjêng sultan, Adipati
Dêmak kalih Dipati Tuban, tiga dipati ing Bantên, inggih sampun sami wontên ing Pajang
lan sabalanipun. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan nuntên bidhal. Balanipun
sakalangkung kathah, gêgaman warni-warni, kangjêng sultan nitih gajah, lampahipun
sampun dumugi ing Prambanan. Lajêng amasanggrahan, bala ing Pajang angêbêki papan.

Kacariyos Senapati Ngalaga lan balanipun tiyang Mataram wolung atus sumêja amêthuk
prang, sampun abaris wontên ing Randhulawang, sarta sami angatos-atos. Kyai Juru
wicantên dhatêng Senapati. Senapati, kang dadi karêpku kowe aja kongsi prang karo
kangjêng sultan. Sabab balamu ming sathithik. Bala

--- 159 ---

ing Pajang tanpa wilangan. Amêsthi bakal tumpês, sarta aku bangêt isin andêlêng wong ing
Pajang, ayo padha nênêdha ing Allah, kang supaya wong Pajang padha girisa atine, kowe
anagiha prajangjine Nyai Kidul. Aku tak nagih jangjine kakahyangan ing gunung Marapi, lan
balamu konên baris ing Gunung Kidul sawêtara, ing Gunung Kidul konên numpuki kayu
akèh dohe lêt sapambêdhil. Amratanana gunung iku, mêngko bêngi konên ngobong barêng.
Makatên wau inggih nuntên kalampahan. Sarêng ing wanci sêrap srêngenge, Senapati
lajêng angadêg sarta sidhakêp anênga ing awang-awang, Kyai Juru inggih makatên ugi,
botên dangu nuntên jawah awor barat. Kêkajêngan kathah kang sêmpal tuwin sol. Ing
awang-awang gumuruh swaranipun. Punika pratandhanipun yèn jim pêri prayangan sami
dhatêng, sumêja têtulung prang, ing rêdi Marapi inggih nuntên murub. Swaranipun kados
galudhug, angajrihi, sarta nuntên jawah awu, ing lèpèn Umpak mili ladhu, sela agêng-
agêng sami minggah dhatêng dharatan. Ing Rêdi Kidul têtumpukan kajêng sarêng dipun
obong, ing Rêdi Kidul dados latu sadaya, sarta bêndhe kang nama Ki Bicak tinabuh botên
kèndêl-kèndêl.

Kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasanggrahan cakêt lèpèn Umpak, ingadhêp
para bupati, kangjêng sultan [sulta...]

--- 160 ---

[...n] alon ngandika, bocah bupati, ingsun andêlêng ing Gunung Kidul ika dadi gêni, utawa
gunung Marapi ya murub. Sarta ing awang-awang iki swaraning apa, kaya swaraning
gêgaman maju prang, bangêt girise atiningsun. Adipati ing Tuban matur alon. Kangjêng
sultan, pangandika dalêm punika angajrihi ing tiyang kathah, ingkang kamirêng punika
swaraning jawah lan barat, botên amatosi, kalih dene abdi dalêm ing Pajang sadaya botên
wontên kang ajrih amêngsah prang kalihan Senapati, yèn wontên dhawah dalêm amêsthi
tiyang Matawis ing sakêdhap tumpês dening kula sarta tiyang Pajang sadaya. Kangjêng
sultan alon ngandika, anak ingsun Ki Dipati Tuban, sira aja wani amungsuh kakangira
Senapati, wruhanira, ingsun bakal tumêka ing jangji, dene karaton ing Pajang amung
ingsun dhewe kang jumênêng nata, nuli kagêntèn marang kakangira Senapati, saturune
bakal angrèh ing tanah Jawa kabèh, dene ênggon ingsun marang Mataram iki, ingsun
amung arêp andêlêng marang Ki Senapati, krana bangêt ênggon ingsun kangên. Sarta Ki
Senapati ingsun kira ora wani amungsuh marang ingsun.

Botên dangu nuntên ladhu aminggah dhatêng ing pasanggrahan. Sela agêng-agêng sami
anggalundhungi bala ing Pajang, bala ing Pajang sami gègèr arêbut gêsang, lumajêng ing
sapurug-purug. [sapuru...]

--- 161 ---

[...g-purug.] Kangjêng sultan tuwin para dipati kèlu sami lumajêng, pangraosipun
katêmpuh ing mêngsah, gêgaman agêng gusis sami sakal saking ing ngriku. Sarêng wanci
enjing lampahipun kangjêng sultan dumugi ing Têmbayat. Karsanipun badhe angujung
dhatêng ing astana Têmbayat, nanging korining pakuburan dipun sorog botên kenging,
kangjêng sultan lajêng angujungi kori kemawon. Sasampuning ngujung nuntên ngandika
dhatêng tiyang juru kunci pakuburan. Juru kunci yagene lawanging pasarean ora kêna
disorog. Juru kunci matur, kangjêng sultan, pandugi kula panjênêngan dalêm sampun
botên kalilan jumênêng ratu dening Gusti Allah, pratandhanipun kori pasarean punika
kasorog botên kenging. Kangjêng sultan mirêng aturing juru kunci anglês galihipun, lajêng
sipêng, ing dalu sare wontên ing griya bale kêncur, kangjêng sultan wau salaminipun
gêsang dèrèng rumaos sare sakeca kados punika, ing enjingipun wungu lajêng bidhal
kondur dhatêng Pajang, kangjêng sultan nitih gajah, wontên ing margi dhawah saking
gajah, andadosakên gêrahipun, lajêng nitih tandhu, sakalangkung rêmbên lampahipun.

Kacariyos Senapati Ngalaga mirêng wartos, yèn kangjêng sultan wontên ing margi gêrah,
Senapati enggal anusul. Ambêkta bala kawan dasa, sami numpak [nu...]
--- 162 ---

[...mpak] kapal sadaya, andhèrèkakên saking katêbihan. Para putra tuwin para dipati ing
Pajang sami uninga dhatêng Senapati, Pangeran Banawa matur ing kangjêng sultan. Punika
Senapati Ngalaga anututi ing lampah dalêm. Untap-untapan kemawon. Bilih panjênêngan
dalêm parêng badhe kula wangsuli, sumêja kula tumpês, mumpung balanipun sakêdhik,
bala ing Pajang kathah. Kangjêng sultan ngandika alon. Putraningsun Pangeran Banawa,
sira aja wani marang kakangira Ki Senapati, krana ing besuk yèn ingsun wis seda, amêsthi
kakangira kang minôngka gêgêntiningsun. Dene ênggone nusul iku amung sumêja
angatêrake marang ingsun. Sabab wis sumurup yèn ingsun gêrah, iku pratandhane yèn asih
sarta urmat ênggone duwe bapa marang ingsun. Karo dene wêkas ingsun marang sira,
besuk yèn ingsun wis seda, sira diatut lan kakangira Senapati, sarta dèn bêkti, sabab iku
gêgêntiningsun. Ing samangsaning sira kongsi sulaya amêsthi sira bakal ora bisa jumênêng
ratu ana ing Pajang. Pangeran Banawa tuwin sanèsipun kang sami mirêng ing
pangandikanipun kangjêng sultan, sadaya sami anangis. Lampahipun sampun dumugi ing
Pajang, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Nanging gêrahipun kangjêng sultan sangsaya sangêt.
Wondene Senapati lan sabalanipun inggih lajêng [la...]

--- 163 ---

[...jêng] mondhok ing dhusun Mayang, sakilèning kadhaton Pajang, kangjêng sultan
sampun ingaturan pariksa dhatêng balanipun. Yèn Senapati mondhok ing dhusun Mayang,
kangjêng sultan lajêng utusan animbali, nanging Senapati botên purun. Wangsulanipun
dhatêng utusan, munjuka ing kangjêng sultan, aku ditimbali suthik, nanging aku ya ora
mulih marang Mataram. Ana ing kene bae, lagi angêntèni karsaning Allah, utusan inggih
sampun wangsul, sarta sampun matur ing kangjêng sultan.

Wondene Senapati wau lajêng atumbas sêkar salasih sakalangkung kathah, tinumpuk
wontên ing korining alun-alun kang kilèn. Ing wanci dalu Senapati alênggah pitêkur
andêdonga ing Allah, anuntên wontên jim dhatêng, anama Juru Taman. Punika abdinipun
kêkasih dhatêng Senapati, nanging kang uninga dhatêng Juru Taman amung Senapati
piyambak, tiyang sanes botên wontên kang uninga, agêngipun angungkuli têtiyang. Juru
Taman wau matur dhatêng Senapati, gusti, bilih sampeyan karsa ambêdhah nagari Pajang
sarta amêjahi ing sultan, kula kemawon kadhawahana, amêsthi Sultan Pajang badhe pêjah
dening kula. Senapati ngandika, Juru Taman, aturmu iku ya wis tak tarima, nanging aku
ora duwe karêp mêngkono, dene kowe duwe niyat [ni...]

--- 164 ---

[...yat] dhewe apa sakarêpmu, aku ora akon ora mênging. Juru Taman lajêng kesah
dhatêng kadhaton Pajang. Senapati nuntên bidhal, sumêja kondur dhatêng ing Matawis.

Kala samantên kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasarean, sarta jinaganan para
garwa, para putra inggih sami ngadhêp. Pangeran Banawa matur, pun kakang Senapati
tumbas sêkar salasih kathah, katumpuk wontên korining alun-alun. Kangjêng sultan
ngandika, kakangira iku bangêt trêsnane marang ingsun. Sarta wis sumurup yèn ingsun
bakal seda. Anuntên Juru Taman wau dhatêng, nanging botên wontên kang uninga, lajêng
andhodhog jajanipun kangjêng sultan, kangjêng sultan lajêng aniba botên èngêt gêrahipun
saya sangêt. Antawis dangu nuntên seda, gumuruh swaraning tangis. Pangeran Banawa
enggal utusan, angaturi Senapati, sanajan botêna purun inggih kapêksa dipun aturi, sabab
dipun êntosi ênggènipun badhe anyirami layonipun kangjêng sultan. Utusan enggal
mangkat asêsandêran. Senapati kacandhak wontên ing margi, sarêng dipun aturi dhatêng
utusan, Senapati inggih enggal wangsul, anyandêr nyongklang, Kyai Juru botên kantun.
Sadhatêngipun ing Pajang Senapati lajêng lumêbêt ing kadhaton. Anyungkêmi sukunipun
kangjêng

--- 165 ---

sultan sarta anangis. Layon nuntên dèn bêrsihi, sarta kasalatakên. Lajêng kapêtak ing
Butuh.

Ing sanèsipun dintên para putra santana tuwin para bupati punapadene Sunan Kudus sarta
Senapati sami kalêmpakan wontên salêbêting kadhaton Pajang, Sunan Kudus ngandika
dhatêng para bupati, para bupati, sira ingsun tari, mungguh para putrane sultan kang wus
seda, sapa prayogane kang ênggêntenana jumênêng ratu ana ing Pajang. Para bupati sami
matur, prayoginipun inggih Pangeran Banawa kang anggêntosana jumênêng ratu, sabab
punika putra jalêr, sarta sampun wajibipun. Sunan Kudus ngandika, yèn Pangeran Banawa
kang jumênêng anggêntèni, aku ora rêmbug. Krana iku putra nom. Adipati ing Dêmak kang
prayoga anggêntenana marang sultan kang wus seda, sanajan iku putra mantu, sabab
padha trahing ratu, karodene garwane Adipati Dêmak iku putrane sultan kang tuwa
dhewe, dene Pangeran Banawa dadia dipati ing Jipang, kang minôngka warise. Senapati
Ngalaga badhe anyambungi wicantên. Nuntên dipun saru dhatêng Kyai Juru, Senapati ing
Ngalaga inggih lajêng kèndêl. Wondene karsanipun Sunan Kudus wau inggih sampun
kalampahan. Pangeran Banawa ênggènipun wontên ing Jipang kapêksa, sarta sangêt sakite
galihipun. Senapati Ngalaga [Ngala...]

--- 166 ---

[...ga] inggih lajêng mantuk dhatêng ing Matawis. Kyai Juru tansah amituturi dhatêng
Senapati, thole, kowe aja dahwèn ênggone rêbut kamuktèn Pangeran Banawa lan dipati
ing Dêmak. Wong padha sadulure dhewe, sanajan kongsia dadi pêrang ya cikmèn. Angur
kowe sêdhêkaha, sarta angajèkna marang kang wus seda, supaya kowe oleha sawabe,
Senapati inggih amiturut dhatêng ingkang paman.

Kacariyos ing Pajang inggih saèstu Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, sarta
kathah babêktanipun tiyang saking Dêmak. Sami agêgriya ing Pajang, kala samantên
sawarninipun tiyang ing Pajang kang sami gadhah lêlênggah sabin. Sadaya sami dipun longi
sapratigan, kaparingakên dhatêng tiyang babêktan saking Dêmak. Sarta sami kajunjung
lênggahipun, sapangkat-pangkat. Dene têtiyang kang sami dipun longi sabinipun wau,
sadaya sami sakit manahipun, sarta pamujinipun sami awon. Andadosakên rêsahe nagari
ing Pajang, kathah têtiyang alampah durjana, ambegal, ngampak, tuwin mandung, wontên
ingkang tilar bale griyanipun, ngalih gêgriya ing Matawis. Mantri pangalasan ing Pajang
utusan dhatêng Mataram, asuka pariksa dhatêng Senapati, yèn nagari Pajang samangke
sakalangkung rêsah tatanipun, sarta ambêbangus dhatêng Senapati, supados puruna [pu...]

--- 167 ---

[...runa] ambêdhah nagari Pajang, lajêng jumênêng ratu wontên ing ngriku, ing
samangsanipun Senapati purun ambêdhah ing Pajang, amêsthi bala ing Pajang sadaya sami
ambalik, ambiyantoni dhatêng Senapati. Wangsulanipun Senapati dhatêng utusan. Kowe
tutura marang pawong sanakku Ki Pangalasan. Wus bangêt ênggonku narima pangandêle
marang aku, nanging aku durung duwe cipta mêngkono, dene yèn wis ana parentahing
Allah aku andikakake jumênêng ratu gampang bae angrusak ing Pajang. Utusan wau inggih
lajêng mantuk dhatêng Pajang.
Kacariyos Pangeran Banawa kang wontên ing Jipang, sakalangkung ênggènipun prihatos,
kirang dhahar sare, bilih wanci dalu sare naritis. Botên kauban griya. Kala samantên
Pangeran Banawa ing dalu supêna, kêpanggih ingkang rama swargi, kadhawahan anyuwuna
pitulung dhatêng Senapati ing Ngalaga. Sawungunipun enjing lajêng utusan dhatêng
Matawis. Senapati dipun aturi dhatêng Jipang, utusan inggih nuntên mangkat. Sampun
kêpanggih kalihan Senapati, ing sadhawahipun Pangeran Banawa inggih sampun kaaturakên
sadaya. Panêbahan Senapati ngandika, kongkonan, kowe matura marang adhi mas. Aku
diaturi marang Jipang gawene apa, yèn aku bakal dijak ngrêbut nagara [na...]

--- 168 ---

[...gara] ing Pajang, aku suthik. Wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, aku suthik
milu-milu, lan iku wong wis diparingi nagara dhewe marang kangjêng sultan swargi, ing
Mataram iki kang môngka warisku, wis, matura mêngkono bae marang adhi mas. Utusan
inggih lajêng mantuk dhatêng Jipang, punapa ing sadhawahipun Senapati inggih sampun
kaaturakên sadaya. Pangeran Banawa ngandika, kowe balia maneh mênyang Mataram.
Kowe matura marang kakang Senapati, yèn aku biyèn diwêkas marang kangjêng rama
swargi, andikakake amiturut sabarang rèhe kakang Senapati, sabab iku kang minôngka
gêgêntine kangjêng rama, lan nagara ing Pajang samêngko dakaturake marang si kakang,
si kakang dakaturi jumênêng ratu ana ing Pajang, aku lila lair batin. Lan si kakang iku
putrane pambarêp marang kangjêng rama swargi, wis wajib yèn anggêntenana jumênêng
ratu, yèn Dipati Dêmak kang anggêntèni aku ora lila, angur aku tumuli matia, mênawa si
kakang lila ing patiku amêsthi ora anuruti ing aturku iki, wis, tumuli mangkata. Utusan
inggih enggal mangkat, sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên ing
sadhawahipun Pangeran Banawa, botên wontên kalangkungan. Senapati Ngalaga sarêng
mirêng aturing utusan, sakalangkung suka galihipun.

1. anggraita. (kembali)

2. saka. (kembali)

3. lumêbêt. (kembali)

4. kobêr (dan di tempat lain). (kembali)

5. durung. (kembali)

6. tuwin. (kembali)

7. Opak (dan di tempat lain). (kembali)

8. sadhèrèkipun. (kembali)

9. ngandika. (kembali)

10. Adiwijaya. (kembali)

11. pamit. (kembali)

12. kangjêng. (kembali)


13. dening. (kembali)

14. api-api. (kembali)

15. manêkung. (kembali)

-- 169 ---

Sarta awêlas dhatêng ingkang rayi, tumuntên ngandika, yèn mêngkono kang dadi karsane
adhi mas. Nagara Pajang iku bakal taktêmu pèk. Kowe matura marang adhi mas. Adhi mas
dakaturi mrene, lan anggawaa bala sagêgamaning prang, mêtua ing tanah Gunung Kidul.
Aku ya bakal amapak ing kono. Utusan lajêng pamit mantuk, lampahipun gêgancangan,
sampun panggih kalihan Pangeran Banawa, sarta matur wiwitan dumugi ing wêkasan.
Pangeran Banawa sarêng mirêng, sakalangkung suka galihipun. Enggal angundhangi
balanipun. Samêkta sagêgamaning prang, lajêng bidhal. Senapati Ngalaga inggih sampun
bidhal lan sabalanipun, dhatêng ing tanah Rêdi Kidul. Kèndêl wontên ing dhusun Wêru,
sampun kêpanggih kalihan Pangeran Banawa, lajêng sami rêrangkulan. Kalih-kalihipun
sami muwun. Kèngêtan dhatêng kangjêng sultan kang sampun seda, lajêng sami
amasanggrahan wontên ing ngriku, sarta sami apirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah
nagari ing Pajang.

Kacariyos bala ing Pajang ingkang lami-lami sampun sami mirêng wartos, yèn Pangeran
Banawa akumpul kalihan Senapati, amasanggrahan ing dhusun Wêru, badhe ambêdhah
nagari Pajang, bala ing Pajang wau lajêng kathah kang ambalik. Sami andhèrèk gustinipun
lami. Wondene ingkang taksih wontên ing Pajang, amung kantun bala [ba...]

--- 170 ---

[...la] bêbêktan saking Dêmak kemawon. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa, sarêng
aningali bala ing Pajang kathah kang sami êmbalik, sakalangkung suka galihipun. Anyipta
yèn gampil bêdhahipun nagari ing Pajang. Senapati ngandika dhatêng Pangeran Banawa,
adhi mas, sarèhning bala ing Pajang sampun kathah kang sami nungkul, sarta gêgaman
puniki sampun kathah, ing dintên benjing-enjing sumôngga sami bidhal anggêbag ing
Pajang, jêngandika anindhihana têtêlukan bala saking Pajang, amêdala korining kitha kang
wetan. Kula lan tiyang Mataram sadaya amêdal korining kitha kang kilèn. Pangeran
Banawa matur sandika. Ing enjingipun lajêng bidhal. Lampahing baris dados kêkalih,
gêgaman tuwin bandera awarni-warni, yèn tiningalan sakalangkung asri. Wondene Adipati
Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, inggih sampun sumêrêp yèn badhe dipun
inggahi dhatêng Pangeran Banawa sarta Senapati, Adipati ing Dêmak wau lajêng parentah
dhatêng balanipun tuwin tiyang têtumbasan. Baturku têtukon kabèh, wong Bali, Bugis,
Mêkasar, kowe padha dingati-ati, kowe bakal padha takdu prang karo Senapati, sakèhe
duwèkku êmas lan salaka iki padha gawenên mimis. Sabab Senapati iku wis misuwur yèn
kêndêl sarta têguh, lan sabalane kabèh, samangsane kobêdhil ing mimis mas [ma...]

--- 171 ---

[...s] amêsthi bakal pasah, lan satêngahing prang besuk, kowe aja ana kang mundur,
amêsthi kowe bakal dakpatèni dhewe, sabab kowe wis padha taktuku. Tiyang têtumbasan
wau aturipun sandika, lajêng sami mapan minggah dhatêng balowarti, tuwin tiyang kang
saking Dêmak kang dede têtumbasan, inggih sampun sami minggah dhatêng palataraning
biting, sarta gêgamanipun sampun sami pirantos, sanjata tuwin waos lan towok. Botên
dangu Senapati lan sabalanipun dhatêng saking kilèn. Lajêng dipun karutug ing sanjata,
mimis kados garimis. Nanging Senapati lan sabalanipun botên wontên pasah, sarta botên
ajrih, Senapati anitih kuda ulês purnamasada, anama Bratayuda, sarêng kadhawahan
mimis botên pasah, mimis sami tumèmplèk ing awaking kapal. Yèn tiningalan kados ulês
dhawuk. Utawi kang dhawah ing jajanipun Senapati, yèn tiningalan amindha prana, ing
awang-awang gumuruh suwaraning suraking jim, pêri, prayangan. Sami atêtulung ing prang
dhatêng Senapati. Senapati ngandika sêru dhatêng mêngsahipun. Hèh wong têtukon kabèh,
aja kapati-pati ênggonmu prang, kang korêbut apa, kowe ora milu duwe prakara, angur
padha lumayua, yèn wis mênang ênggonku prang besuk padha mardikaa. Sakathahe tiyang
têtumbasan, sarêng

--- 172 ---

mirêng enggal sami lumajêng, atilar gêgamanipun. Senapati lan sabalanipun sampun
dumugi korining alun-alun kang kilèn. Kang baris ing kori ngriku mantri Pajang, anama Kyai
Gêdhong sarta akanthi bala ing Dêmak. Senapati anêdha mênganing kori, tiyang Dêmak
botên suka, lajêng dipun amuk dhatêng Kyai Gêdhong, bala ing Dêmak kang wontên ing
kori kathah pêjah, nuntên sami lumajêng, kori lajêng dipun êngakakên dhatêng Kyai
Gêdhong, Senapati sampun lumêbêt ing salêbêting kori, kêpanggih lan Kyai Gêdhong,
lajêng ngabêkti. Senapati rumaos kapotangan dhatêng Kyai Gêdhong, lajêng ngandika,
Kyai Gêdhong, bangêt panarima kula marang dika, besuk ing saturun dika mugi sampun
pisah lan turun kula, yèn mukti ênggih milua, yèn lara ênggih milua. Kyai Gêdhong
aturipun nuwun. Lajêng pamit ngamuk dhatêng tiyang Dêmak kang baris ing alun-alun.
Senapati anglilani, Kyai Gêdhong nuntên majêng ngamuk. Tinadhahan ing kathah Kyai
Gêdhong sampun pêjah. Senapati sakalangkung ngungun. Lajêng sumungkêm ing kêkêpuh,
andêdonga ing Allah, ngêningakên tingal. Bala ing Dêmak kang sami baris wontên alun-alun
wau lajêng sami prang amuk-amukan sami kancanipun piyambak. Kathah ingkang sami
pêjah, nuntên sami lumajêng, pangraosipun Senapati angamuk. Kyai [Kya...]

--- 173 ---

[...i] Juru enggal amurugi Senapati, sarta numpak kapal. Senapati taksih sumungkêm ing
kêkêpuh, enggal dipun cêluk dhatêng Kyai Juru, Senapati, tangia, aja katungkul ngantuk
bae, kowe apa lali yèn iki prang, Senapati kagèt. Lajêng wungu sarta pitakèn. Tiyang
Dêmak kang sami baris wau samangke wontên ing pundi, Kyai Juru amangsuli, wis padha
lumayu kabèh, ayo banjur nyang kadhaton. Dipati Dêmak kiraku wis wêdi, ora sumêja
mapag pêrang, Senapati nuntên tumurun saking kapal. Lumampah dharat dhatêng
kadhaton. Kyai Juru pitakèn. Yagene kowe mudhun sêka jaran. Rak bêcik nunggang bae,
Senapati mangsuli, milanipun kula mudhun, ing pagêlaran sarta ing sitinggil punika tilas
pinarakanipun kangjêng sultan swargi, Kyai Juru inggih lajêng tumut mudhun. Lampahipun
sampun dumugi kori sapisan. Garwanipun Dipati Dêmak, putranipun dening sultan swargi
enggal amêthukakên, anyungkêmi sukunipun Senapati matur sarwi nangis. Kakang
Senapati, rayi sampeyan bojo kula sampun sampeyan pêjahi. Senapati sarêng ningali sarta
mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Lajêng ngandika, yayi, wis, mênênga,
aja nangis. Bojomu ora-orane dakpatèni, mung dakkapokake bae,

--- 174 ---

sabab ênggone dadi ratu ana ing Pajang iki ora bênêr, yèn bojomu wis ngrasa kalah, jakên
marang ing sitinggil sarta bandanên. Pratandhane yèn wis kalah ênggone prang lan aku.
Senapati lajêng dhatêng ing sitinggil, lênggah kalihan Ki Juru, Pangeran Banawa lan
sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing sitinggil. Wondene garwanipun Dipati
Dêmak wau inggih lajêng lumêbêt ing kadhaton. Dipati Dêmak sampun binêsta ing cindhe,
nuntên binêkta dhatêng sitinggil, ingiringakên garwanipun, sarta para èstri kathah,
alênggah tumungkul wontên ing ngarsane Senapati sarta Pangeran Banawa. Senapati
ngandika dhatêng Dipati Dêmak. Adipati Dêmak, karaton Pajang iki dudu warismu, kang
duwe waris adhiku Pangeran Banawa, iku kang sayoga anggêntenana kangjêng sultan
swargi, dene warismu dhewe ing Dêmak. Kowe tumuli muliha marang ing Dêmak. Hèh
wongku ing Mataram, kowe padha angatêrna marang Adipati Dêmak. Sarta salong amikula
tandhune, bêbandane aja kouculi, besuk yèn wis têka ing Dêmak bae uculana. Bala ing
Mataram matur sandika, Dipati Dêmak sagarwaputranipun sampun kaangkatakên, dipun
tandhu sarta ingurung-urung gêgaman.

Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa lan sabalanipun [sabala...]

--- 175 ---

[...nipun] lajêng sami kasukan. Bawanipun mêntas mênang prang, dados anutugakên ing
sakarsa-karsanipun ênggènipun sami kasukan. Pangeran Banawa matur dhatêng ingkang
raka Senapati, kakang, sampeyan kula aturi jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki,
anggêntosana rama jêngandika swargi, sabab sampeyan putra kang sêpuh piyambak. Kula
lila ing lair batin, sarta kula narima anyatriya kemawon. Punapa malih kang warni
rajabrana têtilaranipun swargi, kula inggih anyumanggakakên ing sampeyan. Senapati
amangsuli, adhi, sampun sangêt panrima kula ing pangandêl dika marang kula, nanging
kula botên purun jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, kula bakal jumênêng ratu
wontên ing Mataram kemawon. Sabab punika pêparinge kangjêng rama sultan swargi, kalih
dene sampun pinêsthi karsaning Allah, kula lan saturun kula bakal jumênêng ratu gêdhe
wontên ing Mataram. Dene ing Pajang ngriki, jêngandika kang bakal kula jumênêngakên
ratu, anggêntosana kangjêng rama sultan swargi, amung kang rupa barang wasiyate
kemawon kula jaluk. Gong Kyai Sêkar Dalima, kêndhali Kyai Macan Guguh, cêkathakan Kyai
Gathayu, lan sapanunggalane kang jênêng bêbêrkatan. Pangeran Banawa inggih
nyumanggakakên. Lajêng sami lumêbêt ing kadhaton. Sarêng ing wanci enjing [e...]

--- 176 ---

[...njing] sawarnine babêrkatan ingkang rumiyin-rumiyin lajêng sami kawêdalakên saking


kadhaton, badhe kabêkta dhatêng Matawis. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa
nuntên miyos dhatêng pagêlaran. Senapati pinarak ing dhampar mas alêlèmèk babud.
Ingadhêp para mantri tuwin para bupati, cahyanipun mancorong, Pangeran Banawa inggih
kasandhing lênggah, Senapati angandika dhatêng kang sami sowan sadaya, para bupati
mantri kabèh, sira padha nêksenana, yèn adhiningsun Pangeran Banawa ingsun
jumênêngakên sultan, amêngku nagara Pajang, anggêntèni ingkang rama swargi. Para
bupati mantri sadaya sami jumurung, sarta sami sangsaya ajrih dhatêng Senapati, sabab
botên nyana yèn Pangeran Banawa ingkang dipun jumênêngakên. Senapati lajêng amulang
dhatêng ingkang rayi, bab rumêksanipun ing nagari, sampun ngantos kirang ing pangatos-
atos. Sarta kapurih gadhaha tiyang tigang prakawis. Kang rumiyin pandhita, kaping kalih
tiyang petang iladuni palak palakiyah, kaping tiga tiyang ahli tapa, yèn dika pakèwêdan
amranata nagara, atakena dhatêng pandhita, yèn dika ajêng sumêrêp ingkang dèrèng
kêlampahan, atakena dhatêng tiyang petang iladuni palakiyah, yèn dika ajêng sumêrêp ing
kasêktèn, atakena dhatêng tiyang ahli tapa. Pangeran Banawa aturipun nuwun. Senapati

--- 177 ---


nuntên pamit. Sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Lajêng bidhal sabalipun, sampun
dumugi ing Matawis.

Senapati Ngalaga lajêng jumênêng sultan wontên ing Matawis. Nanging botên karan,
têtiyang kathah sami amastani Panêmbahan Senapati kemawon.

Kala samantên Panêmbahan Senapati anjunjung nama dhatêng ingkang rayi, ingkang sami
diwasa, Radèn Tompe kaparingan nama Pangeran Tumênggung Gagakbaning, radèn mantri
kaparingan nama Pangeran Singasari, Radèn Jambu kaparingan nama Pangeran
Mangkubumi, putranipun Panêmbahan Senapati satunggil jalêr sampun diwasa,
patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat, putra wau anama Radèn Rôngga.

Kacariyos Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa sarta têguh, watêkanipun
panasbaran sarta cêngkiling, asring nampiling tiyang rêmuk sirahipun lajêng pêjah. Wontên
tiyang nênêka saking Bantên satunggil, sumêja ngayoni karosanipun Senapati, lajêng dipun
panggihi dhatêng Radèn Rôngga, sami ngabên karosan. Tiyang ing Bantên kawon. Inggih
sampun pêjah amargi dipun tampiling. Sarêng kauningan ingkang rama, Radèn Rôngga
dipun dukani, lajêng dipun kèn mutung jêmpole suku ingkang rama, Panêmbahan ngraos
sakit. Radèn Rôngga

--- 178 ---

dipun kipatakên malêsat. Radèn Rôngga sangêt isin dhatêng tiyang kathah, lajêng sumêja
kesah, botên purun mêdal ing kori, anumbuk pagêr banon. Pagêr bolong satiyang, Radèn
Rôngga sumêja purik dhatêng Pathi, dipun kèn nututi dhatêng ingkang rama, kapurih
wangsula, ingkang nututi lajêng dipun pipit ing suku sampun pêjah. Radèn Rôngga lajêng
dhatêng ing Pathi tuwi ingkang paman. Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban
jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali
kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Rôngga wau sarèhning ênggènipun
lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk
balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya. Sarêng sampun lami ênggènipun wontên
Pathi, Radèn Rôngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang
tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun
pêjah, Radèn Rôngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali
ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru
Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Rôngga
matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru, Radèn Rôngga
wicantên salêbêting [sa...]

--- 179 ---

[...lêbêting] manah, aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, môngka isih dikon ênggêguru
marang eyang Juru, sing tak guroni apane. Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang
eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Rôngga lajêng lênggah wontên
ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun
cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Rôngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk. Sela kumlasa
pating dharêkok tatu dariji. Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid.
Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, Radèn Rôngga, watu
kocublêsi iku apa ora atos. Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên
pasah, Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, bênêr rama Senapati, aku dikon
anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing
kasêktène utawa ngèlmu liyane. Radèn Rôngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang
eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Rôngga
tumuntên mantuk.

Sarêng sampun lami Radèn Rôngga mirêng pawartos, yèn ing Patalan wontên sawêr agêng,
anglangkungi galak. Asring nguntal tiyang langkung, lajêng dipun purugi dhatêng Radèn
[Radè...]

--- 180 ---

[...n] Rôngga, sawêr enggal anyandêr, nyakot sarta mulêt. Radèn Rôngga panggah, cinakot
botên pasah, pinulêt botên ebah, sawêr lajêng kinêthok-kêthok sampun pêjah, Radèn
Rôngga nuntên mantuk. Dumugining dalêm lajêng gêrah andadosakên ing sedanipun.

Kacariyos Panêmbahan Senapati sampun tulus ênggènipun mukti wontên ing Mataram,
sarta sampun apêputra sanga, pambajêngipun Radèn Rôngga kang sampun pêjah wau,
ingkang rayi nama Pangeran Pugêr, tiga Pangeran Purbaya, sakawan Pangeran Jayaraga,
gangsal Pangeran Juminah, nêm nama Panêmbahan Krapyak, timuripun anama Radèn
Jolang, punika kang dipun gadhang anggêntosi jumênêng ratu, pitu Pangeran Pringgalaya,
wolu èstri, krama angsal Radèn Dêmang Tanpanangkil, sanga èstri malih, krama angsal
Pangeran Têpasana, Kyai Juru Martani kaangkat nama Dipati Môndaraka.

Kacariyos Pangeran Banawa ing Pajang ênggènipun jumênêng sultan sawêg sataun lajêng
seda, nuntên kagêntosan ingkang rayi Panêmbahan Senapati, anama Pangeran
Gagakbaning, kadadosakên dipati ing Pajang, bala ing Pajang suyud sadaya, parentahipun
ajêg, nanging botên purun ngênggèni padalêman lami, mingsêr mangetan, pagêring kitha
kaêlar, ing ngriku wontên makam mukmin saking [sa...]

--- 181 ---

[...king] Ngarab, inggih kalêbêtakên ing pagêr kitha, kapêndhêt sawabipun. Kitha ing
Pajang samangke dhapur pasagi, botên lami Pangeran Gagakbaning wau lajêng seda,
kapêtak ing Matawis. Nuntên kagêntosan ing putranipun anama Pangeran Pajang.

Kala samantên Panêmbahan Senapati utusan dhatêng Giri sarta mawi sêrat. Panêmbahan
Senapati badhe angyêktosakên wirayatipun Sunan Giri, kalanipun Sultan Pajang sowan
dhatêng Giri rumiyin. Utusan inggih sampun mangkat. Sunan Giri nuju sineba ing
balanipun. Utusan saking Matawis lajêng ngaturakên sêrat. Sunan Giri sasampuning maos
sêrat mèsêm sarwi ngandika, kongkonan, kowe tutura marang Ki Senapati, yèn arêp
anyatakake wirayatku, konên anglurug marang bang wetan. Wirayatku iki wis pinêsthi
karsaning Allah, yèn ratu ing Mataram besuk bakal angrèh wong tanah Jawa kabèh,
sanajan ing Giri kene besuk ya têluk marang ing Mataram. Sabab karsaning Allah iku wis
ora kêna owah, ginawe jaman walikan. Gusti dadi kawula, kawula dadi gusti, pratandhane
wis ana ing Pajang lan ing Mataram iku. Utusan lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing
Matawis, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Panêmbahan Senapati ngandika dhatêng
kang paman Dipati [Dipa...]

--- 182 ---

[...ti] Môndaraka, paman, kula badhe tumuntên mangkat ngalurug dhatêng bang wetan.
Angkat kula benjing wulan Mukaram. Kula anurut kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng
Giri rumiyin pinuju wulan Mukaram. Kalih dene sampeyan amarentahana dhatêng Adipati
ing Pathi, Dêmak, Garobogan, kang sampun sami karèh ing kula, sami asaosa gêgamaning
prang, benjing yèn kula mangkat sampuna ngalêmpak wontên ing Pajang, Ki Dipati
Môndaraka matur sandika. Sarêng dumugi ing wulan Mukaram, Panêmbahan lajêng bidhal
lan sabalanipun, tuwin nagari kang sampun sami karèh tiyangipun inggih andhèrèk sadaya,
sumêja anêlukakên nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Lampahipun anjujug ing
Japan.

Kacariyos pangeran ing Surabaya, punika kang dados pangagêngipun para bupati ing bang
wetan, sampun mirêng pawartos yèn Senapati ing Mataram sumêja anêlukakên nagari bang
wetan sadaya, Pangeran Surabaya wau enggal utusan. Angaturi para bupati ing Tuban.
Sadayu, Lamongan, Garêsik, Lumajang, Kartasana, ing Malang, Pasuruan, Kadhiri,
Wirasaba, Balitar, Pringgabaya, Pragunan, Lasêm, Madura, Sêmênêp, Pakacangan. Sadaya
wau inggih sampun sami dhatêng sabalanipun wontên ing Japan. [Japa...]

--- 183 ---

[...n.] Sumêja sami mêthukakên prangipun Senapati, wondene Panêmbahan Senapati lan
sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Japan. Gêgamanipun sampun sami ajêng-
ajêngan. Anuntên wontên utusanipun Sunan giri, sarta ambêkta sêrat. Sadhatêngipun ing
Japan, lajêng damêl pasanggrahan piyambak. Nuntên angaturi Panêmbahan Senapati,
sarta Pangeran Surabaya tuwin para bupati sadaya, inggih sampun sami dhatêng wontên
ing pasanggrahan ngriku, atata sami lênggah, utusan ing Giri wicantên. Para priyantun
agêng-agêng sadaya, kula dipun utus ing Kangjêng Sinuhun Giri, amaringakên sêrat, kula
waose piyambak, sami kamirêngêna, utusan Giri lajêng maos. Ungêling sêrat. Layang
Ingsun Kangjêng Sunan Giri dhawuha marang putraningsun Senapati ing Mataram. Lan
dhawuha marang putraningsun Pangeran Surabaya, liring layang, ênggonira bakal pêrangan
iku ingsun ora anglilani, karana bakal akèh pêpati, angrusakake wong cilik. Ing mêngko sira
wong loro amiliha, isi lan wadhah, yèn sira wis padha milih isi lan wadhah mau, ing
sasênêngira dhewe-dhewe, tumuli padha atuta, lan padha sokura ing Allah, nuli padha
muliha marang nagaranira dhewe-dhewe, lan ing besuk manawa ana karsaning Allah, [A...]

--- 184 ---

[...llah,] sira padha tinitah luhur utawa andhap, anarimaa ing papêsthèn. Titi. Senapati
tumuntên ngandika dhatêng Pangeran Surabaya, adhi ing Surabaya, kadospundi kang dados
karsa sampeyan, mênggah dhawahipun Sunan Giri, kula lan sampeyan andikakakên milih,
isi lan wadhah, sampeyan milih kang pundi, kula nyarah kemawon. Pangeran Surabaya
sumaur, kakang Senapati, kula amilih isi kemawon sampeyan wadhahipun. Panêmbahan
Senapati inggih sampun narimah tampi wadhah. Sarêng sampun ênggènipun sami pilih-
pinilih, lajêng sami bibar mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Utusan ing Giri
inggih sampun mantuk, sarta sampun matur ing Gustinipun. Sunan Giri sarêng mirêng ing
aturing utusan lajêng ngandika, wruhanira, wis pinêsthi karsa Allah, Senapati ênggone
anampani wadhah iku wis kabênêran. Wadhah iku nagara, isi iku wonge, ing samangsane
uwong ora anurut marang kang duwe bumi amêsthi bakal ditundhung. Kacariyos Pangeran
Surabaya utusan ananêm Bupati wontên ing Warung tanah Blora, inggih sampun
kêlampahan. Sarêng kauningan dhatêng Panêmbahan Senapati, lajêng katêlukakên. Yèn
botên purun têluk, botên suka anganciki siti ing Warung Blora, [Blo...]

--- 185 ---

[...ra,] sabab siti ing ngriku wau gadhahanipun Senapati, bupatosipun inggih sampun têluk
dhatêng Mataram. Utawi sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami têluk dhatêng
Mataram. Ingkang mogok kagêbag ing prang. Anuntên Panêmbahan ing Madiun kalêmpakan
kalihan para bupati ing bang wetan, ingkang dèrèng sami têluk dhatêng ing Mataram.
Sumêja sami badhe ambêdhah nagari ing Mataram. Sabab Senapati punika kaupamekakên
latu sakonang, prayogi nuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-
ngômbra, para bupati wau inggih sampun sami rêmbag. Nuntên sami anglêmpakakên bala
wontên ing Madiun, sarta samêkta sagêgamaning prang, sakalangkung agêng barisipun.

Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan pariksa dhatêng abdinipun têlik
yèn Panêmbahan Madiun akanthi bupati kathah, badhe anggêbag ing Matawis. Panêmbahan
Senapati enggal angundhangi balanipun. Angrakit gêgamaning prang, lan angêrigi nagari
kang sampun sami kaêrèh. Sarêng sampun sami ngalêmpak pinuju ing wulan Mukaram.
Panêmbahan Senapati lajêng budhal sabalanipun. Kyai Dipati Môndaraka inggih tumut.
Lampahipun sampun dumugi sakilèning kitha Madiun. Amasanggrahan ing dhusun
Kalidhadhung, sakilèning bangawan Madiun, ajêng-ajêngan

--- 186 ---

kalihan mêngsah, nanging êlêt banawi. Panêmbahan Senapati sarêng sumêrêp


mêngsahipun sakalangkung kathah, balanipun piyambak amung sakêdhik. Lajêng
pirêmbagan kalihan Ki Dipati Môndaraka angupados akal. Sarêng sampun angsal akal,
senapati nuntên ngandika dhatêng abdinipun èstri, anama Adisara, sakalangkung ayu
warninipun. Adisara, kowe mênyanga kutha Madiun. Layangku iki aturna marang
Panêmbahan Madiun. Unine layang iki, aku asêngadi têluk. Kang supaya ilanga pangati-
atine, utawa ambubarna bêbarisane, kajabane nglayang môngsa bodhoa kowe gonmu
murih lunture sihe marang aku, lan sira anganggo-anggoa sarta pêpaesa kang bêcik, sarta
anungganga jolang, dene kang mikul jolangmu lan kang anggawa upacaramu prajuritku
Jayataka wong patang puluh iku, yèn kowe dèn ganggu-ganggu marang para santana ing
Madiun, ya ladenana sajabane paremana, naging aja nganti anjêroni. Bok Adisara aturipun
sêndika, lajêng dandos busana kang sae-sae, sarta apêpaès. Warninipun sakalangkung ayu,
kang aningali sami kasmaran. Nuntên mangkat anumpak jolang, sarta pinayungan, ingiring
upacara amindha putri, lampahipun anêrak bêbarisan agêng ing Madiun. Tiyang ingkang
bêbarisan [bê...]

--- 187 ---

[...barisan] botên wontên kang nyujanani, sabab sami sumêrêp yèn kang dèn dhèrèk
priyantun èstri, malah sami ningali sarta pitakèn, punika sintên. Wangsulanipun tiyang
Matawis. Punika raja kula ing Mataram angaturi panungkul. Tiyang ing bêbarisan sarêng
mirêng sakalangkung sami suka manahipun, anyipta yèn botên siyos prang.

Kacariyos Panêmbahan Madiun punika putranipun Sultan Dêmak. Ingkang nanêm bupatos
Sultan Pajang swargi. Panêmbahan Madiun sampun pêputra kêkalih, èstri satunggil, jalêr
satunggil, pambajêngipun èstri sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama
Rêtna Jumilah, ingkang rayi anama Mas Lonthang, Rêtna Jumilah wau dipun taros krama
botên purun.

Wangsulanipun, inggih badhe purun krama yèn wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng
mantunipun, lan gadhah pêpanggil lading panyukur, ing saupami tiyang jalêr kapêrang ing
lading, panyukur botên pasah, Rêtna Jumilah inggih purun kapêndhet garwa, yèn botên
makatên inggih botên purun krama ing salaminipun. Kala sêmantên Panêmbahan Madiun
pinuju lênggah wontên ing dalêmipun, ingadhêp para santana tuwin putrinipun. Kagèt
aningali dhatêngipun Bok Adisara, dumrojog tanpa larapan. Lajêng anyungkêmi sukunipun
panêmbahan. [panêmbaha...]
--- 188 ---

[...n.] Panêmbahan alon andangu, kowe iki wong saka ngêndi lan jênêngmu sapa. Bok
Adisara matur nêmbah, kula kengkenanipun abdi sampeyan Senapati ing Mataram. Nama
kula pun Adisara, kula dipun utus angaturakên sêrat panungkul ing sampeyan. Sêrat lajêng
tinampèn sarta winaos. Ungêling sêrat, Senapati anungkul sarta nêja ngawula, lan
angaturakên nagari ing Matawis. Panêmbahan sasampuning maos sêrat lajêng ngandika,
Adisara, kowe tutura marang anakku Senapati, aku ora niyat mungsuh marang dhèwèke,
para bupati akèh iku kang bakal mungsuh marang Senapati, aku lan sabalaku dhewe ora
milu-milu, sêrèhning bêndaramu wis sumêja nungkul marang aku mêngkono, para bupati
akèh iku ya dakbubarne, sênajan padha abakal mungsuh marang Senapati aja pakumpulan
ing nagara kene. Panêmbahan inggih lajêng angutus santananipun, andikakakên andhawahi
para bupati ambibarna barisipun, sarta amisuwurakên yèn Senapati sampun têluk. Para
bupati lan sabalanipun wau inggih lajêng wontên ingkang bibar, wontên ingkang taksih
kantun wontên ing ngriku. Wondene bok Adisara wau sarêng mirêng pangandikanipun
Panêmbahan Madiun, sakalangkung suka manahipun sarta matur, gusti, abdi [a...]

--- 189 ---

[...bdi] sampeyan Senapati anyuwun kêkolohe pada sampeyan. Badhe dipun unjuk sarta
kadamêl adus, supados andadosna kawilujêngan katêguhanipun. Akathah-kathah aturipun
Bok Adisara wau gènipun amurih lunture sihipun panêmbahan dhatêng Senapati.
Panêmbahan inggih lajêng anuruh padanipun ing toya, Adisara anadhahi ing bokor salaka,
panêmbahan sarwi ngandika, Adisara, bêndaramu takpèk anak. Taksadulurake lan anakku
loro, wadon siji, lanang siji, Adisara sakalangkung panuwunipun. Lajêng pamit mantuk
dhatêng pasanggrahan. Senapati Ngalaga sarêng aningali Adisara taksih sae paèsipun,
sakalangkung suka ing galihipun, lajêng andangu, Bok Adisara inggih matur ing wiwitan
dumugi wêkasan, sarta matur yèn Panêmbahan Madiun darbe putra èstri, botên purun
krama yèn botên wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, sarta gadhah
pêpanggil lading panyukur, Panêmbahan Senapati mirêng aturipun Bok Adisara sangêt suka
ing galihipun. Sarta anggunggung dhatêng bok Adisara.

Ki Dipati Môndaraka ngandika dhatêng Senapati, thole, sarèhning kowe sumêja dadi ratu,
amêngku ing tanah Jawa kabèh, bêcike kowe sebaa ing Sunan [Su...]

--- 190 ---

[...nan] Kalijaga ing Ngadilangu, anyuwuna kagungane rasukan, Kangjêng Kyai Gundhil
atawa Kyai Ôntakusuma, dene caritane Kyai Gundhil mau mangkene, nalikane para wali
padha angêdêgake masjid Dêmak, iku banjur padha dhikir ana sajroning masjid. Nuli ana
buntêlan tiba saka ing dhuwur, kang kabênêr anduwèni Sunan Kalijaga, buntêlan mau
barêng didêlêng rupa walulang wêdhus. Pasujudane Kangjêng Nabi Mukhammad. Sarta
rupa jarit sal agême Kangjêng Rasul. Banjur digawe klambi marang Sunan Kalijaga. Sunan
Bonang takon sababe digawe klambi, Sunan Kalijaga amangsuli, mulane digawe klambi,
sabab bakal dadi panganggone para ratu kang angrèh ing tanah Jawa. Kang iku Senapati,
yèn kulambi mau kosuwun diparingake, bakal andadekake pratôndha, yèn kowe bakal tulus
dadi ratu ana ing Mataram, tumurun ing anak putumu, yèn ora diparingake, ya bakal ora
tulus ênggonmu dadi ratu. Senapati Ngalaga sarêng mirêng pangandikane kang paman
sakalangkung suka manahipun. Lajêng mangkat amung ambêkta rencang sawatawis sami
kêkapalan sadaya, ikang têngga bêbarisan Ki Dipati Môndaraka. Sadhatêngipun ing
Ngadilangu inggih sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, Senapati matur nyuwun
saratipun tiyang prang, sampun ngantos [nganto...]
--- 191 ---

[...s] kadhawahan mimis supados wiyanaa, sang pandhita inggih lajêng amaringi rasukan
kang nama Kyai Gundhil utawi Ôntakusuma wau. Senapati inggih nuntên wangsul dhatêng
bêbarisan malih.

Sarêng sanèsing dintên malih Senapati Ngalaga sumêrêp, yèn barisan ing Madiun salong
bibar, ingkang taksih kantun sangêt weya, Senapati lajêng parentah anata balanipun
kapara tiga, sumêja anggêbag bêbarisan Madiun, sampun sami jangji, ing wanci byar
sampuna sami dumugi sawetan banawi, sarêng sampun sami samêkta, gêgaman agêng ing
dalu lajêng sami nyabrang mangetan. Ing wanci byar sampun sami dumugi sabrang wetan.
Lajêng sarêng umangsah ing prang, gumuruh swaraning surak. Sarta anitir bêndhe, sarwi
ambêsmèni griya. Bala kang sami bêbarisan ing Madiun kagèt. Gugup ênggènipun nadhahi,
lajêng prang rame, kathah kang sami pêjah. Senapati anitih kapal napas madu anama
Puspakancana, sarta ngagêm rasukan Ôntakusuma, lajêng ngamuk kalihan waos. Bala bang
wetan kathah kang pêjah, bala bang kilèn sakêdhik kang pêjah, lajêng dhadhal ing
sapurug-purug. Sarêng wanci lingsir wetan titihanipun Senapati pêjah, amargi kataton.
Nanging taksih kenging kadamêl prang, sarêng ing wanci lingsir kilèn Kyai Dipati Môndaraka
sumêrêp sarta pitakèn. [pita...]

--- 192 ---

[...kèn.] Senapati, jaranmu iku wis mati, kok isih kotunggangi, kapal wau inggih lajêng
rêbah, Senapati malumpat sarwi wicantên. Paman, sampeyan punika dahwèn. Kapal kula
punika gènipun pêjah kala lingsir wetan. Sawêk ambruk sapuniki. Senapati lajêng ngandika
prasapa, besuk saturunku aja ana kang nunggang jaran napas, manawa ora kaya aku,
Senapati lajêng lampahipun sumêja lumêbêt kadhaton Madiun.

Kacariyos Panêmbahan Madiun sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn Senapati
anggêbag ing prang, ênggènipun ngaturi sêrat panungkul rumiyin kadamêl samudana
kemawon. Balanipun para Bupati bang wetan tuwin bala Madiun sampun kathah kang
pêjah, ingkang taksih sami gêsang sampun sami lumajêng sadaya, kantun tiyang salêbêting
kadhaton punika, sajawining kadhaton sampun sami dipun jarah rayah dhatêng bala
Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng sakalangkung gêtun, sarwi ngandika, aku ora nyana
yèn kaya mêngkene karêpe Senapati, dadi kêna dijênêngake Martawisa, marta lahire,
batine wisa. Panêmbahan lajêng parentah dandos dhatêng garwa tuwin putranipun jalêr,
sumêja kabêkta lolos. Nuntên ngandika dhatêng putranipun èstri kang nama Rêtna
Jumilah, anakku ni putri, kowe [ko...]

--- 193 ---

[...we] kèria tunggu kadhatonmu, sabab wis lumrahe yèn wong kalah pêrang iku dirayah
sabarang duweke, lan diboyong putrine, karo dene yèn kowe ora sumurup, mulane
Senapati iku kapati-pati ambêdhah nagaraku, ya kowe kang dirêbut. Rêtna Jumilah sarêng
mirêng dhawahipun ingkang rama, lajêng anangis sarta aniba ing siti botên emut. Ingkang
ibu tuwin para abdi inggih tumut nangis sadaya. Panêmbahan ngandika dhatêng êmban
tuwin inyanipun sang putri punapa dene abdi èstri ingkang badhe katilar, kowe padha
kèria atunggu gustimu, ora-orane kowe nêmu pati, lan gustimu yèn mêngko wis eling,
krisku wasiyat iki wèhêna, jênênge Si Gumarang. Dhuwung sampun katampèn dhatêng
êmbanipun sang putri, panêmbahan lajêng bidhal. Garwa tuwin putranipun jalêr botên
kantun. Lampahipun mangetan, sumêja dhatêng Wirasaba. Wondene sang putri ingkang
katilar wau inggih sampun emut saking anggènipun kantaka, êmban angaturakên dhuwung,
sang putri sarêng sampun nampèni dhuwung anyipta sarênga pêjah kalihan Senapati, sang
putri nuntên dandos cara jalêr, angagêm dhuwung, anyothe pistul, anyanthing sarampang,
lajêng lênggah satêngahing dalêm.

Senapati Ngalaga inggih sampun sumêrêp ing wartos. [war...]

--- 194 ---

[...tos.] Yèn Panêmbahan Madiun sampun atilar nagari, putranipun èstri katilar wontên
kadhaton. Senapati sakalangkung suka manahipun. Enggal lumêbêt ing kadhaton. Sarêng
dumugi palataraning dalêm, lajêng dipun pistul dhatêng sang putri, nuntên kasawat ing
sarampang, Senapati kenging jajanipun botên pasah, eca anggènipun lumampah kemawon.
Sang putri enggal narik dhuwungipun wasiyat, sarta wicantên. Yèn kowe ora pasah
taksuduk kêrisku iki nyata yèn têguh. Senapati sarêng aningali sang putri angunus
dhuwungipun wasiyat, ajrih anyêlaki, nuntên kèndêl jumênêng wontên korining dalêm.
sarta wicantên angrêrêpa aminta sihipun sang putri, akathah-kathah wicantênipun
Senapati wau, amurih sang putri asiha dhatêng piyambakipun. Sang rêtna sarêng mirêng
lajêng ical dukanipun. Karaos ing galihipun. Sariranipun lêsu, lênggah sarwi mengo,
panyêpêngipun dhuwung rêntah botên sumêrêp. panêmbahan enggal amurugi, dhuwung
sampun kapêndhêt kawrangkakakên lajêng cinêngkêlit.[1] Senapati lênggah nyandhing sang
putri sarwi angungrum dhatêng sang putri, sang rêtna wicantên, Senapati, pêpanggilku
kèri siji, yèn kowe ora pasah dakprang ladingku panyukur iki, aku ya gêlêm kopotha-potha,
Senapati inggih lajêng dipun prang, lading panyukur ngantos melot [me...]

--- 195 ---

[...lot] landhêpipun. Senapati botên pasah, sang putri enggal pinodhong dhatêng pasarean,
andumugèkakên karsanipun. Sang putri wau sampun kapundhut garwa dhatêng Senapati,
dhuwung wasiyatipun sang putri kaêlih nama Kyai Gupita.

Ing enjingipun Senapati miyos sinewaka ing balanipun, tuwin para bupati ingkang sami
sampun kaêrèh inggih sowan sadaya, Dipati ing Pathi sumêrêp yèn Senapati amêndhêt
garwa, sangêt sakite manahipun. Lajêng pamit mantuk asêngadi nagarinipun kadhatêngan
mêngsah, dipun ampah botên kenging, amêksa mantuk, sampun bidhal. Sapêngkêripun
Dipati Pathi Senapati ngandika dhatêng Ki Môndaraka, paman, yèn sampeyan botên
sumêrêp, pun adhi ing Pathi badhe ambalik. Sumêja amêngsah ing kula, Ki Dipati
Môndaraka sangêt anggènipun gêtun. Senapati Ngalaga lajêng bidhal sabalanipun. Sumêja
ambêdhah ing Pasuruan. Garwanipun putri ing Madiun inggih binêkta, lampahipun sampun
dumugi watêse nagari Pasuruan. Lajêng masanggrahan wontên ing ngriku.

Kacariyos Dipati Pasuruan sampun mirêng pawartos. Yèn nagarinipun badhe kabêdhah
dhatêng Senapati, Dipati Pasuruan sangêt ajrih, sumêja nungkul kemawon. Sampun acawis
rajabrana, badhe kaaturakên [kaatur...]

--- 196 ---

[...akên] kang minôngka pratôndha ing panungkulipun.

Anuntên wontên kalerehanipun bupati satunggil, anama Kanitèn. Punika sagah


amêthukakên prangipun Senapati, atandhing sami ijèn. Inggih sampun dipun kèn mangkat
dhatêng Dipati Pasuruan. Ki Kanitèn inggih lajêng mangkat, ingiring bala sawêtawis.
Wondene Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn wontên tiyang kang badhe mêthukakên
prangipun. Senapati nuntên bidhal saking pasanggrahan, angagêm busana sarwa wulung
sarta numpak kapal. Amung ambêkta bala kawan dasa, inggih sami ngangge sarwa wulung,
asikêp waos sadaya. Wontên ing margi nuntên kêpêthuk kalihan Ki Kanitèn. Sarta dipun
takèni, wangsulanipun Senapati, angakên lurah prajurit numbak cêmêng abdinipun
Senapati, kautus amêthukakên prangipun Ki Kanitèn. Ki Kanitèn inggih pitados kemawon.
Lajêng sami prang ijèn sarta numpak kapal. Balanipun sami nyuraki kemawon. Dangu
anggènipun sami prang waos. Senapati nuntên andêdonga ing Allah, supados sagêda
angawonakên pêrangipun Ki Kanitèn. Senapati nuntên amaos. Ki Kanitèn kenging
gandhunipun botên pasah nanging lajêng dhawah saking kapal. Sarta lajêng
kumpuh,[2] karosanipun ical. Ki Kanitèn nuntên dipun tumpakakên [tumpa...]

--- 197 ---

[...kakên] kapal èstri lêlagaran pincang kêndhangsulipun dhadhung, kaantukakên dhatêng


kitha Pasuruan. Ingiringakên tiyang kawan dasa wau, Senapati wangsul dhatêng
pasanggrahanipun. Wondene Ki Kanitèn inggih sampun dhatêng ngarsanipun sang Dipati
Pasuruan. Matur yèn sampun kawon prangipun kalihan lurah numbak cêmêng ing Matawis.
Sang Dipati Pasuruan ngandika, yèn kowe ora sumurup. Baturmu prang mau ya ika
Senapati, Ki Kanitèn matur malih, upami yèn kula wau sumêrapa, kang prang kalihan kula
punika Senapati, amêsthi kula botên purun mantuk. Kula pilalah pêjah. Sang dipati mirêng
atur mêkatên lajêng duka, Ki Kanitèn andikakakên madung gulunipun. Wadungipun
ngantos tugêl. Ki Kanitèn botên pasah, lajêng dipun soki worworan timah cangkêmipun, Ki
Kanitèn sampun pêjah.

Sang dipati nuntên angganjar dhatêng tiyang kawan dasa abdinipun Senapati wau, sarta
anglampahakên utusan angaturakên panungkul rajabrana warni-warni, lan angaturakên
nagari ing Pasuruan. Utusan inggih lajêng mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati,
sarta angaturakên bêbêktanipun sadaya. Senapati sakalangkung suka ing galihipun, sarta
ngandika, kongkonan, matura marang gustimu, aku banjur mulih marang

--- 198 ---

Mataram. Gustimu têtêpa ana nagarane bae, dene yèn ana parentahe para bupati ing bang
wetan kene, ya dituruta bae, aja ambêngkalahi. Senapati lan sabalanipun lajêng bidhal
kondur dhatêng ing Matawis.

Kacariyos tiyang kang sami kawon prang kalihan Senapati wau, kathah kang sami ngungsi
dhatêng Surabaya, punapa dene putranipun jalêr Panêmbahan Madiun kang nama Mas
Calonthang, inggih angungsi dhatêng Surabaya, sampun kapundhut mantu dhatêng
Pangeran Surabaya, lajêng kadadosakên bupati wontên ing Japan. Ing Wirasaba inggih
katanêman bupati, anama Rôngga Pramana, dene ing Kadhiri ingkang dados bupati anama
Pangeran Mas. Gadhah sadhèrèk sakawan. Satunggil nama Senapati ing Kadhiri, kalih
Saradipa, tiga Kenthol Jajanggu, sakawan nama Kartimasa. Ing sasedanipun Pangeran Mas
wau lajêng dipun tanêmi bupati saking Pangeran Surabaya, anama Ratu Jalu. Senapati ing
Kadhiri lan sasêdhèrèkipun sami sakit manahipun. Lajêng anglampahakên utusan sarta
mawi sêrat dhatêng ing Matawis, sumêja têluk sarta angabdi dhatêng Panêmbahan
Senapati ing Matawis. Ingkang dipun utus anama Nayakarti, sêrat sampun kaaturakên ing
Panêmbahan. Lajêng winaos. Panêmbahan Senapati,

--- 199 ---


sasampuning maos sêrat sangêt suka ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng Pangeran
Wiramênggala, Wiramênggala, sira mênyanga ing Kadhiri, amapaga Si Senapati, sira sun
kanthèni Si Tumênggung Alap-alap, lan mantri pamajêgan. Sarta Bupati Pajang, ing
Dêmak. Jagaraga lan sabalane kabèh, Si Tumênggung Alap-alap dadia kamituwaning laku
andhèrèka ing sira, kongkonan ing Kadhiri iku sira anggawaa[3] barêng, manawa Senapati
Kadhiri wis kumpul lan sira, nuli gawanên mulih marang Mataram. Si Tumênggung Alap-
alap lan Bupati Dêmak, ing Pajang sira kon abacuk ambêdhah ing Ngrawa. Pangeran
Wiramênggala lan ingkang sami kadhawahan wau sadaya aturipun sandika, lajêng sami
mangkat. Sampun dumugi ing Kadhiri, amasanggrahan ing dhusun Pakuncèn sakilèning
kitha Kadhiri.

Wondene Bupati ing Kadhiri kang nama Ratu Jalu inggih sampun amêpak bala, sumêja
mêthuk ing prang, sarêng ing wanci dalu, Senapati Kadhiri lan sasadhèrèkipun tuwin putra
garwanipun lajêng sami lolos sakulawangsanipun antawis tiyang kalih atus. Sumêja kumpul
kalihan tiyang Mataram. Sarêng Ratu Jalu sumêrêp nuntên dipun tututi, sumêja katumpês.
Kacandhak wontên ing Krakal. Lajêng sami prang, bala Matawis enggal anulungi, arame
prangipun namung sakêdhap. Balanipun Ratu [Ra...]

--- 200 ---

[...tu] Jalu kêplajêng, lajêng tutup lawanging biting, tiyang Matawis botên anututi,
putranipun mantu Senapati Kadhiri, anama Mas Balimbing kataton. Wondene Pangeran
Wiramênggala inggih lajêng bidhal sumêja kondur, sarta ambêkta senapati, kèndêl wontên
ing Jagaraga. Ki Tumênggung Alap-Alap lajêng dhatêng Ngrawa, ing Ngrawa inggih sampun
bêdhah, èstrinipun binoyongan. Rajabrana tuwin rajakaya jinarahan. Ki Tumênggung Alap-
alap nuntên bidhal dhatêng Jagaraga, sampun kumpul kalihan Pangeran Wiramênggala,
lajêng bidhal dhatêng ing Matawis. Jarahan tuwin boyongan punapa dene senapati ing
Kadhiri lan sakulawangsanipun inggih sampun katur ing Panêmbahan Senapati, senapati ing
Kadhiri sampun pinaringan padalêman sasadhèrèkipun sadaya, sarta sami ginanjar busana
kang sae-sae. Senapati Kadhiri wau pinundhut putra pambajêng dhatêng Panêmbahan,
sarta sakalangkung dipun sihi, sampun pinaringan lêlênggah siti dhusun kalih bêlah èwu
karya, sadhèrèkipun inggih sami dipun paringi siti dhusun sapantêsipun.

Kala samantên Panêmbahan arsa adamêl pagêr banon kitha, ingkang dipun angge banon
abrit lan banon pêthak. Ingkang anjênêngi nyambut damêl senapati Kadhiri, botên lami
nuntên dados kutha bacingah, sakalangkung [saka...]

--- 201 ---

[...langkung] prayogi, sinêngkalan 1509. Panêmbahan ngandika dhatêng Senapati, yagenea


kutha iki ora sira dokoki lompongan pirantining bêdhil. Aturipun senapati Kadhiri, bilih
wontên mêngsah dhatêng, sumêja kula pêthukakên sajawining nagari Matawis. Sampun
ngantos mriki. Panêmbahan ngandika malih, ingsun ngrungu wirayat. Yèn ing Mataram iki
besuk bakal rinusak marang wong bang wetan. Wong Mataram bakal kalah prange, iku sira
apa ngrungu wirayat mêngkono, senapati matur, yèn taksih gêsang kula, kados botên
badhe kêlampahan. Sabab kula ingkang sagah numpês tiyang bang wetan. Panêmbahan
sakalangkung suka galihipun.

Kacariyos para bupati bang wetan sami kaklêmpakan wontên ing Madiun. Sumêja
ambêdhah ing Matawis. Ingkang dados pangagênging bupati anama Dipati Gêndhing kalih
Dipati Pasagi, anuntên sami mangkat. Lampahing gêgaman dados kêkalih, Dipati Gêndhing
nindhihi gêgaman sapalih, lampahipun mêdal salère rêdi Lawu, Dipati Pasagi sarta
gêgaman sapalih mêdal sakiduling rêdi Lawu, sakalangkung agêng gêgamanipun. Wondene
Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng têlikipun, yèn bupati
môncanagara bang wetan sumêja ambêdhah ing Matawis. [Matawi...]

--- 202 ---

[...s.] Lampahing gêgaman maju ro. Panêmbahan lajêng amêpak bala, para putra santana
tuwin para bupati Matawis sampun sami pêpak. Senapati Kadhiri nyuwun dados
têtindhihing prang, Panêmbahan sampun ngantos têdhak piyambak. Panêmbahan inggih
anuruti, gêgaman agêng sampun budhal. Têtindhihipun senapati Kadhiri, sarêng dumugi
ing Taji gêgaman kapalih, Pangeran Purbaya angirit gêgaman sapalih, badhe amêthukakên
mêngsah kang saking lèr, senapati Kadhiri angirid gêgaman kang sapalih, badhe
amêthukakên mêngsah kang saking kidul. Anjog ing dhusun Ngutêr. Anuntên sarêng
mangkat. Sampun sami kêpêthuk kalihan mêngsah, lajêng sami prang rame, bala bang
wetan kathah kang pêjah, bala Matawis amung sakêdhik kang pêjah, senapati Kadhiri
prang ijèn kalihan pamanipun kang nama Dipati Pasagi wau, awit sampun lami anggènipun
sêsatron. Kalih-kalihipun sarêng pêjah sampyuh, para santana Matawis sarêng sumêrêp
enggal sami ngamuk. Tiyang bang wetan kathah kang pêjah, lajêng dhadhal larut sadaya.
Têtiyang Matawis sami ambêbandhang, nuntên bidhal mantuk. Sarta ambêkta jisimipun
senapati, lan angrumiyinakên utusan angaturi uninga ing Panêmbahan, yèn senapati pêjah.
Panêmbahan sangêt ngungun. Jisimipun senapati andikakakên mêtak ing dhusun Wêdhi,
bala Matawis sampun [sa...]

--- 203 ---

[...mpun] sami mantuk dhatêng ing Matawis. Panêmbahan lajêng anggêganjar ing
balanipun sadaya kang sami mênang prang. Wondene adhinipun senapati kang nama
Saradipa lajêng kaangkat dados bupati anama Martalaya, Ki Jajanggu kaangkat nama
Dipati Supônta, Ki Kartimasa kaangkat nama Saradipa, Ki Mas Sari kadadosakên Dipati
Dêmak. Utawi sanèsipun kang sami jinunjung lênggah.

Kacariyos bupati ing Pathi sumêja balela badhe amêngsah ing Matawis. Dipun ampah
dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun
ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun,
kathahipun satus. Utusan inggih sampun mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Panêmbahan.
Sarta angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên
siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, wondene waos inggih kaparingakên. Ananging
waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan,
Panêmbahan ngandika wêwartos dhatêng Dipati Môndaraka, yèn dipati ing Pathi badhe
ambalik. Ki Dipati Môndaraka sakalangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih
sampun matur dhatêng sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti
dhusun salère rêdi Kêndhêng, [Kê...]

--- 204 ---

[...ndhêng,] sadaya inggih sampun sami nungkul. Amung nagari Dêmak ingkang bôangga,
amapag prang muwêr salêbêting biting.

Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal. Anglurug dhatêng
Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah
anjarah ambêboyong, Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng ing Matawis, yèn
Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati
Pajang lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Thole,
kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja
kolawani prang, elingna bae, ewadene yèn mêksa lali iya ladenana, tumbakku iki
ênggonên. Dipati Môndaraka sumambung, kapriye dene anakmu bae kang kokongkon
mapag prang, takkira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli,
paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên. Pun adhi ing Pathi
kula purih èngêta, lan môngsa kolua amêngsah prang kalihan anak kula. Ki Dipati
Môndaraka inggih lajêng kèndêl. Pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun,
kèndêl wontên ing Prambanan.

Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kêmalon. Arêrêb wontên ing ngriku,
sarêng enjingipun [e...]

--- 205 ---

[...njingipun] lajêng bidhal majêng, pangeran dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal.
Amung ambêkta bala kang angampil upacara kemawon. Balanipun ingkang kathah sami
katilar wontên ing Prambanan. Botên dangu nuntên kêpêthuk gêgaman ing Pathi, Sang
Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing ing
upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang
dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm. Enggal amurugi taksih numpak kapal sarta
pitakèn, thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati
matur taksih numpak kapal. Raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus
matur dhatêng sampeyan. Mênggah êggèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika
damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika tiyang kagungan
sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan andikakakên wangsul kemawon.
Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos. Aku wong wis sumurup watêke bapakmu iku,
mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana aku padha
tuwa. Pangeran dipati matur, bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt
anggèn sampeyan gadhah sadhèrèk [sa...]

--- 206 ---

[...dhèrèk] dhatêng kangjêng rama, kula andikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan.
Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên. Bapakmu iku bangêt ênggone
mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dakancam-ancam bapakmu,
bakal dakjak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe môngsa kêlara anadhahi prangku,
kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên sakalangkung
duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak. Sang dipati sangêt anjola, nanging botên
pasah, sarta wicantên. Kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik. Wis dikêbat balia, bapakmu
bae konên mrene, pangeran dipati mêksa numbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên
pasah, enggal nyandhak tumbak. Ingkang putra dipun buntar kenging jajanipun, aniba
saking kapal karungkêb ing siti botên emut. Nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta
dhatêng pasanggrahan Prambanan. Sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene
sang dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl lan sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn
Dêngkèng sarta abêbiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun
aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt anggènipun kagèt. Lajêng angandika
dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi, nimas,

--- 207 ---


adhimu wis lali têmênan. Pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa
matur, yèn mêngkatên kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun
awon.

Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhalan bala kêkapal sadaya,
lampahipun asêsandêran. Dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu.
Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir
dalu, Ki Dipati Môndaraka botên kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun
dipati, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung, bala
ing Pathi gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Panêmbahan badhe lumêbêt ing biting
botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Môndaraka enggal anarik dhuwungipun. Anama Kyai
Culik. Lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas têtiga, Kyai Môndaraka adêdah
margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing
Matawis. Lajêng sami ngamuk. Bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês. Kathah
ingkang pêjah, Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar
biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu, bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang
pêjah dening toya, palajêngipun sang dipati [di...]

--- 208 ---

[...pati] lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi, Panêmbahan lan sabalanipun
anglud. Sang dipati sarêng dumugi ing nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng
para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi, para bupati wau inggih sami ambantoni prajurit.
Lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan
sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon. Kathah kang pêjah, sami lumajêng
ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, sang dipati ing Pathi botên
kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambêboyongi,
bêdhahing Pathi sinêngkalan 1551. Panêmbahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan
sabalanipun.

Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus anggènipun jumênêng ratu, nagari
Matawis sakalangkung gêmah raharja, Ki Dipati Môndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi
anggêbag nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Wangsulanipun Panêmbahan, paman,
sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi
sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon,
kalih dene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jaji,[4] kang kula lilani anggêntosi kula
jumênêng ratu ing Matawis, anak kula pun Jolang, sanajan anèm. [anè...]

--- 209 ---

[...m.] Sabab badhe anurunakên, wiji anak-anak kula sadaya, bilih wontên kang botên
angestokakên ing wêwêling kula punika, sami kenginga bêbênduning Allah, sampeyan sarta
pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati
Môndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati anggènipun jumênêng
ratu sampun tigang taun. Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun.
Kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan 1552.

Sarêng ing dintên Soma Ki Dipati Môndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing
sitinggil. Anganthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati kalênggahakên ing dhampar
mas. Dipati Môndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran
Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru, sarupane wong Mataram kabèh sira padha
anêksenana, yèn pangeran dipati samêngko jumênêng sultan. Anggêntèni ingkang rama,
manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngestokake, padha têkakna budimu ing
saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang ing Mataram sadaya saurpêksi jumurung, para santana
tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing sang prabu, sang nata nuntên kondur
angadhaton.

Kacariyos salaminipun jumênêng sang prabu anyar wau,

--- 210 ---

nagarinipun gêmah raharja, ajêg adil ukumipun, kukuh ing agaminipun. Kala samantên
sang nata parentah dhatêng balanipun, andikakakên andamêlakên patamanan ing
Danalaya, prênah sakilèning kadhaton. Karsanipun sang prabu badhe kadamêl panggenan
kalangênanipun panakawan tiyang bule satunggil anama Juru Taman. Sabab angrêsahi ing
kadhaton. Asring amindha warninipun sang prabu, para garwa sêliripun sang nata kathah
kang sami kalintu, dipun nyana sang prabu, salaminipun makatên pratingkahipun Juru
Taman, bala ing Matawis sadaya inggih lajêng sami anggarap taman. Botên lami tumuntên
dados. Pun Juru Taman wau inggih sampun kaprênahakên ing ngriku.

Sang nata nuju ing dintên Rêspati miyos sinewaka, para santana tuwin mantri bupati pêpak
sami sowan sadaya, amung ingkang raka sang prabu, kang nama Pangeran Pugêr botên
sowan. Sabab isin bilih sowan alênggah ing ngandhap. Karsanipun adarbea cangkok nagari
piyambak. Nanging botên purun agadhah panyuwun dhatêng ingkang rayi. Sang prabu
sadangunipun sineba aningali ingkang raka botên sowan, lajêng ngandika dhatêng Ki Dipati
Môndaraka, eyang, kadospundi rêmbag sampeyan prakawis Kangmas Pugêr, punika
pamanah kula sangêt pakèwêdipun yèn taksiha wontên ing

--- 211 ---

Matawis ngriki, ingkang dados pikajêngan kula, badhe kula dadosakên bupati wontên ing
Dêmak. Ki Dipati Môndaraka tuwin para santana sadaya inggih sami amrayogèkakên ing
karsanipun sang prabu, malih dadosa tampingipun nagari Matawis. Sang nata lajêng utusan
angaturi ingkang raka Pangeran Pugêr, Pangeran Pugêr inggih enggal dhatêng, lajêng
ingaturan lênggah jèjèr kalihan ingkang rayi, sang nata angandika, kangmas, sampeyan
kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Amuktia wontên ing ngriku, dadosa tamping
rumêksa nagari Matawis. Pangeran Pugêr matur nuwun. Sang nata lajêng kondur
angadhaton. Ing enjingipun Pangeran Pugêr nuntên mangkat. Lan saputragarwanipun
boyong dhatêng ing Dêmak, tiyang ing Dêmak suyud sadaya. Pangeran Pugêr sampun mukti
sangêt. Sarêng ing lami-lami Pangera Pugêr wau supe yèn kalèrèh dhatêng ingkang rayi
sang prabu, sumêja balela, arêbat waris ing karaton. Awit kenging pambangusipun
kalerehanipun bupati, kang nama Dipati Gêndhing, kaaturan jumênêng nata, sabab putra
sêpuh piyambak. Sampun wajib anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Pangeran Pugêr
wau inggih lajêng amiturut. Nuntên andhawahakên parentah dhatêng balanipun.
Andikakakên

--- 212 ---

ngirup tanah salère rêdi Kêndhêng sadaya. Pangeran Pugêr sampun kathah balanipun. Ing
sabên dintên tansah tata gêgamaning prang sumêja ambêdhah nagari Matawis. Ingkang
minôngka andêl-andêlipun anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Panjêr. Sarêng sampun
samêkta lajêng bidhal. Gêgaman sakalangkung agêng, Pangeran Pugêr anindhihi piyambak.
Ing samargi-margi tansah angrayah sarta ambêboyong.
Adipati ing Pajang sarêng mirêng pawartos, enggal angaturi uninga dhatêng ing Matawis.
Sang prabu pinuju miyos sinewaka, Adipati Pajang matur, yèn ingkang raka ing Dêmak
samangke balela, sumêja anggêcak ing Matawis. Sampun apacak baris wontên ing dhusun
Tambakuwos. Sang prabu sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Nuntên angundhangi bala,
angrakit gêgamaning prang, sang nata badhe tindak piyambak. Ingkang sami kadhawahan
matur sandika, sang prabu lajêng angangkat nama ingkang rayi kêkalih, Radèn Tambaga
kaangkat nama Pangeran Pugêr, Radèn Kadawung kaangkat nama Pangeran Dêmang
Tanpanangkil. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Sasampuning samêkta sang prabu
lajêng bidhal lan sabala sadaya, lampahing gêgaman sampun dumugi ing Tambakuwos,
ajêngan kalihan tiyang Dêmak, sarêng enjingipun lajêng têmpuh prang rame, bala ing
Dêmak karoban, kathah kang pêjah, [pê...]

--- 213 ---

[...jah,] Dipati Gêndhing tuwin Dipati Panjêr sampun pêjah, Pangeran Pugêr ing Dêmak
sampun kacêpêng wontên satêngahing paprangan. Lajêng binêsta katumpakakên ing
tandhu, bala ing Dêmak kang taksih gêsang sampun larud lumajêng sadaya. Bala Matawis
sami matur ing sang prabu, yèn ingkang raka sampun kacêpêng, timbalanipun sang nata,
ingkang raka wau andikakakên mêrnahake ing Kudus, lan sagarwaputranipun. Sampun
ngantos kasukanan rencang, ingkang kadhawuhan matur sandika, Pangeran Pugêr wau
sampun kadèkèkakên ing Kudus, sakalangkung mêmêlas.

Wondene sang nata inggih sampun kondur dhatêng Matawis, sarta anggêganjar dhatêng
balanipun. Lan anjunjung lênggahing kang abdi lurah ganjur, kang nama Ki Gada Mastaka,
kadadosakên bupati wontên ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata. Ingkang
rayi sang prabu, kang nama Pangeran Jayaraga, katanêm Bupati ing Panaraga sarta angrèh
Bupati sakawan. Pangeran Jayaraga, katanêm bupati ing Panaraga sarta angrèh bupati
sakawan. Pangeran Jayaraga sampun mukti wontên ing ngriku, kalerehanipun bupati
sakawan wau anama Pangeran Rôngga, kalih Panji Wirabumi, tiga Malang Sumirang,
sakawan Nayaita. Sarêng lami-lami Pangeran Jayaraga wau kalimput ing kamuktèn. Sumêja
jumênêng nata, badhe angrêbat karaton ing Matawis. Dipun pêpalangi karsanipun dhatêng

--- 214 ---

bupati sakawan botên kenging, bupati sakawan wau sampun sami rêmbag angaturi uninga
dhatêng ing Matawis. Lajêng sami mangkat. Abdinipun Pangeran Jayaraga para lurah
sarêng sumêrêp yèn bupati sakawan sami dhatêng ing Matawis sangêt ing kajrihanipun.
Para lurah enggal sami nusul dhatêng Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis sang prabu
pinuju miyos sinewaka, Pangeran Rôngga lan sakancanipun lajêng sami pepe sakidule
waringin kurung, sang nata kagèt aningali, enggal utusan amariksa, Pangeran Rôngga lan
sakancanipun matur balaka, yèn ingkang rayi sumêja balela, sang nata sarêng mirêng atur
makatên sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi nama Pangeran
Pringgalaya, adhi mas, sira mênyanga ing Panaraga, lan Si Martalaya, kakangira Pangeran
Jayaraga tundhungên saking Panaraga lan saanakbojone, dokokna ing Masjid Watu,
sabarang duwèke jarahana, mênawa ana bature kang bôngga padha patenana, dene
Pangeran Rôngga iku lan sakancane gawanên bali marang Panaraga. Pangeran Pringgalaya
lan Tumênggung Martalaya matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun. Tuwin Pangeran
Rôngga wau inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi ing Panaraga, sampun kêpanggih
kalihan Pangeran Jayaraga, Pangeran Jayaraga sarêng kadhawuhan timbalan dalêm
[dalê...]

--- 215 ---


[...m] aturipun sandika, sarta sangêt kaduwungipun. Angraos yèn kalêpatan. Anuntên
pradandosan. Lajêng dipun angkatakên dhatêng ing masjid watu, dene Pangeran
Pringgalaya lan sabalanipun inggih sampun bidhal kondur dhatêng ing Matawis sarta
ambêkta jarahan. Pangeran Rôngga lan sakancanipun inggih tumut wangsul dhatêng ing
Matawis malih, sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, yèn ingkang rayi
sampun kakesahan dhatêng ing masjid watu, botên kabêktanan rencang, amung lan garwa
putranipun. Sabarang darbèkipun sampun katur sadaya, sang prabu sakalangkung suka,
lajêng ngandika dhatêng Pangeran Rôngga, Pangeran Rôngga, sira muliha marang Panaraga
lan sakancanira kabèh, nagara Panaraga tatanên kang bêcik. Pangeran Rôngga matur
sakalangkung nuwun. Nuntên mangkat mantuk dhatêng Panaraga. Sang nata ngandika
malih dhatêng para santana tuwin para bupati, bocah ingsun kabèh, apa dene sanak-sanak
ingsun, sira padha sumurupa, wêwalêre kangjêng rama swargi, sanak-sanak ingsun kabèh
andikakake padha atut. Sapa kang ora ngestokake, amêsthi padha ora nêmu salamêt,
samêngko wis ana kanyataane, Kangmas Pugêr karo si adhi Jayaraga, karo-karone padha
anêmu papa, sang nata lajêng kondur angadhaton.

Kala samantên sang nata sampun pêputra gangsal. Pambajêngipun [Pamba...]

--- 216 ---

[...jêngipun] anama Mas Rangsang, kalih èstri anama Ratu Pandhan, tiga Dèn Mas
Pamênang, sakawan Radèn Mas Martapura, agadhah sakit ewah nanging mêmangsan.
Wuragilipun anama Dèn Mas Cakra. Dene Pangeran Mangkubumi inggih sampun pêputra
kêkalih, ingkang pambajêng sampun dados bupati, anama Dipati Sokawati, ingkang rayi
anama Bagus Pethak. Dados bupati ing Madiun. Pangeran Singasari putranipun satunggil
anama Pangeran Balitar, Pangeran Pringgalaya putranipun kathah nanging ingkang
kacariyos amung kêkalih, satunggil anama Radèn Prawirataruna, kalih anama Dipati
Martasana. Adipati Môndaraka putranipun sakawan. Pambajêngipun anama Pangeran
Mandura, kalih Dipati Wirapraba, tiga anama Panêmbahan Jurukithing, wuragilipun èstri
krama angsal dipati ing Batang, Pangeran Mandura wau sampun pêputra kêkalih, anama
Pangeran Mandurarêja, kalih anama Pangeran Upasônta.

Kacariyos sang nata anggènipun jumênêng ratu sampun kalih wêlas taun. Kala samantên
gêrah sangêt. Pinuju wontên ing Krapyak, ingadhêp para putra tuwin santana, sang prabu
angandika dhatêng kang eyang Dipati Môndaraka, lan dhatêng kang raka Pangeran
Purbaya, eyang, ki mas, benjing ing sapêngkêr kula ingkang kula lilani jumênêng

--- 217 ---

ratu anggêntosi ing kula, buyut sampeyan Dèn Mas Rangsang, karatonipun punjul
angungkuli kula, tiyang ing tanah Jawi badhe sumuyud sadaya, ananging sarèhning kala
rumiyin kula gadhah kêkudangan, pun Martapura kula kudang jumênêng nata, punika mugi
sampeyan jumênêngakên ratu sakêdhap, minôngka isarat angluwari kêkudangan.
Tumuntên sèlèha karaton dhatêng pun Rangsang, sang nata lajêng ngandika dhatêng para
putra tuwin santana, sanak-sanakku kabèh, dibêcik sarta diatut ênggone padha saduluran.
Sapa kang miwiti ala muga aja nêmu slamêt. Wis padha dibêcik kèri. Sang nata sampun
seda, tangis gumêrah, layon sampun karêsikan. Lajêng kasarèkakên sakilèning masjid. Ing
dagane kang rama tuwin kang eyang, sinêngkalan 1565.

Radèn Martapura lajêng kajumênêngakên nata dhatêng Ki Dipati Môndaraka tuwin


Pangeran Purbaya, sarêng ing dintên Soma sang nata dipun aturi miyos sinewaka, Sang
Prabu Martapura inggih lajêng miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas. Ki Dipati
Môndaraka sarta Pangeran Purbaya angapit kiwa têngên. Ki Dipati Môndaraka abisik-bisik
dhatêng sang prabu, kinèn lumungsur, apasraha karaton dhatêng Dèn Mas Rangsang saking
wêwêlingipun ingkang rama swargi, Sang Prabu Martapura inggih enggal

--- 218 ---

lumungsur, ingkang raka Dèn Mas Rangsang kaaturan lênggah ing dhampar. Pangeran
Purbaya angandika sora, hèh sarupane wong Mataram, sira padha nêksènana, yèn Radèn
Mas Rangsang jumênêng nata anggêntèni ingkang rama, ajêjuluk Kangjêng Sultan Agung,
Senapati Ing Ngalaga Ngandurahman. Sapa wong Mataram kang ora ngestokake utawa
masgul, ing saiki têkakna ing kaniyatane, aku mungsuhe prang. Sakathahe bala Matawis
sami saurpêksi jumurung sadaya, sang prabu anyar lajêng kondur angadhaton.

Kacariyos kala panjênênganipun sang prabu punika, nagari Matawis sakalangkung gêmah
raharja, misuwur yèn ratu agêng ambêk adil paramarta, angungkuli kang rama swargi,
balanipun sami ajrih asih, dene jêjulukipun Kangjêng sultan Agung Prabu Pandhita
Anyakrakusuma, sarta misuwur yèn sakalangkung sêkti, ing sabên dintên Jumungah sang
prabu asring sêmbahyang dhatêng ing Mêkah. Dene Ki Dipati Môndaraka apanjang
umuripun. Ngantos mêningi ratu têtiga, kala samantên Ki Dipati Môndaraka sampun seda,
kasarèkakên ing Matawis. Dene putranipun kang nama Pangeran Mandura sarta kang nama
Dipati Wirapraba, inggih sampun sami seda, kapêtak ing Gambiran. Kang taksih gêsang
amung Ki Jurukithing inggih apanjang umuripun.

--- 219 ---

Kala samantên kangjêng sultan miyos sinewaka, para santana tuwin bupati mantri
sapangandhap inggih sampun sami sowan sadaya, kangjêng sultan ngandika dhatêng Ki
Tumênggung Suratani, Suratani, sira ngluruga marang ing bang wetan. Bala ing Mataram
kabèh sarta para santananingsun sira gawaa, adunên prang, sira kang dadi senapati, yèn
ana wong Mataram kang mundur satêngahing prang uwisna. Ki Tumênggung Suratani matur
sandika, lajêng pradandosan. Sarêng sampun samêkta lajêng budhal. Wondene nagari
pasisir tuwin môncanagari kang sampun karèh dhatêng Matawis sadaya inggih sampun
tumut. Mila gêgamanipun Ki Suratani sakalangkung agêng. Ing saangkatipun Ki Suratani
kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng Radèn Jayasupônta andikakakên nusul ngalurug,
angulatna prangipun bala ing Matawis, ingkang awon lan ingkang sae damêlipun. Sarta
andhawahana dhatêng Radèn Suratani, yèn ing Pasuruan botên kalilan ambêdhah, sabab
dèrèng mangsanipun. Kaliwatana kemawon. Ki Jayasupônta matur sandika, lajêng
mangkat. Sampun anunggil kalihan Radèn Suratani, lampahipun gêgaman agêng sampun
dumugi ing Winongan, lajêng masanggrahan sarta arêropoh. Wondene ki bupati ing
Balambangan tuwin bupati ingkang dèrèng karèh dhatêng ing Matawis inggih sampun sami
kêmirêngan yèn dipun lurugi, sarta sampun [sampu...]

--- 220 ---

[...n] sami angatos-atos.

Kacariyos Radèn Suratani kang wontên ing Winongan aparentah dhatêng Tumênggung Alap-
alap. Kinèn ambêdhah ing Lumajang lan ing Rênong, kinanthèn bupati sakawan
sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih lajêng mangkat sabalanipun. Dumuginipun
ing Lumajang bupatinipun sampun lolos ing wanci dalu, ngungsi dhatêng rêdi, lajêng
tinututan. Kang kacandhak kathah pêjah, nagari Lumajang sampun kajarah karayah,
èstrinipun binoyongan. Ki Tumênggung Alap-alap sampun wangsul dhatêng ing Winongan
malih, Radèn Suratani sarta bala ing Matawis sadaya bidhal. Angêpung ing Pamalang,
bupati ing Malang anama Rôngga Tohjiwa, sumêja mêthuk prang, muwêr wontên
salêbêting biting lan sabalanipun. Sarêng dipun raos botên kangkat, ing dalu lajêng lolos.
Bala ing Matawis anututi, bala ing Malang mawut. Ing sabêdhahipun ing Malang Radèn
Suratani lan sabalanipun budhal ngidul ngilèn.

Kacariyos Pangeran Surabaya sumêja mêthukakên prangipun bala ing Matawis. Sampun
angutusi bupati ing Lasêm, Grêsik, Madura, Pasuruan, Kadhiri, ing Tuban, Lamongan,
sampun sami dhatêng wontên ing Surabaya lan sabalanipun. Têtindhihipun bala [ba...]

--- 221 ---

[...la] Madura anama Radèn Panji Pulangjiwa, têguh gagah prakosa bagus. Nagari
sanèsipun bupatinipun piyambak kang nindhihi, gêgaman agêng lajêng bidhal saking
Surabaya anututi lampahe bala Matawis. Samargi-margi anglagari wana.

Bala ing Matawis sarêng sumêrêp yèn dipun tututi kèndêl ing lampahipun. Lajêng baris
sakilèning lèpèn Andaka, bala Surabaya baris sawetaning lèpèn, sarta sami anantang, bala
Matawis dipun kèn nyabrang mangetan. Tiyang Matawis botên tahan mirêng sêsumbar,
enggal sami anggêbyur ing lèpèn. Bala wetan eca anggènipun nadhahi kalihan waos tuwin
sanjata, bala Matawis kathah kang pêjah dening gêgaman, tuwin pêjah dening toya, Radèn
Suratani tuwin para bupati enggal sami anggêbyur sumêja atêtulung prange balanipun.
Radèn Suratani wau sampun pêjah kêlêlêp. Bala Matawis sarêng aningali senapatinipun
pêjah, lajêng sami mundur prangipun, sarta sami anggogohi jisimipun Radèn Suratani,
sarêng sampun kêpanggih nuntên kabêkta mêntas, sarta binandhusa, kala samantên lèpèn
Andaka prasasat mili rah tuwin mili bathang, bala wetan sami suka-suka, sarêng wanci
bangun enjing bala Matawis sami nyabrang mangetan arêbat papan. Sarêng byar sampun
sami baris sawetaning

--- 222 ---

lèpèn. Bala wetan kagèt. Lajêng têmpuh prang rame, bala wetan kathah kang pêjah,
bupatinipun kantun anglela, sarêng aningali balanipun kathah kang pêjah, kang gêsang
sami lumajêng, para bupati wau enggal sami tumut lumajêng, amung têtindhihipun bala
Madura, kang nama Radèn Panji Pulangjiwa punika pêjah satêngahing paprangan. Bala
Matawis sami ambêbandhang, sarêng enjingipun bala ing Matawis bidhal sumêja sami
mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Jayasupônta kang môngka mata pitayanipun kangjêng
sultan. Enggal angrumiyini, angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn Radèn Suratani pêjah
wontên ing paprangan, sarta angaturakên prangipun bala ing Matawis kang awon lan kang
sae, kangjêng sultan sakalangkung ngungun. Lajêng utusan amaringi pariksa dhatêng
garwanipun Suratani sarta amaringi salawat. Wondene bala Matawis ingkang kathah inggih
sampun sami dhatêng, sarta ambêkta jisimipun Radèn Suratani, kangjêng sultan lajêng
anggêganjar ing santana bupati mantri sapangandhap sadaya wradin.

--- 223 ---

Babad Tanah Jawi. Sêrat ingkang Kaping 2

--- 224 ---

Sarêng antawis sêtêngah taun sang prabu badhe anglurug dhatêng Wirasaba, karsa tindak
piyambak, badhe sumêrêp pratingkahe tiyang prang, lajêng parentah dhatêng Tumênggung
Martalaya, andikakakên ngêrig bala ing pasisir tuwin bala môncanagari, ingkang sampun
karèh ing Matawis. Ki Tumênggung Martalaya inggih nuntên utusan. Para bupati pasisir
tuwin môncanagari wau inggih sampun sami dhatêng wontên ing Matawis lan sabalanipun.
Sang prabu tumuntên budhal, gêgaman sakalangkung agêng.

Kacariyos bupati ing Wirasaba, anama Pangeran Arya, sawêg umur gangsal wêlas taun
sakalangkung bagus, sarta rêmên kirang dhahar sare, ingkang dados pêpatihipun anama
Rôngga Pramana, digdaya sarta têguh, nanging sakit lempoh, bilih prang utawi mariksani
balanipun, tinandhu kemawon. Kala samantên Pangeran Arya sampun sumêrêp, yèn
nagarinipun kalurugan saking ing Matawis, katindhihan sang prabu piyambak. Pangeran
Wirasaba wau enggal utusan dhatêng Surabaya anyuwun bantu, Pangeran Surabaya inggih
enggal amarentahi dhatêng bupati ing Sumênêp, Balega, Pakacangan, Grêsik, Lamongan,
Sidayu, Tuban, Japan, Pasuruan sapanunggilanipun, kinèn sami bantu dhatêng Wirasaba,
para bupati wau inggih [ing...]

--- 225 ---

[...gih] sampun sami ambantoni prajurit dhatêng ing Wirasaba, bêbarisan ing Wirasaba
sampun sakalangkung agêng, ambalèbèr ing wana tuwin jurang-jurang, pangeran ing
Wirasaba sampun adamêl bètèng, sakalangkung kêkah, bala ing Wirasaba tuwin bantu
sadaya sampun sami angatos-atos.

Wondene sang prabu ing Matawis lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing
Wirasaba, amasanggrahan ing dhusun Paladadi, nanging bala ing Matawis kathah kang sami
sakit, sêsambatipun pating gluruh. Sang prabu angandika dhatêng para santana tuwin para
bupati, sarèhning balanipun kathah kang sami sakit, karsanipun sang nata badhe kondur
dhatêng Matawis, anggènipun badhe ambêdhah ing Wirasaba botên siyos. Pangeran
Purbaya sarta para santana tuwin Ki Tumênggung Martalaya lan sakancanipun bupati
sarêng mirêng dhawahipun sang prabu makatên, enggal sami anabuh têngaraning prang,
gêgaman ing Matawis sampun bidhal angêpang ing kitha Wirasaba, lajêng ngangsêg sumêja
ngrangsang bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng kalihan sanjata
tuwin towok. Bala Matawis kathah kang tatu utawi pêjah, nuntên mundur dhatêng
pasanggrahan kasaput ing dalu. Sarèhning bala ing Matawis kathah ingkang pêjah, sarta
botên sagêd anginggahi bètèng ing Wirasaba, karsanipun sang prabu badhe kondur [ko...]

--- 226 ---

[...ndur] dhatêng Matawis. Nanging Pangeran Purbaya sarta Ki Tumênggung Martalaya,


ingkang taksih kêkah ing karsa, ing saupami ing Wirasaba botên bêdhah dipun pilaur pêjah.
Ing enjingipun Ki Martalaya lajêng kesah nyêlamur, amomor pakathik Wirasaba kang sami
ngarit. Pakathik wau sami wicantênan kalihan kancanipun, wicantênipun, wong Mataram
iki sabar têmên, ambêdhah bètèng sêmene ora bisa, yèn mungguh aku gampang bae,
dakpènèk karo ôndha utawa daktotog ing kayu kang gêdhe bètèeng iki amêsthi ambrol.
Kang sawênèh wicantên. Digangsira bae ya gampang. Ki Tumênggung Martalaya sarêng
mirêng wicantên mêkatên, sakalangkung suka manahipun. Nuntên mantuk dhatêng
pasanggrahan amarentahi para bupati, kinèn sami adamêl ôndha, lan anglêmpakakên pacul
linggis. Sarêng sampun pêpak pirantosipun, bala Matawis lajêng umangsah ing prang,
angrampit bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng, angrutugi sanjata
tuwin kalantaka, srampang, towok. Bala Matawis kathah tatu utawi pêjah, nanging kang
wontên ing wingking botên ajrih mêksa majêng, arame prangipun. Bètèngipun tiyang
Wirasaba sampun kalêbêtan dening bala Matawis. Bala Matawis pangamukipun riwut. Bala
ing Wirasaba kang wontên salêbêting
--- 227 ---

bètèng têtumpêsan. Rôngga Pramana sampun pêjah, kakêthok gulunipun. Pangeran


Wirasaba sampun binêkta, para èstri sarta rajabrana sami binoyongan, kaaturakên ing sang
prabu, Pangeran Wirasaba katantun badhe dipun gêsangi botên purun, kêdah anêdha
pêjah, inggih lajêng andikakakên ngalabuh ing sagantên. Jisimipun Rôngga Pramana
andikakakên mêndhêm. Sarta kadèkèka kêkitir sêrat. Supados ali warisipun sumêrêpa,
sang prabu lajêng bidhal kondur dhatêng Matawis. Bêdhahipun ing Wirasaba sinêngkalan
1568.

Kacariyos pangeran ing Surabaya kaklêmpakan kalihan para bupati bang wetan, kang
dèrèng karèh ing Matawis, apirêmbagan sumêja ambêdhah ing Matawis. Sabab sampun
lami ênggènipun sami dipun oyak-oyak. Samangke badhe malês angoyak-oyak. Dadosing
rêmbag lajêng sami sowan dhatêng ing Giri, para bupati wau sami anyuwun idi dhatêng
sang pandhita, nanging sang pandhita botên purun angidini, karana sang pandhita sampun
sumêrêp ing papêsthèning Allah, yèn nagari ing Matawis badhe angrèh ing tanah Jawi
sadaya, para bupati wau botên kalilan anglajêngna ing pikajênganipun. Môngsa wandea
anêmahi karisakan. Nanging para bupati wau amêksa, sabab angandêlakên [a...]

--- 228 ---

[...ngandêlakên] balanipun kathah sarta sabiyantu kalihan para bupati. Para bupati wau
sampun pamit saking Giri, lajêng sami kalêmpakan wontên ing Surabaya, apirêmbagan bab
margi kang badhe dènambah, aturipun kajinêman ing Surabaya, prayogi mêdal ing Madiun.
Papanipun radin, mirah wontên pantun, toyanipun kathah. Anuntên wontên têlik ing
Matawis. Sampun lami ênggènipun ngawula wontên ing Tuban, anama Randhu Watang,
sampun kaandêl pangawulanipun. Ki Randhu Watang wau sarêng sumêrêp yèn baris agêng
badhe mêdal ing Madiun, sakalangkung maras manahipun. Sabab badhe ngambah margi
sae, sarta mirah têtêdhan. Ki Randhu Watang lajêng adamêl dora cara, matur dhatêng
Adipati Tuban, wontên ngarsane para bupati, bêndara atur kula ing sampeyan bilih
gêgaman agêng punika badhe mêdal ing Madiun botên wande manggih ribêt ing samargi-
margi, sabab ing Madiun, Jagaraga, Pranaraga, punika sampun sami kabawah ing Matawis,
dados botên pijêr lêlampah, badhe prang ing samargi-margi, dèrèng dumugi ing Matawis
bala sampeyan sampun kathah ingkang risak. Adipati ing Tuban sarêng mirêng aturipun Ki
Randhu Watang, enggal matur dhatêng Pangeran Surabaya tuwin dhatêng para dipati
sadaya, para dipati wau inggih lajêng andangu dhatêng Ki Randhu Watang mênggah margi
ingkang prayogi [prayo...]

--- 229 ---

[...gi] kaambah ing dêdamêl agêng, aturipun Ki Randhu Watang mêdal ing Lasêm anjog ing
Pathi, punika mêrginipun sae, mirah têtêdhan, sarta botên wontên pakèwêdipun. Para
bupati wau sarêng mirêng ature Ki Randhu Watang sakalangkung sami suka sarta
anggunggung dhatêng Ki Randhu Watang, botên sumêrêp yèn kaloropakên. Kajinêman ing
Surabaya kang matur salêrêsipun katêrka angloropakên, lajêng pinêjahan. Gêgaman agêng
nuntên bidhal, saèstu mêdal ing Lasêm.

Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis sampun ingaturan uninga dhatêng dipati ing Pathi,
yèn para bupati ing bang wetan sami anglurug, sumêja êmbêdhah ing Matawis. Kangjêng
sultan enggal parentah dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap, andikakakên bantu dhatêng
Pathi lan sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih sampun mangkat gêgancangan.
Kangjêng sultan tumuntên parentah amêpak bala, badhe tindak amêthukakên mêngsah,
sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Sakalangkung agêng gêgamanipun. Lampahipun sang
prabu sampun dumugi ing Pajang, nuntên masanggrahan sakilèning kitha Pajang. Kangjêng
sultan kagèt ing galih, dene Adipati Pajang botên wontên sowan, lajêng utusan mariksa
sarta animbali. Kala samantên Adipati Pajang mirong manahipun, kait kalihan para bupati
ing bang wetan,

--- 230 ---

sumêja gêmbul ambiyantoni prangipun. Sampun tilar kitha amasanggrahan ing dhusun
Siwalan, angajêng-ajêng dhatêngipun dêdamêle tiyang wetan. Anuntên wontên utusanipun
sang nata andangu sababipun botên sowan, sarta animbali, atur wangsulanipun Adipati
Pajang anggragap, awad badhe amêthukakên prangipun mêngsah kang saking wetan.
Adipati Pajang lajêng andhèrèk dhatêng utusan. Sadhatênge ing ngarsanipun kangjêng
sultan, adipati inggih sampun kaapuntên kalêpatanipun.

Wondene dêdamêl agêng kang saking wetan inggih sampun dumugi sawetaning dhusun
Siwalan, amasanggrahan wontên ing ngriku sarta abêbiting, ajêng-ajêngan kalihan
dêdamêl ing Matawis. Milanipun botên lajêng prang, para bupati bang wetan wau sami
angêntosi dhatêngipun Adipati Pajang, sabab sampun kait badhe angumpul barisanipun.
Ing wusana Adipati Pajang botên dhatêng, kala samantên ngantos lami anggènipun ajêng-
ajêngan baris. Kangjêng sultan ing Matawis parentah dhatêng Ki Tumênggung Martalaya
andikakakên ngidêri pasanggrahaning mêngsah, ngalang-alanga saking katêbihan,
amêpêtana bala wetan kang sami ngupados têdha. Ki Tumênggung Martalaya inggih lajêng
anglampahakên prajurit kêkapalan, ing sabên dintên angalang saking katêbihan.
Kalampahan

--- 231 ---

tiyang wetan sami ngênês manahipun, awit botên sagêd ngupados têdha, lajêng sami
kaêlud ing gêgêring, kathah kang sakit tuwin pêjah. Anuntên para bupati bang wetan sami
rêmbagan mangsah ing prang, sabab sami kakên manahipun ênggènipun ngantosi Dipati
Pajang botên dhatêng-dhatêng. Sarêng wanci enjing lajêng mangsah prang, bala Matawis
anadhahi prang, amung sakêdhap. Adipati Japan sampun pêjah, sanèsipun sami lumajêng
sadaya, bala Matawis sami anjarahi pasanggrahan, sarta ambêbandhang, kangjêng sultan
sabalanipun anuntên kondur dhatêng ing Matawis.

Antawis wolung wulan malih kangjêng sultan dhawah ambêdhah ing Pasuruan, ingkang
kautus Tumênggung Martalaya, kêkanthenan bala ing Matawis sapalih, ing Pasuruan inggih
sampun kalampahan bêdhah, èstri sarta rajabrana binoyongan.

Kacariyos Adipati Pajang sumêja balela, sampun kait kalihan Pangeran Mandurarêja bupati
ing Matawis, kantun angupados jalaranipun kemawon. Wondene kangjêng sultan inggih
sampun sumêrêp bab mêkatên wau. Anuntên kangjêng sultan mirêng wêwartos, yèn
Ngabèi Tambakbaya mantri ing Pajang adarbe kapal, agêng inggil sarta bagus. Pantês yèn
kaagêma ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan lajêng utusan dhatêng Pajang, amundhut
[amu...]

--- 232 ---

[...ndhut] kapal wau, utusan inggih sampun dumugi ing Pajang, andhawahakên timbalan
dalêm dhatêng Adipati Pajang, Adipati Pajang enggal animbali mantrinipun kang nama
Tambakbaya, sarta ambêktaa gadhahanipun kapal. Ki Tambakbaya inggih sampun dhatêng
sarta ambêkta kapalipun. Adipati Pajang lajêng dhawah amundhut kapal, awit
kakarsakakên ing kangjêng sultan. Atur wangsulanipun Ki Tambakbaya botên suka, Ki
Tambakbaya nuntên anumpaki kapalipun, kakitêrakên wontên ing ngriku, sarta amandhi
waos, wicantênipun asêru, dene eman-eman jaranku dijaluk ing wong liya, kulitku iki
mungguh tak gawe prang isih kanggo têlung sasi. Tambakbaya anjèwèr kulitipun sarta
onclang waos. Utusan Matawis sarêng mirêng wicantênipun Ki Tambakbaya enggal mantuk
tanpa pamit. Sadhatêngipun ing Matawis lajêng sowan ing kangjêng sultan, punapa ing
sawicantênipun Tambakbaya inggih sampun kaaturakên sadaya.

Kangjêng sultan lajêng parentah dhatêng para bupati tuwin para santana sadaya
andikakakên êmbêdhah ing Pajang, ingkang kadadosakên senapatining prang Pangeran
Mandurarêja, gêgaman agêng sampun bidhal. Pangeran Mandurarêja sangêt pakèwêd ing
manahipun, dene kadadosakên senapati, anggènipun gadhah kaniyatan ambalik samangke
botên siyos. Wondene

--- 233 ---

adipati ing Pajang inggih sampun sumêrêp yèn dipun lurugi saking Matawis. Adipati Pajang
sampun angatos-atos, sumêja mêthuk prang, ingkang minôngka andêl-andêlipun Ki
Tambakbaya, ecaning manahipun dene sampun kait lan Pangeran Mandurarêja jangji
badhe ngamuk saking ing wingking, botên nyana yèn cidra ing jangji, gêgaman Pajang
sampun tata baris sajawining kitha.

Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng, lajêng campuh prang rame, bala ing Pajang
kathah kang pêjah, Ki Tambakbaya angamuk kados banthông kataton, nanging bala ing
Pajang kêkathahên mêngsah, lajêng dhadhal lumajêng sadaya sarta sami amêmisuh
dhatêng parentah Mandurarêja, dene dados wiwitaning nalar prang wusana cidra ing
jangji. Palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya mangetan lêrês, sampun
nyabrang bêngawan Sêmanggi, sumêja ngungsi dhatêng Surabaya, bala ing Matawis lajêng
anjarah sarta ambêboyongi, kapalipun Ki Tambakbaya kang nama pun Domba inggih
sampun kabandhang dhatêng bala ing Matawis. Gêgaman sarêng sampun bidhal mantuk
dhatêng ing Matawis. Kapal pun Domba utawi jarahan sanèsipun inggih sampun kaaturakên
ing kangjêng sultan. Wondene palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya inggih
sampun dumugi sarta sampun katur ing Pangeran Surabaya, Ki Tambakbaya wau lajêng
kathah umbagipun. Pangeran Surabaya sarêng mirêng umbagipun [umbagipu...]

--- 234 ---

[...n] Tambakbaya sakalangkung nêpsu, Ki Tambakbaya dipun sanjata kamimisan kancana,


Ki Tambakbaya botên pasah, mimis kancana gèpèng, Ki Tambakbaya lajêng kapundhut
mantu, kaparingan nama Dipati Sanjata sarta sakalangkung dipun sihi, kadamêl andêl-
andêling prang.

Kala samantên kangjêng sultan parentah dhatêng Tumênggung Jasupônta andikakakên


ambêdhah ing Tuban. Inggih sampun kalampahan. Ing Tuban rajabrananipun jinarahan.
Èstri binoyongan, sami kabêkta dhatêng ing Matawis. Tumênggung Jasupônta lajêng
kaangkat nama Dipati Sujanapura, Dipati Sujanapura nuntên kautus malih, andikakakên
ambêdhah ing Madura, sarta kakanthenan bupati pasisir sadaya. Ki Dipati Sujanapura
inggih lajêng mangkat lan para bupati pasisir sabalanipun, sami numpak baita mêdal ing
sagantên. Wondene Pangeran Madura inggih sampun mirêng pawartos, yèn dipun lurugi
saking Matawis. Pangeran Madura lajêng anyuruhi Pangeran Sumênêp, Pangeran
Pamêkasan, ing Balega, Pakacangan, tuwin Pangeran Surabaya, sadaya sampun ngalêmpak
wontên ing Madura, sami tata baris pinggiring pasisir, anuntên gêgaman ing Matawis
dhatêng saking laut, sumêja minggah ing dharatan. Lajêng dipun tadhahi saking dharatan.
Arame prangipun, bala ing Matawis kathah kang pêjah dening mêngsah utawi dening

--- 235 ---

toya, bala Matawis mundur anêbihi dharatan. Sarêng wanci bangun enjing bala Matawis
sami minggah dhatêng dharatan, arêbat papan. Bala Madura pêngkuh arame prangipun.
Bala Matawis tuwin bala Madura kathah kang pêjah, bala Matawis mundur prangipun, sami
abêbiting wontên pinggiring pasisir, sarta anglampahakên utusan angaturi uninga ing
kangjêng sultan yèn bala Matawis kasoran prangipun, Adipati Sujanapura pêjah. Kangjêng
sultan inggih enggal amaringi bantu senapati, anama Panêmbahan Jurukithing putranipun
Kyai Jurumartani swargi, Panêmbahan Jurukithing inggih sampun mangkat lan sabalanipun,
dumugi ing pabarisan Madura. Sadhatêngipun Ki Jurukithing bala Matawis sami suka
manahipun, Ki Jurukithing lajêng anata bala, tiyang kang sami pêjah ing paprangan
kalênggahanipun sampun kasalundhingan anak tuwin sadhèrèkipun. Ki Jurukithing nuntên
amaringi sarat sêkul. Sami dipun kèn nêdha nyakêpêl, amurih wilujêng salêbêting prang,
bala Matawis lajêng sami mêdal kapurunanipun malih, enggal anabuh têngara umangsah
ing prang, bala Madura anadhahi, arame prangipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah,
wusana tiyang Madura kawon prangipun. Pangeran ing Sumênêp kalih Pangeran Pamêkasan
sami pêjah wontên ing paprangan. Pangeran Madura têluk sarta ambêkta tiyang sèwu,
sanèsipun

--- 236 ---

saking punika sami lumajêng sadaya, bala Matawis nuntên bodhol mantuk dhatêng ing
Matawis, sarta ambêkta Pangeran Madura, kaaturakên ing kangjêng sultan, kangjêng
sultan sakalangkung asih dhatêng Pangeran Madura, dipun kramani adhi, kadadosakên
wadananipun pulo ing Madura sadaya.

Botên antawis lami kangjêng sultan parentah ambêdhah ing Surabaya, ingkang
kadhawahan nama Tumênggung Mangunonêng, kakanthèn para bupati môncanagari
sadaya, Ki Mangunonêng inggih enggal mangkat. Ing Surabaya lajêng kakêpung kapêpêtan
marginipun ngupados têdha, Pangeran Surabaya nuntên têluk, utusan putranipun kang
anama Radèn Mas Pêkik, angaturi pratôndha ing panungkulipun dhatêng Mangunonêng. Ki
Mangunonêng nuntên anglampahakên utusan angaturi uninga ing kangjêng sultan, yèn
Pangeran Surabaya sampun nungkul. Sapêngkêring utusan, Ki Mangunonêng lajêng bidhal,
sumêja mantuk dhatêng ing Matawis sarta ambêkta Pangeran Surabaya sagarwaputranipun,
kalih Dipati Pajang, tiga Ki Tambakbaya, lampahipun mêdal ing Kadhiri anjog ing
Pranaraga, wontên ing Pranaraga nuntên kapêthukakên utusanipun kangjêng sultan.
Dhawahipun kangjêng sultan, Ki Tumênggung Sapanjang andikakakên nanêm bupati ing
Surabaya, dene Pangeran Surabaya [Suraba...]

--- 237 ---

[...ya] sagarwaputranipun andikakakên nyukani pagriyan sajawining kitha Surabaya, botên


kalilan maringi rencang, Adipati Pajang kalih Ki Tambakbaya kapundhut dhatêng ing
Matawis. Ki Tumênggung Sapanjang lajêng bidhal dhatêng Surabaya sarta ambêkta
Pangeran Surabaya. Ki Mangunonêng bidhal mantuk dhatêng Matawis. Sarêng lampahipun
dumugi ing Pajang, kapêthukakên utusanipun ing kangjêng sultan. Ki Tambakbaya
andikakakên amêjahi wontên ing ngriku, Ki Tambakbaya wau inggih lajêng binêsta
kacêmplungakên ing lèpèn mawi kabandhulan sela, Ki Mangunonêng sampun mantuk
dhatêng ing Matawis.

Kacariyos Adipati Pragola ing Pathi sumêja balela mêngsah ing Matawis, sampun anêluk-
nêlukakên nagari kang cakêt-cakêt ing ngriku, sarta sampun adamêl bupati nênêm.
Satunggil anama Mangunjaya, kalih Kandhuruwan, tiga Rajamênggala, sakawan Tohpati,
gangsal Sawunggaling, nênêm Sindurêja, sadaya wau sampun sami prasêtya sarêng pêjah,
namung Ki Mangunjaya kang agêgendholi, nanging sang dipati botên keguh, ing sadintên-
dintên tansah angrakit gêgamaning prang sarta sampun kathah balanipun. Wondene
kangjêng sultan ing Matawis sampun mirêng ing pawartos, yèn sang dipati ing Pathi
ambalik. Sumêja mêngsah ing Matawis. Kangjêng

--- 238 ---

sultan enggal parentah angrakit gêgaman. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan bidhal.
Lampahing bala amindha gunung lêlampah, gêgaman awarni-warni, sampun dumugi
têpiswiring ing Pathi, bala Matawis sami ambêbahaki padhusunan. Kangjêng sultan lajêng
masanggrahan wontên ing ngriku, sang dipati ing Pathi sampun ingaturan uninga dhatêng
balanipun. Yèn gêgaman ing Mataram dhatêng, têtindhihipun kangjêng sultan piyambak.
Para bupati tuwin para santana sami andhèrèk sadaya, sang dipati ing Pathi enggal
parentah ambidhalakên gêgaman, sumêja mêthuk prang sajawining kitha, sang dipati
nuntên mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi sajawining kitha, ajêng-ajêngan kalihan
baris ing Matawis. Sang dipati andangu dhatêng balanipun. Panggonaning kangmas sultan
ana ing ngêndi, ingkang dipun dangu matur, raka jêngandika panggenanipun lindhuk
wontên ing wingking, sang dipati ngandika malih, hèh balaku kabèh, aja angopèni ing
liyane, mung panggonane kangmas sultan bae tênggêlên, sanajan aku matia ana ngarsane
kangmas sultan. Sang dipati lajêng anabuh têngara umangsah ing prang, bala Matawis
anadhahi, arame prangipun. Bala ing Pathi agolong pangamukipun. Bala Matawis
môncanagari tuwin pasisir kathah kang pêjah, sami lumajêng angungsi wingkingipun sang
prabu, pangamukipun bala ing Pathi sami riwut,

--- 239 ---

dhasar sami wantêr, sampun cakêt kalihan panggenanipun kangjêng sultan. Para santana
ing Matawis enggal sami nadhahi, para bupati ing Pathi inggih têtumpêsan. Pangamukipun
sang dipati sampun dumugi ngarsanipun sang nata, nuntên wontên abdinipun sang nata
kapêdhak, kang angampil agêm dalêm waos Kyai Baru, anama Nayadarma, anyuwun
lilanipun sang nata badhe amêthukakên pangamukipun sang dipati, awit bala kang sami
wontên ngarsanipun kangjêng sultan sampun sami lumajêng. Sang nata inggih anglilani, Ki
Nayadarma enggal mangsah ajêng-ajêngan lan sang dipati ragi kapering, waos Kyai Baru
katamakakên. Sang dipati kenging lambungipun pasah lajêng pêjah aniba ing siti,
balanipun kang sami kacêpêng gêsang sami anyuwun pêjah, inggih sampun sami
kapêjahan. Dados balanipun sang dipati ingkang sami tumut prang wau sampun sami
tumpês sadaya, amung Ki Mangunjaya piyambak ingkang taksih gêsang, lumajêng mantuk
dhatêng ing Pathi, bala ing Matawis sami matur ing kangjêng sultan, yèn Dipati Pathi
sampun pêjah, sarta sami rêbat angangkên mêjahi, kangjêng sultan lan mariksa waos Kyai
Baru, sarêng katingal Kyai Baru gupak rah, kangjêng sultan ngandika, Si Nayadarma kang
matèni adhi mas, pratandhane agêm ingsun tumbak Kyai Baru gupak gêtih, kangjêng sultan
ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap. Alap-alap, sira mênyanga [mênyang...]

--- 240 ---


[...a] ing Pathi, lan Si Jagabaya, Arya Panular, Ngabèi Wirapati sarta mantri Mataram
kabèh, sira amboyongana ing saisine nagara Pathi, yèn ana kang bôngga patenana, sira
anggawaa joli, bojone para prayayi padha tunggangana ing tandhu, poma sarupaning wong
wadon utawa rajabrana aja ana kang kaliwatan. Tiyang sakawan aturipun sandika, nuntên
mangkat sabalanipun. Kangjêng sultan inggih lajêng kondur dhatêng ing Matawis.

Kacariyos palajêngipun Ki Mangunjaya sampun dumugi ing Pathi, angaturi uninga dhatêng
garwanipun sang dipati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan, balanipun tumpês.
Sang rêtna lajêng anjêrit lan tiyang sadalêm sadaya, Ki Mangunjaya wau lajêng asuka
pariksa dhatêng mantri sakawan ingkang tinanggênah têngga dalêm. Anama Suraprameya,
kalih Rôngga Jaladra, tiga Suraantaka, sakawan Pangalasan. Tiyang sakawan sarêng mirêng
yèn gustinipun tumpês sabala sadaya, lajêng sami anangis. Sarta sami sumêja bela
pêjahing gustinipun. Nuntên parentah dhatêng tiyang ing Pathi sakantunipun antawis kalih
atus, dipun kèn sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng sarta sampun
sami sumêrêp, yèn lêlampahipun badhe wontên kang malangi. Gêgaman Matawis sampun
dumugi alun-alun Pathi, [Pa...]

--- 241 ---

[...thi,] lajêng kapêthukakên prang rame, tiyang Matawis kathah kang pêjah, tiyang ing
Pathi sarta mantri sakawan wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Mangunjaya
piyambak lumajêng, angaturi uninga ing garwanipun sang dipati, tiyang sadalêm sangsaya
sangêt panangisipun. Ki Mangunjaya enggal ngupadosi putranipun jalêr sang dipati, taksih
alit, anama Radèn Rôngga, sarêng kêpanggih lajêng kabêkta kesah, mêdal kori bêbutulan
wingking, kabêkta ngungsi dhatêng ing rêdi Prawata, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1570.

Ki Tumênggung Alap-alap sakancanipun nuntên sami lumêbêt ing kadhaton, anacahakên


sarta amboyongi sawarnining rajabrana tuwin tiyang èstri, garwanipun sang dipati
ingaturan nitih joli, para sêlir kalihan garwanipun para priyantun katumpakakên ing
tandhu, swaraning tangis gumuruh pating jalêrit, sami sêsambat gustinipun kang sampun
seda, Ki Tumênggung Alap-alap lajêng bidhal saking kitha andhèrèkakên sawarnining
bêboyongan. Lampahipun arêreyongan. Sampun dumugi ing Matawis. Garwanipun sang
dipati sarta bêboyongan sadaya lajêng kalêbêtakên ing kadhaton. Kangjêng sultan enggal
andangu dhatêng garwanipun sang dipati, purwaning pambalikipun têmah amêngsah sang
prabu, aturipun ingkang garwa sang dipati,

--- 242 ---

yèn awit saking Ki Tumênggung Endranata ing Dêmak, ingkang angadon-adoni awon. Sang
nata sarêng mirêng atur makatên sangêt duka, enjingipun anuntên miyos sinewaka wontên
ing sitinggil. Bala ing Matawis pêpak sadaya, sang nata ngandika sêru dhatêng abdi
Martalulut lan Singanagara, hèh wong Martalulut lan Singanagara, enggal sudukana Si
Endranata ana ing pagêlaran bae, dikongsi mati. Martalulut lan Singanagara inggih enggal
sami anyuduki dhatêng Tumênggung Endranata sampun pêjah, ususipun kadamêl tontonan
wontên ing pêkên.

Ing antawis lami sang nata apirêmbagan akalihan ingkang uwa Panêmbahan Purbaya, uwa
Purbaya, sarèhning kula mirêng pawartos yèn Pangeran Surabaya samangke sampun pêjah
atilar putra jalêr satunggil, anama Radèn Mas Pêkik, punika ingkang dados pikajêngan
kula, Radèn Mas Pêkik badhe kula timbali, kula kèn gêgriya ing Matawis. Panêmbahan
jumurung, sang nata nuntên utusan dhatêng Surabaya amondhongi Pangeran Pêkik. Utusan
inggih sampun lumampah dhatêng Surabaya, kêpanggih kalihan Pangeran Pêkik
andhawahakên timbalan dalêm. Aturipun Pangeran Pêkik sandika, enggal apradangdosan
sagarwa tuwin brayatipun sadaya. Utusan Matawis wau

--- 243 ---

lajêng andhawahi Tumênggu[5] Sapanjang, andhèrèka lampahipun Pangeran Pêkik. Dipun


rêksaa lampahipun wontên ing margi, dhaharipun sampun ngantos kêkirangan. Ki
Tumênggung Sapanjang aturipun sandika, nuntên bidhal andhèrèkakên Pangeran Pêkik.
Lampahipun alon-alon. Sampun dumugi ing dhusun Butuh angujung ing astana, ing dalu
lajêng sare adêdagan. Ing wanci lingsir dalu Pangeran Pêkik mirêng swara, ujaring swara,
Ki Pêkik, wruhanamu, kowe besuk duwe putu lanang jumênêng ratu gêdhe, kadhatone ing
alas Wanakarta, kaprênah sakuloning Pajang abêbala bacingah, jêjuluk Sunan Mangkurat.
Pangeran Pêkik kagèt lajêng wungu, ing wanci enjing nuntên andika wartos dhatêng juru
kunci ing ngriku, ki juru kunci sarêng mirêng pangandikanipun Pangeran Pêkik
sakalangkung bingah sarta sokur ing Allah. Pangeran Pêkik anuntên bidhal. Lampahipun
alon-lonan. Sarêng ngajêngakên dumugi Matawis, utusanipun sang prabu ingkang animbali
wau angrumiyini angaturi uninga ing sang prabu, yèn pangeran sampun wontên ing margi,
sang nata sakalangkung suka, nuntên miyos siniwaka wontên ing sitinggil. Bala ing Matawis
pêpak sadaya, sang nata alon ngandika dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa, kadospundi
ing prayoginipun, bilih Pangeran Pêkik ing mangke [mang...]

--- 244 ---

[...ke] dhatêng, punapa kula kang ngabêkti, punapa piyambakipun ingkang ngabêkti
dhatêng ing kula, panêmbahan amangsuli alon. Sinuhun, ing pamanah kula prayogi
Pangeran Surabaya ingkang ngabêktia, mila makatên ing kalênggahanipun agêng
panjênêngan dalêm, ing Surabaya taksih nama pangeran kemawon. Panjênêngan dalêm
sampun jumênêng sultan. Kalih dene katimbalan dhatêng Matawis samangke inggih sowan.
Sang prabu sakalangkung suka ing galih amirêng aturipun Panêmbahan Purbaya, botên
dangu Pangeran Pêkik dhatêng wontên ing alun-alun, lajêng pepe sakiduling waringin
kêmbar lan sakulawangsanipun sadaya. Sarêng sang nata ningali, nuntên andikakakên
nimbali, Pangeran Pêkik tumuntên sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing
ngarsane sang prabu, dhuwung kasèlèhakên ing siti nuntên angujung, sarwi matur
anyêmbah, gusti, kula angaturakên ing pêjah gêsang kawula, amargi saking agêngipun ing
kalêpatan kula, dene botên tumuntên sowan ing panjênêngan dalêm, angantos
katimbalan. Ing mangke kula nyumanggakakên badan kula lan sabrayat kula sadaya,
akathah-kathah aturipun Pangeran Pêkik. Sang nata sarêng mirêng aturipun Pangeran
Pêkik sakalangkung suka ing galihipun sarta rêsêp aningali ing warninipun, abagus taksih
neneman, mèh kêmbar kalihan sang

--- 245 ---

prabu, kangjêng sultan alon ngandika, yayi ing Surabaya, mulane sira sun timbali, wus
pinêsthi karsaning Allah, sêsotya iku tumrap ing êmbanan. Upamane ingsun pancuran, sira
kang minôngka têlaga, upamane ingsun isi, sira kang minôngka wadhahe, dene têgêse, wus
pinêsthi karsaning Allah, yèn sira bakal milu anurunake para ratu ing tanah Jawa, ananging
sira kang urun wadon, ingsun kang urun lanang, dene karsaningsun ing saiki sira wismaa
ana ing Mataram, ngênggonana ing kadipatèn. Nagara ing Surabaya iya ingsun paringakên
ing sira maneh, mungguh panguwasanira iya misiha kaya kang wus kêlakon. Sira ana ing
Mataram kene yayi aja taha-taha, ya ing Mataram, ya ing Surabaya, panganggêpmu
padhanên bae. Pangeran Pêkik aturipun sandika, lajêng kaprênahakên adalêm ing
kadipatèn.
Botên antawis lami Pangeran Pêkik lajêng katariman ingkang rayi sang prabu, kang nama
Ratu Pandhansari, atut ênggènira apalakrama, Pangeran Pêkik taksih sinisihan kalihan
ingkang garwa. Sarêng sampun antawis lami, kangjêng sultan pinuju pinarak wontên ing
dalêm. Nuntên utusan animbali Kangjêng Ratu Pandhansari. Pawongan inggih enggal
lumampah dhatêng kadipatèn Surabayan. Garwanipun Pangeran Pêkik inggih [ing...]

--- 246 ---

[...gih] sampun kairit dhatêng cèthi, malêbêt ing kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane
kangjêng sultan, Ratu Pandhanasari matur, kakang prabu, panjênêngan dalêm gêrah
punapa, dene ênggènipun animbali ing kula enggal-enggalan. Kangjêng sultan alon
angandika, laraningsun panggonane ing ati, adhi ajêng, larane atiningsun angluwihi
bangêt. Dene ana pandhita siji durung nungkul marang ingsun, omahe ing Giri, liyane iku
wong tanah Jawa wis padha nungkul kabèh, sira tutura marang lakinira, ing Giri sun
têmpuhakên marang dhèwèke, supaya bisaa anungkul marang ingsun. Kang prayoga
angrusak ing Giri amung lakinira, karana padha trahing pandhita. Ratu Pandhan matur
sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning kangjêng sultan. Sarawuhing dalêm inggih
lajêng matur dhatêng ingkang jalêr punapa ing sadhawuhipun kangjêng sultan. Pangeran
Pêkik angandika, yèn karsane kangjêng sultan kudu angrusak ing Giri, pinrih angidhêp
marang Mataram, ing Giri wus prasasat kagêgêm ana ing tanganku, ya aku kang anyaguhi
bêdhahe pratapan Giri, payo padha seba marang kadhaton, nyuwun pamit ing kangjêng
sultan. Lajêng mangkat sarimbit. Kangjêng sultan sarêng aningali ingkang rayi sowan
sarimbit, enggal katimbalan lênggah cakêt. Sang nata angandika, yayi ing Surabaya, kaya
kapriye karêpira. Pangeran

--- 247 ---

Surabaya matur nêmbah, kula sandika anglampahi ing sadhawuh dalêm anggêcak ing Giri,
sanajan mintaa sraya ing nagari sanès, kula botên ajrih, kawula nyuwun pamit badhe
mangkat. Sang nata inggih anglilani, garwanipun dikakakên ambêkta, ingkang rayi
sakalihan nuntên ngujung, kangjêng sultan andêdonga, mugi salamêta sarta unggula
yudanipun ingkang rayi. Pangeran Pêkik lan kang garwa sampun mundur saking ngarsane
kangjêng sultan, sarawuhe ing dalêm apradandosan. Nuntên bidhal lan sabalanipun
anjujug ing Surabaya, atata-tata wontên ing griku, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal
anglurug dhatêng Giri.

Kacariyos sang pandhita ing Giri sampun angsal pawartos, yèn ing Giri sumêja kabêdhah
dhatêng Pangeran Surabaya, sang pandhita nuntên parentah dhatêng santana tuwin
marbot sarta para muridipun sadaya kadhawahan sami angatos-atos. Kacariyos sang
pandhita gadhah putra angkat, tiyang Cina sarta gadhah bala tiyang kalih atus, punika
kang minôngka andêl-andêlipun, kang sagah mêthukakên prangipun tiyang Surabaya,
têtiyang ing Giri sampun sami mirantos dêdamêling prang. Botên antawis dangu gêgaman
ing Surabaya dhatêng, lajêng campuh ing prang, bala ing Surabaya kathah kang pêjah,
mundur kawon prangipun. Ratu Pandhansari sarêng

--- 248 ---

aningali balanipun kawon, sarta kathah kang pêjah, enggal sami kaklêmpakakên, lajêng
sami dipun ganjar arta tuwin busana, sampun waradin. Bala ing Surabaya sami bingah
manahipun sarta sami mêdal kakêndêlanipun. Nuntên kaajêngakên prang malih, bala ing
Giri anadhahi, arame prangipun. Bala ing Giri kathah kang pêjah, sakantunipun sami
lumajêng, sang pandhita sampun kacêpêng, angrêrêpa nyuwun gêsang, bala ing Surabaya
sami matur ing gustinipun, sang pandhita dipun aturi mêjahi, wangsulanipun Pangeran
Pêkik. Aku ora gêlêm amatèni pandhita, besuk putuku iku kang kuwasa angrusak sarta
amatèni marang kang dadi pandhita ing Giri kene, Pangeran Pêkik lajêng parentah
anjarahi rajabrana saisining Giri, èstrinipun binoyongan. Sang pandhita katumpakakên ing
tandhu. Pangeran Pêkik nuntên kondur dhatêng Matawis. Sang pandhita tuwin jarahan
sadaya sampun katur ing sang prabu, ananging sang prabu botên karsa, sadaya wau
kaparingakên dhatêng Pangeran Pêkik. Sang pandhita kaapuntên ing sadosanipun.

Sarêng antawis lami sang nata miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata
ngandika dhatêng Pangeran Mandurarêja, sira ngluruga marang ing Jakarta, ing mêngko
wis kancikan marang wong Walônda, bupatine wis kasoran [kasora...]

--- 249 ---

[...n] prange, nagara Jakarta sira rêbuta, wong Walônda tundhungên têka ing kono, wong
pasisir ing Surabaya sapangulon iridên, padha adunên prang, bupati ing Sampang lan ing
Garêsik bubuhana prang ing laut anggawaa kagungan ingsun mariyêm loro, nanging kang
ingsun gawe senapati sira. Pangeran Mandurarêja sarta para bupati pasisir aturipun
sandika, lajêng sami mantuk dhatêng nagarinipun piyambak. Apradangdosan sarta ambêkta
kagungan dalêm mariyêm kêkalih, kabêkta dhatêng ing Sampang badhe kadamêl anjagèni
yèn wontên prang ing laut. Para bupati wau sampun sami jangji pakumpulan ing nagari
Ngastina. Pangeran Mandurarêja sampun bidhal saking Matawis. Sadhatêngipun ing
Ngastina, para bupati pasisir sampun pêpak wontên ing ngriku lan sabalanipun sadaya,
kathahing bala tanpa wilangan, lajêng sami dandos baita, sarêng sampun samêkta lajêng
bidhal anumpak baita ambabar layar, nuntên mancal sampun silêm dharatan. Dumugi ing
Carêbon kèndêl tata-tata wontên ing ngriku, sarêng sampun mirantos anuntên mangkat.
Lampahing baita dumugi ing Jakarta alabuh jangkar, Pangeran Mandurarêja sabalanipun
lajêng mêntas, atata pamondhokan sakidul wetaning kitha, sampun misuwur ing tiyang sa-
Jakarta, yèn gêgaman kang dhatêng punika badhe anundhung tiyang Walandi

--- 250 ---

kang wontên ing ngriku, têtiyang Jawi ing Jakarta sadaya sampun sami têluk dhatêng
Pangeran Mandurarêja, amung kantun tiyang Kumpni kemawon, wontên salêbêting bètèng
amunggul balowartinipun, amapanakên mariyêmipun. Gurnat lan gutuk api sampun tinata,
tiyang Walandi sadintên-dintên abilulungan. Kacariyos pangagêngipun tiyang Walandi
kathah, kapitanipun wolu, satunggil anama Jakuwos, kalih Balêm, tiga Endro, sakawan
Pituye, gangsal Jrodo, nênêm Wami, pitu Karèng, wolu Gêdyug. Lutnan sakawan. Ing
sadintên-dintên malatar, tamburipun tansah brang-brangan, nanging botên wontên purun
mêdal sajawining bètèng. Wondene Pangeran Mandurarêja lan para dipati pasisir, ing
Gêmbong Pasuruan sapangilèn, dumuginipun ing ing Jakarta, bupatinipun sampun sami
ngalêmpak wontên ing ngriku lan sabalanipun, kathahing bala tanpa wilangan, amung
dipati ing Sampang kang badhe anjagèni prang laut dèrèng dhatêng, ênggènipun badhe
anggêpuk loji ing Jakarta angêntosi dhatêngipun Dipati Sampang.

Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis andhawahi dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa
Purbaya, jêngandika sumusul dhatêng Jakarta, amayangana kang sami andon
pêrang,[6] nanging sampun dika têmêni, tiyang Walandi dika kapokakên [kapoka...]

--- 251 ---


[...kên] kemawon. Dika sampun ambêkta bala kathah, anyamura kemawon, mêdala ing
laut. Panêmbahan aturipun sandika, lajêng mangkat, amung ambêkta abdinipun para lurah
sawatawis, anjujug ing Jêpara, panêmbahan sampun darbe palwa piyambak, awasta
Kaladuta, lajêng tinitihan ambabar layar, enggal lampahipun. Pangeran Mandurarêja
sampun mirêng ing pawartos, yèn Panêmbahan Purbaya anusul dhatêng Jakarta, Pangeran
Mandurarêja rumaos isin, dene kasusulan Senapati malih, nuntên anabuh têngara
umangsah ing prang, Adipati Sampang jagi prang laut inggih sampun dhatêng wontên ing
ngriku. Tiyang Kumpni inggih sampun sumêrêp yèn dipun inggahi, lajêng anata
Kumpêninipun kathahe kawan brêgada, mariyêmipun tinata maju pat. Gurnat tuwin gutuk
api sampun cumawis. Dene Walandi ingkang asikêp sanjata ing dalêm sa-Kumpêninipun,
ingkang anindhihi kapitan satunggil, lutnan kêkalih, alpèrès satunggil. Ingkang jagi
angidêri Kapitan Jakuwès. Sadaya sampun tinata, bubuh-bubuhan ajangji sabiyantu sarêng
pêjah, sampun malatar atata ungkur-ungkuran. Dene kang dipun kandêli kang wontên kidul
wetan. Dipun kathahi mariyêm, kalataka, lela, masbum, sinapanipun pating galêbyar, kang
nindhihi kapitan sakawan. [sakawa...]

--- 252 ---

[...n.] Pangeran Mandurarêja anabuh têngara magut ing prang, tiyang Jawi majêng ing
prang rampak sarta surak sumêja angrangsang biting, Walandi anadhahi, mariyêm
sinulêdan ambal-ambalan. Swaranipun kados rêdi rêbah dhawahing mimis kados jawah,
wontên kados daru, tiyang Jawi kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah tuwin kêtaton.
Wontên kang brangkangan, ingkang majêng-majêng tumpês, nuntên mundur kasaput ing
dalu, enjingipun Pangeran Mandurarêja andhawahi ing tiyang Sampang wontên ing baita,
dipun jak sarêng anggêpuk bètèng, tiyang Sampang inggih lajêng masang mariyêmipun
saking ing baita, arame prang sami mariyêm. Tiyang Walandi ingkang pêjah kapitan
satunggil, lutnan kêkalih, kopral tiga, saradhadhu kathah kang tatu utawi kang pêjah
tanpa wilangan.

Kacariyos Panêmbahan Purbaya sampun dumugi ing laut Jakarta, lajêng prang kalihan
Walandi kang wontên ing baita, Walandinipun kawon sampun lumajêng, panêmbahan
nuntên minggir, sumêdya mêntas dhatêng dharatan. Ing ngriku taksih rame aprang
mariyêm pating jalêgur, mariyêmipun tiyang Jawi dipun sipat sami mariyêm dhatêng ing
tiyang Walandi kenging lambenipun gêmpal. Baitanipun kathah kang pêcah, tiyang Jawi
kathah kang pêjah, tiyang Walandi inggih kathah kang pêjah. Tiyang Walandi obat
mimisipun sampun nipis. Kalampahan tinja kang kadamêl ing obat [oba...]

--- 253 ---

[...t] mimis. Tiyang Jawi kathah balaeran. Amargi kenging ing tinja. Wondene lampahipun
Panêmbahan Purbaya sampun dumugi satêngahing paprangan, amung ambêkta panakawan
têtiga, tiyang Walandi sampun sami sumêrêp yèn Panêmbahan Purbaya dhatêng, sarta
kawartos yèn sakalangkung sakti sagêt mabur, lajêng kinarutug ing sanjata, ing awang-
awang sami dipun bêdhili, nanging panêmbahan botên kenging, ngeca-eca sarwi udud
anyêlaki bètèng, panêmbahan ngandika sêru, hèh wong Walônda dene kapati-pati
ênggonmu ambêdhili mênyang aku, apa kowe ngandêlake kandêle bètèngmu, sarwi
anudingi bètèng, bètèngipun tiyang Walandi lajêng bolong satiyang, panêmbahan sarêng
sampun adamêl pratôndha lajêng wangsul dhatêng ing baita, sumêja kondur dhatêng ing
Matawis. Wondene Pangeran Mandurarêja taksih angantêp prangipun, nanging mêksa
botên sagêd anyakêti bètèng, awit botên bêtah mambêt tinja, busananipun sami gubras
tinja, para dipati pasisir sabalanipun kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, sarta botên
wontên kang tahan dene tinja, saunduripun saking prang lajêng sami kungkum ing lèpèn.
Kala samantên ngantos lami prangipun, tiyang Jawi kang taksih gêsang salong sami
minggat mantuk dhatêng nagarinipun sangêt giris ing manahipun. Dene tiyang Walandi
ingkang pêjah

--- 254 ---

tigang brêgada, ingkang taksih gêsang sabrêgada, sampun sami kêkês manahipun. Botên
wontên kang nyipta gêsang.

Kacariyos konduripun Panêmbahan Purbaya, sampun dumugi nagari ing Matawis. Lajêng
sowan ing sang prabu angaturakên wiwitan dumugi wêkasan. Sarta aturipun panêmbahan,
prakawis prang ing Jakarta prayogi dipun kèndêli, sabab tiyang Walandi ênggènipun
dhatêng wontên ing ngriku, amung sumêja grami kemawon. Kangjêng sultan kapanujon
galihipun, alon ênggènipun ngandika, uwa inggih lêrês sampeyan. Kalih dene sampun
pinêsthi karsa Allah, tiyang Walandi ing benjing badhe mitulungi dhatêng turun kula, kang
sami jumênêng nata, manawi turun kula ing benjing wontên kang kawon prangipun,
amêsthi badhe dipun pitulungi dhatêng tiyang Walandi, milanipun kula adamêl prang
punika, amungkul damêl lêlabêt kemawon, supados ajriha kang wingking-wingking,
kangjêng sultan anuntên ngandika dhatêng gandhèk. Bocah gandhèk, sira mênyanga ing
Jakarta, Si Mandurarêja timbalana mulih lan sakancane kabèh, Ki Tumênggung Baurêksa
patènana ana ing dalan. Lan Si Mandurarêja ya patènana, bathange pêndhêmên ana ing
Kaliwungu. Gandhèk matur sandika lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Jakarta,
andhawahakên timbalan [timba...]

--- 255 ---

[...lan] dalêm. Pangeran Mandurarêja lajêng bidhal mantuk sakancanipun sadaya,


Pangeran Mandurarêja wau sarta Ki Baurêksa inggih sampun sami dipun pêjahi. Tiyang
Walandi sarêng uninga gêgaman Matawis bibar mantuk, sakalangkung sami suka
manahipun. Sampun sami angintên yèn awit saking karsanipun kangjêng sultan, ingkang
amaringi pangapuntên dhatêng tiyang Walandi, tiyang Walandi lajêng sami anglampahakên
utusan dhatêng ing Matawis, angaturi pisusung[7] kathah awarna-warni, kala samantên
sinêngkalan 1571.

Kacariyos sang nata miyos sinewaka, adhawah dhatêng Pangeran Silarong, adhi Silarong,
sira ngluruga ambêdhah ing Balambangan. Sira sun gawani wong môncanagara kabèh lan
wong pasisir kiwa, padha adunên prang, sarta sira sun kanthèni bocah ingsun gandhèk Si
Padurêksa, dadia mata pitayaningsun, angawasna solahe kawulaningsun kang ala lan kang
bêcik gawene. Pangeran Silarong sarta para bupati môncanagari tuwin pasisir aturipun
sandika, lajêng sami pradandosan. Sampun sami jangji pakumpulan ing Pasêdhahan.
Pangeran Silarong inggih sampun bidhal lan sabalanipun. Lampahipun mêdal ing Kadhiri,
anjog ing Pasuruan. Para bupati inggih sampun ngalêmpak wontên ing ngriku, lajêng
lampahipun [lampahipu...]

--- 256 ---

[...n] dumugi watêsing Balambangan, amasanggrahan. Tiyang ing nagari Balambangan sami
kagegeran angungsi kitha, sang dipati ing Balambangan nuntên utusan nyuwun bantu
dhatêng ing Bali, inggih lajêng binantonan, tiyang ing Bali ingkang tate tatal, antawis
gangsal atus. Pangagêngipun kêkalih awasta Dewa Lêngkara, kalih Dewa Agung,
sosoranipun anama Panji Balèlèng, kalih Panji Macan Kuning, sang dipati nuntên bidhal lan
sabalanipun, sarta prajurit ing Bali sadaya, sumêdya amêthukakên mêngsah kang wontên
ing Watês, dene kang têngga kitha putranipun sang dipati jalêr kêkalih, anama Ki Mas
Kêmbar, lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Watês, ajêng-ajêngan kalihan
mêngsah. Ing enjingipun anuntên sami mangsah ing prang, bêdhil-binêdhil, tumbak-
tinumbak, rame prangipun. Tiyang ing Bali gêgamanipun tulup pasêr mawi upas. Bala ing
Mataram kathah kang pêjah dening upas tuwin dêdamêl sanèsipun. Tiyang Bali
Balambangan inggih kathah kang pêjah bangke susun atindhih, ingkang prang sami ngidak
bêbathang, dangu-dangu tiyang Balambangan kawon prangipun, sami lumajêng angungsi
kitha, bala Matawis anglud, kitha rinangsang wani, tiyang salêbêting kitha lumajêng
ngungsi ing rêdi, bala ing Matawis sami jêjarah, Ki Mas Kêmbar sampun binêkta, Sang
Dipati Balambangan botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Pangeran Silarong parentah

--- 257 ---

anglud kang sami ngungsi ing rêdi, bala Matawis lajêng sami mangkat sumêngka rumambat
ing rêdi, tiyang Balambangan kathah kang kacandhak gêsang tuwin pêjah. Ing ngriku
wontên ajaripun satunggil anama Ajar Salokantara, inggih sampun binêsta, kabêkta
mudhun saking rêdi, dumugi ngarsanipun Pangeran Silarong, ajar lajêng pinêjahan,
jisimipun sirna, anuntên wontên swara, hèh Silarong, aku kopatèni tanpa dosa, ing besuk
aku malês mênyang kowe, yèn ana panjênênganing nata, gèthèk baune kang kiwa iku aku
kang nitis ana ing kono, kowe ing kono takpatèni. Pangeran Silarong lan sabalanipun
nuntên bidhal kondur dhatêng Matawis, sarta ambêkta jarahan tuwin boyongan.
Sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, Ki Mas Kêmbar lajêng linuwaran
babêstanipun sarta kasupaosan, tinêtêpakên dados bupati ing Balambangan. Sang nata
anggêganjar ing balanipun kang sami mênang prang, Radèn Padurêksa lêlurah gandhèk
kaangkat nama Pangeran Têpasana. Sang nata lajêng dhawah dhatêng Tumênggung
Singaranu andikakakên ambêdhah ing Sumêdhang tuwin ing Ukur, inggih sampun
kalampahan. Rajabrana sarta tiyang èstrinipun inggih sampun binoyongan dhatêng
Matawis. Kala samantên kangjêng sultan amêng-amêng, angidêri pakêbonan, kairing abdi
èstri angampil [angampi...]

--- 258 ---

[...l] talêmpak, landheyanipun kajêng wrêgu, ing ngriku kangjêng sultan kagungan ingon-
ingon kidang jalêr, anglangkungi galak. Sarêng ningali kangjêng sultan kidang nyandêr
badhe nyakot. Kangjêng sultan enggal nyandhak talêmpak. Kidang dipun talêmpak kenging
andhêmanipun. Rahipun sumêmbur, saking rikating panyandêring kidang kuwatipun
kangjêng sultan, landheyan kajêng wrêgu mangkêlung, wêntasipun[8] kangjêng sultan
kenging kagayor ing kidang, nanging botên pasah, kidang lajêng pêjah, kangjêng sultan
andhawahakên prasapa, besuk saturunku aja ana anganggo landheyan kayu wrêgu, sabab
anêniwasi.

Kacariyos kangjêng sultan punika kadhatonipun kêkalih, satunggil nama ing kutha Karta,
satunggilipun ing sagantên kidul, sabab Rara Kidul punika sampun kagarwa ing kangjêng
sultan. Ing sabên-sabên kangjêng sultan amêsthi têdhak anyare ing sagantên kidul. Utawi
bilih kangjêng sultan miyos sinewaka, para jim pêri prayangan inggih lajêng sowan,
nanging ingkang uninga namung kangjêng sultan piyambak. Kalih dene sampun misuwur,
yèn kangjêng sultan wau sakalangkung sêkti sarta kuwasa, balanipun manungsa utawi jim
pêri prayangan sami ajrih asih. Kala samantên kangjêng sultan sampun pêputra jalêr
kêkalih, ingkang sêpuh nama Pangeran Dipati Arya Mataram, sampun kakramèkakên angsal
putranipun Pangeran Pêkik, [Pê...]

--- 259 ---


[...kik,] patutanipun kalihan Ratu Pandhan. Ingkang ènèm anama Radèn Mas Alit, utawi
nama Pangeran Danupaya. Sarêng sampun pêputra kêkalih, kangjêng sultan gêrah sangêt.
Ingadhêp para garwa tuwin putra sarta para santana sadaya. Kangjêng sultan angandika
dhatêng Pangeran Purbaya, uwa Purbaya, ing mangke kula badhe tinêkakakên ing jangji,
dene wêling kula, kang prayogi jumênêng nata anggêntosi ing kula, putra kula ingkang
sêpuh, Pangeran Dipati Arya Mataram. Dene putra ingkang ênèm inggih tumuta mukti,
jêngandika mugi ingkang sagêd amomong wayah jêngandika putra kula, uwa tuwin sanak
kula sadaya, dipun sae kantun. Kangjêng sultan anuntên seda, swaraning tangis salêbêting
kadhaton gumêrah, gunung Marapi gumaludhug awor swaraning ampuhan. Layon sampun
siniraman sarta kasalatakên. Nuntên kabêkta kasarèkakên ing Mogiri, sinêngkalan 1578.

Ing dintên Soma Panêmbahan Purbaya miyos anganthi ingkang wayah, linênggahakên ing
dhampar wontên ing sitinggil, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, panêmbahan
ngandika sêru, hèh wong Mataram kabèh, sira padha nêksènana, yèn Pangeran Dipati Arya
Mataram ingsun junjung jumênêng nata anggêntèni ingkang rama swargi ajêjuluk Kangjêng
Susuhunan Mangkurat, Senapati ing

--- 260 ---

Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama. Bala ing Matawis saurpêksi sadaya tuwin
pandhita para kaji sadaya sami andonga jumurung, sang nata nuntên kondur angadhaton.
Kala jumênêngipun sang prabu punika nagarinipun gêmah raharja, jêjêg adil kukumipun.
Pêparentahanipun botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi. Ing dintên Rêspati sang
nata miyos sinewaka, para santana bupati mantri pêpak sowan sadaya, punapa dene
ingkang rayi sang prabu ingkang nama Pangeran Alit inggih sampun sowan. Sang nata
angandika dhatêng para bupati tuwin santana sadaya, sarupane kawulaningsun kabèh,
padha anyithaka bata, ingsun bakal mingsêr têka ing kutha Karta, patilasane kangjêng
rama ingsun tan arsa ngênggoni, ingsun bakal yasa kutha ing Palèrèd. Bala Matawis sadaya
matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Wiraguna lan Tumênggung
Danupaya, sira padha ngaluruga marang ing Balambangan, sabab ing mêngko wis dirêbut
marang wong Bali, bupatine wus nungkul, sira sun kanthèni wong môncanagara kabèh, Si
Tumênggung Mataram milua angirida wong pasisir mêtua ing laut. Nanging Si Dipati
Sampang aja mèlu, uruna prajurit bae. Ki Tumênggung Wiraguna, Tumênggung Danupaya,
Tumênggung Mataram matur sandika, lajêng budhal lan sabalanipun.

1. sinêngkêlit. (kembali)

2. lumpuh. (kembali)

3. gawaa. (kembali)

4. jangji. (kembali)

5. Tumênggung. (kembali)

6. tanda pêpêt ditulis di atas aksara na. (kembali)

7. pisungsung. (kembali)

8. wêntisipun. (kembali)
-- 261 ---

Kacariyos ingkang rayi sang prabu kang nama Pangeran Alit wanci jaka kumala-kala,
dèrèng akrama, pangeran wau kagungan êmban kêkalih sami lênggah bupati, nama
Tumênggung Danupaya ing mangke sawêg kesah nglurug dhatêng Balambangan,
satunggilipun anama Tumênggung Pasisingan. Pangeran Alit wau timur mila adalêm ing
Danupayan. Ing nalika punika sang pangeran pinuju lênggah ing dalêmipun, Ki Tumênggung
Pasisingan sarta anakipun anama Agrayuda sami sowan ing kangjêng pangeran. Pasisingan
matur saha sêmbah, aturipun Pasisingan kalihan Agrayuda sagah anjumênêngakên nata,
sarta ambêbangus, angadon-adoni awon. Saaturipun Pasisingan, yèn tiyang ing Matawis
kathah ingkang sagah ambiyantoni piyambakipun, kalih dene sapunika ing kadhaton asring
sêpên, botên wontên tiyang, sabab tiyang Matawis sadaya sami anggarap kitha, ing
samangsanipun sêpên, Ki Pasisingan sagah ngamuk dhatêng kadhaton. Wangsulanipun
Pangeran Alit, sagah dipun galih rumiyin sarta angêntosi ingkang bapa Ki Tumênggung
Danupaya. Ki Pasisingan amêksa, kathah-kathah aturipun, sarta abdinipun para lurah
sadaya inggih sami angrêmbagi, ambiyantoni aturipun Pasisingan. Pangeran wau dangu-
dangu kèlu ing galihipun,

kamanisên ing aturipun tiyang kathah, pangandikanipun.

--- 262 ---

Yèn mêngkono aku ya nurut bae, manawa nyata wong Mataram bakal padha ambiyantoni
ênggonku bakal angrêbut karaton. Ki Pasisingan lan Agrayuda lajêng pamit mantuk atata-
tata, sadhatêngipun ing griya Ki Pasisingan wicantên dhatêng Ki Agrayuda, thole, sesuk
kowe amêpaka gêgaman, aku tak mênyang pagaweyan ambêbata dhingin sarta
amaspadakake wong Mataram, kang padha masang bata, adate nèk bubar isih awan.
Manawa kang nyambut gawe wis padha mulih, kowe tak kongkoni, têkaa sagêgamanmu
kabèh, ayo padha banjur ngamuk marang kadhaton. Agrayuda anyagahi.

Kala samantên Panêmbahan Purbaya sampun sumêrêp ing prakawis punika, lajêng matur
ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, nuntên dhawah dhatêng panêmbahan.
Ing samangsanipun Pasisingan dhatêng wontên ing padamêlan, lajêng andikakakên
amêjahi, panêmbahan matur sandika. Ing enjingipun panêmbahan angrumiyini dhatêng
padamêlan. Tiyang Matawis sampun winangsit sadaya, botên dangu Pasisingan dhatêng,
lajêng sami dipun suduki sampun pêjah, rencangipun sami lumajêng, sanjang dhatêng
Agrayuda yèn kang rama sampun pêjah, Agrayuda sarêng mirêng anangis, lajêng mandhi
waos sarta numpak kapal, rencangipun sami dipun jak ngamuk. Anuntên mangkat,
[mangka...]

--- 263 ---

[...t,] nanging rencangipun sami nglolosi, Agrayuda kantun piyambak. Lampahipun sampun
dumugi ing pangurakan. Ing ngriku sampun dipun rakiti, Agrayuda nuntên karampog ing
tiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok. Panêmbahan Purbaya nuntên matur ing
sang prabu, yèn Pasisingan sarta Agrayuda sampun pêjah, sirahipun inggih kaaturakên.
Sang nata enggal miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata angandika
dhatêng abdi èstri, bocah wadon, timbalana adhi mas Pangeran Alit, warahên bakal ingsun
kon ênjênêngi ênggon ingsun gawe kutha, pawongan enggal lumampah dhatêng
Danupayan. Pangeran Alit sarêng kadhawahan inggih enggal ênggènipun sowan.
Sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu lajêng dipun uncali sirahipun Pasisingan sarta
Agrayuda, sang nata sarwi ngandika, iku rupane kang bakal anjunjung nata marang sira,
Pangeran Alit enggal narik dhuwung, sirah kêkalih lajêng dipun suduki sarta angandika,
Pasisingan kowe genea têka ngèmbèt-èmbèt marang aku, sang prabu alon andangu,
kapriye calathumu iku adhi mas. Pangeran Alit matur saha sêmbah, kakang prabu, kula
botên pisan yèn gadhaha cipta badhe amêngsah ing panjênêngan dalêm tuwin yèn murinaa
ênggèn sampeyan [sa...]

--- 264 ---

[...mpeyan] jumênêng nata, kula botên rumaos murina, punika amung akalipun Pasisingan
piyambak. Sang nata mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Alon ênggènipun
angandika, yèn kaya mêngkono adhi mas, sarupane baturmu kang jênêng lêlurah ingsun
pundhut kabèh, aturna ing saiki, ingsun anti ana ing sitinggil. Pangeran Alit matur sandika,
nuntên lèngsèr saking ngarsane sang nata, sarawuhipun ing dalêm, ingkang abdi taksih
pêpak sadaya, kathahipun tigang atus, lêlurahipun wau êmban tiyang alit kêkalih, talèdhèk
jalêr satunggil. Sang pangeran ngandika, bocah lêlurah, payo kowe padha dakbônda
kabèh, dipundhut marang kakang prabu ing saiki. Para abdinipun lêlurah lajêng sami
anangis sadaya, sarta sami angrangkul sukunipun sang pangeran. Ingkang sami wontên ing
pasowan jawi mirêng swaraning tangis lajêng sami lumêbêt, inggih tumut anangis.
Akathah-kathah aturipun sarta sami angunggar-unggar dhatêng gustinipun. Pangeran Alit
lajêng mêdal suraning galih, awêlas ningali para abdinipun, nuntên parentah angrasuk
gêgamaning prang, para abdi enggal sami anyandhak gêgaman. Anuntên wontên
utusanipun sang prabu angenggalakên, anama Ki Sumêngit kalih Dakawana, nanging Ki
Dakawana kantun wontên ing jawi, Ki Sumêngit [Sumêngi...]

--- 265 ---

[...t] piyambak ingkang lumêbêt, inggih lajêng pinêjahan. Ki Dakawana sarêng sumêrêp
enggal wangsul angaturi uninga ing sang prabu. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki
Dakawana sangêt ngungun sarwi nênggak waspa, Panêmbahan Purbaya alon matur,
sinuhun, sampun pinêsthi karsa Allah, rayi dalêm badhe botên tutug yuswanipun.

Sang nata ngandika sêru, hèh sarupaning wong Mataram, mêngko yèn adhi mas ngamuk,
aja ana kang nglawani, sanajan olèha pêpati akèh ya padha piyak kabèhe, supaya têkaa
ing ngarsaningsun. Dene manawa ana kang wani mapagake prang, amêsthi ingsun kêthok
gulune. Panêmbahan lajêng dhatêng ing alun-alun undhang-undhang, botên dangu
Pangeran Alit dhatêng sabalanipun, kandhêg wontên ing pangurakan, angêntosi tiyang
Matawis kang sagah sami ambiyantoni, sarêng dangu botên wontên dhatêng, abdinipun
sang pangeran têlas sami nglolosi, amung kantun lêlurah nênêm. Pangeran Alit sampun
nekad pêjah, tiyang Matawis sami piyak ngiwa nêngên. Anuntên Sang Dipati Sampang kang
nama Dêmang Malaya, enggal malajêngi angrangkul sukunipun sang pangeran, matur
amêmalangi karsanipun. Supados wandea ênggènipun badhe ngamuk. Pangeran Alit
sampun riwut ing galih, sang dipati ing Sampang kacublês ing dhuwung gêgithokipun lajêng
pêjah. Tiyang

--- 266 ---

ing Sampang sarêng aningali gustinipun pêjah wontên ing alun-alun, lajêng ambyuk.
Pangeran Alit sinosog ing gêgaman, nanging botên pasah, tiyang Sampang kathah kang
pêjah dening sang pangeran. Lêlurah nênêm wau sampun pêjah sadaya, Pangeran Alit
sarèhning sayah, lajêng kacocok ing dhuwungipun piyambak, pupunipun bucêk satuma,
Pangeran Alit lajêng seda wontên sangandhaping waringin kurung. Para dipati enggal sami
angrêrômpa layonipun sang pangeran, kabêkta minggah ing sitinggil. Sang prabu sarêng
aningali ingkang rayi seda, sangêt ênggènipun muwun. Ingkang ibu lajêng angrukêbi layone
kang putra sarwi muwun. Sang nata andangu mênggah ingkang mêjahi dhatêng ingkang
rayi, para dipati sami matur ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata angandika,
adhiningsun isih bocah wis digdaya, olèh bela dipati sarta akèh wong Sampang kang padha
mati dening adhi mas, hèh wong Mataram kabèh, ingsun sêksènana, ing mêngko adhi mas
sun belani. Sang nata lajêng amêrang baunipun ingkang kiwa, pasah rahipun mêdal.

Kacariyos sang nata ing samangke darbe ciri gèthèk baunipun kang kiwa, ing ngriku
panitising pun ajar ing rêdi Balambangan, kang dipun pêjahi dhatêng Pangeran Silarong
rumiyin. Wondene layonipun Pangeran [Pange...]

--- 267 ---

[...ran] Alit inggih lajêng kapêtak ing Magiri.

Kala samantên sang prabu sampun ngalih kadhaton ing Palèrèd.

Kacariyos ingkang sami nglurug dhatêng ing Balambangan, Ki Tumênggung Wiraguna lan Ki
Tumênggung Danupaya, tiga Ki Tumênggung Mataram. Nagari Balambangan inggih sampun
bêdhah, Dipati Balambangan angungsi dhatêng Bali, tiyang Balambangan jalêr èstri sami
binoyongan dhatêng ing Matawis, kathahipun sèwu gangsal atus. Ki Tumênggung Wiraguna
anglud dhatêng ing Bali, kandhêg wontên sapinggiring sagantên. Botên sagêd nyabrang,
tiyang ing Bali sarêng sumêrêp sumêja nungkul, mêdal ing laut. Lajêng kapêthukakên
prang laut dhatêng Ki Tumênggung Mataram. Tiyang ing Bali kathah kang pêjah, anuntên
sami lumajêng.

Ki Tumênggung Wiraguna, kalih Danupaya, tiga Tumênggung Mataram lajêng sami bidhal
mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Tumênggung Wiraguna wontên ing margi sakit lajêng
pêjah, Ki Tumênggung Danupaya sarêng mirêng pawartos yèn Pangeran Alit seda,
tumuntên anguntal upas lajêng pêjah, anak putunipun inggih nuntên andikakakên mêjahi
sadaya, kathahipun tiyang kalih wêlas. Dene bêboyongan saking Balambangan sadaya
kakèndêlakên wontên ing Taji.

Amangsuli cariyosipun Pangeran Silarong, kala [ka...]

--- 268 ---

[...la] panjênênganipun Kangjêng Sultan Agung Pangeran Silarong pinuju kêmit, wontên
ing pandhapi kadhaton. Kangjêng sultan amarêngi duka dhatêng Juru Taman. Pun Juru
Taman dipun talêmpak. Jajanipun pasah, rahipun sumêmbur ing siti, Juru Taman
bathangipun sirna, kangjêng sultan dhêdhawah dhatêng Pangeran Silarong andikakakên
bucal rah wau. Pangeran Silarong lajêng angêruki rah, dipun wadhahi ing takir, siti
sangandhaping rah inggih dipun têdhuki sakêdhik, kawadhahan sanès, sarêng enjing
Pangeran Silarong mantuk. Sadhatêngipun ing dalêm lajêng dhahar, rah wau katutul ing
sêkul sakêpêl, kapakakakên ing sagawon. Sêgawon lajêng pêjah sakal. Daginging sêgawon
ambêdhêl, rah wau lajêng dipun carubi lisah kalêntik, kaparingan nama upas anglung.
Anuntên wontên tiyang gadhah kasêngitan, anyuwun sarat dhatêng Pangeran Silarong,
inggih nuntên kaparingan upas anglung, tiyang ingkang dipun upasi wau inggih lajêng
pêjah, anuntên wontên tiyang nyuwun panawaning upas anglung, inggih dipun paringi
dhatêng Pangeran Silarong, ingkang dipun paringakên dhudhukaning siti sangandhaping rah
wau, ingkang dipun paringi anama Ki Citra. Wondene tiyang ingkang sami kalêbêtan upas
anglung, samangsanipun dipun jampèni dhatêng Ki Citra inggih lajêng saras. Ing lami-lami
misuwur ing

--- 269 ---

têtiyang sanagari ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran Silarong wau lajêng
katundhung, dipun griyakakên ing dhusun Naladana. Sarêng panjênênganipun kangjêng
sunan gèthèk punika misuwur malih, ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran Silarong
wau lajêng dikakakên mêjahi, Pangeran Silarong inggih sampun pêjah, punika anelakakên
yèn sêsumbaripun ajar ing Balambangan, ingkang dipun pêjahi Pangeran Silarong rumiyin
sayêktos.

Kala samantên sang nata adhawah ngupados tiyang èstri ayu badhe kadamêl garwa sêlir,
anuntên wontên tiyang ingkang matur, yèn dhêdhalang ringgit gêdhog, inggih tiyang
salêbêting nagari Matawis anama Ki Wayah, agadhah anak èstri satunggil sakalangkung ayu
nanging sampun gadhah bojo anama Ki Dalêm. Sarêng katur ing sang prabu lajêng
dikakakên mundhut. Nanging èstri wau sampun wawrat kalih wulan. Sang nata sarêng
aningali sakalangkung rêmên, lajêng kaprênahakên ing dalêm. Kacariyos sang nata ngantos
supe dhatêng garwanipun, sangêt kasêngsêm dhatêng èstri wau, malah kaangkat nama
Ratu Wetan. Tiyang kathah sami amastani Ratu Malang, botên antawis lami bêktanipun
wêtêngan wau lajêng lair mêdal jalêr, sang nata sangêt sihipun. Anuntên bojonipun tiyang
èstri ingkang nama Ki Dalêm wau andikakakên mêjahi, ing

--- 270 ---

sapêjahipun Ki Dalêm, Ratu Malang tansah anangis, kang kacipta amung Ki Dalêm. Ing
rintên dalu tansah asambat Ki Dalêm kemawon. Botên lami Ratu Malang wau sakit mutah
ngising lajêng pêjah. Sapêjahipun Ratu Malang sawarninipun abdi èstri salêbêting dalêm
sadaya sami binêthekan wontên palataran kaputrèn. Mila makatên, kalanipun Ratu Malang
wau sakit sêsambatipun Ki Dalêm kemawon. Pangraosipun sang prabu sakitipun Ratu
Malang amargi dipun damêl ing tiyang sadalêm. Wondene jisimipun Ratu Malang inggih
lajêng dikakakên ambêkta dhatêng rêdi Kêlir, nanging botên kalilan mêndhêm. Sabab sang
prabu sangêt anggènipun agandrung, rintên dalu tansah atêngga maidipun[1] Ratu Malang,
akalihan babêktanipun putra wau, para santana tuwin para bupati sami angaturi kondur
angadhaton, nanging sang prabu botên karsa, andadosakên orêgipun tiyang sanagari
Matawis. Botên antawis lami, sang nata ing dalu sare wontên ing ngriku, supêna yèn Ratu
Malang wau kumpul kalihan bojonipun kang nama Ki Dalêm. Sawungunipun saking sare
sang prabu aningali jisimipun Ratu Malang sampun ical sipating tiyang, sang nata lajêng
kondur angadhaton, sarta adhêdhawah mêndhêm jisimipun Ratu Malang, sinangkalan 1578.
Têtiyang sanagari Matawis inggih sampun têntrêm.

--- 271 ---

Kala samantên sang prabu sampun apêputra gangsal sami jalêr sadaya, ingkang pambajêng
patutanipun kalihan putra ing Surabaya, kaangkat nama Pangeran Dipati Anom, punika
ingkang ginadhang anggêntosi jumênêng nata, ingkang rayi sakawan wau sami sanès ibu,
panggulunipun anama Pangeran Pugêr, pandhadha Pangeran Singasari, sundhulanipun
Pangeran Martasana, wuragilipun anama Dèn Mas Tapa.

Kacariyos Pangeran Pêkik ing Surabaya, tunggil dalêm kalihan wayahipun ingkang nama
Pangeran Dipati Anom. Pangeran Pêkik sarta ingkang garwa sangêt asihipun dhatêng
ingkang wayah. Kala samantên Pangeran Pêkik gadhah ingon-ingon bakisar èstri,
ênggènipun angingu kala taksih kuthuk. Sarêng lami-lami dados jalêr, bagus warninipun
sarta sagêd kaluruk. Pangeran Pêkik wau sangêt eram ing galihipun, lajêng agadhah cipta
yèn bakisar wau pantês kaaturna ing sang prabu, pangraosipun sabab aneh. Anuntên
kurunganing bakisar kaluruban sutra pêthak. Pangeran Pêkik lajêng sowan lumêbêt
kadhaton, sampun kêpanggih kalihan sang nata lênggah satata, Pangeran Pêkik
angaturakên bakisar, sarta aturipun yèn bakisar wau kala rumiyin èstri, samangke dados
jalêr, prayogi yèn wontêna ing kadhaton. Sang prabu sampun anampèni [ana...]

--- 272 ---

[...mpèni] bakisar, ing lair sangêt suka sarta eram. Nanging ing batos sangêt duka, mila
makatên sang prabu wau sampun limpad ing wêweka, sagêd anukma ing agal rêmit.
Wondene panggalihipun sang prabu, ingkang paman kawastanan ngaturi pasêmon, sabab
putranipun èstri sampun kagarwa ing sang prabu sarta sampun patutan jalêr satunggil
anama Pangeran Dipati Anom, samangke sampun diwasa, supados sang prabu asèlèha,
pangeran dipati jumênênga nata. Sang nata sasampune anggalih makatên, ingkang paman
lajêng kadhawahan mantuk. Samantukipun Pangeran Pêkik sang nata anuntên ngandika
wêwartos dhatêng para abdi ingkang sami ngadhêp. Yèn sowanipun ingkang paman wau
ngaturi pasêmon awon, ingkang paman kawastanan tiyang sêpuh botên prayogi.
Dêdukanipun sang prabu makatên wau lajêng kawartos ing tiyang kathah, Pangeran Pêkik
inggih sampun kêmirêngan sarta sangêt ing gêtun kalihan ajrih, lajêng apepe wontên
sakiduling waringin kêmbar sagarwa tuwin kulawangsanipun sadaya, sami angangge sarwa
pêthak. Sang nata nuju miyos sinewaka wontên ing sitinggil. Angangkat putranipun
babêktan saking Ratu Malang kaparingan nama Pangeran Natabrata, anuntên sang nata
aningali tiyang pepe kathah, sarêng kapariksa ingkang pepe wau pangeran ing Surabaya
sagarwa tuwin [tuwi...]

--- 273 ---

[...n] kulawangsanipun sadaya, enggal katimbalan minggah ing sitinggil.[2] Pangeran Pêkik
inggih nuntên minggah ing sitinggil kalihan garwanipun ambondhèti wontên ing wingking,
ingkang aningali sami ngêrês manahipun. Sang prabu sarêng aningali ingkang paman
kalihan ingkang bibi dhatêng lajêng tumurun saking dhêdhampar, ingkang paman kalihan
ingkang bibi kaajak lênggah satata wontên ing ngandhap. Sang nata andangu ingkang dados
sababing pepe. Pangeran Pêkik matur, angaturakên prasêtya, amargi ênggènipun anyaosi
bêkisar rumiyin botên pisan-pisan cipta angaturi pasêmon tuwin yèn amêmiringana sarta
sumêdya abalela, punapa malih yèn gadhaha cipta anggege môngsa, aturipun Pangeran
Pêkik saha kang garwa, manawi sang prabu botên karsa angapuntên, anyuwun mugi
kapêjahana kemawon. Ing samangke aturipun wau kalihan nangis, sarwi lênggah
tumungkul. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang paman sarta ingkang bibi lajêng
tumut muwun. Kèngêtan ingkang rama swargi, sakathahipun ingkang sami sowan cakêt
sadaya sami brêbês mili, awêlas aningali dhatêng Pangeran Surabaya. Sang nata ngandika
sarwi ngusapi waspa, paman tuwin bibi, sampun kathah-kathah ingkang sampeyan galih,
kula botên rumaos duka, sarta ing mangke kula inggih sampun amaring[3] maklum dhatêng
ing sampeyan. Kaping kalihipun [kalih...]

--- 274 ---

[...ipun] paman, benjing yèn kula sampun seda, amêsthi wayah sampeyan kang ênggêtosi
kula jumênêng nata, ananging kadhatonipun dede ing Matawis. Wayah sampeyan
angadhaton ing Wanakarta, dene ing ngriki, amung kula piyambak kang mungkasi
jumênêng nata. Pangeran Pêkik matur, panyuwun kula ing Allah kaping kalih ingkang Nabi
Rasulullah, nagari ing Matawis ngriki sampun ewah-ewah, ingkang jumênêng nata sampun
liya saking trah dalêm. Sang prabu amangsuli, paman, sampun pinêsthi karsaning Allah,
yèn nagari Matawis badhe risak. Amargi saking wayah sampeyan pun thole Dipati Anom.
Pangeran Pêkik sarêng mirêng wirayatipun sang prabu, sangêt ênggènipun gêtun. Pangeran
Pêkik kalihan ingkang garwa lajêng kadhawahan mantuk. Sang nata kondur angadhaton
ginarêbêg ing badhaya tuwin parêkan.

Kala samantên sang prabu animbali Mantri Kapêdhak kêkalih awasta Nayatruna kalih
Yudakarti. Sang nata angandika, Nayatruna Yudakarti, sira lungaa marang tanah pasisir
utawa môncanagara, sira goleka wong wadon kang prayoga bakal ingsun gawe garwa,
nanging wêkas ingsun ing ngêndi nagara kang sira ambah iku nuli sira anggôndaa banyune
sêsumbêran. Samangsane banyune sêsumbêran sira gônda wangi, iya ing kono

--- 275 ---

ênggone wong wadon kang ayu, masthikaning wanodya, anuli sira pêpêka, sarupaning
wong wadon ing nagara kono dalasan wong desa. Ki Nayatruna Yudakarti matur sandika,
lajêng mangkat anjujug ing Jêpara lajêng mangetan dumugi ing Surabaya, wontên ing
ngriku lajêng amanggih toya kang wangi gandanipun. Ki Nayatruna Yudakarti nuntên
amanggihi Mantrinipun Pangeran Pêkik, ingkang dipun pitadosi têngga nagari ing Surabaya,
anama Ngabèi Mangunjaya, Ki Nayatruna Yudakarti andhawahakên timbalan dalêm. Ki
Mangunjaya mirêng dhawahipun Ki Yudakarti sakalangkung kagèt. Wicantên salêbêting
manah, baya wis pinêsthi karsaning Allah, yèn anakku wadon bakal dadi garwaning raja, Ki
Mangunjaya lajêng wicantên dhatêng Nayatruna Yudakarti, Ki Nayatruna Yudakarti,
pangraos kula tiyang èstri sanagari ngriki warninipun botên wontên ingkang nyamèni anak
kula èstri, sanajan sampeyan pêpêka dalasan tiyang ing dhusun, inggih dèrèng wontên
ingkang mirib, ananging dèrèng diwasa, sawêk birai sêkar, anama pun Hoyi, Ki Mangunjaya
lajêng anyêluk anakipun èstri, inggih sampun dhatêng. Ki Nayatruna Yudakarti sarêng
aningali dhatêng ni rara anjomblong, sangêt eramipun. Nuntên parentah dhatêng Ki
Mangunjaya yèn anakipun èstri kapundhut ing sang prabu sarta

--- 276 ---

Ki Mangunjaya sabojonipun andhèrèkna dhatêng Matawis. Ki Mangunjaya matur sandika,


lajêng pradandosan. Sasampuning samêkta lajêng bidhal. Sadhatêngipun ing Matawis, Ki
Nayatruna Yudakarti anjujug ing griyane lêlurahipun anama Ngabèi Wirarêja, inggih
kalajêngakên dhatêng ing kadhaton. Sampun katur ing sang prabu. Sang nata sarêng
aningali dhatêng lare èstri, kapanujon ing galihipun, sarta sangêt ing rêmênipun. Ananging
kapalang dèrèng môngsa, lajêng ngandika dhatêng Ngabèi Wirarêja, Wirarêja, bocah
wadon iki rêksanên ana ing omahmu bae, angulaha ayu, besuk yèn wis mangsane bae
aturna marang kadhaton. Wirarêja aturipun sandika, ni rara lajêng kabêkta dhatêng ing
Wirarêjan.

Kacariyos Pangeran Dipati Anom ulah lambang sari kalihan garwanipun Pangeran Singasari,
Pangeran Singasari botên sumêrêp. Nanging Radèn Ayu Singasari wau agadhah rêmênan
malih anama Radèn Dhobras. Radèn Dhobras punika putranipun Pangeran Pêkik, ingkang
paman ing Pangeran Dipati Anom. Dene Pangeran Singasari wau inggih sampun sumêrêp.
Yèn garwanipun bêbedhangan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran Singasari sangêt
ênggènipun duka. Anuntên Pangeran Dipati Anom sumêrêp, yèn garwanipun Pangeran
[Pa...]

--- 277 ---


[...ngeran] Singasari rêrêmênan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran dipati lajêng awêwadul
dhatêng Pangeran Singasari, Pangeran Singasari sarêng dipun waduli dhatêng ingkang raka
sangêt ing dukanipun, Radèn Dhobras wau lajêng dipun apusi, kaajak dolan dhatêng kêbon
wanan. Wontên ing ngriku lajêng dipun pêjahi, jisimipun kalêbêtakên ing sumur, ing
nginggil katanêman pisang. Ing sanesipun dintên Pangeran Pêkik dhawah angupadosi
putranipun kang nama Radèn Dhobras. Sarêng angsal titik yèn wontên salêbêting sumur,
lajêng dipun dhudhuk kabêkta mêdal. Kala samantên kasarêngan ing rêdi Marapi murub,
swaranipun gumalêdhêg, anggêgirisi, sela agêng-agêng sami tarung, atêmahan latu, yèn
dipun tingali kados jawah latu, ladhu alorodan urut lèpèn. Kathah dhusun ingkang
kaurugan tuwin kabêsmi, têtiyang ing dhusun kathah kang pêjah, têtiyang ing nagari ing
Matawis sami gègèr, awit katrajang ing ladhu tuwin jawah awu, sang nata lajêng adhawah
dhatêng para khaji sarta para ngulama sami andêdongaa ing Allah, rêdi Marapi inggih
tumuntên sirêp urubipun. Kala samantên sinêngkalan 1594.

Botên antawis lami sang nata animbali ingkang putra Pangeran Dipati Anom.
Sadhatêngipun ingajêngan ingkang rama angandika, thole, sarèhning sira wis diwasa,
[di...]

--- 278 ---

[...wasa,] bêcik sira akramaa, saiki sira mênyanga ing wismane si adipati ing Carêbon.
Dhèwèke duwe anak wadon, ayu rupane, kaya-kaya patut yèn dadia jodhonira, sira bêcik
andêlênga dhingin. Manawa sira wus sênêng, sun pundhute marang ing kadhaton. Pangeran
dipati matur sandika, lajêng mangkat dhatêng ing dalêmipun Adipati Carêbon.
Sarawuhipun ing ngriku nuntên dipun aturi lênggah ing dalêm. Sang Dipati Carêbon sampun
sumêrêp, yèn Pangeran Dipati Anom wau badhe anontoni ing anakipun èstri. Sang Dipati
Carêbon lajêng andhawahi dhatêng anakipun èstri angladosna sêgah gantèn. Pangeran
dipati sarêng aningali dhatêng sang rêtna, ing salêbêting galih inggih angalêm, mênggah
warninipun inggih sakalangkung ayu, nanging pasêmonipun ragi lanas. Kagalih yèn purun
dhatêng tiyang jalêr, dangu-dangu pangeran dipati sangsaya têbih galihipun aningali
dhatêng sang rêtna, tumuntên kondur matur dhatêng ingkang rama yèn botên rêmên.

Ing sanèsing dintên pangeran dipati pinuju amêng-amêng amampir ing Wirarêjan.
Lampahipun dumarojog dhatêng ing pandhapi, kacariyos anakipun Ki Mangunjaya kang
nama Rara Hoyi sampun mêpêk birai, dhasar wêrninipun sakalangkung ayu, ing sabên
dintên tansah ngulah pasariran, [pasa...]

--- 279 ---

[...riran,] dados sangsaya wêwah ayunipun. Sariranipun kuning anêmu giring, dêdêgipun
rêspati, sarta pantês ing salêlewanipun. Pasêmonipun prak ati, esêmipun pait kilang. Kala
samantên sang rêtna pinuju bathik wontên ing pandhapi kalihan Nyai Wirarêja, kagèt
aningali rawuhipun pangeran dipati, sang Rara Hoyi enggal ênggènipun kesah lumêbêt
dhatêng ing griya wingking, lampahipun nolèh-nolèh asarwi anata gêlung. Pangeran dipati
sarêng aningali dhatêng ni rara sangêt kagèt, galihipun tarataban alupa sariranipun. Dangu
ênggènipun kamitênggêngên, sangêt ing kasmaranipun. Ki Ngabèi Wirarêja sarêng aningali
pangeran dipati rawuh, enggal malajêng angrangkul sukunipun pangeran dipati, nêmbah
sarwi matur, gusti, kadingaren panjênêngan dalêm têdhak dhatêng griya kula, badhe karsa
mundhut punapa, sumôngga pinaraka salêbêting griya kula, pangeran dipati amangsuli,
aku têka dolan mampir arêp wêruh ing omahmu bae, Wirarêja, aku takon marang kowe,
wong wadon kang bathik mau sapa, apa anakmu dhewe. Ki Wirarêja matur, gusti, tiyang
èstri punika wau sêngkêranipun rama dalêm, lare saking Surabaya, angsalipun mundhut
kala taksih alit, lajêng kadèkèkakên ing griya kula, yèn sampun mangsanipun birai, kula
kadhawahan [kadhawah...]

--- 280 ---

[...an] anyaosakên dhatêng kadhaton. Môngka ing mangke sampun wancinipun, inggih
tumuntên badhe kula aturakên ing rama dalêm. Pangeran dipati sarêng mirêng aturipun Ki
Wirarêja, sangsaya sangêt ênggènipun kasmaran dhatêng èstri wau, lajêng wangsul sumêja
kondur anitih kapal nyandêr lampahipun. Sarawuhipun ing dalêm lajêng sare sarta
amujung kampuh, sakathahe abdinipun sami amastani yèn gustinipun gêrah, amung
êmbanipun èstri ingkang sumêrêp yèn pangeran dipati wau gêrah brôngta dhatêng èstri
Pawirarêjan. Êmban wau enggal ngaturi uninga ing Pangeran Pêkik. Pangeran Pêkik sarêng
mirêng aturing êmban, kumêpyur ing galihipun. Rumaos yèn badhe manggih bilai, lajêng
angandika dhatêng ingkang garwa kang nama Ratu Pandhan. Ratu, aku sumêja nêrak
kaluputan. Payo padha ênjupuk wong wadon ing Pawirarêjan, bakal dakwèhake putumu
pangeran dipati, supaya maria ênggone lara brôngta, nanging wataraku yèn aku sida
anjupuk wong wadon iku, ora wurung aku bakal oleh dêdukane sang prabu, kaya-kaya aku
bakal anêmahi mati, nanging daktekadi, sabab aku wis tuwa, sanajan aku matia, sok uga
putumu maria anggone susah atine. Ingkang garwa inggih anurut ing sakarsanipun ingkang
raka, nuntên sami mangkat sakalihan, [sa...]

--- 281 ---

[...kalihan,] kairing abdi èstri kathah sarta ambêkta joli, lampahipun sampun dumugi ing
Wirarêjan.

Ki Ngabèi Wirarêja enggal amêthuk ing palataran, sarta angancarani lumêbêt ing griya,
sampun tata alênggah, Ki Wirarêja matur sarwi nêmbah, gusti, kadingarèn sampeyan
pinarak mriki. Pangeran Pêkik amangsuli, Wirarêja, têkaku mrene aku awèh wêruh marang
kowe, yèn putuku Pangeran Dipati Anom saulihe têka ing omahmu banjur ora arêp
mangan-mangan, turu bae kongsi pirang-pirang dina, awit kaedanan marang wong wadon
kang têka ing Surabaya kang ana ing omahmu kene, kang iku aku anjaluk lilamu, wong
wadon mau dakjaluk, bakal dakdhaupake karo pangeran dipati, yèn ana dêdukane sang
prabu ya aku dhewe kang nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe. Ki
Wirarêja matur, gusti, karsa sampeyan punika kula mopo, kula ajrih ing putra sampeyan
sang prabu, yèn ngantosa sampeyan pundhut, kados kula badhe dipun pêjahi dhatêng sang
nata. Pangeran Surabaya sarêng mirêng aturipun Ki Wirarêja lajêng anjêtung, sarta
sidhakêp astanipun, alon ênggènipun ngandika, Wirarêja, calathumu iku bênêr kabèh,
nanging aku anêmah, yèn ana dukane

--- 282 ---

sang prabu, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe, aku ora ngèmbèt-èmbèt
marang kowe, sarta aku awèh ali-ali sarakit rêga sewu lan kêris loro sasaput pirantine,
ênya iki tampanana. Ratu Pandhan anyambungi ngandika, Wirarêja, ing sabênêre aku
anjaluk wongku dhewe, sabab nagara ing Surabaya iku duwèkku, môngka wong wadon iku
sêka ing Surabaya, amêsthi aku kang wajib duwe, dene yèn anak prabu duka aku dhewe
kang nanggoni, Ratu Pandhan lajêng ngandika dhatêng Nyai Wirarêja, Bok Wirarêja iki
tampanana pawèwèhku mênyang kowe, êmas lan arta busana, dumên marang sanak-
sanakmu kabèh. Nyai Wirarêja bingah ing manahipun, nyêmbah sarta nampèni, nuntên
wicantên dhatêng ingkang jalêr, kiyai, kadospundi dika têka mênêng kemawon. Manawa
dika wêdi ing sang prabu, wong kangjêng pangeran sarta kangjêng ratu puniki sampun
nyaguhi, lan kira kula sang nata botên duka, sabab kang mundhut putrane dhewe kang
digadhang jumêmêng nata, sarta ing dina wingi kula ênggih ngrungu pawarta, yèn gusti
pangeran dipati ditari krama dhatêng kang rama sang prabu. Ki Wirarêja lajêng kèlu
dhatêng ingkang èstri, ni rara lajêng kasumanggakakên dhatêng Pangeran Pêkik. Pangeran
saha ingkang garwa enggal amurugi dhatêng ni rara, kagèndèng astanipun, lajêng
kasandhing lênggah, [lêng...]

--- 283 ---

[...gah,] Pangeran Pêkik angandika dhatêng Ki Wirarêja, Wirarêja, wruhanamu, wis


pinêsthi karsaning Allah yèn nagara Mataram bakal rusak amarga bocah wadon iki, kowe
besuk bakal kasrakat, kadukan marang sang prabu, dene aku bakal anêmahi mati, nanging
samono iku wis pinêsthi karsa Allah, ora kêna suminggah, wis kèria, aku pamit mulih.
Pangeran Pêkik saha kang garwa lajêng bidhal. Ni Rara Hoyi kabêkta nitih joli. Lampahipun
anjujug ing kadipatèn. Sampun kêpanggih kalihan ingkang wayah, Pangeran Pêkik
angandika, Mas putu, wis maria ênggonmu lara brôngta, aku wis oleh têtômba ingkang dadi
laramu iku, iki rupane, pangeran dipati sakalangkung suka ing galih aningali ni rara, botên
sarônta ing galihipun, lajêng anyandhing lênggah dhatêng ni rara, Pangeran Surabaya
ngandika, mas putu, kowe aja sumêlang atimu, yèn bapakmu sang prabu duka ya aku kang
nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe, sok uga kowe tulusa mukti, sarta
bungah atimu, wis kèria pangantenan, aku mulih, pangeran dipati nyêmbah matur nuhun.
Pangeran Pêkik saha sang garwa sampun kondur, ni rara lajêng pinondhong dhatêng
pangeran dipati, kabêkta minggah dhatêng pangeran dipati, kabêkta minggah dhatêng
pasarean, andumugèkakên karsanipun.

--- 284 ---

Ing nalika punika botên antawis lami sang prabu lajêng andangu ing èstri punika dhatêng Ki
Ngabèi Wirarêja, aturipun Ki Wirarêja sampun kapundhut dhatêng Pangeran Pêkik,
kaparingakên ing Pangeran Dipati Anom. Sang nata sakalangkung duka, Pangeran Surabaya
wau lajêng dipun pêjahi, dalah sanak sadhèrèkipun sadaya, gunggung tiyang kawan dasa
ingkang dipun pêjahi sami sakala. Ki Ngabèi Wirarêja inggih lajêng kabucal dhatêng
Pranaraga saanak bojonipun. Wontên ing ngriku inggih lajêng pinêjahan. Wondene
pangeran dipati wau nuntên tampi dhawahipun ingkang rama, andikakakên mêjahi dhatêng
èstri wau, dipun tanganana piyambak. Ing samangsanipun pangeran dipati botên amêjahi
dhatêng Rara Hoyi sami sakal. Kaanggêp dede putranipun sang prabu, pangeran dipati
sarêng tampi dhawahipun ingkang rama makatên, sakalangkung sakit galihipun. Èstri wau
inggih nuntên kapangku ing pangeran dipati piyambak, lajêng kacublês ing dhuwung
sampun pêjah. Sasampuning pêjah èstri wau, pangeran dipati lajêng katundhung dhatêng
ingkang rama, kadalêmakên wontên ing Lipura, rajabrana ing kadipatèn têlas kajarah
rayah, dalêmipun kabêsmènan dhatêng sang prabu.

Kala samantên sang nata sabarangkarsanipun ewah kalihan adatipun, asring amêsesa
tiyang, tansah

--- 285 ---

anggêlarakên siasat. Para bupati mantri tuwin para santana sami lampah alap-alapan ing
kalênggahanipun, sakalangkung rêsah tataning nagari, tiyang sa-Matawis sami miris
manahipun. Sarta asring grahana wulan tuwin srêngenge, jawah salah môngsa, lintang
kumukus ing sabên dalu katingal. Jawah awu utawi lindhu, akathah dalajat ingkang
katingal. Punika pratandhanipun, yèn nagari badhe risak.
Kacariyos Pangeran Dipati Anom inggih sampun kaapuntên dhatêng ingkang rama,
kawangsulakên adalêm ing kadipatèn malih, ananging pangeran dipati wau botên pêgat
anggènipun prihatin. Ingkang tansah kagagas, sedanipun ingkang eyang Pangeran Pêkik
sasantananipun, sarta tiyang sa-Matawis inggih sami susah manahipun. Para santana tuwin
para bupati sami anggubêl dhatêng pangeran dipati, kaaturan jumênêng nata supados
têntrêma tiyang sanagari Matawis. Pangeran dipati sangsaya kewran, pangunadikaning
galih, saupama aku ngêndhiha marang kangjêng rama, ngisin-ngisini misuwure ing nagara
liya, yèn aku ora tumulia jumênêng nata, wong ing nagara Mataram kasêlak rusak kabèh,
lajêng anggalih ngupados tiyang ingkang badhe kadamêl warana ênggènipun badhe
ambêdhah nagari Matawis. Pangeran dipati èngêt dhatêng ingkang eyang panêmbahan ing
Kajoran. [Kajor...]

--- 286 ---

[...an.] Pangandikane ing galih, kajaba eyang ing Kajoran, iku kang bisa yèn dakkona
ambêdhah ing Mataram. Sabab iku wong tapa sarta sakti, wataraku kaya-kaya kêna yèn
dakgawea aling-aling, pangeran dipati nuntên animbali abdinipun lurah têtiga anama
Pranataka, kalih Ki Sumêndhi, tiga Ôndakara, pangeran dipati ngandika, kowe wong têlu
padha mênyanga ing Kajoran. Layangku iki wèhna marang eyang Kajoran. Kajabaning
layang wêkasku marang kowe, poma Si eyang jakên barêng ing salakumu, tiyang têtiga
wau sampun jinatenan ingkang badhe dados karsanipun pangeran dipati, tiyang têtiga
aturipun sandika lajêng mangkat.

Gêntos kacariyos pangeran ing Kajoran, punika sakalangkung sakti sarta sangêt ing
tapanipun. Pangeran Kajoran wau agadhah mantu tiyang saking Sampang anama Radèn
Trunajaya, dene ingkang gadhah anak anama Dêmang Malaya ing Sampang, sadhèrèkipun
sêpuh Sang Dipati Cakraningrat ing Sampang, Ki Dêmang Malaya wau samangke sampun
pêjah, pêrang kalihan Pangeran Alit. Ing sapêjahe ramanipun Radèn Trunajaya taksih alit.
Kalênggahanipun Ki Dêmang Malaya kagêntosan adhinipun, kang nama Cakraningrat wau,
Radèn Trunajaya inggih lajêng tumut ing ngriku. Sarêng sampun diwasa, nuntên
katundhung

--- 287 ---

dhatêng pamanipun, katêrka angrêmêni anakipun èstri Sang Dipati Cakraningrat, malah
badhe dipun pêjahi, milanipun sagêd gêsang, amargi dipun umpêtakên dhatêng têtiyang
ing Sampang, sabab têtiyang ing Sampang kathah ingkang asih dhatêng piyambakipun.
Trunajaya wau lajêng sumêja ngabdi ing Pangeran Dipati Anom, nanging botên angsal
margi, sabab têtiyang ing Kadipaten sadaya sami dipun sêsorohi dhatêng Ki Cakraningrat.
Supados Trunajaya sampun ngantos katur ing pangeran dipati, Trunajaya lajêng
nyêlambrang[4] ing sapurug. Ing lami-lami anuntên kapêndhêt mantu dhatêng Pangeran
Kajoran sarta sangêt dipun sihi, kaugung sasolahipun, karana Pangeran Kajoran sumêrêp
yèn Radèn Trunajaya wau ing têmbe badhe dados prajurit agêng, sagêd angorêgakên ing
tanah Jawi. Kala samantên Pangeran Kajoran pinuju lênggah ing dalêmipun. Kagèt aningali
utusanipun pangeran dipati dhatêng, sarta angaturakên sêrat. Nuntên katampèn sarta
winaos. Suraosing sêrat animbali, Pangeran Kajoran inggih lajêng mangkat dhatêng
Matawis. Radèn Trunajaya andhèrèk ing marasêpuhipun. Sadhatêngipun ing Matawis
sampun kêpanggih kalihan pangeran dipati kabêkta lênggah ing dalêm. Pangeran dipati
ngandika, eyang, mila sampeyan kula aturi saking sangêtipun ribêding

--- 288 ---


manah kula, kalihan kuwatos. Sarèhning ing mangke têtiyang ing nagari ing Matawis sami
susah manahipun. Amargi kangjêng rama ing sabarang karsanipun ewah, botên kados
ingkang wau-wau, tansah angêtrapakên siasat, andadosakên karisakanipun tiyang sanagari,
dados para santana tuwin para bupati sadaya sami anggubêl dhatêng kula, kula dipun aturi
jumênêng nata, anggêntosana kangjêng rama, ingkang punika eyang manawi kula
kalampahana angêndhih, mendah ucapipun tiyang ingkang botên rêmên. Yèn kula botên
tumuntêna jumênêng nata, tiyang sa-Matawis kasêlak risak sadaya, dados samangke
ingkang pinanggih ing panggalih kula eyang, sampeyan badhe kula damêl warana,
ambêdhah nagari ing Matawis. Ing pundi panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên
gêgaman agêng, dene bôndha beya sarta dêdamêling prang inggih kula kang anyukani.
Pangeran Kajoran matur, ênggèr, ingkang dados karsa sampeyan punika kula mopo, sabab
kula sampun sêpuh sarta ajrih dhatêng sang nata, kalih dene karsa sampeyan punika botên
prayogi, kenging dipun wastani anggege môngsa, ing pamanah kula prayogi ingkang sarèh,
mila makatên, benjing yèn sampun seda sang prabu, ingkang mêsthi anggêntosi inggih
sampeyan. Akathah-kathah anggènipun ambêbolèhi [ambê...]

--- 289 ---

[...bolèhi] Pangeran Kajoran wau, nanging pangeran dipati mêksa botên kenging dipun
ampah. Pangeran Kajoran matur malih, manawi sampeyan mêksa kêncêng, ênggèr, kula
aturi wakil kemawon. Kula darbe mantu jalêr anama Trunajaya, anakipun Dêmang Malaya
ing Sampang kang sampun pêjah, punika kados sagêd anglampahi ingkang dados karsa
sampeyan. Sarta sagêd yèn angadêkna gêgaman wontên ing Maduntên. Ing mangke pun
Trunajaya wau inggih tumut dhatêng kula wontên ing Jawi. Pangeran dipati suka ing
galihipun. Trunajaya lajêng katimbalan lumêbêt ing dalêm. Sadhatêngipun ing ngajêngan
lajêng ngabêkti, pangeran dipati rêsêping galihipun aningali dhatêng Trunajaya. Pangeran
Kajoran ngandika dhatêng Trunajaya, kulup mulane kowe ditimbali, kowe bakal
dikarsakake digawe wayang marang ingkang gustimu, dikakake ambêdhah nagara ing
Mataram. Yèn luput-luput ing lakumu, kowe bakal anêmahi mati, kapriye, kowe apa saguh
digawe wayang marang gustimu. Trunajaya matur, kula sandika anglampahi, sanajan
dhumatêng ing pêjah, ajur awor lan siti, yèn anglampahi dhawahipun gusti kula inggih
botên gumingsir. Pangeran dipati amirêng kasagahanipun Radèn Trunajaya sakalangkung
suka ing manahipun lajêng angadika, Trunajaya, nagara ing

--- 290 ---

Sampang takparingake marang kowe, nuli irupên dhewe, sarupane wong Madura saurute
kabèh padha bêbêgana, aja awèh seba marang Mataram. Dene bupatine cik ben keri
dhewe ana Mataram. Yèn wis ngadêg gêgamanmu, nuli anêlukna wong tanah pasisir utawa
môncanagara kabèh, yèn ana kang mogok gitikên ing prang, nanging wêkasku kowe dibisa
rêmit. Supaya aku aja kongsi kalingkap. Dene besuk yèn ing Mataram wis bêdhah, kowe
tumuli sebaa marang aku, yèn aku wis jumênêng nata, bang bang alum-alum dakwehake
marang kowe, aku dêrma bae jumênêng nata, amis bacine ing tanah Jawa kabèh môngsa
bodhoa ing kowe, Radèn Trunajaya matur sandika. Pangeran dipati anuntên amaringi arta
busana tuwin gêgamaning prang kathah warni-warni. Pangeran Kajoran lan Trunajaya
sampun lèngsèr saking ngarsane pangeran dipati, mantuk dhatêng ing Kajoran, lajêng
atata-tata, Pangeran Kajoran angandika dhatêng mantunipun. Kulup, wêkasku mênyang
kowe aja sumêlang atimu, nagara ing Mataram amêsthi bakal bêdhah dening wong Madura,
kowe nuli ngadêga gêgamanmu ana ing Surabaya, dene besuk yèn ing Mataram wis dahuru,
aku tumuli nusul marang kowe. Radèn Trunajaya matur sandika, tumuntên mangkat lan
saanakbojonipun [saanakbojoni...]
--- 291 ---

[...pun] tuwin sabrayatipun sadaya. Sadhatêngipun ing Sampang kathah têtiyang sami
mêthuk sarta sami suka manahipun. Sabab punika gustinipun lami, dene têtiyang
saurutipun pulo Madura inggih sampun sami suyud, botên wontên kang suwala, Radèn
Trunajaya sampun agêng bêbarisanipun.

Kacariyos kala samantên pinuju wontên pêpalajêngan tiyang saking Makasar, kathahipun
kalih èwu, pangagêngipun anama Kraèng Galesong, sosoranipun anama Busung Mêrnung,
Panji Karonuban. Dhaèng Makincing, Dhaèng Wigêni, Dhaèng Marewa. Dhatêngipun ing
tanah Jawi anjujug ing Pajarakan. Lajêng sami angrayah, solahipun anggêgilani, ing
Pajarakan tuwin sakiwa têngênipun têlas sami dipun rayahi, dhusun kang urut pasisir
kathah kang gêmpur dipun bajagi, têtiyang ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami gègèr,
angili ing sapurug-purug. Kraèng Galesong angêbrêgi ing kitha Dêmung, tiyang ing ngriku
botên wontên kang purun anglawan. Sabab bupatinipun wontên ing Matawis. Kamisêpuh
ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami lumajêng angaturi uninga dhatêng ing Matawis.

Sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung Darmayuda ing Pasuruan, andikakakên
ênggêbag mêngsah tiyang Makasar ingkang wontên ing Dêmung, sarta kêkanthenan tiyang
môncanagari [mô...]

--- 292 ---

[...ncanagari] sadaya, ingkang dados têtindhihing prang Radèn Panji Karsula. Radèn Panji
Karsula tuwin para bupati môncanagari wau inggih lajêng mangkat. Sang nata dhawah
malih dhatêng abdi lêlurah saragêni, anama Ngabèi Môngsadipa, Môngsadipa, sira ingsun
paringi nagara ing Japara, sira tumuli muliha marang Japara, lan anakmu Si Jagapati,
Jagamanggala, Wiragati, Tanumanggala, padha gawanên kabèh, lan Si Mangunnagara
gawanên milua ênjaga ana ing Japara, sarta kagungan ingsun maryêm têtêlu gawanên. Si
Gunturgêni, Si Gulu, Si Kumbarawi, padha sèrèdên. Gawenên ênjaga ana ing Japara, poma
padha dingati-ati ênggonira padha ênjaga ana ing kono. Ingkang sami kadhawahan wau
aturipun sandika, lajêng mangkat.

Gêntos kacariyos senapati Radèn Panji Karsula sarta para bupati môncanagari, lampahipun
sampun dumugi ing Japan, atata-tata wontên ing ngriku, sabab Radèn Panji Karsula punika
têtiyang saking Japan angawula ing Matawis. Ing mangke nagari Japan kaparingakên
dhatêng piyambakipun. Sarêng ênggènipun tata sampun samêkta lajêng bidhal. Lampahing
baris kapara tiga, Ki Darmayuda dados panjawat têngên, akanthi môncanagari sapalih, Ki
Anggajaya dados panjawat kiwa, akanthi môncanagari sapalih, Radèn Panji [Pa...]

--- 293 ---

[...nji] Karsula kang dados dhadha, akanthi têtiyang Mataram. Lampahipun sampun
ngancik watêsing Dêmung. Dene raja Galesong inggih sampun sumêrêp, yèn dipun inggahi
gêgaman saking ing Matawis, kathahipun tanpa wilangan. Tiyang Makasar sampun sami
rêmbag sabiyantu sarêng pêjah, sampun sami ngatos-atos wontên salêbêting bètèng.
Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng, tiyang Makasar amêthukakên prang sakêdhap,
nuntên sami lumajêng dhatêng ing wana, têtiyang ing Matawis badhe sami angrêrayah
salêbêting biting, Panji Karsula botên anglilani, sabab sampun kasaput ing dalu, bala ing
Matawis lajêng sami rêrêp anêba wontên satêngahing ara-ara, tiyang Matawis sadaya sami
weya, ing dalu sakeca ênggènipun sami tilêm. Gêgamanipun sami kasèlèhakên, kapal sami
dipun cuculi, sawênèh sami ngura-ura. Sarêng wanci ing lingsir dalu, tiyang Makasar
dhatêng watawis kathahipun kawan atus. Lajêng angamuk sarta surak. Tiyang Matawis
sami kagèt bingung pating balulung, kathah kang pêjah dening tiyang Makasar tuwin
dening kancanipun piyambak. Lajêng mawut arêbat gêsang piyambak-piyambak. Sarêng
wanci byar tiyang Matawis sampun gusis. Amung kantun kang sami pêjah kemawon. Tiyang
Makasar sami suka manahipun, amanggih barang sarta gêgaman. Dene Radèn Panji Karsula
wau lumajêng [luma...]

--- 294 ---

[...jêng] dhatêng Japan piyambak kemawon. Wontên ing ngriku sakit lajêng pêjah.

Tiyang Makasar wau nuntên sami ngêsuk dhatêng tanah môncanagari, ing pundi kang dipun
ambah lajêng sami têluk, botên wontên kang purun anglawan. Tiyang ing Kadhiri
sapangetan dumuginipun ing Prabalingga Balambangan sampun sami nungkul sadaya
dhatêng Raja Galesong, dados samangke gêgamanipun tiyang Makasar wau sangsaya agêng,
sampun misuwur ing nagari Matawis, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Panji Karsula
kawon prangipun sarta sampun pêjah, tiyang Makasar gêgamanipun sangsaya ngrêbda,
tiyang môncanagari sampun têluk sadaya. Sang nata lajêng parentah dhatêng Radèn
Prawirataruna, dikakakên ênggêcak mêngsah kang wontên ing Dêmung, pangandikanipun
sêru, Prawirataruna, sira ngaluruga marang ing Dêmung, wong Makasar tumpêsên kabèh,
wong pasisir iridên padha adunên prang, sarta wong Walônda kang padha ana ing Japara
jakên ngalurug kabèh, yèn ora gêlêm, tundhungên têka ing kono, yèn mopo tumpêsên. Lan
wong Madura pariksanên, apa sababe ora seba marang Mataram. Sira sun kanthèni Si
Wirabumi, Wiradôngsa lan Si Pulangjiwa, sabalane kabèh. Ingkang sami dipun dhawahi
aturipun sandika, lajêng mangkat. Sami jangji pakumpulan ing Japara, Radèn
Prawirataruna [Prawi...]

--- 295 ---

[...rataruna] sadhatêngipun ing Japara, para bupati pasisir sampun sami ngalêmpak
wontên ing ngriku, ing Têgal sapangetan dumuginipun ing Tuban. Bupatinipun sampun
pêpak wontên ing ngriku sadaya, lajêng sami dandos baita, kêbak ing muwara Japara, Ki
Wôngsadipa ing Japara sangêt ênggènipun sugun-sugun dhatêng para bupati tuwin dhatêng
Radèn Prawirataruna. Radèn Prawirataruna lajêng animbali Kumpêni kang wontên ing
ngriku, kathahipun amung sabrêgada, pangagêngipun anama Kapitan Dulkup. Sareyan
satunggil anama Ondorop. Juru tulis satunggil. Amung punika ingkang dipun timbali,
sadhatêngipun ing ngarsane Radèn Prawirataruna lajêng kadhawahan andikakakên tumut
ngalurug. Yèn botên purun kadhawahan kesah saking Japara, supados sampun ngantos
adamêl sumêlang ing manah, aturipun tiyang Walandi sandika anglampahi, dhasar
salaminipun angajêng-ajêng timbalanipun sang prabu, kaabêna prang kalihan mêngsah,
Radèn Prawirataruna mirêng kasagahanipun tiyang Kumpêni sangêt sukaning manahipun.
Sasampuning samêkta Radèn Prawirataruna lajêng bidhal lan sabalanipun. Mêdal ing laut.
Para bupati sabalanipun sampun sami numpak baita, baita awarni-warni, nuntên sami
ambabar layar, sampun mancal saking ing ngriku, lampahing baita pating salêbar,

--- 296 ---

langkung asri tiningalan. Sarta sami mawi têngêran bandera piyambak-piyambak. Tiyang
Kumpêni anumpak baita, ujung Surabaya sampun katingal. Baita lajêng sami angranji
wontên ing muwara, Radèn Prawirataruna tuwin para bupati lajêng sami mêntas dhatêng
ing Surabaya, amasanggrahan wontên ing ngriku, Radèn Prawirataruna sampun midhangêt
pawartos, mênggah tiyang Madura ênggènipun botên wontên sowan dhatêng ing Matawis.
Punika amargi dipun bêbêg dhatêng Radèn Trunajaya, Radèn Prawirataruna lajêng
anglampahakên utusan dhatêng ing Maduntên sarta mawi sêrat. Kala samantên Radèn
Trunajaya sawêg dhatêng ing griyanipun saking ing Dêmung saking kêpanggih kalihan Raja
Galesong, sampun rêmbag sabiyantu badhe ambêdhah nagari ing Matawis. Anuntên
utusanipun Radèn Prawirataruna dhatêng, nanging Radèn Trunajaya asêngadi sakit. Mila
awat sakit, sabab sampun ngintên yèn badhe dipun timbali, sarta dèrèng kuwawi yèn
amêthukna prangipun Radèn Prawirataruna. Utusan wau inggih sampun dipun panggihi,
sêrat lajêng katampèn sarta winaos. Radèn Trunajaya sasampuning maos sêrat lajêng
wicantên dhatêng utusan. Kowe matura marang eyang Prawirataruna, aku ora rumôngsa
yèn amênging marang wong Madura, ênggone ora padha seba marang ing Mataram iku
saking [sa...]

--- 297 ---

[...king] padha edane dhewe, dene ing saiki ana parentah kêrigan, ya padha dakkêrigêne,
yèn wis padha tata-tata, nuli dakkone padha marang ing Surabaya, nanging aku bakal ora
milu, sabab lagi lara, kowe dhisika marang Surabaya, utusan wau sasampuning sinunggata
lajêng pinisalin sarta sinangonan, lajêng mangkat dhatêng Surabaya, sampun katur ing
Radèn Prawirataruna punapa ing sawicantênipun Radèn Trunajaya wau, Radèn
Prawirataruna inggih sampun sumêrêp yèn sinôngga krama, nanging dipun gampilakên, sok
ugi sampuna sirna tiyang Makasar, ing Maduntên kêpanggih wingking. Radèn Prawirataruna
lajêng parentah bidhal dhatêng Dêmung, para dipati lan sabalanipun sampun sami numpak
baita, ambabar layar, sarta sami ngungêlakên kalataka, lampahing baita sampun dumugi
Panarukan. Para bupati sampun sami angatos-atos. Baitanipun sami kapinggirakên. Raja
Galesong kang wontên ing Dêmung inggih sampun sumêrêp, yèn gêgaman Matawis
dhatêng, Raja Galesong sampun parentah angatos-atos. Lan sawarnine têtêlukan tiyang
môncanagari dipun kèn baris piyambak, kadèkèk ing wingking têbih, ingkang badhe
mêthukakên prang dharat tuwin prang laut, tiyang Makasar kemawon. Sasampuning
samêkta lajêng bidhal dhatêng pinggir pasisir, bala

--- 298 ---

ing Matawis inggih sampun sami mêntas saking baita, abaris ing gêgisik. Nanging bala
pasisir kang dèrèng sami dhatêng. Anuntên tiyang Makasar dhatêng, narajang pating
barêkik. Bala ing Matawis angrutug ing sanjata, tiyang Makasar botên ajrih anusup
kukusing sandawa, angamuk kalihan lêmbing towok tuwin cundrik. Tiyang Matawis kathah
kang pêjah, têtindhihipun bala Matawis sami ngawaki tumut ngamuk. Radèn Prawirataruna
anitih kuda kairing abdinipun piyambak, kathahipun kawan dasa, lajêng sami ngamuk,
tiyang Makasar kang katrajang kathah kang pêjah, nanging kang taksih gêsang botên
wontên ajrih, ingkang sami pêjah dipun idak kemawon, ariwut pangamukipun. Tiyang
Prawirataruna sampun pêjah sadaya, bala Matawis inggih kathah kang pêjah, Radèn
Prawirataruna anandhang tatu, bala Matawis kang taksih gêsang giris manahipun. Sami
lumajêng dhatêng pinggiring sagantên, arêbat baita, baitanipun lajêng sami kèrêm,
tiyangipun kathah kang sami pêjah dening toya. Radèn Prawirataruna taksih wontên ing
gêgisik. Angêntosi bala kang dèrèng numpak baita, sarta wicantên sêru, hèh wong
Mataram, disarèh ênggonmu nunggang prau, aku misih ngêntèni, yèn prangku iki kalah,
amêsthi nagara ing Mataram bakal bêdhah, aku angur matia dhingin. Ayo padha ngamuk
manèh. [ma...]

--- 299 ---


[...nèh.] Anuntên tiyang Makasar dhatêng, Radèn Prawirataruna kinarubut ing tiyang
Makasar, sampun pêjah badhe lajêng dipun kêthok sirahipun. Nuntên tinulungan tiyang
Kumpêni, Ambon lan Tarnate, sami mêntas saking baita, lajêng angrutug ing sanjata,
mimis kados garimis. Tiyang Makasar kathah kang pêjah, tiyang Makasar sami lumajêng,
jisimipun Radèn Prawirataruna sampun kabêkta dhatêng baita, lajêng tinabêla,
kaantukakên dhatêng ing Matawis. Pangajêngipun bala Matawis wau wontên ingkang
ngungsi dhatêng lèpèn Paiton. Tiyangipun sami mêntas dhatêng dharatan. Anuntên dipun
rundhuk dhatêng ing tiyang Makasar, baitanipun tiyang Matawis dipun obong, gêgaman
sarta sangunipun têlas kobong sadaya, tiyang Matawis sami lumajêng ing sapurug-purug.

Kacariyos jisimipun Radèn Prawirataruna, sadhatêngipun ing Matawis, tiyang sanagari sami
orêg sadaya, sarta sami kêkês manahipun. Dene kang sami pêjah bojo tuwin sadhèrèkipun
gumuruh sami anangis. Sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Radèn Prawirataruna
kapupu ing paprangan. Balanipun kathah kang pêjah, sang prabu nuntên miyos sinewaka,
para putra, santana, bupati, mantri, sampun pêpak sowan sadaya, sang nata angandika
dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole dipati, sira tumindaka dhewe, anglurug marang ing

--- 300 ---

Dêmung, lan adhinira padha gawanên kabèh, wong ing Mataram pra têlunên. Kang
saduman tinggalên atunggu marang ingsun. Wong pasisir kêrigên kabèh, padha adunên
prang, nagara Madura tumuli gêpukên. Si Trunajaya patènana, krana iku kang miwiti
agawe prang, Si Dipati Cakraningrat gawanên, supaya wong Madura padha elinga, yèn iku
bandarane lawas. Pangeran dipati matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng
Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, jêngandika anuwanana ing lampah, angêmonga ing
wayah jêngandika. Panêmbahan matur sandika, lajêng sami pradandosan. Tiyang sanagari
orêg sami tata-tata, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala,
gêgaman tuwin bandera awarni-warni, para pangeran sadaya sami wahana turôngga,
lampahipun sapangkat-pangkat, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, gêbyaring
busana tuwin kêlabing bandera amindha sêkar sataman. Langkung agêng gêgamanipun.
Lampahipun sampun dumugi ing Japara, pangeran dipati lajêng makuwon, anata lampah
sarta anglêrêbakên bala. Dene para bupati pasisir ing Têgal sapangetan dumuginipun ing
Pathi inggih sampun sami dhatêng wontên ing ngriku sabalanipun. Bupati ing Lasêm
Rêmbang sapangetan sampun sami têluk dhatêng Trunajaya tuwin dhatêng Raja Galesong.
Pangeran [Pa...]

--- 301 ---

[...ngeran] dipati wau sampun midhangêt pawartos, yèn Radèn Trunajaya sampun kathah
têtêlukanipun sarta sampun agêng bêbarisanipun, akumpul kalihan Raja Galesong ing
Makasar. Pangeran dipati wau ing batin tansah angalêm dhatêng Trunajaya, ênggènipun
badhe prang punika amung kadamêl gêlar kemawon. Wontêna labêtipun yèn prang,
supados ênggènipun sakuthu sampun ngantos kauningan dhatêng ingkang rama sang prabu,
nanging pangeran dipati dèrèng sumêrêp, yèn Trunajaya anyidrani jangji, upaminipun
tiyang ngêmut gêndhis, amêsthi ngraosakên lêginipun kemawon, botên sumêdya yèn dipun
lêpèha, dene têgêsipun Trunajaya wau sarêng sampun kathah balanipun lajêng kasupèn
dhatêng kancanipun sakuthu, samêdya jumênêng nata piyambak. Panggalihipun pangeran
dipati kakintên, botên purun jumênêng nata piyambak makatên. Pangeran dipati lajêng
parentah bidhal sumêdya ngangsêg panggenaning mêngsah, Ki Wôngsadipa ing Japara sarta
tiyang Kumpêni katilar kadhawahan ênjagi wontên ing Japara, lampahipun pangeran dipati
nurut pasisir mangetan. Sakalangkung agêng gêgamanipun. Sawarnining sangu-sangu tuwin
rêrepot, sami kaêmot ing baita mêdal ing laut. Lampahe bala ing Matawis anggrêgut
sumêdya sami ngantêp kapurunanipun. Sabab têtindhihipun [têti...]

--- 302 ---

[...ndhihipun] gustine piyambak.

Gêntos kacariyos Radèn Trunajaya, sampun akêkutha wontên ing Surabaya, sarta sampun
kumpul kalihan Raja Galesong, ajangji êndhog sapatarangan, sabiyantu sarêng pêjah,
sumêdya êmbêdhah nagari ing Matawis. Têtêlukanipun nagari inggih sampun kathah, tanah
pasisir ing Rêmbang sapangetan dumuginipun ing Balambangan, môncanagari ing rêdi Lawu
sapangetan dumuginipun ing Balambangan. Punapa dene tiyang Sampang saurutipun pulo
ing Maduntên, sadaya inggih sampun sami suyud, angratu dhatêng Trunajaya, wondene
Trunajaya wau inggih sampun jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan Madurêtna
Panatagama, sampun misuwur ing tanah pasisir tuwin môncanagari sadaya, nanging kala
samantên Trunajaya sangêt ênggènipun kasupèn, yèn sagêdipun makatên punika wontên
ingkang ngajani, awit saking karsanipun Pangeran Dipati Anom ing Matawis, botên pisan
yèn èngêta dhatêng pangeran dipati, sabab kalimput ing kamuktèn. Pangraosipun kuwawi
yèn jumênêng ratu agêng amêngku ing tanah Jawi sadaya.

Trunajaya wau inggih sampun midhangêt pawartos, yèn gêgaman Matawis sampun dhatêng
wontên ing Japara, têtindhihipun Pangeran Dipati Anom. Ingkang andhèrèk Panêmbahan
Purbaya, Pangeran Singasari,

--- 303 ---

Pangeran Balitar sarta para pangeran sanèsipun, tuwin para bupati inggih kathah kang
sami êndhèrèk. Tiyang Matawis kakêrig lampit. Para bupati pasisir bang kilèn inggih
sampun kumpul gêgamanipun sakalangkung agêng, saking Japara gêgaman Matawis wau
sampun bidhal. Sumêdya anggêbag ing Surabaya.

Trunajaya sarta Raja Galesong lajêng parentah anglêmpakakên bala, sarêng sampun
samêkta, nuntên bidhal, kathahing bala tanpa wilangan. Andêl-andêlipun tiyang Madura
anama Tumênggung Mangkuyuda, kalih Dhandhang Wacana, tiga Wôngsaprana, sami
kêndêl-kêndêl sarta têguh, dene andêl-andêlipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa,
Dhaèng Makincing, Busung Mrênung. Trunajaya sarta Raja Galesong inggih sami anindhihi
piyambak. Ingkang dados cucuking baris tiyang Madura, kasambungan tiyang Makasar,
nuntên barisipun tiyang môncanagari. Lampahipun sampun dumugi ing Gêgodog. Baris
Matawis inggih sampun dhatêng ing ngriku, ajêng-ajêngan lajêng sami mangsah ing prang,
kados alun têmpuh sami alun. Ingkang prang sami riwut. Tiyang Madura tuwin tiyang
Makasar kathah kang pêjah, nanging dipun pidak kemawon, botên wontên kang ajrih,
dangu-dangu tiyang Matawis kathah kang pêjah, ingkang taksih gêsang sami giris
manahipun. Para bupati Matawis sami ngawaki tumut prang, Panji Wirabumi, [Wirabu...]

--- 304 ---

[...mi,] Ngabèi Wirajaya, Rôngga ing Sidayu sampun pêjah dening tiyang Maduntên.
Panêmbahan Purbaya sarêng aningali bala ing Matawis kathah kang tatu sarta pêjah,
nuntên angandika dhatêng abdinipun. Bocahku kabèh, kowe padha sumurupa, aku kongsi
momong ratu têtêlu, sarta sabên-sabên aku ya angadu prange wong Mataram, nanging ora
kaya ing saiki, kang padha têguh-têguh ing biyèn samêngko akèh kang tatu utawa mati,
kang padha kêndêl-kêndêl ing biyèn samêngko padha jirih kaya wong wadon. Iki
pratandhane yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak. Sabab wong Mataram prange apês.
Dene yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak, aku angur matia dhingin. Karana aku wis tuwa,
sarta nagara ing Mataram ora ana kang wis misuwur kaya aku ing kadigdayan sarta ing
kakêndêlan. Diwêdèni ing wong sanagara aprasasat ratu. Panêmbahan lajêng
anggêrêgakên bala ingajak ngamuk. Bala ing Matawis ambyuk angamuk rampak. Tiyang
Madura tuwin Makasar anadhahi, arame prangipun, akathah kang sami pêjah, panêmbahan
titihanipun sampun pêjah, angamuk dharat kalihan dhuwung anama pun Panji, tiyang
Madura kathah kang pêjah dening panêmbahan, lajêng kinarubut ing kathah winaos sarta
ginitikan ing landheyan. Panêmbahan sakalangkung têguh, botên pasah dening

--- 305 ---

gêgaman, nanging sariranipun rêmpu, dhasar sampun sêpuh, panêmbahan tiba linggih,
Pangeran Balitar enggal anulungi dhatêng panêmbahan, angamuk ing tiyang Sampang,
panêmbahan sampun karêbat dhatêng Pangeran Balitar, nanging sampun botên emut.
Binêkta mundur dhatêng pasanggrahan. Bala ing Matawis ambrol kados bêndungan bêdhah,
larud lumajêng sadaya, sarta kasaput ing dalu, tiyang Madura inggih sami mundur
masanggrahan, sarta sami suka-suka, bala ing Matawis sami arêropoh. Panêmbahan
Purbaya lajêng seda panuju tanggal ping gangsal wulan Ruwah ing taun Dal 1599.

Ing pasanggrahan gumêrah swaraning tangis. Layon sampun tinabêla, kaantukakên dhatêng
ing Matawis.

Ing sasedanipun panêmbahan tiyang Matawis sadaya sami kêkês manahipun, sabab andêl-
andêlipun sampun botên wontên. Tiyang ing Matawis kathah kang sami minggat ing dalu,
Pangeran Dipati Anom tuwin pangeran sanèsipun punapa dene para bupati inggih sami
kalulun. Lajêng sami bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Tiyang Madura tuwin tiyang
Makasar inggih sami anunuti,[5] nanging botên kacandhak. Têtindhihipun tiyang Sampang
anama Mangkuyuda, têtindhihipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa, samargi-margi
tansah angrayah, èstrinipun binoyongan, jalêripun pinêjahan, anglangkungi [a...]

--- 306 ---

[...nglangkungi] saking rêsah, katêlah dalah samangke, yèn wontên tiyang angrêbut, sami
dipun wastani kaya bajag ing Sampang. Lampahipun tiyang Sampang wau dumugi ing
Juwana, ing Pathi, Kudus sampun sami nungkul dhatêng tiyang ing Sampang, amung nagari
Dêmak ingkang bôngga, amêthukakên prang salêbêting biting, tiyang Madura kathah kang
pêjah, nuntên sami mundur sumêja ambêdhah ing Japara, lajêng binantonan saking
Trunajaya, ingkang binantokakên tiyang môncanagari, sakalangkung agêng barisipun. Ing
Japara sampun kakêpang, Ki Ngabèi Wôngsadipa ing Japara sampun rêmbag sabiyantu
kalihan tiyang Kumpêni, sami mapan salêbêting kitha ing Japara, tiyang Kumpêni
kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun anama Mayor Bro, kalih Kapitan Bèlêm. Lajêng
sami tata baris wontên ing alun-alun, alêlumbangan. Tamburipun tansah brang-brangan.
Ganderanipun kumitir, sampun sami amapanakên mariyêmipun. Ki Wôngsadipa
sakulawangsanipun inggih sampun nunggil kalihan tiyang Kumpêni sarta sami angatos-atos.
Anuntên tiyang Makasar lan Maduntên dhatêng sarta asurak-surak, sumêja lumêbêt ing
kitha badhe anumpês tiyang salêbêting kitha, tiyang Kumpêni lajêng anyumêt
mariyêmipun, sarta angarutug ing sanjata, tiyang Maduntên ingkang pêjah wontên ing
alun-alun kawan dasa, bathangipun dados saênggèn. [saêng...]

--- 307 ---


[...gèn.] Ingkang tatu tuwin pêjah saênggèn-ênggèn kathah, tiyang Maduntên tuwin tiyang
Makasar mêksa majêng anusup kukus, sumêja angamuk liwung sarta sami ngangge kêre
wêsi, sawênèh kulambi walulang, tiyang Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun,
mimis mindha garimis. Mêngsah kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah, lajêng sami
mundur amasanggrahan wontên ing dhusun Jagatamu. Ki Wôngsadipa ing Japara lajêng
amapanakên mariyêm kang agêng-agêng, kabêkta minggah dhatêng ing rêdi Danaraja.
Mêngsah kang wontên ing Jagatamu kasipat ing mariyêm saking ing ngriku, mimis mariyêm
angsal kêkajêngan sami sêmpal. Sêmpalan kajêng anibani ing tiyang, tiyang Maduntên
tuwin tiyang môncanagari kathah kang pêjah, gègèr sami lumajêng dhatêng Kudus. Tiyang
Kumpêni sarta Ki Wôngsadipa sami suka-suka, bathanging mêngsah kupingipun sami dipun
irisi, kaaturakên dhatêng ing Matawis.

Botên antawis lami Trunajaya anglampahakên prajurit kathah, têtindhihipun Dhandhang


Wacana, agêng inggil sarta kêndêl, kadhawahan dhatêng ing Matawis, amondhongi
Pangeran Kajoran kabêkta dhatêng ing Surabaya. Ki Dhandhang Wacana sampun mangkat
mêdal ing Jagaraga, lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah
angrêrayah, dhusun ingkang kamargenan kathah kang risak. Têtiyang tanah Sokawati,
Kaduwang tuwin tanah

--- 308 ---

Pajang sampun sami nungkul dhatêng Ki Dhandhang Wacana, lampahipun sampun dumugi
ing Kajoran. Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul, lajêng anêluk-nêlukakên dhusun
sakiwa têngên ing ngriku.

Kala samantên sampun katur ing sang prabu yèn gêgaman Maduntên sampun angancik ing
Kajoran. Panêmbahan ing Kajoran ingkang sampun kumpul kalihan tiyang Maduntên. Sang
nata lajêng parentah dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole Dipati Anom, sira tumindaka
dhewe, minôngka wakil ingsun, anggitika mungsuh kang ana ing Kajoran. Wong ing kono
tumpêsên kabèh sanak-sanakira padha gawanên kabèh, wong Mataram saanane kêrigên.
Pangeran dipati matur sandika, lajêng angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang,
sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Lampahipun dumugi ing Taji, kèndêl sakêdhap
anata lampah, lajêng lampahipun dumugi ing Kajoran. Nuntên campuh prang rame ngantos
sadintên. Tiyang Maduntên lan tiyang Kajoran kathah kang pêjah tuwin kêtaton, sabab
karoban lawan. Nuntên sami mundur kasaput ing dalu, tiyang Maduntên sami arêropoh.
Sarêng ing wanci lingsir dalu Panêmbahan Kajoran lolos anak bojo tuwin brayatipun
sadaya, kadhèrèkakên gêgaman Maduntên. Ing enjingipun bala Matawis sami sumêrêp,

--- 309 ---

yèn Panêmbahan Kajoran sarta tiyang Maduntên sami lolos ing dalu, ing Kajoran lajêng
dipun rayah, griya-griya kabêsmèn dhatêng tiyang Matawis. Pangeran Dipati Anom
sabalanipun sampun kondur dhatêng ing Matawis.

Kacariyos lampahipun Panêmbahan Rama ing Kajoran lêstantun dumugi ing Surabaya,
kêpanggih kalihan Trunajaya, kalih-kalihipun sami onêng-onêngan, botên angintên yèn
sagêda pinanggih sarta wilujêng. Ing nalika punika Trunajaya lajêng angalih kadhaton ing
Kadhiri, sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang sakalangkung kêkah, mariyêmipun tinata
ing balowarti ngajêng wingking, tuwin gêgaman sanèsipun inggih sampun mirantos. Raja
Galesong kalihan Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul wontên ing ngriku.
Botên antawis lami nuntên gêntos taun, Trunajaya, Raja Galesong, Panêmbahan Kajoran
sami pirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari Matawis. Dadosing rêmbag lajêng
parentah anglêmpakakên bala, angêrigi tiyang môncanagari tuwin pasisir, sarêng sampun
ngalêmpak barisipun pinalih, ingkang saduman têtindhihipun anama Tumênggung
Mangkuyuda, pêpatihipun Trunajaya, angirid tiyang môncanagari sapalih, tiyang pasisir
sapalih, lampahipun badhe mêdal ing Garobogan, [Garo...]

--- 310 ---

[...bogan,] anglarug dhatêng tanah Sokawati tuwin tanah Pajang, anjog ing Kajoran,
akanthi Dhandhang Wacana saha Dhaèng Marewa. Dene baris sadumanipun badhe mêdal
ing Samawis, lajêng mêdal ing Kêdhu Trayêm, anjog sakilèning Matawis, têtindhihipun Ki
Ngabèi Wôngsaprana, angirid tiyang pasisir sapalih, môncanagari sapalih, sarêng sampun
samêkta sarta sami ubanggi dintên, sarênga dhatêngipun wontên ing nagari Matawis,
lajêng bidhal. Sakalangkung agêng lampahing baris kêkalih, sarta sakalangkung rêsah, ing
samargi-margi tansah ambêbahak, tandangipun anggêgilani, dhusun ingkang kamargenan
sami risak. Lampahing baris ingkang saduman sampun dumugi ing Garompol, kèndêl atata-
tata, lajêng nyabrang bênawi ing Samanggi, anglarug dhatêng tanah Pajang, têtiyang ing
tanah Pajang sami kagegeran, ajrih aningali bajag Sampang, kathah kang sami ngili
dhatêng wana, wontên kang ngungsi dhatêng ing Matawis. Baris ing Maduntên sampun
dumugi ing Kajoran lajêng sami masanggrahan ing Taji, dene baris kang mêdal ing Samawis
inggih sampun dumugi ing Trayêm, sakilèning Matawis, lajêng masanggrahan, sarta sampun
utusan dhatêng ing Taji, sami ubanggi dintên, sarênga pangrampidipun ing nagari Matawis.

Ing nagari Matawis inggih sampun sumêrêp, yèn mêngsah [mêng...]

--- 311 ---

[...sah] Maduntên dhatêng amaju kalih, têtiyang ing Matawis sami gègèr, agiris
manahipun. Tiyang ingkang sami sumêja angungsèkakên anak bojo, botên kantênan
solahipun. Wondene para putra santana tuwin bupati mantri sampun angrakit gêgaman,
sami tata baris wontên ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom nyuwun pamit dhatêng
ingkang rama, sumêja amêthukakên prang, ingkang rama inggih anglilani, Pangeran Dipati
Anom lajêng bidhal, sarta ingkang rayi-rayi tuwin para bupati mantri, sawontênipun tiyang
Matawis kêrig sadaya, nanging ing waktu punika tiyang Matawis sami kuwur manahipun,
kaèngêtan dhatêng anak bojonipun tuwin barang darbèkipun. Ênggèning sami tumut
mêthukakên mêngsah punika amung saking ajrih kapêksa ing bandaranipun. Dados botên
wontên tiyang ingkang gadhah kakêndêlan. Sadaya manahipun sami ajrih sarta kêkês
kemawon. Baris agêng sampun mêdal saking alun-alun sarta angatos-atos. Dene baris
Maduntên inggih sampun bidhal saking ing Taji, dumugi ing Pajarakan lajêng têmpuh ing
prang wontên ing Kaliajir, arame prangipun. Baris Maduntên kang wontên ing Trayêm
sampun ngangsêg dumugi ing Talagawana, lajêng campuh prang, tiyang Matawis kuwur
prangipun. Sabab mêngsahipun maju kalih, sarta aningali tandangipun pangamuking tiyang
Maduntên kados banthèng [ba...]

--- 312 ---

[...nthèng] kanin tuwin kados sima arêbat daging, bala Matawis bibrah manah sarta
tatanipun. Lajêng dhadhal sami lumajêng dhatêng salêbêting kitha. Ing salêbêting nagari
Matawis jêjêl tiyang kang sami ngungsi tuwin tiyang kang sumêja mêdal dhatêng
sajawining nagari, sami ulêng-ulêngan. Tiyang èstri sami nangis gumêrah, botên kantên-
kantênan solahipun. Dene para putra santana tuwin bupati mantri, sadaya sami baris
wontên ing alun-alun ajagi, bilih wontên karsanipun sang prabu amêthukakên prang,
nanging sang nata botên karsa mêdali prang, sabab sampun sumêrêp ing papêsthining
Allah, yèn nagari Matawis sirna panjênênganing ratu, sarta sampun jangkêp satus taun
karaton ing Matawis. Sang prabu punika jumênêng ratu wêkasan. Dados sang nata wau
sampun narima panggalihipun. Karsanipun sang prabu badhe atilar karaton, sumêja
kèngsêr saking ing Matawis. Lajêng parentah pradandosan dhatêng para garwa tuwin para
èstri salêbêtipun kadhaton sarta kadhawahan sami ambêktaa rajabrana utawi arta
sakuwawinipun. Tiyang salêbêting kadhaton pating bilulung sarta sami nangis. Sang nata
gugup ing galih, amirêng suraking mêngsah kang andhêsêk kitha sarwi angrayah
ambêboyongi, griya-griya sakiwatêngêning kadhaton sami binêsmenan. Sarêng ing wanci
dalu sang nata lolos saking kadhaton sagarwaputranipun [sagarwa...]

--- 313 ---

[...putranipun] sadaya tuwin abdi jalêr èstri ingkang sami trêsna inggih sami andhèrèk.
Kala jêngkaripun sang prabu atilar pura panuju ing malêm Akad, tanggal kaping 18 wulan
Sapar ing taun Be ôngka 1600.

Lampahipun sang nata saking kitha Palèrèd ngilèn bênêr, mampir ngujung dhatêng astana
Magiri, lajêng nyabrang lèpèn Praga, sang nata nitih dipôngga, para èstri sami numpak
kapal tuwin tandhu, para putra inggih êndhèrèk[6] sadaya, sang prabu ing samargi-margi
tansah nênggak waspa, sakalangkung mêmêlas, lampahipun pinêlak.[7] Ajrih bilih katututan
ing mêngsah.

Ing enjingipun tiyang Maduntên sami sumêrêp, yèn sang nata sampun lolos ing dalu
sagarwaputranipun. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Sampang lajêng angêbroki ing
kadhaton. Saisining kadhaton sami rinayah binoyongan. Tangis gumêrah swaranipun,
ingkang sami katilar ing sang prabu sakalangkung mamêlas. Ki Tumênggung Cakraningrat
sampun kacêpêng dhatêng Dhandhang Wacana, lajêng kakintunakên dhatêng ing Kadhiri,
sampun katur ing Sang Prabu Trunajaya, nanging Trunajaya botên kolu yèn amêjahana
dhatêng ingkang paman. Cakraningrat lajêng kabucal dhatêng wana Lodhaya, panêjanipun
Trunajaya ingkang paman wau supados pêjah amargi dipun môngsa ing drubiksa. Dene Ki
Mangkuyuda kang ngêbroki kadhaton Matawis wau [wa...]

--- 314 ---

[...u] lajêng parentah dhatêng Dhandhang Wacana anututi lolosipun sang prabu.
Dhandhang Wacana inggih nuntên bidhal sabalanipun, akanthi Dhaèng Marewa, Busung
Mêrnung lan Ngabèi Wôngsaprana, lampahipun agêgancangan. Tiyang Matawis ingkang
kacandhak pinêjahan. Ingkang nut dhinedhelan. Èstrinipun kadamêl sawênang-wênang,
barang babêktanipun pinêndhêtan.

Kacariyos lampahipun sang prabu, sampun nyabrang lèpèn Bogawônta mêdal ing Rawa,
anjog ing tanah urut sèwu, para garwa tuwin putra botên pisah kalihan sang nata, amung
Pangeran Dipati Anom ingkang lumampah wontên ing wingking ragi têbih, lampahipun
arangu-rangu, ing batos angajêng-ajêng utusanipun Trunajaya, sarêng sampun antawis
botên wontên utusan, Pangeran Dipati Anom lajêng anututi ingkang rama. Lampahipun
sang prabu sampun dumugi ing dhusun Karanganyar, taksih tanah Pagêlèn. Wontên ing
ngriku sang nata dipun begal ing tiyang dursila, para èstri sami dhinedhelan. Sang nata
enggal parentah nyêbar wang, supados tiyang begal wau sampun ngantos andhèdhèli
dhatêng abdinipun kang èstri, nanging tiyang begal wau mêksa taksih andhèdhèli, sang
nata sakalangkung duka, lajêng angandika angipat-ipati dhatêng ingkang êmbegal. Hèh
wong begal, muga [mu...]

--- 315 ---

[...ga] sira aja ana nêmu salamêt. Begal wau sakal lajêng botên wontên sagêd ngadêg,
sami galasahan wontên ing siti, sang prabu lajêng lampahipun dumugi ing Toyamas, arêrêb
wontên ing dhusun Ngajibarang, para putra tuwin abdi sawontênipun sami sowan ing
ngarsanipun sang prabu, sang nata angandika dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole, sira
balia, nagara ing Mataram sira rêbuta, adhi-adhinira padha gawanên kabèh, Pangeran
Dipati Anom matur saha sêmbah, dhawah dalêm punika kula mopo, ing pikajêngan kula,
sanajan pêjah gêsanga, kula sampun ngantos pisah kalihan panjênêngan dalêm. Sang nata
angandika, yagene sira têka mopo, yèn mêngkono adhinira Si Pugêr bae sun tarine, thole
Pugêr, sira balia angrêbuta nagaranira ing Mataram, mulane kakangira kang sun tari,
kakangira kang duwe wajib wis ora gêlêm anglakoni, dene sariraningsun wis aja sira pikir,
sabab ingsun wis ora kalilan dening Allah yèn jumênênga ratu manèh, kapindhone ingsun
tuwa, lah kapriye aturira. Pangeran Pugêr matur, kula sandika anglampahi, mugi angsala
pangèstu dalêm, sagêda angrêbat nagari Matawis. Sang nata ngandika malih, sira ingsun
srahakên ing Allah, muga sira rinêksaa dening Allah, sarta sira sun wèhi wasiyat,

--- 316 ---

kris Kyai Maesa Nular, tumbak Kyai Palèrèd. Loro iku padha wasiyat kraton, ingsun
warisake ing sira, anggonên gêgaman yèn prang, adhinira Singasari, karo Si Martasana
gawanên, gawenên kanthi lan ing têmbe manawa lanang prangira, ingsun titip adhinira Si
Tapa, sabab saiki isih cilik. Karo dene ing besuk Si Tapa iku, yèn wis jumênêng ana ing
Pathi pilih tandhinge, sarta bakal kanthinira, sira banjura jumênênga nata ana ing Jênar,
wis sira mangkata sarta adhinira karo, ingsun anyangoni salamêt. Pangeran Pugêr,
Pangeran Singasari, Pangeran Martasana sampuning ngabêkti dhatêng ingkang rama, lajêng
bidhal wangsul sumêja dhatêng Jênar, ingiring bala sawatawis. Wondene sang prabu inggih
lajêng bidhal saking Ajibarang, dumugi ing dhusun Pasiraman, taksih talatah ing Toyamas,
lajêng rêrêb wontên ing ngriku, sang nata nandhang gêrah sangêt, botên karsa dipun
usadani, kala samantên sang nata sarean. Pangeran Dipati Anom sarta Radèn Mas Tapa
tansah wontên ing dagan sarwi ngrangkul padaning kang rama, sang prabu amundhut
dawêgan. Pangeran pipati enggal dhawah dhatêng abdinipun. Sasampuning angsal lajêng
kasaosakên, dawêgan wau lajêng dipun bolong dhatêng pangeran dipati, lajêng kaaturakên
ingkang rama sang prabu. Sang nata aningali

--- 317 ---

dawêgan sampun kabolong anggraita ing galihipun, angintên yèn dawêgan wau kadekekan
wisa dhatêng pangeran dipati, ewadene inggih lajêng dipun unjuk. Sang nata sarêng
sampun ngunjuk dawêgan nuntên ngandika, bangêt tarimaningsun thole, ênggonira awèh
dawêgan. Ingsun wêruh ing karêpira, ingsun sira purih enggala seda, dene têka kaya
mêngkono karêpira, dhèk biyèn sira sun kon bali angrêbut nagara Mataram sira ora gêlêm.
Ing saiki kaya mêngkono karêpira, hèh thole wruhanira, ing besuk amung sira dhewe kang
mukti, ora tumurun ing anak putunira, sarta ingsun duwe wêwalêr, ing besuk yèn ingsun
wis seda, sira lan saturunira ora ingsun lilani, yèn anyadrana ing pakuburan ingsun. Sang
nata gêrahipun sangsaya ngranuhi, pangeran dipati tansah amuwun, sarwi nyungkêmi
sukune kang rama, sang nata wungu angrangkul janggane kang putra, sarta ngandika, thole
dipati, wruhanira ingsun bakal têkaning jangji, puput yuswaningsun. Besuk ing sapungkur
ingsun, sira anjaka[8] pitulung marang wong Walônda, ajakên malês ukum marang wong
bang wetan kang padha angrusak ing Mataram. Poma-poma sira angèstokna ing wawêkas
ingsun, krana wis pinasthi karsaning Allah, yèn ing tanah Jawa bakal salin alam. Wong
Walônda bakal unggul prange, sarupane [saru...]

--- 318 ---

[...pane] anak putuningsun ing besuk, yèn akanthi wong Walônda amêsthi bakal lanang
prange, sira ingsun dongakake bisaa angrusak mungsuhira wong bang wetan, nanging aja
lali akanthi wong Walônda, sarta sarupane babêrkatan ingsun sira tampanana, kris aran
Kyai Balabar, tumbak Kyai Baru lan sapanunggalane kabèh wajib sira kang anduwèni, krana
sira putraningsun kang tuwa dhewe, wajib gumantya marang panjênêngan ingsun. Karo
dene manèh thole, besuk manawa ingsun wis seda, layon ingsun pêtakên ing bumi Têgal,
tunggalna lan guruningsun kang wus kinubur ing kono, nanging layon ingsun prênahna ing
lêmah kang punthuk. Sarta lêmahe sira gôndaa, ing ngêndi lêmah kang wangi gandane
sarta munthuk. Layon ingsun astananên ing kono, wis dibêcik kèri. Sang nata lajêng seda,
tangis gumêrah, layon sampun siniraman lajêng tinabêla. Pangeran dipati enggal utusan
animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih sampun dhatêng wontên
ing ngriku, layonipun sang prabu lajêng kabêkta dhatêng Têgal, ing ngriku sampun manggih
siti munthuk sarta wangi ambêtipun. Layon wau inggih sampun kasarèkakên ing ngriku,
wiwit kala samantên ênggènipun nama ing Têgal Arum. Gêntos kacariyos rajaputra ing
Mataram, kang anama

--- 319 ---

Pangeran Pugêr, lampahipun sampun dumugi ing Jênar, lajêng kaklêmpak bala, tiyang
tanah Pagêlèn sampun suyud sadaya, wontên mantrinipun ingkang rama satunggil
angawula ing rajaputra sampun kaangkat nama Tumênggung Gajah Pramoda, angrèhakên
tiyang satanah Pagêlèn tuwin para santana inggih kathah kang sami andhèrèk ing
rajaputra, kala samantên Pangeran Pugêr ing dalu sare, supêna kêpanggih ingkang rama,
kadhawahan angrêbat nagari ing Matawis, sabab sampun mangsanipun sarta dhawah
anjumênêng nata wontên ing Jênar, satêlasing pangandika ingkang rama katingal nuntên
seda. Pangeran Pugêr kagèt lajêng wungu, sangêt ênggènipun gêgêtun. Lajêng ngandika
tantunan dhatêng ingkang rayi-rayi, tuwin para santana sarta para tapa, karsanipun
Pangeran Pugêr badhe jumênêng nata, ingkang sami tinantun sadaya anjurungi, Pangeran
Pugêr lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga Ngabdurrahman
Sayidin Panatagama, akêkutha ing Jênar, dipun lih nama ing Purwakôndha, sampun
misuwur ing tanah Kêdhu Pagêlèn, sarta sampun suyud sadaya, tiyangipun sami ngalêmpak
wontên ing ngriku sagêgamanipun. Sinuhun Ngalaga lajêng utusan amurugi gajah
kagunganipun ingkang rama swargi, kala rumiyin katilar wontên ing margi, samangke
inggih sampun kapundhut ing sang prabu Ngalaga. Sang Prabu Ngalaga [Nga...]

--- 320 ---

[...laga] lajêng angundhangi bala, sumêja anglagar mêngsah, tiyang Madura kang baris
wontên ing dhusun Jagabaya, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sadhatêngipun ing
Jagabaya lajêng têmpuh prang rame, bala Madura kathah kang pêjah, Ki Dhandhang
Wacana lan sabalanin[9] sami lumajêng angungsi dhatêng Palèrèd. Sang Prabu Ngalaga
anglud dhatêng Palèrèd. Têtiyang ing Matawis kang sampun sami têluk dhatêng tiyang
Madura samangke sami ambalik, andhèrèk gustinipun lami, dados sang prabu Ngalaga wau
sangsaya kathah balanipun. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Sampang sampun sumêrêp
tiyang Matawis sami ambalik, agiris manahipun kawêwahan sadhatêngipun Ki Dhandhang
Wacana karisakan. Balanipun kathah kang pêjah, Ki Dhandhang Wacana sarta Mangkuyuda
lajêng larud lan sabalanipun sumêja angumpul dhatêng ing Kadhiri. Sang Prabu Ngalaga
sarêng dipun aturi uninga ing balanipun, yèn tiyang Maduntên kang sami wontên ing
Palèrèd sampun larud. Sang prabu nuntên lumêbêt ing kitha Palèrèd. Kala samantên sang
prabu sampun têtêp ênggènipun jumênêng nata, amêngku nagari ing Matawis. Balanipun
sadaya sami ajrih asih, parentahipun ajêg. Ambêgipun sang prabu adil paramarta, asring
ngapura ing ngadosa, para santana tuwin para abdi ingkang sami lami sampun kathah kang
sami dhatêng, sarta kathah kang sami jinunjung lênggah, wontên ingkang rayi satunggil
sampun [sampu...]

--- 321 ---

[...n] kaangkat nama Pangeran Arya Panular, santananipun sang prabu satunggil anama
Radèn Ônggayuda kaangkat nama Pangeran Natakusuma, Radèn Wirataruna kaangkat nama
Dipati Mangkubumi, Radèn Rôngga kaparingan nama Dipati Martasana, Kyai Kamal
kadadosakên pangulu, dene ingkang kadadosakên patih Radèn Arya Môndhalika, têtiyang
ing Pajang Mataram tuwin ing Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud sarta kathah kang sami
jinunjung lênggah, nanging kala samantên nagari ing Matawis kenging wawêlak. Kathah
têtiyang kang sami sakit, bawinipun nagari Matawis risak, hawanipun dèrèng sae, sarta
awis tatêdhan, têrag jawah, panasipun anglangkungi, nagari Matawis kados gêsêng, dados
kathah têtiyang kang sami pêjah amargi sakit tuwin botên nêdha, kêkere aglar ing saurut
margi utawi urut lèpèn, sarta sami sakit mêmalanên, utawi sakit rumab. Tiyang sakit ing
wanci enjing, sontênipun pêjah, sang prabu Ngalaga sangêt ênggènipun sungkawa, botên
eca dhahar utawi sare, tansah anêdha ing Allah, supados mulyaa nagarinipun.

Gêntos kacariyos Pangeran Dipati Anom. Ingkang wontên ing Toyamas. Ing sasedanipun
ingkang rama pangeran dipati tansah amuwun ngantos supe ing kaluhuranipun. Botên
sumêja yèn jumênênga nata, [na...]

--- 322 ---

[...ta,] ciptanipun anglampus kemawon, malah sumêja kesah khaji dhatêng Mêkah, kala
samantên lajêng utusan animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih
sampun dhatêng wontên ing Toyamas, panggih lan pangeran dipati, Martalaya lajêng
ngabêkti sarta anangis. Pangeran dipati angandika, wis aja sira nangis, mupusa yèn wis
pinêsthi karsa Allah, mungguh rusake nagara Mataram, mulane sira sun timbali, ingsun
upayakna prau ingkang prayoga bakal ingsun tunggangi dhewe, ingsun bakal lunga khaji
marang Mêkah, Ki Dipati Martalaya mirêng pangandikanipun pangeran dipati angêrês
manahipun, lajêng angrangkul sukunipun pangeran dipati matur sarwi nangis. Gusti, karsa
dalêm punika kula botên amrayogèkakên. Punapa panjênêngan dalêm botên angowêl
karisakanipun ing tanah Jawi, upami katilara, ingkang dipun gêgondhèli tiyang satanah
Jawi sadaya sintên, kajawi amung panjênêngan dalêm. Aluhung panjênêngan dalêm
jumênênga nata wontên ing ngriki utawi ing Têgil anggêntosi rama dalêm suwargi,
wondene prakawis mêngsah dalêm pun Trunajaya tuwin tiyang Makasar, kula kang sagah
nyirnakakên. Sanajan wêwaha malih tiyang Sampang tuwin tiyang Makasar, kula botên
ajrih. Akathah-kathah aturipun Martalaya wau. Pangeran dipati angandika, Martalaya,
[Martala...]

--- 323 ---

[...ya,] karsaningsun wis ora kêna sira ampah, ingsun ora duwe cipta liyane mung têka
munggah khaji, dene prasêtyanira wis ingsun tarima, nanging ingsun enggal upayakna prau
bae. Ki Dipati Martalaya matur, yèn makatên gusti, mugi kasarèhna rumiyin, kula badhe
damêl baita ingkang prayogi, sabab yèn kula ngupados baita kapal ingkang prayogi kados
botên angsal. Pangeran dipati inggih anurut ing aturipun Martalaya wau, Ki Martalaya
lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Têgal inggih anuntên damêl baita.

Ing sapêngkêripun Martalaya, pangeran dipati wau lajêng sami dipun garumung dhatêng
abdinipun sarta dipun tangisi, supados wandea ênggènipun badhe minggah khaji, nanging
pangeran dipati botên keguh ing karsanipun. Kala samantên pangeran dipati ing wanci dalu
sare wontên mêsjid ing Toyamas, abdinipun panakawan alit têtiga, pangeran dipati wau
supêna, mêsjid kang dipun anggèni sare punika katingal garowong ing nginggil. Anuntên
wontên rêmbulan, kathahipun pitu, saking ing langit lajêng manjing ing jajanipun. Nuntên
wontên lare saukiran cahyanipun kados srêngenge, dipun candhak dhatêng pangeran dipati
botên kenging, lare saukiran wau ênggih lajêng manjing ing jajanipun. Pangeran dipati
kagèt [kagè...]

--- 324 ---

[...t] nuntên wungu, sangêt ênggènipun gêgêtun, anggraita yèn kadhawahan cahya
nurbuwat. Pangeran dipati lajêng agadhah cipta sumêja jumênêng nata, ênggènipun badhe
kesah khaji botên siyos, sarta ciptanipun ing tanah Jawi prasasat sampun kagêgêm ing
astanipun. Pangandikane ing galih, saupama dhèk biyèn rasaning galih ingsun kayaa saiki,
kaya ora bêdhah nagara ing Mataram. Para abdinipun sadaya tuwin para santana lajêng
kaklêmpakakên. Sampun pêpak sadaya, sarta sami pangling aningali gustinipun. Kala
rumiyin cahyanipun êlom. Samangke cahyanipun sumringah sarta ngêngrêng, pangeran
dipati ngandika dhatêng abdi tuwin santananipun. Bocah ingsun kabèh, sira padha
saksenana, yèn saiki ingsun jumênêng nata anggêntèni kangjêng rama, ingsun ajêjuluk
Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, para
abdi sami jumurung saur pêksi sadaya sarta sami suka ing manahipun. Para abdinipun ing
kadipatèn lajêng sami jinunjung lênggahipun. Wontên ingkang dados bupati tuwin mantri,
rôngga, dêmang ing sapantêsipun. Sang prabu anyar nuntên utusan animbali Ki Dipati
Martalaya ing Têgal lan sabalanipun sarta ambêkta sagêgamaning prang, utusan lajêng
mangkat sampun dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih enggal mangkat dhatêng

--- 325 ---

Toyamas, sampun kêpanggih sang prabu anyar, sang nata alon ngandika, Martalaya,
mulane sira sun timbali, sira sumurupa yèn ingsun jumênêng nata, dene ênggon ingsun
bakal munggah khaji samêngko wis ora sida. Martalaya sarêng mirêng sakalangkung suka
manahipun, matur saha sêmbah, sokur gusti, panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata,
ingkang kula ajêng-ajêng salaminipun inggih makatên. Dene prakawis mêngsah dalêm pun
Trunajaya tuwin tiyang Makasar, inggih kula kang sagah anumpês. Panjênêngan dalêm
ngeca-eca kemawon. Sang nata angandika, Martalaya, kasaguhanira wis ingsun tarima,
dene prahu ênggonira gawe, iku sadhiyakna tumuli, sarta wonge kang nglakokake prahu,
dipêpak sapirantine wong lêlungan. Krana ingsun bakal utusan mundhut bantu wong
Walônda marang ing Batawi. Martalaya matur, gusti, karsa dalêm badhe mundhut bantu
punika kula botên angrêmbagi, sabab watêkipun tiyang Walandi punika, yèn dipun
prasanak tansah mangarahi, sarta kathah cidranipun. Saenipun lair kemawon. Ing batos
botên pêdhot-pêdhot pangangkahipun. Dene prakawis mêngsah dalêm tiyang bang wetan,
tiyang kula sampun anyagahi anumpês sadaya, punapa panjênêngan dalêm botên pitados
ing atur kula. Akathah-kathah aturipun Martalaya [Martala...]

--- 326 ---


[...ya] wau, amurih sang prabu sampun ngantos siyos utusan mundhut bantu dhatêng
Batawi. Sang nata mesêm sarwi ngandika, Martalaya, prasêtyanira wus ingsun tarima,
ingsun carita marang sira, ing nalikane isih panjênêngane eyang Kangjêng Sultan Agung,
ingsun isih dibobotake ing ibuningsun, iku eyang sultan pinuju lênggah lan kang garwa,
ibuningsun marak marang eyang sultan. Eyang sultan barêng aningali ibuningsun marak,
banjur jumênêng angurmati marang ibu, eyang ratu matur pitakon. Wontên punapa sultan,
sampeyan jumênêng saking pinarak. Eyang sultan amangsuli, ratu, dudu bok mantu kang
ingsun hurmati, yèn sira ora sumurup kang ingsun urmati kang ana ing wêtêngan, iku besuk
bakal dadi raja gêdhe abêbala bacingah, kaya dene panjênêngan ingsun iki, wong tanah
Jawa padha suyud kabèh, Martalaya, iku caritaningsun marang sira, mulane ingsun sumêja
mundhut bantu marang ing Batawi, dadi ingsun bakal anyatakake wirayate eyang sultan. Ki
Dipati Martalaya sarêng mirêng cariyosipun sang prabu, lajêng tumungkul, botên sagêd
amangsuli, sabab kaluhuran sabda, ing wusana amiturut ing sakarsanipun sang prabu. Sang
nata lajêng dhawah dhatêng Arya Môndaraka, andikakakên dhatêng ing Batawi sarta mawi
sêrat, kêkanthenan tiyang Têgal, anama [ana...]

--- 327 ---

[...ma] Ngabèi Sindupati, sasampuning samêkta nuntên mangkat, anjujug ing Têgal,
wontên ing ngriku lajêng numpak baita, sampun layar. Sang Prabu Mangkurat ngandika
malih dhatêng Pranataka, Pranataka, sira mênyanga ing Donan utawa ing Nusakambangan,
sira ngupayaa kêmbang wijayakusuma, poma diolèh, sira aja mulih-mulih yèn durung olèh,
kongsia jambul wanên ya anaa ing kono bae. Ki Pranataka matur sandika lajêng mangkat.
Sang prabu parentah bidhal saking Toyamas, sumêja dhatêng Têgal. Lampahipun sampun
dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya angaturakên padalêmanipun. Sang prabu inggih
lajêng angêdhaton ing ngriku, dene Ki Dipati Martalaya tuwin bupati sanesipun sami
masanggrahan ing alun-alun. Wontên ing ngriku sang prabu akaklêmpak bala, sarta tansah
agêgulang pratingkahing prang dhatêng balanipun sadaya, sang nata amundhut tiyang ing
Têgal tigang atus, kadamêl prajurit, busananipun sinami, winastanan prajurit Jagasura.

Anuntên wontên tiyang saking Dêmak dhatêng, kêkalih sami sadulur, êmbêkta tiyang
tigang atus, sumêja ngawula ing Sang Prabu Mangkurat, anama Martajaya, kalih
Wiramantri, nanging kala rumiyin sampun ngawula ing Sang Prabu Ngalaga, Ki Martajaya,
Wiramantri, sami matur ing sang prabu, yèn nagara Matawis sampun karêbat dhatêng
Pangeran Pugêr,

--- 328 ---

sarta sampun jumênêng nata wontên ing Palèrèd, ajêjuluk Susuhunan Ngalaga, ing tanah
Pajang Mataram, Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud. Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng
pawartos saking Martajaya, sakalangkung suka ing galihipun. Dene ingkang rayi unggul ing
prangipun sarta sampun jumênêng nata wontên ing Palèrèd. Lajêng angandika, Martajaya,
yagene sira aninggal adhi mas Pugêr. Martajaya matur, gusti, mila kula botên sowan
dhatêng Matawis, sabab rayi dalêm sampun kathah balanipun. Panjênêngan dalêm dèrèng
kagungan bala kathah, mila kula pilalah mriki. Sang nata ngandika, Martajaya, ya bangêt
tarimaningsun êngonira sumêja milu lara, besuk nagara Dêmak bakal ingsun paringakên ing
sira lan adhinira. Martajaya lan sabalanipun sampun kaprênahakên. Anuntên wontên tiyang
Surabaya dhatêng, anama Ônggajaya kalih Ônggawôngsa, Ônggawôngsa wau sampun
angabdi dhatêng ing sang prabu kala kadipatènipun. Dene Ki Ônggajaya taksih agêgriya
wontên ing Surabaya, samangke Ki Ônggajaya wau nusul dhatêng sadhèrèkipun kang nama
Ônggawôngsa tumut angabdi ing sang prabu, inggih sampun katampèn.
Kacariyos Ki Pranataka kang kautus dhatêng Nusakambangan ngupados sêkar
wijayakusuma, Ki Pranataka inggih

--- 329 ---

sampun dhatêng ing masjid watu, wontên ing ngriku ngantos pitung dintên pitung dalu,
botên nêdha-nêdha, supados angsala sêkar, sarêng ing dintên malêm Jumungah, Ki
Pranataka aningali sekar wijayakusuma amung sarakit. Cahyanipun mancorong, Ki
Pranataka enggal amêthik. Sekar lajêng kabêkta mantuk dhatêng Têgal, sampun
kaaturakên ing sang prabu, sang nata sakalangkung suka, cipta yèn tulus ênggènipun
jumênêng nata.

Gêntos kacariyos lampahipun Ki Môndaraka kang dhatêng ing Batawi, sampun kêpanggih
kalihan gurnadur jendral. Ki Môndaraka wau sadhatêngipun ing Batawi, mawi dipun urmati
ungêling maryêm, sarta drèl sanjata, panganggêpipun gurnadur jendral prasasat sang
prabu ing Matawis têdhak piyambak dhatêng ing Batawi, para rat tuwin para upsir inggih
sami manggihi sadaya wontên ing loji panggenanipun gurnadur jendral sarta kasêgah
dhahar tuwin unjuk-unjukan. Sasampuning sami dhahar, Ki Môndaraka lajêng amaringakên
sêrat. Gurnadur jendral anampèni sarta winaos. Ki Môndaraka wicantên. Tuwan gurnadur
jendral, dhawahipun sang prabu bêbantu wau sarênga salampah kula, gurnadur jendral
mangsuli, Kyai Môndaraka, jêngandika angantia rumiyin, kula amatah ingkang badhe
lumampah, Ki Môndaraka inggih anurut ing dhawahipun gurnadur jendral.

--- 330 ---

Gurnadur jendral lajêng parentah dhatêng Kumpêni ingkang badhe kalampahakên,


kathahipun sèwu wolung atus. Ingkang sèwu tiyang Makasar, Ambon, Tarnate, Bugis.
Ingkang wolung atus tiyang Walandi, ingkang môngka Senapatining prang anama Amral èl
Duwèlbèh, mayor Walandi kêkalih, kapitan sapangandhap botên kacariyos. Dene
mayoripun tiyang Makasar tuwin Ambon kêkalih anama Kraèng Naba kalih
Krang[10] Kadhangkrang, sarta gurnadur jendral angaturi pisungsung rajabrana warni-warni
ing sang prabu, utawi wawêlingipun dhatêng Amral, tuwin dhatêng Ki Môndaraka inggih
kathah-kathah, sasampuning samêkta lajêng bidhal numpak baita ambabar layar,
lampahipun sampun dumugi muwara ing Têgal. Ki Môndaraka mêntas rumiyin, sowan ing
sang prabu, Amral taksih kantun wontên ing pinggir pasisir, Ki Môndaraka sadhatênge
ngarsanipun sang nata lajêng ngabêkti sarta matur, gusti, kula angaturakên tabenipun kaki
gurnadur jendral konjuk ing panjênêngan dalêm, sarta angaturi pisungsung rajabrana
warni-warni, sarêng tampi dhawah dalêm, gurnadur jendral sakalangkung suka, ingkang
dados pamundhut dalêm bêbantu samangke inggih anyaosi, kathahipun sèwu wolung atus.
Mayoripun sakawan têtindhihipun anama Amral èl Duwèlbèh, sang nata sarêng mirêng
aturipun Ki Môndaraka, sakalangkung suka,

--- 331 ---

lajêng ngandika, Môndaraka, enggal timbalana panggêdhene wong Walônda, ingsun arêp
wêruh, Ki Môndaraka enggal wangsul dhatêng pinggir pasisir animbali Amral sarta para
mayor, sang nata lajêng miyos sinewaka, badhe amanggihi têtamu, balanipun sang nata
pêpak sadaya sumêja sami ningali ing warninipun tiyang Wêlandi, ing alun-alun kêbak
tiyang jalêr èstri. Amral tuwin para upsir sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu, lajêng
sami manthuk angadêk kemawon sarta angêmpit têpio, botên wontên ingkang sila, para
bupati tuwin kang sami ningali kalangkung kagèt sarta sami eram, dene sami daksura, sang
nata ngandika dhatêng Ki Môndaraka, Môndaraka, yagene ora nana gêlêm seba sila marang
ingsun. Bangêt ênggone ora wêruh ing tata, Ki Môndaraka matur, gusti, sampun caranipun
tiyang Walandi, urmatipun ngadêk sarta ngêmpit têpio, sang nata mèsêm. Ki Dipati
Martalaya panasbaran. Enggal amurugi Amral dipun candhak gulunipun dipun kèn sila sarta
wicantên. Payo kapir, linggiha, apa kowe ora wêruh yèn iki ana ngarsane Raja Mataram.
Bangêt ênggonmu kurang ajar, Amral pulingak-pulinguk. Mayor Wilham aningali
pangagêngipun pangraosipun pangagêngipun dèn niaya, lajêng anyêlaki sarwi ngingêr
pêdhang, anguntir barêngos. [barê...]

--- 332 ---

[...ngos.] Martalaya wicantên sêru dhatêng Mayor Wilham. Mara mêdhanga tak tadhahi,
sang prabu sarêng aningali sakalangkung duka andikakakên sami nyapih, Ki Môndaraka
enggal angrangkul dhatêng Amral sarta angrarapu, Amral wicantên. Hèh Ki Môndaraka,
ênggonku mrene iki awit karsane sang prabu, kowe kang angirid. Wêkasane awakku ora
kajèn. Yèn awèt mangkene aku mêsthi mulih marang Batawi, Ki Môndaraka amangsuli
sarwi bisik-bisik. Tuwan Amral, aku anjaluk pangapuramu, kowe aja lara atimu marang
wong iku, yèn kowe durung sumurup, iku wong ing Têgal, jênênge Dipati Martalaya, upama
iku didukani marang sang prabu, amêsthi banjur minggat, têmah agawe butuh, bakal ora
nana kang mikul obat mimismu utawa barangmu kabèh, samêngko sabarna bae, besuk yèn
wis rampung prang gampang, aku kang saguh nyuwunake ukum ing sang nata, Amral sarêng
mirêng wicantêne Ki Môndaraka lajêng sarèh manahipun sarta wicantên. Kyai Môndaraka,
priye adate wong Jawa yèn seba ing rajane, aku surupêna, sarèhning têkaku iki sumêja
suwita marang sang nata, amêsthi apa kang dadi parentahe sang prabu, ya bakal
taklakoni, Ki Môndaraka inggih lajêng anyêrêpakên. Sang nata alon andangu, Môndaraka,

--- 333 ---

sira cêcaturan apa karo Si Amral. Ki Môndaraka matur, gusti abdi dalêm pun Amral
anyuwun pangapuntên dalêm. Sarèhning dèrèng sumêrêp caranipun tiyang Jawi, yèn
sowan ing ratunipun. Samangke anêrang, kadospundi ingkang dhawah dalêm, pun Amral
inggih badhe anglampahi. Sang nata mèsêm sarwi ngandika, Môndaraka, sira kang wus
wêruh adate ana ing Batawi, biyèn kapriye, dene ingsun ya anurut. Apa kang dadi adate
wong Walônda. Ki Môndaraka matur, gusti, yèn urmat dhatêng pangagêngipun inggih
ngadêk kemawon, jêjêk sukunipun sarta angêmpit têpio, utawi yèn sawêk dhatêng, lajêng
sami candhak-cinandhak tangan têngên sami têngên. Dene kang sami dipun damêl lênggah
kursi sami dipun jèjèr, sang nata nuntên ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun
kabèh, dikêbat padha gawea dhingklik utawa lincak, lan padha aweha sêsuguh, apa kang
dadi doyanane wong Walônda aja kongsi kêkurangan. Amral anuntên matur ing sang prabu,
sinuhun, wawêlingipun kaki jendral, badan kula saprikônca sadaya kasumanggakakên ing
panjênêngan dalêm. Punapa ing sakarsa dalêm angrèh dhatêng tiyang Walandi, amêsthi
miturut. Wondene yèn taksih kirang, abdi dalêm Kumpêni ingkang badhe kaabên prang,
kula kadhawahan ambêkta Walandi ing Japara ing sawontênipun. [sawo...]

--- 334 ---

[...ntênipun.] Manawi sampun andadosakên parênging karsa dalêm. Kula kalilana rumiyin
dhatêng ing Japara, dene ingkang rumêksa ing panjênêngan dalêm, kula angaturi Kumpêni
satus, têtindhihipun kapitan satunggil. Sang prabu angandika, Amral, ya bangêt
tarimaningsun. Sarta ingsun ya anurut ing aturira, nanging lerena dhingin. Besuk yèn wis
mari kêsêl, tumuli mangkata marang Japara, ingsun ya nuli nusul. Amral sa-Kumpêninipun
sampun kaparingan panggenan, sarta sinêgahan uwos utawi maesa lêmbu, akathah tiyang
Kumpêni sami suka-suka manahipun. Dene ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni
Ki Arya Môndaraka.

Ing enjingipun sang nata miyos sinewaka ing bala Jawi sadaya, tuwin Amral saupsiripun
inggih sami sowan, andhèr sami sowan lênggah ing dhingklik. Sang nata anjunjung nama
ing para abdinipun kala taksih kadospatèn. Ki Môndaraka kaangkat dados patih nama Dipati
Môndaraka, Ki Pranataka anama Tumênggung Sindurêja, Ki Ôndakara nama Tumênggung
Wiradigda, Ki Sêndhi nama Tumênggung Ngurawan. Ingkang paman sang prabu kaparingan
nama Dipati Nêrangkusuma, sang nata angandika dhatêng Dipati Nêrangkusuma,
Nêrangkusuma, sira mênyanga ing tanah Kêdhu utawa ing Pagêlèn. Sira angangina [a...]

--- 335 ---

[...ngangina] pawarta, nagara ing Mataram samêngko sapa kang ngênggoni, apa isih adhi
mas apa wong liya, poma ditêrang pawarta iku, Radèn Nêrangkusuma matur sandika,
lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi ing Kêdhu. Kala samantên ing Kêdhu
taksih sangêt rêsah, kathah tiyang begal kècu mêmaling, sadhatêngipun Radèn
Nêrangkusuma tiyang ing ngriku kathah kang sami têluk. Nuntên wontên têtiyang ing
Kêdhu satunggal anama Wôngsacitra, sowan sumêja suwita ing Radèn Nêrangkusuma sarta
anakipun kêkalih, anama Ki Lêmbu kalih Ki Buwang, balanipun kathah, pangabdinipun
inggih sampun katampèn. Ki Wôngsacitra kadhawahan anguyuni tiyang ing Kêdhu sadaya,
inggih sampun sami suyud dhatêng Ki Wôngsacitra, Radèn Nêrangkusuma nuntên utusan
ngaturi uninga ing sang prabu, sarta sampun kaparingan wangsulan mawi piyagêm,
kaparingakên dhatêng Ki Wôngsacitra, kala samantên Wôngsacitra nuntên kaangkat nama
Tumênggung Mangkuyuda angrèhakên tiyang Kêdhu sadaya, Ki Lêmbu lan Ki Buwang
kapundhut ing sang prabu kaabdèksakên.[11]

Radèn Nêrangkusuma sarêng sampun angsal pawartos bab nagari Matawis, lajêng bidhal
wangsul dhatêng Têgal. Ki Tumênggung Mangkuyuda sabalanipun sarta anakipun kêkalih
inggih sami andhèrèk. Sadhatêngipun ing Têgal nuntên sowan ing sang prabu, angaturakên
pawartos,

--- 336 ---

yèn nagari Matawis samangke taksih têtêp ingkang rayi sang prabu kang jumênêng nata,
nanging taksih asring rêbat jajahan kalihan tiyang Maduntên. Sang prabu mirêng
pawartosipun Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka ing galihipun, dene ingkang rayi
taksih têtêp jumênêng nata wontên ing Matawis. Sang nata lajêng parentah dhatêng Ki
Martajaya, Martajaya, sira mangkata dhingin marang nagara ing Dêmak, angêlara jajahan
lan kêklumpukan bala, besuk yèn ingsun wus rawuh ana ing Dêmak bae sebaa. Martajaya
matur sandika, lajêng bidhal sabalanipun utawi Amral sa-Kumpêninipun inggih sampun
kalilan rumiyin, sarta kêkanthenan Ki Dipati Môndaraka, kalih Radèn Nêrangkusuma,
priyantun kêkalih punika ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni, lampahipun
mêdal ing laut. Sampun dumugi ing Japara, Ki Ngabèi Wôngsadipa enggal mêthuk, sarta
sangêt ênggènipun sêsugun. Amral sarta bupati kalih sampun sami mêntas saking ing laut,
kabêkta dhatêng padalêmanipun Ki Wôngsadipa, Amral lajêng wicantên dhatêng Ki Ngabèi
Wôngsadipa, kyai ngabèi, dhatêng kula mriki punika kautus ing sang prabu, andikakakên
anggêbag mêngsah tiyang bang wetan kang wontên ing ngriki, samangke panggenane
mêngsah dika wontên pundi. Ki Wôngsadipa amangsuli, tuwan, panggenaning mêngsah kala
rumiyin wontên [wontê...]

--- 337 ---


[...n] ing Jagatamu, samangke sampun sami lumajêng mangetan, amargi kula gêbag ing
prang, kathah ingkang pêjah, sabab kula dipun biyantoni dhatêng tiyang Prasman tuwin
tiyang Inggris, kang sami grami wontên ing ngriki, punika kang sami mitulungi ênggèn kula
prang. Amral sarêng mirêng wicantênipun Ki Wôngsadipa, sangêt ênggènipun kagèt sarta
èmêng ing manahipun, dene wontên tiyang sabrang kang sanès bôngsa tumut têtulung
prang, Amral wau lajêng pirêmbagan kalihan para upsiripun. Tiyang Prasman sarta tiyang
Inggris kapurih kesaha saking Japara, sampun ngantos katur ing sang prabu, mila makatên,
ing benjing samangsanipun unggul ing prang, botên wande tumut angsal ganjaran nagari,
sarta tiyang Prasman lan Inggris wau badhe kasukanan wang, kang minôngka epahaning
prang, kaawadakên pêparingipun sang nata. Sarêng sampun gilig ing rêmbag, Amral lajêng
kengkenan angundang pangagêngipun tiyang Prasman sarta Inggris, inggih sampun sami
dhatêng wontên ing pasanggrahanipun Amral. Amral tumuntên wicantên. Hèh wong
Prasman lan Inggris, aku ingutus marang Raja Mataram, andikakake andhawuhi ing kowe,
prakara ênggonmu têtulung prang wis ditarima, sarta kowe diparingi wang rong lêksa
ringgit kang môngka ganjaran ênggonmu têtulung prang, nanging kowe andikakake lunga
têka ing tanah Jawa, mangkata sadina iki. Tiyang

--- 338 ---

Inggris sarta Prasman amangsuli, aku ora duwe prau, prauku lagi digawa mulih angusungi
dagangan. Amral wicantên malih, sapira kèhe dagangamu kang isih ana ing kene, aku kang
ngènèhi[12] prahu, nanging kowe tumuli lungaa sadina iki, sakèhe prahuku kang bakal
kogawa ngusungi daganganamu, iku banjur pèkên pisan, aja susah kobalèkake. Arta kalih
lêksa ringgit sarta baita inggih sampun sami dipun tampèni, tiyang Inggris sarta Prasman
sampun mangkat saking Japara, nanging baita wau sampun sami dipun uncêgi dhatêng
balanipun Amral. Tiyang Inggris sarta Prasman sarêng dumugi satêngahing laut, baitanipun
sami kèrêm, tiyangipun sampun sami pêjah sadaya.

Kacariyos Sang Prabu Mangkurat sampun bidhal saking ing Têgal lan sabalanipun, para
dipati sami lumampah ing ngajêng têbih, ingkang lumampah wontên ing ngarsane sang
prabu bala Kumpêni, lampahipun rampak sapangkat-pangkat. Tamburipun tansah tinabuh,
sang nata rêmên aningali lampahipun tiyang Kumpêni, para èstri sami lumampah ing
wingking, sang nata sampun dumugi ing Pakalongan, arêrêb wontên ing ngriku, lajêng
amundhut tiyang ing Pakalongan tigang atus kadamêl prajurit, winastanan prajurit
judhipati, sang nata nuntên bidhal [bidha...]

--- 339 ---

[...l] saking Pakalongan saha bala mêdal ing laut. Para èstri sami dipun tilar wontên ing
Pakalongan. Sampun dumugi muwara Japara, Amral sarta para upsir tuwin Ki Wôngsadipa
enggal sami mêthuk. Sang prabu sampun mêntas saking baita, lajêng ingaturan nitih
kareta, sarawuhipun ing griyane Ki Wôngsadipa, bala Kumpêni sami urmat drèl sarta
mariyêm. Baris angurung-urung margi, sang nata sampun masanggrahan wontên ing ngriku.

Enjingipun sang prabu miyos sineba ing bala Jawi tuwin bala Kumpêni, anuntên Ki
Martajaya dhatêng, sang nata enggal andangu, Martajaya, samêngko panggonaning
mungsuh ana ing ngêndi, Ki Martajaya matur saha sêmbah. Gusti, mêngsah dalêm kang
wontên sakiwa têngêning Dêmak sampun dhadhal sadaya, awit kula gêbag ing prang,
samangke sami ngumpul wontên ing Rêmbang tuwin ing Tuban. Sang nata sakalangkung
suka, Martajaya lajêng kajunjung bupati ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung
Endranata, Ki Wangsadipa kaangkat nama Dipati Martapura. Ki Ônggawôngsa lan Ônggajaya
sami matur ing sang prabu, angaturakên pawartosing mêngsah, yèn Trunajaya samangke
sampun kesah saking Surabaya, angalih kitha ing Kadhiri, amilih papan kang wiyar sarta
radin, badhe kadamêl amêthuk prang, dene andêl-andêlipun anama Dhandhang

--- 340 ---

Wacana, kalih Mangkuyuda, tiga Darmayuda, sarta Raja Galengsong tiyang Makasar, Raja
Galengsong wau sampun kapêndhêt mantu dhatêng Trunajaya, sarta kaangkat nama Prabu
Anom, punika kang sagah anadhahi prangipun tiyang Kumpêni, ing sadintên-dintên tansah
angatos-atos. Sang nata sarêng mirêng lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral, ingsun
angrungu pawarta, yèn Si Galengsong duwe sadulur lanang, jênênge Kraèng Naba, dadi
Mayor kalereyanamu Kumpêni Makasar, iku apa nyata. Aturipun Amral kajawi kapariksa
rumiyin. Kraèng Naba nuntên katimbalan. Sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu Amral
nuntên pitakèn. Kraèng Naba, kowe apa nyata duwe sadulur lanang siji, jênênge
Galengsong, samêngko ana panggonaning mungsuh, Kraèng Naba sarêng mirêng lajêng
bêrbês mili sarta matur, tuwan, inggih sayêktos pun Galengsong punika adhi kula, ênggèn
kula pisah kala taksih alit. Ngantos sapriki kula dèrèng nate kêpanggih dhatêng
piyambakipun. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral, yèn mêngkono, Si
Kraèng Naba iku ingsun pundhut, bakal ingsun utus marang Kadhiri, anêmoni adhine. Amral
inggih anyumanggakakên. Sang nata ngandika dhatêng Kraèng Naba, Kraèng Naba, sira
ingsun utus marang Kadhiri, adhinira pulutên lawan têmbung kang bêcik, supaya [supa...]

--- 341 ---

[...ya] aja kongsi prang lan sira, anungkula marang ingsun. Sira sun kantheni Si Mirmagati,
iku bisa calathu têmbung lima, karo Si Dipati Martalaya, têlu Si Martapura, padha milua ing
sira, nanging padha nglugasa raga bae, aja anggawa batur. Tiyang sakawan matur sandika,
lajêng sami mangkat anyamur, ingkang minôngka bandaranipun Kraèng Naba, Ki Dipati
Martapura lan Martalaya amindha panakawanipun. Lampahipun sampun dumugi ing
kadhiri, nuntên wontên tiyang Makasar satunggil alêledhang, pinuju êmbanipun Raja
Galengsong, êmban wau sarêng aningali Kraèng Naba, lajêng angrangkul sukunipun sarta
anangis. Kraèng Naba wicantên. Aku aja kosêmbah, manawa angatarani, payo aku tuduhna
panggonane bandaramu, Kraèng Naba lajêng kairit dhatêng padalêmanipun Galengsong,
Kraèng Naba sarta Galengsong sarêng kêpanggih lajêng rêrangkulan sarwi sami anangis,
sabab lami botên pinanggih, nuntên sami tata linggih, Galengsong alon pitakèn. Kakang,
salawase dika wontên ing pundi, kula upadosi mrika-mrika botên pinanggih, Kraèng Naba
mangsuli, aku saiki suwita ing Raja Mataram, dadi mayor prajurit, sarta sang prabu bangêt
sihe marang aku, têkaku mrene iki diutus animbali kowe, supaya kowe aja prang karo aku,
sang prabu

--- 342 ---

bangêt ênggone angeman, dene ênggone bakal ngalurug marang Kadhiri kene, angêntèni
satêkaku utawa kowe, payo kowe tumuli takgawa barêngan aku. Galengsong wicantên
malih, kakang, dika sarèhake kariyin, sabab Trunajaya samangke taksih sangêt sihe
dhatêng kula, benjing yèn patêmpuh ing prang kemawon kula amuke saka ing wingking
kalihan tiyang Makasar sadaya, dika matur makatên kemawon dhatêng ing sang prabu,
Galengsong pitakèn malih, kakang, rencang dika niku tiyang ing pundi, dene sae-sae
têmên. Galengsong sangêt eramipun aningali warninipun bupati ing Matawis. Kraèng Naba
sarêng sampun sadintên sadalu lajêng mangkat sumêja mantuk sarta tiyang tiga wau,
sarêng dumugi sajawining kitha nuntên kabujêng dhatêng tiyang ing Maduntên, antawis
kalih atus, sumêja anumpês ing tiyang sakawan wau, kabutuhakên ing banawi, banawi ing
palabuhan pinuju banjir, Kraèng Naba sarêng dumugi sapinggiring banawi, enggal
anyandhak lambungipun Mirmagati, kabêkta malumpat, sampun dumugi sakilèning banawi,
Martapura lan Martalaya sampun cêcawêtan, inggih nuntên malumpat, sampun dumugi
sabrang kilèn. Tiyang Maduntên sami jomblong, aningali kasaktènipun tiyang sakawan wau.
Tiyang sakawan lastantun ing lampahipun, dumugi [dumu...]

--- 343 ---

[...gi] ing Japara lajêng sami sowan ing sang prabu angaturakên ing salampah-lampahipun.
Tiyang sakawan nuntên sami mantuk dhatêng pamondhokanipun.

Kala samantên Ki Dipati Martalaya lajêng mirong manahipun. Botên purun sowan-sowan,
sabab sangêt sêngitipun dhatêng tiyang Wêlandi, sang nata dipun aturi sampun ngantos
anganggêp dhatêng tiyang Wêlandi, sabab punika tiyang ngumbara, angalap opah, botên
wande angrisakakên nagari, dene prakawis mêngsah tiyang Makasar tuwin tiyang
Maduntên, Ki Martalaya inggih anyagahi anumpês, botên susah kanthi tiyang Walandi.
Nanging sang nata botên anggêga dhatêng aturipun Ki Martalaya wau. Kala samantên
Amral sampun sumêrêp yèn Dipati Martalaya sangêt ênggènipun sêngit dhatêng tiyang
Wêlandi, Amral lajêng damêl sêrat badhe katur ing sang prabu anyuwun pêjahipun Dipati
Martalaya, Amral nuntên dhatêng pondhokipun Dipati Môndaraka sarta anyukakakên sêrat,
sampun tinampèn sarta winaos. Ki Adipati Môndaraka lajêng wicantên. Tuwan Amral,
muliha bae dhingin, sesuk takpikire karo kancaku bupati, banjur tak matur ing sang prabu,
Amral sampun pamit mantuk. Dipati Môndaraka inggih lajêng pirêmbagan kalihan
prikancanipun para bupati, nuntên sowan ing sang nata, angaturakên ingkang

--- 344 ---

dados panyuwunipun Amral. Sang nata sakalangkung èmêng ing galih, Môndaraka, yèn kaya
mêngkono Si Martalaya timbalana, sira taria yèn dhèwèke wani marang Trunajaya, nuli
konên mangkat ngalurug lan sabalane, anggêpuka mênyang Si Trunajaya, manawa wis
mangkat, banjur misuwurna yèn lolos têka ing bêbarisan kene. Ki Môndaraka lajêng utusan
nimbali Martalaya, nanging botên purun dhatêng, asangadi sakit. Sang nata sakalangkung
duka, nuntên adhêdhawah Ki Dipati Martapura andikakakên mêjahi Ki Dipati Martalaya, Ki
Martapura enggal mangkat dhatêng pondhokanipun Ki Martalaya, sarta angangge
dhuwungipun anama Jaka Tuwa, sadhatêngipun ing ngriku, Martalaya kêpanggih lênggah
wontên ing patilêman sarwi kêmul, ananging sampun angatos-atos, anyandhing dhuwung
lêligan, katindhihan lênggah wontên sangandhaping kalasa, dhuwung wau anama pun
Kasur, Ki Martapura ngadêg sarta wicantên, Martalaya, aku diutus ing sang prabu
andikakake mundhut pati uripmu, Martalaya wangsulanipun sumôngga, Martapura lajêng
anyuduk, Martalaya inggih malês anyuduk. Tiyang kêkalih wau lajêng sami pêjah sampyuh.
Sang nata sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Dene bupati gêgêdhuk ing prang sami
pêjah.

Enjingipun sang prabu miyos sinewaka ngandika

--- 345 ---

dhatêng Ki Dipati Môndaraka, Môndaraka, anake Si Martapura kang jênêng Si Jayapati,


ingsun gêntèkake bapakne, ingsun paringi aran Tumênggung Sujanapura ing Japara, dene
ing Têgal kang ingsun gêntèkake adhine Si Martalaya kang aran Ograyuda, sun paringi aran
Tumênggung Rêksanagara, Si Wija sun angkat bupati ing Pathi, jênênge Tumênggung
Mangunonêng. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Endranata, Endranata, sira
mangkata dhingin lan sabalanira, anggitika mungsuh kang ana ing Rêmbang lan ing Tuban.
Lan sira Amral mangkata dhingin sakancamu mêtua ing laut, anjaga ing Garêsik utawa pulo
Mangare, ing Madura nganglangana, banjura marang Surabaya, sun kanthèni Si
Nrangkusuma, karo Si Ônggawôngsa, Ônggajaya, wong loro iku kang wus wêruh jajahane
ing kono, sabab iku wong têka ing Surabaya, dene ingsun bakal mêtu dharat anjog ing
Tuban, menggok mangidul banjur marang Kadhiri bae. Ingkang sami kadhawahan lajêng
bidhal. Sang prabu inggih lajêng bidhal. Kathahing bala tanpa wilangan, gêgaman awarni-
warni. Wondene ingkang bidhal rumiyin wau Ki Tumênggung Endranata, inggih sampun
campuh prang kalihan tiyang Maduntên kang wontên ing Rêmbang tuwin Tubin. Tiyang
Maduntên sampun larud, sami angumpul dhatêng ing Surabaya.

1. mayitipun. (kembali)

2. tanda cêcak berada di atas aksara ga. (kembali)

3. aparing. (kembali)

4. ngêlambrang. (kembali)

5. anututi. (kembali)

6. andhèrèk. (kembali)

7. ginêlak. (kembali)

8. anjaluka. (kembali)

9. sabalanipun. (kembali)

10. Kraèng. (kembali)

11. kaabdèkakên. (kembali)

12. mènèhi. (kembali)

-- 346 ---

Gêntos kacariyos Trunajaya ing Kadhiri, pinuju sineba ing balanipun. Trunajaya sampun
ingaturan pawartos dhatêng balanipun. Yèn Pangeran Dipati Anom ing Mataram sampun
jumênêng nata wontên ing Têgal sarta amundhut bantu tiyang Kumpêni awarni-warni,
kathahipun kalihèwu, samangke sampun wontên ing Japara, tiyang pasisir suyud sadaya,
malah dêrêsing pawartos sampun bidhal saking Japara, badhe ênggêcak ing Kadhiri.
Trunajaya sarêng mirêng pawartos makatên lajêng gumujêng sarwi angêntrog wêntis.
Nuntên angandika dhatêng balanipun kang sami sowan. Sanajan dikêriga wong ing sabrang
aku môngsa wêdia, pira bobote wong seje bumi anênêka, nagara Mataram kang luwih
gêdhene bêdhah dening Si Dhandhang Wacana bae. Kasaru dhatêngipun tiyang Maduntên
kang baris ing Rêmbang lan ing Tuban angaturi uninga yèn kawon prangipun, gêgaman ing
Matawis sakalangkung agêng, badhe lajêng ing Surabaya tuwin dhatêng ing Kadhiri.
Trunajaya enggal parentah, ambantoni ingkang baris ing Surabaya, ingkang kabantokakên
tiyang môncanagari têtindhihipun Prabu Anom Galengsong kalih Tumênggung Mangkuyuda,
sakalangkung agêng barisipun. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng anata bala sarta
amapanakên mariyêmipun, bandhangan saking ing Matawis anama Nyai Satomi, tuwin
mariyêm sanèsipun [sa...]

--- 347 ---

[...nèsipun] inggih sampun katata, sarta sami angatos- atos.

Kacariyos lampahipun Amral mêdal ing laut, sampun dumugi pulo Mangare, tiyang Kumpêni
lajêng uluk-uluk maryêm, tiyang Maduntên sami gègèr abilulungan. Amral sa-
Kumpêninipun nuntên mêntas dhatêng Surabaya amasanggrahan. Ki Ônggajaya lan Ki
Ônggawôngsa santananipun kathah dhatêng sarta sami ambêkta sasêgah katur ing Tuwan
Amral. Amral sakalangkung suka aningali para santananipun Ki Ônggawôngsa, Ki
Ônggawôngsa lajêng nyuwun pamit sumêja amandungi maryêm wasiyat ing Matawis kang
nama Nyai Satomi wontên panggenaning mêngsah, pamitipun wau inggih sampun dipun
lilani, ing wanci dalu Ki Ônggawôngsa nuntên lumampah dhatêng panggenaning mêngsah,
mariyêm Nyai Satomi sampun kapanggih lajêng kapanggul ijèn, tiyang Maduntên botên
wontên uninga, mariyêm wau sampun kaaturakên dhatêng Amral tuwin Radèn
Nêrangkusuma, Amral sakalangkung eram aningali karosanipun Ki Ônggawôngsa.

Sarêng ing wanci bêdhug tiga Amral parentah anyumêd mariyêm, kasipatakên
panggenaning mêngsah, ungêling mariyêm botên kêndhat-kêndhat. Tiyang Maduntên tuwin
môncanagari sami kagegeran abilulungan. Kathah kang pêjah katiban mimis. Tibaning
mimis dêrês kados jawah,

--- 348 ---

tiyang Maduntên botên kaur mêndhêt gêgamanipun, kasêlak katiban mimis sarta
kaplêsatan risaking griya kang kenging mimis. Ônggawôngsa lan Ônggajaya sami
ambêsmèni griya pondhokaning mêngsah, tiyang Maduntên tuwin môncanagari sangsaya
kuwur, nuntên dhadhal sami lumajêng sadaya, Ki Darmayuda sarta Raja Galengsong inggih
sami lumajêng, sumêja wangsul dhatêng Kadhiri, Darmayuda lajêng awêwadul dhatêng
Trunajaya, yèn Raja Galengsong prangipun rangu-rangu kados badhe malik tingal, mila
tiyang Maduntên kawon prangipun, awit saking punika, Trunajaya sarêng mirêng
sakalangkung duka, Raja Galengsong wau lajêng dipun jak dhatêng kêbon pêpungkuran.
Wontên ing ngriku Galengsong dipun pêjahi, jisimipun kacêmplungakên ing sumur, nuntên
dipun urugi, sabalanipun tiyang Makasar botên wontên sumêrêp.

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, lampahipun sampun dumugi ing Kudus, lajêng
angujung dhatêng ing astana, sarta animbali Panêmbahan Natapraja ing Adilangu, inggih
sampun sowan lajêng kabêkta nglurug. Sang prabu ing samargi-margi tansah prang kalihan
tiyang Maduntên. Kala samantên Sang Dipati Môndaraka anandhang sakit dados ing
pêjahipun. Sang nata sakalangkung ngungun. Jisimipun sampun kapêndhêm wontên ing
margi, sang nata lajêng ing lampahipun, sampun dumugi talatah ing Kadhiri,

--- 349 ---

amasanggrahan wontên ing dhusun Singkal. Ing ngriku wontên ajar dhatêng saking ing
gunung Kêlud, anama ajar Tejalaku, ambêkta cantrik kawandasa, sami angangge kudhi
têrantang, sadhatêngipun ing pasanggrahan lajêng sami ngamuk pinuju pondhokipun Ki
Dipati Urawan. Balanipun Ki Urawan sami anadhahi, cantrik kawandasa sampun pêjah
sadaya, kantun ki ajar piyambak, ngadêg sarwi malang kêrik, dipun sanjatani botên
kenging, dipun waosi inggih botên kenging, nuntên sang prabu têdhak piyambak amandhi
waos Kyai Baru, sarwi angandika, bocah ingsun, padha sumingkira kabèh, ingsun dhewe
kang mapagake, sabab iku sêjane têka ing gunung, supaya ingsun ruwata, sang prabu
lajêng amaos dhatêng kyai ajar, jaja trus ing gigir ki ajar sampun pêjah, bathangipun
sirna. Sang nata lajêng kondur pinarak ing pasanggrahan, nuntên utusan dhatêng Surabaya,
animbali Amral sa-Kumpêninipun sarta Radèn Nêrangkusuma. Utusan enggal lumampah,
sampun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Amral. Amral inggih lajêng mangkat sarta
Radèn Nêrangkusuma, dene ingkang kapatah têngga ing Surabaya amung para umbul
kemawon. Lampahipun sampun dumugi ing pasanggrahan ing Singkal, lajêng sowan ing
sang prabu, Amral ngaturakên pawartos kalanipun prang wontên ing Surabaya,

--- 350 ---

sarta angaturakên Ki Ônggawôngsa ênggènipun mandungi mariyêm Nyai Satomi, sang nata
mirêng pawartosipun Amral sakalangkung suka, sang prabu gêntos amaringi pawartos
dhatêng Amral, yèn Ki Môndaraka pêjah, Amral sangêt ngungun. Sang nata ngandika malih
dhatêng Amral sarta para dipati sadaya, Amral utawi bocah ingsun kabèh, ing mêngko
karsaningsun Si Nrangkusuma sun gawe pêpatih anggêntenana Si Môndaraka, lan Si
Ônggawôngsa sun gawe bupati ing Surabaya, sun paringi jênêng Tumênggung Jangrana,
Amral inggih jumurung ing karsanipun sang nata, nuntên sami bibar amasanggrahan.

Enjingipun sang nata parentah bidhal, badhe anggêbag ing Kadhiri, kathahing bala tanpa
wilangan. Ingkang dados cucuking baris para bupati, bala Kumpêni wontên ing ngarsanipun
sang prabu cakêt.

Kacariyos Trunajaya kang wontên ing Kadhiri, botên pisan-pisan yèn èngêta ing jangjinipun
utawa samêja anungkul. Malah badhe amêthuk prang, Trunajaya sampun parentah anata
bala, sarta amatah kang pancèn wontên ing ngajêng tuwin ing wingking punapa dene ing
kiwa têngênipun. Sarêng sampun rakit lajêng bidhal saking kitha lan sabalanipun,
andalêdêg kados toya mêdal saking rong, abaris sawetaning bangawan palabuhan.
Trunajaya lênggah sapinggiring bangawan sarta pinayungan [pina...]

--- 351 ---

[...yungan] kinubêng ing prajurit anama tiyang sêsêliran, kathahipun sèwu wolung atus,
sami asikêp waos tuwin sanjata, sarta sampun sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman
ing Mangkuratan dhatêng wontên sakilèning banawi, agamêng kados mêndhung utawi
ambalabar kados toya, angêbêki ara-ara tuwin wana, sampun sawang-sinawang kalihan
mêngsah, Amral nuntên matur ing sang prabu, sinuhun, banawi punika prayogi kadamêlna
sasak. Sabab toyanipun sakalangkung lêbêt sarta wiyar, botên kenging dipun sabrangi, sang
nata enggal parentah adamêl sasak, balanipun para bupati inggih enggal sami tumandang.
Trunajaya sarêng sumêrêp lajêng sêsumbar saking sawetaning banawi cakêt. Hèh wong
Mataram, payo majua, yèn wong prang ngêntèni sasak, iku dudu trahing prawira, Raja
Mataram iku dakupamakake têngu, pucukane manèh yèn lêgia, sanajan bongkote ing biyèn
ya adhêm bae, sabab raja trahing wong têtanèn, angur macula bae bari angona sapi,
amêsthi seje lan Trunajaya, aku trahing prajurit kang luwih digdaya, kang aran Jaran
Panolèh iku kang nurunake aku, wis misuwur ing kêndêl sarta digdayane. Sang prabu
sampun ingaturan uninga, yèn Trunajaya taksih sêsumbar, sang nata sakalangkung duka,
lajêng nitih kuda sumêja majêng ing prang,

--- 352 ---


para bupati lan sabalanipun enggal majêng anggêbyur banawi, Amral angabani
Kumpêninipun angrutug ing sanjata, nanging mimisipun botên dumugi sawetan banawi
andhawahi kancanipun piyambak, kathah kang sami kenging ing mimis. Ki Tumênggung
Endranata enggal mêntas saking toya lajêng anyandhak tanganipun Amral sarwi wicantên.
Amral, kowe iki mungsuh apa kônca, dene mimismu oleh kancaku dhewe, Amral lajêng
angrêrêpa, sabab botên sumêrêp, yèn mimisipun cupêt. Endranata sampun wangsul
anggêbyur banawi sarta para dipati sabalanipun sumêja ngrangsang mêngsah, bala
Maduntên sakeca ênggènipun anadhahi saking sapinggiring toya, bala Mangkuratan kathah
kang pêjah dening toya tuwin dening gêgaman. Sang nata sarêng aningali balanipun kathah
pêjah, lajêng nyamêthi kuda tumut anggêbyur ing banawi, kala samantên bangawan
palabuhan toyanipun lajêng ical kang kalih duman sami sakal. Sarta lajêng kenging dipun
sabrangi, bala Mangkuratan sampun sami nyabrang sadaya, lajêng campuh prang rame,
bala Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah,
Mangkuyuda ing Sampang sarta Dhandhang Wacana sampun pêjah dening Mangkuyuda ing
Kêdhu, bala Maduntên kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi biting sarta inêp kori,
bala Mangkuratan anglud. Korining bètèng [bè...]

--- 353 ---

[...tèng] sampun jêbol dipun dhupak dhatêng Mangkuyuda ing Kêdhu, lajêng katadhahan
apêrang kalihan Darmayuda ing Sampang, sampun sami pêjah sampyuh wontên ing kori
kalih pisan. Bala Kumpêni sarta para bupati sabalanipun sampun sami lumêbêt ing bètèng,
tiyang Maduntên tuwin Makasar sampun sami lumajêng, Trunajaya sagarwaputranipun
lumajêng angungsi ing rêdi Antang, balanipun amung sakêdhik kang tumut dhatêng
sapucaking rêdi, Sang Prabu Mangkurat lajêng rêrêp wontên ing biting ngriku kalih dalu,
kala bêdhahe kitha ing Kadhiri sinêngkalan 1601.

Sang prabu lajêng bidhal lan sabalanipun nêlasah palajêngipun Trunajaya, lampahipun
sampun dumugi ing Payak sangandhaping rêdi Antang, amasanggrahan wontên ing ngriku,
sang nata lajêng parentah angêpung rêdi Antang sarta parentah dhatêng Ki Tumênggung
Jangrana, andikakakên ngubrês tiyang Makasar, kang sami ngungsi ing rêdi Sampura, lan Ki
Ônggajaya andikakakên nanêm bupati wontên ing Pasuruan, sarta andikakakên nimbali Ki
Dipati Cakraningrat kang wontên satêngahe wana Lodhaya, Ki Jangrana wau kêkanthenan
tiyang Kumpêni sabrêgada, Ki Jangrana lan sabalanipun sarta Kumpêninipun sabrêgada
lajêng bidhal.

Kacariyos Ki Cakraningrat kang dados sêsakitan wontên ing Lodhaya, awit saking
pandamêlipun Trunajaya,

--- 354 ---

mila botên dipun pêjahi, sabab punika pamanipun. Panêjanipun Truna ingkang paman wau
supados pêjaha dening dubriksa,[1] nanging Cakraningrat taksih wilujêng, kala samantên
sampun midhangêt pawartos, yèn Trunajaya sampun kawon prangipun dening Sang Prabu
Mangkurat. Cakraningrat lajêng dandos lan saanakbojonipun, sumêja sowan ing sang
prabu, nuntên mangkat saking wana Lodhaya, wontên ing margi kêpêthuk kalihan Ki
Tumênggung Jangrana, lajêng sami rêrangkulan. Ki Jangrana sanjang, yèn andikakakên
nimbali piyambakipun. Nuntên sami mangkat ungkur-ungkuran. Ki Tumênggung Jangrana
lajêng dhatêng ing rêdi Sampura, nanging tiyang Makasar kang sami wontên ing ngriku
sampun sami kesah dhatêng ing Bali, Ki Jangrana lajêng dhatêng Pasuruan, anêtêpakên Ki
Ônggajaya dados bupati ing ngriku, tiyang Pasuruan inggih botên wontên tiyang kang
suwala, Ki Jangrana tumuntên wangsul dhatêng pasanggrahan ing Payak. Dene Ki
Cakraningrat wau inggih sampun sowan ing sang prabu, lajêng ngabêkti sarta anangis. Sang
nata alon angandika, adhi, wis aja nangis, ing mêngko nagara ing Sampang sun paringakên
ing sira manèh, nanging sira sun paringi pagawean, bujukên Si Trunajaya ana ing gunung
Antang, poma dikêna, Cakraningrat matur sandika lajêng mangkat. Kala samantên tiyang
Maduntên tuwin tiyang ing Sampang sampun kathah kang sami nungkul dhatêng Ki
Cakraningrat. [Cakraningra...]

--- 355 ---

[...t.] Dados Ki Cakraningrat wau samangke sampun kathah balanipun.

Kacariyos Trunajaya kang wontên sapucaking rêdi Antang kalihan para garwanipun.
Garwanipun Trunajaya punika putri ing Matawis, ingkang rayi dening Sang Prabu
Mangkurat, anama Radèn Ayu Kalêting Wungu kalihan Kalêting Kuning, kala bêdhahipun
nagari Matawis putri kêkalih wau punika kantun wontên ing kadhaton, lajêng dipun boyong
dhatêng tiyang Maduntên, kaaturakên ing Trunajaya kadamêl garwa, ingkang sampun
kagarwa dhatêng Trunajaya ingkang sêpuh, kang anama Radèn Ayu Kalêting Wungu, dene
ingkang anèm kang nama Kalêting Kuning, pangangkahipun Trunajaya badhe kawayuh sami
sadulur, nanging putri lumuh sangêt, dipun pilalah pêjah, kala samantên sang putri tansah
anangis, sabab sampun kawandasa dintên botên dhahar sêkul lan botên ngunjuk toya,
sarta sami anênutuh ing solahipun Trunajaya kang sampun kalampahan. Dene botên
rumaos yèn tiyang alit, amêksa kêdah jumênêng nata, ing mangke anêmahi papa.
Trunajaya inggih lajêng rumaos ing kalêpatanipun, angrêrêpa dhatêng garwanipun. Sang
putri wicantên malih, yèn dika êmpun rumôngsa luput, dawêg padha seba ing sang prabu
anyuwun pangapura, lan kira kula kakang prabu botên kolu matèni marang dika, amêsthi

--- 356 ---

wêlas marang kula, yèn dika botên gêlêm, kula bakal sowan dhewe. Trunajaya sarêng
mirêng wicantêne kang garwa lajêng tumut anangis sarta wicantên. Nimas, aku ya nurut
marang karêpmu, nanging kowe sebaa dhingin. Ngaturna pati uripku, sarta aku suwuna
pangapura, dene aku ya tumuli nusul. Nuntên kasaru wontên tiyang Madura dhatêng sarta
êmbêkta sêrat, utusanipun Ki Cakraningrat. Sêrat sampun tinampèn sarta winaos dhatêng
Trunajaya, suraosing sêrat animbali dhatêng Trunajaya, wondene kalêpatanipun dhatêng
sang prabu, Ki Cakraningrat sagah anyuwunakên pangapuntên, utawi yèn ngantosa
kapêjahan inggih Cakraningrat ingkang ananggêl. Trunajaya sasampuning maos sêrat
sakalangkung suka manahipun, angraos yèn awèt gêsang, nuntên kang garwa dipun kèn
mudhun rumiyin, katitihakên ing tandhu, kairingakên tiyang Maduntên abdinipun Ki
Cakraningrat nêmbêlas, abdinipun piyambak sampun têlas minggat sadaya, sang putri
sampun tumurun saking rêdi, bala kang sami ngêpung kagèt sadaya aningali tandhu
mudhun saking nginggiling rêdi, dangu-dangu sami sumêrêp yèn Radèn Ayu Trunajaya,
lajêng sami dipun tonton kemawon. Ki Cakraningrat inggih tumut andhèrèkakên sang putri,
sampun dumugi ing pasanggrahan, sang putri lajêng ngabêkti ing sang prabu sarta anangis.
Akathah-kathah

--- 357 ---

sêsambatipun, sang nata alon angandika, yayi, wis aja nangis, amupusa yèn wis takdiring
Allah ing lêlakonmu iku, balikan bojomu samêngko ana ngêndi, sarta kapriye kang dadi
kaniyatane, kowe bêlakaa bae. Sang putri matur, kakang prabu, rayi dalêm taksih wontên
sanginggiling rêdi, kula punika inggih dipun kèngkèn angaturakên tobat, solahipun kang
sampun kalampahan, mugi panjênêngan dalêm apuntêna, sêmangke inggih taksih
angêntosi têrangipun dhawah dalêm. Sang nata lajêng angandika dhatêng Ki Cakraningrat.
Adhi Cakraningrat, sira munggaha ing gunung, papagên Si Trunajaya, môngsa bodhoa sira,
Cakraningrat matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun lan Ki Tumênggung Suranata,
sampun dumugi ing sukuning rêdi, lajêng utusan manginggil, sampun kêpanggih kalihan
Trunajaya, utusan matur, yèn ingkang paman sampun wontên ngandhap angêntosi
piyambakipun. Trunajaya enggal tumurun saking rêdi sarta panakawanipun tiyang pitung
dasa, sami barundhulan sadaya, gêgamanipun sami dipun bongkoki, kagotong wontên ing
ngajêng, sadhatêngipun wontên sangandhaping rêdi, kêpanggih kalihan Ki Cakraningrat.
Trunajaya lajêng ngabêkti dhatêng ingkang paman. Ingkang paman nuntên angrangkul ing
jangganipun ingkang putra sarwi ngandika, thole, sarèhning [sa...]

--- 358 ---

[...rèhning] kowe mêntas kasoran ing prang, ing mêngko kowe sumêja bêkti ing ratu, bêcik
nganggoa pratôndha, yèn kowe wis kalah prang, katona ing katêmênamu. Cakraningrat
sarwi angêjèpi balanipun. Trunajaya lajêng dipun tubruk, sampun binônda ing cindhe
kalihan êmbanipun satunggil anama Sêcagora inggih sampun binônda, Trunajaya tuwin
Sêcagora botên sumêja polah, anurut kemawon. Cakraningrat angandika dhatêng
Trunajaya, thole, aja kuwatir atimu, yèn ana dêdukane sang prabu marang kowe, aku kang
amalangi, Trunajaya matur, paman kula, sumôngga ingkang dados karsa sampeyan,
môngsa amriha ing awon kula.

Ki Cakraningrat lajêng bidhal saking ing ngriku sarta ambêkta Trunajaya, nuntên
angrumiyinakên utusun, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Trunajaya sampun kabêkta
babêstan. Sang nata sarêng mirêng sakalangkung suka, nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng
abdi èstri, andikakakên angarih-arih dhatêng Radèn Ayu Trunajaya, sarta kabêktaa
sumingkir saking dalêm ing pasanggrahan, pawongan matur sandika. Sang nata nuntên
parentah dhatêng Amral tuwin para bupati, andikakakên sami baris ngurung-urung margi,
angurmatana ing dhatêngipun Trunajaya, balanipun para bupati tuwin bala Kumpêni inggih

--- 359 ---

sampun sami baris urut lêlurung. Trunajaya tumuntên dhatêng, lajêng dipun urmati
ungêling sanjata sarta mariyêm ambal-ambalan. Gamêlan sarta tambur kados angarak
pangantèn. Trunajaya apucat[2] ulatipun, ing batos sangêt ênggènipun kaduwung, katawis
ing netra. Sadhatêngipun ing ngajêngan alênggah tumungkul. Sang prabu angandika, adhi
Trunajaya, bagea satêkamu, ênggonira lungguh dikapara maju, Trunajaya nyêmbah
aturipun nuhun. Sang nata ngandika malih, adhi Trunajaya, ujar ingsun luwarana,
sarèhning ingsun ora duwe ujar loro, ya ing saiki ya ing biyèn padha bae, dene
jangjiningsun ing biyèn, ing samangsane wis arjaning jaman, ingsun ing jêro sira ing jaba,
ingsun darma bae jumênêng nata, bang-bang alum-aluming tanah Jawa kabèh sira kang
anguwasani, ing mêngko paparentahan ing tanah Jawa sira tampanana, môngsa bodhoa
sira, supaya luwara punaginingsun. Trunajaya botên purun tampi, pangandikanipun sang
prabu ngantos ambal kaping tiga, nanging Trunajaya inggih botên purun tampi, akèndêl
kemawon. Pangeran Silarong wicantên. Trunajaya, genea kowe anampik ing sihe sang
prabu, yèn kowe trahing wong prawira amêsthi anampani, kajaba yèn kowe trahing wong
kumpra iku ora gêlêm anampani, [anampa...]

--- 360 ---

[...ni,] lan ing ngêndi ana wong bêcik cidra ing jangji, Trunajaya nyêmbah lajêng
anampèni ing pasrahipun sang prabu, sang nata angandika malih dhatêng para bupati
sadaya, bocah bupati kabèh, padha anêksenana yèn ing punaginingsun wus luwar, ing
tanah Jawa wis katampan marang Si adhi Trunajaya. Sang nata lajêng angandika dhatêng
Trunajaya, punaginingsun kèri siji, ing mêngko sira luwarana, kalane ingsun ana ing nagara
Têgal, ingsun duwe punagi, kris ingsun Kyai Bêlabar iki ora ingsun salini wrôngka, yèn
durung ingsun wrangkakake ing jajanira. Para bupati sarêng mirêng timbalanipun sang
prabu anggraita sadaya, Trunajaya lajêng dipun dhêdhabyang, kacaosakên ing ngarsane
sang prabu cakêt. Sang nata enggal têdhak saking ing dhêdhampar sarta anarik
wangkingan, lajêng anyuduk dhatêng Trunajaya jaja têrus ing gigir, rahipun sumêmbur,
para bupati lajêng sami tumut ngarocok ing dhuwung, tuwin para abdi kang sami cakêt
anggènipun linggih, jisimipun Trunajaya sampun ajur rontang-ranting. Sang nata ngandika
dhatêng para dipati, bocah ingsun bupati, padha mangana atine Si Trunajaya kabèh, para
bupati enggal sami angêdum ati, kaduman nyakuku, lajêng sami dipun untal. Sang nata
akèn andangu dhatêng êmbanipun Trunajaya, kang nama Sêcagora, mênggah Panêmbahan
Kajoran sêmangke wontên ing pundi, atur wangsulanipun [wangsulanipu...]

--- 361 ---

[...n] Sêcagora, Panêmbahan Kajoran kesah dhatêng sonya sirna, Ki Sêcagora wau kêdah
tumut pêjah ing gustinipun, inggih sampun pinêjahan. Anuntên Ki Tumênggung Jangrana
kalihan Tumênggung Ônggajaya dhatêng saking Pasuruan, inggih lajêng kadhawahan tumut
nyuduki, priyantun kêkalih wau inggih enggal anyuduki bathang ing sakantunipun, sarta
sami awêwadhak gêtih, sirahipun Trunajaya sampun kakêthok, sinandhing lênggah wontên
sangandhaping dhampar, sang nata kondur amasanggrahan, sirahipun Trunajaya inggih
binêkta, sawarninipun abdi èstri kang badhe sami tilêm ing dalu, andikakakên sami
kêkesad[3] ing sirahipun Trunajaya, sarêng enjing sirah wau lajêng andikakakên dhêplok ing
lumpang, inggih sampun ajur. Radèn Ayu Trunajaya sarêng sumêrêp ingkang raka pêjah,
sangêt anggènipun muwun, angundhat-undhat ing sang prabu, dene Trunajaya sampun
tobat têka pinêjahan. Sang nata lajêng angrêrapu dhatêng ingkang rayi, sarta sagah badhe
amaringi lintunipun. Radèn Ayu Trunajaya sampun amiturut dhatêng ingkang raka sang
prabu.

Ing wanci enjing sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah anakipun Ki Mangkuyuda ing
Kêdhu, kang nama Ki Lêmbu lan Ki Buwang, Ki Lêmbu kadadosakên bupati ing Kêdhu,
kaparingan nama Tumênggung Mangkuyuda, Ki Buwang dados sisihipun [si...]

--- 362 ---

[...sihipun] kaparingan nama Tumênggung Natayuda, sang nata lajêng parentah badhe
bidhal dhatêng ing Surabaya, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal lan sabala sadaya,
sarawuhipun ing Surabaya lajêng amasanggrahan. Sarta angujung dhatêng ing astana
Ngampèl. Pangeran ing Lamongan kagêmpalakên siti sèwu ing Surabaya dados ing
lênggahipun.

Sang nata nuntên adhêdhawah dhatêng Radèn Mangunjaya, kautus dhatêng ing Giri
anyuwun idi ênggènipun jumênêng nata dhatêng sang pandhita sarta nyuwun dhuwung
wasiyat ing Giri, kang nama Kyai Kalam Munyêng, Radèn Mangunjaya enggal lumampah,
sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, andhawuhakên timbalan saha ing
pamundhutipun sang prabu, sang pandhita lajêng pitakèn. Mangunjaya, kang jênêng Sunan
Mangkurat iku sapa, apa trah Mataram apa dudu, pawartane wong akèh anake Amral. Iku
apa nyata, yèn dhasar trah Mataram ya dakidini ênggone jumênêng nata, yèn nyata anake
Amral turuning wong sabrang, aku ora gêlêm angidini. Mangunjaya matur, sang pandhita,
makatên punika kula botên sumêrêp. Sayêktosipun kula punika kèlu ing tiyang kathah
kemawon. Dene priyayi Matawis kathah kang sami suwita, mênggah ing pawartosipun
inggih yêktos tiyang saking sabrang, dipun êmbani dhatêng Amral. Panêmbahan ing Giri
ngandika, yèn mêngkono, Mangunjaya, kowe wis muliha [muli...]

--- 363 ---

[...ha] bae, aku suthik seba ing ratumu, angidini aku ya ora gêlêm. Krisku dijaluk aku ora
awèh. Radèn Mangunjaya lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Surabaya sampun katur
ing sang prabu, punapa ing sawicantênipun sang pandhita. Sang nata mirêng aturipun
Radèn Mangunjaya sakalangkung duka, lajêng angundhangi bala sumêja nglurug dhatêng
ing Giri, lampahing baris sampun dumugi ing Giri, lajêng campuh prang, tiyang ing Giri
watawis kawan atus, sampun tumpês sadaya, nuntên wontên santana ing Giri nama Radèn
Singasari sakalangkung têguh, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, dipun sanjatani sarta dipun
waosi botên pasah, Panêmbahan Natapraja ing Adilangu enggal amêthukakên
pangamukipun Radèn Singasari, Radèn Singasari sampun kawaos, kenging jajanipun têrus
ing gigir lajêng pêjah, wajanipun taksih ngawêt ing lathi, sarta astanipun taksih anggêgêm
ukiraning dhuwung, dipun wêngkang botên kenging, kang sami aningali eram sadaya,
Amral agèdhèk-gèdhèk. Sang pandhita sampun kacêpêng, lajêng dipun lawe sampun pêjah,
rajabrananipun sampun karayahan tuwin dhuwung Kyai Kalam Munyêng, sarta putranipun
èstri sang pandhita kapundhut ing sang prabu kadamêl garwa, sang nata lajêng
masanggrahan wontên ing Garêsik. Radèn Mangunjaya kajunjung lênggah bupati ing
Sumênêp. Kapatêdhan nama Pangeran Cakranagara.

--- 364 ---

Enjingipun sang prabu nuntên bidhal, sumêja dhatêng ing Samawis mêdal ing Garobogan.
Lampahing bala angêbêki lêlurung tuwin ara-ara, sampun dumugi ing Samawis lajêng
masanggrahan.

Kacariyos wontên tiyang ing Samawis anama Ki Buyut Kalaweyan agadhah anak jalêr
satunggil anama Martanaya, punika ing nalikanipun sang prabu mangkat saking Têgal
badhe dhatêng Japara mêdal ing laut. Ki Buyut Kalaweyan asêsêgah wowohan warni-warni,
wontên ing laut sang nata pinuju kasatan, lajêng adhahar wowohan sêsêgah wau, sang
prabu ênggènipun dhahar rumaos nikmat sangêt. Lajêng adhêdhawah dhatêng kyai buyut.
Yèn sang prabu ing benjing sampun unggul prangipun, ki buyut kadhawahan sowan malih,
ing sarawuhipun sang prabu wontên ing Samawis punika, ki buyut sarta anakipun inggih
sampun sowan. Lan ambêkta sêsêgah wowohan. Sang nata sarêng aningali ing ki buyut
lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, padha anêksenana, yèn anake
ki buyut kang jênêng Si Martanaya ing samêngko sun gawe bupati ing Samarang, ingsun
paring jênêng Mas Rôngga Yudanagara, para bupati sami saurpêksi sadaya, ki buyut sarta
anakipun lajêng sami sujud ing siti, sangêt bingahing manahipun atampi ganjaran.

--- 365 ---

Sang nata nuntên pirêmbagan ngupados papan, badhe kadamêl kadhaton. Para dipati sami
matur, prayogi ing Tingkir, wontên ingkang mrayogèkakên ing Logêndèr, sang nata dèrèng
karsa, Ki Dipati Urawan nuntên matur, gusti, prayogi ing Wanakarta kadamêla kadhaton.
Sitinipun radin lan jêmbar polatan. Kalih dene kula angaturi cariyos ing panjênêngan
dalêm, kala swargi eyang dalêm Kangjêng Pangeran Pêkik ing Surabaya, punika katimbalan
dhatêng ing Matawis. Lampahipun wontên ing margi asipêng ing dhusun Butuh, ing dalu
sare andêdagan wontên ing astana, lajêng mirêng swara, ujaring swara, thole Pêkik,
wêruhanamu besuk yèn bêdhah nagara Mataram, putumu bakal jumênêng nata, kadhaton
ing Wanakarta sakuloning Pajang. Sang prabu sarêng mirêng kojahipun Ki Urawan
sakalangkung suka ing galih, kapanujon kalihan karsanipun. Lajêng angandika dhatêng
Radèn Dipati Nrangkusuma, Nrangkusuma, sira mangkata ing Wanakarta, alase padha
babatana, nuli dokokana omah rekanên kadhaton. Ingsun ya tumuli nusul marang sira.
Nrangkusuma aturipun sandika lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi ing
Wanakarta, nuntên binabadan rineka sampun totra[4] kadhaton. Sang prabu inggih sampun
bidhal saking Matawis, lan sabala sadaya tuwin Amral sa-Kumpêninipun. [sa-Kumpêni...]

--- 366 ---

[...nipun.] Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajêng angadhaton
pinuju ing dintên Rêbo Pon, tanggal kaping 27 wulan Ruwah ing taun Alip, ôngka 1603. Ing
Wanakarta kaêlih namanipun. Kanamakakên nagari ing Kartasura Adiningrat.

Sang nata lajêng utusan sarta mawi sêrat, animbali ingkang rayi Kangjêng Susuhunan ing
Ngalaga kang angadhaton ing Palèrèd. Utusan lajêng mangkat agêgancangan.

Kacariyos Sang Prabu Ngalaga, enjing panuju miyos sinewaka, bala ing Matawis pêpak
sowan sadaya, Ki Dipati Arya Môndhalika matur, sinuhun, kula mirêng pawartos, yèn raka
dalêm Kangjêng Pangeran Dipati Anom samangke sampun jumênêng nata abêbala tiyang
sabrang warni-warni, malah pun Trunajaya samangke sampun pêjah, amargi kagêbag ing
prang ing raka dalêm. Nanging wontên ingkang amastani yèn anakipun Amral, pinindha-
pindha raka dalêm. Supados tiyang satanah Jawi suyuda sadaya. Sang nata angandika, apa
pratandhane yèn kang jênêng Sunan Mangkurat iku dudu kangmas. Môndhalika matur,
dedenipun dene sabên dintên angagêm cara Wêlandi, sarta rintên dalu inggih botên pisah
kalihan Kumpêni, nanging tiyang ing kadospatèn rumiyin inggih taksih ngabdi ing Sang
Prabu Mangkurat. Punika [Puni...]

--- 367 ---

[...ka] ingkang anelakakên, yèn yêktosipun raka dalêm. Sang Prabu Ngalaga sarêng mirêng
sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun
kabèh, dipadha angati-ati, padha ambêcikana gêgamaning prang, karo dene Sunan
Mangkurat iku ingsun kira dudu kangmas. Sabab kangmas wis lunga khaji marang ing
Mêngkah, sanajan nyataa kakang mas ingsun ya ora lila jumênêng nata amêngku ing tanah
Jawa kabèh, krana dene anganthi marang wong kapir, amêsthi bakal agawe rusaking wong
tanah Jawa kabèh. Para abdi sadaya asaur pêksi. Sawêg eca imbal wacana, kasaru
dhatêngipun utusan saking Kartasura, sarta mawi sêrat. Sampun tinampèn lajêng winaos,
suraosing sêrat Sang Prabu Mangkurat animbali Sang Prabu Ngalaga, sabab lami botên
pinanggih, sangêt ing kangênipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên ngandika dhatêng utusan.
Kongkonan, sira mulia, prakara ênggon ingsun ditimbali dakpikire dhisik. Utusan inggih
lajêng pamit mantuk dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu Ngalaga taksih pirêmbagan lan
para nayakanipun. Sang nata angandika, bocah bupati kabèh, kapriye kang padha dadi
pirêmbugira, sarèhning ingsun ditimbali marang ing Kartasura, apa ingsun tumuli seba apa
ora. Arya Môndhalika matur, gusti, raosipun ing manah kula botên sakeca, [sake...]

--- 368 ---

[...ca,] bilih saking guna-gunaning Kumpêni adamêl reka, tiyang sabrang kaawadakên raka
dalêm. Pangeran Natakusuma sumambung matur, sinuhun, prayogi tumuntêna sowan,
mokal yèn punika dedea raka dalêm. Sabab tiyang pasisir sampun puyud[5] sadaya, kalih
dene abdinipun raka dalêm ingkang lami-lami samangke inggih taksih sami ngabdi sadaya,
punika pratandhanipun yèn yêktos raka dalêm. Arya Môndhalika wicantên. Ah punika botên
makatên, sabab Sunan Mangkurat punika awarni Wêlandi, rak saking sagêdipun tiyang
Kumpêni, supados tiyang Jawi suyud sadaya. Para bupati sadaya iyêg, sami ambiyantoni
aturipun Arya Môndhalika, sang prabu sangsaya èmêng ing galihipun. Dene para bupati
sami pradongdi ing rêmbug. Anuntên ngandika dhatêng Pangeran Natakusuma, paman
Natakusuma, jêngandika dhatênga ing Kartasura, amaspadakna ing warninipun Prabu
Mangkurat. Punapa sayêktos kakang mas punapa dede, lan Si Natabrata dika bêkta,
anglugasa raga kemawon. Pangeran Natakusuma lan Pangeran Natabrata matur sandika
lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Kartasura.

Sang Prabu Mangkurat pinuju miyos sinewaka, andangu abdinipun kang kautus saking
Matawis. Utusan wau inggih sampun matur ing sawawêlingipun ingkang rayi, Sang

--- 369 ---

Prabu Mangkurat sarêng mirêng aturipun ingkang abdi, sakalangkung ngungun. Kasaru
dhatêngipun Pangeran Natakusuma lan Natabrata, lajêng sami sowan ing ngarsanipun sang
prabu, sang nata sakalangkung kagèt, sarta ngandika, lo paman Natakusuma lan Si
Natabrata padha têka, sokur paman jêngandika taksih wilujêng, punapa putra dika adhi
mas sami wilujêng, lan punapa dika ingutus adhi mas. Pangeran Natakusuma matur,
sinuhun, kula punika dipun utus ing rayi dalêm, sabab Panjênêngan dalêm punika
kawartos, yèn anakipun Amral. Mila rayi dalêm botên purun sowan. Sang Prabu Mangkurat
sarêng mirêng nuntên gumujêng sarwi angandika, yèn mêngkotên paman, prayogi
tumuntên dika wangsul dhatêng ing Matawis, dika matur yèn sayêktos kula kang jumênêng
nata, adhi mas dika aturi enggal mriki, kula sêlak kangên. Pangeran Natakusuma matur
sandika, lajêng wicantên dhatêng Pangeran Natabrata, Natabrata, enak kowe bae muliha,
matura ing sang prabu yèn nyata ingkang raka kang jumênêng nata, poma aturmu sing
têrang, dene aku suthik mulih, sabab sang prabu môngsa wurunga mrene, aku mundhak
wira-wiri. Pangeran Natabrata matur sandika, lajêng mangkat, sampun dumugi ing
Matawis. Sang Prabu Ngalaga pinarak ing sitiinggil, ingadhêp balanipun sadaya, Natabrata
inggih lajêng sowan. Nanging sampun [sa...]

--- 370 ---

[...mpun] dilalah kala samantên Pangeran Nata adamêl dora cara, aturipun. Gusti kula
inggih sampun amaspaosakên ing warninipun Sang Prabu Mangkurat, nanging kêdhik
iribipun raka dalêm, kados sayêktos anakipun Amral. Dene pun paman Natakusuma botên
purun mantuk, lajêng suwita ing raja Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng sangsaya putêk
ing galih, Ki Môndhalika matur saha sêmbah, gusti, kadospundi ingkang dados karsa dalêm.
Yên mênggah pamanah kula prayogi botên sowan. Sabab panjênêngan dalêm sampun
jumênêng nata, yèn têluka tanpa karana dados ngisin-isini ing tiyang kathah, kalih dene
nama dalêm susunan amêsthi badhe ical. Panjênêngan dalêm amêsthi badhe nama
pangeran kemawon. Punapa malih prikônca kula para bupati saèstu badhe ical namaning
bupati, botên wande sami dados tiyang alit sadaya, saupami prikônca kula bupati yèn
ngantosa ical namanipun, sami dipun pilalah pêjah prang kalihan tiyang Kumpêni. Para
dipati inggih lajêng sami iyêg. Ambiyantoni aturipun Ki Môndhalika. Sang Prabu Ngalaga
sarêng karoban ing pabangusipun para bupati, lajêng madêg suraning galih, krondhanipun
andhatêngi, anuntên parentah angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sumêja
anggêpuk ing Kartasura. [Karta...]

--- 371 ---


[...sura.]

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn
ingkang rayi ing Mataram saèstu mogok. Sampun angrakit gêgamaning prang, awit kenging
pambangusing abdinipun para bupati, Sang Prabu Mangkurat sakalangkung ngungun. Lajêng
parentah angrakit gêgaman dhatêng Amral tuwin dhatêng para bupati, sang prabu badhe
tindak piyambak. Bala ing Kartasura sampun sami ngalêmpak. Bala Kumpêni abaris ing
alun-alun. Tamburipun tansah brang-brangan. Bala pasisir tuwin môncanagari angêbêki
lêlurung. Dene Sang Prabu Mangkurat inggih sampun angrasuk busana cara Wêlandi
akêkaos lan sêpatu, alancingan panji- panji, rêrasukanipun lapis tiga, bêlah ing jaja
baludru rinenda mas. Angagêm badhong mas susun tiga, tinarètès ing sêsotya, sarta
angagêm karêpus. Têpiyonipun sigar jangkang, tinatrapan ing mas jingga, anyuriga
pêdhang usar, binêrayut ing renda mas. Sang Prabu Mangkurat yèn dipun sawang kados
gurnadur jendral angêjawi, sang nata nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala awor
swaraning tambur tuwin salomprètipun tiyang Kumpêni, sang nata nitih turôngga,
binusanan cara Wêlandi, lampahipun dumugi ing dhusun Malinjon, amasanggrahan wontên
ing ngriku, dene pangajênge ing baris sampun [sa...]

--- 372 ---

[...mpun] dumugi ing Taji tuwin ing Parambanan.

Wondene Sang Prabu ing Ngalaga inggih sampun ingaturan pariksa, yèn gêgaman ing
Kartasura dhatêng, pangajênging baris sampun nocok ing Taji, kathahing bala tanpa
wilangan. Sang Prabu Ngalaga nuntên parentah ambudhalakên gêgaman. Kang dados
têtindhihipun bala ing ngajêng Arya Môndhalika, kalih Tumênggung Gajah Pramoda, sang
nata anindhihi bala ing wingking sarta nitih kuda, sang prabu dhasar bagus dêdêgipun
pidêgsa, karêngga dening busana, kala samantên sang nata sawêg yuswa tigang dasa taun,
mêmpêng ing kakêndêlan. Lampahipun sampun dumugi ing Kaliajir, pangajênging baris
sampun campuh ing prang wontên ing Kalibêning, arame prangipun. Sang Prabu Ngalaga
nuntên atilar upacara kaprabon, anyandêr dhatêng ing ngajêng, anindhihi balanipun kang
sampun prang wontên ing ngajêng, dene ingkang dipun ayap upacara kaprabon, Pangeran
Panular, bala ing Kalagan sarêng sami aningali gustinipun nindhihi prang piyambak. Lajêng
gumulung sarêng angamuk. Bala ing Kartasura anadhahi, kathah kang pêjah, sami gila
nuntên dhadhal sami ngungsi baris ing wingking, sampun katur ing Sang Prabu Mangkurat,
yèn balanipun kang dados pangajêng kawon prangipun. Sang nata sangêt ngungun, lajêng
ngandika dhatêng bupati, adhi mas wis lali têmênan marang ingsun, besuk manawa

--- 373 ---

adhi mas katon angawaki prang, bocah ingsun padha piyaka bae, supaya têkaa ing
ngarsaningsun. Sang Prabu Mangkurat anuntên parentah anabuh tangara majêng ing prang,
bala Kalagan anadhahi, arame prangipun, utawi kang sami dados panjawat kiwa têngên
inggih sakalangkung rame prangipun. Bala Kalagan tuwin bala Mangkuratan kathah kang
pêjah, nanging kathahing bala jitus. Upaminipun bala Kalagan satunggil, bala ing
Mangkuratan satus. Ewadene bala ing Mangkuratan inggih kathah kang pêjah, sabab bala
ing Kalagan sami sangêt kêndêlipun, amargi gustinipun anindhihi prang piyambak. Sang
Prabu Ngalaga wau lajêng sami dipun aturi dhatêng balanipun para bupati, kapurih
kondura, angatos-atosa wontên salêbêting kitha Palèrèd kemawon. Sang Prabu Ngalaga
inggih lajêng kondur, balanipun taksih sami prang rame. Sang Prabu Mangkurat sarêng
aningali ramening prang sakalangkung eram, sarta tansah angalêm dhatêng ingkang rayi,
dene sagêd angabên prang ing balanipun. Dangu-dangu bala ing Kalagan kathah kang
pêjah, Ki Tumênggung Gajah Pramada sampun pêjah kenging mimis kalataka, bala Kalagan
dhadhal sami lumajêng sadaya, angungsi kitha Palèrèd. Lajêng sami mapan wontên ing
alun-alun. Sarta sami amapanakên mariyêm agêng kêkalih, anama Subrastha, kalih
Gunturgêni, bala Kalagan [Kala...]

--- 374 ---

[...gan] sampun sami ngatos-atos. Sang Prabu Mangkurat anglud dhatêng ing Palèrèd.
Lajêng têmpuh prang, bala Kalagan anyumêt mariyêmipun ambal-ambalan. Bala
Mangkuratan Jawi Wêlandi kathah kang pêjah, bala Kumpêni lajêng malês sami
anyanjatani, sakalangkung rame prangipun. Nanging bala Kalagan karoban lawan. Sabab
tiyang sakêdhik mêngsah tiyang kathah, Ki Arya Môndhalika bupati ing Kalagan sampun
pêjah wontên sajawining alun-alun. Sang Prabu Ngalaga sarêng sumêrêp Ki Môndhalika
pêjah sakalangkung duka, enggal nitih kuda sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Lajêng
angamuk kalihan bala sakantunipun. Bala Mangkuratan ingkang katrajang kathah pêjah,
bala Mangkuratan sarêng sami sumêrêp yèn Sang Prabu Ngalaga angyarirani[6] ngamuk.
Nuntên sami piyak ngiwa nêngên. Salong sami lumajêng dhatêng wingkingipun ing Sang
Prabu Mangkurat. Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah dhatêng Amral. Bala Kumpêni
andikakakên wontên ing wingkingipun sang prabu, Ki Dipati Urawan enggal matur, sang
nata katuran cucul busana cara Wêlandi, angagêm busana cara Jawi kemawon, supados
ingkang rayi sampun ngantos pandung, sang nata inggih nurut ing aturipun Ki Urawan,
lajêng angagêm busana cara Jawi, sarta angliga sarira, Sang Prabu Ngalaga sarêng cêlak
ing panggenanipun ingkang raka angulap-ulap. Tansah amandêng dhatêng ingkang

--- 375 ---

sinongsongan gilap, inggih sayêktos ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga lajêng nyêmbah
saking sanginggiling kapal. Titihanipun anuntên kaingêr sarta cinamêthi, enggal lumajêng
sabalanipun sadaya, atilar kadhaton sumêja dhatêng ing Pagêlèn. Sabab sangêt
lingsêmipun dhatêng ingkang raka.

Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ingkang rayi lumajêng, sangêt ing ngungunipun,
sarwi anênggak waspa, ngandika salêbêting galih, kapriye yèn aweta mêngkene, amêsthi
wong cilik akèh kang padha karusakan. Ora kapenak ênggon ingsun jumênêng nata, adhi
mas ya tansah kangelan. Sang Prabu Mangkurat nuntên rêrêb wontên ing kitha Palèrèd
sadalu, lajêng aparentah angodhol palajêngipun ingkang rayi, ingkang kadhawahan inggih
lajêng mangkat. Ing enjingipun sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura.

Wondene palajêngipun Sang Prabu Ngalaga wau lajêng angungsi ing tanah Salinga, ing
ngriku wontên tiyang kraman sampun anglêmpakakên gaman, anama Raja Namrud. Punika
ingkang sagah anyirnakakên tiyang Wêlandi, amargi dipun êmpok kemawon, amêsthi
tumpês sadaya, Raja Namrud wau lajêng dipun tarimani dhatêng Sang Prabu Ngalaga,
sarêng sampun antawis lami Raja Namrud dipun jak ambêdhah ing nagari Kartasura
dhatêng sang prabu, nanging

--- 376 ---

Raja Namrud tansah sumados kemawon. Sang prabu sampun kakên galihipun. Anuntên
bidhal saking ngriku, lajêng dhatêng ing Pagêlèn. Ingkang taksih wontên ing ngriku
Pangeran Pamênang, sabab sagah badhe kajumênêngakên nata dhatêng Raja Namrud. Sang
Prabu Ngalaga wau sarawuhipun ing Pagêlèn lajêng akêklêmpak bala, sarêng balanipun
sampun kathah nuntên bidhal. Lampahipun sampun dumugi ing dhusun Prapag. Lajêng
prang kalihan bala ing Kartasura, bala ing Kartasura lumajêng angungsi ing Palèrèd. Bala
Kalagan anglud. Bala Kartasura nuntên lumajêng saking Palèrèd, sumêja sami mantuk
dhatêng ing Kartsura, bala ing Kalagan taksih ambêbujêng ngantos dumugi ing Sanggung,
lajêng masanggrahan. Sang Prabu Ngalaga parentah angêpung nagari ing Kartasura lan
ambêbahakana dhusun kang cakêt nagari.

Sang Prabu Mangkurat sampun ingaturan uninga, yèn ingkang rayi angêpung nagari ing
Kartasura, Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Sang nata
inggih têdhak piyambak, lajêng têmpuh prang wontên ing dhusun Jabung, arame
prangipun, ananging bala Kalagan prasasat karubuhan rêdi, lajêng dhadhal lumajêng
sadaya, anjog ing dhusun Kuwêl. Sang Prabu Ngalaga amasanggrahan wontên ing ngriku,
dene Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sarawuhe ing
kadhaton [kadhato...]

--- 377 ---

[...n] enggal animbali Ki Dipati Urawan. Sang nata angandika, Urawan, sira ingsun utus
bujukên adhi mas, môngsa bodhoa sira, purihên gêlêm kêtêmu lan ingsun, sira aja
ênggawa[7] batur, lumakua dhewe bae. Ki Urawan matur sandika, lajêng mangkat,
angangge sarwa amoh, ênggènipun mangkat ing wanci dalu, sarêng wanci enjing dumugi
ing dhusun Koripan, lajêng momor pakathik ngarit, pinuju pangarit dalêm. Ki Urawan
dipun pitakèni dhatêng pangarit dalêm. Kowe gamêle sapa, Ki Urawan amangsuli, aku
gamêle Ki Tumênggung Tambakbaya, mêntas digitiki, aku banjur andhêlik mrene, sumêja
melu ing kowe ana ing jêroning pasanggrahan dalêm. Yèn aku ana ing jaba manawa
kawêruhan marang Ki Tambakbaya, ora wurung aku bakal digêbugi manèh. Gamêl dalêm
mirêng wicantêne Ki Urawan sangêt ing wêlasipun. Lajêng dipun jak lumêbêt dhatêng ing
pasanggrahan, sarta dipun êkèn nyangking dhêdhak ing godhong, Ki Urawan sampun
dumugi ing gêdhogan dalêm. Sang Prabu Ngalaga pinuju têdhak badhe mariksa titihan. Ki
Urawan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang nata, matur sarwi nangis. Akathah-kathah
aturipun Ki Urawan wau, amurih sang nata puruna sowan dhatêng ingkang raka, Sang
Prabu Ngalaga sarêng mirêng aturipun Ki Urawan sangêt kumênyut ing galihipun, sarwi
angandika asêmu [a...]

--- 378 ---

[...sêmu] waspa, Urawan, wis amênênga aja anangis, ingsun mundhak milu nangis, sarta
ingsun ya wis anurut marang aturira, nanging sira muliha dhingin, ingsun ya tumuli seba
marang kangmas. Ki Urawan matur, gusti, prayogi panjênêngan dalêm utusana piyambak.
Kula benjing sarêng kalihan panjênêngan dalêm kemawon. Sang prabu angandika, Urawan,
ya bênêr sira, sang nata lajêng ngandika dhatêng Dêmang Kalêng, Dêmang Kalêng, sira
mênyanga ing Kartasura, layang ingsun iki aturna ing kakang prabu. Dêmang Kalêng matur
sandika, lajêng mangkat ambêkta rencang pitu, sami kêkapalan sadaya, sadhatêngipun ing
Kartasura sang prabu pinuju miyos sinewaka, Ki Dêmang Kalêng lajêng sowan angaturakên
sêrat. Sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên
angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, bocah ingsun undhangana kabèh
yèn besuk ing dina Soma ingsun bakal mapag adhi mas. Nêrangkusuma matur sandika,
Dêmang Kalêng wau inggih sampun kaparingan wangsulan. Enggal lèngsèr saking
ngarsanipun sang nata.

Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên bidhal sabala sadaya tuwin Amral sakumpêninipun.
Kèndêl wontên ing dhusun Sanggung salèring lèpèn. Wondene lampahipun Dêmang Kalêng
wau sampun dumugi ing dhusun Kuwêl. Sêrat anuntên kaaturakên ing Sang Prabu Ngalaga,
Sang Prabu

--- 379 ---

Ngalaga lajêng angundhangi bala, badhe sumêja sowan ing raka sarta parentah
ambongkoki gêgamaning pêrang, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal saking Kuwêl.
Lampahipun dumugi ing dhusun Sanggung sakiduling lèpèn. Sang Prabu Ngalaga kagèt
aningali barisipun tiyang Kumpêni, sarta sangêt ing panglingipun dhatêng ingkang raka,
kawastanan pangagênging Kumpêni, lajêng parentah anatasi gêgaman kang sami dipun
bongkoki, bala Kalagan enggal sami anyêpêngi gêgamanipun piyambak-piyambak. Bala
Mangkurat sarêng sumêrêp, nuntên sami angatos-atos. Ki Urawan enggal angrangkul ing
sukunipun Sang Prabu Ngalaga, matur sarwi anangis. Gusti, kadospundi karsa dalêm
punika, Sang Prabu Ngalaga ngandika, kae dudu kakang mas, ika amêsthi wong Walônda,
kakang mas biyèn warnane ora mêngkono, ingsun suthik yèn nyêmbaha maring wong
Walônda, sun pilaur mati. Ki Dipati matur, gusti, yèn mêkatên panjênêngan dalêm kèndêla
ing ngriki kemawon sakêdhap. Kula badhe nyabrang mangalèr, mugi kaêntosana, kula
inggih nuntên wangsul mriki malih. Ki Urawan sampun nyabrang mangalèr, lajêng matur
ing Sang Prabu Mangkurat, kaaturan cucul busananipun cara Wêlandi, angagêma cara Jawi
kemawon. Sang nata miturut ing aturipun Ki Urawan, sampun salin busana, Ki Urawan
enggal wangsul mangidul, [ma...]

--- 380 ---

[...ngidul,] lajêng matur ing Sang Prabu Ngalaga, gusti, panjênêngan dalêm tingali, sintên
ingkang jumênêng salering lèpèn punika. Sang Prabu Ngalaga sarêng aningali sampun botên
pandung dhatêng ingkang raka, ingkang rayi nuntên angrungkêbi suku, ingkang raka
angrangkul sarwi angaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab
lami botên pinanggih sangêt ing kangênipun, sarta sami kèngêtan dhatêng ingkang rama
swargi, kala samantên sinêngkalan 1604.

Sang Prabu Mangkurat angandika dhatêng ingkang para santana tuwin para bupati ingkang
sami andhèrèk wontên ing ngriku, bocah ingsun kabèh, padha ngabêktia marang adhi mas.
Para priyantun enggal sami angabêkti gêntos-gêntos. Anuntên Amral saupsiripun sami
têtabean gêntos-gêntos. Bala Jawi tuwin Kumpêni sadaya sami bingah manahipun, aningali
gustinipun sampun rukun kalihan ingkang rayi, awit sami rumaos yèn badhe botên wontên
prang, sang nata sakalihan nuntên bidhal, kondur dhatêng salêbêting nagari Kartasura,
lajêng angadhaton. Tiyang kang sami nênonton jalêr èstri jibêg saurut margi, Sang Prabu
Anèm sampun pinaringan padalêman pinanggih dados, prênah salèring kadhaton, nanging
ing sabên dintên tansah wontên ing kadhaton, namung yèn dalu kemawon kondur dhatêng
ing dalêmipun. [da...]

--- 381 ---

[...lêmipun.] Sarêng sampun antawis lami Sang Prabu Ngalaga angaturakên namanipun
susuhunan dhatêng ingkang raka, ingkang kalayan suka bingah ing galihipun piyambak,
badhe ngangge namanipun lami kemawon. Ingkang raka inggih amarêngi, sarta lajêng
kaundhangakên, yèn ing mangke anama Pangeran Dipati Pugêr, kaparingakên lêlênggah siti
kawan ewu.

Sang prabu lajêng adhêdhawah dhatêng Ki Tumênggung Mangkuyuda, andikakakên


ngalurugi tiyang kraman ing dhusun Salinga, kang nama Raja Namrud kalih Pangeran
Pamênang, inggih sampun kalampahan. Raja Namrud lan Pangeran Pamênang sampun sami
kacêpêng, lajêng dipun baronjongi kabêkta dhatêng ing Kartasura, nuntên sami dipun
pêjahi.

Kala samantên nagari ing Kartasura sampun gêmah rêja, botên wontên prang, tiyang
sanagari sami eca manahipun, tiyang padhusunan tulus ênggènipun sami nênandur, Amral
sakumpêninipun nuntên sami pamit mantuk dhatêng ing Batawi, inggih sampun dipun lilani
dhatêng sang prabu, sarta Amral kaparingan nagari ing Carêbon sarta ing Pasundhan. Dene
têlasipun ing obat mimis tuwin balônja salêbêting prang punapa malih rêginipun tiyang
Kumpêni kang sami pêjah ing prang sang nata inggih sagah amaringi têtêmpah, sarta Amral
anyuwun lilah badhe adamêl loji wontên ing Samawis. Sang nata inggih anglilani,
[anglila...]

--- 382 ---

[...ni,] dene ingkang jagi sang prabu Amral inggih anilari Kumpêni kathahipun kawan dasa
têtindhihipun kapitan satunggil, lutnan satunggil, alpèrès satunggil. Amral lan
sakumpêninipun nuntên bidhal saking ing Kartasura, sadhatêngipun ing Samawis lajêng
anitik papan badhe kaadêgan loji, sarêng sampun angsal nuntên mangkat anumpak baita,
lastantun dumugi ing Batawi.

Amangsuli cariyos ingkang sampun kalampahan kala bêdhahipun nagari Makasar rumiyin,
ing Batawi wontên tiyang satunggil anama Kapitan Pan Bèbèr, agadhah lare bêboyongan
jalêr satunggil sawêg umur pitung taun, sae warninipun. Punika lajêng dipun wade
dhatêng kapitan Pan Bèbèr wau, ingkang tumbas tiyang Wêlandi anama Kapitan Mur,
Kapitan Mur sarêng sampun tumbas lare punika lajêng kathah ing kabêgjanipun, amargi
anggènipun dagang, ing lami-lami nuntên minggah ing kalênggahanipun dados mayor,
nuntên kumasaris, lajêng dados dêlèr sarta sangsaya sangêt kasugihanipun. Punika
pamanahipun Kapitan Mur ênggènipun agêng ing kabêgjanipun sarta kauntunganipun wau,
amargi saking lare punika ingkang ambêkta kabêgjan sarta kauntungan, mila lare wau
lajêng kanamakakên pun Untung sarta kaakên anak, ingugung sapolahipun. Dene Dêlèr Mur
inggih sampun darbe anak nonah satunggil sakalangkung ayu [a...]

--- 383 ---

[...yu] warninipun, kasadhèrèkakên kalihan Ki Untung, sampun sami diwasa ing kalih-
kalihipun. Ing lami-lami Ki Untung arêrêmênan kalihan nyonyah, sarta nyonyah kathah
pawèwèhipun dhatêng Ki Untung, ing sabarang panjalukipun botên lêpat, dados nyonyah
wau tansah angulêri donyanipun Dêlèr Mur, nanging botên kadamêl kasugihan dhatêng Ki
Untung, amung kawèwèhakên dhatêng prasanakanipun, inggih sami pudhaking[8] Kumpêni,
tiyang Bali, Bugis, Makasar, kathahipun wolung dasa, sami andadosakên ing kasugihanipun,
amargi saking pawèwèhipun Ki Untung sarta sampun sami manjing sudarawèdi, tiyang
wolung dasa wau sami rumaos kapotangan dhatêng Ki Untung. Kala samantên Dêlèr Mur
sampun sumêrêp bilih anakipun nyonyah rêrêmênan kalihan Ki Untung, sarta donyanipun
kathah kang ical. Pinuju satunggil dintên ênggènipun rêrêmênan kalihan nyonyah
kawênangan, andadosakên nêpsunipun Dêlèr Mur, aningali solah kang botên prayogi, Ki
Untung lajêng dipun cêpêng, karangkèt ngantos satêngah pêjah, Ki Untung sêsambatipun
tansah mentak ampun. Dêlèr Mur inggih sangêt ing wêlasipun sarta lajêng angapuntên.
Sarêng sampun antawis lami Ki Untung rêrêmênan malih kalihan nyonyah, nuntên
kauningan dhatêng Dêlèr Mur, Ki Untung enggal dipun cêpêng, kalêbêtakên ing kunjaran,
dipun tunggilakên [tunggilakê...]
--- 384 ---

[...n] pasakitan kathah sarta kabêlok. Dene nyonyah wau inggih lajêng kasapu ngantos
satêngah pêjah.

Ki Untung ênggènipun wontên ing pambêlokan punika sakalangkung mêmêlas,


panunggilanipun kabêlok tiyang sawidak. Sarêng sampun antawis lami, Ki Untung wicantên
dhatêng kancanipun kang sami kabêlok. Kônca pambêlokan kabèh, kapriye kang padha
dadi pamikirmu, yèn awèt mangkene amêsthi bakal padha mati ana ing pambêlokan.
Tiyang pambêlokan sami sumaur, Untung, olèhku padha mikir kapriye, wong wis ora bisa
polah mêngkene, rak kaliwat anglêngkara yèn bisaa ucul, kang dhingin bêlokan iki wêsi,
bangêt ing santosane, kaping pindho ana sajroning gêdhong, kaping têlu ing jaba dijagani
Kumpêni. Ki Untung wicantên, mungguh manawa ana pitulunging Allah marang sawijining
wong, bisa anguculi wong kang dibêlok iki kabèh kapriye. Tiyang sêpuh satunggil sumaur,
Untung, kowe iki kumaki têmên, aku iki wong wis tuwa, sarta ora mangan-mangan kongsi
pitung sasi ana ing kene, parandene ora bisa ucul, bangêt olèhku ngina mênyang kowe. Ki
Untung wicantên, ah aku ora rêmbugan karo kowe, wong akèh iku kang daktari. Tiyang ing
pambêlokan sami sumaur, iya Untung, manawa ana wong kang bisa nguculi ênggonku
dibêlok [di...]

--- 385 ---

[...bêlok] iki, mêsthi dakturut ing saparentahe, sanajan tumêka ing pati ya daklakoni, ala
mati ana ing pambêlokan, angur matia prang. Ki Untung sarêng mirêng wicantênipun
tiyang kathah, nuntên gumujêng, sarwi ngunus sukunipun saking pambêlokan wêsi, tiyang
ing pambêlokan sami cingak sadaya, lajêng sami dipun uculi saking pirantosipun. Kantun
tiyang sêpuh satunggil, ingkang anyênyampahi wau, botên dipun luwari dhatêng Ki Untung,
tiyang satunggil wau inggih sangêt ênggènipun ngrêrêpa nêdha ucul, nanging botên dipun
paèlu dhatêng Ki Untung. Tiyang ingkang sampun dipun ucul[9] lajêng wicantên, Untung,
sarèhning wong kabèh iki wis padha ucul saking ing pambêlokan amarga ing kowe, ing
mêngko priye kang dadi parentahmu, amêsthi padha nurut. Ki Untung amangsuli, aku bakal
sumêja ngamuk marang wong Walônda, sanak-sanakku kabèh iki ya padha dakjak ngamuk.
Tiyang kathah sami wicantên, yèn mangkono kang dadi karêpmu, wong akèh iki padha
wèhana gêgaman lan upayakna sêga, sarèhning wis lawas ênggone padha ora mangan, kang
supaya padha rosa ngamuk. Ki Untung wicantên sarta gumuyu, ya wis padha kèria ana ing
kene bae, aku daklunga dhewe. Ki Untung lajêng andêdêl korining pakunjaran. Kuncinipun
malêsat. Ki Untung èngêt, yèn ngandhut patrêm sakalangkung ampuh, Kumpêni [Ku...]

--- 386 ---

[...mpêni] ingkang jagi ing ngriku satunggil pinatrêm sampun pêjah, kuncining kori sampun
kaêtrapakên malih, Ki Untung lajêng kesah sumêja ngupadosi prasanakanipun. Wontên ing
margi kêpêthuk prasanakanipun tiyang kalih, Ki Untung rinangkul sarta dipun tangisi,
nuntên kabêkta mantuk dhatêng griyanipun. Prasanakanipun sadaya inggih lajêng sami
dipun undangi dhatêng Ki Untung, wontên ing ngriku inggih sampun dhatêng sadaya,
kathahipun wolung dasa, Ki Untung wicantên nêdha sêkul sarta pêpanganan tuwin kinang
ingkang kathah, ingkang sarta anêdha gêgaman waos dhuwung tuwin pêdhang. Para
prasanakanipun wau inggih lajêng sami anyukani ingkang dados panêdhanipun Ki Untung,
sarta sami sagah badhe anglabuhi tumut ngamuk. Ki Untung mirêng kasagahaning para
prasanakanipun sakalangkung suka, sêkul sapanunggilanipun sarta gêgaman nuntên sami
kabêktakakên ing para prasanakanipun dhatêng ing pakunjaran. Tiyang sêwidak kang
wontên ing pakunjaran wau lajêng dipun kèn nêdha, lajêng kumarubut sami nêdha pating
karêcap, sarta sami eram dhatêng Ki Untung, sasampuning nêdha nuntên sami sinungan
gêgaman ing sasênêngipun piyambak-piyambak, lajêng sami katata wontên palataraning
pakunjaran, sarta sami angatos-atos.

Botên dangu Kumpêni ingkang badhe anggiliri jagi dhatêng, kathahipun sanga kopral. Ki
Untung lan sakancanipun [saka...]

--- 387 ---

[...ncanipun] anêrajang, Kumpêni wau sampun pêjah ingkang wolu, amung kantun
satunggil lumajêng matur ing pangagêngipun. Pangagêngipun tiyang Kumpêni enggal
parentah anabuh tambur tuwin salomprèt. Tiyang Kumpêni sampun ngalêmpak, nuntên
kaangkatakên dhatêng pakunjaran amung sabrêgada, sadhatêngipun ing pakunjaran lajêng
angêdrèl. Ki Untung anadhahi, rame ulêng-ulêngan. Ki Untung ngiwa nêngên ênggènipun
anyuduki, dipun karutug ing sanjata botên kenging, Kumpêni ingkang sabrêgada wau
sampun sami pêjah sadaya, nanging bantunipun tiyang Kumpêni botên kêndhat -kêndhat
dhatêngipun. Dangu-dangu rencangipun Ki Untung suwidak wau sampun sami pêjah sadaya,
kantun Ki Untung piyambak lumajêng, dipun bêbujung dhatêng tiyang Kumpêni, sarta
kasanjatanan, nanging botên kenging. Palajêngipun Ki Untung dhatêng ing bètèng ngalang-
alang, lajêng anyalimpêt. Tiyang Kumpêni sampun kaicalan lari, nuntên sami mantuk.
Dene Ki Untung wau sabên dalu dhatêng ing nagari amanggihi para prasanakanipun. Para
prasanakanipun inggih lajêng sami tumut dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sarta sami
ambêkta gêgamaning prang, sumêja sami anglabuhi lara pêjah dhatêng Ki Untung,
kathahipun wolung dasa.

Kala samantên Ki Untung ing sabên dalu lumêbêt dhatêng nagari, lêbêtipun ing wanci jam
gangsal tuwin jam nêm sontên. Sarta [Sar...]

--- 388 ---

[...ta] ambêkta patrêm, kadèkèk ing salêbêting sêdhah sacandhikan. Sabên kêpêthuk
tiyang Kumpêni kang sami lêledhang lajêng kagêpyok ing sêdhah sacandhikan kang isi
patrêm wau inggih lajêng pêjah, sarêng ing lami-lami misuwur ing tiyang sa-Batawi, yèn Ki
Untung ucul saking pambêlokan, sarta kathah tiyang Kumpêni kang sami dolan sami pêjah,
Kumpêni sa-Batawi sami tintrim, lajêng botên wontên kang purun alêledhang, nuntên sami
dipun pirantosi, tiyang Kumpêni sabrêgada amêndhêm wontên sakiwa têngêning margi,
sarta dipun dèkèki pakan Kumpêni satunggil. Sarêng wanci sontên jam gangsal Ki Untung
dhatêng, Kumpêni satunggil wau lajêng dipun gêpyok ing sêdhah sacandhikan mawi patrêm
sampun pêjah, Kumpêni sabrêgada enggal sami ngarutug ing sanjata saking
sakiwatêngêning margi, Ki Untung nuntên ngamuk kalihan patrêm. Tiyang Kumpêni ingkang
pêjah kalih wêlas. Ki Untung nuntên lumajêng, tiyang Kumpêni ambujêng, rencangipun Ki
Untung kang wontên ing bètèng ngalang- alang amirêng swaraning sanjata enggal mangkat,
sumêja têtulung, lajêng prang kalihan tiyang Kumpêni sakalangkung rame, rencangipun Ki
Untung pêjah sadaya, Kumpêni sabrêgada sampun sami pêjah, amung kantun
titi[10] lumajêng asanjang dhatêng pangagêngipun sarta katur ing gurnadur jendral.
Gurnadur jendral enggal parentah anglampahakên Kumpêni sabrêgada, têtindhihipun
anama [a...]

--- 389 ---

[...nama] Amral sakalangkung digdaya, sadhatêngipun ing bètèng ngalang-alang lajêng


prang rame, Kumpêni Bugis tuwin Makasar kathah kang pêjah, nanging bantunipun tiyang
Kumpêni taksih andalêdêg, kados toya mili, lajêng sami angêdrèl saking kiwa têngên.
Rencangipun Ki Untung tiyang wolung dasa sampun pêjah sapalih, kantun kawan dasa,
nuntên sami lumajêng, sarta kasaput ing dalu, Kumpêni inggih sami mantuk dhatêng ing
kitha.

Kacariyos Ki Untung wau ing dalu sami pirêmbagan prayogining lampah, wontên
kamisêpuhipun satunggil anama Ki Êbun. Punika angajak kesah dhatêng Ki Untung saking
bètèng Ngalang-alang, kaajak ngungsi dhatêng Carêbon. Ki Untung sarta sarencangipun
tiyang kawan dasa inggih sami angrujuki ing pirêmbagipun Ki Êbun. Ing dalu lajêng sami
mangkat saking ngriku, lampahipun ngidul ngetan, sumêja dhatêng ing Carêbon.
Enjingipun tiyang Kumpêni sami dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sawontênipun kêrig
sadaya, badhe anumpês ing Ki Untung kalihan sarencangipun, nanging kêpanggih
suwêng,[11]sakiwatêngêning ngriku dipun ubrês botên pinanggih, tiyang Kumpêni
sakalangkung cuwa manahipun. Lajêng anglampahakên Kumpêni kêkapalan tigang dasa,
angupadosi salasahipun Ki Untung, lampahipun ngantos dumugi ing Cianjur, tiyang
Kumpêni nuntên angsal pawartos, yèn Ki Untung

--- 390 ---

kesah mangetan. Kumpêni lajêng parentah dhatêng tiyang Cianjur kinèn sami pacak baris,
ing samangsanipun wontên tiyang langkung botên ambêkta dagangan, kadhawahan
anyêpêng, kaaturna dhatêng Batawi, sasampuning parentah tiyang Kumpêni tigang dasa
wau lajêng wangsul mantuk dhatêng Batawi.

Wondene lampahipun Ki Untung inggih sampun dumugi ing Carêbon, lajêng kêpêthuk
kalihan putranipun angkat sultan ing Carêbon, anama Radèn Surapati, pinuju badhe
ambêbêrêg dhatêng wana, rencangipun tiyang satus, sarta sami ambêkta gêgaman. Radèn
Surapati kagèt aningali dhatêng Ki Untung, enggal kaandhêg sarta dipun pitakèni, adhi,
kowe iki wong têka ngêndi lan sapa jênêngmu, arêp mênyang ngêndi. Ki Untung amangsuli,
kula punika tiyang saking Batawi, budhaking Kumpêni, nama kula pun Untung, mila kula
kesah saking Batawi sabab dipun sikara dhatêng tiyang Kumpêni, kula sumêja ngungsi
dhatêng kangjêng sultan ing ngriki, kalih kangjêng sultan karsa ngukub dhatêng tiyang
musakat kawêlas asih. Radèn Surapati mirêng wicantêne Ki Untung lajêng amikir
salêbêting galih, wong iki yèn katura ing kangjêng sultan kiraku banjur disihi bangêt,
sabab rupane bêcik sarta limpad ing tatakrama lan kaduksura, môngka rêrêmênane
kangjêng sultan, yèn ana wong mêngkono iku, dakkira [da...]

--- 391 ---

[...kkira] aku bakal kalorod. Radèn Surapati nuntên wicantên. Adhi, yèn kowe têmên
sumêja suwita, ya aku kang ngaturake, nanging pasraha gêgaman lan sabaturmu kabèh. Ki
Untung inggih lajêng amasrahakên gêgamane rencangipun sadaya, amung awakipun
piyambak kang taksih mawi dhuwung, Radèn Surapati wicantên malih, yagene adhi, kowe
dhewe ora pasrah kris. Dene baturmu wis pasrah kabèh. Untung matur sarwi ngrêrêpa,
ênggèr, amung kula piyambak taksiha kalilan ngangge dhuwung, mugi wontêna ing
pananggêl sampeyan dhatêng kangjêng sultan. Radèn Surapati anyêntak sarta manthêlêng,
ah yèn mêngkono ora bêcik sêjamu, apa kowe nganti dakplaksana, wong siji gôndra pira.
Ki Untung sakalangkung kagèt, ngadêg suraning galih sarta wicantên. Ah aku dhasar ora
awèh krisku kokjaluk, kajaba yèn wis sêmpal bauku kiwa têngên, iku aku awèh. Radèn
Surapati enggal parentah dhatêng balanipun anubruk dhatêng Ki Untung, Untung enggal
malumpat sarta akèn sumingkir dhatêng rencangipun, lajêng angamuk. Tanganipun têngên
nyêpêng patrêm, kang kiwa nyêpêng dhuwung, dipun suduki tuwin kawaosan dhatêng
rencangipun Surapati botên kenging, yèn pinuju kenging botên pasah, rencangipun
Surapati kang pêjah sadasa, ingkang sangang dasa sami lumajêng, Radèn Surapati inggih
[ing...]

--- 392 ---

[...gih] tumut lumajêng sumêja wêwadul dhatêng kangjêng sultan. Dene Ki Untung lan
sarencangipun inggih tut wingking ing palajêngipun Radèn Surapati, Radèn Surapati wau
sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan nuntên matur, yèn kabegal wontên ing margi,
ingkang ambegal tiyang saking Batawi anama Untung, rencangipun kawan dasa, ing
mangke inggih angodhol dhatêng kula sowan mariki, akathah-kathah wêwadulipun wau.
Kangjêng sultan enggal utusan animbali Untung, inggih sampun kairid dhatêng utusan.
Rencangipun sami kandhêg sajawining regol, sadhatênging ngarsanipun kangjêng sultan Ki
Untung lajêng ngabêkti, kangjêng sultan alon andangu, Untung, têkamu ana ing nagaraku
kene baturmu wong pira. Ki Untung matur, gusti, rencang kula amung kawan dasa.
Kangjêng sultan sarêng mirêng aturipun Ki Untung lajêng duka dhatêng Radèn Surapati,
pangandikanipun. Surapati, yèn mêngkono, kowe dhewe kang luwih ala, sabab ora nana
adate yèn wong patang puluh wani marang wong satus. Karo dene Si Untung iku wong têka
kadohan amêsthi ora wani yèn nyikaraa marang wong bumi, yagene kowe duwe solah kaya
mêngkono, dene kowe dakpèk anak, sarta ora kêkurangan ing pêparingku, wêkasan kowe
agawe jêmbêr marang nagaraku, hèh bocah ing Carêbon, [Carêbo...]

--- 393 ---

[...n,] dikêbat Si Surapati iki cêkêlên. Radèn Surapati sampun kacêpêng sarta binêsta,
lajêng andikakakên nyuduki wontên ing alun-alun. Inggih sampun pêjah. Kangjêng sultan
angandika dhatêng Untung, Untung, kowe aja susah tutur marang aku, aku wis sumurup
kang dadi karêpmu, dene ênggonmu sumêja ngungsi marang aku ya wis bangêt panrimaku,
nanging aku ora kêlar yèn kanggonan marang kowe, sabab nagaraku ing Carêbon iki bangêt
cilike, aku amung duwe pituduh bae, kowe banjura mangetan, angungsia marang Raja
Mataram. Iku layake kuwawa yèn ngukupa marang kowe, sabab nagarane gêdhe,
amarentah wong satanah Jawa kabèh, karo dene kowe daksurupake, yèn wis pinêsthi
karsaning Allah, kowe lan saturunmu besuk padha dadi satruning wong Walônda, sarta aku
awèh wasiyat nama marang kowe, kowe ajênênga Radèn Surapati, wis, kowe mangkata,
aku anjurungi pandonga bae. Untung sakalangkung panuwun, nyêmbah sarta ngaras ing
sukunipun kangjêng sultan. Rencangipun sami suka sadaya, dene pikantuk idinipun ratu
mukmin. Radèn Surapati wicantên malih, ing mêngko kang dadi karêpku, Ki Êbun iki
dakjênêngake Ki Êbun Jaladriya, angêrèhna wong patang puluh iki, sabab iku kang tuwa
dhewe.

--- 394 ---

Rencangipun tiyang kawan dasa sami jumurung sadaya, lajêng sami mangkat mangetan.
Sarêng dumugi ing Malang lajêng menggok mangidul. Anjog ing tanah Toyamas. Kèndêl
wontên ing dhusun Ngajibarang. Ing ngriku wontên patinggi kêkalih sami sadulur, anama
Saradênta kalih Saradênti, tiyang kêkalih wau lajêng dipun dêgakên raja dhatêng Radèn
Surapati, inggih anama Prabu Saradênta kalih Saradênti, nuntên anêlukakên tiyang dhusun
sakiwa têngên ing ngriku, sarêng sampun kathah balanipun lajêng anggêbag nagari ing
Toyamas. Dipati ing Toyamas kawon pêrangipun, kèngsêr saking kithanipun, abêbarisan
sawetaning kitha Toyamas. Prabu Saradênta kalih Saradênti tuwin Radèn Surapati inggih
lajêng angêbrêgi kitha, dene ingkang minôngka patih amarentah tiyang sabêbarisan, Ki
Bun Jaladriya. Kala samantên Radèn Surapati abêbisik dhatêng Ki Bun Jaladriya, bapa Bun,
kowe kèria, têtêpa bêbarisan ana ing kene, sarta aja kêndhat anggonmu anêluk-nêlukake,
dene aku arêp lunga marang Karta, sumêja suwita ing Sang Prabu Mangkurat. Manawa
ratumu takon, aku awadna lunga martapa marang gunung, nanging wêkasku marang kowe,
besuk yèn ana kongkonanku lan anggawa pratôndha ali-aliku iki, ratumu nuli cêkêlên,
aturna bêbandan marang aku. Ki Bun Jaladriya

--- 395 ---

matur sandika.

Radèn Surapati ing dalu lajêng mangkat ijèn. Lampahipun sampun dumugi ing Kartasura,
anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, Radèn Nrangkusuma alon andangu, adhi, kowe iki
wong têka ngêndi, lan sapa jênêngmu. Radèn Surapati matur, kula tiyang saking Batawi,
nama kula Surapati, dhatêng kula mariki angungsi gêsang sumêja ngawula ing sampeyan
utawi katuripun ing sang prabu inggih sumôngga ing sampeyan. Milanipun kula kesah saking
Batawi, awit dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, saupami ing benjing kula dipun têdha
dhatêng tiyang Kumpêni, inggih sampun sampeyan kêkahi, kadhawahan nyêpêng piyambak
dhatêng kula, nanging panyuwun kula têtiyang Jawi kemawon sampun tumut-tumut, sami
anontona kemawon, kula piyambak ingkang badhe anyêmbadani ing sagêndhingipun tiyang
Kumpêni. Radèn Nêrangkusuma sarêng mirêng aturipun Surapati sangêt wêlas ing
galihipun. Sarta rêsêp aningali warninipun, bagus taksih anèm. Lajêng alon anggènipun
ngandika, iya, aja sumêlang atimu, aku kang ngaturake ing sang prabu. Radèn Surapati
sampun pinêrnahakên sarta sinuba-suba, ingakên sadhèrèk nèm. Ing sabên dintên dipun
jak atunggil dhahar.

Wondene Bupati Toyamas wau, sarêng kawon pêrangipun [pê...]

--- 396 ---

[...rangipun] kalihan Prabu Saradênta, inggih lajêng angaturi uninga dhatêng ing
Kartasura, sarêng katur ing sang prabu nuntên parentah anglurugi, ingkang kadhawahan
Radèn Nêrangkusuma, inggih lajêng pradandosan. Anuntên Radèn Surapati agadhah atur,
sagah anyêpêng kraman ijèn, amung nyuwun kanthi jêjênêng satunggil kemawon. Radèn
Nêrangkusuma inggih amarêngi, lajêng lumêbêt ing kadhaton, matur ing sang prabu, gusti,
kula angaturi uninga, kula kadhatêngan tiyang satunggil, pêpalajêngan saking Batawi,
anama pun Surapati, punika sumêja angabdi ing panjênêngan dalêm, angungsi gêsang,
sabab dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, aturipun Surapati wau, saupami benjing dipun
suwun dhatêng Kumpêni, inggih kaparingna kemawon. Nanging dipun cêpênga piyambak
dhatêng tiyang Kumpêni, dene abdi dalêm tiyang Jawi sadaya sampun wontên kang tumut-
tumut, sami aningalana kemawon. Pun Surapati piyambak ingkang sagah anadhahi
prangipun tiyang Kumpêni, sanajan kinarubuta sèwu, pun Surapati botên ajrih, ing mangke
sarêng mirêng yèn kula badhe nglurug, pun Surapati gadhah kasagahan anyêpêng sarta
amêjahi dhatêng kraman kang wontên Toyamas. Ingkang punika atur kula gusti,
kasagahanipun pun Surapati wau prayogi dipun turuti, yèn sayêktos piyambakipun sagêd
amêjahi dhatêng tiyang kraman. Inggih

--- 397 ---

katampènana pangabdinipun. Manawi botên sagêd inggih lajêng katundhunga kemawon.


Sang nata alon ngandika, Nrangkusuma, apa kang dadi karêpira ingsun ya nurut bae, sabab
ingsun wis pracaya marang sira. Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka manahipun.
Lajêng mantuk sampun kêpanggih kalihan Surapati, andhawahakên timbalan dalêm. Yèn
sampun kalilan ingkang dados panyuwunipun. Ki Surapati sangêt bingah ing manahipun.
Lajêng mangkat saking Kartasura kalihan dipati ing Toyamas. Sadhatêngipun ing Toyamas,
amasanggrahan ing dhusun Kalijirak. Radèn Surapati anuntên anglampahakên utusan lare
kêkalih, amaringakên sêsupe dhatêng Ki Bun Jaladriya. Ki Bun Jaladriya sarêng anampèni
sêsupe, anggraita ing manahipun, lajêng amangsiti rencangipun babêktan saking Batawi,
dipun kèn sami angrasuk gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta nuntên sami sowan
ing ratunipun. Prabu kêkalih sawêg sami kalangênan angabên sawung, kagèt aningali Ki
Bun Jaladriya dhatêng, enggal andangu, bapa Bun, ana pawarta apa, majua mrene. Ki Bun
Jaladriya sumaur, botên wontên pawartos. Kula namung sowan kemawon. Ki Bun sarwi
angêjèpi rencangipun, lajêng sami anubruk ing Prabu Saradênta kalih Saradênti, sampun
sami binêsta, balanipun [bala...]

--- 398 ---

[...nipun] lajêng sami bibar sadaya, Saradênda Saradênti sampun binêkta dhatêng
pasanggrahanipun Radèn Surapati sarta Tumênggung Toyamas. Lajêng sami dipun kêthok
gulunipun kalih pisan. Dene sabarang gadhahanipun inggih sampun jinarahan sadaya.
Radèn Surapati kalihan Dipati Toyamas nuntên sami wangsul dhatêng ing Kartasura, Sang
Prabu Mangkurat sawêg sinewaka wontên ing sitinggil. Dipati Toyamas sarta Radèn
Surapati inggih lajêng sowan angaturakên sirahing kraman kêkalih tuwin bêboyongan. Sang
nata sakalangkung suka ing galihipun. Sirahing kraman kêkalih andikakakên sami manjêr
wontên ing margi parapatan. Radèn Surapati sarencangipun tiyang kawan dasa lajêng
ginanjar arta sarta busana, sarta sampun kaanggêp pangabdinipun. Nanging kapasrahakên
ing Radèn Nêrangkusuma kemawon. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Radèn Surapati
inggih sampun kabêkta mantuk ing Radèn Nêrangkusuma sarta sangêt ing asihipun.

Kacariyos ing nagari Batawi para Kumpêni sampun mirêng pawartos yèn Ki Untung
samangke sampun ngawula ing Sang Prabu Kartasura, sangêt dipun sihi, sarta sampun salin
nama Radèn Surapati. Gurnadur jendral kalihan para rad lajêng sami pirêmbagan,
dadosing rêmbag anuntên anantun dhatêng para Kumpêni, sintên ingkang purun amêngsah
[amêng...]

--- 399 ---

[...sah] prang kalihan Surapati, nanging para Kumpêni botên wontên ingkang gadhah
kasagahan, awit sampun sami sumêrêp tandangipun Surapati yèn prang. Gurnadur jendral
sarta para rat sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng andhawahakên parentah, sintên-
sintên kang sagah anyêpêng Surapati, badhe agêng ganjaranipun sarta kajunjung ing
kalênggahanipun. Anuntên wontên kapitan Wêlandi satunggil anama Kapitan Tak.
Sakalangkung digdaya, ing aprang tanpa tandhing, dene ingkang gadhah anak tiyang agêng
ingkang ambêdhah ing Makasar rumiyin. Kapitan Tak wau sagah anyêpêng Surapati anuntên
katarik astanipun. Kasandhing lênggah ing tuwan gurnadur jendral, sarta linarihan. Para
rat tuwin para upsir inggih sami angurmati gêntos-gêntos, nglarihi, wondene Kapitan Tak
wau dêdêgipun gagah prakosa, sarta asring ngangge makutha mas, abêbadhong kêlat bau,
yèn sinawang warninipun kados danawa raja, kala samantên Kapitan Tak sampun
kadhawahan pradandosan, sarta binêktanan Kumpêni satus, kalihan rajabrana tuwin sêrat
badhe katur ing sang prabu, sarêng sampun samêkta lajêng mangkat anumpak baita,
lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur ing Japara inggih enggal amêthuk,
Kapitan Tak sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng ing loji. Kapitan anuntên
anglampahakên utusan [utusa...]

--- 400 ---


[...n] ajidan satunggil, sareyan satunggil sarta mawi sêrat saking gurnadur jendral katur
ing Sang Prabu Kartasura, lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, sang nata nuju miyos
sinewaka, utusan Wêlandi anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, angaturakên sêrat,
lajêng kaaturakên Radèn Dipati Sindurêja, katur ing sang prabu, sampun tinampèn sarta
winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên ngandika bêbisik dhatêng Radèn Dipati
Sindurêja, Sindurêja, wruhanira iki layang têka si kaki jendral, anjaluk marang Si Surapati,
kapriye kang dadi rêmbugira. Arya Sindurêja nêmbah matur, sinuhun ing pamanah kula
prayogi kaparingna tumuntên, sabab punika bêbujênganipun Kumpêni, manawi botên
kaparingakên amêsthi tiyang Kumpêni sakit manahipun. Kalih dening yèn panjênêngan
dalêm angêkahana pun Surapati kadamêl punapa, mindhak angribêdi nagari dalêm. Sang
nata angandika, yèn mêngkono, Sindurêja, kongkonan iku sira kona aso dhingin, prênahna
kang bêcik. Aja kongsi kêkurangan. Karodene sira andhawuhana marang adhi mas Dipati
Pugêr, karo Si Dipati Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, yèn ing mêngko bêngi padha ingsun
timbali marang kadhaton, ênggone lumêbu kang rêmit ajana wong kang wêruh. Arya
Sindurêja matur sandika, sang nata

--- 401 ---

kondur angadhaton.

Sarêng ing wanci dalu Pangeran Dipati Pugêr, kalih Cakraningrat, tiga Jangrana, sakawan
Dipati Sindurêja, inggih lajêng sami sowan dhatêng kadhaton, adhêdhêmitan. Sadhatênge
ing ngarsanipun sang prabu nuntên sami lênggah cakêt. Sang nata alon angandika, mulane
sira padha sun timbali, sarèhning ingsun tômpa layang têka gurnadur jendral, anjaluk Si
Surapati, kang dikongkon Kapitan Tak, samêngko isih ana ing Japara, iku kapriye kang
padha dadi rêmbugira. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana matur, gusti prayogi
kaparingna tumuntên babêstan. Mila makatên, yèn saupami kakêkahana, botên wande
panjênêngan dalêm amamêngsahan kalihan Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng aturipun
bupati kêkalih sakalangkung ribêng[12] galihipun, dangu ênggènipun kèndêl. Pangeran Pugêr
aningali ingkang raka kèwêdan ing galih, tumuntên matur, kakang prabu, saupami
panjênêngan dalêm angulungna pun Surapati, punika têtêp nama anganiaya, sabab pun
Surapati wau botên gadhah dosa ing panjênêngan dalêm. Yèn botên kaulungna amêsthi
Kumpêni sakit manahipun. Punika mênggah pamanah kula makatên kemawon, inggih
kaulungna pun Surapati wau, nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni,
abdi dalêm tiyang Jawi sampun [sampu...]

--- 402 ---

[...n] wontên ingkang tumut-tumut. Ing batos sami ngilonana pun Surapati, ing lair inggih
ngilonana tiyang Kumpêni, nanging yèn tiyang Jawi sami tumut prang sanjatanipun sampun
ngantos wontên kadekekan mimis. Sarta panjênêngan dalêm sampun ngangkêni gadhah
abdi pun Surapati, dene ingkang gadhah rencangipun Surapati wau Radèn Nêrangkusuma,
amung makatên atur kula. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi sakalangkung
suka ing galihipun, sarta ngandika dhatêng ingkang rayi, adhi mas, ya bênêr sira,
Sindurêja, sira gawea layang wangsulan marang Si Kapitan Tak, dene unine kaya rêmbuge
adhi mas mau, sarta sira anggawanana mantri loro, rumêksaa marang si ajidan, pangane
ana ing dêdalan aja kongsi kêkurangan. Lan Si Rôngga ing Samarang parentahana utawa
bocah desa urut dalan kabèh, besuk samangsane Si Kapitan Tak têka ing kono, padha
sêsuguha lan padha rumêksaa kang bêcik. Adipati Sindurêja matur sandika lajêng mêdal.
Sampun kêpanggih kalihan ajidan, utawi sareyan, sarta kaparingan pasangon yatra, punapa
malih mantri ingkang badhe andhèrèkakên inggih sampun dhatêng, ajidan lajêng mangkat
saking Kartasura.
Wondene sang nata wau taksih pirêmbagan kalihan priyantun têtiga, sang nata lajêng
angandika dhatêng Pangeran [Pange...]

--- 403 ---

[...ran] Pugêr, adhi mas, sira sun pasrahi pagawean, Si Surapati sira taria, sarèhning
dhèwèke dijaluk marang wong Walônda, apa wani anglawana prang, yèn dhasar wani sira
nuli marentahana marang bocah bupati kabèh, padha awèha gêgaman marang Si Surapati,
apa kang dadi kasênêngane, lan Si Nêrangkusuma dhawuhana, yèn dhèwèke bakal ingsun
gawe wayang, akêmbula lan Si Surapati, ing saupama Si Surapati mau ora wani anglawan
prang marang wong Walônda ya enggal sira tundhunga, supaya aja anyênyukêri
nêgaraningsun. Wis, adhi mas, sira muliha, para bupati padha timbalana marang ing
omahira kabèh sarta Si Surapati. Pangeran Pugêr matur sandika, nuntên lèngsèr saking
ngarsaning sang prabu sarta bupati kêkalih, sarawuhe ing dalêmipun, ing dalu para dipati
lajêng sami tinimbalan, tuwin Radèn Nêrangkusuma sarta Surapati sampun sami dhatêng
sadaya wontên ing kapugêran. Sang pangeran alon ngandika dhatêng Surapati, Surapati,
mulane kowe daktimbali, aku ngêmban dhawuhe kakang prabu, andikakake marang kowe,
sarèhning kowe dijaluk marang wong Walônda, kowe apa wani anglawana prang, manawa
kowe wani kakang prabu bakal amaringi kanthi, yèn kowe ora wani, dikakake nundhung
têka ing Kartasura. Surapati umatur saha

--- 404 ---

sêmbah, gusti, dhasar sampun dados pikajêngan kula apêrang kalihan tiyang Kumpêni,
sanajan rintên tuwin dalu kula botên ajrih, samangke kula sampun angsal idining ratu
malih yèn ajriha, kala rumiyin kula dèrèng angsal idining ratu botên ajrih. Pangeran Pugêr
nuntên angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, paman Nêrangkusuma, timbalane kakang
prabu kowe dikakake anglabuhi marang Si Surapati, lan sabalamu kabèh tumuli angrakita
gêgamaning prang. Radèn Nêrangkusuma matur sandika. Pangeran Pugêr angandika malih
dhatêng para bupati, para bupati kabèh, timbalane kakang prabu, kowe padha dikakake
awèh gêgaman. Apa kang dadi dhêmênane padha tumuli awèha. Para bupati enggal sami
anyukani dhuwung dhatêng Surapati, nanging panyuwunipun Surapati dhuwung kang sami
dhapur lêrês. Yèn dhuwung parung Surapati botên ajêng nampèni. Sasampuning makatên
nuntên sami bibar mantuk piyambak-piyambak. Radèn Nêrangkusuma lajêng atata-tata
gêgamaning prang sarta anggêganjar dhatêng ing balanipun tuwin dhatêng rencangipun
Surapati, awarni busana kang sae-sae.

Kawuwusa lampahe ajidan sampun dumugi ing Japara, lajêng angaturakên sêrat kang
saking sang prabu, sampun tinampèn dhatêng Kapitan Tak sarta winaos. Sasampuning
[Sasa...]

--- 405 ---

[...mpuning] maos sêrat Kapitan Tak sakalangkung suka, lajêng bidhal saking Japara
sakumpêninipun. Lampahipun dumugi ing Samawis. Alêrêp tigang dalu, Ki Rôngga ing
Samawis inggih sangêt ênggènipun sêsugun. Kapitan Tak anuntên bidhal, Ki Rôngga inggih
andhèrèkakên. Sarêng dumugi ing Kênêr alêrêp malih wontên ing ngriku, Ki Rôngga nuntên
angrumiyinakên utusan, sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak
sampun dumugi ing Kênêr. Sang nata sarêng sampun nampèni sêrat lajêng angandika
dhatêng Dipati Sindurêja, Sindurêja, sira mênyanga ing Banyudana amapaga Si Tak, sarta
agawea pasanggrahan ana ing kono utawa bakal suguhe ya aja kêkurangan. Ki Sindurêja
wau lajêng dipun bisiki ing sang prabu mênggah ingkang badhe dados karsanipun bab
prang, Ki Sindurêja sarêng sampun tampi wangsitipun sang nata lajêng bidhal.
Sadhatêngipun ing Banyudana inggih nuntên adamêl pasanggrahan. Sarêng sampun dados
lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Rôngga ing Samawis kang sawêg
wontên ing Kênêr, utusan wau inggih lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalihan Ki
Rôngga, sarta angaturakên sêrat. Ungêling sêrat, Kapitan Tak tinimbalan ing sang prabu
dhatêng ing Banyudana, Ki Rôngga sarêng sampun maos sêrat lajêng wicantên dhatêng
Tak. Payo tuwan, kowe ditimbali [diti...]

--- 406 ---

[...mbali] ing sang prabu marang Banyudana, Kapitan Tak inggih mangkat sakumpêninipun.

Kala samantên sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung ing Surabaya, andikakakên
ngobongi pasowan kidul, sarta aloka yèn Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton. Ki
Tumênggung Surabaya inggih nuntên angobongi griya pasowanipun, sarta Surapati
kaêlokakên ngamuk. Têtiyang nagari Kartasura sami gègèr, kala samantên lajêng misuwur,
yèn Surapati sumêja angrisak nagari ing Kartasura akanthi Radèn Nêrangkusuma. Sarêng
ing dalunipun sang nata animbali Pangeran Pugêr, kalih Surapati, tiga Nêrangkusuma sarta
para dipati sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, besuk yèn Si
Kapitan Tak wis têka ana ing Banyudana Si Surapati lan Si Nêrangkusuma tumuli gusahên
têka ing omahe, misuwurna yèn balela marang ingsun. Dene kang bakal sun kon anggusah
Si Cakraningrat lan Si Jangrana sarta bocah môncanagara sabalane kabèh, padha
ambêburua marang Si Surapati, sarta ambêdhilana kang rame, nanging aja ana kang
nganggo mimis. Dene yèn Si Tak wis têka ana ing alun-alun ingsun, Si Surapati gêntos
ambêburua marang Si Cakraningrat lan Si Jangrana,

sarta ambêdhilana Si Cakraningrat lan sabalane enggal lumayua, kayadene [kayade...]

--- 407 ---

[...ne] wong kalah prang mêngkono, banjur angungsia marang ing ngarsaningsun. Si
Surapati angêsuka marang ing alun-alun. Banjura prang karo Si Tak, ana ing alun-alun,
supaya ingsun bisaa andêlêng prange Si Surapati lan wong Kumpêni. Pangeran Pugêr sarta
kang sami kadhawahan aturipun sandika, lajêng sami mantuk atata-tata.

Kawuwusa lampahipun Kapitan Tak sampun dumugi ing Banyudana sakumpêninipun. Ki


Dipati Sindurêja enggal amêthuk, sarta têtabehan. Ki Dipati Sindurêja sangêt ênggènipun
urmat. Kapitan Tak sakumpêninipun sakalangkung suka. Ki Dipati Sindurêja lajêng utusan
angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing Banyudana.
Sang nata sarêng sumêrêp Kapitan Tak dhatêng wontên Banyudana, enggal amangsiti
dhatêng Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên gusah Surapati.
Ki Cakraningrat sarêng sampun tampi wangsitipun sang prabu, lajêng ambudhalakên
gêgaman, sarta utusan asuka pariksa dhatêng Kumpêni ingkang jagi ing Kartasura, yèn
Pangeran Cakraningrat badhe anggêbag prang dhatêng Surapati tuwin Nêrangkusuma,
tiyang Kumpêni dipun kèn baris wontên pagêlaran anjagèni sang prabu, pangagênging
Kumpêni sarêng tampi utusan saking Cakraningrat, inggih enggal angangkatakên
[angangka...]

--- 408 ---

[...takên] Kumpêninipun kathahipun kalih atus, sami kabarisakên wontên ing pagêlaran.
Dene Ki Cakraningrat kalihan Ki Jangrana wau inggih sampun ambudhalakên gêgaman.
Sadhatêngipun ing nrangkusuman lajêng sami angarutug ing sanjata, sarta sami surak,
nanging sanjatanipun botên mawi mimis. Bala ing nrangkusuman tuwin rencangipun
Surapati inggih sami malês anyanjatani, anuntên Surapati sarta Nrangkusuma kèngsêr
saking ing dalêmipun, lajêng dipun bêbujêng dhatêng Ki Cakraningrat, arame sami bêdhil-
binêdhil. Surapati lajêng anêrajang barisipun tiyang môncanagari sarta ambêsmèni
padhusunan kang sami kamargenan. Baris môncanagari dhadhal sami lumajêng, nuntên
dipun tulungi dhatêng Ki Cakraningrat, arame pêrangipun.

Gêntos kacariyos Kapitan Tak kang wontên ing Banyudana, Kapitan Tak
wicastên[13] dhatêng Ki Sindurêja, radèn dipati, dhatêng kula mriki punika dipun utus ing
tuwan gurnadur jendral, tuwin para rat[14] sadaya, ingkang rumiyin
angaturakêm[15] pisungsung awarni baludru, renda sapanunggilanipun awarni- warni, katur
ing sang prabu, kaping kalih anyuwun pun Surapati, inggih badhe kula cêpêng piyambak,
sok ugi sampuna kalilan kemawon ing sang prabu, sabab punika agêng dosanipun dhatêng
tiyang Kumpêni. Ki Dipati Sindurêja amangsuli, tuwan, sampeyan [sampe...]

--- 409 ---

[...yan] sumêrêpa, pun Surapati punika salaminipun botên ngabdi ing sang prabu, suwita
dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma kemawon. Milanipun kala sang nata tampi sêrat
babêktan sampeyan rumiyin, karsanipun Sang Prabu Surapati badhe kacêpêng, kasrahakên
babêstan dhatêng ing sampeyan, nanging Radèn Nrangkusuma sangêt gènipun angêkahi,
dados samangke Radèn Nrangkusuma wau balela dhatêng sang prabu, pandugi kula para
tiyang agêng-agêng ing Batawi tuwin sampeyan dèrèng sami sumêrêp yèn sang prabu
samangke mamêngsahan kalihan pêpatihipun, malah kala wingi pun Surapati sumêja
ngamuk dhatêng kadhaton, sampun angobongi griya pasowan kidul, munduripun pun
Surapati wau amargi saking Pangeran Pugêr ingkang têtulung dhatêng kadhaton.

Kapitan Tak sarêng mirêng aturipun Ki Sindurêja lajêng ambanting têpiyonipun, agêdrug-
gêdrug anyakot rawis sarta pêrdam-pêrdom, andik maripatipun, ingkang aningali sami
ajrih, lajêng wicantên. Radèn dipati, sampeyan angantos ing dintên benjing-enjing, pun
Surapati amêsthi badhe pêjah dening kula. Botên dangu Kapitan Tak mirêng swaraning
sanjata ambal-ambalan, kados rêdi rêbah sarta aningali kukus griya kabêsmèn anglandêng,
Kapitan Tak pitakèn, radèn dipati, punika swaraning sanjata punapa, dene botên kèndêl-
kèndêl, [kèndê...]

--- 410 ---

[...l-kèndêl,] sarta kukus anglandêng, Radèn Sindurêja amangsuli, tuwan, inggih punika
pun Surapati sarta Radèn Nrangkusuma, apêrang kalihan sang prabu, suwawi nuntên
mangkat atêtulung ing sang prabu, manawi sêlak kasoran. Kapitan Tak wicantên. Inggih
sumôngga sami bidhal, atêtulung ing sang nata, nanging kula badhe lajêng pêrang
kemawon. Botên mawi sowan ing sang prabu, bilih Surapati sampun kacêpêng kemawon
kula sowan. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, kula ajrih yèn anglilanana gèn sampeyan
karsa pêrang, prayogi sampeyan sowan rumiyin. Sanajan sampeyan pêranga yèn sampun
angsal idinipun sang prabu. Kapitan Tak inggih anurut dhatêng Ki Sindurêja, lajêng sami
bidhal sakumpêninipun, angêbêki lêlurung, lampahipun ginêlak, sampun dumugi ing alun-
alun Kartasura, bala Kumpêni kabarisakên salèring waringin kurung, kapitan kalihan Ki
Sindurêja sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing ngarsa dalêm Ki Sindurêja matur,
gusti, punika warninipun Kapitan Tak, kula bêkta sowan ing ngarsa dalêm. Sang prabu
lajêng angawe sarwi mulung astanipun. Kapitan Tak enggal nyandhak atêtabehan. Kapitan
Tak matur, sinuhun, kula angaturakên tabenipun kaki jendral sarta para rad sadaya,
kaping kalih kula angaturakên pakintunipun pun kaki jendral, [je...]

--- 411 ---

[...ndral,] rajabrana awarni-warni, kaatura ing panjênêngan dalêm. Kaping tiga kula
kautus nyuwun bêbujênganipun tiyang Kumpêni kang wontên ing nagari dalêm, anama pun
Surapati, sabab dosanipun agêng dhatêng tiyang Kumpêni, mugi andadosna parênging galih
dalêm. Inggih kula piyambak kang badhe nyêpêng, amung mugi kaidinana kemawon. Sang
nata alon angandika, kapitan, ing sakèhe pakirime si kaki jendral ya bangêt tarima kasih
ingsun. Dene prakara Si Surapati sira aja susah, ingsun ya ambiyantoni marang sira,
nanging Si Surapati samêngko wis golong sabyantu karo pêpatih ingsun kang jênêng
Nrangkusuma, amungsuh marang ingsun. Malah ingsun wis matah bupati loro lan sabalane,
ingsun kon angrusak ing kapatihan, ingsun kon anyêkêl marang Si Surapati karo Si
Nrangkusuma, samêngko wis padha pêrang rame, sira anaa ing ngarsaningsun bae, sabab
bangêt sumêlang ingsun, manawa bupati loro mau kasoran pêrange, Si Surapati mêsthi
angêsuk sumêja ngrusak kadhaton, kang sun jaluki tulung sapa, kajabane amung sira,
mulane sira barisa ing alun-alun bae, sanajan sira pêranga ya anaa ing ngarsaningsun.
Kapitan sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu sakalangkung suka manahipun sarta
alon matur, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun kuwatos. [kuwato...]

--- 412 ---

[...s.] Yèn kula taksih gêsang, pun Surapati prasasat sampun kagêgêm ing tangan kula,
amêsthi badhe pêjah dening kula. Kapitan Tak nuntên tumurun saking ing sitinggil anata
barisipun. Ki Dipati Sindurêja enggal utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Cakraningrat
kalihan Tumênggung Jangrana, ungêling sêrat, asuka uninga, yèn Kapitan Tak sampun
dhatêng wontên ing alun-alun, utusan wau inggih sampun kêpanggih kalihan Cakraningrat
kang sawêg pêrang wontên ing padhusunan sawetaning kadhaton. Cakraningrat sarêng
sampun tampi sêrat, enggal ambêrêg pêrangipun, Surapati kapurih dhatênga ing alun-alun
sarta dipun sanjatani, nanging botên mawi mimis. Anuntên wontên bala ing Sampang
satunggil anama Konang Pasir awicantên dhatêng kancanipun. Kônca, iki pêrang apa
gêguyon, awakku kêsêl têmên, sarta kapanasên, payo padha dijajal nganggo mimis.
Konang Pasir wau lajêng anyanjata mawi mimis, angsal rencangipun Surapati satunggil
pêjah, Surapati sarêng sumêrêp sangêt nêpsu dene tiyang Sampang anglairakên wawêlinge
gustinipun. Surapati wau lajêng angamuk dhatêng balanipun Cakraningrat, tiyang tiga
sampun sami dipun suduki nanging botên pêjah, lajêng dipun rêmbat dhatêng kancanipun,
kaaturakên ing sang dipati. Dipati Cakraningrat sarêng aningali rencangipun tiga sami

--- 413 ---

tatu, sangêt suka ing galihipun, dene wontên pratandhanipun yèn prang sayêktos. Ki
Cakraningrat wau nuntên lumajêng sabalanipun sarta ambêkta rencangipun tiga kang sami
tatu, Surapati inggih nuntên ambujêng sarta anyanjatani, palajêngipun Ki Cakraningrat
wau sampun dumugi ing alun-alun. Rencangipun kang sami tatu kabêkta langkung
ngarsaning baris Kumpêni, Ki Dipati Sindurêja lajêng sanjang dhatêng Kapitan Tak. Tuwan,
punika tiyang Sampang sampun kawon pêrangipun, sampeyan angatos-atosa. Kapitan Tak
sarêng aningali têtiyang Sampan,g sakalangkung duka, ambanting têpiyonipun sarta
parentah anabuh tambur, kathahipun pitulas. Tinabuh sarêng swaranipun brang-brangan.
Botên dangu Surapati sabalanipun dhatêng, lumêbêt ing alun-alun sarta asurak-surak. Para
bupati enggal sami mêthukakên pêrangipun Surapati, sarwi angarutug ing sanjata, Surapati
sarta balanipun lajêng sami ngamuk. Para bupati sabalanipun dhadhal, sami lumajêng
angungsi ing sawingkingipun sang prabu. Kapitan Tak enggal angabani Kumpêninipun,
sarêng angêdrèl dhatêng Surapati, swaranipun kados gêlap, ing paprangan pêtêng sangêt
dening kugus.[16] Surapati lan sabalanipun lajêng sami ngamuk anusup kukus, arame
prangipun. Balanipun Surapati sarta bala Nrangkusuman kathah kang pêjah, bala Kumpêni
inggih kathah [ka...]

--- 414 ---

[...thah] kang pêjah, bangke sungsun atindhih, kang pêrang sami angidak bathang.
Surapati nuntên mundur dhatêng ing pagongan, sumêja badhe ngombe, nuntên wontên
utusanipun sang prabu, andhawuhi Surapati dikakakên majêng prang, Surapati matur
sandika lajêng mangsah prang, katadhahan ing Kapitan Wêlandi anama Brikman. Surapati
dipun pêdhang awali-wali, nanging botên pasah, lajêng malês anyuduk. Kapitan inggih
botên pasah, Surapati dipun candhak dhatêng kapitan sarta kacakot gulunipun, Surapati
sangêt gila dening ilêr, nuntên lumajêng sakêdhap, èngêt yèn angandhut patrêm, lajêng
katarik sarta wangsul. Kapitan Brikman dipun patrêm gulunipun sampun pêjah. Kapitan
Tak sarêng aningali Brikman pêjah, sakalangkung bramatya, lajêng angabani
Kumpêninipun, angarutug ing sanjata dhatêng Surapati tuwin amêdhangi, nanging botên
kenging, Radèn Nrangkusuma sabalanipun atêtulung, arame pêrangipun, tiyang Jawi tuwin
Kumpêni kathah ingkang pêjah, Kapitan Tak kinarubut dipun waosi tuwin sinudukan, inggih
botên pasah, dhuwungipun Surapati sakawan sami putung sadaya, Kapitan Tak
sakalangkung têguh, Surapati sabalanipun nuntên mundur dhatêng pagongan, sumêja aso,
tiyang Kumpêni inggih taksih ngarutug ing sanjata saking katêbihan. Nuntên wontên utusan
saking sang prabu andhawahi

--- 415 ---

dhatêng Surapati andikakakên majêng prang malih, Surapati amangsuli, prikônca utusan,
dika matur ing sang nata, kula aso rumiyin kalihan badhe ngombe, sabab sangêt gènipun
sami kasatan. Dene kula botên-botênipun lumajêng, tiyang sampun kula sêja awor gêtih
kalihan Kumpêni. Utusan lajêng wangsul matur ing sang prabu, sang nata sarêng mirêng
aturing utusan lajêng mèsêm, sarta angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sira
têtulunga pêrang, Si Surapati bangêt gone sayah, manawa katiwasan. Pangeran Pugêr
matur sandika lajêng tumurun saking sitinggil dhatêng kori kamandhungan, amanggihi
abdinipun, kathahipun wolulas. Pangeran Pugêr sarta abdinipun wolulas wau lajêng sami
salin busana, amindha rencangipun Surapati, sasampuning sami dandos lajêng sami
mangkat ngalèr ngilèn anjog ing masjid. Nuntên menggok mangetan mêdal kori ing masjid
dumugi ing alun-alun. Surapati kalihan Nrangkusuma awas aningali, yèn Pangeran Pugêr
atêtulung, enggal majêng ngamuk, Pangeran Pugêr wau sampun ajêng-ajêngan kalihan
Kapitan Tak, sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Kapitan Tak lajêng dipun larihi, iganipun
tatas têrus ing walikat sampun pêjah botên angulicik. Kumpêni sakantunipun lajêng dipun
amuk dhatêng Surapati sarta abdinipun Pangeran Pugêr, [Pu...]

--- 416 ---

[...gêr,] sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang amung salawe, sumyur sami
lumajêng, Ki Dipati Sindurêja enggal amitulungi anglêmpakakên Kumpêni kang sami
kataton taksih gêsang, sami kabêkta dhatêng loji.

Sang Prabu sarêng aningali pêrangipun Surapati sakalangkung suka, sarta angalêm dhatêng
ingkang rayi sarta dhatêng Surapati, lajêng utusan animbali ingkang rayi, kalih Surapati,
tiga Nrangkusuma, priyantun têtiga sampun sami dhatêng ing ngarsanipun sang prabu, sang
nata mèsêm sarwi ngandika, bagea kang padha mêntas pêrang, priyantun têtiga matur
saha sêmbah, inggih wilujêng sabab saking pangèstu dalêm, lajêng sami pinaringan
dhêdhaharan, wowohan tuwin unjuk-unjukan. Sang nata angandika malih dhatêng Radèn
Surapati, Surapati, wis bangêt tarimaningsun marang sira, sira ingsun ganjar nagara ing
Pasuruan, ênggonana, lan sira sun ganjar nama Radèn Tumênggung Wiranagara, ana ing
kono aja pêgat ênggonira pacak baris, sarta anêlukna desa sakiwa têngêning kono, dene Si
Nrangkusuma ya milua marang ing Pasuruan, aja pisah lan sira, ana ing dêdalan
angobongana dêdesan. Kang bakal sun kon ambêburu marang sira bocah môncanagara
kabèh, sang nata lajêng angandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, sira padha
nêksènana yèn Si Sindurêja samêngko sun gawe patih [pa...]

--- 417 ---

[...tih] anggêntèni Si Nrangkusuma, lan adhimas Pangeran Panular sun lih arane, ajênênga
Pangeran Arya Mataram, sun paringi lêlungguh bumi sèwu karya. Para bupati inggih
jumênêng sadaya. Sang nata angandika malih dhatêng Ki Sindurêja, Sindurêja, sira kirima
layang marang kumêndur ing Japara, awèha wêruh yèn Si Tak tumpês lan sakumpênine
kabèh ana ing paprangan. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang nata kondur
angadhaton. Radèn Tumênggung Wiranagara kalihan Radèn Nrangkusuma inggih lajêng
bidhal sabalanipun sarta dipun bêbujêng dhatêng bala môncanagari, sadhatêngipun ing
Pasuruan bala môncanagari nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura. Dene Radèn
Tumênggung Wiranagara wau wontên ing ngriku inggih lajêng abêbètèng sarta ajêjagang,
anêluk-anêlukakên dhusun sakiwatêngêning ngriku, sampun agêng bêbarisanipun.

Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja, sampun anglampahakên utusan dhatêng ing Japara sarta
mawi sêrat mungêl saking sang prabu, sadhatêngipun ing Japara kêpanggih kalihan
kumêndur Sêlupriyansah, sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat
sakalangkung duka, wadana dados rah, andik netranipun sarta agêdrug-gêdrug. Milanipun
kumêndur sangêt duka, sabab sampun mirêng pawartos yèn têtiyang Jawi pêrangipun silip.

--- 418 ---

Ing lair mitulungi dhatêng Kapitan Tak, nanging ing batos amitulungi dhatêng Surapati,
utusanipun sang prabu lajêng dipun pitambuhi kemawon, sarta botên kasukanan sêrat
wangsulan. Utusan inggih nuntên mantuk palarasan. Sadhatêngipun ing Kartasura inggih
lajêng matur ing sang prabu yèn kumêndur sangêt ênggènipun nêpsu sarta botên amangsuli
sêrat. Sang nata sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng
Pangeran Pugêr, adhi mas, sarèhning si kumêndur samêngko sangêt ênggone nêpsu, iku
kapriye kang dadi rêmbugira, yèn ing karsaningsun ya aja tanggung gonira dadi mungsuh,
Walônda ing Japara bakal sun tumpês pisan. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing
panuwun kula, ing saupami panjênêngan dalêm karsa amamêngsahan kalihan tiyang
Kumpêni sampun ngantos ngèglèh, prayogi mawi aling-aling, nanging yèn kenging inggih
sampun ngantos mamêngsahan, sabab sanajan punika tiyang kapir sampun amitulungi
prang ing panjênêngan dalêm. Panjênêngan dalêm sampun kapotangan padamêlan tuwin
kasaenan. Saupami Panjênêngan dalêm sangêt-sangêt anyidrani, botên wande badhe
angapêsakên karaton dalêm. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi, lajêng sarèh
ing dukanipun sarta alon ngandika, adhi mas, yèn kaya mêngkono sira marentahna marang
bocah ingsun [ing...]

--- 419 ---


[...sun] kabèh, sapa-sapa kang bisa angrêrapu ing nêpsune si kumêndur, bakal gêdhe
ganjaran ingsun. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng mêdal saking kadhaton, anantun
dhatêng para bupati sapangandhap. Anuntên wontên mantri kaparak satunggil, turunipun
tiyang anêlèh, anama Jiwaraga, punika sagah angrêrapu dhatêng kumêndur, lajêng
kadhawahan mangkat dhatêng Japara, sarta binêktanan sêrat. Ki Jiwaraga inggih lajêng
mangkat. Sadhatêngipun ing Japara sampun kêpanggih kalihan kumêndur amaringakên
sêrat sarta kapal rakitan. Ungêling sêrat, sang prabu amratelakakên ing katêmênanipun
dhatêng Kumpêni, kalanipun pêrang Kapitan Tak kalihan Surapati. Kumêndur sasampuning
maos sêrat sangêt kaduwungipun ênggènipun nêpsu kala rumiyin. Ki Jiwaraga wicantên.
Tuwan, lampah kula punika kautus ing sang nata amratelakakên dhatêng sampeyan.
Supados sampeyan sampun ngantos sanès tampi, mênggah prangipun Kapitan Tak rumiyin,
sayêktos yèn tiyang Jawi ngiloni dhatêng Kumpêni, malah kathah ingkang sami pêjah,
suprandosipun dipun wastani silip pêrangipun dhatêng tiyang botên rêmên ing sang prabu.
Akathah-kathah pangrêpanipun Ki Jiwaraga wau ênggènipun murih ngrapêtakên ing
arênggang, supados sang prabu sampun ngantos crah kalihan kumêndur. Kumêndur sarêng
mirêng pangrêpanipun Ki Jiwaraga, sakalangkung [saka...]

--- 420 ---

[...langkung] suka manahipun sarta wicantên. Kyai Jiwaraga, kula kaparingan kapal sarta
sêrat, inggih sakalangkung panuwun kula sarta bingah, ingkang kaping kalih kula mugi
sampeyan suwunakên pangapuntên ing sang prabu mênggah ing kalêpatan kula, dene kula
anggêga pawartos ingkang botên prayogi, ing mangke kula amborongakên ing sampeyan.
Supados sang prabu sampun ngantos êru galihipun dhatêng kula, kalihan kula angaturi
baludru sarta renda tuwin barang sanèsipun. Mugi sampeyan aturakên ing sang prabu. Ki
Jiwaraga sangêt bingah ing manahipun. Anuntên pamitan, kumêndur urmat angatêrakên
sajawining kori. Lampahipun Ki Jiwaraga sampun dumugi ing Kartasura, sang nata pinuju
sinewaka, Ki Jiwaraga wau inggih lajêng sowan angaturakên wiwitan dumugi ing wêkasan,
tuwin rêruba saking ing kumêndur kang warni baludru, renda sapanunggilanipun inggih
sampun kaaturakên sadaya, sarta aturipun Ki Jiwaraga yèn kumêndur wau sampun ical
sakite manahipun. Malah sangêt pangrêpanipun anyuwun pangapuntên. Sang nata sarêng
mirêng aturipun Ki Jiwaraga sakalangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng
para dipati, bocahku bupati kabèh, sira padha ngèstrènana, yèn Si Jiwaraga ingsun gawe
bupati ing Japara, ingsun paringi jênêng Tumênggung Martapura. Para bupati [bu...]

--- 421 ---

[...pati] sami saur paksi sadaya. Sang nata ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung
Martapura, Martapura, sira mangkata sesuk marang Japara, sarta layang ingsun paringna
marang kumêndur. Martapura matur sandika, lajêng pradangdosan. Ing enjingipun anuntên
mangkat kalihan saanakbojonipun tuwin kulawangsanipun sadaya, sadhatêngipun ing
Japara lajêng lumêbêt ing loji, sarta amaringakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos
sêrat sakalangkung suka manahipun, alon ênggènipun wicantên. Kyai tumênggung, sangêt
ing sokur kula dene sampeyan angsal sihipun sang prabu kadadosakên bupati wontên ing
Japara ngriki, amêsthi badhe kenging kula bekani, panêdha kula mugi sampeyan nuntên
yasa padalêman ingkang prayogi. Ki Tumênggung Martapura anuntên pamit dhatêng
pamondhokan.

Kacariyos Ki Martapura wau sampun ayasa padalêman sakalangkung sae, sarta sampun
mukti sasêntananipun tuwin anak bojonipun. Têtiyang ing Japara inggih sami asih. Sarêng
ing lami-lami anuntên wontên tiyang Wêlandi satunggil ambêdhog ayamipun tiyang Jawi,
sarêng kawênangan dhatêng ingkang gadhah, Wêlandi wau lajêng dipun cêpêng sarta dipun
gêbagi, rai dipun calorèngi ênjêt lan nila, nuntên kauculakên. Tiyang Wêlandi lajêng lapur
dhatêng pangagêngipun sarta katur dhatêng pangagêngipun kumêndur. [ku...]

--- 422 ---

[...mêndur.] Kumêndur sarêng sumêrêp sakalangkung duka dhatêng Tumênggung


Martapura, pamanahipun kumêndur kawastanan saking pangajanipun Ki Martapura ingkang
ambêg digung, adamêl sawênang-wênang dhatêng tiyang Wêlandi, kumêndur wau lajêng
adamêl sêrat katur ing sang prabu, anyuwun pêjahipun Ki Tumênggung Martapura,
utusanipun kumêndur lajêng mangkat dhatêng ing Kartasura, anjujug ing panangkilan,
lajêng angaturakên sêrat, sampun tinampenan ing sang prabu sarta winaos. Sang nata
sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, pasuryanipun abrit, lajêng angandika dhatêng
Arya Sindurêja, Sindurêja, layange kumêndur iki wangsulana, prakara ênggone anjaluk
patine Si Martapura, ya bakal ingsun turuti, nanging konên sumêne ing sasi ngarêp iki,
ingsun bakal kongkonan bocah bupati marang ing Japara, sun kon matèni marang Si
Martapura. Arya Sindurêja matur sandika, utusan saking Japara wau inggih sampun
winangsulan.

Kala samantên sang nata ing dalu animbali para bupati lumêbêt ing kadhaton. sang prabu
angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, sira lumakua marang Japara, karo Si
Jangrana, têlu Si Mangunonêng, kapat Suranata, kalima Si Binarong, lan sabalane kabèh, Si
Martapura sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk patine marang si kumêndur, apa dhèwèke
wani anglawana

--- 423 ---

pêrang karo wong Walônda, manawa Si Martapura wani, sira lan sakancanira bupati mau
padha ambiyantonana, anglabuhana marang Si Martapura, nanging kang rêmit, aja kongsi
angêtarani, ya môngsa bodhoa sira ênggonira angreka, mulane mêngkono, dene si
kumêndur mau tanpa ngrasa, wani-wani anjaluk patine bocah ingsun bupati, manawa Si
Martapura ora wania banjur wisna pisan, poma sira dibisa sarta dingati-ati. Ki Sindurêja
sarta bupati sakawan matur sandika, nuntên sami mantuk apradangdosan. Ing enjingipun
lajêng sami mangkat, lampahipun sampun dumugi ing Japara, anjujug ing loji, kumêndur
ing Japara inggih amêthuk sarta para upêsiripun, Kumpêninipun sami urmat êdrèl sanjata
tuwin mariyêm. Radèn Dipati Sindurêja sarta bupati sakawan sampuning têtabean lajêng
binêkta lumêbêt ing loji sarta sinuguhan waradin sabalanipun. Radèn Dipati Sindurêja alon
wicantên dhatêng kumêndur, tuwan lampah kula mriki punika, kula kautus ing sang prabu,
andikakakên mêjahi dhatêng pun Martapura nanging wêlingipun sang prabu, pun Martapura
pêjaha wontên salêbêting loji ing ngarsa sampeyan, tuwin ing ngarsanipun para upsir, kula
kaparingan kanthi bupati sakawan. Kumêndur sarêng mirêng sakalangkung suka sarta
amangsuli, radèn dipati, sangêt ing tarima [ta...]

--- 424 ---

[...rima] kasih kula ing sih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng ing kula tuwin tiyang
Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan,
benjing-enjing pun Martapura badhe kula timbali mriki, yèn sampun dhatêng lajêng kula
kèn nyuduki dhatêng bupati sakawan punika wontên ing ngarsa sampeyan. Sampeyan mugi
angatos-atosa. Kumêndur amangsuli, radèn dipati, kula inggih miturut ing sakarsa
sampeyan. Ki Dipati Sindurêja lajêng pamit amasanggrahan. Sarêng wanci ing dalu Ki
Dipati Sindurêja apirêmbagan kalihan bupati sakawan sarta Ki Tumênggung Martapura
dipun timbali adhêdhêmitan. Radèn Sindurêja angandika dhatêng Ki Martapura, têkaku
mrene iki diutus ing sang prabu anari marang kowe, sarèhning kowe dijaluk patimu marang
wong Kumpêni, iku kowe apa wani anglawan pêrang, yèn kowe wani aku sarta bupati
papat iki dikakake anglabuhi marang kowe. Martapura matur, yèn makatên ingkang dados
karsanipun sang prabu, kula inggih anglampahi, sarta kula inggih botên ajrih amêngsah
prang kalihan Kumpêni, lan pintên laminipun tiyang gêsang wontên ing donya, ing benjing
inggih botên wande badhe pêjah, aluhung pêjah aprang sabil. Ki Dipati Sindurêja mirêng
kasagahanipun Martapura, lajêng angandika, yèn mêngkono, [mêngko...]

--- 425 ---

[...no,] sesuk bakal sida rêrêmpon ana sajroning loji, Martapura, yèn aku sesuk wis ana
sajroning loji sarta bupati papat iki, kowe bakal dakkongkoni dakundang, ya nuli têkaa,
banjur amuka bae, dene aku sarta bupati papat iki ya milu ngamuk lan sabalane kabèh. Ki
Martapura matur, inggih sampun sumêlang galih sampeyan. Benjing-enjing tiyang Kumpêni
amêsthi tumpês dening kula. Ki Suranata anyambungi, benjing-enjing kula kang nyuduk
kumêndur, adhi Jangrana dakbubuhi anyuduk kapitane, kakang Binarong anyuduka
lutnane, adhi Mangunonêng alpèrèse, ki lurah anjênêngana bae, aja milu-milu, sabab iku
prasasat sarirane sang prabu. Anuntên sami bibaran.

Sarêng enjingipun lajêng sami dangdos, sami angangge gêgamaning prang, sarta amilihi
balanipun ingkang pantês kabêkta lumêbêt ing loji, badhe kaajak ngamuk. Radèn
Sindurêja balanipun pêpilihan suwidak. Ki Jangrana kawan dasa, Ki Suranata sèkêt, Ki
Binarong kalih dasa, Ki Mangunonêng tigang dasa, dados tiyang kalih atus sampun sami
angatos-atos, lajêng bidhal saking pasanggrahan. sadhatêngipun ing loji balanipun ingkang
kathah sami kadèkèk ing jawi sadaya, amung bala pêpilihan wau ingkang kabêkta lumêbêt.
[lu...]

--- 426 ---

[...mêbêt.] Dene kumêndur sarta upsiripun inggih sampun sami lênggah ing kursi, ajêng-
ajêngan kalihan para bupati sarta kasêgah inuman. Radèn Dipati Sindurêja nuntên utusan
animbali Ki Tumênggung Martapura, utusan inggih sampun mangkat. Sadhatêngipun ing
ngriku Ki Martapura kêpanggih tilêm, asêngadi sakit. Bathukipun dipun pilisi ing jêjampi,
utusan wau inggih lajêng matur, ki tumênggung, jêngandika dipun timbali ing radèn dipati
dhatêng ing loji. Ki Martapura amangsuli, munjuka marang ki lurah, yèn aku lara ngêlu,
mumêt ora bisa lumaku. Ing batos Ki Martapura wau sangêt kaduwungipun ênggènipun
sagah badhe ngamuk dhatêng Kumpêni, upami wontêna kang sagêd nyandèkakên. Ki
Martapura barang darbèkipun suka yèn kapêndhêtana sadaya, utusan wau lajêng wangsul
matur ing Radèn Sindurêja, Radèn Sindurêja sarêng mirêng sakalangkung duka,
wadananipun abrit dados rah, lajêng ngandika dhatêng Tumênggung Binarong, kakang
Binarong, Si Martapura edan, agawe lingsêming nagara, layake anaking wong edan,
turuning wong kumpra, kowe mênyanga ngomahe Si Martapura, takonana dhèwèke iku
bupati apa wong edan, apa ta wong kumpra, manawa dhèwèke ngaku wong kumpra banjur
sudukana bae, kêthok-kêthok gulune, êndhase cangkingên marene, [mare...]

--- 427 ---

[...ne,] yèn dhèwèke ngaku bupati, yagene daktimbali ora têka. Ki Binarong matur sandika
lajêng mangkat. Kumêndur alon wicantên dhatêng Radèn Sindurêja sarwi mèsêm. Saudara,
lah punika yèn Martapura, wawratipun sampeyan ingkang nimbali purun matur makatên,
lêrêsipun sampeyan punika dipun anggêpa sang prabu, yèn sawêg sakit ngêlu kemawon,
bok dipun bêtah-bêtahakên. Upami botên sagêd lumampah dipun gotonga inggih pantês.
Radèn Sindurêja sarêng dipun unggar-unggar dhatêng kumêndur sangsaya sangêt
nêpsunipun, sarwi wicantên, tuwan, sampeyan antos sadintên punika, pun Martapura
amêsthi badhe pêjah dening kula. Kumêndur sakalangkung suka ing manahipun. Wondene
lampahe Ki Binarong wau igih sampun dumugi ing griyanipun Martapura, Ki Martapura
kêpanggih tilêman sarwi kêmul. Ki Binarong abêngis wicantênipun dhatêng Martapura, hèh
Martapura, kowe iki anak nguwong apa anaking asu, aku diutus ing ki lurah dikakake
mriksani marang kowe, kowe isih dhêmên dadi bupati apa wis korucat gonmu dadi bupati,
angulihi wijiling bêburuh, yèn kowe sumêja dadi buruh manèh, aku dikakake nyangking
êndhasmu. Ki Martapura mirêng wicantêne Ki Binarong sakalangkung kagèt, lênggah sarta
amangsuli,

1. drubiksa. (kembali)

2. apucêt. (kembali)

3. kêkèsèd. (kembali)

4. gatra. (kembali)

5. suyud. (kembali)

6. anyarirani. (kembali)

7. anggawa. (kembali)

8. budhaking. (kembali)

9. uculi. (kembali)

10. thithik. (kembali)

11. suwung. (kembali)

12. ribêt. (kembali)

13. wicantên. (kembali)

14. rad. (kembali)

15. angaturakên. (kembali)

16. kukus. (kembali)

--- 428 ---

Kakang Binarong, aku ora wêdi angamuk marang wong Kumpêni, sanajan dikarubuta satus
aku ya ora gumingsir, aku wong lagi lara têmênan, ing saiki wis waras. Ki Binarong
anyêntak, ah aja êmbrêbêgi kuping, cocotmu calêmang-calêmong mau bêngi saguhmu
kumrêsêk kaya garimis, toging ngêndon awad-awad lara, lah saiki kapriye, yèn kowe wani
ayo mangkat. Manawa kowe dhasar ora wani gulumu prènèkna dakkêthoke. Ki Martapura
sumaur, iya ayo padha mangkat. Martapura enggal dangdos, angangge dhuwung têtiga
anuntên mangkat. Sadhatêngipun ing loji sampun ingancaran lênggah, Radèn Sindurêja
pitakèn. Martapura, kowe mau apa lagi ewuh umbal, dene taktimbali suwe ora têka.
Martapura tumungkul sarta linggih ing kursi. Kumêndur enggal angêjepi lutnan Wêlandi
satunggil. Lutnan wau inggih sampun sumêrêp ing wangsit, lajêng anyandhak gêlas,
anglarihi inuman dhatêng Martapura, Martapura enggal ngadêg anampani gêlas. Astanipun
gumêtêr, Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan inggih sami ngadêg saking ing kursi, sarta
sami angatos- atos sumêja sarêng ngamuk. Wondene lutnan wau sarêng gêlas sampun
tinampèn, enggal anyêndhal dhuwungipun Martapura, sampun kenging satunggil.
Martapura

- -- 429 ---

ulatipun biyas, nuntên lumajêng, Radèn Sindurêja salêbêting galih sakalangkung ngungun
sarta duka, nuntên parentah dhatêng bupati sakawan andikakakên nututi sarta anyuduki
dhatêng Martapura, Martapura inggih sampun kacandhak, lajêng sinudukan sampun pêjah,
bathangipun ajur, bupati sakawan nuntên wangsul ing panggenanipun lênggah, kumêndur
sakalangkung suka sarta angrêrêpa, alon ênggènipun wicantên dhatêng Radèn Sindurêja,
saudara, pun Martapura kula kintên sangêt digdayanipun, dene adamêl ebahipun tiyang
sanagari. Radèn Sindurêja awicantên. Tuwan, kala taksih dados mantri kaparak inggih
sangêt digdayanipun, mila kaabdèkakên. Radèn Sindurêja lajêng parentah anjarahi barang
darbèkipun Martapura sarta amboyongi anak rabinipun. Utusan inggih sampun lumampah,
sabarang darbèkipun Ki Martapura sampun kaklêmpakakên katur ing Radèn Sindurêja,
Radèn Sindurêja nuntên wicantên dhatêng kumêndur, tuwan, sabarang gêgadhahanipun
Martapura sampun sami kula klêmpakakên. Manawi wontên ingkang sampeyan karsani mugi
kapundhuta. Kumêndur alon amangsuli, saudara, kula botên ajêng, kula damêl punapa
barang punika, sang prabu ingkang wajib kagungan, dene mênggah awak kula, sampun
sangêt ing tarima kasih kula, inggih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng

--- 430 ---

ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Radèn Sindurêja
wicantên malih, yèn sampeyan botên karsa inggih sampun. Kalih dene malih sampeyan
tampia dhawahipun sang prabu aprakawis pun Surapati, sarèhning sêmangke sampun
kantênan panggenanipun wontên ing Pasêdhahan. Mila makatên manawi sêlak ngrêbda,
amêsthi badhe ngrisakakên nagari kang cêlak-cêlak ing ngriku, dene sang nata inggih
sampun anglampahakên bupati kêkalih, anggêbag ing Pasuruan. Nanging botên kangge
samênut, lajêng tumpês sadaya, mila sang prabu sangêt ing susahipun. Nuntên dhawah
dhatêng kula amundhut bantu tiyang Kumpêni. Kumêndur amangsuli, saudara, yèn
makatên, kula utusan ngaturi priksa dhatêng ing Batawi rumiyin. Sasampuning rampung
ênggèn kula pirêmbagan. Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan lajêng pamit bidhal.
Kumêndur inggih sampun ambêktani barang warni-warni badhe katur ing sang prabu,
lampahipun Ki Sindurêja sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing sang prabu
angaturakên ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata mirêng aturipun Ki Sindurêja
sakalangkung ngungun, lajêng dhawah dhatêng Radèn Sindurêja dikakakên ambucal
sabèbètipun Martapura, sang nata botên karsa angabdèkakên.

Amangsuli cariyosipun Panêmbahan Rama marasêpuhipun [marasêpuh...]

--- 431 ---


[...ipun] Trunajaya kala bêdhahipun ing Kadhiri, sapêjahipun Trunajaya Panêmbahan Rama
wau lumajêng, botên wontên ingkang sumêrêp. Ing mangke Panêmbahan Rama adêdunung
wontên ing dhusun Mêlambang tanah rêdi kidul, sarta anêluk-nêlukakên tiyang dhusun
sakiwatêngêning ngriku, sampun kathah kang sami suyud wau, adamêl tatêngêr panggang
ayam minôngka asor ungguling prang, yèn Panêmbahan Rama badhe unggul pêrangipun,
panggang ayam punika amêsthi sagêd gêsang malih sarta kaluruk, yèn badhe kawon
pêrangipun inggih taksih atulus dados panggang, sarêng sampun adamêl têtêngêr makatên,
Panêmbahan Rama nuntên anggêtak dhatêng panggang, panggang ayam lajêng mabur sarta
kaluruk. Balanipun sami eram sarta sami pitados, yèn badhe unggul pêrangipun. Anuntên
ulam lele sajodho kadèkèkakên ing pinggan, dipun kèn mènèk galugu, ulam lele wau inggih
lajêng mancolot dhatêng wit kalapa, mènèk manginggil dumugi ing pupus. Balanipun
Panêmbahan sangsaya sangêt eramipun. Kala samantên Panêmbahan Rama sampun kathah
balanipun. Misuwur ing tanah sakiwatêngêning ngriku. Yèn sakalangkung sakti.

Anuntên katur ing sang prabu, sang nata enggal parentah dhatêng Tumênggung Jangrana,
kalih Tumênggung Mangkuyuda, tiga Natayuda, dikakakên anglurugi dhatêng Mêlambang,
Tumênggung [Tumêng...]

--- 432 ---

[...gung] têtiga inggih lajêng bidhal sabalanisun.[1] Wondene Panêmbahan Rama inggih
sampun sumêrêp, yèn badhe dipun inggahi gêgaman saking ing Kartasura, nuntên parentah
dhatêng rencangipun anama Rôngga Dhadhapan. Rôngga Dhadhapan, kowe amapagna
mungsuh kang saka ing Kartasura, bala kabèh padha adunên prang, nungganga jaran sarta
wêwuda, pêcut iki unèkna, lan kowe cêlathua pêcut larut, aja mênêng-mênêng, amêsthi
bakal mênang pêrangmu. Rôngga Dhadhapan matur sandika sarta anampèni pêcut. Lajêng
parentah ambidhalakên gêgaman. Balanipun sadaya inggih sami wicantên pêthut[2] larut,
gumuruh swaranipun. Bala ing Kartasura anadhahi, botên dangu balanipun Panêmbahan
Rama kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, Rôngga Dhadhapan pêcutipun
lajêng kabucal, badhe nyandhak waos sumêja ngamuk, kasêlak dipun karocok ing kathah
sampun pêjah, bala ing Kartasura nuntên sami lumêbêt dhusun ing Mêlambang, sumêja
badhe anyêpêng Panêmbahan Rama. Wondene Panêmbahan Rama wau sarêng sumêrêp
balanipun sampun sami tumpês, lajêng lumêbêt ing sanggar malêngan. Wontên ing ngriku
Panêmbahan Rama amêgêng napas, lajêng sirna, bala ing Kartasura anuntên anjarah
saisining dhusun, sarta angubrês Panêmbahan Rama, nanging botên pinanggih, lajêng sami
bidhal mantuk [mantu...]

--- 433 ---

[...k] dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Panêmbahan Rama ical,
botên kantênan palajêngipun. Sang nata sakalangkung ngungun.

Botên antawis lami ing tanah rêdi Kidul wontên tiyang tapa satunggil, turunipin Kyai Agêng
Giring, ingkang gadhah dawêgan kang dipun ombe dhatêng Kyai Agêng Matawis rumiyin.
Tiyang tapa wau anama Ki Wanakusuma, sangêt anggènipun ambantêr tapanipun,
panêjanipun supados katurunan wahyu, sagêda jumênêng nata amêngku ing tanah Jawi
sadaya, gêntos waris. Mila makatên Ki Wanakusuma wau sumêrêp ing jangjinipun Kyai
Pamanahan kalihan Ki Agêng Giring, benjing yèn turunipun Ki Pamanahan ingkang
jumênêng nata sampun kaping pitu, punika suka yèn dipun gêntosana turunipun Ki Agêng
Giring, môngka ing mangke sampun turunipun kaping nêm. Mila Ki Wanakusuma sangêt
ênggènipun ambantêr tapanipun. Ki Wanakusuma wau agadhah anak jalêr kêkalih, anama
Jayaparusa kalih Jayalêlana, punika tansah dipun bujuk dhatêng êmbanipun anama
Ardikarun, dipun aturi angrêbat nagari ing Kartasura, gêntos waris. Putra kêkalih wau
inggih amiturut. Lajêng anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngên ing ngriku sarta
angubalakên ing kasêktènipun. Têtiyang dhusun kathah kang sami kerut, amargi kenging
ing kêmat ing ngèlmu singkir, kala samantên [samantê...]

--- 434 ---

[...n] sampun kathah balanipun, antawis gangsal èwu. Jayaparusa sarta Jayalêlana lajêng
sami sowan dhatêng ingkang rama sarwi matur, rama, kula anyuwun idi sampeyan. Kula
badhe ngrêbat nagari ing Kartasura gêntos waris. Ingkang rama angandika, kulup, bêcik
sarèhna dhingin, krana ing samêngko durung mangsane, kurang saturunan. Wruhanamu,
mulane aku tapa iki, ya kowe kang sun tapakake, supaya kowe kalilanan dening Allah
jumênênga ratu ing tanah Jawa, sarèhning samêngko durung mangsane, luwih bêcik
bantêrên ênggonmu tapa bae, karêpmu iku kêna diarani wong anggege môngsa, manawa
ora lastari, dene wong mangun pêrang iku luwih gampange, yèn wis mangsane. Ingkang
putra matur, rama, kula amêksa, botên kenging sampeyan palangi, manawi sampeyan
botên karsa tindak, inggih kula kalihan pun adhi kemawon kang badhe nglurug dhatêng ing
Kartasura, amung kagungan sampeyan bandera Waring kula suwun, badhe kula bêkta
prang. Ingkang Rama angandika, kulup, manawa kowe ora kêna dakpalangi, aku ya môngsa
tegaa. Kyai Wanakusuma lajêng amêndhêt bandera Waring, kaparingakên ingkang putra,
Jayaparusa anampèni, bandera Waring lajêng mabur dhatêng ing awang-awang nuntên
sirna, Jayaparusa matur, rama, kados badhe unggul pêrang kula, [ku...]

--- 435 ---

[...la,] pratandhanipun, dene bandera Waring malêsat dhatêng antariksa. Ingkang rama
ngandika, kulup, saka rêmbuganmu ngarani, nanging aku gawèkna jolang, bakal
daktunggangi milu pêrang ing sira. Ingkang putra matur sandika, lajêng parentah adamêl
jolang sarta angundhangi balanipun, yèn badhe tumuntên anglurug dhatêng Kartasura,
sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sakalangkung kathah balanipun. Ingkang dados
pangajêngipun baris Ki Ardikarun, putra kêkalih wontên ing têngah sarta numpak kapal. Ki
Wanakusuma kapikul ing jolang sawingkinging baris. Jayaparusa lan Jayalêlana samargi-
margi tansah angubalakên kasêktènipun, anyênggut alang-alang tuwin rumput. Lajêng
kasêbar ing siti, nuntên dados tiyang sarta sami anyêpêng gêgamaning prang, mila
balanipun yèn tiningalan sakalangkung kathah, padhusunan ingkang kamargenan sami risak
kajarah-rayah, têtiyang dhusun sami ngungsi ing nagari Kartasura, sampun katur ing sang
prabu, yèn wontên mêngsah dhatêng saking rêdi Kidul, balanipun sakalangkung kathah.

Sang nata enggal anglêmpakakên para bupati sabalanipun, inggih sampun sami baris
wontên ing alun-alun. Sang nata sampun têdhak wontên ing pagêlaran. Botên dangu
mêngsah dhatêng wontên ing palaraban. Lajêng sami ngamuk. Bala Kartasura anadhahi,
arame

--- 436 ---

pêrangipun. Bala Kartasura kathah kang pêjah, nuntên Pangeran Pugêr anglambung saking
lèr sarta abdinipun kalih dasa lajêng ngamuk. Bala Wanakusuman kathah kang pêjah,
Jayalêlana anuntên sumêja mêdalakên kasêktèn, nanging botên wontên dados, kakên
manahipun, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, Pangeran Pugêr sinudukan botên pasah,
Pangeran Pugêr lajêng malês kalihan waos Kyai Palèrèd. Jayalêlana tatas iganipun sampun
pêjah. Jayaparusa lajêng ngamuk, dipun tadhahi balanipun sang prabu tiyang Bugis anama
Singabarong, kancanipun Bugis kawandasa, tiyang Bugis wau kathah kang pêjah dening
Jayaparusa, Jayaparusa inggih nuntên pêjah dening tiyang Bugis. Nanging tiyang Bugis
botên sumêrêp, yèn punika gustining mêngsah, bathangipun Jayaparusa katilar, angamuki
balanipun kemawon. Nuntên wontên abdinipun sang prabu lurah pakêbonan, anama
Nayatruna, nyuwun pamit ing sang prabu sumêja badhe ngamuk ing mêngsah, inggih
sampun kalilan. Nayatruna lajêng mènèk ing wit waringin inggil, awas aningali yèn
Jayaparusa sampun pêjah, dene[3] tiyang Bugis jisimipun katilar, Ki Nayatruna enggal
malorod amurugi jisim, nuntên kakêthok gulunipun. Sirahipun kabêkta kaaturakên ing sang
prabu, sarta aturipun Nayatruna asamudana yèn Jayaparusa pêjah dening [de...]

--- 437 ---

[...ning] piyambakipun. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Nayatruna sarta aningali
sirahipun Jayaparusa, sakalangkung suka, Ki Nayatruna lajêng kajunjung dados wadana
pamajêgan, kaparingan nama Tumênggung Rajamênggala. Wondene Pangeran Pugêr wau
taksih ambujêng angamuk balanipun Jayalêlana, Ki Wanakusuma sarêng sumêrêp yèn
putranipun kêkalih sampun sami pêjah, Ki Wanakusuma lajêng sirna saking jolang, tiyang
ingkang ngrêmbat tuwin balanipun sanès inggih sampun sami lumajêng, Pangeran Pugêr
nuntên wangsul, sowan ing sang prabu sarta ambêkta jisimapun[4] Jayalêlana,
sadhatêngipun ing ngarsane ingkang raka lajêng ngabêkti, ingkang raka angrangkul jôngga
sarwi angaras lungayanipun. Sang nata tansah anggunggung dhatêng ingkang rayi,
pangandikanipun alon. Adhi mas, ingsun dêrma bae jumênêng nata, mungguh
paparentahaning tanah Jawa môngsa bodhoa sira, ênggonira angreka angrèhake ingsun wus
pitaya marang sira. Ingkang rayi matur sakalangkung nuhun. Wondene mustakanipun
Jayalêlana lan Jayaparusa lajêng dikakakên manjêr wontên ing margi parapatan.

Sarêng antara sataun sang nata utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat. Ungêling
sêrat, amundhut bantu tiyang Kumpêni, badhe andikakakên anggêbag ing Pasuruan.
Ingkang kautus anama Sêcanagara, inggih [ing...]

--- 438 ---

[...gih] sampun mangkat saking ing Kartasura. Sang nata nuntên dhêdhawah dhatêng
Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên ngalurug dhatêng ing
Pasuruan adamêl sandining pêrang kados ingkang sampun kalampahan. Pangeran
Cakraningrat sarta Jangrana inggih sampun mangkat saking ing Kartasura sabalanipun
kalihan tiyang môncanagari sadaya. Wondene lampahipun Ki Sêcanagara inggih sampun
dhatêng wontên ing Japara, sarta amaringakên sêrat dhatêng kumêndur, kumêndur
sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Ki Sêcanagara, Kiyai, dika antèni ontên
ing Japara ngriki kriyin. Kula badhe kengkenan dhatêng Bêtawi anyuwun bantu ingkang
dados pamundhutipun sang prabu. Kumêndur lajêng anglampahakên sêrat katur ing
gurnadur jendral ing Bêtawi. Gurnadur jendral sarêng sampun nampeni sêrat saking
Japara, enggal anglampahakên Kumpêni wolung atus. Litnanipun wolu, kapitanipun
sakawan, têtindhihipun anama Mayor Burham, prawira sarta digdaya, lampahipun sampun
dumugi ing Japara, kumêndur enggal ênggènipun amêthuk. Mayor Burham sakumpêninipun
sampun binêkta dhatêng loji sarta sinêgahan, wontên ing ngriku tigang dintên. Mayor
wicantên dhatêng kumêndur, kumêndur, aku iki dikakakên bêdhah ing Pasuruan, anyêkêl
marang Si Surapati, awit [awi...]

--- 439 ---

[...t] têka karsane sang prabu, sabab sang nata wis kawalahên ênggone arêp ambêdhah ing
Pasuruan. Dene aku ya bakal banjur marang ing Pasuruan bae. Kumêndur alon amangsuli,
mayor, yèn kowe kudu banjur marang Pasuruan. Utusane sang prabu iki gawanên pisan.
Mayor wicantên malih, iya bêcik, tak gawane tunggal prau lan aku. Mayor Burham lajêng
bidhal sakumpêninipun mêdal ing laut. Ki Sêcanagara inggih tumut. Lampahipun baita
sampun dumugi muwara Madura, kèndêl ing ngriku. Kala samantên wontên putranipun
Pangeran Cakraningrat jalêr satunggil anama Radèn Dêmang Pasisir amêthuk dhatêng ing
muwara, Mayor Burham sakumpêninipun kabêkta mêntas dhatêng dharatan sarta
sinuguhan, waradin sami tuwuk sadaya, Radèn Dêmang sangêt ênggènipun ngurmati
dhatêng tiyang Kumpêni, wontên ing ngriku tigang dalu tigang siyang, mayor wicantên alon
dhatêng Radèn Dêmang, saudara Radèn Dêmang sangêt tarima kasih kula ênggèn
sampeyan nyanggata[5] dhatêng tiyang Kumpêni sadaya, dene lampah kula punika kautus
ing tuwan jendral, bêbantun[6] prang dhatêng Pasuruan, inggih saking karsanipun sang
prabu ing Kartasura. Radèn Dêmang alon amangsuli, tuwan, yèn makatên, kula badhe
tumut sarta atêtuwi ing kangjêng rama, bapak kula, wau sampun lami ênggènipun
[ênggènipu...]

--- 440 ---

[...n] pêrang wontên ing Pasuruan, inggih awit saking karsanipun sang nata, dikakakên
ambêdhah ing Pasuruan. Mayor sakalangkung suka manahipun sarta wicantên. Inggih
sakalangkung prayogi sampeyan sarêng kalihan kula, suwawi nuntên mangkat. Radèn
Demang lajêng parentah dhatêng balanipun angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun
samêkta lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya mêdal ing dharatan sumêja dhatêng ing
Pasuruan. Kumpêni lumampah ing wingking, bala Madura ing ngajêng sarta pitêdah margi.

Kacariyos Ki Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana kang sami pêrang ngantos
wontên ing Pasuruan. Ing sabên dintên bêdhil-binêdhil, kèndêlipun yèn wanci sêrap
srêngenge, yèn wanci enjing sami wiwit pêrang malih, nanging botên wontên ingkang sami
pêjah, sabab botên wontên ngangge mimis, sarta sabên ing wanci dalu Ki Tumênggung
Wiranagara anyilibakên balanipun, sowan dhatêng pasanggrahanipun Ki Dipati
Cakraningrat, sami arêrêmbagan. Yèn sampun wanci bangun enjing lajêng mantuk dhatêng
kithanipun ing Pasuruan punapa dene ing sabên môngsa garêbêg Ki Tumênggung
Wiranagara wau inggih botên pêgat ênggènipun atur upêkti ing sang prabu, tuwin sabarang
wawêdalanipun nagari ing Pasuruan inggih kaaturakên ing sang prabu. Kala samantên Ki
Dipati Cakraningrat mundur pêrangipun anêbih saking kitha Pasuruan, [Pasurua...]

- -- 441 ---

[...n,] sumêja ngasokakên balanipun. Dene Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun


adamêl pacalang anjagèni yèn wontên baris Kumpêni dhatêng sarta tansah angatos- atos.

Kawuwusa lampahipun Mayor Burham sarta Radèn Dêmang Pasisir, sampun dumugi tapêl
watês ing Pasuruan, arêrêp ngasokakên balanipun. Wondening Ki Tumênggung Wiranagara
inggih sampun dipun aturi pariksa ing balanipun ingkang dados pacalang wau. Ki
Tumênggung Wiranagara sarêng mirêng tiyang Kumpêni dhatêng sangêt suka ing
manahipun, sabab sampun lami ênggènipun ngajêng-ajêng, sumêja awor gêtih kalihan
Kumpêni, lajêng bidhal saking kitha sabalanipun sumêja mêthukakên pêrangipun tiyang
Kumpêni, lampahing bala gumuruh asurak-surak, angajab enggala têmpuh ing pêrang,
botên dangu bala Kumpêni dhatêng, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, Kumpêni
lajêng ngarutug ing sanjata, mimis mindha garimis, ing paprangan pêtêng dening kukus. Ki
Wiranagara sabalanipun lajêng sami anusup ing kukus, angamuk kalihan dhuwung tuwin
waos. Sakalangkung rame pêrangipun bala, sabab sami purunipun. Bala Pasuruan tuwin
bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, dangu-dangu bala Kumpêni sampun sami pêjah
sadaya, ingkang taksih gêsang watawis amung kawan wêlas, sampun sami

--- 442 ---

lumajêng. Radèn Dêmang Pasisir sarêng aningali tiyang Kumpêni tumpês, sakalangkung
suka, lajêng narik pêdhang sarta angabani balanipun, majêng sarênga ngamuk. Bala
Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Dêmang sabalanipun sami angamuk punggung, botên
sumêrêp ing wadi, sabab dèrèng dipun jarwani dhatêng ingkang rama. Ki Tumênggung
Wiranagara sarêng aningali balanipun kathah pêjah amargi dipun amuk tiyang Mêduntên,
Ki Wiranagara sakalangkung kagèt, sarta sangêt nêpsu, sêru wicantênipun. Hèh bocah
Pasuruan, wong Madura iki nêja pêrang têtêmênan apa saking durung sumurupe, apa
dhasar dijarag, anglirake ing wasesa gustine, payo padha walêsên, aja wêdi. Bala Pasuruan
enggal sami majêng, angamuk rampak, bala Madura anadhahi, sakalangkung rame
pêrangipun. Bala Madura kathah kang pêjah, Radèn Dêmang Pasisir dipun waos dhatêng Ki
Bun Jaladriya, lambungipun tatas, sampun pêjah, sarta êmbanipun kêkalih anama Jangpati
kalih Mangkewuh inggih sarêng pêjah lan gustinipun. Bala Madura sarêng aningali
gustinipun pêjah, lajêng sami ambyuk angamuk liwung, botên wontên nêja gêsang, inggih
lajêng tumpês sadaya, ing wingking taksih anggili botên kêndhat-kêndhat. Kacariyos
wontên kapenakanipun Pangeran Cakraningrat, adhinipun dening Radèn Trunajaya kang
sampun pêjah,

--- 443 ---

anama Radèn Trunadilaga, sakalangkung wantêripun. Sarêng aningali Radèn Dêmang pêjah
lajêng ngamuk sabala tuwin santananipun. Bala ing Pasuruan kathah ingkang pêjah, Radèn
Trunadilaga dipun pasêr mawi upas dhatêng bala Pasuruan, kenging lambungipun rahipun
sumêmbur, lajêng kantaka dhawah ing siti. Anuntên wontên santananipun anama Radèn
Durgajaya, kalih Panji Wanèngpati, tiga Panji Wanèngsêkar, sakawan Panji Dipanagara,
priyantun sakawan wau lajêng sami ngamuk liwung, bala Pasuruan kathah kang pêjah,
Radèn Durgawijaya kagèt aningali, yèn Radèn Trunadilaga kantaka kenging upas pasêr,
enggal dipun purugi lajêng kasepak ing suku sarta wicantên sêru, adhi Trunadilaga, yagene
kowe pêrang karo wong rucah bae kongsi mati, apa kowe dudu trahing Brawijaya Majapait.
Tangia, ayo ngamuk. Radèn Trunadilaga kagèt lajêng lênggah, tatunipun sampun saras
sami sakala, sarta wicantên, kakang Durgajaya, payo padha ngamuk. Radèn Durgajaya
amangsuli, adhi, awakmu lêrêbêna dhisik. Aku ora-orane sumêja mundur sarta aku
sêksenana, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan. Amêsthi guluku dakpagas
dhewe. Radèn Durgajaya sarta Trunadilaga lajêng sami ngamuk malih lan sabalanipun,
gumulung angrêbat mêngsah, bala ing Pasuruan kathah [ka...]

--- 444 ---

[...thah] ingkang pêjah, sabab kêkathahên mêngsah, Ki Tumênggung Wiranagara


sabalanipun anuntên sami lumajêng angungsi salêbêting bètèng Pasuruan sarta tutup kori,
bala Madura anglud sumêja ngrangsang biting, Radèn Trunadilaga sêru ênggènipun
sêsumbar saking sanjawining biting, hèh budhaking Kumpêni mêtua, ayo padha pêrang, aja
inêp lawang, yèn kowe wis wêdi ing aku, nututa takbônda.

Anuntên wontên utusanipun Pangeran Cakraningrat anama Radèn Panji Dipapraja,


ambêkta bala kathah, sadhatêngipun ing paprangan, eram aningali tilas ramening prang,
lajêng enggal amurugi dhatêng Radèn Trunadilaga sarta Durgajaya, Radèn kêkalih nuntên
pitakèn. Kakang Dipapraja, kowe iki apa têtulung ing prang arêp ambalèni[7] Radèn
Dêmang Pasisir utawa sanak-sanakmu kang wis padha mati pêrang, mulane aku aprasêtya,
ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan, guluku bakal dakpagas dhewe, sabab
bangêt wirangku. Radèn Panji Dipapraja sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon
ênggènipun wicantên. Adhi Durgajaya lan adhi Trunadilaga, kapriye polahmu iku, dene
adhimu Radèn Dêmang kongsi mati utawa wong Madura ya akèh kang padha mati, apa
kowe ora sumurup, yèn pêrang iki gêgorohan. Radèn Durgajaya anyêntak. Ah ngêndi ana

--- 445 ---

wong pêrang gêgorohan, rak lagi cêlathumu iki, ayo padha ngamuk, bètèng iki padha
diunggahi. Balanipun sami dipun parentahi angrangsang bètèng, Radèn Panji Dipapraja
enggal angêjèpi balanipun, kinèn anyikêp dhatêng Radèn Durgajaya, inggih sampun dipun
cêpêngi, Radèn Dipapraja alon amituturi, adhi Durgajaya, sarèhning nêpsumu, yèn kowe
ora sumurup, nagara ing Pasuruan iki wadining ratu, manawa kowe kêlakon angrusak ing
Pasuruan, kowe prasasat angrusak ing sang prabu, angur ayo padha mundur, angaturi
uninga ing Pangeran Cakraningrat. Akathah-kathah ênggènipun pitutur Radèn Panji
Dipapraja wau, Radèn Panji Durgajaya sampun sarèh galihipun. Tumuntên sami bidhal
sabalanipun. Sadhatêngipun ing pasanggrahan ing ngarsane Pangeran Cakraningrat, Radèn
Panji Dipapraja lajêng anyungkêmi sukunipun Pangeran Cakraningrat, matur sarwi nangis.
Kula angaturi uninga yèn putra sampeyan Radèn Dêmang Pasisir pêjah wontên ing
paprangan. Tiyang Maduntên inggih kathah ingkang pêjah, lumajêng angungsi salêbêting
biting, witning yèn sampuna kula tumuntên dhatêng, ing Pasuruan kados kalampahan
bêdhah, wadining ratu badhe kalingkab, awit saking prasêtyanipun pun Durgajaya.
Akathah-kathah aturipun Radèn Panji Dipapraja [Dipapra...]

--- 446 ---

[...ja] wau, Sang Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon
ênggènipun ngandika, Dipapraja, baya wis pinêsthi karsa Allah patine anakku, amarga
bangêt ênggone bodho, apa manèh Si Durgajaya iku cangkême calêbang-calêbung, gêlis
têmên mêtokake basa kang larang, yèn adat trahing wong Majapait ora kêna ambalèni
calathu kang wus kawêtu, mêsthi nuli dilakoni. Radèn Durgajaya sarêng mirêng enggal
nyandhak sêking, jangganipun lajêng kapagas piyambak, namung pasah sakadhêle, rahipun
sampun mêdal, punika namanipun pagas sarat. Supados basanipun kang sampun kawêdal
sampun ngantos botên kalampahan. Nuntên wontên utusanipun Ki Tumênggung Wiranagara
ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Têmbunging sêrat Ki Tumênggung Wiranagara anyuwun
pangapuntên ingkang kathah-kathah dhatêng Pangeran Cakraningrat. Amargi pêjahipun
Dêmang Pasisir. Pangeran Cakraningrat inggih sampun amangsuli sêrat dhatêng Radèn
Tumênggung Wiranagara, suraosing sêrat, Pangeran Cakraningrat sampun narima
pêjahipun ingkang putra, amargi saking dèrèng sumêrêp ing wadi. Ki Tumênggung
Wiranagara sarêng sampun maos sêrat wangsulan, sakalangkung suka manahipun sarta ical
kuwatosipun. Sabab sangêt ênggènipun ajrih dhatêng Pangeran Cakraningrat. Kala
samantên Pangeran Cakraningrat [Cakraningra...]

--- 447 ---

[...t] lajêng utusan dhatêng ing Kartasura sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang
prabu, yèn putranipun pêjah wontên ing paprangan. Sêrat katur ing sang prabu, sang nata
sakalangkung ngungun, lajêng adhêdhawah dhatêng para bupati, sami andikakakên kintun
salawat awarni arta, bupati satunggil-tunggilipun ngalih atus ringgit. Sang nata piyambak
amaringi pitung atus ringgit. Arta wau inggih sampun katampèn dhatêng Pangeran
Cakraningrat.
Kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun kagungan putra jalêr satunggil, nanging kêncèt
sukunipun. Sampun kaangkat nama Pangeran Dipati Anom. Pinuju satunggiling dintên sang
nata animbali ingkang putra dhatêng ing dalêmipun. Sang nata alon angandika, kulup,
sarèhning sira wus diwasa lan ing besuk sira ora wurung anggêntèni marang panjênêngan
ingsun. Sira dibisa angêmpèk atine pamanira adhi Mas Pugêr, karo Si Cakraningrat, katêlu
Si Jangrana, kapat Si Rôngga Yudanagara ing Samarang, wêruhanira wong papat iku kang
minôngka pikukuhe nagara ing Kartasura, sira aja wani-wani anglarakake atine, ênggonira
bakal jumênêng nata upamane wong gawe tampah, pamanira dhimas Pugêr kang minôngka
wêngkune, kang minôngka jêjêt utawa anamane bupati têlu iku, dene têgêse manawa
wong papat iku ana kang rêngat atine [a...]

--- 448 ---

[...tine] ing salah sawiji, amêsthi ênggonira jumênêng nata ora kapenak, bakal akèh
pêrang, wong cilik padha susah atine, dene manawa sira bisa angêmpèk atine wong papat
iku, amêsthi tulus ênggonira jumênêng nata, tutug ing sabarang karsanira, sarta
nagaranira raharja, mulane mêngkono satêmêne bangêt sumêlanging atiningsun, andêlêng
tatêkonira, ing samangsane tatêkonira kang ala iku ora sira marèni, ingsun ora tega tinggal
karaton marang sira. Akathah-kathah pamulangipun sang prabu wau, sarta amulang
pratingkah jumênêng nata utawi suraosing Sêrat Asthabrata, Nitipraja, Panitisastra, inggih
sami kawulangakên sadaya, Pangeran Dipati Anom mirêng pamulangipun ingkang rama
akathah-kathah, lajêng tumungkul asêmu waspa sarwi alon matur, rama prabu, kula mugi
angsala pangèstu dalêm, sagêda anglampahi wulang dalêm wau sadaya. Sang nata
angandika malih, kulup yèn sira wis miturut marang ingsun, ing mêngko sarèhning sira wus
diwasa, sira bakal ingsun kramakake olèh anake wadon adhi Mas Pugêr, kaya-kaya patut
dadi jatukramanira, ewadene bêcik sira anontonana dhewe marang Kapugêran. Pangeran
dipati matur sandika lajêng mangkat dhatêng ing Kapugêran.

Kacariyos Pangeran Pugêr sampun apêputra

--- 449 ---

kalih wêlas. Pambajêngipun èstri, sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa,
anama Radèn Ajêng Lêmbah, kalih Radèn Mas Sudira, tiga Radèn Mas Surya, sakawan
Radèn Mas Mêsir, gangsal Radèn Mas Papa, nênêm Radèn Mas Sungkawa, pitu Radèn Mas
Sôngka, wolu Radèn Mas Sudama, sanga Radèn Ayu Ayunan. Sadasa Radèn Impun, ingkang
kêkalih taksih alit. Kala samantên Pangeran Pugêr pinuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp
para putra, kagèt aningali Pangeran Dipati Anom dhatêng, Radèn Mas Sudira enggal
amêthuk dhatêng regol. Pangeran Dipati Anom kaaturan lajêng dhatêng ing pandhapi,
Pangeran Pugêr amêthuk ing sawatawis tindak, anuntên sami tata lênggah, Pangeran Pugêr
alon angandika, kadingarèn anggèr, kowe marene, ora nganggo awèh wêruh dhisik. Bangêt
gugupe atiku. Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, paman, kala wau kula dipun
dhawahi raka dalêm, andikakakên dolan mariki. Pangeran Pugêr sarêng mirêng lajêng
sumêrêp yèn badhe anontoni dhatêng ingkang putra, Pangeran Pugêr anuntên angêjèpi ing
Radèn Mas Sudira, Radèn Mas Sudira inggih lajêng tampi ing sêmunipun ingkang rama,
enggal lumêbêt ing dalêm, amanggihi ingkang bak ayu, dipun aturi angladosêna pasêgah
gantèn. Radèn [Ra...]

--- 450 ---

[...dèn] Ajêng Lêmbah awrat niyatipun, nanging kapêksa dhatêng ingkang ibu tuwin
ingkang sadulur, inggih nuntên lumampah, sarwi ambêkta pasêgah gantèn. Nanging botên
karsa salin busana ingkang sae, ambombrong kemawon, sarta basêngut ulatipun.
Sadhatêngipun ing ngajêngan inggih angaturakên pasêgah gantèn ing ngarsanipun Pangeran
Dipati Anom. Nanging anuntên enggal wangsul lumêbêt ing dalêm. Pangeran Dipati Anom
kalanipun aningali dhatêng sang rêtna, dangu ênggènipun kami tênggêngên, sangêt
ênggènipun kasmaran. Awit sang putri sangêt ayunipun, amindha widadari ing Suralaya,
Pangeran Dipati Anom alon matur dhumatêng ingkang paman Pangeran Pugêr, paman,
putra dalêm adhi Ajêng Lêmbah sampun pintên ing yuswanipun, Pangeran Pugêr
amangsuli, ênggèr, aming kacèk rong taun tuwa kowe. Pangeran Dipati Anom anuntên
pamit kondur angadhaton. Sadhatênge ing ngarsane ingkang rama lajêng dinangu, kapriye,
apa sira wis wêruh ing rupane arinira. Ingkang putra matur, kula sampun aningali dhatêng
adhi Ajêng Lêmbah, sarta kula inggih sampun sênêng, ing mangke kula sumôngga ing karsa
dalêm. Sang nata angandika, sira ya bakal nuli ingsun dhaupake, nanging wêkas ingsun,
sira dibisa momong, sabab bakal bojonira iku sadulurira nak-sanak. Prasasat sadulurira
[sadulur...]

--- 451 ---

[...ira] dhewe. Ingkang putra matur sandika, sang nata nuntên parentah dhatêng ingkang
garwa, andikakakên acêcawis badhe rêrêngganing pangantèn tuwin para dipati inggih sami
kadhawahan amakajangan wontên ing alun-alun. Sarêng sampun sami mirantos, enjingipun
lajêng kaningkahakên wontên ing kadhaton. Ing sontênipun para bupati sagarwanipun
andikakakên sami murugi pangantèn èstri dhatêng Kapugêran, sarta ambêkta joli.
Wondene Radèn Ajêng Lêmbah inggih sampun pinaesan, badhe sangêt ing pamoponipun,
nanging pinêksa dhatêng ingkang rama kalihan kang ibu, mila Radèn Ajêng Lêmbah wau
badhe mopo, sabab sampun sumêrêp ing wêwatêkanipun Pangeran Dipati Anom. Asring
panastèn, ewan, nyalunthang, brancah sarta digung, dados sang putri wau ing batos sangêt
ing prihatosipun. Sadhatêngipun ingkang sami mêthuk, sang putri sampun katitihakên ing
joli, lajêng binêkta dhatêng ing kadhaton, kaudhunakên wontên sangajêngipun ing korining
dalêm kadhaton. Kangjêng Ratu Mangkurat enggal amêthuk. Pangantèn èstri nuntên dipun
kanthi astanipun. Sang prabu inggih sampun anganthi pangantèn jalêr, lajêng
kapanggihakên. Anuntên kabêkta dhatêng ing jrambah, sami kalênggahakên ing
pangkonipun sang prabu, sang nata sadangunipun [sadangunipu...]

--- 452 ---

[...n] amangku pangantèn, botên kèndêl-kèndêl ênggènipun amêmulang dhatêng ing


pangantèn jalêr èstri, supados atuta ênggènipun ajêjodhon. Sasampuning sawatawis
dangunipun pangantèn lajêng kadhawahan sami sare, sang nata têdhak kasukan dhatêng
ing pandhapi, dene ing sapêkênipun inggih lajêng kaundhuh dhatêng ing Kapugêran,
anuntên kakondurakên dhatêng ing kadhaton malih.

Kala samantên nagari ing Kartasura awis têdha, kathah tiyang sakit amargi kaluwèn, têmah
dados ing pêjahipun, lajêng kabubuh ing gêgêring, kathah têtiyang pêjah, sang prabu
sakalangkung susah ing galihipun. Ing wanci dalu animbali ingkang rayi Pangeran Pugêr,
sang nata alon angandika, adhi mas, kapriye kang dadi rêmbugira, nagara ing Kartasura
samêngko bangêt ênggone rusak. Sapa kang kelangan kajabane ingsun namung sira, ing
mêngko môngsa bodhoa sira ênggonira amurih supaya mulyaa ing nagara Kartasura, bisaa
murah pangan lan ilanga sakèhing gêgêring. Pangeran Pugêr matur, yèn makatên ingkang
dados karsa dalêm, kula nyuwun pamit badhe kesah, sumêja anêdha ing Gusti Allah, mugi
angsala pangèstu dalêm. Pangeran Pugêr anuntên lumèngsèr saking ing ngarsane ingkang
raka, sadhatêngipun ing dalêm, lajêng salin busana cara santri [sa...]
--- 453 ---

[...ntri] ingkang asring papariman, anuntên mangkat piyambak kemawon. Sumêja aningali
sawarninipun pêkên-pêkên. Yèn dalu ing saênggèn- ênggènipun tansah manêngkung,
sadhatêngipun ing pêkên Kapundhung Pangeran Pugêr eram aningali, dene botên wontên
tiyang wade sêkul. Ingkang sami dipun sade amung katela, jagung, uwi, gêmbili tuwin
canthèl alas. Kang mindha santri pitakèn dhatêng ingkang sami wêwadean. Bibi, punapa
sababe dene botên wontên wong adol sêga. Ingkang satunggil amangsuli, anama Nyai
Cumbring, gus santri, apa kowe ora sumurup, yèn nagara iki lagi têntrêm saiki, awit sang
prabu ing Kartasura tansah papêrangan lan ingkang rayi Susunan ing Ngalaga, wong cilik
orana kaur asêsawah, pijêr uyang-uyung bae, barêng wis kakumpulan ingkang rayi banjur
larang pangan mêngkene. Kang mindha santri sarêng mirêng lajêng mèsêm, karaos ing
galihipun, dados sangsaya ênggènipun prihatos. Pangraosipun Nyai Cumbring kajawat.
Pangeran Pugêr dipun jiyat kaajak mantuk dhatêng griyanipun. Pangeran Pugêr inggih
anurut kemawon. Sadhatênge ing griyanipun, lajêng kaaturan lênggah ing kalasa sarta
kaladosan panganan ing sawontênipun. Nyai Cumbring lajêng dhatêng lèpèn, sumêja
arêrêsik. Kang mindha santri anuntên kesah,

--- 454 ---

lampahipun lajêng dhatêng ing Matawis, anjujug ing masjid agêng, wontên ing ngriku ing
dalu anêngkung, anêgês karsaning Hyang ingkang murwèng pandulu, sarêng ing wanci
bangun enjing Pangeran Pugêr angsal pitulunging Allah, wontên tompo pênakêran uwos
saking ing nginggil dhawah ing ngarsanipun, agêngipun sakalapa, pangeran enggal
anyandhak, sarta sangêt suka ing galihipun. Sabab sumêrêp, yèn angsal pitulunging Allah,
ing wanci byar pangeran lajêng dhatêng ing pêkên agêng Matawis sarta ambêkta tompo,
anjujug tiyang wade uwos, lajêng pitakèn mênggah pangaosipun uwos ing satompo punika,
wangsulanipun ingkang wade, pangaos pitung reyal. Pangeran Pugêr angawis pitung wang,
Pangeran Pugêr wau lajêng dipun sêntak sarta dipun srêngêni, ing sabên dintên Pangeran
Pugêr padamêlanipun makatên. Yèn ing dalu ananêdha ing Allah, nanging tansah dipun
uyak-uyak dhatêng sawarnine tiyang wade uwos. Kala samantên botên antawis lami, lajêng
mirah têdha sarta sakathahing sêsakit sampun sirna, Pangeran Pugêr nuntên kondur
dhatêng ing Kartasura, sowan ingkang raka sang prabu angaturakên ing sasolahipun
sadaya, sang nata mirêng cariyosipun ingkang rayi angêrês ing galihipun. Ing wusana
sangêt suka, sabab nagarinipun sampun mulya.

--- 455 ---

Kacariyos Pangeran Dipati Anom, pinuju lênggah kalihan garwanipun wontên ing dalêm,
ingadhêp ipenipun ingkang nama Radèn Mas Sudira, dene ipe ingkang kathah-kathah botên
wontên sowan, sabab botên wontên ingkang dipun rêmêni, amung Radèn Mas Sudira
piyambak ingkang dipun sihi, pangeran dipati andangu dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira,
sadulurmu lanang kabèh ing samêngko apa wis padha dilih jênêng tuwa marang kangjêng
paman. Radèn Mas Sudira matur, adhi kula kang sampun ngalih nama sakawan. Radèn Mas
Papa angalih nama Radèn Mas Ôntawirya, pun Mêsir nama Radèn Mas Martataruna, pun
Sungkawa nama Radèn Mas Dipataruna, pun Surya anama Radèn Mas Suryaputra, sanèsipun
dèrèng wontên salin nama. Pangeran dipati sarêng mirêng yèn wontên nama Suryaputra,
sangêt ewa ing galihipun. Mila makatên, pangeran dipati wau dhasar sangêt sêngitipun
dhatêng Radèn Mas Suryaputra, awit sangêt bagusipun, kathah têtiyang kang sami angalêm
ing warninipun. Anuntên ngandika dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, kowe mênyanga ing
Kapugêran, Si Suryaputra dhawuhana, yèn daklih jênêng Radèn Wôngsatruna. Radèn Mas
Sudira matur sandika, lajêng mangkat. Radèn ayu dipati sarêng mirêng sakalangkung sakit
galihipun sarta alon matur, kangmas, adhi kula dosanipun punapa, tiyang warninipun
bagus, [bagu...]

--- 456 - --

[...s,] kok dipun salini nama kados tiyang dhusun. Sampeyan punika nyêrwètèh sangêt
saking têtiyang kathah, dene kang kalimrahan, tiyang gadhah sadhèrèk punika amêsthi
dipun agêngakên manahipun sarta winalungsung ing busana kang adi-adi, botên kados
sampeyan makatên, kok mindhak anganiaya. Pangeran dipati angandika, adhi ajêng,
mulane adhimu iku daksalini jênêng, yaiku pratandhane yèn sadulurku, puluh-puluh
kapriye, wong lagi mêngkono kang dadi karêpku. Radèn ayu dipati sakalangkung
ngangat[8] ing galihipun, lajêng lumêbêt ing dalêm sarta muwun.

Wondene lampahipun Radèn Suryakusuma inggih sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang
rama sarta matur. Kangjêng rama, kula dipun utus ing kangmas Dipati Anom, andikakakên
êndhawuhi ing sampeyan, yèn pun Suryaputra samangke dipun salini namanipun,
kanamakakên Radèn Wôngsataruna. Pangeran Pugêr amangsuli, thole, kowe matura
marang kangmasmu dipati, prakara ênggone nyalini jênênge Si Suryaputra, aturku sandika,
karodene kowe sarta adhi-adhimu kabèh aja ana lara atimu marang Pangeran Dipati Anom.
Krana iku gustimu, kaping pindho sadulur tuwa, wajib tinurut sabarang parentahe, apa
manèh [ma...]

--- 457 ---

[...nèh] wêkasku marang kowe, sarèhning kowe disihi ing Pangeran Dipati Anom, kowe aja
kurang ing pangati-ati, wis, kowe muliha. Radèn Suryakusuma lèngsèr saking ngarsane sang
rama, sadhatêngipun ing kadipatèn lajêng matur ing pangeran dipati.

Kala samantên sang prabu utusan dhatêng pabarisan ing Pasuruan sarta mawi sêrat.
Suraosing sêrat, animbali Ki Dipati Cakraningrat lan sakancanipun bupati môncanagari kang
sami baris ing ngriku, nanging bidhalipun saking ngriku margi ya kawon prang kalihan
Surapati. Utusan wau inggih sampun dhatêng wontên ing pabarisan. Sêrat sampun
katampèn ing Pangeran Cakraningrat, sakalangkung suka manahipun. Sabab ênggènipun
bêbarisan wontên ing ngriku laminipun sampun sawindu, Pangeran Cakraningrat ing wanci
dalu lajêng utusan sarta mawi sêrat dhatêng Surapati, suraosing sêrat, Surapati kapurih
anggêbaga prang dhatêng piyambakipun. Surapati sarêng sampun tampi sêrat enggal
parentah angrakit gêgamaning prang, ing enjingipun Surapati lajêng bidhal saking kitha
sabalanipun. Sadhatêngipun ing pabarisan Gênthong lajêng prang kalihan Pangeran
Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sabalanipun dhadhal lumajêng sadaya. Sumêja
mantuk dhatêng ing Kartasura, pasanggrahanipun lajêng binèsmenan dhatêng bala
Pasuruan. Palajêngipun

--- 458 ---

Pangeran Cakraningrat sampun dumugi ing Kartasura, Pangeran Cakraningrat wau lajêng
katariman tilas garwanipun sang prabu, putra saking Giri anama Ratu Wetan.

Kacariyos Pangeran Dipati Anom ênggènipun palakrama botên atut. Tansah awawan pabên.
Sabab pangeran dipati wau amundhut garwa sêlir kêkalih, sangêt dipun sihi, satunggil
anakipun tiyang kalang, satunggilipun èstri saking Ngonje tanah ing Toyamas. Ngantos supe
dhatêng garwanipun. Kajawi saking punika inggih asring rêmên dhatêng èstri sanèsipun,
sangêt ênggènipun brancah, sarta watêkanipun botên kenging kapêncok ngajêng, panastèn
sarta digung. Wondene sêlir kêkalih wau sampun sami kainggahakên garwa, sangêt
andadosakên nêpsunipun radèn ayu dipati, lajêng purik dhatêng Kapugêran, tanpa pamit
ingkang raka, wontên ing ngriku sang putri dipun pitambuhi kemawon dhatêng ingkang
rama, pangeran dipati inggih botên karsa andangu utawi animbali dhatêng garwanipun,
dados sang putri wau sangêt ênggènipun prihatos, yèn siyang amanggèn wontên ing
patamanan, anglêlipur galihipun piyambak. Amung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing
gandhok.

Anuntên sang nata mirêng yèn garwanipun pangeran dipati purik dhatêng Kapugêran. Sang
nata enggal animbali

--- 459 ---

lurah suranata têtiga, anama Ki Ôngga, kalih Ki Sèh, tiga Sarawèdi, sami kautus dhatêng
Kapugêran. Amariksa sababipun radèn ayu dipati purik kalihan mundhut pola wasiyat ing
Kapugêran, kang nama Kyai Palèrèd kalihan Kyai Maesanular. Tiyang têtiga matur sandika,
lèngsèr saking ngarsa dalêm, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Pugêr, utusan
matur alon angaturakên ing dhawahipun prabu sadaya, Pangeran Pugêr amangsuli, Ôngga,
Êsèh, kowe matura ing kakang prabu, prakara ênggone purik radèn ayu dipati aku ora
têtakon. Salawase ana ing kene takpitambuhi bae, krana Pangeran Dipati Anom durung ana
utusan amasrahake marang aku, sarèhning kowe diutus bêcik têmonana dhewe, aku wis
anglilani, malêbua marang kaputrèn. Ki Ôngga sarta Ki Sèh aturipun mopo. Pangeran Dipati
Pugêr ngandika malih, dene prakara pamundhute pola wasiyatku, samêngko kris sarta
tumbakku gawanên bae, kakang prabu aturana mola dhewe. Dhuwung sarta waos sampun
katampèn dhatêng utusan, lajêng binêta dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane
sang nata utusan matur ing purwa madya wusana, sang nata sakalangkung ngungun. Utusan
lajêng angaturakên dhuwung kalihan waos wasiyat ing Kapugêran. [Kapu...]

--- 460 ---

[...gêran.] Sang prabu sakalangkung duka dhatêng ingkang ingutus. Dene purun-purun
ambêkta wasiyat, botên kalawan parentahipun sang prabu, abdi ingkang ambêkta wau
badhe kinèn mêjahi, dangu-dangu sang nata èngêt lilih ing dukanipun, yèn purun-
purunipun ambêkta wasiyat wau saking parentahipun Pangeran Pugêr, sang nata enggal
dhawah amangsulakên, amung mundhut pola kemawon, wasiyat inggih sampun
kawangsulakên. Pangeran Pugêr inggih sampun anyaosi pola, sang nata lajêng dhawah
dhatêng pandhe, andikakakên damêl dhuwung kalihan waos, anelad pola wau.

Botên antawis lami sang prabu dhêdhawah adamêl sagaran sakidul kilèning kadhaton.
Ingkang anggarap tiyang sanagari Kartasura, tuwin tiyang pasisir môncanagari sami bêbah-
bêbahan. Botên lami nuntên dados sarta kaingonan baya, sang nata nuntên parentah
anggiring buron wana ing Matawis, kapurugakên dhatêng Kartasura, kaprênahakên
sakilèning sagaran, dipun krapyak. Pagiringipun buron wana wau urut margi mawi
karajêgan sarta kabêthekan. Manjangan, kidang, kancil, banthèng, jêjawa
sapanunggilanipun sampun sami dhatêng wontên krapyaking sagaran. Amung sima kalihan
cèlèng sami pinêjahan. Sang nata lajêng parentah adamêl masjid agêng, kang tinelad
Masjid Dêmak. Botên lami

--- 461 ---

masjid sampun dados, sakalangkung sae, sang prabu nuntên parentah dhatêng têtiyang
sanagari, andikakakên sami salat dhatêng masjid ing sabên dintên Jumungah, kala
samantên inggih kalampahan. Ing sabên Jumungah ing masjid agêng jêjêl tiyang ngantos
balèbèr dhatêng surambi.

Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja adarbe putra jalêr satunggil, patutanipun kalihan ingkang
rayi sang prabu randhanipun Trunajaya kang sampun pêjah, putra wau anama Radèn
Sukra, sakalangkung bagus warninipun, amênthelang lampahipun, ambêranyak kados putra
Dyarawati,[9] tiyang sanagari Kartasura botên wontên kang nyamèni bagusipun, ngantos
dados panjang kidunging para pawèstri, adamêl brôngta, utawi yèn wontên tiyang
mêmantu, Radèn Sukra wau prêlu dipun aturi tumut angarak pangantèn, kadamêl
têtingalan ing tiyang kang sami ngarak pangantèn. Kala samantên Radèn Sukra dipun
suruhi ngarak pangantèn atêtêgar sangajêngipun tiyang kathah, kang ningali sami
kasmaran. Pangaraking pangantèn wau mêdal ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom pinuju
ningali momor tiyang kathah, pangeran kagèt aningali ing tiyang bagus warninipun
karêngga ing busana, têtêgar nêlasakên tênaga sangajênge tiyang angarak pangantèn.
Pangeran andangu dhatêng abdinipun. Ingkang kadangu matur pêsaja, pangeran enggal
[eng...]

--- 462 ---

[...gal] kondur, sarta dhawah animbali Radèn Sukra, sabab sangêt panasing galih aningali
bagusipun. Radèn Sukra sampun dhatêng ing ngarsanipun sang pangeran, lajêng kinèn
nyêpêng sarta binêsta, Radèn Sukra ginitikan ing panjalin, jinêjêkan tinabokan ing tiyang
kathah, maripat jinêjêlan ing sêmut cêmêng, Sukra asambat botên dosa sarta nyuwun
pangapura druwili, pangeran amangsuli sêru, kowe aja takon dosa, yagene polahmu
sawênang-wênang, kaya kang duwe nagara, têtêgar sangarêping wong kathah, jaranmu ora
wurung nunjang wong, wong akèh iku baturku kabèh, hèh bocah ing kadipatèn, Si Sukra
gitikana manèh, matane lêbonana sêmut manèh. Para abdi enggal tumandang, Sukra
sambatipun ngaruara sarta nangis awaspa gêtih, lajêng botên èngêt. Nuntên dipun usung
kasèlèhakên satêngahing radinan agêng, panakawanipun Sukra enggal sami amêndhêt.
Sukra ginendhong binêkta mantuk. Ingkang ningali sami wêlas. Sadhatênge ing kapatihan
ingkang rama tuwin kang ibu sami nangisi, Radèn Arya Sindurêja ing sakêdhap mèh supe
ing galihipun, sumêja angrurah ing kadipatèn. Dene putranipun dipun niaya tanpa dosa,
dangu-dangu èngêt yèn abdi, lajêng lilih ing dukanipun. Ingkang putra enggal ingusadan,
antawis pitung dintên waluywa [wa...]

--- 463 ---

[...luywa] kados wingi uni, nuntên pamit dhatêng ingkang rama sumêja ngamuk dhatêng
ing kadipatèn. Ingkang rama botên anglilani, Radèn Sukra sangêt cuwa ing manahipun,
tansah angonta-onta dhatêng pangeran dipati, ing pundi ênggènipun badhe kêpanggih
Sukra botên ajrih, lajêng anggêgabah balanipun tiyang Bugis, kathahipun pitung dasa,
sumêja dipun jak ngamuk, amung ngantos ngupados jalaran kemawon.

Kala samantên Radèn Sukra engêt ing galih, yèn garwanipun pangeran dipati purik, wontên
ing Kapugêran. Radèn Sukra ngandika ing salêbêting galih, takjajale garwane pangeran
dipati iku taksanake, supaya nêpsua marang aku, dadia jalarane ênggonku bakal ngayoni.
Radèn Sukra nuntên animbali êmbanipun jalêr kêkalih, anama Singanoda, kalih Patrawisa,
Radèn Sukra ngandika, bapa, kowe apa wis padha wêruh warnane radèn ayu dipati lan apa
kowe sumurup sababe purik iku. Êmban kêkalih matur, bandara, kula inggih sampun
mirêng saking pawartosipun prasanakan kula tiyang Kapugêran. Mênggah warninipun radèn
ayu wau inggih sakalangkung ayu, dene nalaripun purik punika, awit kawon rêbat sih
kalihan èstri pêpundhutan saking ing dhusun Ngonje, samangke sampun kainggahakên
garwa, amung

--- 464 ---

makatên prakawisipun. Radèn Ayu wau salaminipun wontên Kapugêran kados gêrah kapit.
Ingkang raka tan animbali, mila ingkang rama botên karsa andangu, pamrihipun supados
puruna kondur dhatêng kadipatèn, nanging radèn ayu dèrèng karsa kondur, dados
samangke radèn ayu wau ing sabên siyang tansah wontên panggung patamanan, katingal
saking ing margi agêng Kapugêran, anglipur ing brangtanipun dhatêng ingkang raka,

bapa, dhawuhana bocahku gamêl, jaranku kore putih Si Nirwati, sikile papat pisan watês
dhêngkul sarta buntut suri kuncunge konên ngumbah ing nila wardi, banjur konên ngabah-
abahi biludru[10] ijo. Êmban kêkalih matur sandika. Radèn lajêng ngrasuk busana kang adi-
adi, akuluk cêmêng, sarta ngagêm sumping sêkar sumarsana, sapêlik sisih, Radèn Sukra
dhasar bagus karêngga ing busana. Ing wanci srêngenge lumarab, Radèn Sukra nuntên nitih
kuda sumêja têgar dhatêng ing Kapugêran ingiring rencang kalih wêlas kêlêbêt êmban
kêkalih, kudanipun anyirig. Ênggènipun têtêgar maripit banon ing Kapugêran wingking,
wira-wiri ing ngriku kemawon.

Kacariyos radèn ayu dipati ênggènipun wontên ing Kapugêran sampun kalih wulan sarta
kirang dhahar sare, warninipun wêwah ayu, anglir gambar wêwangunan. Wadana amindha
wulan. Netranipun lir intên sinarawèdi, [sinarawè...]

--- 465 ---

[...di,] waja kados mirah sinundukan. Alis ananggal sapisan. Rema kêtêl cêmêng,
dêdêgipun rêspati, èsême kang ningali sami kumêsar, paningalipun lindri, anglir murca
kinêdhèpakên. Ing nalika punika sang putri pinuju lênggah ing pêpanggungan, ingadhêp
êmban èstri kêkalih, para nyai satunggil anyurèni remanipun sarwi rimong sinjang jingga
tinêpi ing renda, sang rêtna kagèt aningali ing kakung nitih kuda nyirig, wira-wiri, kang
angiring ragi têbih, sang putri alon ngandika dhatêng êmban. Sapa kang têgar iki, bola-bali
ngetan ngulon lan angungak-ungak mrene, ayo padha andêlêng ing dhuwur bata kana.
Êmbanipun matur, ênggèr, sampeyan sampun ngantos ningali mriku, ingkang têgar punika
bilih raka dalêm kangjêng pangeran dipati, dados sampeyan badhe angsal lêpat. Sang
rêtna angandika, kae dudu bojoku, katara kang ngiring ming sathithik. Yèn bojoku kang
ngiring mêsthi akèh, lan aku môngsa panglinga, sanajan nganggoa cara guprênur, aku
mêsthi ora pangling, wong ika anyar katon. Sang rêtna enggal tumurun saking panggung
sarwi mundhut ôndha kaêtrap ing banon. Sang rêtna sampun minggah ngôndha, jaja
manglung sanginggiling banon, wadananipun katalorong soroting raditya ing wanci jam
gangsal sontên. Gumêbyar kadya wulan purnama sêdhêng andhadhari, kalih- kalihipun

--- 466 ---

sarêng ênggènipun sami ningali, dangu ênggènipun sami kamitênggêngên. Sukra sangêt
ênggènipun kasmaran dhatêng radèn ayu, sanalika kudanipun kèndêl. Sukra malongok.
Sang rêtna lajêng akèn dhatêng êmbanipun kang tumut mènèk ing banon satunggil,
kapurih pitakena dhatêng Sukra, êmban inggih enggal pitakèn. Wong bagus, kula ingutus
sang rêtna andangu, jêngandika punika sintên. Radèn Sukra kagèt, lajêng amangsuli sarwi
nyirigakên kapal. Kula putrane Radèn Adipati Sindurêja, nama kula kala rare pun Sukra,
nama kula sêpuh Natadirja, nanging dèrèng patos karan, taksih karan pun Sukra kemawon.
Sang putri sarêng mirêng lajêng ngandika sêru, he, kalingane kowe Si Sukra, dene bangêt
têmên ênggonmu dêksura sarta gumagus, ora rumôngsa yèn wong cilik, lan ora ngeman
bagusmu, upama kowe kauningana marang kangmas dipati, amêsthi dipothol gulumu,
amarga solahmu bangêt daladak, ora pêrnah. Radèn Sukra wicantên sarwi mèsêm. Dhuh
wong ayu gustine pun Sukra, kula botên ajrih dhatêng pun Kêncèt, ngabên karosan tuwin
kadigdayan. Ing saênggèning kêpanggih dhasar kula sêdya agêntos kêris tuwin gêntos waos,
sok ugi gusti kula wong ayu asiha dhatêng kula, kapandhinga bagusipun [bagusipu...]

--- 467 ---

[...n]

inggih taksih bagus kula. Sukra lajêng nyamêthi kuda, nyandêr mantuk. Sadhatênge ing
griyanipun tumurun saking titihan, aniba ing pasarean, sangêt ênggènipun brôngta dhatêng
sang putri. Wondene radèn ayu wau inggih nuntên kondur ing dalêm, angandika dhatêng
êmbanipun. Biyung, aku isih gêtun, Si Sukra mau dakkira sida kedanan marang aku,
upamane aku sida dipêgat marang kangmas, aku apatut yèn banjura laki Si Sukra.
Êmbanipun matur, ênggèr, pamanah kula botên prayogi, sabab pun Sukra anaking bala,
raka dalêm putraning ratu, ewadene upami raka dalêm sedaa inggih prayogi anêmpah
bêbêtahan. Sabab pun Sukra bagus, dhasar putraning pêpatih, kaprênah sadhèrèk nak-
sanak. Sang rêtna gumujêng suka.

Kacariyos Radèn Sukra, sawungunipun sare lajêng rêngêng-rêngêng kêkidungan, kados


satêngah ewah, ingkang kacipta amung putri ing Kapugêran. Êmbanipun kêkalih sami
matur kathah-kathah, amurih sampun ngantos anglanturakên ing pikajênganipun, nanging
Sukra botên keguh, malah sumêja lampah dhustha dhatêng ing Kapugêran anyidrèng rêsmi,
ing wanci dalu Sukra lajêng dandos cêcawêtan, anyandhak karbin sarwi akalung kêrga.
Êmbanipun matur, anggêgendholi sarwi nangis. Ênggèr, sampun ngantos kalajêngakên
karsa sampeyan punika, sabab [sa...]

--- 468 ---

[...bab] sangêt ênggènipun botên prayogi, kaping kalih, tiyang lampah makatên punika
amêsthi kêdah mawi jaruman rumiyin, sarat ambucal arta utawi rajabrana, karsa
sampeyan punika upamènipun tiyang mêndhêt ulam ing toya, tiwas buthêk toyanipun,
ulam botên kenging, upami sampeyan kapara ing tiwas, badhe sangêt ing nisthanipun.
Radèn Sukra amangsuli, iya bênêr kowe, bapa, nanging aku mêksa, sanajan aku tumêka ing
tiwas, sok uga wis andêlêng sadhela marang radèn ayu. Sukra nuntên mangkat. Êmban
kêkalih atut wingking, sadhatêngipun sajawining banon pagêr ing Kapugêran, kèwêdan ing
marginipun. Kakên ing manah Sukra anangis. Karbin sarta krêganipun binanting ing siti,
êmbanipun enggal anguculi sabuk, kacêlupakên ing toya, lajêng kauncalakên sumampir ing
pagêr banon. Sinjang karakêt. Sukra marambat anurut wastra, nuntên malorod dhatêng
salêbêting pagêr banon. Êmbanipun kantun wontên ing jawi, Sukra amatak aji lêlimunan.
Nanging lajêng sinambêran ing pêksi kolik, bênce, têtuhu.

Kacariyos para putra ing Kapugêran, anama Radèn Mas Ôntawirya, kalih Radèn
Martataruna, Radèn Dipataruna, sakawan Radèn Mas Wôngsataruna, gangsal Radèn Mas
Sôngka, nêm Radèn Mas Sudama, ing wanci dalu

--- 469 ---

dèrèng wontên sare, sami kagèt mirêng ungêling pêksi wau, anyambêri ing patamanan.
Sami graita yèn wontên pandung, enggal sami nganglang dhatêng prênahing ungêling
pêksi, tanpa obor, Radèn Mas Ôntawirya wantêr ing galihipun, têrang kang nurut banon.
Radèn Sukra uninga dhatêng kang sami ngênganglang wau, enggal nyalimpêt alingan
wiwitan,[11] sumêja wangsul mêdal. Lampahipun anyampar ron aking kumrèsèk. Radèn Mas
Ôntawirya mirêng swara kumrèsèk, enggal parentah mundhut obor, para rayi enggal
amundhut obor, sampun dhatêng, Sukra sampun mènèk pagêr banon marginipun wau,
lajêng aniba ing jawi, nuntên lumajêng kalihan êmbanipun. Nanging kalanipun marambat
ing pagêr banon katalorong ing obor, para putra sami awas paningalipun, lajêng opyak
wontên pandung, Radèn Mas Ôntawirya enggal anglumpati pagêr banon. Sampun dumugi
ing jawi, lajêng ambujêng pandung, ingkang para rayi malumpat botên wontên bakit,
nuntên sami mêdal ing kori, sarta abdi ingkang sami caos, sumêja sami nusul bujêng
pandung sarwi alok, gumêdêr swaranipun. Tiyang ing kapatihan inggih sami tandang
sumêja nyêgati pandung, oboripun kados raina, tiyang ing Kasindurêjan sami kagèt aningali
[a...]

--- 470 ---

[...ningali] Radèn Sukra sarta êmbanipun, sami mêmpis-mêmpis. Enggal sami dipun alingi
kasingkirakên. Anuntên Radèn Mas Ôntawirya dhatêng ing ngarsane tiyang Kasindurêjan.
Tiyang Kasindurêjan sami mêndhak sarwi nyêmbah pitakèn pawartos. Radèn Mas
Ôntawirya mangsuli, yèn bujêng pandung, plajêngipun mariki. Tiyang Kasindurêjan matur
yèn botên wontên. Radèn nuntên kondur, kadhèrèkakên tiyang Kasindurêjan.

Kacariyos Radèn Sukra, manahipun sangsaya sangêt ênggènipun brôngta dhatêng sang
putri, ajêng[12] adamêl rêrêpèn pitung pada kaaturakên ing sang rêtna, ingkang dipun utus
ngaturakên anama Nyai Tambakbaya, kang minôngka jaruman. Rêrêpèn inggih sampun
katur ing sang rêtna, lajêng kasimpên sangandhaping karangulu, botên antawis lami
kawartos ing têtiyang kathah, yèn radèn ayu dipati amêmitra kalihan Sukra, pawartos
punika katur ing Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati enggal akintun sêrat dhatêng
ingkang paman Pangeran Pugêr, sêrat inggih sampun katampèn. Ungêlipun. Kula angaturi
uninga ing sampeyan, yèn putra sampeyan adhi ajêng samangke lampah culika, alêlawanan
kalihan pun Sukra, sampun urup-urupan wastra, tuwin kintun-kêkintunan samukawis.
Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat, pasuryanipun [pasuryani...]

--- 471 ---

[...pun] abrit, sangêt ing dukanipun. Enggal animbali para putra, Pangeran Pugêr
ngandika, thole Sudira, undangên bakyumu Si Lêmbah. Radèn Mas Sudira enggal lumampah
dhatêng ing gandhok. Pangeran ngandika malih dhatêng putra Radèn Mas Ôntawirya, kulup
Ôntawirya, mêngko samangsane bakyumu têka ing ngarêpku kowe dikêbat anggêledhahana
paturone bakyumu, manawa kowe nêmu layang, sarupa- rupane, tumuli gawanên mrene.
Ingkang putra matur sandika. Botên dangu radèn ayu dipati dhatêng ing ngarsane sang
rama, Radèn Mas Ôntawirya sampun ambalengkrah pasareanipun kang bakyu, nuntên
manggih sêrat rêrêpèn, lajêng kaaturakên ingkang rama, Pangeran Pugêr sarêng sampun
nampèni rêrêpèn, lajêng ngandika dhatêng ingkang putra èstri, Lêmbah, sarèhning kowe
laki gusti, manawa ana kaluputanamu sandhangên dhewe, aja anggêgawa sadulur utawa
wong atuwamu. Radèn ayu dipati sarêng mirêng botên amangsuli, lajêng kondur sarta
muwun. Saunduripun radèn ayu dipati Pangeran Pugêr lajêng amaos sêrat rêrêpèn wau,
pangeran sangêt dukanipun, lajêng ngandika dhatêng ingkang para putra, baya wis
pinêsthi yèn aku kawirangan têka ing anak wadon. Hèh Sudira sarta anakku lanang kabèh,
dikêbat bakyumu Si Lêmbah untapna sadina iki, sarta bature wadon kang jênêng Si
Tambakbaya,
--- 472 ---

yèn kowe padha ora nana kolu anguntapake, padha kênaa ing supataku. Para putra matur
sandika sarta sami muwun. Para garwa tuwin tiyang salêbêting dalêm gumarumung sami
nangis. Para putra wau sampun kêpanggih kalihan ingkang bakyu, matur amundhut
pêjahipun. Radèn ayu dipati anglês galihipun, ngandika sarwi muwun. Sudira, kangjêng
rama iku ora nganggo titi pariksa, anggugu wêwadule kangmas dipati bae, kowe matura
ing kangjêng rama, yèn aku ora nglakoni culika sarta ora duwe niyat. Dene manawa
kangjêng rama mêksa mundhut patiku, aku ya nyumanggakake, sêmbah kula bae aturna.
Radèn Sudira angatag dhatêng Radèn Ôntawirya, kapurih katura ingkang rama. Radèn
Ôntawirya inggih enggal matur dhatêng ingkang rama, Pangeran Pugêr agandika,
Ôntawirya, kowe sarta sadulurmu kabèh aja ana kang mandhêg tumolèh, mulane bakyumu
dakukum saiki, supaya besuk ing ngakherat oleha pangapuraning Allah, lan anyupêt
pocapan. Karodene sapa anakku kang ora môngga anguntapake kêna ing supataku. Radèn
Ôntawirya enggal wangsul dhatêng gandhok, matur dhatêng ingkang raka yèn ingkang rama
kêkah ing karsa. Radèn Ayu Lêmbah sarêng mirêng lajêng amuwun. Ingkang rayi rinangkul
gêntos, sarwi amamêling kathah-kathah, [kathah...]

--- 473 ---

[...-kathah,] anuntên siram kujamas, sarta agêgônda, lajêng lênggah sarwi kukup wadana,
ingkang rayi kêkalih astanipun têngên nyandhak cindhe, katangsulakên jangganipun
ingkang bakyu, astanipun kang kiwa ngusapi waspa, ingkang rayi sanèsipun sami nyêpêngi
suku tuwin astanipun kang bakyu, sarta sami nangis. Radèn Ayu Lêmbah sampun seda
amargi katangsulan jangganipun. Tuwin Nyai Tambakbaya inggih sampun pinêjahan. Ing
Kapugêran tangis gumêrah swaranipun, layon sampun pinêtak.

Ing sasedanipun Radèn Ayu Lêmbah ingkang ibu enggal lumajêng dhatêng kadhaton, matur
ing sang prabu wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung kagèt,
têbah jaja sarwi ngusapi waspa, asêrêt pangandikanipun. Bok ipe, ya talah lakinira dene
ora nganggo tutur marang ingsun. Karodene têka aninggal paribasaning wong, paribasaning
wong iku, sagalakane macan, môngsa kolua matèni marang anake, adhi mas iku kok kolu.
Dangu-dangu sang prabu duka ing galihipun dhatêng Sukra, lajêng parentah animbali para
bupati sabalanipun. Para bupati inggih enggal sami dhatêng, sang nata lajêng utusan
dhatêng Radèn Sindurêja amundhut pêjahipun Sukra, utusan sampun lumampah, nanging
enggal wangsul, sabab botên angsal margi, kori ing Kasindurêjan dipun kunci, ing lêbêt
[lê...]

--- 474 ---

[...bêt] sami pacak baris. Sukra sumêja soroh amuk dhatêng ing kadipaten, ambelani
radèn ayu, Radèn Dipati Sindurêja tansah angampah sarta amituturi, Radèn Sukra mêksa
badhe ngamuk. Radèn Sindurêja awêlas ningali dhatêng ingkang putra, kèlu ing galih
sumêja nglabuhi putra, lajêng parentah angrakit gêgaman. Wondene utusanipun sang
prabu wau inggih sampun matur yèn botên angsal margi, sabab Radèn Sindurêja sampun
pacak baris, supe yèn ngabdi saking sangêting trêsnanipun dhatêng anak jalêr amung
satunggil. Sang prabu sarêng mirêng atur makatên saklangkung duka, lajêng parentah
dhatêng para bupati, andikakakên ngrurah ing Kasindurêjan. Ki Tumênggung Sumabrata
enggal matur, gusti, bilih panjênêngan dalêm marêngi, prayogi rayi dalêm Radèn Ayu
Sindurêja katimbalana dhatêng kadhaton. Kadangua kadospundi ingkang badhe dados
kaniyatane lakinipun. Sang nata anurut dhatêng aturipun Ki Sumabrata, lajêng dhawah
dhatêng lurah abdi èstri, anama Wilaja kalihan Suwônda, andikakakên nimbali Radèn Ayu
Sindurêja, utusan enggal lumampah, kairing ing para bupati sabalanipun, kinèn ngêpung
ing Kasindurêjan. Inggih sampun kinêpung, dene Nyai Wilaja kalihan Nyai Suwônda sampun
sami lumêbêt. Radèn Dipati Sindurêja sakalihan kêpanggih angrangkul Radèn Sukra, [Su...]

--- 475 ---

[...kra,] sabab Sukra sumêja mêdal ing Jawi angamuk. Nyai Wilaja sarta Nyai Suwônda
lajêng andhawahakên timbalan. Radèn Dipati Sindurêja, jêngandika tômpaa timbalan
dalêm. Putra jêngandika Radèn Sukra kenging ing kukum molah, pinundhut ing sang prabu
badhe pinêjahan. Radèn Sindurêja dangu ênggènipun anjêtung, nuntên amangsuli, Nyai,
dika matur ing sang prabu, bilih parêng kula kemawon kenginga analangi pêjahe pun
Sukra. Nyai Wilaja sarêng mirêng wangsulan mêngkatên, nuntên wicantên dhatêng Radèn
Ayu Sindurêja, yèn dipun timbali ing sang nata. Radèn Ayu enggal mangkat, kairingakên
ing utusan. Sampun dumugi ing ngarsa dalêm. Sang nata ngandika alon. Adhi ajêng, sira
tutura marang lakinira, yèn dhèwèke arêp nêmu bêcik sarta arêp anjaluk uripe anake,
konên tumuli seba ing ngarsaningsun. Samangsane ora mêngkono, amêsthi ingsun bakal
tindak dhewe angrusak ing Kasindurêjan. Radèn Ayu Sindurêja aturipun sandika enggal
mantuk. Sampun sanjang dhatêng lakinipun punapa ing sadhawahipun sang prabu sadaya,
Radèn Sindurêja sangêt kèwêdan ing galihipun, ing wusana anurut dhatêng garwanipun.
Nuntên wicantên dhatêng ingkang putra sarwi ingaras êmbunipun. Ênggèr, kèria ana ing
omah bae, taksuwunake pangapura ing sang prabu. Radèn [Ra...]

--- 476 ---

[...dèn] Sindurêja lajêng mangkat kalihan ingkang garwa, sowan dhatêng kadhaton.
Sadhatêngipun wontên ing kori kamandhungan kapêthukakên dhatêng Ki Tumênggung
Sumabrata, Radèn Sindurêja kapundhut dhuwungipun sarta kinubêng para prajurit, rinêksa
wontên ing ngriku. Sang nata nuntên utusan dhatêng bupati ingkang sami angêpung ing
Kasindurêjan. Andikakakên mêjahi Sukra, para bupati ingkang kadhawuhan wau sami
kèwêdan, ajrih lumêbêt. Awit Sukra sampun pacak baris angatos-atos. Anuntên wontên
santananipun Radèn Sindurêja, kaprênah paman dening Radèn Sukra, anama Ngabèi
Môndaraka, punika kang sagah lumêbêt angipuk Sukra, Ngabèi Môndaraka enggal mènèk
pagêr banon, sampun dumugi ing lêbêt panggih kalihan Sukra, Ki Môndaraka lajêng
angrangkul dhatêng Sukra sarwi nangis, sarta pitutur kathah-kathah, amurih icale
nêpsunipun Sukra, sarta katanggêl yèn ngantosa manggih tiwas. Sampun dilalah Radèn
Sukra gampil manahipun, miturut dhatêng Ki Môndaraka, balanipun lajêng kabibarakên.
Para bupati enggal sami lumêbêt. Sukra sampun cinêpêng, nuntên dèn ombèni upas,
nanging botên tumama, enggal Ngabèi Môndaraka angukêl rambutipun Sukra, gulunipun
dèn idêk sarta binêthok. Radèn Sukra sampun pêjah, para

--- 477 ---

bupati nuntên sami matur ing sang prabu yèn Sukra sampun pêjah, Radèn Sindurêja lajêng
linuwaran sarta kalilan mantuk. Kala samantên sang nata lajêng amundhut putranipun
èstri Pangeran Pugêr, anama Radèn Ajêng Impun kalihan kapenakanipun èstri Radèn Ayu
Pugêr, sami pinundhut putra ing sang prabu kadèkèkakên ing kadhaton. Sang nata lajêng
parentah ing para bupati, sami andikakakên ngusungi maryêm agêng kang sami wontên ing
Matawis, kabêkta dhatêng ing Kartasura, inggih sampun kalampahan.

Kacariyos sang nata tampi sêrat saking guprênur jendral ing Batawi, anagih prajangjian,
kala rumiyin sang prabu sagah anêmpahi têlasing obat mimis kang kadamêl prang tuwin
balanjanipun sarta ajinipun Kumpni kang sami pêjah salêbêting pêrang, sang nata sarêng
sampun tampi sêrat sakalangkung pakèwêd ing galihipun, lajêng andikakakên nimbali
Pangeran Pugêr kalihan Cakraningrat, tiga Radèn Sindurêja, sampun sami dhatêng wontên
ing ngarsa dalêm. Sang nata angandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, sira kongkona
marang ing Pasuruan. Si Surapati konên angêlar jajahan, anêlukna wong môncanagara, yèn
wus têkan sawetaning gunung lawu, ingsun tumuli anglakokake gêgaman. Amapagake
pêrange Si Surapati,

--- 478 ---

kang sun tuduh anindhihi Mas Pugêr, sarta wong Kartasura saparo, yèn wis padha kalakon,
sira tumuli amangsulana layang marang Batawi, warahên yèn ingsun ora bisa mikir
panagihe iku, krana lagi ewuh amapagake mungsuh, lan sira amundhuta bantu Kumpêni,
manawa wong Kumpêni ora gêlêm ambantoni apa gawene anagih. Sang prabu lajêng
ngandika dhatêng Pangeran Pugêr sarta dhatêng Pangeran Cakraningrat. Adhi sakarone,
kapriye kang dadi rêmbugira, ing besuk manawa ana layang panagih manèh wangsulan
ingsun kapriye. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing pamanah kula bilih panjênêngan
dalêm pancèn botên karsa amaringi, prayogi dipun wangsuli pasaja kemawon. Sarèhning
Panjênêngan dalêm sampun amaringi siti ing Pasundhan tuwin ing Carêbon. Punika
kemawon lêrêsipun sampun anyêkapi kadamêl lintonipun wragating prang kang têlas.
Radèn Dipati Sindurêja anyambungi, ênggèr, atur sampeyan punika inggih sampun lêrês.
Ananging sarèhning raka paduka ingkang sinuhun sampun katrucut sagah amaringi
têtêmpah, kadospundi ênggènipun nyêlêd, dene nagari Pasundhan punika minôngka
ganjaran kemawon. Pangeran Pugêr ngandika, mêngkono iku gampang bae, sarèhning ing
tanah Jawa kabèh iki kagunganing ratu, mungguh bumi

--- 479 ---

kang dèn anciki, banyu kang dèn ombe, utawa sukêt godhong sapanunggalane, iku apa ora
akèh pangajine, mungguh kakang prabu karsaa angrêgani, apa maneh wong Kumpêni
ênggone dagang ana ing tanah Jawa ya wis akèh untunge sarta kajèn. Wong Jawa ora ana
kang wani nyikara, mêngkono iku rak sêka sawabe sang prabu, wong Kumpêni yèn ora
angatokna sawabe kakang prabu luwih bêcik lungaa têka ing tanah Jawa. Pangeran
Cakraningrat sumambung, kakang mas, inggih lêrês sampeyan, mênggaha tiyang bêbêrah
tiyang sampun pinaringan umbalan. Inggih nuntên kesaha ingkang têbih, parandosipun yèn
prang inggih botên mêntas piyambak, inggih ugi tiyang Jawi ingkang nglampahi pêrang,
tiyang Kumpêni amung ngêtêbi kemawon. sang prabu sarêng mirêng saklangkung suka ing
galihipun, lajêng ngandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, besuk samangsane sira
kêtêmu lan si kumêndur utawi si petor, yèn pitêmbung anagih, sira dikukuh bae, dene yèn
panagihe mêksa, ing kono sêdhênge nundhung têka ing tanah Jawa, dene yèn narima sarta
rumôngsa ngêmpèk-êmpèk marang ingsun, ingsun ya anglulusake ênggon ingsun
prasanakan, awit ingsun diwêkas marang kangjêng rama swargi, dikakake têpung bêcik
karo wong Walônda, ing samêngko [samêng...]

--- 480 ---

[...ko] sira dikêbat anglakokna kongkonan marang Pasuruan. Yèn gêgaman ing Pasuruan
wis têka sawetane gunung Lawu, adhi mas Pugêr tumuli ingsun kone mangkat amapagêna
prang. Radèn Sindurêja kalihan Pangeran Pugêr nuntên sami mundur saking ngarsanipun
sang prabu, Radèn Sindurêja lajêng nglampahakên utusan dhatêng Pasuruan.

Kacariyos Surapati sampun anglampahakên baris antawis tigang èwu, têtindhihipun


ingkang putra kêkalih, samargi-margi tansah anjêjarah, kèndêl masanggrahan ing Madiun.
Wondene Pangeran Pugêr inggih sampun bidhal saking Kartasura, sarta bala ing Kartasura
sapalih, lampahipun mêdal ing Jagaraga, lajêng campuh wontên ing Kalitambang bawah
Madiun. Tiyang Pasuruan kawon prangipun, lumajêng dhatêng ing Caruban. Pangeran
Pugêr sabalanipun amasanggrahan wontên ing kitha Pranaraga.

Gêntos kacariyos sang prabu ing Kartasura gêrah lumpuh, sangêt ngantos botên sagêd
miyos sinewaka, Pangeran Pugêr sabalanipun sami katimbalan mantuk. Inggih sampun
dhatêng wontên ing Kartasura, antawis sataun gêrahipun sang prabu waluya, sang nata
anadar ngrampog sima kathah sarta lêlumban ing sagara yasa kalihan para garwa, dene
ingon-ingonipun [ingon-ingoni...]

--- 481 ---

[...pun] baya sampun sami kapêndhêtan dhatêng Radèn Suryakusuma, ênggènipun lumêbêt
ing toya Radèn Suryakusuma wau busananipun botên têlês. Ingkang ningali sami eram.
Nadaripun sang prabu wau inggih sampun sami kalampahan. Kala samantên nagari ing
Kartasura sakalangkung gêmah arja, Pangeran Dipati Anom sampun pêputra sakawan.
Pambajêngipun anama Radèn Mas Bumi, ingkang rayi nama Radèn Mas Panênggak.
Pandhadha nama Radèn Mas Alit. Wuragilipun èstri, anama Radèn Ajêng Sasi, sakawan
pisan sami patutan saking garwa sêlir sarta sami pinundhut putra dhatêng ingkang eyang
sadaya, dene Radèn Mas Bumi wau sampun kaangkat nama Pangeran Buminata.

Kacariyos Pangeran Dipati Anom kapêksa dhatêng ingkang rama, kadhaupakên kalihan
putri ing Kapugêran Radèn Ajêng Impun, angarang ulu Radèn Ayu Lêmbah, dene
kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr katrimakakên dhatêng kapenakanipun jalêr Ratu
Kancana, anama Radèn Sumaningrat. Kala samantên sinêngkalan 1623.

Anuntên wontên kapenakanipun sang prabu, putranipun Pangeran Singasari swargi, anama
Radèn Mas Punta, punika andêdagan wontên ing astana Têgal Arum, sumêja ngraman.
Sarêng katur ing sang nata lajêng kinèn nyêpêng, sarta [sar...]

--- 482 ---

[...ta] sampun pinêjahan. Sarêng ing taun 1625, Radèn Dipati Sindurêja gêrah,
andadosakên ing pêjahipun. Dene ingkang kagêntosakên dados pêpatih Jawi aparentah
tiyang satanah Jawi, Ki Tumênggung Sumabrata, ingkang ênggêntosi dados patih lêbêt, Ki
Tumênggung Wiraguna. Kala samantên Pangeran Dipati Anom pinaringan wawênang
amarentah para dipati sarta tiyang satanah Jawi, dados pêpatih kêkalih wau sabarang
prakawis mawi ngaturi uninga ing Pangeran Dipati Anom. Wondene sang prabu ing sabên-
sabên inggih tansah amulang dhatêng ingkang putra pratingkahipun tiyang jumênêng ratu
utawi tiyang agêsang, sarta pinardi ambucala kalakuwanipun ingkang botên prayogi,
punapa malih pinurih asiha dhumatêng Pangeran Dipati Pugêr kalihan dhatêng Pangeran
Cakraningrat, sampun ngantos adamêl sakiting galihipun. Panggalihipun sang prabu
supados ing têmbe lulusa ênggènipun badhe anggêntosi jumênêng nata, mila makatên,
sang nata wau sampun rumaos yèn badhe puput yuswanipun, nanging sangêt sumêlangipun
dhatêng kalakuwanipun ingkang putra, mila sangêt pamardinipun. Botên antawis lami sang
prabu gêrah sangêt, andadosakên ing sedanipun pinuju ing taun Alip ôngka 1627.

--- 483 ---

Babad Tanah Jawi Sêrat Ingkang Kaping 3


--- 484 ---

Sasedanipun Sang prabu Mangkurat Pangeran Dipati Anom lajêng pinarak wontên ing
srimanganti sarta amêpakakên para bupati sabalanipun. Inggih sampun sami dhatêng
abaris ing alun-alun. Anuntên Sang Pangeran Pugêr, kalih Pangeran Arya Mataram, tiga
Pangeran Arya Panular anyuwuni lilah ing Pangeran Dipati Anom, sumêja sami ngujung ing
layonipun sang nata, Pangeran Dipati Anom inggih anglilani, pangeran têtiga inggih lajêng
sami lumêbêt anyungkêmi ing layonipun sang prabu sarwi sami muwun. Kacariyos
kalananganipun sang nata angadêg, sarta wontên cahyanipun mancorong amung samarica,
wontên ing sapucuking kalam. Nanging botên wontên ingkang uninga, namung Pangeran
Pugêr piyambak ingkang aningali, Pangeran Pugêr wau enggal anêcêp cahya kang wontên
sapucuking kalam. Sarêng cahya sampun kacêcêp, kalam mantun angadêg. Sampun
pinêsthi karsa Allah yèn Pangeran Pugêr ingkang badhe anggêntosi jumênêng nata,
wondene jumênêngipun nata Pangeran Dipati Anom punika ratu wêwêla kemawon.
Layonipun sang nata sampun binêrsihan, lajêng binêkta dhatêng Mogiri, kadhèrèkakên bala
ing Kartasura sawatawis. Ingkang angirit Radèn Suryakusuma, garwanipun sang prabu kang
nama Ratu Kancana inggih tumut andhèrèkakên dhatêng Mogiri, sarta

--- 485 ---

ambêkta reyal sèwu, kas kaya saking panggaotanipun sang prabu piyambak, badhe
kadamêl salawat.

Ing sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom parentah dhatêng Ki Dipati Sumabrata,
andikakakên mêpak para bupati mantri wontên ing pagêlaran. Sabab badhe karsa
jumênêng nata anggêntosi ingkang rama. Ki Sumabrata matur, gusti, prayoginipun
amaringana uninga dhatêng tiyang Kumpêni rumiyin, bilih rama dalêm seda, sarta aparinga
uninga yèn panjênêngan dalêm karsa jumênêng anggêntosi nata. Pangeran dipati
amangsuli, besuk yèn ingsun wis jumênêng bae bakal awèh wêruh, samêngko ingsun ora
karsa awèh wêruh, sira dikêbat anglumpukna kancanira kabèh, ingsun dandan dhingin,
tumuli miyos ing pagêlaran. Ki Sumabrata matur sandika lajêng mêdal anglêmpakakên
mantri bupati sadaya tuwin para khaji sarta pangulu punapa dene sarip satunggil,
gurunipun sang nata swargi, saking nyalatakên layon dèrèng ngantos sami mantuk, lajêng
sami sowan ing pagêlaran. Botên antawis dangu Pangeran Dipati Anom miyos saking
kadhaton, ginarêbêg ing pawongan, sami angampil upacara kaprabon. Pangeran Pugêr
sarta ingkang rayi pangeran kêkalih amêthukakên ing sitinggil. Pangeran Dipati Anom
matur dhatêng Pangeran Pugêr, paman, kula [ku...]

--- 486 ---

[...la] badhe karsa jumênêng nata, mugi sampeyan idini. Pangeran Pugêr mangsuli sêndika
sarta jumurung. Pangeran Dipati Anom lajêng têdhak dhatêng pagêlaran, pinarak ing
dhêdhampar, ingkang sowan sampun sami pêpak. Pangeran Pugêr nuntên jumênêng
sawingkinge pangeran dipati sarwi ngandika sêru, sarupaning wong ing Kartasura kabèh,
padha anêksenana, yèn Pangeran Dipati Anom saiki takjunjung nata angrèh ing tanah Jawa
kabèh, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama.
Para bupati sapangandhap sami saur pêksi jumurung, Ki Dipati Sumabrata enggal anyêntak
dhatêng Pangeran Pugêr, ah ampun kêdah andika junjung, Pangeran Dipati Anom sampun
sagêd jumênêng nata piyambak. Pangeran Pugêr sarêng mirêng saklangkung wirangipun,
kados botên sagêd aningali têtiyang, ing dalêm batos tansah anyêbut ngudu bilihi,[13] Ki
Dipati Sumabrata sakancanipun para bupati mantri enggal sami ngaras ing sukunipun sang
prabu, Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi kêkalih sami asêsalaman. Sang nata nuntên
kondur angêdhaton. Sarawuhe ing kadhaton lajêng andhawahakên parentah dhatêng tiyang
sakadhaton, yèn ingkang ibu Ratu Kulon samangke kanamakakên Ratu Agêng. Kacariyos
putranipun sang prabu ingkang sampun seda amung satunggil sang

--- 487 ---

nata punika, patutanipun kalihan Ratu Kulon. Garwa sanèsipun botên wontên patutan. Mila
makatên, Ratu Kulon punika sangêt dursila ing manahipun. Yèn wontên marunipun ingkang
wawrat lajêng dipun sanjani, wawratipun lajêng ical sami sakala.

Kala samantên pinuju ing dina Rêspati sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung
panakawanipun kêkalih, paranakan Cina ing Samawis anama Ki Pusparaga, kaangkat nama
Tumênggung Jayaningrat, sarta abdinipun ing kadospatèn inggih kathah kang sami
jinunjung lênggah, sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Sumabrata, andikakakên kintun
sêrat paring pariksa dhatêng kumêndur ing Japara kalihan Kapitan Kênol ing Samawis, bab
sedanipun ingkang rama sarta ênggènipun anggêntosi jumênêng nata. Ki Sumabrata matur
sandika. Sang prabu nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng Ki Sumabrata, Sumabrata,
mungguh ênggon ingsun jumênêng nata iki apa ana kang dadi sumêlang, agawe
pakewuhing ati. Ki Sumabrata matur, pangraosing manah kula amung priyantun satunggil
ingkang dados sumêlang, nanging kula ajrih amastani. Sang nata mèsêm sarwi ngandika,
iya ingsun wus sumurup kang dadi sumêlangira iku, ora liya amung Si Paman Pugêr,
nanging panduganingsun yèn putrane wadon isih ingsun wêngku, kaya ora kêlakon aduwea
cipta ala.

--- 488 ---

Ki Sumabrata matur, gusti, mêngkatên punika sangsaya gampil anglampahakên, kadursilan


anênungkul amurih pêjah, sabab tiyang arêbat karaton punika amêsthi botên angetang
anak èstri, saupami Pangeran Pugêr akèn dhatêng garwa dalêm, kapurih anyedanana ing
panjênêngan dalêm. Pandugi kula inggih badhe kalampahan. Sang nata sarêng mirêng
aturipun Ki Sumabrata, dilalah lajêng kasupèn ing wawêlingipun ingkang rama swargi,
anggêga aturipun Ki Sumabrata. Kala samantên pinuju sidêkah pitung dintênipun ingkang
rama, garwanipun sang prabu putri ing Kapugêran lajêng kaantukakên dhatêng ingkang
rama Pangeran Pugêr, dene ingkang kainggahakên dados garwa, sêlir saking Onje,
kaparingan nama Ratu Kancana.

Kacariyos ingkang sami andhèrèkakên layon dhatêng Magiri,[14] sarêng layon sampun
kinubur, lajêng sami mantuk dhatêng Kartasura, amung Ratu Mangkurat taksih kantun
angaosakên kalihan para santri kathah, wondene Radèn Suryakusuma botên purun mantuk,
lajêng apacak baris wontên ing dhusun Ngenta-enta tanah Matawis, anêlukakên tiyang
sakiwa têngên ing ngriku, dipun purih kondur dhatêng abdinipun kamisêpuh anama Ki
Surôngga, radèn botên purun, pangandikanipun, Surôngga, yèn kangmas pangeran dipati
anggêntèni jumênêng nata, aku [a...]

--- 489 ---

[...ku] suthik mulih, wis pêsthi jagad bakal rêtu, krana kangmas dipati iku budine bangêt
ala, kagawa têka biyunge, dudu turun Mataram. Wis dilalah swargi uwa prabu ora pêputra
karo garwane kang padha turun Mataram. Kangmas dipati dhewe ya wis dilalah ênggone
jêjodhon karo sadulurku ora tutug. Iku mratandhani yèn bakal sirna wijine, luwih bêcik
aku jumênênga nata dhewe, dene bêgja utawa cilaka, iku ana ing awakku dhewe, lan wis
wiyahe yèn wong ngrêbut nagara, yèn kalah sirna, yèn mênang pêsthi ngukup. Hèh Kakang
Surôngga, nuli dikêbat anêluk-nêlukna wong tanah Mataram utawa ing Pagêlèn. Lan
misuwurna yèn saiki aku jumênêng nata ajêjuluk Prabu Panata Agama. Radèn Surôngga
matur sandika. Kala samantên sampun kathah tiyang ingkang sami suyud, agêng
bêbarisanipun, sarta sampun angreka kadhaton tuwin alun-alun wontên ing dhusun Ngenta-
ngenta.

Kangjêng Ratu Mangkurat sarta tiyang sa-Magiri sami kagegeran. Ratu Mangkurat angili
mangetan dhatêng ing Gunung Kidul, anjog ing dhusun Masaran, lajêng kondur dhatêng ing
Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Radèn Suryakusuma balela sarta sampun
kathah balanipun. Sang nata sangêt duka dhatêng Pangeran Pugêr, katêrka saking
pangajanipun ingkang rama, sang prabu lajêng parentah dhatêng Ki

--- 490 - --

Sumabrata, paman Pugêr timbalana dienggal saanakbojone, yèn wis têka banjur bêthekana
ana ing paseban ngalun-alun, aja sira wèhi nganggo gêgaman. Ki Sumabrata enggal utusan
nimbali, Pangeran Pugêr sagarwaputranipun inggih sampun dhatêng wontên ing pagêlaran.
Ki Sumabrata lajêng andhawahakên timbalan dalêm, sarta amundhut agêmanipun.
Pangeran Pugêr inggih botên suwala, sampun asrah dhuwung, dalasan para putra tuwin
para abdinipun inggih sampun sami asrah gaman, amung Radèn Mas Ôntawirya ingkang
dèrèng asrah dhuwung, andik netranipun, wadananipun abrit. Para bupati ebah sami
angantos-antos. Pangeran Pugêr enggal andhawahi dhatêng ingkang putra, Ôntawirya,
kêrismu pasrahna, sanajan kowe dipatenana ya aja suwala, sarèhning kowe ora dosa,
amêsthi patimu sahid. Balik yèn kowe bôngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan yèn
kowe ora srah gêgaman kêna ing supataku. Radèn Ôntawirya sangêt ajrih dhatêng ingkang
rama, sampun pasrah dhuwung, Pangeran Pugêr saputragarwanipun tuwin para abdi lajêng
sami kabêthekan, ing jawi karêksa gêgamanipun para bupati, Pangeran Pugêr
saputragarwanipun saklangkung mamêlas. Siyang dalu sami anangis sarta anênutuh
dhatêng Radèn Suryakusuma.

--- 491 ---

Para bupati ingkang sami rumêksa ing kabêthekan tuwin Ki Dipati Sumabrata ing sabên
sontên sami têtêgar maripit pabêthekan sarta sami wicantên mêmiringi amêmirang
dhatêng Pangeran Pugêr. Wondene Pangeran Pugêr inggih sangêt jarêm ing galihipun.
Botên karsa dhahar utawi sare, tansah anêdha pangapura sarta pitulunging Allah, bilih
wanci dalu sangêt ênggènipun nêkung angêningakên tingal. Yèn ing dintên Sênèn tuwin
Kêmis, Pangeran Pugêr siram kujamas, arêrêsik, madhêp ing karsanipun sang prabu
manawi badhe anêlasi.

Kacariyos sang nata sampun parentah anglurugi kraman Radèn Suryakusuma, inggih
sampun kalampahan. Radèn Suryakusuma kawon pêrangipun, sabab kêkathahên mêngsah,
balanipun kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng tanah Pagêlèn. Bala ing Kartasura
lajêng sami mantuk. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, angrêmbag badhe sumêja anêlasi
Pangeran Pugêr. Ki Sumabrata matur ajrih ing walatipun. Amêsthi badhe damêl rêngkaning
nagari. Ki Tumênggung Wiraguna sumambung, upamènipun arak sakopi, bilih dipun ombe
tiyang satunggil amêsthi ngêndêmi, yèn dèn ombe tiyang kathah amêsthi tawa. Nuntên
kasaru dhatêngipun ingkang sami nglurug. Matur yèn unggul pêrangipun. Radèn
Suryakusuma lumajêng mangilèn. Sang nata saklangkung suka, lajêng

--- 492 ---


parentah ambujênga ing sapurugipun Radèn Suryakusuma, ingkang kadhawahan inggih
enggal mangkat. Kala samantên Ki Sumabrata nuntên matur anyuwunakên pangapura
Pangeran Pugêr, sabab kraman Radèn Suryakusuma sampun kawon prangipun. Akathah-
kathah aturipun Ki Sumabrata wau ênggènipun amurih icale dukanipun sang prabu dhatêng
Pangeran Pugêr. Sang nata inggih lajêng amarêngi, alon pangandikanipun. Iya wis,
luwarana paman Pugêr, nanging pundhutên tokide yèn angajanana ngêraman marang
putrane kabèh, sarta dhawuhana ngalih omah cêdhak ing alun-alun. Ki Sumabrata matur
sandika, lajêng dhatêng ing pabêthekan. Pangeran Pugêr sampun kapundhut
katêmênanipun. Sarta kadhawahan ngalih, adalêma cakêt ing alun-alun, lajêng linuwaran.
Pangeran Pugêr wau inggih sampun ngalih padalêman.

Gêntos kacariyos nagari ing Batawi, ingkang dados guprênur jendral anama Hirpèk
Husdiman, kala samantên tampi sêrat saking kumêndur ing Japara, angaturi pariksa yèn
pisêrat saking ing Kartasura, amaringi pariksa yèn Sang Prabu Mangkurat sampun seda,
putranipun kang nama Pangeran Dipati Anom sampun anggêntosi jumênêng nata, nanging
ênggènipun paring pariksa sampun antawis lami saking gènipun jumênêng, wêtawisipun

--- 493 ---

kumêndur, sang prabu enggal punika sumêja amêdhot ênggèning prasanakan kalihan
Kumpêni, botên anglastantunakên jangjènipun ingkang rama swargi kalihan Kumpêni.
Tuwan gurnadur jendral lajêng pirêmbagan kalihan tiyang agêng-agêng ing Batawi, para
tiyang agêng wau sampun sami amastani yèn sang prabu têtêp cidra ing jangji, nuntên
sami rêmbag sumêja anglampahakên kadursilan ingkang rêmit, amurih sedanipun sang
nata. Kala samantên lajêng sami ngupados tênung, inggih sampun angsal isaratipun têlas
gangsal kêthi reyal. Tênung sampun nate adamêl pêjahipun para ratu ing sabrang, ing
nalika punika tênung wau awarni jalma, agêngipun sapra unthing, panjanging suku
sacêngkal. Rambutipun gambal,[15] tagang gotongan, tênung sampun lumaksana dhatêng
ing Kartasura, nyiluman amor angin, anjujug ing kadhaton wanci têngah dalu, sang nata
pinuju mêdal ing plataran prabayasa. Tênung sarêng aningali sang prabu nuntên tumurun
saking jumantara, anjênggêlêg ing ngarsane sang prabu, sang nata sangêt kagèt,
githokipun mangkarag, sariranipun gumêtêr, sang nata nuntên angintên yèn
kalangênanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram rumiyin. Lajêng purun pitakèn. Kowe
iku sapa, dene gêdhemu angluwihi, apa kowe Si Juru Taman, kalangênane eyang Senapati
biyèn. Tênung matur sêru, aku

--- 494 ---

dudu Juru Taman, aku tênunge wong Walônda, kang dadi raja ing tanah Jawa apa kowe.
Sang nata sarêng mirêng sakêlangkung ajrih sarta dhêrodhog, gugup ênggènipun mangsuli,
dudu aku kang dadi raja, dene kang dadi nata amêngku ing tanah Jawa kaprênah
pamanku, kadhatone ing Kapugêran, lor bênêr sêka ing kene. Tênung enggal kesah, sang
nata lêga galihipun. Marasipun sampun ical. Lampahing tênung sakêdhap netra dumugi ing
Kapugêran. Anjujug ing latar panêpèn. Pangeran Pugêr amarêngi turas ing latar ngriku,
kagèt aningali ing jalma botên kaprah agêngipun. Pangeran sampun angintên yèn punika
brêkasakan. Pangeran lajêng amatak donga sepi, amurugi tênung sarta pitakèn. Kowe iki
setan apa êjim, dene gêdhemu kagila-gila. Tênung sumaur, aku tênung Walônda, sapa
kang dadi ratu ing tanah Jawa. Pangeran amangsuli, ratuku ana ing kadhaton. Tênung
wicantên malih sarwi nyêntak. Ah aku mau saka ing kadhaton. Ana wong siji kang nêmoni
ing aku, atutur marang aku yèn ratune ana ing kene, malah kaprênah pamane lan kang
tutur iku. Pangeran sarêng mirêng lajêng mèsêm sarwi ngandika, ansaallah ya ingsun kang
jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, kowe sumêja apa têkamu ing kene. Tênung
amangsuli, ana kang kongkon marang aku,

angadu kasêktèn [ka...]

--- 495 ---

[...sêktèn] lan ratu Jawa, yèn ratune wis kalah mati dening aku, nuli balane kabèh dakkon
numpês marang sarupaning wong Jawa. Pangeran Pugêr mèsêm sarwi ngandika, lah payo
têkakna kasêktènmu, kowe iki lêlêmbut sumêja sikara. Pangeran Pugêr lajêng amatak
donga bêsmah sarta donga bala sêrèwu tuwin donga sanèsipun. Tênung lajêng ngalumpruk.
Badanipun awarni rare alit, kajuwat-kajuwit botên sagêd wicantên, mripatipun pucicilan.
Pangeran Pugêr ngandika malih, saiki kowe wis kalah kasêktènmu, nuli lungaa dikêbat,
balia marang panggonamu ing sabrang, lungamu ngalora nurut Gunung Kêndhêng kana, ana
ing dêdalan aja ganggu-ganggu marang sarupaning wong, sabab wong tanah Jawa batur
kabèh, yèn kowe ora tumuli lunga, apa kowe nganti dakdulang ing tai lingsang. Tênung
enggal kesah mangalèr nurut rêdi Kêndhêng, kang kamargenan kathah têtiyang sakit
rumab. Kala samantên sampun tatas raintên. Sang nata lajêng utusan anêlik Pangeran
Pugêr gêrah utawi botênipun. Utusan inggih sampun wangsul, matur yèn pangeran taksih
wilujêng, botên ewah taksih kados sabên. Sang nata sangêt ngungun.

Kacariyos putranipun sang prabu ingkang pambajêng seda, panênggakipun jalêr sampun
kaangkat nama Pangeran Mangkunagara, [Mangku...]

--- 496 ---

[...nagara,] ingkang rayi kaangkat nama Pangeran Mangkuningrat. Radèn Dipati Sindurêja
atilar putra jalêr satunggil, sampun kajunjung nama Tumênggung Sindurêja, santananipun
sang nata saking kang ibu anama Radèn Ônggadimêja kaangkat nama Pangeran Balitar.

Kala samantên amarêngi sidêkah satus dintênipun sang prabu kang sampun seda, para
bupati sami lumêbêt ing kadhaton sarimbit, sarta sami nyipêng. Kacariyos wontên
garwanipun anèm Pangeran Cakraningrat, ayu warninipun, dèrèng pêputra, anama Radèn
Ayu Pakuwati, pantês salêlewanipun. Sarêng kauningan sang prabu lajêng ingapusan
dhatêng pajungutan. Sadhatênge ing ngriku lajêng kagujêg, pinêksa katunggil sare, radèn
ayu badhe mopo, nanging botên kuwawi nyêmbadani karosanipun sang prabu, dados
anangis sarta jêlih-jêlih, sarêng sampun radèn ayu nuntên mantuk, sarta mrêbês mili,
sadhatêngipun ing pondhokan Pangeran Cakraningrat sawêg nguwêt puyuh, kagèt aningali
garwanipun dhatêng, puyuh lajêng kalêbêtakên ing kurungan. Pangeran enggal
mêthukakên. Pangeran kagèt aningali garwanipun mêrbês mili, enggal pitakèn.
Garwanipun amangsuli bêlaka yèn kawasesa ing sang prabu, pangeran sarêng mirêng
saklangkung duka, pasuryanipun abrit, andik paningalipun. Sakala agadhah [aga...]

--- 497 ---

[...dhah] cipta sumêja angrurah ing kadhaton. Dangu-dangu pangeran emut wawêlingipun
sang nata swargi, kinèn angêmong ing sang prabu punika, pangeran lilih ing dukanipun.
Lajêng utusan angaturi Ki Tumênggung Jangrana ing Surabaya, inggih sampun dhatêng
wontên ing ngriku, Pangeran Cakraningrat ngandika, kakang Jangrana, ing saiki aku sumêja
amalik tingal, sabab sang prabu solahe acalunthangan, ayo padha angipuk Pangeran Pugêr,
diangkat jumênêng nata, sabab iku kang alus budine, asih marang bala, patut yèn
jumênênga nata. Ki Tumênggung Jangrana inggih lajêng kèlu kemawon. Sabab sampun
mirêng pawartos yèn ing Surabaya badhe kadadosakên kêkalih. Pangeran Cakraningrat
kalihan Ki Jangrana ing wanci dalu lajêng sami sowan dhatêng Kapugêran, sampun
kêpanggih, ingancaran lênggah panêpèn. Pangeran Pugêr alon ngandika, adhi, sakarone
kadingarèn, kowe padha mrene bêngi-bêngi, ana karêpmu apa. Pangeran Cakraningrat
matur bêlaka yèn sakit manahipun dhatêng sang nata, lajêng angipuk sarta anggêgasah
dhatêng Pangeran Pugêr, ingaturan jumênêng nata, angrêbata nagari ing Kartasura, dene
ingkang dados gêgêbaging prang inggih Pangeran Cakraningrat sarta Ki Tumênggung
Jangrana ingkang anyagahi. Pangeran Pugêr alon amangsuli, kang ora-ora, adhi,
koucapake, lan yèn [yè...]

--- 498 ---

[...n] wong wani-wani ing ratu, iku ora bêcik kang bakal tinêmu, krana ratu iku minôngka
warananing Allah, karo dene adhi, aku ora duwe sêja angêndhih nagara ing Kartasura,
amung niyat momong bae marang kang dadi ratu. Pangeran ing Sampang matur, kaka mas,
pangandika sampeyan punika inggih lêrês, bilih sang prabu anglulusna wêwêlingipun
ingkang rama swargi, môngka dhatêng sampeyan sampun anganiaya, dhatêng ing kula
sawiyah-wiyah makatên. Pun kakang Jangrana punika inggih sakit manahipun. Lajêng
kathah-kathah pangipukipun Pangeran Cakraningrat wau, wangsulanipun Pangeran Pugêr
kagalih rumiyin.

Gêntos kacariyos Ki Rôngga Yudanagara ing Samawis, sangêt ênggènipun prihatos. Amirêng
pawartos yèn sang prabu kagungan abdi kêkasih paranakan Cina, sampun kaangkat nama
Tumênggung Jayaningrat sarta agadhah panyuwun dados bupati wontên ing Samawis. Sang
prabu inggih badhe amarêngi. Kala samantên Ki Rôngga ing Samawis lajêng utusan ngaturi
sêrat dhatêng ing Pangeran Pugêr, ingkang dipun utus mantri kêkalih, anama Tanpanaha
kalih Sawunggaling, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug pêpatih ing Kapugêran, anama
Sêtrajaya, inggih lajêng kaaturakên ing gustinipun. Sêrat lajêng kawaos, suraosipun, Ki
Rôngga angaturi [angatur...]

--- 499 ---

[...i] uninga yèn Kapitan Kênol ing Samawis dalasan para Kumpêni kang wontên ing tanah
Jawi sadaya sami sakit manahipun dhatêng sang prabu, awit kalanipun jumênêng nata
botên mawi pratela dhatêng tiyang Kumpni, ing mangke tiyang Kumpêni angajêng-ajêng
ing Pangeran Pugêr lolosa saking Kartasura, tumêdhaka dhatêng ing Samawis. Wontên ing
ngriku badhe kaangkat jumênêng nata dhatêng tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr
sasampuning maos sêrat sakalangkung lêga galihipun. Utusan lajêng dipun ganjar busana
sapangadêg kalih pisan, pasangonipun mitung reyal, sarta sampun pinaringan wangsulan.
Pangeran Pugêr nuntên èngêt dhatêng Pangeran Cakraningrat. Utusan saking Samawis
kinèn ngêntosi. Pangeran Pugêr enggal dhawah animbali Pangeran Cakraningrat kalihan
Tumênggung Jangrana, inggih sampun sami dhatêng wontên ing Kapugêran. Lajêng
inguncalan sêrat kang saking Samawis. Sang dipati kêkalih sasampuning maos sêrat sangêt
bingah ing manahipun. Angraos yèn angsal kanthi, utusan lajêng dèn pangadêg dhatêng
Pangeran Cakraningrat sarta yatra nyadasa reyal. Ki Tumênggung Jangrana inggih maringi
makatên. Pangeran Pugêr sampun amaringi wangsulan sêrat. Sarta angintuni lorodan
rasukan dhatêng Ki Rôngga ing Samawis. Pangeran Cakraningrat inggih angintuni sêrat
dhatêng ing Rôngga, [Rông...]

--- 500 ---


[...ga,] utusan sampun mêsat saking Kartasura. Priyantun têtiga wau lajêng sami
pirêmbagan. Pangeran Cakraningrat matur alon. Kakang mas, ing pundi panggenan kang
sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman. Pangeran Pugêr angandika, adhi mas, lungaku
têka ing Kartasura aku bakal jumujug ing Dêmak. Ing kono ênggonku sumêja jumênêng
nata, sarta akêklumpuk bala, dene wong Kumpêni tulung ya bêcik, nanging aku bakal
prasabên bae. Pangeran ing Sampang matur, yèn karsa sampeyan sampun kêncêng, kula
badhe pamit mantuk dhatêng ing Maduntên angrumiyini, badhe akêklêmpak gêgaman.
Dene pun kakang ing Surabaya angantunana, sampun ngantos ngatawisi sarta rumêksa ing
sampeyan ing kabatosan. Sarêng sampun giliging rêmbagipun sang dipati kêkalih lajêng
mantuk dhatêng pondhokipun. Enjingipun Pangeran Cakraningrat sowan ing sang prabu
anyuwun pamit sumêja tuwi nagarinipun, asêngados botên lami nuntên wangsul. Sabab
sangêt sumêlangipun yèn anilara lami-lami ing sang prabu, aturipun Pangeran Cakraningrat
wau botên katawis yèn ngandhut wêwados. Wondene sang prabu inggih botên pisan
kagungan panggraita, yèn Pangeran Cakraningrat sakit manahipun. Sabab kamokalakên yèn
garwanipun puruna bêlaka, pangandikanipun alon. Paman, [Pama...]

--- 501 ---

[...n,] kula gih anglilani, nanging ampun lawas-lawas. Nuli andika bali, kalih dene
pondhokane paman saene ontêna kang nênggani, pun bibi salah satunggil prayogine
tinilara. Pangeran Cakraningrat matur yèn garwanipun kêdah sami tumut. Sang nata lajêng
amaringi pasangon pitung atus reyal. Pangeran Cakraningrat nuntên lèngsèr saking
ngarsane sang prabu, sadhatênge ing pondhokan lajêng bidhal lan sagarwa putra tuwin
balanipun sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Sampang, lajêng tata-tata sarta
anggêganjar dhatêng balanipun. Ing sabên dintên tansah anggêgulang pratingkahing
pêrang.

Kacariyos Pangeran Dipati Pugêr, ing sabên dalu tansah anêkung anêgês karsaning Allah,
kala samantên sampun angsal samitaning[16] Allah kalilan jumênêng nata, anuntên botên
antawis lami Radèn Suryakusuma ingkang dados kraman kacêpêng dene[17] Arya
Banyakwidhe, amargi dipun bujuk. Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sampun misuwur
ing têtiyang sanagari Kartasura, yèn Radèn Suryakusuma kacêpêng, Pangeran Pugêr sarêng
mirêng pawartos mêngkatên, enggal amarentahi ing balanipun tuwin para garwa
putranipun sadaya, yèn pangeran sumêja lolos. Parentahipun kadadak sarêng sadalu, usrêg
pating kalêsik. Para putra sami gugup, solahipun awarni-warni, wontên kang ngêmban
putra, [pu...]

--- 502 ---

[...tra,] wontên kang bêbondhetan kalihan sêliripun. Sawênèh mandhi waos sarwi kêkalung
karbin. Ing wanci pukul kalih dalu, ing taun 1628 Pangeran Pugêr lolos, mêdal ing kori
bêbutulan, lan saputragarwanipun tuwin ingkang abdi sadaya, gumarêdêg swaranipun,
angalèr ngilèn. Kadet[18] ingkang sami kamargenan, sarta sami sumêrêp yèn Pangeran
Pugêr lolos. Tiyang ingkang sami sumêrêp wau lajêng sami ngaturi uninga ing lêlurah
bêkêlipun. Nuntên katur dhatêng Ki Dipati Sumabrata, Ki Sumabrata enggal lumêbêt
dhatêng kadhaton. Sampun kapanggih kalihan wadana kang kêmit tuwin lurah abdi èstri, Ki
Sumabrata akèn amungu sang prabu, sang nata inggih sampun kawungu, nuntên têdhak
amanggihi Ki Sumabrata, Ki Sumabrata inggih sampun matur yèn Pangeran Pugêr lolos.
Sang nata sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal amundhut bêndhe Kyai Bicak. Nuntên
tinabuh, binarung kalihan têtêg. Tiyang sanagari Kartasura gègèr abilulungan. Sami anarka
yèn Pangeran Pugêr ngamuk dhatêng kadhaton. Para bupati mantri sabalanipun pating
balêbêr lajêng sami baris ing korining kadhaton tuwin ing alun-alun. Saking bantêripun
swaraning bêndhe tuwin swaraning tangara sanèsipun, ingkang sawêg lolos sami mirêng,
lampahipun sawêg dumugi [du...]

--- 503 ---

[...mugi] ing Cêpaga, sangêt sami gugupipun. Pinêlak[19] ing lampahipun mêdal ing Kênêr,
sumêja anjog ing Ngampèl. Radèn Ôntawirya binondhetan ing sêliripun, kudanipun
ingêmotan barang, sarêng mirêng swaraning bêndhe momotan dèn tatasi, sêlir
katumpakakên ing kuda, sarta kinèn mangku karbin. Radèn amandhi talêmpak wontên ing
wingking. Radèn Wôngsataruna dharat angêmban putra jalêr sawêg umur sataun, anama
Mas Bêladho, patutanipun kalihan sêlir Bok Karoh, sêlir inggih tumut lolos katumpakakên
kapal. Mênggah Mas Bêladho wau, ing ngakiripun nama Pangeran Riya Mangkunagara.
Lampahipun dumugi sakidul Ngampèl tatas raina, Radèn Wôngsataruna ginugujêng ing
kathah, sabab kang dipun angge ngêmban putranipun calana, dipun nyana sinjang.
Pangeran Pugêr lajêng parentah anata lampah, rêrepot kadèkèk ngajêng, sawontênipun
ingkang sami nyêpêng gêgaman kadèkèk ing wingking, ingkang nindhihi Kiyai Sêtrajaya
kanthi para putra, sarta sampun sami angatos-atos. Wondene sang prabu ing Kartasura
inggih sampun ambodholakên baris. Para bupati pasisir kalihan môncanagari, têtindhihipun
Ki Tumênggung Jangrana, kinèn anututi Pangeran Pugêr, ingkang dados cucuking baris Ki
Tumênggung Jangrana, lampahipun sampun [sa...]

--- 504 ---

[...mpun] untap-untapan kalihan Pangeran Pugêr, nanging samangsanipun Pangeran Pugêr


katingal, Ki Jangrana lajêng angrindhikakên lampahipun. Pangeran Pugêr sampun langkung
ing lèpèn Tuntang, karêtêg nuntên binubrah, Pangeran Pugêr bamban ing lampahipun.
Bala kang anututi mingêr mêdal Bahrawa anjog ing Jambu. Pangeran Pugêr sampun
ngrumiyinakên utusan dhatêng Samawis, amaringi pariksa ing Ki Rôngga Yudanagara,
utusan inggih sampun dumugi ing Samawis asanjang dhatêng Ki Rôngga, Ki Rôngga sarêng
mirêng saklangkung gugup, enggal anglampahakên Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Ki
Dêmang Tanpanaha kinèn mêthuk ing Pangeran Pugêr sarta binektanan kuda tundhan
kalihan jagul kang badhe angrêmbat rêrepot. Ki Rôngga lumampah ing wingking, mampir
ing loji, panggih kalihan Kapitan Kênol, asanjang yèn Pangeran Pugêr lolos saking ing
Kartasura, samangke sampun wontên ing margi, sarta dèn bujung ing bala Kartasura,
Kapitan Kênol saklangkung gugup sarta bingah, wicantênipun, kyai, dikêbat tulungana,
manawa sêlak kacandhak marang bala Kartasura, karo dene yèn parêng Pangeran Pugêr iku
aturana mrene, sanajan karsa amadêg nata, ya anaa ing Samarang kene, dene yèn kudu
anjujug liyane, ing Samarang ya orana[20] kang mênging, sabab ing pulo Jawa iki wajibe
kabèh, nanging yèn kêna purihên [purih...]

--- 505 ---

[...ên] mrene bae, kowe dèn bisa ngipuk. Ing samangsane Pangeran Pugêr iku anurut
marang ing aturmu, karsa têdhak marang ing Samarang kene, amêsthi kowe bakal tinarima
marang jendral utawa marang Kumpêni kabèh, kowe prasasat angilangake susahe wong
Walônda, krana kang dadi ratu ing Kartasura saiki kêpaung. Kyai Rôngga mèsêm sarwi
anyagahi nuntên mangkat.

Wondene lampahipun Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Dêmang Tanpanaha inggih sampun


kapêthuk kalihan Pangeran Pugêr, Ki Dêmang angaturakên kuda tundhan sarta sikêp.
Rêrepot ing Kapugêran sampun sami karêmbat tuwin katumpakakên ing kuda, Pangeran
Pugêr sakalangkung trustha ing galih, sarta rumaos kapotangan dhatêng Ki Rôngga, alon
pangandikanipun. Sawunggaling, si thole rôngga samêngko ana ing ngêndi, Sawunggaling
matur yèn wontên ing wingking, pangeran nuntên bidhal, asipêng ing Ungaran sadalu,
enjing nuntên mangkat, dumugi ing Pudhakpayung kêpêthuk kalihan Ki Rôngga, Ki Rôngga
enggal ngrangkul sukunipun sang pangeran, matur sarwi nangis, sabab botên angintên yèn
pangeran tumuntên lolos sarta wilujêng, pangeran angaras êmbunipun Ki Rôngga, sampun
sami tata lênggah, Ki Rôngga angaturi sêkul sarta dhaharan kathah, pangeran saabdinipun
[saabdini...]

--- 506 ---

[...pun] sampun sami nêdha, tuwuk sadaya. Pangeran Pugêr ngandika dhatêng Ki Rôngga,
anak ingsun Ki Rôngga, kapriye kang dadi rêmbugira, ingsun bakal banjur marang ing
Dêmak. Ing kono ênggon ingsun bakal sumêja jumênêng nata, lan angêntèni si adhi ing
Sampang lan ing Surabaya. Ki Rôngga matur, gusti, prayogi jumênêng nata wontên ing
Samawis. Sanajan angêntosana rayi sampeyan ing Sampang, inggih sae wontên ing
Samawis. Sabab sangêt ing kuwatos kula bilih sampeyan botên akanthi tiyang Wêlandi,
dhasar tiyang Wêlandi punika sugih, prakosa sarta guna, pitados yèn kaêbuhna ing prang,
inggih sarat dipun êbang sawatawis. Mila makatên, tiyang Jawi punika kathah ingkang
botên wilujêng manahipun. Kalih dene bokmênawi tiyang Wêlandi wau kenging ing
pangêbangipun sang prabu ing Kartasura, kapurih sampun ngantos maèlu dhatêng ing
sampeyan. Têmahanipun sampeyan gadhah mêngsah kêkalih, mila prayogi dipun rukêt
katêdhanan tulung, dene bilih sampun karumiyinan ing pangêbangipun sang prabu, tiyang
Kumpêni melik, botên maèlu dhatêng sampeyan, inggih kula kang
angrêmbat[21] prakawisipun. Tiyang Kumpêni badhe kula pangkring, kados makatên
wicantên kula, yèn wong Kumpêni ora gêlêm têtulung, Pangeran Pugêr ya wis kêlar dhewe
ngrêbut karaton [karato...]

--- 507 ---

[...n] ing Kartasura, sabab wis duwe kanthi wong Madura, sarta wong pasisir ya wis padha
suyud, amêsthi wis santosa, ora susah nganggo wong Kumpêni, makatên gusti, ingkang
badhe dados wicantên kula, sarta amêsthi badhe ènthèng panêdhanipun epahaning prang
tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Rôngga, alon
pangandikanipun. Anak ingsun Ki Rôngga, ya bênêr aturira, lan sakèhe prakaraningsun iki
ya wis môngsa bodhoa sira, ingsun nurut ing sira bae, amung panjaluk ingsun, sira dikêbat
awèha wêruh marang si adhi ing Sampang, yèn ingsun wis têka ing Samarang, lan
amratelakna sarta têtarenana kang dadi karêpira iku kabèh. Ki Rôngga matur malih, inggih
gusti, punika prêlu sangêt. Sabab rayi sampeyan ing Sampang punika badhe dados agul-
aguling prakawis sarta agul-aguling prang.

Anuntên sami mangkat saking Pudhakpayung, Ki Rôngga sampun ngrumiyinakên utusan,


asuka pariksa dhatêng Kapitan Kênol. Kapitan Kênol sarêng tampi pratelaning utusan
inggih enggal mêthuk dhatêng Paterongan. Numpak kreta sarta ambêkta prajurit
drahgundêr wolung dasa, wondene Wêlandi sanèsipun utawi tiyang Jawi ing Samawis
sampun sami kadhawahan tata angapit margi agêng badhe angurmati rawuhipun
[rawuhi...]

--- 508 ---

[...pun] Pangeran Pugêr. Wondene lampahipun Pangeran Pugêr inggih sampun rawuh ing
Paterongan, kêpanggih kalihan Kapitan Kênol atêtabean. Anuntên sakathahing rêrepot
karumiyinakên, anjujug griyanipun Ki Rôngga, pangeran kalihan Kapitan Kênol nuntên
bidhal saking Paterongan anitih kreta ginarêbyêg ing prajurit drahgundêr wolung dasa,
sarawuhipun ing Samawis lajêng ingurmatan ungêling maryêm sarta sanjata ambal-
ambalan. Binarung kalihan ungêling tambur tuwin gamêlanipun tiyang Jawi, pangeran
anjujug ing loji, nuntên têdhak saking kreta atêtabean kalihan para upsir, sampun tata
sami lênggah, Kapitan Kênol alon matur, kangjêng pangeran, sarawuh sampeyan ing
Samawis kula kalihan tiyang Kumpêni sadaya raosing manahipun lir amanggih êmas sarêdi
Marapi, punapa malih tiyang Kumpêni upamènipun mina kasatan toya sampun lami, ing
mangke kabanjiran ing toya, salira sampeyan kang minôngka toya, abdi sampeyan tiyang
Kumpêni saklangkung asrêp sarta nikmat raosing manahipun. Kangjêng pangeran manthuk,
sarta mangsuli trima kasih, Kyai Rôngga nuntên wicantên dhatêng Kapitan Kênol. Saudara,
kangjêng pangeran punika sampun ngantos kadangon wontên ing ngriku, sabab mêntas
lêlampah, amêsthi sangêt ing sayahipun, badhe kula [ku...]

--- 509 ---

[...la] aturi lêrêp ing griya kula, dene sakathahe ing prakawisipun inggih kula kemawon
ingkang ngrêmbat, botên susah dhatêng kangjêng pangeran. Pangeran Pugêr inggih nuntên
têdhak saking loji, kapitan angêtêrakên dhatêng griyanipun Ki Rôngga, wondene Ki Rôngga
inggih lajêng angaturakên bale griyanipun. Piyambakipun amasanggrahan ing jawi, para
putra tuwin para abdi ing Kapugêran sampun sami pinêrnah, Ki Rôngga nuntên
anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Maduntên mêdal ing laut. Wondene
bala ing Kartasura ingkang sami ambujêng Pangeran Pugêr sampun sami wangsul dhatêng
ing Kartasura, angaturakên tiwasing sang prabu, yèn Pangeran Pugêr botên kacandhak
sarta sampun dipun tadhahi dhatêng tiyang Kumpêni kalihan Ki Rôngga, pinêthuk ing
margi, lajêng binêkta dhatêng nagari Samawis. Sang nata sarêng mirêng saklangkung susah
ing galihipun. Kala samantên kasarêngan ing tanah Rêdi Kidul wontên kêraman anama
Wirawôngsa, sarêng katur ing sang prabu lajêng kinèn anglurugi, kraman Wirawôngsa
sampun kawon prangipun sarta lajêng pinêjahan. Anuntên ingkang sami nglurugi kraman
Radèn Suryakusuma dhatêng sarta ambêkta Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi,
sadhatêngipun ing Kartasura radèn lajêng kinunjara, gunjaranipun[22] mawi kaluruban
rajut. Mila

--- 510 ---

mêngkatên, Radèn Suryakusuma wau kawartos yèn sêkti, supados sampun ngantos ucul
saking pagunjaran.

Kacariyos utusanipun Ki Rôngga ing Samawis, sampun dhatêng wontên ing Sampang,
sampun angaturakên sêrat. Pangeran Cakraningrat sarêng sampun maos sêrat saking ing
Samawis, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng parentah adamêl pratôndha ing
pambilikipun, anêlukakên tiyang saurutipun pulo Maduntên. Nuntên misuwur saking nagari
Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat balela, Ki Tumênggung Jangrana enggal nyuwun
pamit ing sang prabu, asêngadi badhe anjagèni nagarinipun ing Surabaya. Sang nata inggih
lajêng anglilani, Ki Tumênggung Jangrana nuntên budhal sabalanipun, gêgancangan, jujug
ing Sampang, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Cakraningrat, lajêng sami rêrangkulan.
Pangeran angandika, kakang, bangêt kangênku marang kowe sarta kuwatir. Ki Jangrana
amangsuli, kula salamine sampeyan tilar, sabên sowan sang prabu tansah angatos-atos. Ki
Jangrana lajêng nyariyosakên kalanipun Pangeran Pugêr lolos. Ingkang tinuduh
anyenopatèni baris kang bêbujêng piyambakipun. Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng
nuntên gumujêng ngakak, sarwi ngandika, wis dilalah kang tinuduh [tinu...]

--- 511 ---


[...duh] amburu kok kowe, Pangeran Pugêr môngsa kacandhaka. Ki Jangrana wicantên
malih, kalih dene sang prabu ing sapunika kula sawang cahyanipun sampun ical,
warninipun pêthak, kados Cina pinuju mulês wêtêngipun. Pangeran angakak malih, dangu
ênggènipun sami gêgujêngan angraosi awonipun sang prabu, nuntên apirêmbagan.
Pangeran angandika, kakang, kang dadi karêpku samêngko, aku bakal anonjok layang
marang Si Surapati, takwèhe wêruh yèn aku bakal anjungjung nata Pangeran Pugêr,
dhèwèke apa bakal amitulungi sang prabu apa tumambuh bae, samangsane Si Surapati
sumêja amitulungi marang sang prabu, ing Pasuruan bakal dakgêcak tumuli, supaya aja
angregoni pikir, yèn dhèwèke apitambuh iya sokur. Ki Tumênggung Jangrana inggih
jumurung, Pangeran Cakraningrat nuntên anglampahakên utusan dhatêng Pasuruan.
Sêratipun Pangeran Cakraningrat sampun katampèn dhatêng Surapati, sarta sampun dipun
wangsuli, suraosing sêrat wangsulan, prakawis karsanipun Pangeran Cakraningrat, badhe
angadêgakên ratu ing Pangeran Pugêr, punika Surapati botên purun tumut-tumut. Sabab
arêbatan nagari sami ingkang gadhah wajib. Panyuwunipun Surapati amung ing Pasuruan
kemawon, sampun ngantos kaungkih-ungkih. Pangeran Cakraningrat sampune maos [ma...]

- -- 512 ---

[...os] sêrat angsulan saklangkung lêga galihipun. Nuntên ngandika dhatêng Tumênggung
Jangrana, kakang, kowe muliha marang Surabaya, siyagaa sarta angirupana nagara kang
cêdhak-cêdhak. Yèn ana kang bôngga gêcêkên. Dene nagara kang urut pasisir, besuk yèn
mangkat marang Samarang bae padha sinampe bari lumaku. Ki Tumênggung Jangrana
inggih lajêng bidhal. Pangeran Cakraningrat nuntên tata-tata bala, rajabrana ing Sampang
winutahkên, kadamêl anggêganjar sarta ambusanani bala, punapa malih nagari sauruting
pulo Maduntên urunanipun sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, watawis kathahe
balanipun Pangeran Cakraningrat pitung èwu, sarta sampun pinatah-patah kang pancèn
mêdal dharat utawi kang badhe mêdal ing laut. Ingkang anindhihi bala ingkang mêdal
dharat, tanaya ing Sampang kêkalih, anama Radèn Sasradiningrat kalihan Radèn
Suradiningrat. Têtindhihipun kang mêdal ing laut Pangeran piyambak. Anuntên sami
bidhal. Wondene Tumênggung Jangrana sadhatêngipun ing Surabaya, inggih lajêng
anêlukakên nagari kang cakêt ing ngriku, sampun sami nungkul. Amung bupati ing
Lamongan kang lumajêng dhatêng Kartasura, Ki Tumênggung Jangrana nuntên angrakit
gêgamaning prang, balanipun tigang èwu, têtindhihipun ingkang rayi têtiga, anama
Jayapuspita, kalih Kartayuda,

--- 513 ---

tiga Surènggana, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal mêdal dharat. Ki tumênggung
mêdal ing laut sarêng kalihan Pangeran Sampang. Palajêngipun tumênggung ing Lamongan
sarêng dumugi ing Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn Ki Jangrana ambalik
mêngsah ing sang prabu, gotong kalihan Pangeran Cakraningrat, sumêja ambiyantoni
Pangeran Pugêr, sarta sampun ambidhalakên gêgaman dhatêng ing Samawis. Sang nata
sarêng mirêng atur makatên, sangêt ing dukanipun kaworan prihatin. Lajêng parentah
sawarninipun bupati pasisir sami katundhung mantuk, anjagèni nagarinipun piyambak-
piyambak, sarta sang nata anglampahakên Ki Tumênggung Mandurarêja kalihan
Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawôngsa kinèn bantu dhatêng Dêmak lan sabalanipun.
Dene ingkang kabantokakên dhatêng Têgal Arya Banyakwidhe kalihan Tumênggung
Toyamas. Ingkang dhatêng Kaliwungu santananipun sang prabu saking kang ibu anama
Pangeran Balitar, akanthi Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda, inggih sampun sami
bidhal sabalanipun. Sang prabu lajêng anglampahakên utusan anama Ôntagopa amaringi
sêrat dhatêng Kapitan Kênol ing Samawis, suraosipun. Sang nata amundhut
bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Ki Ôntagopa enggal mangkat saking ing
Kartasura.

Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, wontên kumisaris [kumi...]

--- 514 ---

[...saris] saking ing Bêtawi satunggil, kalihan kumêndur ing Japara inggih wontên ing
ngriku, tiga Kapitan Kênol. Ing sabên dintên tansah bicara kalihan Rôngga kang minôngka
wakilipun Pangeran Pugêr, dene ingkang dados karsanipun kumisaris, botên anganggêp
dhatêng Pangeran Pugêr, sabab pangeran wau sampun adamêl piawon dhatêng tiyang
Kumpêni, Ki Rôngga kapurih angupadosa dharah Matawis sanèsipun, ingkang prayogi badhe
kajunjung sang nata, nanging Ki Rôngga kêkah, kêdah angêdêgakên nata Pangeran Pugêr
kemawon, andadosakên ruwêding prakawis. Tuwin kang saking Samawis dhatêng Batawi
inggih botên kêndhat-kêndhat. Nanging botên sagêd angrampungakên prakawis. Kala
samantên Kapitan Kênol, kalih kumêndur ing Japara, tiga Ki Rôngga ing Samawis sami
tinimbalan dhatêng ing Batawi, inggih sampun sami mangkat numpak baita. Sadhatêngipun
ing Batawi lajêng sami wiwit bicantên[23] malih wontên ing ngarsanipun gurnadur jendral,
sarta para rad, tuwin Wêlandi agêng-agêng ing Batawi, dêlèr satunggil wicantên dhatêng
Ki Rôngga, Kyai Rôngga, sarèhning awakmu iku pêparon, saparo Jawa, saparo Walônda,
kowe taktari, tutura ing satêmêne, mungguh kang dadi karsane gurnadur jendral utawa
para rad kabèh, ora amrayogakake yèn andadèkna ratu ing Pangeran [Pa...]

--- 515 ---

[...ngeran] Pugêr, krana wis duwe lêlabêt ala, kang sapisan wis anglakoni dadi kraman,
ajênêng Sunan Ngalaga, sarta amatèni marang wong Walônda, kapindho wis ngumum, ing
nalika patine Kapitan Tak, iku saka Pangeran Pugêr kang amitulungi marang Si Surapati,
apa ora nyata mêngkono iku, dene karsane gurnadur jendral sarta para rad, yèn dhasar
Sunan Mangkurat Mas kang dadi ratu saiki, têtela ora nêja têpung bêcik karo wong
Walônda, luwih bêcik kowe angupayaa darah Mataram liyane, kang prayoga diangkat ratu,
amung Pangeran Pugêr bae aja. Ki Rôngga mèsêm sarta matur, tuwan, ingkang sampeyan
dhawahakên punika inggih sayêktos sadaya, nanging botên lêrês. Sabab kalanipun
Pangeran Pugêr anama Sunan Ngalaga, punika arêbat nagari kalihan saduluripun piyambak.
Dene tiyang Walandi kang sami pêjah salêbêting prang ngriku, awit amitulungi dhatêng
Sunan Mangkurat. Dene kala pêjahipun Kapitan Tak, punika inggih sayêktos saking
Pangeran Pugêr, nanging anglampahi saking parentahipun Sunan Mangkurat. Sarèhning
Pangeran Pugêr wau angabdi dhatêng ingkang raka, amêsthi ajrih yèn botên anglampahana
sabarang parentahipun. Wondene bilih tiyang Kumpêni botên purun anjunjung nata sarta
botên maèlu, amêsthi Pangeran Pugêr jumênêng [ju...]

--- 516 ---

[...mênêng] nata piyambak. Sabab sampun gadhah andêl-andêl Pangeran Sampang,


akanthi tiyang sapulo Madura sadaya, kalihan Tumênggung Jangrana ing Surabaya, punapa
malih tiyang urut pasisir inggih sampun suyud sadaya dhatêng Pangeran Pugêr, amêsthi
kuwawi yèn angrêbata karaton ing Kartasura, botên susah mawi tiyang Kumpêni, wondene
kala lolosipun saking Kartasura, Pangeran Pugêr wau sumêja malajêng dhatêng ing Dêmak.
Wontên ing ngriku ênggènipun badhe jumênêng ratu, têdhakipun dhatêng Samawis punika
awit saking atur kula, kula aturi mundhut tulung dhatêng Kumpêni, mila makatên,
sarèhning kula dados pitadosing Kumpêni, saèstu ing sasagêd-sagêd kula amurih ing têmbe
tiyang Kumpêni sagêda kèringan sarta angsala kauntungan. Kapitan Kênol kalihan
kumêndur ing Japara anyambungi wicantên, anglêrêsakên aturipun Ki Rôngga, mila
makatên, ing samangsanipun tiyang Kumpêni botên purun amitulungi tuwin botên
anjunjung nata dhatêng Pangeran Pugêr, pamanahipun kumêndur ing têmbe tiyang
Kumpêni badhe amanggih pakèwêd ênggènipun wontên ing tanah Jawi, aluhung tumuta
anjunjung nata sarta anyantosanana ing prang, têrkadhang angsal epahan nêgari, sarta
têtêp ênggènipun wontên ing tanah Jawi. Gurnadur jendral sarta para rad botên wontên
kang wicantên malih,

--- 517 ---

Ki Rôngga lajêng kaêrès, dipun gêdhong. Kacariyos Ki Rôngga ênggènipun dipun gêdhong
tigang Ngahad, ing sabên-sabên dipun wêdalakên katodhi, nanging Ki Rôngga taksih
kêncêng, aturipun botên ewah-ewah, kala samantên sampun linuwaran. Ki Rôngga kalihan
kumêndur, tiga Kapitan Kênol sampun sami kalilan mantuk dhatêng ing Samawis. Inggih
nuntên sami bidhal numpak baita, lastantun dumugi ing Samawis.

Botên antawis lami nuntên wontên sêrat saking Batawi dhatêng kumisaris kang wontên ing
Samawis. Ki Rôngga nuntên dipun timbali dhatêng loji, kang minôngka wakilipun Pangeran
Pugêr, awit saking aturipun Ki Rôngga Pangeran Pugêr botên suka kêpanggih piyambak
kalihan tiyang Kumpêni, supados sampun ngantos kenging dipun pangangkah dhatêng
tiyang Kumpêni. Sadhatêngipun ing loji Ki Rôngga dipun dêdahi sêrat karampungan kang
saking Batawi, yèn gurnadur jendral sarta para rad sampun sami angidèni ênggènipun
badhe jumênêng ratu Pangeran Pugêr, sarta sagah amitulungi ing prang, ananging gadhah
panyuwun nagari ing Japara, kalih ing Dêmak, tiga ing Têgal, kalihan anyuwun têtêmpah
rêginipun tiyang Kumpêni yèn wontên kang pêjah prang, sarta wragad salêbêting prang,
punapa malih badhe prajangjeanipun tiyang Kumpêni kalihan ratu ing tanah Jawi inggih
kadêdahakên [kadêdahakê...]

--- 518 ---

[...n] dhatêng Ki Rôngga. Wangsulanipun Ki Rôngga, sadaya wau inggih sampun dipun
sagahi, namung sêrat badhe prajangjean kalihan têtêmpah salêbêting prang, punika badhe
karêmbag kalihan Pangeran Cakraningrat rumiyin. Sabab dèrèng dhatêng wontên ing
Samawis. Kalihan Ki Rôngga anyuwun idinipun tiyang Kumpêni badhe angêdêgakên bandar
dharat, supados bangginipun anyêkapana kasanggèkakên ing karsanipun kang dados ratu,
kumasaris [24] inggih sampun anglilani. Kala samantên ênggènipun badhe angangkat ratu
amung angêntosi dhatêngipun Pangeran Sampang kemawon kalihan para bupati pasisir,
sarta angupados dintên kang dipun sênêngi Pangeran Pugêr.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura, anama Ôntagopa amatêdhakakên
sêrat dhatêng Kapitan Kênol, suraosipun, sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama
Pangeran Pugêr. Kapitan Kênol sarêng sampun tampi sêrat lajêng wicantên. Kongkonan,
kowe matura marang ratumu, Pangeran Pugêr têkane ing Samarang wong Kumpêni ora
angundang, awit karsane dhewe, banjur anêlukake wong pasisir kabèh, wong Kumpêni ora
dahwèn. Sabab ing tanah Jawa iki duwèke dhewe, dene yèn ratumu wani konên nyêkêl
dhewe, wis muliha, aku ora [o...]

--- 519 ---

[...ra] mangsuli layang. Utusan enggal mantuk. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur
ing sang prabu, yèn wangsulanipun Kênol saklangkung nyênyêngit. Sang nata mirêng
aturing utusan sangêt ing dukanipun, nanging botên kantênan kang dipun dukani, lajêng
badhe anêlasi sêsakitan Radèn Suryakusuma, nanging botên kalampahan. Sabab sabên
Radèn Suryakusuma badhe dipun pêjahi, rêdi Marapi lajêng murub, swaranipun anggêgirisi,
kala samantên Radèn Suryakusuma sampun linuwaran sarta kaangkat nama Pangeran Bèi,
pinaringan lêlênggah sabin sèwu karya.

Kacariyos Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana sabalanipun, sampun sami


dhatêng wontên ing Samawis. Utawi para bupati pasisir sabalanipun inggih sampun
dhatêng ing Samawis. Amung ing Dêmak, Kaliwungu lan ing Têgal ingkang maksih bôngga,
dèrèng purun sowan. Kala samantên praja ing Samawis sauruting lêlurung tuwin pasabinan
patêgilan kêbak tiyang sadaya, punapa malih para pandhita, ngulama, para khaji inggih
sampun sami ngalêmpak. Panêmbahan Wujil ing Adilangu inggih sampun wontên ing
ngriku, nanging saduluripun kêkalih sami kèrêm pêjah ing laut. Wondene sangajênge
pasanggrahanipun Pangeran Pugêr sampun karakit alun-alun tuwin taratag, waringin
[wari...]

--- 520 ---

[...ngin] kurun sakêmbaran.

Sarêng ing dintên Sênèn, taun 1629, Pangeran Pugêr ingaturan miyos pinarak ing dhampar
wontên ing taratag. Kumasaris lênggah têngênipun, kumêndur kalihan Kapitan Kênol
lênggah sakiwanipun pangeran, sinambungan para upsir, Pangeran Cakraningrat sarta para
bupati sapangandhap tuwin para khaji sapanunggilanipun punapa malih para putra sami
sowan ing ngarsa, bala Kumpêni baris ing alun-alun. Pangeran Cakraningrat lajêng ngadêg
sarta wicantên sêru, sarupaning kancaku bupati sapangisor kabèh, utawa para khaji
sapanunggalane kabèh, padha angestokna, yèn ing sadina iki Kangjêng Pangeran Pugêr
jumênêng nata, amêngku ing tanah Jawa, kaidèn ing kangjêng tuwan gurnadur jendral
sarta para rad ing Batawi, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga
Ngabdurrahman Saidin Panatagama. Tiyang kang sami sowan sadaya asaur pêksi, para
khaji, pandhita, ngulama sami donga jumurung, bala Kumpêni lajêng sami urmat
ngungêlakên maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Awor swaraning gamêlan sarta
tambur, kados mêcahakên kuping, kumasaris sapanunggilanipun lajêng sami têtabean.
Para bupati tuwin para putra gêntos-gêntos angaras sukunipun sang prabu, sang nata
nuntên kondur masanggrahan. Ing sadintên [sadi...]

--- 521 ---

[...ntên] punika ugi ngantos dumuginipun arame swaranipun kang sami suka-suka,
saênggèn-ênggèn gumuruh. Ing sanèsing dintên sang prabu anyar miyos sinewaka,
anjunjung nama Pangeran Cakraningrat, kaparingan nama Panêmbahan Cakraningrat, sarta
amadanani bupati pasisir sadaya tuwin bupati saurutipun pulo Madura, Ki Tumênggung
Jangrana kaparingan nama Dipati Jangrana, kadadosakên kaliwon, sosoranipun
Panêmbahan Cakraningrat. Ki Rôngga Yudanagara ing Samawis kajunjung nama Dipati Sura
Adimênggala, sarta kaparingan angrèh siti dhusun urut margi agêng ingkang saking
Samawis dumuginipun ing Kartasura. Ki Sêtrajaya pêpatih ing Kapugêran kadadosakên
pêpatih amarentah tiyang satanah Jawi, kaparingan nama Dipati Cakrajaya. Ki
Banyakpatra kadadosakên patih lêbêt, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Abdi
ing Kapugêran dalasan gamêl sampun sami jinunjung lênggahipun sadaya, wontên kang
dados tumênggung, mantri, ing sapantêsipun piyambak-piyambak. Anuntên para putra
sami kaangkat nama sadaya, Radèn Wôngsatruna kaangkat nama Pangeran Dipati Anom
Amêngkunagara, Radèn Mas Sôngka anama Pangeran Dipati Purbaya, Radèn Mas Sudama
anama Pangeran Dipati Balitar, Radèn Mas Ôntawirya anama Pangeran Prangwadana,
Radèn Mas Martataruna anama [a...]

--- 522 ---

[...nama] Pangeran Dipati Sônta, Radèn Mas Dipataruna anama Pangeran Dipataruna.
Putranipun Panêmbahan Cakraningrat ingkang pambajêng kaangkat nama Tumênggung
Natadiningrat. Saduluripun anèm Dipati Jangrana kêkalih sami kajunjung lênggah, ingkang
sêpuh kagêmpalakên siti sèwu karya ing Surabaya sarta kapatêdhan nama Arya
Jayapuspita, adhinipun kadadosakên bupati ing Lamongan, kapatêdhan nama Panji
Surèngrana. Sang nata nuntên parentah dhatêng Tumênggung Rêksanagara kalihan
Tumênggung Wiranagara kinèn anggêbag bala ing Kartasura kang baris sakiduling nagari ing
Têgal, kinanthèn tiyang Kumpêni sawatawis, têtindhihipun Lutnang[25] Jaisman.

1. sabalanipun. (kembali)

2. pêcut. (kembali)

3. dening. (kembali)

4. jisimipun. (kembali)

5. nyugata. (kembali)

6. bêbantu. (kembali)

7. ambelani. (kembali)

8. rêngat. (kembali)

9. Dwarawati. (kembali)

10. baludru. (kembali)

11. wit-witan. (kembali)

12. lajêng. (kembali)

13. bilahi. (kembali)

14. Mogiri (dan di tempat lain). (kembali)

15. gimbal. (kembali)

16. sasmitaning. (kembali)

17. dening. (kembali)

18. Kagèt. (kembali)


19. Ginêlak. (kembali)

20. ora ana. (kembali)

21. angrêmbag (dan di tempat lain). (kembali)

22. kunjaranipun. (kembali)

23. wicantên. (kembali)

24. kumisaris (dan di tempat lain). (kembali)

25. Lutnan (dan di tempat lain). (kembali)

--- 523 ---

Kapitan Kênol kadhawahan anggêbag bala Kartasura kang baris ing Dêmak, angirit Kumpêni
sabrêgada, akanthi bala Madura sèwu, têtindhihipun ingkang putra panêmbahan anama
Radèn Suradiningrat kalih Radèn Dêmang, bala ing Surabaya sèwu, têtindhihipun Panji
Surèngrana, ingkang tinuduh anggêbag bala ing Kartasura kang baris ing Tugu tanah Kêdhu,
Kapitan Gusman ambêkta Kumpêni sabrêgada, kanthi bala Madura sèwu, bala Surabaya
wolung atus, têtindhihipun Radèn Tumênggung Natadiningrat kalihan Arya Jayapuspita,
sadaya wau sarêng ing angkatipun. Wondene ingkang dhatêng ing Têgal inggih sampun
campuh prang, bala ing Kartasura lumajêng. Ingkang dhatêng ing Tugu saklangkung rame
prangipun. Sabab sami ing purunipun. Mêngsah rewang kathah ingkang pêjah,
têtindhihipun bala ing Kartasura Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda tansah
anêrêgakên bala, gumulung sarêng magut. Bala Madura Surabaya tadhah, kang sampun
pêjah dèn idak kemawon. Bala Kumpêni anulungi ngarutug ing sanjata, bala ing Kartasura
gulagêpan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng arêbat gêsang. Wondening bala ing
Kartasura kang baris ing Dêmak, têtindhihipun Ki Arya Mandurarêja, kalih Tumênggung
Wirasêtra, tiga Wirawôngsa inggih sampun têmpuh prang, bala ing Kartasura sumêja
pêngkuh, nanging botên tahan kajawahan mimisipun bala Kumpêni sarta kathah kang
pêjah, lajêng dhadhal angungsi ing Têmbiring, ingêlud dhatêng bala Kumpêni tuwin bala
Madura, bala ing Kartasura lumajêng sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura. Bala ing
Pakubuwanan sarta Kumpêni sampun sami wangsul dhatêng ing Samawis. Palajêngipun
ingkang sami kawon prang sampun sami dumugi ing Kartasura, matur ing sang prabu yèn
kawon pêrangipun. Sabab aprang kalihan Kumpêni, kalih dene Pangeran Pugêr samangke
sampun jumênêng ratu anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, tiyang saurutipun pasisir
tuwin Madura sampun sami suyud, sarta sampun sami ngalêmpak wontên ing Samawis,
kathahing

--- 524 ---

bala tanpa wilangan. Ing samangsan-mangsanipun[1] badhe tumuntên bidhal ambêdhah ing
Kartasura. Sunan Mangkurat Mas sarêng mirêng pawartos makatên anglês ing galihipun
sarta awuyungan. Ing batos sangêt kaduwung ênggènipun anyakitakên galihipun Pangeran
Pugêr rumiyin. Nanging ing lairipun sangêt duka, lajêng parentah dhatêng kêkasihipun
paranakan Cina, anama Tumênggung Jayaningrat. Andikakakên baris wontên ing Ungaran,
amêpêtana margi, mila Ki Tumênggung Jayaningrat, ingkang pinatah abaris ing ngajêng
piyambak. Sabab kathah balanipun tiyang têtumbasan. Bugis, Makasar, Bali tuwin Cina,
inggih awit saking karsanipun Sunan Mangkurat Mas. Sarta Ki Jayaningrat wau sangêt
ênggènipun dipun pitados dhatêng sang nata, Ki Jayaningrat inggih sampun mangkat saking
Kartasura, sarta kinanthenan bupati kêkalih sabalanipun. Dumuginipun ing Ungaran lajêng
abêbiting sarta ajêjagang. Sunan Mangkurat Mas nuntên parentah malih dhatêng Ki Dipati
Sumabrata, kinèn baris ing Salahtiga, sarta para bupati môncanagari, Banyumas, Kêdhu,
Bagêlèn, tuwin para bupati ing nagari Kartasura sabalanipun kinêrig, kinèn sami baris ing
Salahtiga, kang minôngka senapatining prang Ki Dipati Sumabrata, inggih sampun sami
mangkat. Lampahing gêgaman andalêdêg kados toya mêdal saking rong, sadhatêngipun

--- 525 ---

ing Salahtiga[2] lajêng abêbiting wontên ing Kalicacing, bala kathah sami tata pakuwon.
Untabing bala kados kapuk kapracondhang ing samirana, saklangkung agêng barisipun.
Dene ingkang tinuduh abaris ing Bayalali para santana sadaya têtindhihipun Pangeran Arya
Mataram, punika ingkang sagah angêmbari pêrangipun Sunan Pakubuwana, mila sangêt dèn
ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas.

Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, sakalangkung rêja, rintên dalu tansah sami kasukan.
Bala ing Kartasura sampun kathah ingkang sami nungkul dhatêng ing Samawis. Sunan
Pakubuwana ing sabên dintên Sêptu miyos watang kalihan para bupati mantri, yèn ing
dintên Sênèn Kêmis miyos sinewaka, sabibare sinewaka lajêng kasukan badhayan, sarta
babêksan gambuh para bupati sarta para putra sami gêntos-gêntos. Pangeran Dipati Anom
ambêksa rangin, têtandhing kalihan panêmbahan. Kang aningali sami kasmaran. Nuntên
wontên putranipun mantu èstri Ki Dipati Samawis, anama Bok Martayuda, ingkang jalêr
dados carikipun sang prabu, sampun darbe putra kêkalih, Bok Martayuda wau yèn ing
Samawis sampun anglangkungi ayunipun. Kala samantên Bok Martayuda sowan ing sang
prabu aningali kang sami babêksan. Sarêng aningali bêksanipun pangeran dipati, [dipa...]

--- 526 ---

[...ti,] sangêt gènipun kasmaran, kumyus karingêtipun, gêlungipun lukar, mripatipun


kumêdhèp têsmak. Lajêng dipun jawil dhatêng rencangipun èstri anama Biyang Garêm,
kaajak lênggah nyanès. Pangeran dipati sumêrêp ing solahipun Bok Martayuda wau,
sabibaring bêksan lajêng amurugi, sarta sagah badhe dhatêng griyanipun ing wanci dalu,
Bok Martayuda inggih sampun mantuk. Sarêng ing wanci dalu Ki Martayuda kêmit ing
pasanggrahanipun sang nata, pangeran dipati sampun têdhak mriku kêpanggih kalihan Bok
Martayuda, andumugèkakên sakarsanipun. Ki Martayuda kang sawêg kêmit wau botên
sakeca manahipun. Nuntên mantuk sumêja nyambangi griya, sarêng dugi ing griya mirêng
swaraning tiyang jalêr wicantênan kalihan semahipun. Nuntên kainjên. Botên pandung yèn
pangeran dipati, Ki Martayuda kanggêg ênggènipun nêpsu, lajêng adhèhèm-dhèhèm saking
ing jawi, pangeran dipati sarêng mirêng dhèhèm, enggal mêdal ing korining griya wingking,
lumajêng ambêdhah pagêr. Ki Martayuda enggal lumêbêt ing griya, Bok Martayuda
mêthukakên sarwi dhodhok ing siti, Ki Martayuda nuntên angukêl gêlungipun kang èstri
sarta jinêjêkan, linarak, tinapukan jinagur, tinabokan, sinotho. Ingkang èstri nangis anjêrit
sarta wicantên. Aku nuli ukumên mati, wong dhasar nyata culika

--- 527 ---

tindakku, mung aja[3] kolêlara bae. Ki Martayuda sumaur sarwi mêmisuh, aja susah
kojaluk, mêngko kowe mêsthi takpatèni, nanging daklara dhingin. Ki Martayuda nuntên
nyandhak kursi, dèn antêbakên dhatêng kang èstri, Bok Martayuda kantu, gumuling ing
siti, Ki Martayuda lilih nêpsunipun. Nuntên katilar tilêm mujung. Bok Martayuda èngêt
lajêng tangi, sarêng aningali ingkang jalêr tilêm nuntên mêdal saking griya, sumêja purik
dhatêng pasanggrahanipun sang prabu, lampahipun wontên ing margi tansah sêsambat
pangeran dipati, dene anilar lumajêng botên darbe wêlas. Sarêng wanci byar dumugi
pasanggrahan dalêm. Bok Martayuda lajêng sowan dhatêng pramèswarinipun sang prabu,
kang nama Ratu Pakubuwana, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Sori na[4] saklangkung
ngungun, nuntên enggal matur dhatêng sang prabu, sang nata sarêng mirêng saklangkung
gugup, enggal utusan animbali Ki Martayuda, Ki Martayuda pinanggih taksih tilêm, nuntên
ginugah dhatêng utusan. Inggih lajêng tangi tumuntên sowan alênggah tumungkul. Sang
nata alon ngandika, kulup Martayuda, bojonira purik marene, tutur yèn kopala, amarga
cêlor lan si dipati, kang iku kulup, muga aja dadi sake pikirmu, mupusa yèn lagi kêna
rêncananing iblis, amurih pêcahe wong saduluran. Dene yèn [yè...]

- -- 528 ---

[...n] sira wis cuwa marang rabinira ingsun kang anglironi, sira amilihana bocah ingsun
wadon kang ana sajroning pasanggrahan iki kabèh, êndi kang sira sênêngi ya ingsun
paringake, akathah-kathah pangrapunipun sang prabu wau. Ki Martayuda sarêng mirêng
andikanipun sang nata lajêng lilih nêpsunipun, atêmahan waspa, kaemutan yèn ngabdi,
anuntên matur, gusti, bilih amarêngi lêga galih dalêm, abdi dalêm bojo kula kemawon
kula suwun malih. Sang nata angandika, iya sokur kulup. Nanging wêkas ingsun, bojonira
aja sira larani bae, lan aja sira sakake atine. Martayuda matur sandika. Sang nata lajêng
dhêdhawah dhatêng ingkang garwa, andikakakên maringakên Bok Martayuda, Bok
Martayuda inggih sampun kawêdalakên, sarta akathah-kathah pawulangipun sang
pramèswari, kalihan pinaringan arta tuwin busana, Ki Martayuda inggih sampun mantuk
sarimbit.

Kacariyos wontên Wêlandi dhatêng ing Samawis saking ing Batawi, anama Amral Sêpilman,
ambêkta Kumpêni gangsal atus, sampun kêpanggih kalihan sang nata lajêng atêtabean.
Tuwan Amral matur, sinuhun, kula dipun utus ing pun kaki gurnadur jendral angaturakên
tabenipun sarta tabenipun para rad sadaya, kaping kalih pun kaki jendral angintuni
rajabrana awarni-warni [awarni...]

--- 529 ---

[...-warni] katur ing panjênêngan dalêm sarta para putra sadaya, kaping tiga, kula sarta
Kumpêni gangsal atus kabantokakên ing panjênêngan dalêm, mugi kaabêna pêrang,
ingkang kaping sakawan, bilih ing panjênêngan dalêm marêngi, pun Kapitan Kênol
kainggahakên komasaris, kalih ing Samawis ngriki badhe kadekekan kumêndur, dene ing
Japara badhe kadekekan petor kemawon. Ingkang kaping gangsal, pun Adipati Sura
Adimênggala kalilanana botên sowan ing sabên kala môngsa, yèn botên sarêng kalihan
kumêndur ing Samawis. Punapa malih panuwunipun kaki jendral, tulusa ênggènipun
pawong sanak sang nata kalihan tiyang Wêlandi, ing sapancoronging wulan, sagêbyaring
surya gèning pawong sanak sampun ngantos ewah, sarta sintên kang sumêja adamêl awon,
sampun ngantos amanggih raharja. Sang nata mangsuli trima kasih, sarta sampun amarêngi
ingkang dados aturipun Amral wau sadaya, nuntên ing loji Samawis ngungêlakêm[5] maryêm
ambal-ambalan. Amral lajêng angaturakên buk prajangjean satunggil, kacêpêng Amral
piyambak satunggil. Kala samantên ênggènipun prajangjean pinuju ing dintên Kêmis ping,
29 wulan, Jumadilawal taun Jimawal, 1629.

Anuntên Ki Tumênggung Jayaningrat kang abaris ing Ungaran angaturi [a...]

--- 530 ---


[...ngaturi] ngaturi sêrat panungkul dhatêng susuhunan ing Samawis, sarta anyagahi
padhanging margi, ananging gadhah panuwun siti dhusun ing Bahrawa, sang nata inggih
sampun amarêngi. Sang prabu lajêng parentah dhatêng panêmbahan tuwin dhatêng para
bupati sadaya, kinèn sami samêkta ing prang, sang nata badhe tumuntên ngalurug dhatêng
ing Kartasura, panêmbahan alon matur, bilih amarêngi sang nata sampun ngantos têdhak
ngalurug piyambak, eca-eca kasukan wontên ing Samawis, ingkang ambêdhah ing
Kartasura kula kalihan pun Adipati Surabaya kemawon. Sabab dèrèng lêga manah kula, yèn
kula dèrèng agêntos lawung kalihan pun Kêncèt. Ing saupami kula botên sagêd ambêdhah
ing Kartasura, aluhung kula mantuka aran, dene yèn ing Kartasura sampun bêdhah, kula
inggih tumuntên wangsul amondhongi ing sang nata. Sang prabu alon amangsuli, yayi
panêmbahan utawa yayi ing Surabaya, ya wis ingsun tarima ing sakèhe prasêtyanira,
nanging karsaningsun kudu wêruh ing gêblage badanira yèn kapupu ana ing adilaga.
Panêmbahan sarta Dipati Jangrana lajêng tumungkul, botên sagêd mangsuli saking sangêt
asihipun sang prabu, anuntên mundur saking ngarsane sang nata angundhangi bala
samêktaa ing prang, sarêng balanipun sampun pêpak sarta sampun samêkta, lajêng bidhal
saking Samawis. Lampahing

--- 531 ---

bala anggêrgut, ingkang dados panganjur bala Madura, nuntên kasambatan bala Surabaya,
sang nata munggèng têngah amangku bala Kumpêni, anitih kuda gula gêsêng, bala pasisir
wontên ing wingking, gêgamanipun yèn tiningalan saklangkung asri, apindha sêkar
sataman. Balanipun sang nata awarni-warni, tiyang sabrang lan tiyang Jawi kathahipun
tanpa wilangan, kados mêndhung alêlampah, sang nata nuntên lêrêp wontên ing Ungaran.
Pangajênging bala sampun dumugi ing Lopait. Kala samantên Tuwan Komasaris kênol
wicantên dhatêng Amral. Amral, mêngko jam lima sore ayo padha seba marang sang
prabu, aku arêp nyênyuwun, mupung sêpi para bupati ana ing pondhoke dhewe-dhewe,
yèn ana Ki Dipati Samarang môngsa olèha. Amral anuruti, sarêng ing wanci jam gangsal
sontên kumasaris kalihan Amral sami sowan ing sang prabu, sang nata pinuju lênggah
piyambak. Komasaris alon matur, sinuhun, awit saking parentahipun jendral, kula akalihan
tiyang Kumpêni sadaya kinèn sumaos ing karsa dalêm, kaabêna prang, sanajan pêjaha
awor kalihan siti inggih botên gumingsir, nanging mugi wontêna sih kawêlasan dalêm,
amaringi uwos sèwu koyan ing sabên taun, dados saingonipun tiyang Kumpêni ingkang
rumêksa ing panjênêngan dalêm. Sintên [Sintê...]

--- 532 ---

[...n] malih ingkang kuwajiban sanèsipun panjênêngan dalêm, utawi ingkang dipun ajêng-
ajêng tiyang Kumpêni sadaya inggih amung kêkucah dalêm, sarta têtêpipun wontên ing
tanah Jawi. Sang nata botên mangsuli pangandika, amung manthuk kemawon. Amral
kalihan komasaris lajêng sami nyêrat pratôndha, kaaturakên sang prabu, sarta anyuwun
tôndha astanipun sang prabu, yèn sampun amarêngi ing panuwun wau, Amral kalihan
komasaris sampun mundur saking ngarsa dalêm. Sarêng dumugi pondhokipun lajêng
angungêlakên maryêm kaping pitu, angurmati yèn panuwunipun wau sampun angsal. Para
bupati sami kagèt, anarka wontên mêngsah, enggal sami sowan ing sang prabu, sang nata
inggih lajêng wêwartos dhatêng para bupati, Ki Dipati Sura Adimênggala sarêng mirêng
sangêt gêgêtun, sarwi matur anênutuh, punapaa panjênêngan dalêm wau botên animbali
kula, ing saupami kula wontêna,[6] panyuwunipun tuwan komasaris wau kados botên
angsal. Kalih dene panjênêngan-dalêm sumêrêpa, watêkipun tiyang Kumpêni punika
saklangkung naracak. Yèn angsal bancik lajêng minggah ing pundhak. Têgêsipun, bilih
dipun lêgani manahipun wêwah-wêwah ing pikajênganipun. Sang nata sangêt ngungun,
alon ênggènipun ngandika, puluh-puluh kapriye, ki besan, wong wis katrucut ingsun saguhi,
ing buri [bu...]

--- 533 ---

[...ri] bae ingsun ati-atine. Sang nata lajêng pirêmbagan bab pêrang, angandika dhatêng
Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sarèhning pawartaning mungsuh kang baris ana ing
Salahtiga ngluwihi akèhe, bitinge bangêt santosa, miranti sagêgamane, iku adhi, sapa
prayogane kang digawe cucuking prang. Panêmbahan matur, bilih amarêngi kalihan karsa
dalêm, anak kula pun Suradiningrat kemawon dadosa cucuking prang, akalihan pun
Jayapuspita, tiga pun Panji Surèngrana, ambêktaa bala Maduntên sarta bala Surabaya
pêpilihan kalih èwu kemawon, ingkang purun angrangsang biting, sang nata lajêng
ngandika dhatêng Radèn Suradiningrat, kalih Arya Jayapuspita, tiga Panji Surèngrana,
kulup Suradiningrat sarta Adi sakarone, sira padha ingsun karsakake dadi cucuking prang,
dene wêkas ingsun, yèn sakira sira kuwalahên angungsia marang ingsun, aja angamuk,
eman mênawa mati, sanajan sira matia barêng balaningsun, ingsun ora sumêja kèri mati
lan sanak ingsun kang padha asih marang ingsun. Priyantun tiga sarêng mirêng
pangandikanipun sang nata lajêng sami bêrbês mili, sarta sami pratignya, yèn botên sagêd
angrêbat biting, bingah sami pêjaha wontên samadyaning ranagana.[7] Sang prabu sarêng
mirêng enggal têdhak saking ênggènipun lênggah, priyantun têtiga sami karangkul gêntos-
gêntos, sarta [sar...]

--- 534 ---

[...ta] alon ngandika, wis, sira padha mangkata, ingsun dongakake salamêt. Priyantun
têtiga lajêng mangkat kalihan bala tigang èwu, gambira manahipun dhasar sami bèr ing
kuwanèn. Wondene sang prabu lajêng pirêmbagan kalihan para bupati tuwin para satriya,
mênggah ingkang dados karsanipun sang nata inggih saupami kawon prangipun, botên
karsa pradandosana malih, sumêdya seda wontên ing adilaga, para bupati tuwin satriya
inggih sampun sami gilig pirêmbagipun, sabiyantu sarênga pêjah, sang prabu nuntên
parentah anata lampahing bala, ingkang minôngka pamugarining[8] prang panêmbahan
kalihan Ki Dipati Jangrana, sarêng sampun karakit nuntên bidhal. Ingkang dados panjawat
kiwa têngên Ki Dipati Jangrana kalihan panêmbahan. Ingkang dados dhadha bala Kumpêni,
sang nata wontên wingkingipun bala Kumpêni, sarta rinêksa bala Maduntên kalih èwu
wontên sakiwatêngênipun sang nata, bala pasisir lumampah ing wingking gumuruh
swaraning bala awor têtabuhaning prang, samargi sami surak-surak.

Gêntos kacariyos Ki Patih Sumabrata lan sakancanipun para bupati, ingkang sami bêbarisan
wontên ing Kalicacing, sampun mirêng pawartos yèn gêgaman ing Samawis sampun bidhal,
kathahipun tanpa wilangan, sumêja ambêdhah ing Kartasura, ki patih nuntên parentah
anata [ana...]

--- 535 ---

[...ta] bala sarta anata maryêm, lela, kalataka sapanunggilanipun, dipun papanakên
wontên ing balowartining biting, ki patih sumêdya mêthuk prang saking salêbêting biting
kemawon. Kancanipun para bupati sami kapundhut prasêtyanipun, supados sampun
wontên kang ngucira pêrangipun. Bilih wontên ingkang galigab badhe kapêjahan piyambak
dhatêng ki patih, para bupati inggih lajêng sami sumaur pêksi, sarta sami jangji êndhog
sapatarangan, sarênga pêjahipun. Ki patih nuntên parentah dhatêng Ki Banyakwidhe kalih
Pangeran Balitar, kinèn dados pacalang lan sabalanipun. Ingkang kadhawahan inggih lajêng
mangkat sarta sami angatos-atos.
Botên dangu bala Maduntên sarta Surabaya dhatêng, lajêng campuh prang, bala ing
Kartasura sami gila aningali tandange mêngsahipun, nuntên lumajêng angungsi ing biting,
bala Maduntên ambujêng, biting ing Kalicacing sampun katingal, kathahing bala tanpa
wilangan, anggamêng mindha mêndhung, angêbêki ara-ara sakiwatêngêning biting, Arya
Jayapuspita sarêng aningali kathahing mêngsah saklangkung eram sarta gèdhèg-gèdhèg.
Alon ênggènipun wicantên dhatêng balanipun. E bocah ing Surabaya sarta wong Madura,
dialon ênggonmu lumaku, wong têlung èwu iki dudu bobote amungsuh

--- 536 ---

wong samana, mêsthi bakal ora dadi salilid. Bêcik angêntèni bala Kumpêni ing buri. Panji
Surèngrana amangsuli, kakang Jayapuspita, sampun kêkathahên pikir, mêngsah kang
katingal punika inggih sayêktos yèn anglangkungi kathah, nanging bilih kula timbang
kalihan sihipun sang prabu dhatêng kula taksih kirang mêngsah. Arya Jayapuspita kalihan
Radèn Suradiningrat mèsêm, lajêng sami nêrêgakên bala, gumulung sarta surak. Bala ing
Kartasura anadhahi sarta sami nyumêt maryêm ingkang sami wontên ing biting tuwin
sanjata botên kèndêl. Bala Madura tuwin Surabaya kathah kang pêjah kenging mimis.
Rêbah pating sulayah, nanging dèn idak kemawon, majêng anurut kukus. Sang prabu
sarêng mirêng swaraning sanjata, ambal-ambalan kados rêdi rêbah, lajêng ginêlak
lampahipun. Sang nata sarêng aningali bala Madura tuwin Surabaya kangelan sangêt
ênggènipun angrêbat biting, sabab katulak dêrêsing mimis. Sang nata enggal nyandhak
agêmanipun waos Kyai Plèrèd, pinandhi ing asta, sumêja tumut angrampit biting. Bala
Madura kalih èwu kang sami rumêksa sakiwatêngênipun sang prabu, sarêng aningali sang
nata sumêja nyalirani ngrêbat biting, enggal sami majêng anglancangi sarwi surak, tumut
angrangsang biting. Panji Surèngrana, kalih Arya Jayapuspita, tiga Radèn Suradiningrat
[Su...]

--- 537 ---

[...radiningrat] sarêng aningali balanipun kathah kang tatu tuwin pêjah botên sagêd
malês. Priyantun têtiga enggal sami têdhak saking kuda, ngrumiyini tumèmpèl ing biting,
balanipun enggal sami ngrangsang biting, sami anjat lawung, yèn sinawang kados sompil
ngrubung watu, bala Kartasura sakeca ênggènipun nadhahi saking sanginggiling biting,
maryêm tuwin sanjatanipun botên kêndhak-kêndhak, swaranipun kados rêdi rêbah,
angobahakên bantala, ing paprangan pêtêng dening kukus. Dangu-dangu bala Madura tuwin
Surabaya sampun sami lumêbêt ing biting, tandangipun lir sami[9] angrêbat daging, bala
Kartasura panggah, pêjah sanjata, atarung waos, pêdhang tuwin dhuwung, pating barêkuh
swaranipun, awor sêsambatipun ingkang sami tatu, kumêncranging pêdhang, cêklèking
watang, arame prangipun, wangke tumpang-tinumpang, kang pêrang sami ngidak
bêbathang, priyantun têtiga wau sami liwung pangamukipun. Sariranipun kuthah rah, bala
kumpêni sami ngarutug ing sanjata tuwin maryêm. Mêngsah kang wontên sakiwatêngêning
biting kathah kang pêjah, kenging mimisipun bala Kumpêni. Panêmbahan Cakraningrat
ingkang dados panjawat kalihan Ki Dipati Jangrana inggih pêrang kalihan bala Kartasura
kang dados panjawat, arame prangipun kathah kang sami pêjah, Ki Patih Sumabrata
sadangunipun sakeca lênggah sarta pinayungan. [pinayung...]

--- 538 ---

[...an.] Sarêng sumêrêp yèn bitingipun sampun kalêbêtan bala Maduntên, ki patih enggal
ngadêg sarwi nêrêgakên bala, bala Kartasura ambyuk sarêng mangsah, kang aprang bangun
rukêt malih. Kacariyos bala ing Surabaya sarta Madura ewon kang sami pêjah, bala ing
Kartasura inggih ewon ugi, sabab sami purunipun. Anuntên bala Kartasura kang dados
panjawat dhadhal, lumajêng sadaya, panêmbahan sabalanipun sumêja nangkêbi mêngsah
kang wontên ing biting, Ki Patih Sumabrata awas aningali yèn barisipun linikung, ki patih
enggal nyengklak kuda, lumajêng atilar bala, bala ing Kartasura kang taksih gêsang inggih
lajêng nututi lumajêng sapurug-purug pating balêsar, bala ing Pakubuwanan suka sami
bêbandhang.

Palajêngipun Ki Patih Sumabrata sampun dumugi ing Bayalali, kang baris ing ngriku para
santana têtindhihipun Pangeran Arya Mataram. Punika kang sagah nanggulang prangipun
Susuhunan Pakubuwana, mila sangêt dèn ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas. Bilih
mênang prangipun kaêbang badhe kapasrahan bang-bang pangalum-alum ing tanah Jawi
sadaya sarta lêlênggah sabin salêksa, kala samantên pangeran sawêg sakeca lênggah,
kagèt aningali Ki Sumabrata dhatêng abiyas ulatipun. Pangeran gugup ênggènipun pitakèn.
Ki Sumabrata sanjang yèn kawon prangipun sarta giris aningali

--- 539 ---

tandangipun bala Madura ênggènipun ngrangsang biting kados rewônda, tan mundur dening
mimis, pêpêjahipun ewon. Anuntên têlikipun Pangeran Arya Mataram dhatêng, aturipun
sami ugi kalihan Ki Sumabrata, kalih dene aturing têlik, yèn sang nata samangke makuwon
ing Salahtiga, balanipun warni-warni tanpa wilangan, angêbêki ara-ara tuwin patêgilan.
Sang nata wau sampun rêmbag sabiyantu kalihan balanipun sadaya, yèn saupami katèmpêr
prangipun botên karsa mundur apradangdosan malih, sumêja têtumpêsan wontên ing
paprangan, dalasan ingkang para garwa inggih sumêja bela pêjah. Pangeran Arya Mataram
sarêng mirêng angênês manahipun sarta aclum ulatipun. Ki Sumabrata sampun mangkat
mantuk dhatêng Kartasura. Pangeran lajêng apikir salêbêting galih, aku iki bakal mungsuh
lan sadulur, kang dakiloni kaponakan, mungguh ing tindake cêdhak sadulur, angur aku
gawea bêbêcik dhingin marang kakang prabu. Pangeran nuntên anglampahakên utusan
dhatêng Salahtiga, abdinipun anama Wôngsamênggala kinèn angaturakên prasêtyanipun,
sarta kathah-kathah wêwêlingipun. Ki Wôngsamênggala sampun mangkat.

Gêntos kacariyos sang nata ingkang makuwon ing Salahtiga, sawêg sineba ing balanipun.
Sang nata

--- 540 ---

andangu pratingkahing prang kala angrêbat biting, Arya Jayapuspita, kalih Radèn
Suradiningrat, tiga Panji Surèngrana sami matur ing kawitan dumugi wêkasan. Sang nata
sarêng mirêng saklangkung suka, priyantun tiga lajêng sami ginanjar busana nyapêngadêg,
mawi waos tuwin dhuwung sasaput prantinipun. Sarta botên kèndêl-kèndêl
panggunggungipun dhatêng priyantun têtiga wau. Anuntên Panêmbahan Cakraningrat
matur yèn wontên utusanipun Pangeran Arya Mataram. Utusan sampun tinimbalan sarta
matur, kawula ingutus rayi dalêm Pangeran Arya Mataram, angaturakên ingkang pêjah
gêsang, anungkul ing panjênêngan dalêm, nanging mawia samudana pêrang sakêdhap.
Wondene padhange ing margi rayi dalêm ingkang anyagahi, sarta badhe angesahakên
Sunan Mangkurat Mas saking kadhaton. Sang nata amangsuli, yèn mêngkono dhimas wis ora
sida ênggone bakal angayoni marang ingsun. Sira tutura marang adhi mas, mungguh
ênggone têluk ya wis ingsun tarima, wis sira muliha. Utusan nuntên wangsul dhatêng
Bayalali agêgancangan. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi
wêkasan. Pangeran Arya Mataram saklangkung suka galihipun. Lajêng parentah anata bala,
badhe amêthuk prang, balanipun para santana sampun sami angatos-atos. Saking
kathahing [kathah...]
--- 541 ---

[...ing] bala saking Bayalali barisipun ngantos dumugi ing Kênthèng.

Wondene Susunan Pakubuwana inggih sampun bidhal saking Salahtiga sabalanipun. Ingkang
dados panganjur taksih bala Madura lan Surabaya, samargi-margi tansah surak-surak,
Carabalènipun angungkung, awor swaraning tambur, lampahipun sampun dumugi
Kênthèng, bala Madura sarêng aningali mêngsah enggal sami nêmpuh purun, angrêbat
mêngsah, bala ing Kartasura gila ningali, senapatinipun sampun ngrumiyini lumajêng,
balanipun inggih nuntên nututi lumajêng, gumarubyug salang tunjang, swaranipun kados
ngobahakên siti, gêgaman tuwin dandosan kathah-kathah kang tinilar, bala Madura sarta
Surabaya suka sami ambêbandhang. Palajêngipun Pangeran Arya Mataram sampun dumugi
ing Asêm. Dene kang baris ing ngriku Ki Tumênggung Wiraguna sarta para bupati lêbêt
sadaya, sami abêbiting wontên ing ngriku, sabab karsanipun Sunan Mangkurat Mas badhe
amêthuk prang wontên ing Asêm. Sampun gêganjar dhatêng prajuritipun, tuwin abdinipun
kala taksih kadipatèn inggih sampun sami dipun ganjar ing arta tuwin busana kang adi-adi,
rajabrana ing kadhaton winutahakên dhatêng abdi, sarta sampun sami baris wontên ing
alun-alun, sami angajêng-ajêng unggule prangipun Pangeran [Pa...]

--- 542 ---

[...ngeran] Arya Mataram, sabab punika ingkang dados andêl-andêlipun Sunan Mangkurat
Mas. Botên wontên kang nyana yèn ambalenjani. Pangeran Arya Mataram wau sarêng
dhatêng wontên ing Asêm lajêng wicantên sêru dhatêng tiyang kathah taksih numpak
kapal. He wong Kartasura kabèh, dikêbat padha lumayua, aku wis ora kuwawa amungsuh
wong Kumpêni sarta wong Madura, gustimu ora wurung bakal kendhang, kang ngiringake
sapa. Ki Tumênggung Wiraguna lan bala kang sami baris ing Asêm lajêng sami dhadhal
lumajêng sadaya, wondene Pangeran Arya Mataram wau inggih sampun dumugi ing
kadhaton, kêpanggih kalihan sang prabu, atêbah jaja sarwi nyêgut,[10] sêru ênggènipun
matur, anak prabu, pun bapa katiwasan, ênggèn kula prang kawon, sabab amêngsah dede
sêsanggan. Bala sampeyan kathah kang pêjah, kula yèn sampuna èngêt atilar sampeyan
kados inggih anêmahi pêjah, sabab mêngsah kula ewon kathahipun. Sasolahipun kados
tiyang potang kasêngitan. Dene paman jêngandika Kangmas Pugêr inggih sampun supe ing
sadulur, kalimput ing kawibawan. Wondene parentahipun Cakraningrat kalihan pun
Jangrana mêngkatên dhatêng balanipun. Hèh bocah Madura lan Surabaya, samangsane sira
olèh anyêkêl para santana ing Kartasura, aja ana koprajaya, [kopra...]

--- 543 ---

[...jaya,] padha wudanana bae, banjur tunggangêna kêbo bari mungkur, pêcutana saka
buri, dene ratune yèn kacandhak ya banjur wudanana mêngkono, pandugi kula
panganjuring mêngsah sadintên punika dhatêng wontên ing ngriki, mila suwawi nuntên
enggal kendhang, arêbat gêsang, pintên banggi ing benjing yèn sagêd wangsul dhatêng
Kartasura malih, samangke sokugi taksih agêsang, kula ingkang rumêksa ing wingking
sampeyan, dados kawaling prang. Susuhunan Mangkurat Mas sarêng mirêng atur makatên
sangêt kagegeran galihipun. Lajêng parentah dhatêng para garwa tuwin para putra kinèn
sami pradandosan. Otêr tiyang sakadhaton sami nangis pating jalêrit. Sunan Mangkurat Mas
inggih tansah anênggak waspa, nuntên mêdal saking kadhaton sagarwaputranipun. Para
bupati mantri inggih sami andhèrèk ingkang sami trêsna, kala jêngkaripun Sunan
Mangkurat Mas, ing dintên Kêmis tanggal ping 7 wulan Jumadilakir, taun Jimawal ôngka
1629. Lampahipun Sunan Mangkurat Mas ngetan lêrês mêdal ing Lawiyan, sumêja anjog ing
Kaduwang, wondene Pangeran Arya Mataram, kalih Pangeran Panular, tiga Pangeran
Natakusuma mikantun, botên tumut kendhang, lajêng sami dhatêng Kalitan, sumêja
mêthuk ing Sunan Pakubuwana sarta ambêkta sasêgah kathah.

--- 544 ---

Gêntos kacariyos Susuhunan Pakubuwana amasanggrahan ing Mojolêgi, balanipun tiyang


Madura utawi tiyang Surabaya samargi-margi tansah angrêrayah ambêboyong, cucuking
pêrang sampun dumugi ing Kalitan. Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga
Tuwan Amral Sêpilman, sampun ngrumiyini dhatêng ing Kalitan, kêpanggih kalihan
pangeran têtiga wau, sampun sami tata lênggah, Amral pitakèn dhatêng pangeran têtiga,
pangeran, Sunan Mangkurat Mas samangke wontên pundi, Pangeran Arya Mataram
mangsuli, nyariyosakên ing kawitan dumugi wêkasan. Tuwan Amral saklangkung suka
manahipun. Amral sarta para bupati lan sabalanipun sampun sami dhahar sêsêgahipun
pangeran tiga, wradin sarta tuwuk sadaya. Amral tuwin panêmbahan sarta para bupati
sabalanipun nuntên bidhal, sumêja dhatêng kadhaton. Bala Madura tuwin Surabaya lajêng
sami anjêjarah ambêboyong sajawining kadhaton têlas. Kathah solahipun ênggènipun sami
suka-suka bala kang mênang prang, Amral sadhatêngipun ing alun-alun eram aningali
maryêm agêng-agêng, dene botên kadamêl mêthuk prang, Amral lajêng minggah ing
sitinggil sumêja lumêbêt ing kadhaton, nanging kori brajanala kinunci, Amral sarta para
bupati ajrih mêngakakên, [mêngakakê...]

--- 545 ---

[...n,] nuntên sami wangsul dhatêng pagêlaran. Amral wicantên dhatêng panêmbahan.
Panêmbahan, sampeyan kantun wontên ing ngriki, sarta para bupati kadhawahana nata
balanipun ngapit-apit margi, kula badhe wangsul amêthuk sang nata. Amral nuntên
mangkat. Panêmbahan enggal marentahi ing para bupati, balanipun kinèn sami baris
ngapit-apit margi.

Kacariyos Susuhunan Pakubuwana sampun bidhal saking ing Mojolêgi, anitih dipôngga,
pinêlanan asri, dipôngga wau ênggènipun atur-atur raja ing Siyêm dhatêng Sunan
Mangkurat Mas. Sarêng dumugi ing Samawis dipun anggrak dhatêng Ki Dipati Sura
Adimênggala, dipôngga dèn aturakên ing Susuhunan Pakubuwana. Lampahipun sang nata
sampun dumugi ing Asêm. Kêpêthuk kalihan Amral, Amral matur, yèn pura kêpanggih sêpi,
sang nata ingaturan lajêng angadhaton. Sang prabu saklangkung suka lajêng ing
lampahipun. Sarawuhipun ing alun-alun bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat
ngungêlakên sanjata tuwin maryêm ambal-ambalan. Tambur salomprèt sarta gamêlan
gumuruh swaranipun. Sang nata lajêng minggah ing sitinggil, kandhêg wontên ing kori
gapit. Kuncining kori sampun katatas dhatêng Amral. Sang nata lajêng angadhaton
saputragarwanipun. Kala ngadhatonipun Susuhunan Pakubuwana [Pa...]

--- 546 ---

[...kubuwana] gêntos dintên kemawon kalihan jêngkaripun Sunan Mangkurat Mas.


Wondene para bupati sabalanipun inggih lajêng sami amangsuli pagriyanipun lami,
Susuhunan Pakubuwana wau lastantun ênggènipun jumênêng nata wontên ing Kartasura.

Gêntos kacariyos Pangeran Ngabèi, kala kendhangipun Sunan Mangkurat Mas sagah dhèrèk,
angkatipun sarêng, nanging lajêng nyimpang angili dhatêng dhusun ing Wêdhi
sagarwaputranipun. Sarêng mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun ngadhaton nagari
ing Kartasura, Pangeran Ngabèi wau nuntên sowan ing Kartasura sagarwaputranipun. Kalih-
kalihipun saklangkung bingah, sabab botên nyana yèn taksih sami gêsang.
Amangsuli cariyosipun Sinuhun Pakubuwana kala mangkat saking Samawis, putranipun jalêr
katilar wontên ing ngriku satunggil sabalanipun sarta ibunipun ingkang garwa sang prabu,
putra wau andêling prang, anama Pangeran Prangwadana, sakalangkung têguh sarta
digdaya, milanipun tinilar saking panyuwunipun tiyang Wêlandi, ing samangsanipun sang
prabu sampun unggul prangipun, angadhaton ing Kartasura, putra wau katimbalana, kala
samantên sang pangeran mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun mênang prangipun,
sampun ngadhaton ing Kartasura, nanging dilalah sang prabu kasupèn, botên utusan
[utu...]

--- 547 ---

[...san] nimbali dhatêng ingkang putra ngantos antawis lami, sang pangeran wau lajêng
pradandosan sarta ingkang ibu, sumêja bidhal dhatêng ing Kartasura, Alpèrès tiyang
Wêlandi ingkang jagi ing Samawis anggêgendholi, sang pangeran kaaturan sumêne,
angêntosana utusanipun ingkang rama, sang pangeran inggih piturut.[11] Kacariyos ing
sabên-sabên pangeran sumêja bidhal, Alpèrès tansah matur anggêgendholi makatên.
Pinuju satunggaling dintên sang pangeran sampun pradandosan. Alpèrès tiyang Wêlandi
matur anggêgendholi, Pangeran Prangwadana sampun kakên galihipun, dhasar watakipun
panasbaranan. Alpèrès wau lajêng pinarjaya, jaja têrus ing gigir lajêng pêjah, sang
pangeran nuntên bidhal sabalanipun sarta ingkang ibu, nanging botên karsa kondur
dhatêng Kartasura, sabab ajrih dhatêng ingkang rama, nglalu ing galihipun, têmah lajêng
marang ing Kêdhu, kèndêl ing dhusun Kabakalan, siti dhusun kagunganipun ingkang rama
kala kapugêranipun. Wontên ing ngriku Pangeran Prangwadana angayuti têtiyang siti
dhusun. Pangeran sumêja ngraman. Sampun kathah balanipun wêtawis gangsal èwu.
Anuntên Tuwan Amral ngaturi uninga ing sang nata, yèn ingkang putra amêjahi Alpèrès
Wêlandi, lajêng apacak baris wontên ing Kêdhu, sang prabu sarêng mirêng atur makatên,
sangêt lingsêmipun [lingsê...]

--- 548 ---

[...mipun] dhatêng tiyang Wêlandi, têmah duka dhatêng ingkang putra, lajêng parentah
dhatêng Ki Dipati Sujanapura, kinèn marang Kêdhu angipuki ingkang putra. Sang nata
parentah malih dhatêng panêmbahan sarta Dipati Jangrana, kinèn êmbujêng ing Sunan
Mangkurat Mas. Ingkang sami kadhawahan nuntên mangkat.

Wondene lampahipun Dipati Sujanapura sampun dumugi ing Kêdhu, Pangeran Prangwadana
sampun kenging dèn bujuk, binêkta dhatêng ing Kartasura, lajêng dipun sedani amargi
linawe jangganipun. Ingkang ibu kêdah bela, inggih sampun pêjah linawe. Wondene
lampahipun panêmbahan kang sumêja bêbujung Sunan Mangkurat Mas, sampun ngancik ing
dhusun Kabangkekan. Sunan kendhang wontên ing Laroh, sarêng sumêrêp yèn dèn
bêbujung dhatêng tiyang Maduntên, Sunan Mangkurat Mas enggal mangkat saking Laroh,
lumajêng mangetan anjog ing Kaduwang, para bupati tuwin para mantrinipun kathah kang
nungkul dhatêng panêmbahan. Kêdhik kang taksih dhèrèk ing Sunan Mangkurat Mas.
Panêmbahan Cakraningrat sabalanipun sampun wangsul dhatêng ing Kartasura.

Kala samantên nagari ing Kartasura sampun têntrêm, tiyang alit sami sakeca manahipun.
Awit sang prabu ajêg parentahipun sarta asih ing bala, balanipun inggih ajrih asih, Tuwan
Amral sampun kalilan mantuk dhatêng Samawis sakumpêninipun, sarta Ki Dipati [Dipa...]

--- 549 ---


[...ti] Sura Adimênggala kinèn anjagèni Kumpêni ing Samawis. Wondene ingkang taksih
kantun wontên ing Kartasura Tuwan Kumasaris Kênol kalihan Kumpêni kalih atus, rumêksa
ing sang prabu, têtindhihipun kapitan satunggil.

Ing dintên Rêspati sang nata miyos sinewaka, para bupati, mantri, santana, putra sampun
pêpak sadaya, sang nata andangu panggenaning mêngsah, Panêmbahan Cakraningrat
matur, putra dalêm Sunan Mangkurat Mas lumajêng dhatêng tanah Kaduwang, mantri
bupatinipun kathah kang sami nungkul ing panjênêngan dalêm, amung kantun Ki Patih
Sumabrata, kalih Mandurarêja, tiga Wiraguna, sakawan Mangunnagara, gangsal Arya Tiron
sabalanipun. Amung punika kang taksih atut wingking ing putra dalêm. Sang nata
angandika dhatêng Ki Dipati Cakrajaya, Cakrajaya, sakèhe bupati mantri têtêlukan padha
lungsurana kalungguhane, amung Ki Tumênggung Mangkuyuda, karo Natayuda, têlu Si
Sindurêja, papat Si paman Natakusuma isiha padha dadi bupati, dene adhi mas Arya
Mataram lan adhi mas Arya Panular mingsiha têtêp kaya dene panjênêngane kakang prabu
suwargi, kadene Si Wiracana sun gawe wadana gêdhong sisiha Si Citrasoma, putraningsun
Pangeran Dipati Anom sun paringi lêlungguh bumi limang èwu karya, Ki Dipati Purbaya lan
Ki Dipati Balitar nêlung èwu, [è...]

--- 550 ---

[...wu,] Pangeran Ngabèi rong èwu, Ki Dipanagara sarta Ki Upasônta sun paringi lêlungguh
nyèwu karya. Ki Patih Cakrajaya matur sandika, sang nata kondur angadhaton.

Kawuwusa Sunan Mangkurat Mas sampun utusan mundhut bantu dhatêng Surapati ing
Pasuruan. Surapati inggih enggal ambantoni wêtawis tiyang kalih èwu, ingkang dados
têtindhih pêpatihipun kêkalih, anama Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul. Sampun kêpanggih
kalihan Sunan Kendhang wontên ing Kaduwang, patih ing Pasuruan lajêng nyuwun pamit
sumêja bêdhah ing Kartasura, Sunan Kendhang inggih anglilani, patih ing Pasuruan
sabalanipun lajêng mangilèn. Samargi-margi tansah ngrêrayah, kèndêl masanggrahan ing
dhusun Ngêluyu, ajêng-ajêngan kalihan bala Madura ing Kartasura. Wondene Sunan
Kendhang wau lajêng dhatêng ing Pranaraga, samargi-margi tansah sih-sinihan kalihan
para sêliripun, kathahipun kawan dasa wolu, èstri sanèsipun inggih kathah kang sami
binêkta kendhang. Sarawuhipun ing Pranaragi amasanggrahan ing dalêmipun Radèn
Martawôngsa bupati ing Pranaragi, wontên ing ngriku anggung cangkrama ing wana lan ing
toya lan para garwanipun, botên wontên môntra-môntra yèn kendhang, lajêng amundhut
garogolan kidang mênjangan. Radèn Martawôngsa inggih sampun [sampu...]

--- 551 ---

[...n] anyawisi, Sunan Kendhang lajêng têdhak dhatêng grogolan kalihan para garwanipun.
Nuntên munggah ing pêpanggungan. Sunan Kendhang sangêt suka ing galihipun aningali
sangsam kathah, enggal mênthang langkap, jêmparing lumêpas, sangsam satunggil
kacundhuk ing jêmparing, ambrak[12] kapisanan. Radèn Martawôngsa enggal lumêbêt ing
grogolan sarta bêkta rencang sawêtawis. Sêdyanipun Radèn Martawôngsa sangsam wau
kapêndhêt badhe kinèn nyêmbêlèh ing kaum. Sunan Kendhang sarêng aningali saklangkung
dukanipun, kagalih angrêsahi ênggènipun kalangênan. Lajêng parentah dhatêng balanipun
babêgtan saking Kartasura kinèn nyêpêng ing Radèn Martawôngsa, inggih sampun
cinêpêng, binêkta dhatêng ngajêngan, lajêng dipun kabiri, Radèn Martawôngsa aniba tan
emut, nuntên tinilar kondur masanggrahan. Radèn Martawôngsa lajêng rinômpa tinangisan
dhatêng para santananipun sarta sami wêlas, dene sapele dosanipun. Sawênèh wicantên.
Sanak-sanakku kabèh, ayo padha angamuk marang Sunan Kendhang mêngko bêngi, sabab
iku ratu dajalanat. Suprandene ing Kartasura wis ana kang jumênêng nata, sabar lila ing
donya, asih ing bala. Para santananipun Radèn Martawôngsa sampun sami gilig ing rêmbag,
tuwin sakathahe bala ing Pranaragi inggih sampun sami kêklêmpakan wontên ing wana,
angrakit

--- 552 ---

gêgamaning prang. Anuntên Ki Patih Sumabrata sumêrêp ing prakawis wau, enggal matur
ing gustinipun. Sunan Kendhang saklangkung gugup galihipun, lajêng bidhal saking
Pranaragi wanci dalu, lampahipun kasêsa pating bacècèr, sumêja ngili dhatêng Madiun,
têtiyang Pranaragi nuntên sami nututi, kang kacandhak pinêjahan lajêng prang wontên ing
wana Gagêlang, bala Kasunanan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng dhatêng ing
Madiun.

Wondene Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul kang sami baris ing Luyu wau, inggih sampun campuh
prang kalihan bala ing Kartasura, bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kathahên
mêngsah. Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul nuntên lumajêng sabalanipun, anjog ing Jagaraga,
lajêng dhatêng Madiun. Bala ing Kartasura ambujêng ngantos dumugi Madiun. Ngabèi Lor
lan Ngabèi Kidul sampun kumpul kalihan Sunan Kendhang, nuntên sami lumajêng dhatêng
nagari Daha, dene bala ing Pranaraga inggih sampun kumpul kalihan bala ing Kartasura,
sami pacak baris wontên ing Madiun.

Kacariyos sang prabu ing Kartasura tampi sêrat saking gurnadur jendral ing Batawi,
suraosing sêrat, sang nata dipun aturi andhawahna parentah, ambêbujung sapurugipun
Sunan Kendhang, sarta ambêdhaha nagari Pasuruan, anumpês Surapati lan
saanakputunipun. [saana...]

--- 553 ---

[...kputunipun.] Tuwan jendral inggih anyawisi bala Kumpêni wolung atus. Ingkang badhe
dados têtindhih Komasaris Kênol. Sang nata kapanujon ing galih, lajêng parentah dhatêng
Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sira ngluruga marang Pasuruan, sarta Si Jangrana,
bupati pasisir kiwa têngên sira gawaa kabèh, anjujuga ing Surabaya, banjur kumpula lan si
komisaris sarta bala Kumpêni ana ing kono. Sang nata ngandika malih dhatêng Pangeran
Dipati Purbaya, kulup Purbaya, sira milua nglurug, bala ing Kartasura sira gawaa saparo,
mêtua ing Pranaraga, saanane wong môncanagara gawanên kabèh, kang mingsih bôngga
ngidhêp ing Sunan Kendhang gitikên ing prang. Ingkang sami dhinawuhan matur sandika,
panêmbahan sampun prajangjean kalihan Pangeran Purbaya, benjing patêmpuhing prang
botên tulung-tinulungan, anuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu
apradandosan.

Sarêng sampun samêkta lajêng sami bidhal saking ing Kartasura, Pangeran Dipati Purbaya
ngidul ngetan mêdal Kaduwang anjog Pranaragi, panêmbahan sarta Dipati Jangrana mêdal
ing Samawis, lajêng nurut pasisir, anjog ing Surabaya, wontên ing ngriku sampun kumpul
kalihan Komasaris Kênol tuwin bala Kumpêni wolung atus, lajêng sami bidhal nêja dhatêng
Pasuruan. Kathahing

--- 554 ---

bala tanpa wilangan. Kala samantên sinêngkalan 1630.

Kawuwusa Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sampun mirêng pawartos yèn dipun
lurugi bala Jawi sarta Kumpêni, kathahipun tanpa wilangan. Ki tumênggung saklangkung
suka manahipun, lajêng bidhal lan sabalanipun wêtawis salêksa, sumêja mêthukakên
mêngsah dhatêng Bangil. Sadhatêngipun ing ngriku anata barisipun sarta sami angatos-
atos. Panêmbahan sarta bala Kumpêni inggih sampun dhatêng ing Bangil, ajêng-ajêngan
kalihan bala ing Pasuruan. Komasaris sarêng aningali Surapati mêthuk prang, sangêt suka
manahipun, enggal anata Kumpêninipun dados dhadha, panêmbahan sarta Ki Jangrana
dados panjawat kiwa têngên. Lajêng têmpuh prang rame, bala Kumpêni tuwin bala Madura
sarta pasisir kathah kang pêjah, bala Pasuruan inggih kathah kang pêjah, bangke
ambêlasah wontên kang tumpang-tinumpang, saklangkung rame prangipun. Bala Madura
atusan kang pêjah, bala Kumpêni wolung atus wau kathah kang pêjah lan ingkang taksih
gêsang, amung bala Surabaya sakêdhik ingkang pêjah, tuwan komasaris sarêng aningali
prangipun Dipati Surabaya, lajêng angyêktosi ing batos, kakintên ênggènipun prang
gêgorohan kemawon. Anuntên kasaput ing dalu, ingkang [ing...]

--- 555 ---

[...kang] prang sapih sami mundur, bala Kumpêni sarta tiyang Madura ngênês manahipun.
Surapati lan sabalanipun inggih sami giris manahipun. Sabab balanipun salêksa wau
wêtawisipun ingkang taksih gêsang amung kawan èwu, Surapati mundur alon-alonan anitih
kuda wasta pun Pakèling, ginarêbyêg ing bala, tiyang Kumpêni amariyêmi saking
katêbihan. Kala samantên Surapati katiban mimis kancana walikatipun kiwa, agênging
mimis sajêruk lêgi, Sang Dipati Wiranagara jumbul, botên pasah, nanging karaos sakit.
Dipati Wiranagara sangêt nêpsu, angingêr kuda sumêja ngamuk malih, balanipun sami
anggêgendholi, sabab sampun wanci dalu, benjing-enjing siyang kemawon ingaturan magut
prang malih, sing[13] dipati inggih miturut nuntên mundur dhatêng kithanipun. Wondene
tuwan komasaris sakumpêninipun lajêng mantuk dhatêng ing Samawis. Panêmbahan sarta
para bupati sabalanipun mantuk dhatêng Kartasura, panêmbahan wau sampun
anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Pangeran Dipati Purbaya amratelakakên
yèn kawon prangipun, tiyang Kumpêni tuwin tiyang Madura kathah kang pêjah, Pangeran
Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura, sampun ngantos lajêng dhatêng Pasuruan.
Utusan enggal mangkat.

--- 556 ---

Kacariyos Pangeran Purbaya abaris ing dhusun Gêlathik talatah ing Kadhiri, ajêng-ajêngan
kalihan balanipun Sunan Kendhang, têtidhihipun anama Tumênggung Katawêngan ing
Kadhiri, Pangeran Purbaya wau tampi dhawuhipun sang prabu ing Kartasura, kinèn bujuki
Tumênggung Sumabrata, Pangeran Purbaya inggih sampun anglampahakên utusan sarta
mawi sêrat dhatêng Ki Sumabrata kang sawêg dhèrèk Sunan Kendhang wontên ing kitha
Kadhiri, utusan inggih sampun kêpanggih sarta nyukakakên sêrat. Ki Sumabrata enggal
amaos sêrat, suraosipun, Ki Sumabrata, jêngandika tinimbalan rama prabu dhatêng
Kartasura, kangjêng rama karsa amalês kasaenan dika, sabab kalanipun kangjêng rama
binêthekan rumiyin amargi saking atur dika dhatêng Sunan Mangkurat. Wontên pabêthekan
ngriku kangjêng rama sangêt ênggènipun nyênyuwun ing Gusti Allah, supados jumênênga
nata, ing mangke sampun kalampahan jumênêng nata, mila kangjêng rama wau sumêja
malês ing sih andika, akathah-kathah pangipuk kang mungêl ing sêrat wau. Ki Sumabrata
sasampuning maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Nuntên akèn pradandosan dhatêng
anak bojonipun. Sarêng wanci dalu Ki Sumabrata lolos saking ing kitha Kadhiri, anilar
gustinipun, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Purbaya, nuntên kinèn lajêng
dhatêng [dha...]

--- 557 ---


[...têng] ing Kartasura sarta binêktanan mantri ingkang rumêksa ing margi, sadhatêngipun
ing Kartasura anjujug ing Ki Patih Cakrajaya, lajêng dèn irid sowan ing sang prabu, Ki
Sumabrata wau sampun katêtêpakên dados bupati ing nagari Kartasura.

Wondene Pangeran Dipati Purbaya inggih lajêng campuh prang kalihan Tumênggung
Katawêngan. Balanipun Ki Tumênggung Katawêngan kathah kang pêjah, nuntên lumajêng
dhatêng kitha Kadhiri, Sunan Kendhang sangêt giris manahipun, enggal lumajêng ngidul
ngetan. Pangeran Purbaya sumêja anglud palajêngipun Sunan Kendhang, nuntên kêpêthuk
utusanipun Panêmbahan Cakraningrat, amratelakakên yèn gènipun prang kalihan Surapati
kawon. Pangeran Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura. Pangeran Purbaya sarêng
sampun tampi pratela makatên, inggih nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura
sabalanipun.

Gêntos kacariyos Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan. Saunduripun saking prang


walikatipun kadhawahan mimis maryêm, andadosakên sakitipun sangêt, botên sagêd ebah,
sang dipati nuntên mamêling dhatêng para putra tuwin para santananipun. Anak-anakku
kabèh utawa sanak-sanakku, besuk yèn aku tinêkakake ing jangji, jisimku pêndhêmên
ratanên bae, aja kodokoki maejan utawi kêkijang,[14] kang

--- 558 ---

supaya wong Walônda aja kongsi sumurup marang ing kuburku, karo dene wêkasku, ing
saturun-turunku besuk aja ana kang têpung bêcik lan wong Walônda, ing samangsane ana
kang têpung bêcik lan wong Walônda kênaa ing supataku aja nêmu slamêt. Ki Tumênggung
Wiranagara wau ênggènipun sakit antawis pitung dintên, lajêng pêjah, layon sampun
binêrsihan, nuntên pinêtak kados wêwêlingipun wau, sanginggiling pakuburan mawi
dinekekan têtanêman, supados sampun ngantos katawis yèn pakuburan. Ing sapêjahipun Ki
Tumênggung Wiranagara atilar putra jalêr têtiga, sampun sami diwasa, pambajêngipun
nama Mas Surahim, sampun anggêntosi ingkang rama, anama Dipati Wiranagara, adhinipun
sampun anama Radèn Surapati, wuragilipun anama Radèn Suradilaga, nanging ki dipati
wau rêsah pambêkanipun, asring anjamah para bibinipun. Mila botên digdaya kados kang
rama.

Sarêng sampun antawis kalih taun saking pêjahipun Surapati, sang prabu ing Kartasura
parentah dhatêng Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga Pangeran
Purbaya, kinèn sami nglurug dhatêng Pasuruan malih, wondene tuwan komasaris
sakumpêninipun inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, ingkang pancèn angrêmbat
obat mimis sapanunggilanipun tiyang Kêdhu tuwin [tuwi...]

- -- 559 ---

[...n] Pagêlèn. Ingkang anyunggi uwos têdhanipun tiyang Kumpêni Dipati Japara, tiyang ing
Madura tuwin Surabaya anjagèni waos kêncêng, têgêsipun, anglampahi pêrang. Sadaya
wau mangkatipun sarêng, lampahipun dados satunggil, saklangkung agêng barisipun,
anjujug ing Wirasaba, sumêja anggêbag barisipun Sunan Kendhang wontên ing Kadhiri.
Wondene Sunan Kendhang sarêng mirêng wartos yèn dipun lurugi, enggal lumajêng
angungsi dhatêng ing rêdi dhungkul. Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng bidhal
dhatêng Kadhiri, ing Kadhiri sampun sêpên. Anuntên lampahipun dumugi ing rêdi Carat.
Amasanggrahan alami wontên ing ngriku, Ki Dipati Sujanapura ing Japara sakit sangêt,
nuntên kaantukakên. Sarêng dumugi ing Japara lajêng pêjah.
Kacariyos putra ing Pasuruan, kang nama Radèn Surapati kalih Radèn Suradilaga sami
dhatêng ing Dhungkul, ambêkta bala sèwu, anyuwun idinipun Sunan Kendhang, sumêja
mêthukakên mêngsah, Sunan Kendhang inggih angidèni sarta amaringi têtindhihing pêrang,
putranipun jalêr kêkalih, anama Pangeran Pakunagara kalih Pangeran Pakuningrat.
Sawontênipun bala babêktan saking Kartasura binêktakakên sadaya, nuntên sami bidhal,
mêdal ing rêdi Antang lajêng mangalèr. Wondene Pangeran Purbaya sabalanipun tuwin
bala Kumpêni

--- 560 ---

inggih sampun bidhal saking rêdi Carat, lampahipun alon-alonan. Anuntên bala ing
Pasuruan wau dhatêng anêrajang saking wingking, balanipun Pangeran Purbaya anadhahi
sarwi lumampah, bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Surapati lan Suradilaga rumaos
botên kaconggah, lajêng mundur lan sabalanipun, mantuk dhatêng Pasuruan. Sunan
Kendhang sampun kêpanggih wontên ing ngriku, kumpul kalihan Ki Dipati Wiranagara.
Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng anurut salasahipun bala Pasuruan wau, bala
Pasuruan botên wontên sumêrêp yèn dipun kodhol. Lampahipun Pangeran Purbaya sampun
dumugi ing Pasuruan. Sang Dipati Wiranagara sakalangkung kagèt, gugup sami pradandosan
lan sabalanipun, nuntên bidhal. Lajêng campuh prang wontên sajawining kitha, bala
Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Bala Madura sarta Surabaya anangkêbi
saking kiwa têngên. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kaclakuthak prangipun sarta
karoban mêngsah, sang dipati sasêdhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng Malang,
Sunan Kendhang inggih botên pisah, kala bêdhahipun Pasuruan taun 1631.

Pangeran Purbaya sarta tuwan komasaris Kumpêninipun sampun malêbêt kitha Pasuruan,
amasanggrahan [amasanggra...]

--- 561 ---

[...han] lami wontên ing ngriku, tiyang ing ngriku sampun kathah kang sami mantuk sarta
têntrêm manahipun. Tuwan komasaris nuntên akèn ngupadosi pakuburanipun Surapati
Untung, sakathahe pakuburan sami binalengkrah, nanging botên pinanggih, anuntên tuwan
komasaris andhawahakên undhang-undhang dhatêng têtiyang ing ngriku, sintên kang
manggihakên pakuburanipun Ki Untung ginanjar reyal sèwu, botên lami lajêng wontên
tiyang ingkang andêdahakên pakuburan wau, mila botên katawis, sabab rinadin kemawon,
ing nginggil dinekekan têtanêman. Tiyang ingkang andêdahakên wau sampun pinaringan
ganjaran reyal sèwu sarta sangêt bingahipun. Pakuburan enggal dhinudhuk. Jisim sampun
kêpanggih taksih wêtah, kacariyos pêjahipun Surapati wau sampun antawis kalih taun.
Nanging jisimipun taksih wêtah, gandanipun wangi angambar, tuwan komasaris
saklangkung suka manahipun. Jisim lajêng binusanan, linênggahakên ing kursi, ingkang
aningali sami eram. Tuwan komasaris kalihan para pangagêngipun Kumpêni lajêng sami
têtabean kalihan jisim, sami wicantên yèn Ki Untung prajurit sayêktos, dados satruning
Kumpêni, tuwan komasaris lajêng parentah angurmati jisim. Kumpêni enggal sami
ngungêlakên maryêm ambal-ambalan. Jisim lajêng binêsmi, nanging botên mêmpan,
[mêmpa...]

--- 562 ---

[...n,] awali-wali pabêsmènipun wau, inggih botên pasah, tuwan komasaris saklangkung
bramantya, enggal mêndhêt arak kathah, jisim siniram ing awis sarta binêsmi, sampun
kobong gêsêng dados awu, sakathahe tiyang Kumpêni lajêng sami mêndhêt awunipun Ki
Untung sakêdhik-sakêdhik. Tuwan Komasaris parentah adamêl loji ing Gêmbong, inggih
sampun dados, saklangkung santosa, sampun dinekekan maryêm sarta jinagèn Wêlandi,
tuwan komasaris sarta Kumpêni sapalih nuntên bidhal mantuk dhatêng Samawis mêdal ing
laut. Wondene Pangeran Purbaya inggih bidhal kondur dhatêng Kartasura mêdal dharat,
kadhèrèkakên Kumpêni sapalihipun wau, para bupati sabalanipun inggih pinalih, ingkang
saduman taksih kinèn bêbarisan ing ngriku, ingkang saduman dhèrèk konduripun Pangeran
Purbaya, Panêmbahan Cakraningrat nyimpang, sumêja mantuk dhatêng ing Sampang,
wontên ing margi nandhang gêrah sangêt. Sarêng lampahipun dumugi ing Kamal,
padhusunan ing Madura, panêmbahan lajêng seda, layon sampun binêrsihan wontên ing
ngriku, linajêngakên pinêtak ing Sampang, putra wayahipun panêmbahan wau lajêng sami
bidhal, anusul lampahipun Pangeran Purbaya, tumut sowan ing sang prabu, lampahipun
Pangeran Purbaya wau inggih sampun dumugi ing Kartasura.

--- 563 ---

Sang nata lajêng parentah dhatêng ingkang putra kang nama Pangeran Dipati Balitar, kinèn
gêntos anglurug sarta binêktanan bala ing Kartasura sapalih, Pangeran Balitar nuntên
bidhal dhatêng Pasuruan, sampun kumpul kalihan para bupati kang sami bêbarisan wontên
ing ngriku, Pangeran Balitar sarta bupati sabalanipun nuntên bidhal saking Pasêdhahan,
sumêja ambêdhah ing Malang, saklangkung agêng gêgamanipun. Wondene kang wontên ing
Malang wau Sunan Kendhang kalihan Dipati Wiranagara, tiga Surapati, sakawan Suradilaga,
sampun sami sumêrêp yèn dipun lurugi, lajêng sami mapan sajawining kitha lan
sabalanipun. Botên dangu bala ing Kablitaran dhatêng, lajêng campuh prang, saklangkung
rame, mêngsah dèrèng kathah kang pêjah, bala ing Kartasura sami riwut pangamukipun.
Ngabèi Lor kalihan Ngabèi Kidul, tiga Ki Bun Jaladriya sampun sami pêjah, dening Ngabèi
Wirasantika mantri ing Kartasura utawi para andêl-andêlipun Surapati inggih sampun sami
pêjah sadaya, Ki Dipati Wiranagara lan sadhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng
satêngahing wana, Sunan Kendhang lumajêng dhatêng ing rêdi Dhungkul. Pangeran Balitar
sabalanipun kathah ênggènipun angsal jarahan utawi bêboyongan, lajêng masanggrahan
wontên ing ngriku.

Wondene palajêngipun Sunan Kendhang sarêng dumugi

--- 564 ---

ing Dhungkul, lajêng kenging ing pagêring, balanipun kathah kang pêjah, lajêng ngalih
dhatêng ing Balitar, wontên ing Balitar Sunan Kendhang nuntên utusan dhatêng
Surapringga, sumêja nungkul dhatêng tiyang Kumpêni, sarta mawi sêrat. Utusan inggih
enggal lumampah, saungkuring utusan Sunan Kendhang tampi utusan saking Pangeran
Balitar anyuwun wasiyat karaton, kang warni bêndhe Bicak, dhuwung Kyai Balabar, waos
Kyai Baru, rasukan Kyai Gundhil. Wangsulanipun Sunan Kendhang sumaos benjing yèn
sampun wontên ing Surabaya, wasiyat karaton badhe kasukakakên dhatêng Pangeran
Balitar. Wondene utusanipun Sunan Kendhang kang dhatêng ing Surabaya inggih sampun
kêpanggih kalihan kumêndur sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sampuning maos sêrat
sangêt suka manahipun, lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang gustimu, yèn
parêng takaturi marang Surabaya, besuk yèn wus rawuh ana ing kene sakarsane mêsthi
takjurungi, sanajan karsaa jumênêng nata ana ing Kartasura manèh, aku iya nyaguhi.
Utusan enggal pamit wangsul, sampun kêpanggih sarta matur ing gustinipun. Sunan
Kendhang saklangkung suka, anuntên mangkat sagarwaputranipun, sarta abdi
sawontênipun inggih kabêkta sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Surabaya, kumêndur

--- 565 ---


enggal mêthuk. Sunan Kendhang sampun binêkta dhatêng padalêmanipun Dipati Surabaya
sarta sangêt kinurmatan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng sang dipati, Sunan Kendhang
saputra garwa tuwin abdi saklangkung suka manahipun. Tuwan kumêndur alon matur sarwi
angrêrêpa, sinuhun, bilih amarêngi galih dalêm, mugi lajênga têdhak dhatêng Samawis,
apanggiha kalihan tuwan komasaris. Benjing yèn sampun wontên ing Samawis, amêsthi
panjênêngan dhatêng jinunjung nata malih amêngku ing tanah Jawi, angadhaton ing
Kartasura. Sunan Kendhang sarêng mirêng aturipun tuwan komasaris, saklangkung suka
galihipun. Botên sumêrêp yèn badhe kenging apus saking gunanipun tiyang Kumpêni.
Anuntên wontên utusanipun Pangeran Balitar malih anyuwun wasiyat karaton. Sunan
Kendhang sumaur cugal.[15] Tutura marang Sudama, besuk yèn aku wis ngadhaton ing
Kartasura takwèhake dhewe. Utusan inggih sampun mantuk.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura dhatêng kumêndur, amundhut Ki
Wiraguna, kalih Ki Mandurarêja, tiga Arya Tiron, sakawan Ki Pulangjiwa, gangsal Ki
Mangunnagara, tuwan kumêndur inggih botên lênggana, lajêng kapasrahakên dhatêng
Pangeran Balitar kang sawêg wontên ing Malang, nanging Ki Pulangjiwa wontên ing margi
minggat, kacandhak lajêng pinêjahan.

--- 566 ---

Kacariyos Sunan Kendhang sampun kaangkatakên saking Surabaya, mêdal ing laut,
linajêngakên dhatêng ing Batawi lan sagarwaputranipun kala ing taun 1632. Wondene
Pangeran Balitar sarêng sampun anampèni tiyang gangsal saking Surabaya, inggih enggal
linajêngakên dhatêng Kartasura sarta binêktanan sêrat, suraosipun angaturi uninga, yèn
nagri bang wetang sampun suyud sadaya, para anakipun Surapati sampun sami lumajêng
dhatêng ing wana, lan angaturi uninga, yèn sakathahing wasiyat sami binêkta Sunan
Kendhang dhatêng sabrang, dipun suwun dhatêng Pangeran Balitar botên suka. Utusan wau
inggih enggal mangkat sarta andhèrèkakên jarahan tuwin bêboyongan. Sadhatêngipun ing
Kartasura anjujug Ki Patih Cakrajaya, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata
sasampuning maos sêrat, saklangkung suka sarta sangêt ngungun. Nuntên ngandika
dhatêng Ki Patih Cakrajaya, Cakrajaya, bangêt pangungun ingsun, sabab pusaka karaton
digawa anak prabu kabèh, nanging wruhanira, sanadyan sakèhing pusaka ginawa kabèh,
sok mingsiha masjid ing Dêmak karo astana ing Adilangu, amung loro iku ugêre pusaka ing
tanah Jawa, karodene sira nuli kongkonan marang ing Malang, putraningsun Ki Balitar
timbalana mulih lan sabalane kabèh. [ka...]

--- 567 ---

[...bèh.] Patih Cakrajaya matur sandika, lajêng anglampahakên utusan dhatêng Malang,
Pangeran Balitar inggih enggal bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun nagari ing Kartasura
lajêng sowan ingkang rama sang prabu, sang nata saklangkung bingah ing galih, kêpanggih
kalihan ingkang putra wuragil kêkalih unggul ing prangipun.

Anuju ing dintên Sênèn sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah Ki Wirasantika
kaganjar nagari ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung Surawijaya, sarta kadamêl
Wadananipun bupati môncanagari sadaya, Ki Citrasoma kadadosakên Dipati ing Japara, Ki
Jayaningrat kadadosakên Dipati ing Pakalongan. Ki Pusparudita ing Batang, Ki Wirasêmita
kaangkat dados Tumênggung ing Wirasaba, wondene nagari Maduntên kapra tiga, ingkang
saduman kaparingakên putranipun pambajêng Panêmbahan Cakraningrat, kang nama
Sasranagara, kaêlih nama Pangegan[16] Cakraningrat. Dene ingkang kalih duman
kaparingakên dhatêng wayahipun jalêr panêmbahan, anama Suryawinata kalih
Sasrawinata, wondene tiyang gangsal kang saking Surabaya wau sami kalorodan
kalênggahan sarta namanipun bupati, sang prabu lajêng kondur saking sinewaka.

Kacariyos kapitan Wêlandi ingkang jagi ing Kartasura sowan dhatêng ing kadhaton kalihan
Ki Patih Cakrajaya, angaturakên sêrat saking jendral ing Batawi, sampun [sampu...]

--- 568 ---

[...n] tinampèn ing sang prabu lajêng winaos. Suraosipun, tuwan jendral anyuwun
pêjahipun Ki Dipati Jangrana ing Surabaya, sabab kawastanan sakuthu kalihan Surapati
kang sampun pêjah, pratandhanipun kala pêrang ing Pasuruan, tiyang Kumpêni sarta
tiyang Madura kathah kang pêjah, amung balanipun Ki Dipati Jangrana botên wontên kang
pêjah, bilih sang prabu botên anuruti panuwunipun jendral wau, tiyang Kumpêni sumêja
amutungi gènipun pawong sanak kalihan sang prabu. Sang nata sarêng sampun maos sêrat,
sangêt susah ing galihipun. Sabab bupati andêl-andêling prang kasuwun pêjahipun. Kapitan
sarta ki patih sampun sami kinèn mantuk. Ing dalunipun sang prabu animbali Ki Patih
Cakrajaya, kalih Ki Dipati Cakrasoma, tiga Ki Tumênggung Wiracana, sang nata angandika
alon. Cakrajaya, Wiracana, Citrasoma, layang têka jendral iki prakara gêdhe, anjaluk
patine Jangrana, iku bangêt susahe galih ingsun. Krana Si Jangrana iku andêl-andêl ingsun,
prasasat bahuningsun kiwa, lan ora nana kaluputane marang ingsun. Iku kapriye kang
padha dadi rêmbugira. Ki Cakrajaya sarta bupati kêkalih wau sami tumungkul, botên sagêd
angaturi rêmbag. Sang nata angandika malih, yèn kaya mêngkono Cakrajaya, sira kirima
layang, anjaluka

--- 569 ---

rêmbug marang Si Adipati Sura Adimênggala ing Samarang, lan layange jendral
wangsulana, prakara panjaluke iku, iya bakal ingsun turuti, nanging ingsun mundhut sarèh
ing sawatara, krana nagara ing Surabaya iku gêdhe, Si Jangrana sugih bala sarta abôndha
santana, upama ingsun kasapa amêsthi ya kêna, nanging ora wurung agawe rusake
prajaningsun. Wis, wangsulana mêngkono bae layange si jendral. Ki Cakrajaya sarta
kancanipun kêkalih nuntên mundur saking ing ngarsa dalêm. Ing enjingipun Ki Patih
sampun amangsuli sêratipun jendral, tinampèn dhatêng kapitan. Punapa malih sêrat
ingkang dhatêng ing Samawis tuwin kang dhatêng Surabaya inggih sampun sami
kalampahakên dhêdhêmitan. Wondene ingkang dhatêng ing Samawis inggih sampun
katampèn dhatêng Ki Dipati Sura Adimênggala sarta sampun winangsulan, sampun katur
ing sang prabu, suraosipun. Kula pun Adipati Sura Adimênggala kapundhutan rêmbag
prakawis tiyang Kumpêni gènipun nyuwun pêjahipun Adipati Jangrana, ingkang punika atur
wangsulan kula, saupami pinaringêna, amêsthi dados susahipun galih dalêm. Sabab pun
Adipati Jangrana punika dados pikukuhipun nagari dalêm. Upami botên pinaringêna,
amêsthi tiyang Kumpêni sami sakit manahipun ing panjênêngan dalêm. Dados kawula
nyumanggakakên punapa [pu...]

--- 570 ---

[...napa] ingkang dados kêkêncênganipun galih dalêm piyambak. Sang nata sasampuning
maos sêrat kang saking Samawis, sangsaya èmêng galihipun.

Kacariyos sêrat dalêm ingkang dhatêng Surabaya inggih sampun katampèn dhatêng Ki
Jangrana, suraosipun. Sang prabu aparing pariksa, yèn piyambakipun kasuwun pêjahipun
dhatêng tiyang Kumpêni, sang nata anyarah ingkang dados kêkêncênganipun Ki Jangrana,
bilih Ki Jangrana sumêja mragagah, sang nata inggih angidèni. Ki Dipati Jangrana sarêng
sampun maos sêrat, sangêt gènipun jêngat.[17] Nanging lajêng sarèh manahipun. Enggal
animbali mantrinipun kêkasih anama Wiratanta, sangêt limpat ing panggraita, sarta
ingkang rayi sang dipati têtiga anama Arya Jayapuspita, kalih Panji Surèngrana, tiga Panji
Kartayuda, priyantun sakawan wau lajêng sami pinaringan ningali sêrat saking Kartasura.
Ingkang rayi têtiga sarêng sampun maos sêrat, lajêng sami anangis sarwi sami nungkêmi
sukunipun sang dipati, matur sarta ngusapi waspa, kakang, sampeyan botên dosa dhatêng
sang prabu tuwin dhatêng Kumpêni, suwawi sami mragagah, aluhung pêjaha wontên
paprangan. Ki Wiratanta matur, sang dipati, pêjah sampeyan prayogi sampeyan
sumanggakakên. Sampeyan sampun ngantos balela ing ratu, anututa kemawon. Mila
mêngkatên, ing samangsanipun [samangsa...]

--- 571 ---

[...nipun] sampeyan sumêja balela, amêsthi turun sampeyan sadaya botên badhe
andarbèni nagari ing Surabaya, amêsthi badhe kaliya lan badhe adamêl risakipun nagari
dalêm, para santana sampeyan sarta têtiyang sa-Surabaya anêmahi tiwas. Saupami
sampeyan nutut angamungakên sarira sampeyan piyambak, ing wingking sami wilujêng.
Nanging ingkang rayi têtiga wau kêdah nanggulang ing mêngsah tiyang Kumpêni, sabab
kamanah sang dipati botên dosa. Sang dipati angandika, adhi-adhiku kabèh, wis, padha
mênênga, bobot timbang ana ing aku dhewe, pituture si kakang Wiratanta iki bênêr, ing
wêkasan sêlamêt. Sanajan aku nêmahana mati, sok uga anak sadulurku kabèh padha tulusa
mukti. Sang dipati tumuntên pamit dhatêng ingkang garwa sarta angarasi ing putranipun
jalêr kang taksih rare anama Jaka Tangkêban. Sarwi angusapi waspa, sang dipati lajêng
bidhal dhatêng ing Kartasura, para santananipun sami tumut. Sadhatêngipun ing Kartasura
anjujug padalêmanipun pondhok ing Surabayan. Sang dipati ngantos kalih wulan
ênggènipun wontên ing Kartasura, dèrèng wontên punapa-punapa, ing sabên dintên Sênèn
Kêmis sang dipati arêrêsik, lajêng sowan dhatêng pagêlaran, madhêp ing ngarsanipun sang
prabu. Anuntên tuwan komasaris dhatêng anêrang prakawis punika, nanging [na...]

--- 572 ---

[...nging] taksih sinanggi krami dhatêng sang prabu, sang nata tansah anantun dhatêng
sang dipati mênggah kêkêncênganipun. Atur wangsulanipun sang dipati botên ewah,
anyumanggakakên pêjahipun kemawon. Namung adhinipun kang nama Arya Jayapuspita
kasuwunakên anggêntosana kalênggahanipun dados bupati ing Surabaya, sang nata inggih
sampun amarêngi ingkang dados panyuwunipun.

Kala samantên pinuju ing dintên Kêmis para bupati mantri sampun sami sowan wontên ing
pagêlaran. Sang Dipati Jangrana inggih sampun sowan, para santananipun sami tumut.
Sang dipati tinimbalan dhatêng kadhaton. Sarêng dumugi kori ing Kamandhungan lajêng
pinêthukakên ing lêlurah Martalulutan Singanagara, Sang Dipati Jangrana pinarjaya, jaja
têrus ing gigir lajêng pêjah. Arya Jayapuspita kang wontên ing pagêlaran sumêrêp, yèn
kakangipun sampun pêjah, lajêng angêjèpi balanipun. Bala ing Surabaya nuntên sami
dhatêng, kang wontên ing pondhokan, sagêlar sapapan sami abaris ing panggungan,
watawis kalih èwu, para bupati mantri kang sami wontên ing pagêlaran, ebah sami
angatos-atos, anarka yèn badhe dados prang. Anuntên Ki Tummênggung Sumabrata mêdal
saking kadhaton, angêmban timbalan dalêm dhatêng Ki Arya Jayapuspita, [Jayapuspi...]

--- 573 ---

[...ta,] Ki Jayapuspita, pakênira pinaringan wêruh, yèn kakangira ing biyèn bisa
anjumênêngake nata ing sang prabu, samêngko kakangira wis pinatenan ing sang prabu
tanpa dosa, aja dadi sake ati pakênira, pakênira ginêntèkake dadi bupati ing Surabaya.
Arya Jayapuspita sarêng mirêng sangêt ing krodhanipun. Nanging pinêkan, têmah nangis
anggrêro, mukanipun tinutupan usap tangan. Kang ningali sami wêlas. Anuntên matur
bêbisik dhatêng Ki Sumabrata, Kyai Sumabrata, timbalan dalêm wau sadaya inggih sampun
saklangkung ing panuwun kula, nanging kula anyuwun lila dalêm. Sarèhning kula sumêrêp,
yèn pêjahipun pun kakang punika dede saking karsanipun sang prabu, awit panyuwunipun
Kumpêni ingkang aniaya, punika kula sarta tiyang Surabaya sadaya badhe sami bela pêjah,
bilih sang nata anglilani, ing sadintên punika kula sumêja ngamuk dhatêng tiyang Wêlandi
kang wontên ing Kartasura ngriki. Ki Sumabrata enggal wangsul lumêbêt matur ing sang
prabu, sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Sumabrata saklangkung pugêt galihipun.
Lajêng andhawahi kyai pangulu tuwin suranata, kêtib lawan modin, kinèn sami andêdonga,
supados liliha krodhanipun Ki Arya Jayapuspita, Ki Sumabrata nuntên mêdal malih,
andhawahakên timbalan dalêm dhatêng Ki Arya, Ki Jayapuspita, ing panuwun pakênira
mau sang

--- 574 ---

prabu boya anglilani, wikan mêngko, yèn baris pakênira wus mêtu sêka panangkilan. Ki
Arya lajêng bidhal sabalanipun saking pasowan ing wanci lingsir kilèn. Lampahipun alon
kados amilang tindak. Sarêng dumugi sakiduling masjid agêng lajêng sami nolih, abaris
ngajêngakên alun-alun. Anuntên sang prabu utusan malih, Ki Jayapuspita, pakênira
andikakakên baris kang adoh sêka ngalun-alun. Yèn barisira wus adoh, bokmanawa sang
nata karsa angrojongi marang pakênira. Ki Jayapuspita inggih lajêng ambudhalakên
barisipun ing wanci sêrap srêngenge, mangalèr anjog ing pakundhèn. Arêrêp wontên ing
ngriku. Ing wanci dalu Ki Tumênggung Sumabrata dhatêng kautus ing sang prabu,
amatêdhakakên sêrat kalihan busana sapatadhahan sarta arta kalih èwu ringgit. Sampun
sami tinampèn dhatêng ki arya, ungêlipun ingkang sêrat, kulup Jayapuspita, ing samêngko
sira sun gêntèkakên marang kakangira, dadi bupati ing Surabaya, sira tumuli muliha
marang Surabaya, nagara ing kono sira tataa sarta angayumana sanak sadulurira, supaya
têntrêma atine, besuk ing samangsane wong cilik wis padha kapenak atine, ingsun
anjurungi ing kaniyatanira, bakal ambelani patine kakangira. Ki Jayapuspita sarêng
sampun [sa...]

--- 575 ---

[...mpun] maos sêrat, lajêng sujud ing siti sarwi anangis. Sabab napsunipun kapapas
dening agênging sihipun sang prabu, wangsulanipun Ki Arya saklangkung nuwun sarta
sandika, nuntên bidhal mantuk dhatêng ing Surabaya sabalanipun. Sadhatêngipun ing
Surabaya lajêng atata-tata gêgamaning prang sarta adamêl bingahing balanipun. Tiyang
ing padhusunan jalêr èstri sami kapardi ngibadah kalihan ngaos Kur'an. Ing samangsanipun
tiyang padhusunan wau sami purun sêmbayang, lajêng kalêpatakên ing paos tuwin takêr
turun sapanunggilanipun. Malah asring tampi pêparing, dados kathah têtiyang padhusunan
kang sami kapradikakakên. Têtiyang bawah ing Surabaya jalêr èstri sami ajrih asih dhatêng
Sang Dipati Jayapuspita, tuwin tiyang ing nagari sanès inggih kathah ingkang sami agêgriya
ing Surabaya, awit sami trêsna dhatêng sang dipati, ambêkipun sabar sarta sagêd angecani
manahing bala, dana bojanipun lumintu, sinêngkalan 1633.

Kacariyos sang prabu amêrnata kalênggahanipun para bupati mantri, kawangsulakên kados
kala alam Matawis. Anuntên Pangeran Natakusuma bupati ing Kartasura pêjah, sampun
kagêntosan ing anakipun jalêr, kaparingan nama Pangeran Arya Pringgalaya. Taksih tunggil
taun ing dhusun Ngenta-enta wontên tiyang kraman anama Ki Mandana, mantunipun Ki
Gêdhe ing Pacukilan. [Pacukila...]
--- 576 ---

[...n.] Sampun kathah balanipun sarta sampun adamêl mantri bupati, anuntên dipun lurugi
dhatêng Ki Jayawinata bupati ing Matawis. Ki Jayawinata kawon pêrangipun, enggal
lumajêng dhatêng ing Kartasura, ngaturi uninga ing sang prabu. Sang nata inggih enggal
aparentah dhatêng Pangeran Pringgalaya, kinèn anglurugi kraman Ki Mas Dana, kacêpênga
gêsang, sabab sang nata kagungan punagi, ing samangsanipun Ki Mas Dana wau kacêpêng
gêsang, badhe kadamêl tontonan, karampog ing êdom dhatêng têtiyang sanagari
Kartasura. Pangeran Pringgalaya nuntên bidhal sarta kinanthenan bupati ing Kartasura
sapalih lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Ngenta-enta lajêng campuh prang, tiyang
kraman kathah kang pêjah, Ki Mas Dana lumajêng angungsi ing rêdi Barabudhur, Pangeran
Pringgalaya sabalanipun angêlud. Rêdi nuntên kinêpang, Ki Mas Dana sampun kacêpêng,
lajêng binêkta mantuk dhatêng Kartasura, kaaturakên ing sang prabu, sang nata nuntên
angundhangi ing têtiyang sanagari, sami kadhawahan dhatêng ing alun-alun sarta sami
ambêktaa êdom. Ki Mas Dana lajêng kaugêr wontên sangandhaping waringin kurung,
nuntên karampog ing êdom. Ngantos tigang dintên waradinipun têyang[18] sanagari
ênggènipun angrampog. Nuntên kakêthok gulunipun, sirah kapanjêr. Sasampuning pêjah Ki
Mas Dana, marasêpuhipun kang nama Ki Gêdhe Pacukilan katur ing

--- 577 ---

sang prabu yèn sumêja balela, sang nata inggih enggal parentah anglurugi, Ki Gêdhe
sampun cinêpêng lajêng pinêjahan.

Anuntên Ki Tumênggung Kartanagara ênggènipun dados Patih lêbêt kamantunan.


Padamêlaning patih kadadosakên satunggil, wontên Ki Patih Cakrajaya, angingêrakên ing
tiyang satanah Jawi. Botên antawis lami sang nata parentah dhatêng Ki Tumênggung
Wiracana, andikakakên bangun masigid[19] Dêmak, nyalini sirapipun. Sang nata ambêktani
arta sèwu ringgit dhatêng Ki Wiracana, kinèn damêl waragad. Ki Wiracana inggih enggal
mangkat. Masigid sampun kabangun sinalinan sirapipun. Wondene lamine panggarapipun
amung tigang wulan. Kala samantên sinêngkalan 1634.

Ki Tumênggung Wiracana sampun mantuk dhatêng ing Kartasura, lajêng sakit andadosakên
ing pêjahipun. Kalênggahanipun wadana gêdhong sampun kagêntosan ing sadhèrèkipun.
Dene ingkang kadadosakên Wadana kaparak kiwa têngên, Pangeran Dipati Balitar.

Sarêng sampun antawis kawan taun malih, sang nata amêmantu wayah sami wayah,
putranipun Pangeran Dipati Anom pambajêng jalêr, anama Den Mas Damar kadhaupakên
kalihan putranipun èstri Pangeran Balitar, anama Radèn Ajêng Wulan. Ananging Radèn Mas
Damar wau timur mila [mi...]

--- 578 ---

[...la] kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Dipati Purbaya, sarta sangêt ing trêsna kalih-
kalihipun. Kala dhaupe panganten wau saklangkung agêng bawahanipun. Atut ênggènipun
akrama, Radèn Mas Damar lajêng kaangkat nama pangeran riya, kaparingan lêlênggah
sabin sèwu karya, kala panggihe pangantèn sinêngkalan 1639.

Anuntên Radèn Tirtakusuma ing Winongan ambalik, sumêja mêngsah ing sang prabu,
sampun abêdhah[20] nagari Pasuruan. Bupati ing Pasuruan anama Ki Tumênggung Jadita,
sampun lumajêng dhatêng ing Kartasura, sang nata enggal parentah dhatêng Ki
Tumênggung Kartanagara sarta para bupati môncanagari, kinèn ambêdhah ing Winongan.
Inggih sampun kalampahan. Ênggènipun ambêdhah ing Winongan ngantos tigang wulan.
Radèn Tirtakusuma lumajêng dhatêng ing Lumajang, anak rabinipun sami binoyongan,
rajabrananipun kajarahan, kitha ing Winongan binêsmenan sadaya, Ki Tumênggung
Kartanagara sakancanipun mantuk dhatêng ing Kartasura sarta ambêkta jarahan tuwin
bêboyongan. Ki Tumênggung Jadita lajêng tinuwêk wontên ing alun-alun Kartasura,
dosanipun tiwas anggènipun rumêksa nagari ing Pasuruan, botên purun amêthukakên
prangipun tiyang ing Winongan.

Kacariyos Arya Jayapuspita, kala sampun anggêntosi [ang...]

--- 579 ---

[...gêntosi] kakangipun dados dipati ing Surabaya, ênggènipun sowan dhatêng ing
Kartasura amung sapisan, pinuju ing wulan Mulud. Bala ing Surabaya kinêrig binêkta
sadaya sarta sagêgamaning prang, wêtawis kathahipun gangsal èwu, utawi adhinipun jalêr
kêkalih inggih binêkta, anama Panji Kartayuda kalih Panji Surèngrana, sami ambêkta bala
nyèwu. Sang nata kalanipun aningali Ki Arya Jayapuspita sabalanipun samakta
sagêgamaning prang, saklangkung suka ing galihipun. Lajêng angundhangi ing tiyang
sanagari Kartasura, kinèn anyêlut ukiraning dhuwung ing salaka utawi ing kancana, inggih
sampun kalampahan sarta saklangkung prayogi, wiwitan kala samantên wontênipun ukiran
kasêlut. Ki Jayapuspita wau gènipun wontên ing Kartasura botên lami, tumuntên mantuk
dhatêng Surabaya, botên purun sowan malih, sumêja balela. Sang prabu tumuntên
uusan[21] Ki Tumênggung Sumabrata kalih Ki Ngabèi Wiramênggala animbali Ki Jayapuspita
dhatêng ing Surabaya, gènipun wontên ing Surabaya samadya côndra, nanging Ki
Jayapuspita tansah sumados kemawon. Ki Sumabrata kalih Ki Wiramênggala sumêrêp yèn
sinanggi krami, tumuntên mantuk dhatêng Kartasura matur ing sang prabu, sang nata
enggal akintun sêrat dhatêng kumêndur ing Samawis, aparing pariksa yèn Ki Jayapuspita
[Jayapuspi...]

--- 580 ---

[...ta] mogok, sumêja balela, utusan kang ambêkta sêrat enggal lumampah, sampun
kêpanggih kalihan kumêndur. Tuwan kumêndur sarêng sampun maos sêrat, sangêt gugup
ing manahipun, lajêng mangkat dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Wondene Ki
Jayapuspita wau ing sapêngkêripun Ki Sumabrata lajêng parentah dhatêng adhinipun kang
nama Panji Surèngrana, kinèn wiwit ambêdhah ing Garêsik. Panji Surèngrana inggih lajêng
bidhal sabalanipun tiyang ing Lamongan, mêdal ing Giri, anjog ing Garêsik lajêng prang
angrangsang biting, nanging botên kenging karêbat. Panji Surèngrana sabalanipun mundur
dhatêng ing Lamongan.

Anuntên tuwan kumêndur dhatêng wontên ing Surabaya, kêpanggih kalihan Sang Dipati
Jayapuspita, saklangkung sinuba-suba, kumêndur pitakèn bab Panji Surèngrana ênggènipun
anginggahi ing Garêsik. Wangsulanipun Ki Jayapuspita apitambuh sarta sagah badhe
andukani dhatêng adhinipun. Kumêndur pitakèn malih sabapipun botên purun sowan
dhatêng ing Kartasura, wangsulanipun Ki Jayapuspita, inggih sagah tumuntên sowan.
Kumêndur sarêng mirêng wangsulanipun Ki Jayapuspita makatên, sarta sangêt ênggènipun
angurmati dhatêng piyambakipun. Saklangkung pakèwêd manahipun. Lajêng parentah
ambangun bètèng ing Garêsik. Sarêng sampun dados, kumêndur tumuntên [tumu...]

--- 581 ---

[...ntên] mantuk dhatêng ing Samawis.


Ing sapêngkêripun tuwan kumêndur Panji Surèngrana lajêng utusan minta sraya dhatêng
nagari Bali, mêdal ing Samawis. Botên dangu tumuntên dhatêng, kathahipun kawan atus.
Têtindhihipun anama Dewa Kaloran. Dhatêngipun lajêng anukup ing Garêsik. Têtiyang ing
Garêsik gègèr, sami lumajêng ing sapurug-purug. Sabab botên wontên nyana yèn wontên
mêngsah dhatêng ing wanci dalu, rajabrananipun têlas kajarah karayah, sabêdhahipun
nagari Garêsik Dewa Kaloran sabalanipun mantuk dhatêng ing Bali sarta jangji benjing
badhe wangsul. Panji Surèngrana inggih kathah ênggènipun anyukani rajabrana, kinèn
angaturakên rajanipun.

Kacariyos Sang Dipati Jayapuspita, aparentah dhatêng adhinipun kêkalih, sami kinèn wiwit
anêlukakên tiyang môncanagari tuwin tiyang ing pasisir, sadhèrèk kêkalih sami bêbah-
bêbahan. Panji Kartayuda angirid bala sèwu, lajêng anggêbag nagari Japan. Inggih sampun
nungkul. Lajêng dhatêng Wirasaba, bupatinipun sêpên, anglêmpak dhatêng Kadhiri sumêja
mapag prang, ing Wirasaba sampun katanêman bupati dhatêng Panji Kartayuda, Panji
Kartayuda sabalanipun lajêng dhatêng Kadhiri, wontên ing ngriku pinêthuk prang, tiyang
Kadhiri kawon, Bupatinipun lumajêng dhatêng ing Kartasura. Wondene Panji [Pa...]

--- 582 ---

[...nji] Surèngrana inggih angirid bala sèwu, anggêbag ing Sidayu, pinêthuk prang rame,
kathah papêjah, ing Sidayu sampun bêdhah, Panji Surèngrana lajêng mingêr anggêbag ing
Jipang, inggih sampun bêdhah, Bupatinipun kaplajêng, sabab kadêrojog botên sumêrêp.
Panji Surèngrana nuntên wangsul anggêcak ing Tuban, sampun kancikan dhatêng Panji
Surèngrana sabalanipun. Bupati ing Tuban lumajêng dhatêng ing Kartasura.

Kacariyos sang prabu ing Kartasura, pinuju miyos sinewaka, para bupati pasisir,
môncanagari, ing Kêdhu, Banyumas pêpak sadaya, tuwin para bupati ing nagari Kartasura
sarta putra santana inggih sampun pêpak, ing pagêlaran jêjêl botên wontên sêlanipun. Ki
Patih Cakrajaya matur, yèn Ki Dipati Jayapuspita saèstu balik, sampun angirup-irup tanah
pasisir tuwin môncanagari, kang bôngga ginêbag ing prang, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri,
Jipang sampun bêdhah, punapa malih ing Sidayu kalihan ing Tuban inggih sampun karisak
dening tiyang Surabaya. Sang nata ngandika sêru, Cakrajaya, dikêbat awèha wêruh marang
kumêndur ing Samarang, sarta anjaluka bantu bala Kumpêni, lan sira dhewe ngluruga,
angirida wong pasisir kabèh, mêtua ing Samarang, lan Ki Tumênggung Kartanagara
dhawuhana nglurug marang Surabaya, mêtua ing Jagaraga, anindhihana prange

--- 583 ---

bocah môncanagara. Ki patih matur sandika, sang nata kondur angadhaton. Ki Patih
kalihan Ki Tumênggung Kartanagara lajêng pradandosan, sarta sampun anglampahakên
sêrat dhatêng ing Samawis. Sarêng sampun samakta, Ki patih nuntên bidhal sabalanipun
dhatêng ing Samawis, kèndêl wontên ing ngriku angêntosi bala Kumpêni kang saking
Batawi. Wondene Ki Tumênggung Kartanagara inggih sampun bidhal, mêdal ing Jagaraga,
angirid bala môncanagari sadaya, amung bupati ing Garobogan kapêthil tumut ing ki patih,
Bupati Garobogan kêkalih, anama Suryawinata, Sasrawinata, wayahipun Panêmbahan
Cakraningrat suwargi, kala rumiyin sampun kadadosakên bupati ing Madura, nanging botên
lami lajêng kaêlih dhatêng garobogan.

Lampahipun Ki Tumênggung Kartanagara sampun ngancik ing dhusun Majaranu, bala


môncanagari sampun sami kumpul tuwin Tumênggung Jipang inggih sampun anunggil.
Saklangkung agêng gêgamanipun. Lajêng têmpuh prang kalihan Panji Surèngrana kang
wontên ing kitha Jipang, balanipun Panji Surèngrana kathah kang pêjah, lajêng mundur
sabalanipun dhatêng ing Lamongan. Ing kitha Jipang sampun dipun ênggèni dhatêng Ki
Tumênggung Kartanagara.

Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana samangke dhatêng malih wontên ing Garêsik,
anama Dewa Kaloran. [Ka...]

--- 584 ---

[...loran.] Ambêkta bupati têtiga, anama Dewa Soka, kalih Dewa Sade, tiga Dewa Bagus.
Balanipun tiyang Bali pitung atus. Dewa Kaloran sampun kêpanggih kalihan Panji
Surèngrana, rêmbagan badhe anginggahi ing Jipang malih. Ing Garêsik ngriku wontên
Juragan satunggil, saklangkung sugih, kathah rencangipun tiyang têtumbasan, anama
Juragan Bali, dêdêgipun gagah prakosa, watêkipun botên sabaran. Kaduk ing
kapurunanipun. Nate pêrang ing sagantên. Ki Juragan wau sampun kadadosakên pamuking
prang dhatêng Panji Surèngrana, sarta kathah ing pangêbangipun. Anak bojonipun sami
kadekekakên ing Surabaya, kadamêl cêpêngan. Supados Ki Juragan sampun ngantos
angoncati salêbêting prang, Panji Surèngrana nuntên bidhal sabalanipun, sumêja anggêbag
ing Jipang, sarta ambêkta tiyang Bali satus. Ki Juragan sarencangipun têtumbasan kadamêl
pangajênging prang, sadhatêngipun ing Jipang lajêng prang rame kalihan Ki Tumênggung
Kartanagara sarta bala môncanagari, papêjahipun kathah, Ki Tumênggung Kartanagara
sarta tiyang môncanagari lumajêng, kèndêl ing dhusun Barongkol sakilèning Jipang, amargi
dipun amuk dhatêng Ki Juragan sarencangipun. Ing kitha Jipang sampun kancikan dhatêng
Panji Surèngrana sabalanipun. Anuntên Panji Surèngrana tampi pratelane [pratela...]

--- 585 ---

[...ne] balanipun, yèn nagari Sidayu, ing Tuban sampun karêbat dening gêgaman pasisir,
saking parentahipun Ki Patih Cakrajaya, samangke taksih wontên ing Samawis, sawêg
angêntosi bala Kumpêni, Panji Surèngrana sarêng mirêng sangêt nêpsu, nuntên parentah
dhatêng Ki Juragan Bali, kinèn anglanggar mêngsahipun kang wontên ing Sidayu sarta
Tuban. Ki Juragan enggal mangkat, binêktanan bala kalih èwu, tiyang Bali sèkêt.
Lampahipun Ki Juragan sampun dumugi ing Sidayu, lajêng campuh prang kalihan bala
pasisir, Ki Juragan saklangkung wantêr mudhun saking kuda, wontên ing ngajêng angamuk
sarencangipun. Kathah kang sami pêjah, bala pasisir gila aningali tandang pangamukipun
Ki Juragan sarta têtiyang Bali, nuntên sami lumajêng dhatêng ing Tuban, anglêmpakakên
bala sarta sami abêbiting, ing Sidayu sampun kancikan ing Ki Juragan Bali. Ki Juragan
sabalanipun angêlud dhatêng Tuban, sumêja ngrangsang biting, bala pasisir anadhahi, Ki
Tumênggung Tuban gadhah tiyang têtumbasan, kathahipun pitung dasa, lajêng ingabên
pêrang anadhahi prangipun Ki Juragan. Bala pasisir angêbyuki saking kiwa têngên.
Balanipun Ki Juragan kathah kang pêjah, utawi babêktanipun tiyang Bali sèkêt wau
sampun sami pêjah sadaya, sabab kêkathahên mêngsahipun. Ki Juragan sabalanipun
nuntên mundur lon-lonan, sarta lajêng

--- 586 ---

kengkenan asuka pariksa dhatêng Panji Surèngrana kang wontên ing Jipang. Panji
Surèngrana sarêng tampi pratela, yèn Juragan kawon prangipun. Enggal bidhal saking
Jipang sabalanipun, sumêja têtulung Ki Juragan. Ing sapêngkêripun Panji Surèngrana kitha
ing Jipang lajêng dipun ênggèni malih dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara, sarta angêrigi
tiyang môncanagari, Ki Tumênggung Kartanagara barisipun sampun agêng malih. Wondene
lampahipun Panji Surèngrana sabalanipun sampun dumugi ing Tuban. Lajêng prang kalihan
Tumênggung Tuban sarta bala pasisir, Panji Surèngrana sabalanipun ngamuk liwung, bala
ing Tuban kathah kang pêjah, Tumênggung Tuban sabalanipun lumajêng dhatêng Lasêm,
anglêmpakakên balanipun kang sami lumajêng, ing Tuban sampun kancikan dhatêng Panji
Surèngrana. Anuntên bêbantu saking Ki Patih Cakrajaya dhatêng wontên ing Lasêm,
têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara sabalanipun, sarta ambêkta bupati ing Kudus,
Dêmak, Pathi, ing Juwana sabalanipun. Sampun sami ngalêmpak wontên ing Lasêm.
Barisipun saklangkung agêng, lajêng bidhal angrêbat ing Tuban. Panji Surèngrana
sabalanipun lumajêng dhatêng Paronggahan. Sabab karoban kathah, lawan ing Tuban
sampun karêbat dening bala pasisir.

Kacariyos bala Kumpêni kang saking Batawi dhatêng wontên [wo...]

--- 587 ---

[...ntên] ing Samawis, kathahipun tigang brêgada, jinisipun warni-warni, Wêlandi, Ambon,
Tarnate, Bugis, Makasar, têtindhihipun anama Amral Brikman. Punapa malih para bupati
pasisir kang sakilèning Samawis inggih sampun pêpak wontên ing ngriku sabalanipun. Kala
ing wêktu punika ing Samawis saklangkung kathah ing têtiyang, jinisipun warni-warni.
Sarêng bala Kumpêni sampun aso ing sawêtawis, ingkang kalih brêgada nuntên
kabidhalakên mêdal ing laut, têtindhihipun Kumêndur Gobyo ing Samawis, kalih Kapitan
Krasbun. Amral Brikman kantun ing Samawis sarta bala Kumpêni sabrêgada, Ki Patih
Cakrajaya tumut mêdal ing laut. Para bupati pasisir, ing Têgal, Pakalongan, ing Kêndhal,
Kaliwungu, ing Batang, sabalanipun kinèn mêdal dharat. Saklangkung agêng lampahing
gêgaman. Lampahipun Ki Patih kalihan kumêndur mampir dhatêng ing Tuban, angêntosi
gêgaman kang mêdal dharat wau sarta anglêmpakakên balanipun para bupati pasisir kang
sampun wontên ing ngriku. Ki Patih lajêng anglampahakên utusan dhatêng Jipang animbali
Ki Tumênggung Kartanagara kalihan tiyang môncanagari sadaya, kinèn dhatêng Surabaya,
sampun ngantos angopèni rêriwukipun Panji Surèngrana wontên ing margi, sarta kapêsthi
ing dintên dhatêngipun wontên ing Surabaya, supados sarênga dhatêngipun kalihan
[kaliha...]

--- 588 ---

[...n] ki patih. Utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Jipang, Ki Tumênggung
Kartanagara inggih enggal bidhal kalihan bala môncanagari, ing Jipang tinilaran bala
sawêtawis, têtindhihipun Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang, lampahe ki tumênggung
lan sabalanipun sampun dumugi ing Surabaya, atata pasanggrahan sarta abêbiting wontên
sakiduling kitha, nama ing dhusun Sapanjang, balanipun angêbêki ara-ara tuwin pasabinan.

Wondene Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur sarta bala Kumpêni ing sarêng dhatêngipun
wontên ing Surabaya, anjujugi loji, ing ngriku sampun wontên bètèngipun alit, kajagèn
Kumpêni kawan dasa, kala rumiyin sampun kainggahan dhatêng gêgaman ing Surabaya,
nanging botên kenging, kumêndur wau lajêng abêbiting malih, anuntên gêgaman pasisir
kang mêdal dharat sami dhatêng, kathahipun tanpa wilangan. Lajêng sami abêbiting
tunggil Ki Patih Cakrajaya, untabing bala ambêlabar kados toya sagantên tanpa têpi, sarta
sami angatos-atos. Bala Kumpêni inggih sampun anata maryêmipun wontên ing bètèng, ki
patih kalihan ti[22] Tumênggung Kartanagara lajêng sami anglampahakên utusan, angaturi
palapuran ing sang prabu.

Gêntos kacariyos Panji Surèngrana kalihan Juragan Bali, kalanipun Ki Patih Cakrajaya
dhatêng wontên ing

--- 589 ---


Tuban. Panji Surèngrana sumingkir saking ing Paronggahan. Sarêng ki patih sampun
mangkat dhatêng Surabaya, Panji Surèngrana sarta Ki Juragan wangsul dhatêng ing
Paronggahan malih. Kala samantên Ki Juragan Bali apikir ing manahipun. Si panji iki
kapriye, tuture marang aku ênggone nglakoni pêrang iki awit saka parentahe sang prabu
ing Kartasura, jêbulane amungsuh pêpatihe sang prabu sarta wong satanah Jawa, dadi aku
iki milu wong duraka ing ratu, môngka ing kauripanaku iki anglakoni dagang kongsi dadi ing
kasugihanaku, awit saka brêkahe kang jumênêng nata ing tanah Jawa, angur aku milua
marang ki patih, têrkadhang dadi kamulyane awakku. Ki Juragan lajêng awad-awad sakit,
botên nêdha-nêdha ngantos pitung dintên pitung dalu, nanging lajêng sakit sayêktos ising-
isingên. Sarêng katur dhatêng Panji Surèngrana, Ki Juragan nuntên kinèn mantuk dhatêng
Garêsik saanakbojonipun. Lampahipun karêmbat ing tandhu, sadhatênge ing griyanipun
Garêsik Ki Juragan enggal nêdha sêkul, lajêng saras sami sakala.

Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana kang nama Dewa Kaloran, lan sabalanipun tiyang
Bali, amakuwon ing Garêsik. Dewa Kaloran wau pinuju ragi sakit. Nuntên angundang ing Ki
Juragan Bali, Dewa [De...]

--- 590 ---

[...wa] Kaloran pitakèn pawartosing pabarisan. Ki Juragan inggih lajêng wêwartos kathah-
kathah, Dewa Kaloran sarêng mirêng sangêt ênggènipun jêtung, nuntên wicantên dhatêng
Ki Juragan. Ki Juragan, bangêt ênggonku gêtun angrungu pawartamu iku, dene calathune
Si Panji ênggone angundang marang aku awit saka parentahe Susunan Pakubuwana, ing
wusana dadi mungsuhe, yèn mangkono aku bakal tumuli mulih marang ing Nungsa
Kambangan bae. Ki Juragan amangsuli, yèn dika ajêng mantuk, prayoga dika sanjang sarta
anyuwuna pratôndha dhatêng Ki Patih Cakrajaya, bilih botên têrang dhatêng ki patih,
pandugi kula dika botên angsal margi, sabab saurute pulo Madura puniku kaparentah ing Ki
Patih Cakrajaya, môngka dika srayane Panji Surèngrana, dadi mungsuhe wong satanah
Jawa, yèn botên kabênêran, dika amêsthi bakal nêmu bilahi lan sabala dika kabèh. Dewa
Kaloran wicantên malih, Ki Juragan, aku amiturut apa kang dadi rèhmu. Ki Juragan nuntên
anglampahakên kengkenan angaturakên sêrat panungkul dhatêng ki patih sarta
amratelakakên ingkang dados pikajênganipun Dewa Kaloran, ênggènipun badhe mantuk
dhatêng ing Bali sabalanipun, anyuwun pratandhanipun ki patih, supados wilujêngipun
wontên ing margi. Kengkenanipun Ki

--- 591 ---

Juragan inggih sampun dumugi ing Surabaya, sêrat sampun kaaturakên. Ki patih sarêng
sampun maos sêrat, sangêt suka ing manahipun. Lajêng amangsuli sêrat animbali Ki
Juragan sarta amaringi pratôndha, yèn sampun anglilani ing mantukipun Dewa Kaloran
dhatêng ing Bali lan sabalanipun. Ki Juragan sarta Dewa Kaloran sarêng sampun anampèni
sêrat, enggal sami mangkat. Ki Juragan angatêr ing margi, Dewa Kaloran sabalanipun
lastantun dumugi ing Bali. Ki Juragan lajêng dhatêng Surabaya, ki patih kalihan kumêndur
sarêng aningali ing warninipun Ki Juragan, sangêt ing bingahipun. Dêdêgipun gagah
prakosa sarta kathah rencangipun tiyang têtumbasan.

Ki patih lajêng anantun dhatêng Ki Juragan, punapa purun kaabên pêrang amêngsah Panji
Surèngrana, atur wangsulanipun Ki Juragan. Inggih purun. Ing pundi panggenanipun
kêpanggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Surèngrana. Ki Patih lajêng parentah
dhatêng bupati ing Têgal, kalih ing Kaliwungu, tiga bupati ing Barêbês. Kinèn angabên
prang Ki Juragan dhatêng ing Lamongan. Ingkang sami kadhawuhan enggal mangkat
sabalanipun, mêdal ing Garêsik. Lajêng dhatêng ing Lamongan. Kala samantên Panji
Surèngrana sawêg mantuk saking Paronggahan, kagèt kadhatêngan gêgaman saking

--- 592 ---

Surabaya, lajêng campuh prang, Ki Juragan dharat angamuk liwung sarencangipun. Bala
ing Lamongan kathah kang pêjah, sabab gugup tandangipun, botên nyana yèn kadhatêngan
mêngsah, anuntên bupati ing Tuban sabalanipun nangkêbi saking lèr, gêgaman ing Jipang
nangkêbi saking kilèn. Panji Surèngrana sabalanipun kèngsêr saking kitha Lamongan.
Lumajêng dhatêng satêngahing wana, sangêt pakèwêd papanipun. Balanipun botên wontên
kang têluk satunggil-tunggila, kitha ing Lamongan sampun binêsmenan. Ki Juragan sarta
para bupati sabalanipun wau lajêng wangsul dhatêng ing Surabaya.

Anuntên ki patih kalihan Ki Tumênggung Kartanagara tampi sêrat saking sang prabu,
amundhut carikipun Ki Tumênggung Kartanagara, kang nama Saratruna, badhe
kaabdèkakên. Sabab sang nata rêmên aningali ing sasêratanipun. Carik Saratruna inggih
nuntên kaangkatakên. Sarta ki patih kalihan ki tumênggung sami angaturi sêrat palapuran
bab prang, sarta mratelakakên yèn wontên juragan satunggil anama Juragan Bali, kathah
rencangipun têtumbasan purun anglabuhi ing damêlipun sang prabu, sangêt kêndêlipun
yèn prang, utusanipun Ki Patih inggih sampun mangkat sarta andhèrèkakên Carik.

Kacariyos adhinipun Dipati Jayapuspita, kang nama [na...]

--- 593 ---

[...ma] Panji Kartayuda, ingkang abaris ing kitha Kadhiri, kala samantên mantuk dhatêng
Surabaya lan sabalanipun kalih èwu, nanging botên lumêbêt ing kitha, balanipun
pinêrapat, lajêng angriwuk bala ing Kartasura kang sami baris wontên ing dhusun
Sapanjang. Ingkang wontên sajawining biting ing sabên dalu sami dipun kampaki tuwin ing
wanci siyang inggih dipun inggahi, dhatêngipun botên kenging katamtu, têrkadhang wanci
sêrap, têngah dalu, lingsir dalu, bangun enjing, wanci enjing, siyang inggih dhatêng
anggêbag ing pasanggrahan. Nuntên sami wangsul dhatêng ing wana, bala ing Kartasura
sami giris manahipun. Yèn dalu botên sakeca tilêm. Bilih siyang botên wontên sagêd
kêkrapa.

Kacariyos malih utusanipun Ki Patih kang dhatêng ing Kartasura, Ki Saratruna sampun
kaaturakên ing sang prabu, lajêng kaabdèkakên, kadadosakên Lurah Carik, kaparingan
nama Carik Bajra, sang nata inggih sampun amaringi sêrat wangsulan dhatêng ki patih bab
Ki Juragan Bali, andikakakên ênggêmpalakên siti dhusun ing Garêsik karya tigang atus.
Kinèn maringakên dhatêng Ki Juragan, sarta kapatêdhanan nama Ngabèi Tohjaya.
Utusanipun Ki Patih sarêng sampun anampèni wangsulan dalêm, enggal mangkat wangsul
dhatêng Surabaya, sêrat dalêm sampun katampèn dhatêng ki patih sarta sangêt bingah
[bi...]

--- 594 ---

[...ngah] ing manahipun. Ki Juragan Bali lajêng kamupakatakên ing para bupati, yèn
kaparingan nama Ngabèi Tohjaya, kapatêdhan lêlênggah tigang atus karya siti dhusun ing
Garêsik.

Anuntên ki patih rêmbagan kalihan kumêndur, sarèhning sampun lami ênggènipun dhatêng
wontên ing Surabaya, prayogi tumuntên lêkas pêrang, ambêdhah kitha Surabaya,
kumêndur kapanujon manahipun. Lajêng sami parentah anata baris. Ingkang kadadosakên
panjawat kiwa bala pasisir kiwa, têtindhihipun Ki Dipati Jayaningrat. Ingkang dados
panjawat têngên bala pasisir têngên, têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara, Ki Patih
sabalanipun sarta bala Maduntên dados dhadha, tunggal kalihan bala Kumpêni, botên pisah
kalihan kumêndur, anuntên bidhal saking pabitingan sumêja marêpêk kitha, kathahing bala
tanpa wilangan. Bala Kumpêni yèn sinawang kados mêndhung alêlampah, bala pasisir
kados toya sagantên ambalabar ngêbêki papan. Busananipun apindha sêkar sataman. Bala
ingkang lumampah ing ngajêng sami ambêkta tingkês jagang.

Wondene Ki Dipati Jayapuspita ing Surabaya inggih sampun mêdal saking kitha sabalanipun
sumêja mêthuk prang, amapan wontên ing ara-ara dhusun Kapasan. Kathahing bala
antawis wolung èwu, ingkang kadadosakên [kadado...]

--- 595 ---

[...sakên] panjawat kiwa adhinipun sang dipati wuragil anama Ngabèi Jangrana, ingkang
dados panjawat têngên putranipun Sang Dipati Jangrana suwargi anama Jaka Tangkêban,
taksih jaka kumala- kala, ingkang dados dhadha sakathahe pangulu, kêtib, modin
sapanunggilanipun, sami ngangge rasukan pêthak, anyothe cundrik, nyêpêng talêmpak,
wêtawis kathahipun wolung atus. Têtindhihipun anama Ki Pangulu Khakim kalih Ki Pangulu
Tambak Kaji, yèn sinawang kados pêksi kuntul sarawa, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi
wontên ing wingking, lênggah sarta pinayungan, ingadhêp bala kang ngampil upacara.
Gêgaman ing Surabaya sampun ajêng-ajêngan kalihan gêgaman pasisir utawi gêgaman
Kumpêni, nanging tandhingipun jitus. Upaminipun tiyang Surabaya satunggil, mêngsahipun
satus. Bala ing Surabaya inggih botên ajrih aningali mêngsahipun kathah, anuntên sami
campuh prang, bala Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Kaum ing Surabaya
sami mêndhak. Sarêng ing paprangan sampun pêtêng dening kukus, para kaum lajêng sami
mangsah sarwi surak, anusup kukus. Lajêng sami prang rukêt. Kathah kang sami pêjah,
utawi kang sami dados panjawat inggih sampun sami prang sakalangkung rame, swaraning
sanjata sarta maryêm kados galudhug botên kèndêl-kèndêl awor swaraning surak tuwin
pasambating [pasamba...]

--- 596 ---

[...ting] tiyang kang kabranan, yèn kamirêngakên anggêgirisi, ing paprangan mili rah,
wangke tumpang tindhih amindha pulo, kang minôngka toyaning sagantên êrah wau,
putunganing watang amindha sarah, kang amindha mina tamèng tuwin lêlayu sarta
bandera, kathahe ingkang sami pêjah tanpa wilangan. Bala Kumpêni kalih brêgada ingkang
pêjah ing paprangan ngriku sabrêgada, bala pasisir sapanunggilanipun bala ing Kartasura
pêpalihan ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, sarta bibrah tatanipun. Wondene bala
ing Surabaya taksih kathah ingkang gêsang lan ingkang pêjah, sabab gilig ing
kapurunanipun sami sumêja prang sabil. Dados awrat sêsanggènipun.

Kacariyosakên wiwit nagari Majapait, wontênipun prang rame sarta kathahing pêpêjah
botên anyamèni prang Surabaya punika, bala Kumpêni tuwin bala pasisir nuntên dhadhal
sami lumajêng angungsi ing bitingipun. Bupati ing Têgal kang nama Panji Wiranagara lan
sabalanipun kalih atus kawan dasa botên purun lumajêng, nuntên ingêbyukan dening bala
Surabaya, Panji Wiranagara lan sabalanipun wau sampun tumpês sadaya, bala ing Surabaya
sami wêlas aningali ing kunarpanipun Panji Wiranagara, sabab bagus warninipun panggah
ing pêrang, kunarpanipun lajêng sami dipun saèni. Wondene palajêngipun [pala...]

--- 597 ---


[...jêngipun] bala pasisir wau kathah kang sami gêbyur ing lèpèn. Têmah salong wontên
kang pêjah dening toya, Ki Ngabèi Tohjaya sarencangipun dados pangawat kiwa sumêdya
panggah ing pêrang, nanging kèlês ing kathah, inggih nuntên lumajêng nurut lèpèn.
Sampun kêpanggih kalihan ki patih wontên ing biting, Ki Tohjaya matur, ki patih sampun
ngantos tumut ing pêrang, anjênêngana wontên ing wingking kemawon, dadosa
pangungsènipun bala kang sami lumajêng. Ki patih sangêt suka ing manahipun lajêng
anglempakakên bala kang sami lumajêng wau sarta katata malih, tuwin prajuritipun ki
patih piyambak inggih sampun katata. Anuntên bala ing Surabaya dhatêng, sumêja
ngrangsang bitingipun ki patih, gumuruh sarwi surak, gamêlanipun angungkung, lajêng
anêmpuh, bala kapatihan sarta bala pasisir anadhahi, arame pêrangipun. Kathah kang sami
pêjah, Ki Tohjaya munggèng ing ngarsane ki patih sarencangipun ngamuk liwung, kang
tinarajang kathah kang pêjah, bala pasisir sami lumajêng angungsi ing ki patih, nuntên
katulungan dhatêng bala ing kapatihan. Bala ing pasisir lajêng purun majêng pêrang malih,
ing sabên-sabên mêngkab barisipun enggal tinulungan dhatêng ki patih, dados kêkah
pêrangipun bala ing pasisir, bala ing Surabaya inggih sura pêrangipun. Pêpêjah anggulasah
sak ênggèn-ênggèn. Anuntên Kumpêni anulungi kalayan mariyêm saking ing bètèng, [bè...]

--- 598 ---

[...tèng,] bala ing Surabaya kathah kang pêjah, lajêng sami mundur sabab kasaput ing
dalu, Dipati Jayapuspita lajêng anabuh gamêlanipun wontên ing pabitinganipun, sarta sami
asuka-suka, bala ing Kartasura kang sami mirêng angênês manahipun. Ki patih lajêng
angaturi uninga ing sang prabu kawrat ing sêrat. Yèn kawon pêrangipun, balanipun kathah
kang pêjah, punapa malih kumêndur inggih sampun kintun sêrat dhatêng Amral Barikman
kang wontên ing Samawis. Kala samantên sinêngkalan 1643.

Kawuwusa Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, sami bidhal sabalanipun wêtawis
kathahipun kawan èwu, sumêja nukub bala môncanagari kang sami baris wontên ing
dhusun Sapanjang, kala samantên Tumênggung Surawijaya ing Jipang sawêg dhatêng
abêbantu mriku sabalanipun sarta ambêkta têtêdhan kathah, kang sami baris ing ngriku
wau sami suka manahipun. anuntên gêgamanipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda
dhatêng, anukub wanci têngah dalu amaju tiga, bala môncanagari kagèt, botên nyana
ulêng-ulêngan kados gabah dèn intêri, sarta kathah kang pêjah dening mêngsah, gêgaman
tuwin barangipun sami têlas kapêndhêt ing mêngsah, Tumênggung Surawijaya tatu kenging
pasêr, Tumênggung Kartanagara sabalanipun badhe atêtulung, nanging sampun dipun
ajangi, dados [dado...]

--- 599 ---

[...s] botên sagêd atêtulung, sarta balanipun kathah kang pêjah dening mêngsah, botên
sagêd amalês. Ênggènipun pêrang wiwit têngah dalu ngantos ing wanci byar, sarêng wanci
enjing Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sabalanipun sami mundur dhatêng ing wana,
bala Kartasura sarta môncanagari sami ngênês manahipun. Sarêng wanci siyang Ki
Tumênggung Surawijaya pêjah, ing dalunipun Ki Tumênggung Kartanagara sabalanipun
tiyang Kartasura sami ambolos. Enjingipun Panji Surèngrana sabalanipun dhatêng malih,
bala môncanagari nungkul asrah bongkokan gêgaman. Lajêng kinèn anututi kang sami
ambolos wau, bala Kartasura kathah kang kacandhak pinêjahan. Ênggènipun anututi
wangsul ing Lamongan. Palajêngipun Ki Tumênggung Kartanagara mêdal ing Garêsik.
Sumêja anjog ing Samawis. Sarta sangêt karisakanipun.

Kacariyos Amral Brikman, ingkang wontên ing Samawis. Sarêng tampi sêrat saking
Surabaya, yèn Kumpêni kawon pêrangipun, sarta nuntên aningali bala ing Kartasura kang
sami kaplajêng wau, Amral anuntên mangkat ambêkta Kumpêni kalih brêgada, sumêja
abêbantu dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng mêntas
dhatêng dharatan sakumpêninipun. Sampun kêpanggih akalihan kumêndur tuwin ki patih,
kumêndur

--- 600 ---

awêwartos yèn kawon prangipun. Amral lajêng ambanting tapiyonipun. Enggal anyandhak
sêmprong kadamêl nyêmprong pabarisan ing Surabaya, Amral sarêng aningali agêngipun
pabarisaning mêngsah sangêt eram, sarta agèdhèg-gèdhèg. Lajêng wicantên dhatêng Ki
Patih Cakrajaya, ki patih, sangêt eraming manah kula aningali agênge barising mêngsah,
salami kula pêrang wontên ing tanah Indhu ing sabrang, kula dèrèng aningali kathahing
mêngsah kados punika, kula botên maibên yèn awrat ing sêsanggènipun. Kalih dene
laminipun ênggèn sampeyan bêbarisan wontên ing ngriki, tiyang Surabaya dèrèng wontên
kang nungkul satunggil-tunggila, ing saupami kula botêna anglampahi ayahanipun sang
prabu, kula pilalah wangsul saking wêgah kula rumaos botên sagêd ambêdhah ing
Surabaya. Kacariyos Amral wau lajêng botên nêdha-nêdha ngantos tigang dintên tigang
dalu, amung anisil pari kemawon. Bilih tilêm anungsang, sukunipun kadèkèk ing inggil.
Sarêng sampun tigang dintên lajêng wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, pandugi kula
wontên pitulunging Allah dhatêng kula, nagari ing Surabaya kados badhe bêdhah dening
kula, mila sampun ngantos maras galih sampeyan. Ki patih sakalangkung suka ing
galihipun.

1. samôngsa-mangsanipun. (kembali)

2. Salatiga (dan di tempat lain). (kembali)

3. ora. (kembali)

4. nata. (kembali)

5. ngungêlakên. (kembali)

6. wontên. (kembali)

7. rananggana. (kembali)

8. pramugarining. (kembali)

9. sima. (kembali)

10. nyêbut. (kembali)

11. miturut. (kembali)

12. ambruk. (kembali)

13. sang. (kembali)

14. kêkijing. (kembali)


15. sugal. (kembali)

16. Pangeran. (kembali)

17. rêngat. (kembali)

18. tiyang. (kembali)

19. masjid (dan di tempat lain). (kembali)

20. ambêdhah. (kembali)

21. utusan. (kembali)

22. Ki. (kembali)

--- 601 ---

Ki Patih lajêng parentah dhatêng Ki Ngabèi Tohjaya, kinèn anindhihi bala kang sami
ngupaya uwos tuwin pantun sapanunggilanipun kang warni tatêdhan dhatêng padhusunan
sakiwatêngêning ngriku, Ki Tohjaya wau kinanthenan tiyang ing Kudus satunggil anama
Sirnayuda, sami kakêndêlanipun akalihan Ki Tohjaya, tiyang kêkalih inggih lajêng mangkat
angirit tiyang kathah, sarta sampun angsal tatêdhan kathah, tiyang ing bêbarisan sami
ayêm manahipun. Ki patih anuntên anglampahakên utusan animbali Pangeran Cakraningrat
ing Madura, nanging botên sagêd sowan. Sabab ing Madura pinuju pêrang agêng, amêngsah
mantunipun kang anama Arya Dikara ing Pamêkasan. Wondene ingkang dados nalaring
pêrang, garwanipun Arya Dikara wau purik dhatêng ing Maduntên. Lajêng dipun kêkahi
dhatêng ingkang rama Pangeran Cakraningrat. Ing sabên dintên tansah pêrang sarta kathah
kang sami pêjah, nanging tiyang Maduntên kathah kang sami ambalik tumut Arya Dikara.
Pangeran Cakraningrat sangêt kewran ing galihipun. Lajêng parentah dhatêng ingkang rayi
kang anama Radèn Suradiningrat, kinèn ambêdhah ing Pamêkasan, kinanthenan
santananipun anama Jangkewuh, sarta binêktanan bala ing Maduntên sapalih.

Radèn Suradiningrat enggal bidhal sabalanipun. Sarêng dumugi sajawining kitha Radèn
Suradiningrat sanès [sa...]

--- 602 ---

[...nès] pikajênganipun, melik ing kamuktèn, supe ing kadang sêpuh, kait kalihan
Jangkewuh, sumêja ngêndhih ingkang raka Pangeran Cakraningrat. Radèn Suradiningrat
wau lajêng adamêl sêrat katur ing Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur, amadulakên yèn
ingkang raka sumêja ambalik mêngsah ing sang prabu, bilih wontên pangajanipun ki patih,
Radèn Suradiningrat inggih sagah ambêdhah ing Madura, akathah- kathah wêwadulipun
kang kalêbêt ing sêrat. Utusan enggal lumampah dhatêng ing Surabaya, sêrat sampun
katur dhatêng ki patih sarta kumêndur, ki patih enggal amangsuli sêrat. Radèn
Suradiningrat kinèn anggêbag nagari ing Maduntên, anyêpênga kakangipun. Sarta ki patih
amarentahi tiyang Sumênêp tuwin Pamêkasan, sami ambiyantonana dhatêng Radèn
Suradiningrat. Punapa malih kumêndur inggih sampun amarentahi kapitan kapal satunggil
anama Kapitan Kartas, kinèn anjathok wontên muwara Madura, Kapitan Kartas sampun
nyêpak wontên ing muwara Madura, punapa malih tiyang ing Sumênêp tuwin Pamêkasan
inggih sampun kumpul kalihan Radèn Suradiningrat. Têtiyang ing Madura inggih kathah
kang anungkul, dados Pangeran Cakraningrat kesisan bala. Kala samantên Pangeran
Cakraningrat sampun sumêrêp yèn ingkang rayi ambalik sumêja ngêndhih ing Madura,
Pangeran sangêt [sangê...]

--- 603 ---

[...t] ênggènipun prihatin sarta kesisan bala, lajêng utusan aminta sraya dhatêng ing Bali.
Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun dhatêng angêpung ing Madura, Pangeran
amêmpên salêbêting cêpurinipun. Balanipun kantun nêm atus. Ing sabên dintên sami
anglolosi anungkul ing Radèn Suradiningrat. Pangeran sangsaya ngênês. Kang pinanggih ing
galihipun sumêja nungkul dhatêng Kumpêni kang wontên ing baita badhe lajêng sowan
dhatêng ki patih, pangeran enggal anglampahakên utusan têluk dhatêng Kapitan Kartas.
Kapitan Kartas sarêng anampèni pratelaning utusan, sangêt bingah ing manahipun, enggal
winangsulan. Pangeran ingaturan lolos saking ing dalêmipun, tumêdhaka dhatêng baita,
utusan sampun mantuk matur ing gustinipun. Pangeran sangêt bingah, lajêng pradandosan
sagarwaputranipun. Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun angrurah padalêman ing
Madura, Pangeran Cakraningrat sampun lolos mêdal kori bêbutulan sagarwaputranipun
tuwin abdi ing sawêtawis. Lampahipun sampun numpak ing baita konthing angunjal
dhatêng kapal. Pangeran minggah ing kapal rumiyin. Kapitan mêthukakên sarta sangêt ing
urmatipun. Atata lênggah wontên ing petak, sarta urmat angungêlakên mariyêm. Anuntên
garwa putranipun sang pangeran minggah ing kapal.

--- 604 ---

Kapitan enggal mêthukakên sajawining petak, anyandhak astanipun radèn ayu sarwi
anêcêp jangganipun. Radèn Ayu Cakraningrat sarèhning dèrèng sumêrêp ing adatipun
tiyang Wêlandi lajêng anjêrit. Sariranipun gumêtêr asambat ingkang raka. Pangeran
Cakraningrat amirêng panjêritipun ingkang garwa sangêt kagèt, andik netranipun,
mukanipun kados sêkar wora-wari bang, sangêt ing krodhanipun. Enggal narik curiga,
Kapitan Kartas sinuduk lambungipun têrus pêjah kapisanan aniba ing petak. Pangeran lan
putranipun lajêng angamuk. Kumpêni sakapal gègèr, pangeran kinarubut pinêstulan,
pinêdhangan, kinêrbinan, nanging botên pasah, Kumpêni kathah kang pêjah, Wêlandi gala-
gala sami têtulung angêbyuki, pangeran tinubruk ing kursi tiba lênggah, lajêng pinoporan
sarta ginêbagan ing sorok. Rêmak sariranipun lajêng pêjah saputranipun. Wêlandi sakapal
kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, jisimipun sang pangeran lajêng kinêthok
jangganipun. Gêmbung binucal ing sagantên. Sirah binêkta dhatêng Surabaya lan garwa
tuwin putranipun alit-alit. Dene kitha ing Madura lajêng dipun broki ing Radèn
Suradiningrat. Lampahipun Kumpêni kang ambêkta sirahipun Pangeran Cakraningrat wau
sampun katur dhatêng Amral tuwin ki patih, sarta sangêt ing ngungunipun. Ki patih enggal
[engga...]

--- 605 ---

[...l] anglampahakên utusan sarta mawi sêrat angaturi uninga ing sang prabu, wondene
sang nata sarêng anampèni sêrat saking ki patih, inggih sakalangkung ngungunipun. Enggal
amaringi wangsulan, sarta nuwala kapatêdhakakên ing Radèn Suradiningrat. Sêrat
wangsulan sarta nuwala inggih sampun katampèn dhatêng ki patih tuwin Amral. Sarta sami
sangêt ing bingahipun sabab aturipun katarimah.

Ki patih nuntên utusan animbali ing Radèn Suradiningrat ing Madura lan sabalanipun,
samaktaa sagêgamaning prang, utusan sampun dumugi ing Madura, Radèn Suradiningrat
sarêng tampi parentah, inggih enggal bidhal sabalanipun tiyang Madura Sumênêp
Pamêkasan kinêrig. Sarta lajêng kamupakatakên yèn kadadosakên bupati ing Madura,
kaparingan nama Pangeran Cakraningrat. Amral sarta ki patih lajêng parentah dhatêng
para bupati sabalanipun. Yèn ing dintên Salasa badhe magut prang ambêdhah ing
Surabaya, kang sami kadhawahan matur sandika, sarêng ing dintên Salasa inggih lajêng
bidhal saking ngriku anyakêti bitinging mêngsah sajawining kitha, Kumpêni sampun adamêl
biting, amunggul balowartinipun, maryêmipun sampun tinata, ajêng-ajêngan kalihan
bitinge mêngsahipun. Para bupati pasisir tuwin ing Madura inggih sampun sami abêbiting
piyambak-piyambak. [piyambak-piyamba...]

--- 606 ---

[...k.] Kumpêni wau kathahipun kawan bragada, bala Surabaya sarêng aningali Kumpêni
angangsêk biting, lajêng sami angatos-atos sarta amapanakên mariyêmipun. Nuntên sami
pêrang mariyêm saking pabitingan. Dipati Jayapuspita minggah ing pêpanggungan anabuh
carabalèn. Tuwan Amral aningali solahipun sang dipati angeca-eca, agèdhèg-gèdhèg.
Lajêng parentah anyipat mariyêm pêpanggungan. Binendrong botên kèndêl-kèndêl.
Nanging botên kenging, sang dipati taksih ngeca-eca anabuh carabalèn, tuwin balanipun
sadaya inggih botên wontên ingkang miris. Malah sami ura-ura, wontên kang anggambang
tuwin calêmpungan. Punapa malih yèn wanci siyang para èstri inggih sami angintun
dhatêng lakinipun kang sami wontên ing pabarisan pabitingan. Sarêng katingalan dhatêng
tiyang Kumpêni lajêng kasipat ing mariyêm. Nanging botên wontên kang kenging, para
èstri wau inggih botên wontên kang ajrih, sakeca ênggènipun sami lumampah sarwi
anggendhong cênging[1] tuwin sumbul. Ing waktu punika pabarisan ing Surabaya prasasat
abêbiting pandonga ajêjagang pamuji, mila makatên, têtiyang ing Surabaya jalêr èstri
sadaya sami kaprêdi salat sarta kaprêdi angaji kitab Kur'an dhatêng sang dipati, ing
samangsanipun wontên kang amiturut ing parentah wau, lajêng

--- 607 ---

kalêpatakên ing paos tuwin takêr têdhak, malah sami tampi ganjaran. Yèn pinuju tiyang
padhusunan inggih sadhusun pisan kapradikakakên. Milanipun sadaya sami ajrih asih
dhatêng sang dipati, sarêng prang punika sami nêja anglabuhi pêjah amalês kasaenanipun
sang dipati, dene ênggènipun pêrang mariyêm punika laminipun pitung dintên pitung dalu,
têtiyang ing Surabaya sami yuwana, botên wontên kang sami kadhawahan ing mimis.
Punapa malih pamondhokanipun ingkang sami kadhawahan mimis gutuk api, mimis bum,
inggih botên wontên kang pasah kabêsmi, amargi sang kipati sangêt kumandêlipun ing
Allah sarta sae ing pambêkanipun.

Anuntên kacariyos Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, ênggènipun minta sraya tiyang
ing Bali dhatêng, pinanggihan wontên ing Lamongan anama Murah Panji Balèlèng, ambêkta
bala sèwu, sakalangkung sinuba-suba dhatêng Panji Surèngrana kalih Kartayuda sarta
kathahing pangêbangipun. Panji Surèngrana sarta Kartayuda wau lajêng sami angaturi
uninga dhatêng ingkang raka sang dipati, ingaturan amanggihana Murah Panji Balèlèng
wau, sang dipati botên karsa amanggihi, nanging ingkang rayi kalih kinèn abêbingaha ing
srayanipun. Supados sampun ngantos mutik mantuk dhatêng ing Bali, ciptanipun sang
dipati saupami benjing kasêsêr pêrangipun, tiyang ing Bali [Ba...]

--- 608 ---

[...li] wau badhe kenging kaabên pêrang, ciptanipun sang dipati makatên punika kalajêng
kasiku ing Allah, sabab suda pangandêlipun ing Allah, angandêl dhatêng sêsamining tiyang,
andadosakên icale yuwananipun salêbêting prang, pratandhanipun, kala sang dipati dèrèng
sumêrêp, yèn ingkang rayi kêkalih aminta sraya tiyang ing Bali, griya ing pabarisan
Surabaya botên wontên kang kabêsmi dening mimis, utawi tiyangipun inggih botên wontên
kang sami kenging ing mimis. Sarêng sang dipati anampèni ing dhatêngipun tiyang ing Bali
wau, bala ing Surabaya lajêng kathah kang sami kenging ing mimis. Griya ing pabarisan
inggih lajêng kathah kang sami kabêsmi dening mimisipun tiyang Kumpêni.

Gêntos kacariyos tuwan kumêndur sarta Amral apirêmbagan kalihan ki patih, tuwan
kumêndur wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, kadospundi prakawis pêrang punika,
yèn manggunga mêmriyêman kemawon, pandugi kula ing dalêm sawindu botên sagêd
rampung pêrang puniki, obat mimis kula botên wande badhe têlas. Mênggahing rêmbag
kula prayogi pêrang dhadha, bilih kawon inggih sirna, yèn mênang amêsthi ngukup,
nanging tumuntên wontên kawêkasanipun. Kalih dene tiyang sampun botên kêkirangan.
Bala Kumpêni tuwin bala Jawi sampun kathah, gêgamanipun sampun mirantos. Kang dipun
[dipu...]

--- 609 ---

[...n] antosi punapa. Tuwin Amral kalihan ki patih kapanujon manahipun. Lajêng sami
parentah anata baris. Ingkang dados panjawat kiwa Pangeran Cakraningrat akanthi
têtiyang ing Sumênêp Pamêkasan, ing Grêsik Sidayu, para bupati pasisir sanèsipun sami
dados panjawat têngên. Ki patih tunggil bala Kumpêni dados dhadha, kathahing bala tanpa
wilangan. Wondene Ki Dipati Jayapuspita inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun mêdal
pêrang, balanipun sang dipati inggih sampun katata, lajêng sami anabuh tangara magut ing
pêrang, sakalangkung ramening pêrangipun, sabab sami ing purunipun. Swaraning sanjata
sarta surak angobahakên bumi, dhawahing mimis amindha jawah, kunarpa ambêlasah
saênggèn-ênggèn. Bala Kumpêni kang tumpês kalih brêgada, kapitan Wêlandi kang pêjah
anama Kapitan Krasbun. Lutnangipun kang pêjah kêkalih, anama Pan Dêrlin, kalih Lutnang
Pambandhêm. Bala pasisir tuwin bala Madura kang pêjah tanpa wilangan. Wondene bala
ing Surabaya kathah ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, bala kang sami pêjah ing
paprangan wau warni-warni, wontên kang pêjah kenging gêgaman, sawênèh pêjah
sêsingunên aningali kunarpa kathah, wontên kang pêjah ambu-ambunên dening rah,
wontên kang pêjah sayah sarta kaluwèn, sabab ênggènipun pêrang sadintên muput.
Anuntên [A...]

--- 610 ---

[...nuntên] kasaput ing dalu, ingkang pêrang sapih sami mundur dhatêng ing
pabitinganipun. Sarêng sanès ing dintên Sang Dipati Jayapuspita sabalanipun atilar kitha,
lumèngsèr dhatêng sawetaning lèpèn, amapan baris wontên ing kori sakèthèng, kithanipun
lajêng dipun broki dhatêng Kumpêni tuwin ki patih, anuntên bêbantunipun Kumpêni saking
Jakarta dhatêng wontên ing ngriku, kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun anama Mayor
Gustap, kalih Kapitan Pardèmês, tiga Lutnang Jakin, sakawan Kapitan Tonar.

Anuntên tuwan kumêndur wicantên dhatêng ki patih tuwin dhatêng Amral, angajak magut
pêrang malih, sabab kumêndur wau botên sabaran sarta sangêt ing kêndêlipun. Ki patih
sarta Amral anuruti, ing enjingipun lajêng sami ambidhalakên gêgaman. Tataning baris
botên ewah, taksih kados sabên. Wêdalipun saking kitha andalêdêg kados toya mêdal
saking rong. Wondene Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun mêdal saking kori sakèthèng
sabalanipun, amapan wontên sakilèning lèpèn. Balanipun pinartiga, kang saduman kadèkèk
pangawat kiwa, têtindhihipun anama Jaka Tangkêban. Kang saduman kadamêl pangawat
têngên, têtindhihipun Ki Ngabèi Jangrana, bala kang saduman dados dhadha, têtindhihipun
sang dipati piyambak, tinunggilakên

--- 611 ---

kalihan prajurit kaum. Sang dipati wau agadhah prajurit dulangmangap kalih èwu, kinèn
rumêksa wontên wingkingipun. Anuntên bala ing Kartasura sarta Kumpêni dhatêng, lajêng
têmpuh pêrang rame, swaraning sanjata kados rêdi rêbah, swaraning surak amindha
ampuhan. Bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang pêjah, bala ing Surabaya inggih
kathah ingkang pêjah, ramening pêrang sarta kathahipun kang sami pêjah angungkuli
ingkang sampun kalampahan. Pêjah sanjata lajêng sami pêrang rumakêt. Tuwan kumêndur
sarta para upêsir tandangipun mubat-mabit anêrêgakên bala, kang tinêrajang têtumpêsan.
Sang Dipati Jayapuspita anglela wontên ing paprangan. Nanging taksih sakeca lênggah
pinayungan sarwi udud. Arasukan pranakan pêthak, udhêng gilig wungu, anyamping limar,
ingadhêp lare alit angampil upêt kalihan gantèn. Tuwan kumêndur sarêng aningali dhatêng
sang dipati lajêng angabani Kumpêninipun, kinèn ngarutug ing sanjata tuwin mariyêm.
Nanging botên kenging, sang dipati angawe-awe sarwi wicantên. Kumêndur, majua mrene,
yèn obat mimismu êntèk usungana manèh. Bala ing Surabaya ingkang dados panjawat
têngên têtumpêsan. Ki Ngabèi Jangrana kapupu ing paprangan. Dene ingkang dados
panjawat kiwa inggih sakalangkung rame pêrangipun, têtindhihipun anama [a...]

--- 612 ---

[...nama] Jaka Tangkêban. Balanipun kathah ingkang pêjah, Jaka Tangkêban wau sarêng
aningali Sang Dipati Jayapuspita kinarubut ing Kumpêni, kinarutug ing sanjata, Jaka
Tangkêban enggal anilar pangamukipun, sumêja amurugi dhatêng panggenanipun sang
dipati sarwi anumpak kapal. Nanging lampahipun kasangsang ing mimis tuwin jêmparing
sarta pasêr, kapalipun Jaka Tangkêban malumpat. Lajêng anyêlaki sang dipati, matur
sarwi nangis angaturi mundur, sang dipati angandika, thole, lèrèna dhisik, aja angamuk.
Anuntên sang dipati ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn ingkang rayi Ki Ngabèi
Jangrana kasambut ing paprangan, balanipun tumpês. Sang dipati sarêng mirêng enggal
nyandhak waos karsa angamuk, sarwi angatag prajuritipun dulangmangap sarta prajurit
talangpati kalih èwu, ayo bocah dulangmangap talangpati, ngamuk barêng lan aku, padha
mêrêma bae cikbèn ilang marasmu, ya iki patukoning swarga. Bala kang ingatag enggal
mangsah, ambyuk angamuk rampak. Kang tinêrajang kathah pêjah, kang pêrang bangun
rame malih.

Para mantri tuwin prajurit kaum ing Surabaya sami matur dhatêng sang dipati, sampun
ngantos anyarirani prang, anjênêngana saking wingking kemawon. Sabab balanipun taksih
kathah sarta taksih sami purun. Sang dipati amangsuli, ing sadina iki aku ora kêna padha

--- 613 ---

kopalangi, ayo barêng ngamuk. Para mantri sarta para kaum wau lajêng sami anglancangi
ngamuk. Anêrajang bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, Mayor Gustap angabani
Kumpêninipun kang sami angangge durbus kathahipun wolung dasa, kang tinêmpuh
têtumpêsan, sinusunan ing gurnat lan gurnada, tiyang ing Surabaya sangsaya kathah
ingkang pêjah. Anuntên para garwanipun sang dipati tuwin para santananipun èstri sami
kamirêngan, yèn Ki Ngabèi Jangrana pêjah sarta bala ing Surabaya inggih kathah ingkang
pêjah, para èstri wau lajêng sami nusul dhatêng ing paprangan atawan tangis, sami
anggarumung sang dipati ingaturan mundur, atata-tataa rumiyin. Sabab balanipun sampun
kathah ingkang sami pêjah, akumpula kalihan Panji Surèngrana punapa dene Panji
Kartayuda, nuntên majênga pêrang malih. Sang dipati sarêng ginubêl ing para arum,
sangêt kewran ing galihipun. Lajêng mundur sabalanipun alon-lonan. Kumpêni botên
ambujêng, angarutug ing sanjata saking katêbihan sarta kasaput ing dalu, Kumpêni sarta
bala ing Kartasura sami wangsul dhatêng kitha ing Surabaya, Sang Dipati Jayapuspita
wangsul dhatêng ing kori sakèthèng malih.

Ing dalunipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sami sowan dhatêng ingkang raka,
sang dipati ingaturan lumèngsèr saking kori sakèthèng, anunggila kalihan Murah [Mu...]

--- 614 ---

[...rah] Panji Balèlèng wontên ing Kapraban. Sang dipati alon amangsuli, adhi, aku durung
gêlêm anyênyambat pêrang ing wong liyan. Samêngko aku isih dhêmên angadu pêrang
wongku dhewe ing Surabaya, calathumu iku ya wis bênêr, sabab wongku ing Surabaya ming
sathithik sarta wis akèh kang padha mati pêrang, mungsuhku wong saka tanah Jawa kèhe
lêksan, êmbuh tikêle lan balaku ing Surabaya, nanging aku ora miris. Ingkang rayi kêkalih
mêksa angaturi kèngsêr, sang dipati lajêng anantun dhatêng para lêlurahing kaum.
Sarèhning badhe kumpul kalihan tiyang ing Bali, punapa botên ambatalakên ing sabilipun.
Para kaum wau atur wangsulanipun sami pradongdi. Wontên ingkang matur yèn botên
pikantuk ing prang sabil. Sabab têtunggilan kalihan tiyang kapir. Satêngah wontên ingkang
matur pikantuk ing prang sabil, sanajan têtunggilan kalihan tiyang kapir, sabab amitulungi
ing pêrang, amêsthi botên ambatalakên ing sabil. Kalih dene pikantuk ombèr angasokakên
bala. Lajêng kathah kang sami matur amrayogèkakên kèngsêr, sang dipati kèlu ing tiyang
kathah, lajêng bidhal saking ing kori sakèthèng lan sabalanipun tuwin sarepot sadaya,
kèndêl wontên kapraban kalih dalu, lajêng dhatêng ing kaputran. Wontên ing ngriku
amasanggrahan. Murah Panji Balèlèng inggih [ing...]

--- 615 ---

[...gih] wontên ing kaputran sabalanipun. Nanging pasanggrahanipun têbih kalihan sang
dipati. Wondene tuwan kumêndur kalihan Amral punapa malih ki patih inggih sampun sami
sumêrêp, yèn sang dipati kèngsêr dhatêng ing kaputran. Kumêndur angajak ngêlud. Amral
kalihan ki patih botên angrêmbagi, kumêndur adrêng pangajakipun. Ki patih sarta Amral
anuruti, kumêndur lajêng bidhal ambêkta Kumpêninipun kalih brêgada, Amral sarta ki
patih tuwin para bupati botên wontên kang tumut, amung sami anguruni bala kemawon,
antawis gangsal èwu, lampahing barisipun kumêndur sampun dumugi ing kaputran,
pinêthuk ing prang lèrès. Baris ing Surabaya sumêja mapan dhatêng ing Wanakrama,
panyananipun kumêndur tiyang Surabaya sampun kanji, botên sumêrêp yèn anggêlari,
barisipun kumêndur anglud. Sarêng dumugi ing Wanakrama lajêng pinêthuk ing pêrang,
Panji Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anangkêbi saking kiwa têngên. Bala
Kumpêni kathah kang pêjah, sabab botên sagêd mikantukakên mariyêm tuwin
sanjatanipun saking pakèwêding papan, sarta lajêng tinêrajang saking ing ngiringan.
Kumpêni kang pêjah sabrêgada, lajêng mundur alêlumbungan. Bala ing Surabaya angêlud.
Kumêndur mobat-mabit tandangipun, ênggènipun angabani angajêngakên. Nanging
barisipun botên kenging kaajêngakên. [kaa...]

--- 616 ---

[...jêngakên.] Balanipun para bupati urunan wau sampun sami lumajêng rumiyin dhatêng
ing kitha Surabaya, ki patih kalihan Tuwan Amral sarêng sumêrêp yèn kumêndur
kaplajêng, enggal ambidhalakên barisipun sumêja têtulung, lajêng kêpêthuk campuh
pêrang kalihan mêngsah, barisipun kumêndur sampun bênggang kalihan mêngsah,
balanipun Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anuntên mundur dhatêng Wanakrama
malih, ki patih sarta Amral sampun wangsul dhatêng ing kitha Surabaya.

Sarêng sadintên punika ugi Tuwan Amral asêksi dhatêng ki patih bab karisakanipun bala
Kumpêni, amargi saking kumêndur ênggènipun angabên prang amuta tuli kemawon. Dados
Kumpêni kathah ingkang sami pêjah sarta ki patih wau dipun têdhèni tôndha namanipun.
Sabab Tuwan Amral badhe angaturi sêrat dhatêng ing Batawi amadulakên kalêpatanipun
kumêndur, panyuwunipun Amral, kumêndur kakesahna saking pabarisan ing Surabaya, bilih
panyuwunipun wau botên katurutan, Amral badhe mutung mantuk dhatêng nagari
Wêlandi, sabab botên sagêd yèn têtunggilan padamêlan kalihan kumêndur. Ki patih inggih
sampun anyukani tôndha tangan sarta cap. Amral lajêng kintun sêrat dhatêng ing Batawi,
botên antawis lami angsal wangsulan, katarimah ing aturipun. Kumêndur katimbalan
Pêrlos dhatêng ing Batawi. [Bata...]

--- 617 ---

[...wi.] Anuntên bêbantu saking Kartasura dhatêng wontên ing Surabaya, bupati ing
Banyumas, ing Dhayaluhur, Pamrêdèn, ing Rema sabalanipun, têtindhihipun Ki
Tumênggung Jayawinata sampun pinêrnahakên pakuwonipun.

Kacariyos srayanipun Pangeran Cakraningrat kang pêjah wontên ing kapal, samangke
dhatêng wontên ing Madura, anjujug ing Tunjungan. Pangagêngipun anama Dewa Kêtut,
ambêkta bala tiyang Bali sèwu, sarêng dumugi ing Tunjungan, Dewa Kêtut angsal pawartos
yèn ingkang aminta sraya ing piyambakipun sampun pêjah wontên ing baita kapal. Dewa
Kêtut sakalangkung ngungun, lajêng parentah dhatêng balanipun, kinèn ambêbahak nagari
tuwin padhusunan ing Madura, bala ing Nungsakambangan inggih lajêng anjarah angrayah,
têtiyang ing Madura kagegeran, sami lumajêng dhatêng Surabaya sumêja sami ngaturi
uninga ing gustinipun.

Kala samantên pabarisan ing Surabaya pinuju kèndêl, botên wontên ingkang pêrangan.
Dene laminipun bala Kumpêni sarta ki patih ênggènipun bêbarisan wontên ing Surabaya
sampun sadasa wulan. Kala Sang Dipati Jayapuspita taksih wontên salêbêting kitha
Surabaya pitung wulan. Sarêng sang dipati kèngsêr dhatêng [dha...]

--- 618 ---

[...têng] Wanakrama punika laminipun sampun pitung wulan, lajêng kèndêl botên pagut-
pinagut.

Anuntên kacariyos tiyang ing Maduntên kang sami kaplajêng wau, sampun dumugi ing
Surabaya, lajêng matur ing gustinipun wiwitan dumugi wêkasan. Pangeran Cakraningrat
enggal angaturi uninga dhatêng ki patih sarta Amral. Dhawahipun ki patih, Pangeran
Cakraningrat kinèn mantuk dhatêng Maduntên, angrêbata nagarinipun. Pangeran matur
malih, sarèhning mêngsah tiyang Bali kang wontên ing Maduntên amung sakêdhik, ènthèng
linawan ing pêrang, kula badhe anglampahakên adhi kula kemawon anama Radèn
Cakranagara, kala alit nama Radèn Jimat. Kula piyambak prayogi wontên ing ngriki, sabab
mêngsah awrat ing ngriki. Ki patih sarta Amral inggih amarêngi, Pangeran Cakraningrat
lajêng parentah dhatêng Radèn Cakranagara, kinèn anggêbag mêngsah kang wontên ing
Madura, binêktanan bala sèwu, Radèn Cakranagara sampun bidhal saking Surabaya, sarêng
dumugi ing Tunjungan lajêng campuh pêrang rame, tiyang Madura tuwin tiyang Bali kathah
kang sami pêjah, ing sakèndêling pêrang Radèn Cakranagara lajêng dipun bujuk dhatêng
Dewa Kêtut. Radèn Cakranagara inggih sampun kenging kabujuk, kumpul kalihan Dewa
Kêtut. Sakalangkung sinuba-suba, Radèn Cakranagara lajêng kaangkat nama Pangeran
Cakraningrat, angêbrêki kitha

--- 619 ---

ing Madura, tiyang ing ngriku sampun sami suyud. Ingkang kadadosakên pêpatih nama
Radèn Sewanagara, kala samantên sampun katur dhatêng Pangeran Cakraningrat kang
wontên ing Surabaya, lajêng katur dhatêng Amral tuwin ki patih, yèn Radèn Cakranagara
ambalik, kumpul kalihan tiyang ing Bali, sampun anama Pangeran Cakraningrat. Tuwan
Amral kalihan ki patih tuwin para bupati sadaya lajêng sami pirêmbagan sumêja amungkasi
ing pêrang salah satunggil. Ingkang pinanggihing rêmbagipun mêngsah ing Madura
kêpanggih ing wingking, mêngsah kang wontên ing Wanakrama kang badhe kapungkasan
rumiyin. Tuwan Amral nuntên amarentahi Mayor Gustap, kinèn anggêbag mêngsah ing
Wanakrama, angirit Kumpêni kalih brêgada, sarta para bupati sabalanipun sadaya, Tuwan
Amral kalihan ki patih botên tumut, kantun wontên ing kitha Surabaya sarta bala
sawêtawis. Gêgamanipun tuwan mayor sampun bidhal saking ing ngriku, andalêdêg kados
toya lèpèn banjir, kathahing bala tanpa wilangan. Bala Kumpêni kados mêndhung, kang
minôngka calèrèt gêbyaring sanjata kasorotan ing raditya, busananipun bala Jawi awarni-
warni kados sêkar sataman. Lampahing baris sampun dumugi ing Wanakrama. Wondene
barisipun Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun amapan sajawining [sajawi...]

--- 620 ---

[...ning] pabitingan sarta prajurit Bali, ingkang anindhihi Panji Surèngrana kalihan Panji
Kartayuda, lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, bêbathang anggêlasah,
balanipun Sang Dipati Jayapuspita apês pêrangipun, sabab kumpul kalihan tiyang Bali,
sanès kalihan kala dèrèng kumpul. Dhasar karoban tandhing, para mantri sarta para
santananipun sang dipati kathah kang sami pêjah, balanipun Mayor Gustap amung sakêdhik
kang sami pêjah, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi saking ing pabitingan. Sarêng aningali
balanipun kathah kang sami pêjah, lajêng mêdal angajêngakên bala ing sakantunipun,
nanging kados sêsulung malêbu ing gêni, balanipun sang dipati lajêng sami mundur
dhatêng ing pabitingan, sarta kasaput ing dalu, barisipun tuwan mayor kèndêl sajawining
bitinge sang dipati ragi têbih, sêjanipun tuwan mayor ing siyangipun malih badhe angrurah
biting.

Sarêng ing wanci dalu Sang Dipati Jayapuspita ingaturan pirêmbagan dhatêng para
santananipun. Sang dipati ingaturan kèngsêr dhatêng ing Japan. Papanipun wiyar cakêt
lèpèn agêng, prayogi yèn kadamêla tata-tata sarta kaklêmpaka bala, sabab ing Wanakrama
punika kasompokên. Sang dipati inggih miturut ing pirêmbag wau, lajêng angundhangi
balanipun tuwin rêrepot kinèn sami pradandosan. Sarêng ing wanci bangun [ba...]

--- 621 ---

[...ngun] enjing sang dipati bidhal saking ing Wanakrama sabalanipun. Pandhe, sayang,
tukang samak sapanunggilanipun botên kantun, tunggil rêrepot sami lumampah ing
ngajêng, sang dipati lumampah ing wingking, kala samantên balanipun sang dipati antawis
taksih pitung èwu, sabab salamènipun pêrang punika balanipun sang dipati botên wontên
kang têluk satunggil-tunggila, lampahipun sang dipati wau yèn dipun sawang kados praja
angalih panggenan. Tuwan mayor sarêng sumêrêp, yèn sang dipati oncat, lajêng
ambujêng, sang dipati anadhahi sarwi lumampah, bilih Kumpêni amêlak balanipun sang
dipati nolèh angandhêgi, Kumpêni nuntên wangsul angêbruki biting ing Wanakrama, lajêng
mantuk dhatêng ing kitha Surabaya. Lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Japan.
Lajêng abêbiting sarta anyaèni prajuritipun.

Kala samantên Ki Patih Cakrajaya lajêng apirêmbagan kalihan Amral, prakawis mêngsah
kang wontên ing Madura, ki patih lajêng amarentahi dhatêng Pangeran Cakraningrat kinèn
angrêbat nagarinipun ing Madura, sarta kêkanthenan para bupati pasisir sawêtawis
sabalanipun. Ingkang kadadosakên senapati Mayor Gustap, ambêkta Kumpêni sabrêgada,
kapitanipun kêkalih, kang satunggil anama Kapitan Bèsing, kalih Kapitan [Kapita...]

--- 622 ---

[...n] Tonar, anuntên sami bidhal saking Surabaya, sarêng dumugi ing Madura lajêng
campuh pêrang wontên ing Malaya, balanipun Pangeran Cakraningrat tuwin bala pasisir
kathah kang pêjah dening tiyang Bali, nuntên tinulungan prajurit Kumpêni, tiyang Bali
kathah kang pêjah, Dewa Kêtut sabalanipun lumajêng dhatêng kitha ing Tunjungan,
Kumpêni sarta bala Madura anglud. Lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah,
sarèhning tiyang ing Bali karoban lawan. Dewa Kêtut sabalanipun nuntên lumajêng ngalèr
ngetan, lajêng numpak baita, sumêja mantuk dhatêng ing Bali, Radèn Cakranagara kalihan
Radèn Sewanagara binêkta dhatêng ing Bali, tuwan mayor sakumpêninipun kathah
ênggènipun angsal jarahan tuwin bêboyongan. Lajêng binêkta wangsul dhatêng Surabaya,
Pangeran Cakraningrat taksih angantun wontên ing Madura anata nagarinipun. Ki patih
sarta Amral lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Kartasura angaturakên bêboyongan
saking Madura wau, sarta angaturakên putra garwanipun Pangeran Cakraningrat kang
pêjah wontên ing kapal. Utusan inggih sampun lumampah, botên lami nuntên wangsul
dhatêng ing Surabaya sarta ambêkta nuwala sakawan. Kang kêkalih kaparingakên dhatêng
Radèn Suryawinata kalih Cakrawinata, kadadosakên bupati ing Surabaya, kang satunggil
kaparingakên Ki Rôngga

--- 623 ---

Pramana, kadadosakên bupati ing Lamongan. Kang satunggilipun dhatêng pêpatih ing
Jipang, kang anama Ki Sôngka, kaganjar nagri ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung
Mataun. Sabab Ki Sôngka punika panakawanipun sang prabu kala taksih kapugêran.
Priyantun sakawan wau inggih sampun kamupakatakên ing para bupati sadaya.

Gêntos kacariyos Sang Dipati Jayapuspita ingkang wontên ing Japan sasêdhèrèkipun, sarta
Murah Panji Balèlèng inggih wontên ing Jipang. Nanging pondhokipun têbih lan sang dipati,
kala samantên Murah Paji adarbe panyuwun dhatêng sang dipati, ingkang rayi kêkalih,
Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, punika kabucala namanipun panji, bilih sang dipati
botên anuruti panyuwunipun, Murah Panji Balèlèng sumêja mutung mantuk dhatêng ing
Bali lan sabalanipun. Sang dipati inggih anuruti, ingkang rayi satunggil sampun kaêlih nama
Dêmang Kartayuda, nanging Panji Surèngrana sang dipati botên purun yèn angêliha
namanipun Panji, sabab patêdhanipun sang prabu kala wontên ing Samawis. Murah Panji
inggih sampun narimah.

Anuntên sang dipati parentah dhatêng Dêmang Kartayuda, kinèn angirupi tanah
môncanagari sawetaning rêdi Lawu sadaya, Dêmang Kartayuda inggih sampun lumaksana,
ambêkta bala dhomas. Ing tanah môncanagari sampun [sa...]

--- 624 ---


[...mpun] nungkul sadaya dhatêng Dêmang Kartayuda, sarta sampun agêng barisipun
apakumpulan ing Madiun. Dêmang Kartayuda lajêng amatah mantri kêkalih anama Ngabèi
Tambakbaya kalih Wiratanu, kinanthenan tiyang ing Pranaragi, kinèn anêlukakên ing
Kaduwang, ing Wiraka, Sêmbuyan tuwin ing Pacitan. Mantri kêkalih enggal bidhal. Ing
tanah Kaduwang, Wiraka wau inggih sampun sami suyud. Ki Dêmang Kartayuda sabalanipun
lajêng bidhal dhatêng ing Jagaraga, apacak baris wontên ing dhusun Kiping, cucuking
pêrang abaris ing Kalimungkung, tiyang ing Sukawati sawetaning bênawi sampun sami
nungkul sadaya, wontên kang sami ngili dhatêng ing Kartasura, têtiyang ing nagari
Kartasura sami gègèr, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn tiyang tanah môncanagari
sami ambalik, tuwin tiyang ing Sukawati, Kaduwang, ing Laroh sampun sami nungkul
dhatêng mêngsah, padhusunan kathah kang risak kajarah karayah.

Kala samantên sang nata pinuju susah galihipun, sabab putranipun kêkasih kang nama
Pangeran Dipati Purbaya punika dados prakawis kalihan Kumpêni, sarèhning tiyang
Kumpêni wau sami anggadhahi kuwatos dhatêng Pangeran Purbaya, dados agadhah
panyuwun dhatêng sang prabu, gêgadhuhanipun Pangeran Purbaya tanah ing Banyumas,
ing Dhayaluhur, ing Pamrêdèn, ing Rema, ing Bagêlèn, [Bagêlè...]

--- 625 ---

[...n,] punika sami dipundhuta tuwin mariyêmipun inggih kapundhuta, kori bêbutulan ing
kadhaton kang dhatêng ing Purbayan kabuntua, supados sudaa kuwatosipun tiyang
Kumpêni, mila sang prabu sangêt ênggènipun prihatos. Sabab punika putra kêkasih sarta
andêling prang, kinalulutan ing para kadang sarta têtiyang sanagari ing Kartasura. Sarêng
sang nata mirêng yèn mêngsah sampun angancik sawetaning bênawi, lajêng parentah
dhatêng ingkang putra kêkalih kang anama Pangeran Dipati Balitar kalih Pangeran
Dipanagara, Pangeran Balitar kinèn angundurna mêngsah kang wontên ing Kaduwang,
kinanthenan bupati lêbêt sabalanipun sarta prajurit kaparak. Pangeran Dipanagara kinèn
amêthukna mêngsah kang wontên ing Kiping, binêktanan tiyang Gowong, Kalang tuwin
arahaning dhusun tanah Pajang, putra kêkalih sarêng ênggènipun bidhal. Sarêng
lampahipun dumugi ing Samanggi, lajêng pêpisahan. Pangeran Balitar mangidul anjog ing
Laroh, lajêng dhatêng ing Kaduwang, mêngsahipun botên amêthukakên pêrang, mundur
dhatêng ing Pranaragi. Wondene Pangeran Dipanagara mangalèr, lajêng apacak baris
wontên ing dhusun Garompol, ajêng-ajêngan kalihan mêngsahipun ing Mungkung, anuntên
utusanipun sang prabu amatêdhani sêrat. Sampun tinampèn dhatêng Pangeran Dipanagara,
ungêling ngalamatipun, [ngalamati...]

--- 626 ---

[...pun,] kulup Dipanagara, layang iki aja sira ungkabi, banjur wèhna dhewe marang
kakangira Si Dipati Jayapuspita, ing kono besuk sira wacaa wong loro. Pangeran
Dipanagara sasampunipun maos ngalamat, lajêng karaos ing galihipun, sabab kala rumiyin
sampun dèn lêlèjêmi dhatêng ingkang rama, utawi kalanipun mangkat ngalurug punika
inggih kadhawahan ambêktaa garwa putranipun. Dangu-dangu sang pangeran amupus ing
galih, madêg suranipun sarta sêmu bingah, pangeran lajêng animbali ipenipun anama
Radèn Wiradirja, kinèn amanggih[2] Dêmang Kartayuda kang abaris ing Kiping, Wiradirja
wau sampun dèn bisiki ingkang dados karsanipun sang pangeran. Radèn Wiradirja enggal
mangkat dhatêng Kiping, sampun kêpanggih kalihan Dêmang Kartayuda, lajêng
amratelakakên ing sawêwêlingipun Pangeran Dipanagara, Ki Dêmang Kartayuda sarêng
mirêng sangêt bingah ing manahipun. Radèn Wiradirja sampun winangsulan lajêng kinèn
mantuk. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Ing
sapêngkêripun Radèn Wiradirja Ki Dêmang Kartayuda lajêng bidhal saking Kiping
sabalanipun. Sumêja mêthuk ing Pangeran Dipanagara, sarêng lampahipun cakêt kalihan
barisan ing Garompol, lajêng anitir bêndhe sarwi surak-surak. Balanipun Pangeran
Dipanagara gègèr, lajêng [la...]

--- 627 ---

[...jêng] sami atata baris. Pangeran ngandika sêru, bocahku kabèh, ajana obah, aku arêp
andêlêng dhewe marang mungsuh iku. Pangeran lajêng anitih kuda, ingiring abdi pitu sami
kêkapalan, anyandêr dhatêng panggenaning mêngsah, sampun kêpanggih kalihan Dêmang
Kartayuda sarta sangêt suka ing kalih-kalihipun. Dêmang Kartayuda lajêng anuduh bupati
ing Madiun, kinèn angrabasèng pabarisan ing Garompol. Bupati ing Madiun enggal marêpêki
pabêbitingan. Pabarisanipun Pangeran Dipanagara gègèr, sami lumajêng ing sapurug-
purug. Kantun para abdi tuwin garwa putranipun sang pangeran. Sampun sami
pinondhongan dhatêng bupati ing Madiun. Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda
wau lajêng dhatêng ing Madiun. Ing dhusun Mungkung mriku taksih dipun dèkèki bêbarisan
ing sawêtawis, têtindhihipun mantri kêkalih anama Rôngga Macanloka kalih Ki Kêbo Kabiri.

Sarêng Pangeran Dipanagara sampun dumugi ing kitha Madiun, Ki Dêmang Kartayuda lajêng
anglampahakên utusan dhatêng ing Japan angaturi uninga ing sang dipati, yèn Pangeran
Dipanagara sampun kumpul kalihan piyambakipun, sumêja kêpanggih kalihan sang dipati,
utusan sampun lumampah dumugi ing Japan. Sang Dipati Jayapuspita sarêng anampèni
pratelaning utusan [utusa...]

--- 628 ---

[...n] sakalangkung suka manahipun, enggal bidhal sabalanipun sumêja mêthuk ing
pangeran. Murah Panji kang sawêg dhatêng ing Bali kathahipun sèwu, têtindhihipun anama
Dewa Agung, inggih sami tumut mêthuk. Sarêng lampahipun dumugi antawis ing Kadhiri
kalihan ing Japan, lajêng rêrêp amasanggrahan.

Wondene Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda inggih sampun bidhal saking
Madiun. Para garwanipun sami katilar wontên ing ngriku, lampahipun sampun kêpanggih
kalihan Sang Dipati Jayapuspita, lajêng sami rêrangkulan, tuwin kalihan Murah Panji
Balèlèng inggih sami bagèk-binagèkakên. Lajêng sami tata lênggah, sang dipati matur alon
sarwi mèsêm. Ênggèr, kula botên nyana yèn kêpanggih kalihan sampeyan. Bingahipun
manah kula upamènipun tiyang sakit, mèh dumugi ing antakanipun, anuntên waluya
sadaya, sarawuh sampeyan punika kang minôngka usada. Pangeran mèsêm sarwi
angulungakên sêrat bêbêktanipun. Sang dipati anampèni lajêng binuka, winaos gêntos
kalihan sang pangeran, suraosipun, kulup Jayapuspita, ingsun amaringi kanthi marang sira,
adhinira Si Dipanagara, sarta ingsun wis anglilani marang sira amêngkua ing tanah wiwit
ing Gunung Lawu sapangetan ing Balambangan. Sira wêngkua wong loro, [lo...]

--- 629 ---

[...ro,] nanging aja kongsi nyorok sakuloning Gunung Lawu. Sêrat lajêng gêntos kawaos
dhatêng Murah Panji Balèlèng utawi Dêmang Kartayuda sarta Surèngrana, sadaya sami suka
manahipun. lajêng sami rêrêp wontên ing ngriku ngantos satêngah wulan.

Sarêng satunggiling dintên sang dipati angundhangi ing balanipun sadaya, kinèn sami
anêksèni yèn Pangeran Dipanagara kaangkat jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan
Hèrucakra Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, amêngku tanah
sawetaning Gunung Lawu sapangetan, mangidul mangalèripun tandhês sagantên. Sang
Dipati Jayapuspita asalin nama Dipati Panatagama, Panji Surèngrana kaangkat nama Dipati
Natapura, Dêmang Kartayuda kaangkat nama Dipati Sasranagara, Jaka Tangkêban
kanamakakên Tumênggung Jangrana, panêmbahan wau sampun dèn aturi upacara
kaprabon sarta bala pitung atus. Ingkang kawan atus tiyang Bali, ingkang tigang atus tiyang
Surabaya, lajêng sami pirêmbagan bab pêrang, Sang Dipati Panatagama matur alon.
Anggèr, sampeyan kula aturi ngadhaton ing Kadhiri eca atine kemawon. Dene prakawis ing
pêrang angêmungna adhi kula kêkalih, tiga pun Jangrana. Panêmbahan amangsuli, kakang,
kula botên purun angeca-eca, sumêja sêsinau supados sumêrêp [su...]

--- 630 ---

[...mêrêp] pratingkahing pêrang, amung pun kakang Dipati Sasranagara tumuta ing kula,
kula damêl kanthi, dene tanah ingkang kula wêngku wiwit ing rêdi Lawu mangetan watês
bênawi ing Kadhiri, wiwit bênawi ing Kadhiri sapangetan kula sumanggakakên pun kakang.
Sang dipati inggih anyumanggakakên ing karsanipun panêmbahan. Lajêng sami bidhal
pêpisahan. Panêmbahan sumêja dhatêng Madiun. Sang dipati wangsul dhatêng Japan,
lajêng parentah dhatêng Ki Dipati Natapura kalih Ki Tumênggung Jangrana, kinèn banjêl
ing pêrang dhatêng ing Surabaya. Ki Dipati Natapura kalih Ki Jangrana inggih enggal bidhal
sabalanipun, abaris ing dhusun Sapanjang, ing sabên dintên tansah apêrang, gêntos lurug-
linurugan kalihan bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kang sami baris wontên ing Surabaya.

Wondene Panêmbahan Hèrucakra kalihan Dipati Sasranagara inggih sampun dumugi ing
Madiun. Ing ngriku sampun agêng pabarisanipun. Dipati Sasranagara lajêng amupakatakên
dhatêng tiyang ing pabarisan ngriku, yèn Pangeran Dipanagara sampun jumênêng nata,
amêngku tanah sawetaning rêdi Lawu, angadhaton ing Madiun. Pamugarining pêrang Dipati
Sasranagara.

Kala samantên Pangeran Dipati Balitar, kang abaris ing Kaduwang, sampun mirêng,
pawartos yèn ingkang raka Pangeran Dipanagara ambalik, sampun jumênêng nata
angadhaton [anga...]

--- 631 ---

[...dhaton] ing Madiun. Pangeran Balitar enggal utusan angaturi uninga ing sang prabu,
sang nata sarêng sampun anampèni pratelaning utusan, sakalangkung gugup galihipun.
Lajêng andhawahi bupati gêdhong sabalanipun, kinèn bantu dhatêng ing Kaduwang,
dhawahipun sang nata Pangeran Balitar andikakakên ngangsêg dhatêng ing Pranaraga.
Lampahipun bupati gêdhong wau sampun dumugi ing Kaduwang, Pangeran Balitar inggih
lajêng bidhal sabalanipun sumêja ngangsêg dhatêng Pranaragi, pangajênging baris sampun
dumugi ing dhusun Kandhêg, antawisipun ing Pranaragi kalihan Madiun. Ingkang dados
andêlipun baris ing Kablitaran anama Ki Garwakôndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji
Tohpati. Wondene Panêmbahan Hèrucakra inggih sampun sumêrêp, yèn dipun lurugi,
lajêng bidhal sabalanipun saking ing Madiun. Ingkang dados têtindhihing baris Dipati
Sasranagara, anitih maesa bule sampun nate dinamêl pêrang, panêmbahan anjênêngi
saking katêbihan kemawon, sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang rayi.

Baris ing Kablitaran kalihan baris ing Madiun lajêng campuh ing pêrang sakalangkung rame,
kathah kang sami pêjah, bala ing Madiun nuntên kaplajêng, sabab pêrangipun rungak-
rungak, bala ing Kablitaran dipun tindhihi gustinipun piyambak. [pi...]

--- 632 ---


[...yambak.] Milanipun sami kêndêl-kêndêl pêrangipun. Pangeran Balitar wau nuntên
wangsul amasanggrahan ing kitha Pranaragi, baris ingkang dados pangajêng taksih wontên
ing dhusun Kandhêg.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu animbali Pangeran Balitar, sabab sang nata gêrah
sangêt. Pangeran Balitar inggih nuntên bidhal sabalanipun agêgancangan, sampun dumugi
ing Kartasura. Kala samantên sang nata gêrahipun sangsaya sangêt sarta sumêrêp yèn
badhe dumugi ing jangji, puput panjênênganipun. Lajêng animbali Kapitan Wêlandi
ingkang jagi ing Kartasura anama Kapitan Jaswa, inggih sampun dhatêng wontên ing
kadhaton, alênggah cakêt. Sang nata angandika, kapitan, layang ingsun iki dikêbat kiriman
marang ing Batawi, karo dene wêkas ingsun marang sira, yèn ingsun wis tinêkakake ing
jangji, putraningsun Ki Dipati Anom sira gêntèkna marang ingsun, ing saupama Ki Dipati
Anom ora nana, iya Si Dipati Purbaya sira adêgêna nata, ing saupama putraningsun loro
mau ora nana, Si Adipati Balitar kang ingsun lilani gumantia ingsun jumênêng nata, yèn
têlu pisan ana, iya putraningsun kang tuwa dhewe sira angkata jumênêng nata. Kapitan
Jaswa matur sandika, lajêng mêdal anglampahakên sêrat enggal-enggalan. Sang nata
anuntên animbali [animba...]

--- 633 ---

[...li] putranipun sarta ingkang rayi kêkalih, anama Pangeran Arya Mataram kalih Pangeran
Arya Panular, sampun sami dhatêng angadhêp ing dagan. Pangeran kêkalih lajêng kaawe
lênggah cakêt. Sang nata ngandika bêbisik. Adhi mas sakarone, wêkas ingsun marang sira,
yèn ingsun wis tinêkakake ing jangji, kang ingsun lilani anggêntenana ingsun jumênêng
nata amêngku ing tanah Jawa, putraningsun têtêlu iku ing salah sawiji, êndi kang pinarêng
duwe bêgja kalilan dening Allah, siji Ki Adipati Anom, loro Ki Purbaya, têlu Si Dipati
Balitar, yèn padha anane ya kang tuwa dhewe, sapa kang anggêntèni ingsun jumênêng
nata angêmonga marang sadulure kabèh, lan sira dibisa angêmong marang anak-anakira
kabèh. Ingkang rayi kêkalih matur sandika sarwi angusapi waspa. Sang nata angandika
malih dhatêng Pangeran Dipati Anom kalihan Pangeran Purbaya, kulup sakarone, ingsun
titipi adhinira Si Balitar, aja kongsi padha sira larakake atine, wis padha dibêcik kèria.
Sang nata nuntên seda, swaraning tangis gumêrah, layon sampun siniraman sarta
kasalatakên ing para khaji tuwin ngulama, lajêng binêkta kasarèkakên ing Magiri,
sinêngkalan 1643.

Sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom lajêng angêbrêki [angê...]

--- 634 ---

[...brêki] ing kadhaton. Sarêng ing dintên Sênèn para bupati mantri sapangandhap tuwin
para putra santana sampun sami pêpak sowan wontên ing pagêlaran, tuwin ki pangulu
saprikancanipun para khaji ngulama inggih sampun sami sowan wontên ing pagêlaran.
Anuntên Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, kêkanthèn asta kalihan Kapitan
Jaswa, ginarêbêg ing para arum. Lajêng pinarak ing dhêdhampar gadhing wontên ing
bangsal pangrawit, kapitan alênggah ing kiwanipun sang prabu, kapitan lajêng maos sêrat
kang saking Batawi, sarêng sampun dumugi ing pamaosipun, Pangeran Arya Mataram lajêng
ngadêg wontên ing wingkingipun sang prabu sarwi angandika sêru, hèh sarupane mantri
bupati sapangisor kabèh, padha anêksenana, yèn anggèr Pangeran Dipati Anom anggêntèni
ingkang rama jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Prabu
Mangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama, angadhaton ing
Kartasura, bala ing Kartasura sami sumaur pêksi sadaya, kyai pangulu sapanunggilanipun
sami andonga jumurung, bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat angungêlakên
mariyêm tuwin sanjata ambal-ambalan. Para santana bupati mantri lajêng ngujung ing
sukunipun sang prabu, sang nata anuntên kondur angadhaton. Wondene parentahipun
[pa...]

--- 635 ---

[...rentahipun] sang prabu punika inggih botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi,
utawi yèn pinuju ing dintên Sênèn Kêmis sarta Sêtu sang nata inggih miyos. Kala samantên
sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng Ki Patih Cakrajaya kang wontên ing Surabaya,
aparing pariksa yèn ingkang rama seda, sariranipun kang anggêntosi jumênêng nata, Ki
Patih Cakrajaya kadhawahan têtêpa baris wontên ing Surabaya, sampun ngantos mantuk
yèn dèrèng sampurna pêrangipun. Utusan wau inggih enggal mangkat saking Kartasura.
Sang prabu lajêng anjunjung Ki Kartanagara kadadosakên pêpatih lêbêt, minôngka
sisihipun Ki Patih Cakrajaya. Ki Martadipa kadadosakên bupati gêdhong, kaparingan nama
Tumênggung Mangunnagara.

Carik Bajra kaparingan nama Tumênggung Tirtawiguna. Santananipun sang prabu saking
ing Matawis, putranipun Pangeran Pringgalaya Matawis, anama Radèn Natawijaya,
kadadosakên panewu pamijèn, kaparentah sang nata piyambak. Ki Tumênggung Sumabrata
pêjah, anakipun jalêr kadadosakên mantri, anama Ngabèi Kartinala.

Kala samantên ingkang rayi sang prabu kêkalih, ingkang nama Pangeran Dipati Purbaya
kalih Pangeran Dipati Balitar, sami kapundhut upacaraning pangeran dipati, kataksihakên
[kataksih...]

--- 636 ---

[...akên] upacara kasantanan kemawon. Sarta gêgadhuhanipun prajurit jagasura tuwin


gêgadhuhanipun nagari ing Balora inggih sami kapundhut ing sang prabu, Pangeran Dipati
Balitar sangêt sakit ing galihipun, kawêwahan wontên ingkang ambêbangus, abdinipun
kang nama Ki Garwakôndha, punika kang angadon- adoni awon. Pangeran Balitar kapurih
angrêbata karaton ing Kartasura, mila Ki Garwakôndha wau makatên. Sabab anakipun jalêr
kang nama Ragum kinunjara ing sang prabu, dosanipun angrêsahi ing kadhaton. Pangeran
Balitar lajêng anggêgabah bala sarta kaklêmpak gêgamaning pêrang, balanipun wêtawis
sèwu gangsal atus, winêlêg ing dana buja.

Ing wanci dalu Pangeran Balitar angaturi ingkang paman Pangeran Arya Mataram. Inggih
sampun dhatêng pinanggihan ing dalêm. Pangeran Balitar alon matur, paman, mila
sampeyan kula aturi, kadospundi awak kula punika, dene tansah asakit manah kula, putra
jêngandika ki lurah punika sangêt têmên ênggènipun siya-siya dhatêng kula, botên
angestokakên wêwêlingipun kangjêng rama swargi, wondene kula saèstunipun inggih
badhe supe ing sadhèrèk sêpuh, kula sumêja angrêbat karaton ing Kartasura. Pangeran
Arya Mataram têbah jaja sarta amangsuli. Anggèr, [Ang...]

--- 637 ---

[...gèr,] makatên punika botên prayogi, sabab sadulur sêpuh punika gêgêntosing bapa
dhasar dados nata, wajib tinurut ing saparentahipun. Sarèhning kula punika tiyang gêrang,
pantês yèn dadosa pêpalang, tiyang gaplok dados pêpathok. Yèn kenging kula aturi
sampeyan sampun ngantos adamêl rêngkaning nagari, ing tanah Jawi prayogi kadamêla
kamuktèn lan sasêdhèrèk sampeyan. Amêsthi agêng barêkahipun. Sampun ngantos wontên
kang boncèng[3] pikir, punapa malih raka jêngandika Pangeran Dipanagara kang sampun
balela punika inggih prayogi kaaturana kondur dhatêng Kartasura, atuta lan para
sadhèrèkipun. Dados nagarinipun kêrta, tiyang alit eca manahipun. Pangeran Balitar
angandika malih, paman, pangandika sampeyan punika inggih lêrês. Yèn kakang prabu
botêna[4] adamêl sakiting manah kula, sarèhning sangêt ênggènipun asiya-siya, yêkti singa
tiwasa arêbat kamuktèn. Dene sampeyan piyambak kêdah anglêrêsakên kakang prabu,
inggih sakarsa sampeyan, sampeyan môngsa ngilonana kula, sabab kula tiyang dama
mêskin. Amêsthi sampeyan angiloni putra jêngandika ki lurah, ingkang sagêd amêmunjung
sarta amuktèkakên ing tiyang sêpuh. Pangeran Arya Matasam[5] sumaur sarwi bêngis. Ah
ênggih êmpun punapa

--- 638 ---

ing sakarsa dika, sarèhning kula puniki tiyang sêpuh, inggih amêmalangi ing karsa
sampeyan ingkang botên pantês. Bilih botên kenging inggih sumôngga, tiyang bêgja utawi
cilaka badhe sampeyan lampahi piyambak. Nanging wêling kula sampeyan atêtarosana
dhatêng raka jêngandika Pangeran Dipati Purbaya, sabab punika sadhèrèk sampeyan
sêpuh, kuwawi yèn amitulungana dhatêng sampeyan. Dhasar sugih bala digdaya ing
pêrang, kinalulutan ing tiyang sanagari. Pangeran Balitar amangsuli, inggih paman, kula
môngsa angungkurna ing sabarang prakawis dhatêng kangmas Purbaya. Pangeran kêkalih
wau lajêng sami dhatêng ing Purbayan. Sadhatêngipun ing ngriku lajêng amratelakakên
ingkang badhe dados kaniyatanipun Pangeran Balitar, Pangeran Purbaya sarêng mirêng
sangêt kewran ing galihipun. Agêrêng-gêrêng sarwi angusap jaja, sangêt wêlas dhatêng
ingkang rayi Pangeran Balitar, sabab ingkang rama swargi awantos-wantos ênggènipun
anitipakên Pangeran Balitar, sampun ngantos sakit manahipun. Nanging Pangeran Purbaya
wau sangêt ing trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang prabu, pangeran anuntên ngandika
piyambak. Yèn dakpikir- pikir, luput ing sakaro-karone, kakang prabu kurang pangêmonge
marang adhine, Si Balitar iki kurang panarimane. Pangeran Balitar matur dhatêng
Pangeran Arya

--- 639 ---

Mantaram. Paman, kalanipun upacara kula kapundhut, botên dados sakipun manah kula,
nanging sarêng gêgadhuhan kula siti dhusun sami dipun dhadhali, punika sangêt sakiting
manah kula, sabab andadosakên kêkirangan ingkang kula têdha ing saanak bojo kula sarta
rencang kula sadaya. Ênggènipun pirêmbagan anuntên sami bibar, mantuk ing dalêmipun
piyambak. Pangeran Balitar wau inggih botên sagêd ical sakiting galihipun, sarta botên
kêndhat ênggènipun tata-tata gêgamaning prang.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Hèrucakra ingkang jumênêng wontên ing Madiun. Sampun
mirêng pawartos yèn ingkang rama seda, ingkang anggêntosi jumênêng nata Pangeran
Dipati Anom. Panêmbahan anuntên bidhal sabalanipun, sumêja ngêndhih karaton ing
Kartasura, sarêng dumugi sakilèning rêdi Lawu, lajêng apacak baris wontên ing dhusun
Pandonan tanah Sukawati, lajêng adamêl alun-alun sarta kadhaton, angimba ing Kartasura.

Kacariyos malih Pangeran Balitar, sarêng sampun kathah balanipun sarta pirantos
sagêgamanipun, pangeran lajêng utusan dhatêng loji amratelakakên ingkang badhe dados
karsanipun sarta anodhi kêkêncênganipun Kapitan Jaswa tuwin Kumpêni ingkang sami jagi
ing Kartasura [Karta...]

--- 640 ---


[...sura] ngriku, wangsulanipun kapitan mandhêg têngah, kongkonan, kowe matura marang
gustimu, mungguh kang bakal dadi karsane iku wong Kumpêni ora milu, sabab wong rêbut
nagara padha sadulure dhewe, dene wong Kumpêni ênggone ana ing tanah Jawa iki suwita
golèk kauntungan. Sapa kang unggul dakpanggul, sapa kang kalah aku amêsthi anjarah,
sapa kang ana ing kadhaton iya iku gustiku, yèn upama Pangeran Balitar iku
amêmungsuhana lan wong liyane, amêsthi ya dakrojongi sarta dakpitulungi ing pêrang,
krana iku sadulure sang prabu gustine wong Kumpêni, sarèhning Pangeran Balitar sumêja
mêmungsuhan karo sadulure dhewe, dadi aku sarta Kumpêni kabèh ora gêlêm munasika,
wis, matura mêngkono bae. Utusan wau inggih sampun wangsul matur ing gustinipun.
Pangeran Balitar mirêng aturing utusan sakalangkung suka galihipun.

Kala samantên Pangeran Balitar sampun gilig ing rêmbag. Sabiyantu sarêng pêjah kalihan
abdinipun para santri sarta khaji, kathahing balanipun wêtawis kalih bêlah èwu, lajêng
sami pradandosan. Sarêng sampun sami samakta lajêng bidhal ing wanci bêdhug tiga,
ingkang anindhihi baris ing ngajêng Ki Garwakôndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji Tohpati,
sakawan Kartabôngsa, pangeran [pange...]

--- 641 ---

[...ran] wontên ing wingking, lampahing baris mêdal sakidulipun masjid agêng, anjog ing
alun-alun. Tiyang Kablitaran sami kibir amêsthèkakên, yèn ing Kartasura badhe bêdhah, Ki
Garwakôndha anjujug ing pakunjaran sakilèning sitinggil. Mantri ingkang rumêksa ing
ngriku satunggil tinumbak sampun pêjah, kancanipun sami lumajêng dhatêng ing
kadhaton. Bala ing Kablitaran sami surak sarwi ambibrah pakunjaran. Anakipun Ki
Garwakôndha kang nama Ragum sampun kawêdalakên. Tiyang salêbêting kadhaton sami
gègèr abilulungan. Bala ing Kartasura kang sami kêmit lajêng sami baris sangajêngipun kori
kêmandhungan. Tumênggung kang kêmit anama Mangunnagara lumajêng dhatêng loji,
asuka uninga dhatêng Kapitan Jaswa, sarta animbali prajurit Kumpêni, kapitan inggih
sakalangkung gugup manahipun. Enggal anglampahakên prajurit Wêlandi kathahipun kalih
Kumpêni, sampun dumugi ing kori gapit. Lajêng angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran
sumêja ngamuk. Nanging kasangsang ing mimis kathah, Ki Sêcadirana kalih Panji Tohpati
sampun sami pêjah, tiyang Kumpêni bantunipun saking loji dhatêng malih sarta ambêkta
maryêm. Pangeran Balitar sumêja kiwul anêrêgakên bala, nanging katulak dêrêsing mimis.
Anuntên mundur lon-lonan wanci byar. Sumêja lajêng dhatêng ing

--- 642 ---

Kapurbayan.

Kacariyos ibunipun Pangeran Balitar, inggih ibunipun sang prabu utawi Pangeran Purbaya
anama Ratu Pakubuwana, sangêt ênggènipun kontrang-kantring, sêsambat sang prabu
ingkang sampun seda, sêsambatipun botên sagêd rumêksa ing para putranipun, sami
suwala apêpêrangan sami saduluripun. Ratu Pakubuwana wau lajêng minggah dhatêng ing
rêdi salêbêting kadhaton anama rêdi Kunci, dêdamêlanipun Sinuhun Mangkurat swargi,
Ratu Pakubuwana ngandika sêru dhatêng Pangeran Balitar, kulup, dikêbat angungsia
marang kakangira Si Purbaya, wong Kumpêni ora amburu marang sira, isih baris ana ing
sitinggil anata mariyêm. Wondene palajêngipun bala Kablitaran wau sampun dumugi ing
Purbayan. Pangeran Balitar lajêng lumêbêt piyambak, balanipun adhêdhêm[6]

Ing enjing punika Pangeran Dipati Purbaya dèrèng wungu, nanging kagèt mirêng swara
gumêrah sajawining dalêmipun. Pangeran wungu lajêng mêdal kuthetheran. Sarêng
dumugi ing pandhapi, Pangeran Balitar enggal mêthukakên. Pangeran Purbaya anjêgrêg.
Dangu botên sagêd angandika, lathinipun kados kinunci, sabab sangêt ênggènipun gêtun
sarta wêlas dhatêng ingkang rayi, nanging sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang
prabu, dados Pangeran [Pangera...]

--- 643 ---

[...n] Purbaya wau sakalangkung kewran ing galihipun. Tumuntên nyêbut sarta angunjal
napas. Alon ênggènipun ngandika, adhi mas, wis aja nangis, ya aku ingkang anglabuhi
marang kowe, têlungane kakang prabu, sabab wis mukti, nanging ayo padha lunga marang
ing Mataram, atata-tata ana ing kono, rasaning atiku yèn aku wis ana ing Mataram, kaya-
kaya bala ing Kartasura pêparon malah akèh kang padha nusul milu ing aku. Pangeran
Purbaya lajêng angundhangi bala tuwin putra garwanipun, kinèn sami pradangdosan.
Karsanipun pangeran badhe bidhal ing sakala ugi, wondene putranipun sang prabu
pambajêng saking garwa sêlir, ingkang kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Purbaya, anama
Pangeran Riya, sampun kakramèkakên angsal putranipun èstri Pangeran Balitar, punika
inggih tumut botên purun kantun. Sabab sampun sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang rama
Pangeran Purbaya. Pangeran Purbaya wau sarêng sampun ênggènipun pradangdosan,
lajêng bidhal saputragarwanipun tuwin abdi jalêr èstri, garwa putranipun Pangeran Balitar
inggih botên wontên ingkang kantun. Lampahipun mêdal sakiduling kadhaton. Pangeran
Purbaya lajêng anuduh ing bala sawêtawis, kinèn ambêsmèni pasowan kidul. Bala ingkang
sami kadhawahan inggih enggal tumandang, [tuma...]

--- 644 ---

[...ndang,] ambêsmèni pasowan sarta amadungi korining kadhaton. Prajurit kaparak kang
sami baris ing kori ngriku botên purun anglawan, sami nungkul sadaya, anuntên bala
Kumpêni dhatêng angarutug ing sanjata, bala Kapurbayan lajêng sami mundur lon-lonan,
anututi gustinipun. Lampahipun pangeran kêkalih wau sampun dumugi ing Drêsanan,
arêrêp sadalu, anuntên wontên abdinipun Pangeran Purbaya satunggil, tilas bupati ing
Pathi, anama Mangunonêng, anyuwun pamit dhatêng ing Pathi, sumêja kaklêmpak bala,
Pangeran Purbaya inggih anglilani, Ki Mangunonêng lajêng mangkat mangalèr. Pangeran
kêkalih sarêng enjing tumuntên bidhal saking ngriku, lampahipun sampun dumugi ing
Matawis, anjujugi kutha Karta, tilas badhe kadhatonipun Kangjêng Sultan Agung swargi,
nanging dèrèng ngantos kabanon, Kangjêng Sultan Agung kasêlak seda, ing kutha Karta
wau lajêng dipun ênggèni dhatêng pangeran kêkalih, kabêthekan kareka kadhaton sarta
kaêlih nama nagari ing Kartasari, têtiyang ing tanah Matawis sampun sami suyud. Ing
Kartasari sampun agêng bêbarisanipun. Pangeran Purbaya nuntên anglêmpakakên para
tapa tuwin para ngulama para khaji sawontênipun nagari ing Matawis. Punapadene Kyai
Wanagiri pradikan ing tanah Matawis inggih sampun ngalêmpak [ngalêmpa...]

--- 645 ---

[...k] wontên ing ngriku, sarêng satunggiling dintên pangeran kêkalih wau miyos sineba ing
balanipun. Para khaji sapanunggilanipun inggih sampun sami sowan. Pangeran Purbaya
ngandika sêru, sarupaning wong kang padha seba iki kabèh anêksenana, yèn adhi mas
Pangeran Dipati Balitar ingsun junjung jumênêng nata, angadhaton ing Kartasari, ajêjuluk
Sultan Ibnu Mustapa Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin
Panatagama. Para abdi sami saur pêksi tuwin para khaji inggih lajêng sami donga
jumurung, Pangeran Purbaya enggal anarik astanipun ingkang rayi kalênggahakên ing
dhêdhampar gadhing, Pangeran Purbaya lênggah ing kursi wontên ing têngênipun sarwi
undhang malih, yèn sariranipun anama Panêmbahan Senapatining Prang. Pangeran Riya
kaangkat nama Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Ki Garwakôndha kadadosakên
pêpatih anama Tumênggung Jayabrata, Ki Wôngsadirja kaangkat nama Tumênggung
Wiranagara, Bôngsapatra nama Dipati Lumarap. Ki Mas Gêrit anama Tumênggung
Sindurêja, sadaya abdi Kablitaran tuwin abdi Kapurbayan sampun sami jinunjung lênggah
sapangkat-pangkat. Kyai Wanagiri kadamêl kamisêpuh, kaanggêp ing saaturipun.

Panêmbahan nuntên parentah angêlar jajahan. Ki Tumênggung [Tu...]

--- 646 ---

[...mênggung] Sindurêja kinèn anêlukakên têtiyang ing Kêdhu, Ki Tumênggung Martasura


dhatêng ing Toyamas saurutipun. Tumênggung kêkalih wau inggih sampun lumampah,
ingkang sami katêlukakên sampun suyud sadaya. Dene ingkang katuduh dhatêng ing tanah
Pajang Ki Dipati Lumarap. Lajêng abêbiting wontên ing Drêsanan. Têtiyang ing tanah
Pajang utawi tiyang padhusunan sakiwatêngêning nagari Kartasura sampun kathah kang
sami nungkul. Ki Dipati Lumarap wau sampun agêng bêbarisanipun.

Kala samantên bala Kartasura, para bupati mantri tuwin tiyang alit kathah kang sami kesah
tilar bale griyanipun, sami nusul dhatêng ing Matawis suwita Panêmbahan Purbaya, dados
nagari ing Kartasura katingal suwêng, balanipun sang prabu amung kantun bêbêktan saking
kadipatèn, lajêng sami jinunjung ing lênggahipun. Wontên kang kadadosakên bupati,
sawênèh dados mantri, Ki Tumênggung Kartanagara kaêlih nama Dipati Mangkupraja,
lajêng kinèn baris sakidul nagari Kartasura. Putranipun Pangeran Arya Panular kang anama
Radèn Suradiningrat kadadosakên ing senapati, angêrig têtiyang sawetaning rêdi Marapi,
lajêng apacak baris wontên ing dhusun Sêlap. Ing Kartasura wontên sudagar satunggil
anama Pranasuta, sugih rajabrana sarta sugih

--- 647 ---

tiyang têtumbasan, sami binalônja cara Kumpêni, Ki Pranasuta wau sampun kajunjung
nama Tumênggung Subrata, ing sabên dintên kinèn anglarag dhatêng padhusunan
angupados têtêdhan, uwos pantun sapanunggilanipun. Sabab ing salêbêtipun nagari
Kartasura sangêt ênggènipun awis têdha, tiyangipun kathah kang sami kesah, nanging bala
Kumpêni saking ing Samawis sami dhatêng andalêdêg kathahipun ewon, arumêksa ing sang
prabu, sami kaprênahakên wontên ing pasowan ngalun-alun. Pangagêngipun
kapondhokakên ing bangsal sakiwatêngêning pagêlaran. Ing alun-alun Kartasura kêbêk bala
Kumpêni jinisipun warni- warni.

Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng Surabaya sarta mawi sêrat amaringi
pariksa sarta animbali ing Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya sakancanipun bupati,
utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Surabaya, Amral kalihan ki patih sarêng
sampun sami maos sêrat sakalangkung ngungun. Botên anyana para pangeran sami rêbat
singgih, têmah dados risake nagarinipun. Amral kalihan ki patih nuntên amatah Kumpêni
sabrêgada, kinèn têtêp baris wontên ing Surabaya, kinanthenan bupati ing Madura kalihan
Tuban, Sidayu, ing Garêsik, Nglamongan, sarta Ki Ngabèi Tohjaya, têtindhihipun tiyang
Kumpêni [Kumpê...]

--- 648 ---

[...ni] anama Kapitan Bèsing, aliya saking punika kabêkta dhatêng ing Kartasura sadaya,
Amral kalihan ki patih sarta para bupati sabalanipun anuntên bidhal.
Kacariyos wontên tiyang têtilasan bupati ing Kudus anama Pangeran Kudus, adhêdhêkah
siti ing Dêmak anama dhusun ing Pôncawati, inggih lajêng nama Pangeran Pôncawati,
punika angraman sampun ambêdhah ing Dêmak. Bupatinipun ing Dêmak wontên ing
Surabaya, têtiyang ing Dêmak sami suyud sadaya, sami ajrih amêthukakên pêrang, sabab
Pangeran Pôncawati wau gadhah pangabaran.

Sarêng Tuwan Amral kamirêngan yèn ing Dêmak wontên kraman, anuntên bupati ing
Dêmak kêkalih kinèn enggal angrumiyini, bupati kêkalih wau inggih enggal angrumiyini
sabalanipun sarta sangêt ing nêpsunipun. Sabab ênggènipun baris wontên ing Surabaya
sampun lami, sarêng mantuk amanggih mêngsah, lampahipun anggêrgut. Pangeran
Pôncawati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn mêngsahipun dhatêng,
Kumpêni sarta Jawi, Pangeran Pôncawati lajêng amaringi isarat dhatêng balanipun,
supados lêpata ing mimis. Pangandikanipun, sira kabèh ajana wêdi aprang karo wong
Walônda, amêsthi mimise padha piyak. Sabab wis ingsun sêsarati. Balanipun [Balanipu...]

--- 649 ---

[...n] inggih sami pitados. Lajêng sami baris wontên ing alun-alun kathahipun sèwu, sami
rasukan pêthak sadaya, têtindhihipun putranipun jalêr kêkalih anama Sumadipura kalih
Suradipura, lajêng têmpuh prang rame kalihan barisipun Tumênggung Dêmak. Nuntên
kabubuh Kumpêni dhatêng, angarutug ing sanjata, bala ing Pôncawati kathah kang pêjah
tuwin kataton Sumadipura kalih Suradipura sampun sami pêjah, Pangeran Pôncawati badhe
ngamuk, kasêlak kadhawahan mimis. Baunipun ingkang kiwa sêmpal. Lajêng binayang para
santananipun kabêkta dhatêng ing surambi, nuntên sami katilar lumajêng, balanipun
ingkang taksih sami gêsang sampun larud sadaya. Tuwan Amral enggal amurugi dhatêng
surambi, lajêng wicantên dhatêng pangeran. Kowe mau dadi raja amêngku ing tanah
Jawa, yagene baumu sêmpal. Pangeran Pôncawati nangis sarta gêladrahan. Amral
sakalangkung suka sarta wicantên malih, iki aku awèh tômba prêmati, supaya kowe
tumulia jumênêng raja. Pangeran lajêng pinêdhang dhatêng Amral, gulunipun tugêl
bêt[7] sampun pêjah. Amral sakumpêninipun sarta para bupati sadaya asipêng sadalu
wontên ing ngriku, enjingipun bidhal dhatêng ing Samawis.

Wondene ingkang dados pangagêng Kumpêni ing Samawis [Sama...]

--- 650 ---

[...wis] anama Komasaris Dulkup. Sakalangkung ênggènipun angurmati sarta anyuba-nyuba


dhatêng ki patih tuwin para bupati sadaya.

Gêntos kacariyos Ki Mangunonêng abdinipun Panêmbahan Purbaya, ingkang anyuwun pamit


kalanipun wontên ing Drêsanan, sumêja angupados sarta akêklêmpak bala dhatêng ing
Pathi, Ki Mangunonêng wau samangke inggih sampun kathah balanipun sarta sampun
ambêdhah nagari ing Pathi, nanging Ki Mangunonêng supe ing ubayanipun dhatêng
Panêmbahan Purbaya, sabab sumêrêp badhe ing kadadosanipun. Ki Mangunonêng wau
lajêng nungkul dhatêng Ki Patih Cakrajaya tuwin dhatêng Kumpêni, inggih sampun
katarimah ing panungkulipun sarta katêtêpakên dados bupati ing Pathi.

Kacariyos Pangeran Arya Mataram alolos saking nagari Kartasura, sumêja madêg nata
wontên ing Pathi, lampahipun dumugi ing Garobogan. Bupatinipun nungkul kemawon.
Pangeran Arya Mataram lajêng apacak baris wontên ing ngriku sarta anêlukakên nagari
sakiwatêngênipun. Kala samantên ing tanah môncanagari sakalangkung rêsah, sami bahak-
binahak, bêdhah-binêdhah, sabab botên kantênan ing pangadhêpanipun.[8] Wontên kang
tumut Panêmbahan Hèrucakra, wontên kang têluk dhatêng Kumpêni ing Surabaya, wontên
kang

- -- 651 ---

tumut Pangeran Arya Mataram. Sawêg tumut mriku lajêng katêlukakên mriki, têtiyang alit
sakalangkung bingungipun ing wêktu punika.

Anuntên sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng komasaris ing Samawis. Ungêling
sêrat animbali Tuwan Amral sakumpêninipun, badhe andikakakên ngalurug dhatêng ing
Matawis. Kaping kalihipun tuwan komasaris kadhawahan anggêdhong Ki Patih Cakrajaya,
dosanipun katêrka angubungi[9] dhatêng Pangeran Purbaya sarta Pangeran Balitar. Tuwan
komasaris sarêng sampun amaos sêrat, sakalangkung ngungun. Ki Patih Cakrajaya lajêng
kaêrès kalêbêtakên ing gêdhong, Tuwan Amral nuntên amurugi dhatêng gêdhongan,
angrangkul dhatêng ki patih sarta brêbês mili, sabab sangêt ing trêsnanipun. Kalanipun
wontên ing Surabaya rintên dalu tuwin yèn pêrang botên pisah kalihan ki patih, Tuwan
Amral alon ênggènipun wicantên. Saudara, sampun kuwatos galih sampeyan. Yèn dhasar
sampeyan têmên-têmên ênggèn sampeyan rumêksa ing nagari, amêsthi Gusti Allah
angganjar wilujêng, krana sampeyan botên gadhah dosa dhatêng sang prabu, sarèhning
kula sumêrêp prayogining panganggêp sampeyan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng
sawarnining abdinipun sang prabu, ing benjing samangsanipun kula kêpanggih kalihan sang

--- 652 ---

nata, badhe amratelakakên awon sae sampeyan sarta ananggêl. Ki patih amangsuli,
tuwan, sangêt tarima kasih kula ing katrêsnan sampeyan dhatêng kula, sampeyan sampun
ngantos enggal-enggal matur dhatêng sang nata, bokmanawi amêmungu duka, kalih dene
bilih katêrka kula anyênyambat dhatêng sampeyan, dados kawastanan ajrih ing pêjah,
kirang pangandêl kula dhatêng ing Allah tuwin dhatêng sang prabu. Tuwan Amral wicantên
malih, inggih saudara, kintên-kintên punika wontên ing kula, nanging panêdha kula
sampeyan kemawon sampun ngantos sangêt susah. Tuwan Amral nuntên mêdal
apradangdosan. Sarêng sampun mirantos lajêng bidhal sarta ambêkta Kumpêni awarni-
warni, pinêthuk dhatêng Ki Dipati Mangkupraja wontên ing Toyadana, lajêng kairit
kêpanggih kalihan sang prabu, sampun pinêrnahakên sarta sinêgahan. Sang nata sangêt
ênggènipun anyuba-nyuba dhatêng Amral.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya ing Matawis anglampahakên utusan dhatêng ing
Sukawati angaturi ingkang raka Panêmbahan Herucakra kaaturan kumpul wontên ing
Matawis. Nanging wangsulanipun Panêmbahan Hèrucakra, anyanggi krami, sabab rumaos
sampun rosa sugih bala piyambak. Ênggènipun angaturi wau ngantos kaping tiga, inggih
tansah nyanggi [nyang...]

--- 653 ---

[...gi] krami kemawon. Panêmbahan Purbaya kakên galihipun. Lajêng utusan amaringi
sêrat dhatêng Sang Dipati Jayapuspita ing Japan. Suraosipun, amaringi uninga, yèn
Panêmbahan Purbaya kalihan Pangeran Balitar sampun lolos saking ing Kartasura jumênêng
wontên ing Matawis. Kaping kalih Sang Dipati Jayapuspita kadhawahan angrisaka dhatêng
Panêmbahan Hèrucakra, sabab kaaturan kumpul dhatêng ing Matawis botên purun. Utusan
inggih enggal mangkat sampun dumugi ing Japan. Wondene Sang Dipati Jayapuspita sarêng
sampun maos sêrat saking ing Matawis sakalangkung ngungun. Ing wusana sangêt bingah,
sabab sangêt asihipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, sang dipati nuntên amaringi sêrat
dhatêng ingkang rayi ingkang nama Dipati Sasranagara, kang dados andêl-andêlipun
Panêmbahan Hèrucakra, kang sawêg baris wontên ing dhusun ing Pandonan tanah
Sukawati, ungêling sêrat, kinèn angoyak dhatêng Panêmbahan Hèrucakra saking
parentahipun Panêmbahan Purbaya. Dipati Sasranagara sarêng sampun anampèni parentah
saking ingkang raka, nuntên sawarninipun bala môncanagari sami dipun undhangi
dhêdhêmitan. Utawi prajuritipun panêmbahan kang saking Surabaya sarta têtiyang Bali
inggih sampun sami jiniwitan. Dipun jak anilar ing panêmbahan, [panêmbah...]

--- 654 ---

[...an,] angumpul ing panggenan sanès ing wanci dalu nuntên sami bidhal kêbut sarêng
sadalu, ingkang taksih kantun amung abdinipun bêbêktan saking Kartasura ing sawatawis.
Panêmbahan sarêng sumêrêp sakalangkung gêtun sarta ajrih, sarêng wanci enjing Sang
Dipati Sasranagara sabalanipun dhatêng, gumuruh sami surak sarta anitir bêndhe, sami
anyakêti biting, panêmbahan sangêt gugup. Enggal anyandhak jêmparing mêdal dhatêng
korining biting sarwi ngandika sêru dhatêng Dipati Sasra saking katêbihan. Sasranagara,
kowe apa bakal lali marang aku, elinga. Dipati Sasranagara sarêng mirêng nuntên mudhun
saking kapal, angadêg nyêmbah sarwi amangsuli sêru, anggèr, kula punika drêmi
anglampahi parentahipun rayi sampeyan Panêmbahan Purbaya ing Kartasari, rèhning
sampeyan bôngga ing parentahipun, kula kinèn anyampuni dhatêng sampeyan. Dipati
Sasranagara lajêng majêng sarwi ngêmbat waos. Panêmbahan enggal nitih kapal lumajêng
kalihan garwa putranipun sarta abdi sawêtawis pating pucècèr, sêliripun pitu kantun
sadaya, Dipati Sasranagara sabalanipun anjarahi saisining pabitingan. Sêlir pêpitu wau
sampun kapêndhêt dhatêng Dipati Sasranagara, kadamêl sakajêng-kajêng. Sarêng antawis
tigang dintên, Ki Dipati Sasranagara kalananganipun mêtung sapupu sarta risak. Anangis
[Ana...]

--- 655 ---

[...ngis] aruara, asambat nyuwun pangapura ing panêmbahan. Amargi ênggènipun adamêl
sawênang dhatêng para sêliripun. Ênggènipun sakit ki dipati wau pitung dintên lajêng
pêjah, jisimipun lajêng kabêkta dhatêng ing Japan ing para santananipun. Balanipun sami
buyar.

Wondene palajêngipun Pangeran Hèrucakra wau anjujug ing dhusun Sêmanggi cakêt ing
Baturana bawah ing Sala, dêmang ing Baturana anama Dêmang Kêncèng, enggal angaturi
uninga dhatêng ing Kartasura, wondene sang prabu inggih nuntên utusan angaturi kondur
dhatêng ingkang raka, sarta angintuni busana kalihan arta, nanging Pangeran Hèrucakra
sumados angêntosi sêlir tuwin abdinipun ingkang taksih sami kantun. Sang prabu
ênggènipun angaturi dhatêng ingkang raka wau ngantos kaping sakawan. Nanging tansah
winangsulan makatên kemawon. Sang nata kakên galihipun. Dêmang Kêncèng lajêng
kadhawahan angoyaka ingkang raka saking ing dhusun ngriku, Dêmang Kêncèng nuntên
amêpak kalerehanipun tiyang urut ing bênawi, ing wanci dalu lajêng sami dhatêng ing
dhusun Sêmanggi sarwi surak anitir bêndhe, pangeran sarêng mirêng sakalangkung ajrih,
enggal lumajêng mangidul sagarwaputranipun. Sarêng sampun siyang arêrêp wontên ing
dhusun Gênting, ing dalunipun lajêng tinukup dhatêng tiyang ing dhusun. Barang
gadhahanipun têlas kapêndhêtan. [kapê...]

--- 656 ---

[...ndhêtan.] Garwanipun nandhang tatu, nuntên sami lumajêng adharat kemawon,


anusup-nusup ngidul ngilèn kawêlas asih, anjujug ing Têmbayat, kèndêl ing griyanipun
Pangeran Wôngsadriya, Pangeran Wôngsadriya inggih lajêng angaturi uninga ing
Panêmbahan Purbaya dhatêng Matawis, yèn ingkang raka wontên ing griyanipun
sakalangkung karisakan, botên mawi abdi amung kalihan putra garwanipun. Panêmbahan
Purbaya inggih enggal utusan amêthuk tandhu kalihan kapal punapa malih busana sarta
arta, Pangeran Hèrucakra inggih nuntên bidhal saking ing Têmbayat. Sampun dumugi ing
Kartasari, kêpanggih kalihan ingkang rayi kêkalih arêrangkulan sarta sami muwun.

Sarêng sampun antawis lami Pangeran Herucakra lajêng ingaturan bala dhatêng ingkang
rayi, nuntên dipun kèn angêlar jajahan mangetan. Pangeran Hèrucakra nuntên bidhal
sabalanipun anjujug ing Utêr tanah Nglaroh, têtiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku
inggih sampun sami suyud.

Kacariyos Tuwan Amral, bidhal saking nagari Kartasura, sumêja ambêdhah ing Matawis,
ambêkta bala Kumpêni kathah awarni-warni, dene têtindhihipun bala Jawi ing Kartasura Ki
Dipati Mangkupraja, sakalangkung agêng lampahing baris. Lajêng amasanggrahan wontên
ing

--- 657 ---

Dilanggu, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah. Wondene têtindhihipun bala ing Matawis


ingkang baris ing Drêsanan ngriku anama Dipati Lumarap, sakalangkung bèrbudinipun,
sagêd amêndhêt manahipun têtiyang alit. Utawi têtêlukanipun kang anama Dêmang
Bêbêkêl inggih sami kaagêngakên manahipun. Ing sabên dintên kaajak tunggil nêdha, mila
têtêlukanipun sadaya sami asih, sumêja anglabuhi pêjah, anuntên bêbantu saking Matawis
dhatêng anama Tumênggung Wiranagara kalih Tumênggung Gajah Pramada sabalanipun.
Sampun kumpul kalihan Dipati Lumarap. Lajêng mundur abêbiting ing Kalêpu amrih papan
kang prayogi. Wondene Panêmbahan Purbaya sarta Sultan Balitar inggih sampun bidhal
saking ing Kartasari, sakalangkung agêng lampahing baris. Sultan Balitar anitih tandhu
lêlawak, ginarêbêg ing para khaji tuwin para ulama sapanunggilanipun, sumêja
amêthukakên pêrangipun Kumpêni, lajêng sami pacak baris wontên ing dhusun Sanasèwu
sarta lajêng abêbiting.

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Dipati Mangkupraja bidhal saking ing Dilanggu sarta bala
Kumpêni pitung kapitan. Lajêng campuh prang kalihan bala ing Matawis wontên ing
Kalêpu, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Kartasura sarta bala Matawis kathah kang
sami pêjah, anuntên Kumpêni angarutug ing sanjata, bala Matawis kathah ingkang pêjah,
[pê...]

--- 658 ---

[...jah,] biting Kalêpu sampun kalêbêtan dening Kumpêni, Tumênggung Wiranagara


lumajêng, Ki Dipati Lumarap ingajak lumajêng dhatêng para santana tuwin para
têtêlukanipun botên purun. Wicantênipun, sanak-sanakku kabèh, yèn kowe padha wêdi
mati padha lumayua, aku dhasar dakniyati mati ana ing paprangan. Krana aku iki trahing
wong pidak bêndarakan,[10] jênêngku biyèn Si Bôngsapatra, môngka samêngko aku jênêng
Dipati Lumarap, kêkasihe Panêmbahan Purbaya, yèn aku lumayua kêna diarani wong ora
wêruh ing kabêcikan. Sarèhning gustiku bangêt asihe marang aku, aku ora bisa malês.
Kajaba ming pêcahe kulitku lan wutahe gêtihku kang dakwalêsake, wis, kowe padha
lumayua bae, aku dakngamuk dhewe. Tiyang ingkang dipun wicantêni wau kathahipun
sêlawe, lajêng sami angamuk, golong anêrajang barisipun Dipati Mangkupraja, kang
tinêrajang mawur, nuntên Kumpêni atêtulung ngarutug ing sanjata, tiyang salawe wau
sampun sami pêjah sadaya, Ki Dipati Lumarap kabyukan ing mimis kathah inggih sampun
pêjah, murdanipun tinigas. Sirah kaaturakên dhatêng Kartasura, pajalêranipun inggih
tinigas. Lajêng kapakakakên ing sagawonipun Amral anama Jakub, sampun nate binêkta
pêrang, sagawon wau lajêng kaêlih nama Lumarap.

--- 659 ---

Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin Dipati Mangkupraja lajêng lampahipun, sumêja


dhatêng Matawis. Sarêng dumugi ing Tangkisan Amral kagèt aningali ing ngajêng wontên
baris sakalangkung agêng, lajêng pitakèn dhatêng Mangkupraja mênggah ingkang baris
punika, Ki Mangkupraja anyêrêpakên yèn ingkang baris punika Panêmbahan Purbaya
kalihan Sultan Balitar, Tuwan Amral lajêng anata Kumpêninipun adamêl gêlar, Dipati
Mangkupraja sabalanipun kinèn mêdal ing Babanar, bala Kumpêni kawêdalakên
satêngahing padhusunan. Supados mêngsahipun sampun ngantos aningali, kapurih kêndêla,
sarta amatah bala sawêtawis kinèn lumampah ing wingking têbih ngobongana padhusunan.

Wondene panêmbahan sarta Sultan Balitar inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun
dhatêng, lajêng anata bala, panêmbahan sabalanipun dados panjawat kiwa, Sultan Balitar
dados panjawat têngên. Ingkang dados dhadha Pangeran Riya, bala Kablitaran sarêng
aningali mêngsahipun botên kanthi Kumpêni, sami gambira manahipun. Lajêng anêrajang
purun. Bala Mangkupraja anadhahi, rame prangipun, kathah kang sami pêjah, anuntên
Kumpêni mêdal saking padhusunan atêtulung, angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran
sami kagum. Botên wontên nyana yèn Kumpêni dhatêng, Sultan Balitar [Ba...]

--- 660 ---

[...litar] anyêrêgakên balanipun tuwin para santri, nanging kasangsang dêrêsing mimis.
Bala Kablitaran sami rêbah pating sulasah kenging ing mimis, tuwin para santri wau inggih
sampun sami pêjah sadaya, panongsongipun Pangeran Balitar rêbah kadhawahan mimis.
Songsongipun malêsat. Sultan Balitar sabalanipun anuntên lumajêng. Pangeran Riya
sabalanipun atêtulung, anadhahi pêrangipun Kumpêni, Pangeran Riya wau anyandêr
angadhangi palajêngipun tiyang Kablitaran, sarwi ngandika sêru, hèh wong Kablitaran,
padha balia ngamuk daktulungi, yagene paman Balitar iku wong arêp jumênêng nata kok
wêdi mati lumayu andhisiki, mulane kangjêng panêmbahan mêtu têka nagara ing
Kartasura, amargi nglabuhi dhèwèke, ing wusana ora panggah ing pêrang, yèn mêngkono
maratuwaku iku patut dikabiri bae. Akathah-kathah pangundhamananipun wau, nanging
bala Kablitaran botên wontên ingkang sumaur, mêksa sami lumajêng kemawon. Pangeran
Riya lajêng anindhihi pêrange balanipun. Panêmbahan Purbaya sarêng sumêrêp, yèn
putranipun pêrang kalihan Kumpêni, panêmbahan sabalanipun enggal anêmpuh saking ing
iringan, lajêng pêrang rukêt. Balanipun panêmbahan tuwin Kumpêni kathah ingkang sami
pêjah, bangke ambêlasah, Kumpêni lajêng mundur sawêtawis. Kumpêni kang wontên
[wontê...]

--- 661 ---

[...n] ing wingking enggal ambendrong mariyêm. Balanipun panêmbahan kathah kang tatu
tuwin pêjah, botên sagêd kiwul. Anuntên sami mundur lon-lonan. Kumpêni angêlud dumugi
ing Kaliajir rêrêp wontên ing ngriku. Palajêngipun panêmbahan kalihan sultan sarêng
dumugi ing Kartasari, asipêng sadalu, enjingipun bidhal saha bala tuwin putra garwanipun
botên kantun. Ngalèr ngilèn anjog ing Kêdhu, bala Kartasura kang baris ing Kêdhu anama
Tumênggung Mangkuyuda, kawon pêrangipun sarta nandhang tatu, lajêng têluk dhatêng
panêmbahan. Têtiyang ing Kêdhu inggih sampun suyud sadaya. Wondene Tuwan Amral
sakumpêninipun wau sarta Dipati Mangkupraja angêbrêki ing Kartasari, wontên ing ngriku
tigang dalu, nuntên sami pirêmbagan. Ki Mangkupraja wicantên dhatêng Amral, tuwan,
suwawi lajêng ambujêng dhatêng panêmbahan tuwin Sultan Balitar. Tuwan Amral alon
amangsuli, saudara, kula botên purun yèn ambujênga dhatêng panêmbahan sarta Sultan
Balitar, timbalanipun sang prabu dhatêng kula kala rumiyin, amung andikakakên
ambêdhah ing Kartasari, môngka ing mangke sampun kalampahan bêdhah, amêsthi kula
wangsul dhatêng ing Kartasura angaturi uninga ing sang prabu, kalih dene mêngsah
sampeyan punika dede tiyang Bali tuwin tiyang ing Madura, punika saduluripun
[saduluri...]

--- 662 ---

[...pun] sang nata tunggil rama ibu, pandugi kula sang nata inggih taksih kagungan
pangeman ing karisakanipun. Milanipun kula ajrih yèn angrumiyinana ing karsanipun sang
prabu, dene benjing yèn kula sampun amratelakakên ing dalêm kula, môngka kadhawahan
ambujêng dhatêng ingkang rayi, inggih sumôngga sami wangsul malih. Ki Dipati
Mangkupraja botên sagêd amangsuli, sabab kaluhuran sabda, sarta lajêng amiturut
dhatêng Amral. Anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing Kartasura. Sarêng panêmbahan
sarta sultan mirêng pawartos, yèn Kumpêni sampun bidhal saking Matawis. Panêmbahan
sarta sultan sabalanipun wangsul dhatêng ing Matawis. Anjujug ing dhusun Pamrêsan
sawetaning pêkên agêng sarta lajêng akaklêmpak bala.

Kacariyos Tuwan Amral sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing
sang prabu, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Sang nata sakalangkung suka, Tuwan
Amral matur malih, sinuhun, bilih ing salajêngipun panjênêngan dalêm taksih
angarsakakên ing dalêm kula, kula inggih anglampahi, sanajan ngantosa pêjah kula inggih
botên gumingsir, nanging kula gadhah panyuwun, mugi wontêna pangapuntên dalêm
dhatêng pun Dipati Cakrajaya, bilih wontên kalêpatanipun, kula inggih ananggêl. Supados
kenginga kula damêl [damê...]

--- 663 ---

[...l] kanthi sabaya pêjah. Sang nata sarêng mirêng aturipun Amral lajêng lêgêg botên
amangsuli. Ki Dêmang Urawan anyambungi atur, gusti, aturipun Tuwan Amral makatên
punika, sabab sumêrêp, yèn pun Patih Cakrajaya wau rêsik bêbudinipun sarta têmên-
têmên ênggènipun rumêksa ing nagari dalêm. Kalanipun pêrang wontên ing Surabaya
rintên dalu botên pisah kalihan pun patih, dene tiyang ingkang amadulakên ing
panjênêngan dalêm punika botên lêrês. Amung amurih kalêpatanipun Patih Cakrajaya.
Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Dêmang Urawan lêga galihipun. Anuntên angandika
dhatêng Amral. Amral, kang dadi panjalukira ingsun iya wis marêngi sarta ingsun ya wis
angapura marang Si Cakrajaya. Tuwan Amral matur malih, yèn makatên, kula kalilanana
lumampah dhatêng ing Samawis. Pun Cakrajaya badhe kula luwari piyambak saking
pagêdhongan. Tumuntên kula bêkta wangsul dhatêng ing Kartasura ngriki. Sang nata
angandika malih, iya Amral, ingsun anglilani, nanging sira aja lawas-lawas nuli balia
mrene, lan balane Si Cakrajaya kang wis padha ana ing Kartasura kene gawanên, paringna
marang Si Cakrajaya manèh. Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Lajêng mêdal
saking kadhaton apradangdosan. Ing enjingipun nuntên bidhal sarta ambêkta balanipun
[balanipu...]

--- 664 ---

[...n] Ki Patih Cakrajaya, sadhatêngipun ing Samawis ki patih sampun kaluwaran saking ing
pagêdhongan. Lajêng aklêmpak bala amundhut urunan bala dhatêng para bupati pasisir,
kadamêl prajuritipun ki patih, sabab Ki Patih Cakrajaya wau sumêrêp yèn têtiyang nagari
ing Kartasura kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Ênggènipun akaklêmpak bala
wau badhe kadamêl ngisèni nagari ing Kartasura. Anuntên ki patih sarta Tuwan Amral
angsal pawartos, yèn Pangeran Arya Mataram lolos saking Kartasura, jumênêng nata
wontên ing Garobogan bawah ing Pathi, ajêjuluk Sunan Kuning, sampun anêluk-nêlukakên
nagari sakiwa têngên ing ngriku, Tuwan Amral kalihan ki patih nuntên amarentahi Ki
Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kinèn têluk dhatêng Pangeran Arya Mataram sarta
sampun pinaringan basa wêwadi, Ki Tumênggung Mangunonêng inggih lajêng têluk dhatêng
Pangeran Arya Mataram sarta sampun katarimah ing têlukipun, kagêga ing aturipun.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya kalihan Sultan Balitar, ingkang wontên ing dhusun
Pamrêsan. Sarêng sampun kathah balanipun, lajêng bidhal saking ngriku, abêbiting wontên
ing Marêbung, balanipun kinèn sami angêlar jajahan. Ingkang mangilèn angêlar jajahan ing
Kêdhu, ingkang mangalèr anyakêti nagari ing Kartasura, [Kar...]

--- 665 ---

[...tasura,] padhusunan sakiwatêngênipun ing Kartasura sami risak sadaya, têtiyang


salêbêting nagari Kartasura sami kêkês manahipun. Sabab botên sagêd angupados têdha
dhatêng sajawining nagari, lajêng kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Sang nata
sakalangkung ênggènipun sungkawa, anuntên wontên santananipun sang prabu saking
ingkang ibu nama Radèn Sôntarêja, sampun jinunjung lênggahipun, kaparingan nama
Pangeran Mangkubumi, lajêng kadadosakên senapati, kinèn angundurakên mêngsah kang
cakêt ing nagari Kartasura, Pangeran Mangkubumi inggih nuntên bidhal sabalanipun,
amasanggrahan ing dhusun Kêmlathèn, sarta anglêmpakakên arahan. Wontên ing ngriku
Pangeran Mangkubumi amanggih maryêm alit satunggil. Lajêng kadamêl pêrangipun. Bala
ing Mataram kawon pêrangipun. Sampun bêdhah têbih saking nagari Kartasura, maryêm
ênggènipun manggih Pangeran Mangkubumi wau lajêng winastanan pun Tundhung
Mungsuh, kala samantên tiyang ing nagari Kartasura sampun sami asrêp manahipun. Sabab
sampun sagêd ngupados tatêdhan dhatêng sajawining nagari lêlampahan sabêdhug.

Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng ing Surabaya animbali Ki Ngabèi
Tohhjaya, utusan enggal mangkat. Kala samantên ing Surabaya taksih rame pêrang wontên
ing tanah Sapanjang,

--- 666 ---

bala pasisir amêngsah Panji Surèngrana, gêntos larag-linarag. Utusanipun sang prabu wau
anjujug Kapitan Bèsing, Ki Tohjaya inggih nuntên kaangkatakên sarencangipun.
Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng tinimbalan dhatêng kadhaton. Sang nata sangêt rêsêp
ing galihipun aningali Ki Ngabèi Tohjaya, dêdêgipun gagah prakosa, taksih ênèm ambêk
sura, sang nata alon andangu, Tohjaya, pira kèhe baturira, Ki Tohjaya matur saha sêmbah,
gusti, abdi dalêm rencang kula tiyang têtumbasan namung wolung dasa, kang sapalih
tiyang ing Bali, kang sapalih tiyang Jawi. Sang prabu anuntên amaringi sanjata sèkêt,
sandawa mimis kawan êtong sarta busana kalihan arta, kinèn angêdum dhatêng
rencangipun Ki Tohjaya, sang nata angandika malih dhatêng Ki Tohjaya, Tohjaya, sira
tunggua marang ingsun. Sabab sira kawulaningsun dhewe ênggon ingsun anênêmu, sira
mondhoka ing kadipatèn. Ki Tohjaya matur sandika, lajêng mundur saking ngarsa dalêm
dhatêng ing pamondhokan.

Kacariyos Dipati Jayapuspita ing Japan, ing sapêjahipun ingkang rayi kang anama Dipati
Sasranagara, sangêt ênggènipun muring-muring, lajêng animbali ingkang rayi Dipati
Natapura sabalanipun kang sawêg baris wontên ing Sapanjang, kinèn anglurug dhatêng ing
Kartasura, Dipati

--- 667 ---

Natapura inggih nuntên mangkat anglurug dhatêng ing Kartasura, ambêkta bala pitung atus
sarta tiyang môncanagari sadaya, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Picis, sakidul
wetanipun ing Kartasura, padhusunan sakiwa têngên ing ngriku sami risak dipun jarahi,
Dipati Natapura nuntên angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Panêmbahan Purbaya sarêng
sampun anampèni pratelaning utusan, sangêt suka ing manahipun. Ki Dipati Natapura
lajêng dipun tarimani, ingkang katarimakakên Mas Ayu Tiknasari, Dipati Natapura sangêt
bingahipun. Dhasar gêcul alit mila, lajêng aparentah angangsêg barisipun. Anyakêti nagari
ing Kartasura, têtiyang salêbêting nagari sami prihatin.

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya bidhal saking ing Samawis sabalanipun.
Sarta ambêkta para bupati pasisir sakilèning Samawis. Ingkang sawetaning Samawis,
amung bupati ing Dêmak, kalih ing Kudus, tiga ing Japara, liyanipun saking punika taksih
sami baris wontên ing Surabaya, sarèhning Ki Cakrajaya wau sampun lami ênggènipun baris
wontên ing Surabaya, sadhatêngipun ing Kartasura kathah kang sami anênonton ing
gêgamanipun Ki Cakrajaya, sabab balanipun kathah busananipun sae-sae. Tuwan Amral
kalihan ki patih nuntên sowan malêbêt ing kadhaton.

--- 668 ---

Ki patih lajêng anyungkêmi sukunipun sang prabu sarwi nangis. Sêsambatipun kados
pawèstri, ingkang sinambat ing tangis sang nata kang sampun seda, sang nata mirêng
sambatipun ki patih angêrês galihipun, kagagas ingkang rama swargi, angandika sarwi
nênggak waspa, wakane, wis mênênga, aja anangis. Ingsun mundhak milu anangis. Tuwan
Amral sarêng aningali sang prabu sampun ical dukanipun dhatêng ki patih, pulih
katrêsnanipun kados ingkang wau-wau, Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Alon
ênggènipun matur, sinuhun, sumôngga panjênêngan dalêm tingali, pun patih puniki punapa
gadhah manah sèdhèng ing panjênêngan dalêm punapa botên. Ing saupami kapêjahana
inggih botên suwala, nanging panjênêngan dalêm dados amêjahi tiyang tanpa dosa,
benjing malih panjênêngan dalêm sampun sok anggêga aturing tiyang kang botên lêrês. Ing
saupami pun patih punika sayêktos gadhah manah awon, amêsthi kula enggal angaturi
uninga ing panjênêngan dalêm. Sang nata amangsuli, Amral, iya bênêr sira. Sang prabu
lajêng angandika dhatêng ki patih, wakane, saiki sira mondhoka ing kadipatèn bae, dene
omahira dhewe sun watara wis rusak, krana ênggonira aninggal wis lawas. Ki patih matur
sarwi nêmbah, bilih panjênêngan dalêm parêng, kula badhe mantuk dhatêng pagriyan kula

--- 669 ---

piyambak. Sabab paningal kula sawarninipun abdi dalêm ingkang sami gêgriya têbih saking
kadhaton sami ajrih anggriyani, manawi kula sampun mantuk, pandugi kula sami purun
amangsuli pagriyanipun piyambak-piyambak. Dados têtêp manahipun têtiyang alit, nagari
dalêm botên katingalan suwêng. Amral matur anglêrêsakên ing aturipun ki patih, sang nata
inggih sampun amarêngi, Amral kalihan ki patih nuntên mêdal saking kadhaton. Kala
samantên botên antawis lami têtiyang ingkang sami ngili sampun sami mantuk dhatêng
pagriyanipun piyambak-piyambak. Ki Cakrajaya nuntên kaêlih nama Dipati Danurêja.
Sarêng sampun antawis sawulan sang nata aparentah dhatêng Arya Mandurarêja, kinèn
ambantoni Ki Tumênggung Mangkuyuda, sabab kawon pêrangipun wontên ing Kêdhu,
kinanthenan Tumênggung Malang, kalih ing Barêbês, tiga ing Têgal. Ki Tumênggung
Kandhuruwan kalih Ki Jayasudarga kinèn angrêbat ing Pagêlèn. Tuwan Amral
sakumpêninipun kalihan Bupati Danurêja, Dipati Mangkupraja tuwin para bupati pasisir
anglurug dhatêng ing Marêbung, sadaya wau sarêng ing bidhalipun. Lampahipun Tuwan
Amral sampun dumugi ing Marêbung, lajêng abêbiting ajêng-ajêngan kalihan bitingipun
bala ing Matawis. Bupati ing Matawis kang wontên ing ngriku anama Ki Tumênggung
Jayabrata, wondene Panêmbahan [Panê...]

--- 670 ---

[...mbahan] Purbaya, kalih Sultan Balitar, tiga Pangeran Riya sami agiliran wontên ing
ngriku sarta sami adamêl pêpanggungan. Kala punika kang pinuju wontên ing biting
Panêmbahan Purbaya lajêng sami aprang mariyêman. Bala Matawis sami adamêl jugangan.
Supados sampun ngantos kenging ing mimis. Ênggènipun pêrang maryêman wau sabên
dintên botên kèndêl-kèndêl.

Dene bala ing Kartasura ingkang dhatêng ing Kêdhu inggih sampun campuh pêrang, bala
ing Matawis kawon, lumajêng dhatêng ing Matawis, bala Kartasura kang dhatêng ing
Pagêlèn anama Kandhuruwan kalih Jayasudarga, ing Pagêlèn inggih sampun karêbat
dhatêng Kandhuruwan kalihan Jayasudarga, têtiyang ing ngriku sampun suyud sadaya.

Kala samantên Ki Kandhuruwan angumpulakên para tapa akalihan para ajar, ingkang sami
ahlul petangan. Kinèn anjôngka Panêmbahan Purbaya kalih Sultan Balitar, punapa inggih
alulus jumênêng nata punapa botên. Mila Ki Kandhuruwan wau makatên, saking
trêsnanipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, ing saupami sagêda lulus jumênêng nata, Ki
Kandhuruwan sumêja ambalik, anilar ing Sang Prabu Kartasura, nanging aturipun para tapa
sarta para ajar wau sami anjôngka yèn badhe lêbar ing lêlahan sarta botên wilujêng,
nanging benjing wayahipun Panêmbahan Purbaya ingkang saking putranipun [putra...]

--- 671 ---

[...nipun] èstri, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing Ngadipala[11] bawah
ing Sala cakêt bênawi, sakalangkung agêng karatonipun. Ki Kandhuruwan sarêng sampun
anampèni pratelaning para ajar, nuntên anglampahakên utusan mawi sêrat adhêdhêmitan
katur Panêmbahan Surabaya, amratelakakên panjangkanipun para ajar wau, lampahipun
ing utusan sampun dumugi ing Marêbung sarta angaturakên sêrat. Panêmbahan
sasampunipun maos sêrat pratela, sakalangkung anglês galihipun. Enggal animbali
Tumênggung Wiranagara, lajêng kaulungan sêrat saking Kandhuruwan wau sarta alon
pangandikanipun.

Wiranagara, pikirên unine layang iku, atiku bangêt gone rubêd. Ki Wiranagara enggal
amaos sêrat. Sarêng sampun tamat tumuntên matur, gusti, pamanah kula ungêling sêrat
punika sae, wondene awonipun, sarèhning pun Kandhuruwan punika samangke taksih
dados mêngsah, bokmanawi adamêl girisipun galih dalêm kemawon. Ananging kala
panjênêngan dalêm taksih timur ngantos sapriki pun Kandhuruwan wau panganggêpipun
dhatêng ing panjênêngan dalêm sakalangkung sae sarta sangêt trêsna, ênggènipun gadhah
atur ingkang kawrat ing sêrat punika saking pangemanipun. Supados panjênêngan dalêm
sampun ngantos kapara ing tiwas. Mila

--- 672 ---

dados pakèwêd ing pamanah kula. Panêmbahan ngandika, yèn mêngkono Wiranagara,
kowe ngupayaa nujum ramal, kang bisa anjôngka sadurunge kalakon. Undangên mênyang
ing ngarêpku mrene. Ki Wiranagara matur, inggih gusti, kula gadhah sadherekan patinggi
ing dhusun Palar, punika asring anglampahakên panujuman. Samangke inggih wontên ing
pamondhokan kula. Ki patinggi enggal tinimbalan. Sampun dumugi ing ngarsanipun
panêmbahan. Ki Wiranagara wicantên, wakane patinggi, gustimu iki karsa sumêrêp
kapintêramu anjôngka, matura ing satêmêne bae, aja nganggo wêdi. Ki patinggi matur
botên sagêd. Ki Wiranagara wicantên malih, ki patinggi, yèn kowe ora gêlêm matur,
amêsthi kowe bakal bilai ing sadina iki. Ki patinggi matur malih, kula inggih purun matur
ing sayêktosipun. Nanging panyuwun kula, bilih ingkang badhe kula aturakên punika
wontên ingkang botên prayogi, mugi gusti kula angapuntêna dhatêng kula. Panêmbahan
anyambungi pangandika anyagahi. Ki patinggi nuntên matur, gusti, ing panjôngka kula
panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm kangjêng sultan botên sagêd lulus jumênêng nata,
sanajan darbea prajurit yutan. Nagari ing Kartasura kantun saaubing payung, inggih botên
bêdhah dening panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm. Dene karsa [kar...]

--- 673 ---

[...sa] dalêm adamêl prang punika badhe tanpa wêkas, mindhak angrisakakên tiyang alit.
Sabab panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm botên kalilan ing Allah yèn jumênênga nata
amêngku ing tanah Jawi, nanging panjênêngan dalêm ing benjing kagungan wayah jalêr,
miyos saking putra dalêm wanodya, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing
Sala utawi ing Ngadipala, sakilèning bênawi, wiwitanipun mêlas asih, wêkasanipun
pinunjul. Karatonipun angungkuli para lêluhuripun ingkang sampun sami sumare, lamine
karatonipun wolung dasa taun nuntên apês. Panêmbahan alon andangu, patinggi,
ênggonmu duwe kawruh mangkono iku saka ing apa. Gusti, sêrap kula makatên punika awit
saking kitab anama Suratul Nujum. Punika kitabipun. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun
ki patinggi wau sangêt ênggènipun lêgêg, sarta ênggènipun mangun pêrang lajêng kêmba,
panêmbahan nuntên bidhal saking bètèng ing Marbung, kondur dhatêng ing Matawis,
mundhut gilir kalihan Sultan Balitar, kang kinèn kantun wontên ing biting Pangeran Riya
kalihan Tumênggung Jayabrata, ing sabên dintên tansah sami pêrang mariyêman.
Têrkadhang bala Kumpêni mêdal saking bitingipun ing Malinjon, sumêja angrampid
bitinging mêngsahipun. Nanging botên sagêd. Sabab papanipun sakalangkung pakèwêd
[pa...]

--- 674 ---

[...kèwêd] sarta kaêlêtan lèpèn jurangipun lêbêt, sarta bala ing Matawis sangêt ing
pangatos-atosipun.

Anuntên Tuwan Amral apirêmbagan kalihan Ki Patih Danurêja, sarèhning padhusunan


sakidulipun nagari ing Kartasura kathah ingkang risak, amargi dipun jarah rayah dhatêng
balanipun Surèngrana kang baris ing Picis, utawi bala ing Kartasura kang sami wira-wiri
dhatêng pabarisan inggih asring dipun begali wontên ing margi, punika sami rêmbag
anyuwun Ki Ngabèi Tohjaya dhatêng sang prabu, kawêdalna saking nagari anggêbaga
mêngsah kang wontên ing Picis. Ki Patih Danurêja wau inggih sampun anglampahakên
utusan sarta mawi sêrat katur ing sang prabu, sang nata sarêng sampun anampèni sêrat,
nuntên animbali Ki Ngabèi Tohjaya, katantun punapa purun kaabên pêrang kalihan Dipati
Natapura, atur wangsulanipun Ki Tohjaya purun, ing pundi panggenanipun kêpanggih botên
ajrih, sabab kala pêrang ing Surabaya inggih punika mêngsahipun. Kalih dene pun Dipati
Natapura punika tandangipun prang licik, kapurunanipun anênungkul, botên purun pêrang
dhadha, sanès kalihan sadhèrèkipun kang nama Jayapuspita utawi Sasranagara, punika
mênggaha sawung tanglêd purun gêntos gêbag-ginêbag. Sang nata sarêng mirêng aturipun
Ki Tohjaya [Toh...]
--- 675 ---

[...jaya] sakalangkung suka, Ki Tohjaya lajêng kadhawahan anglurug tumut ki patih tuwin
Tuwan Amral, kaparingan sangu kalih atus reyal sarta waos satunggil prabot jêne, Ki
Tohjaya tumuntên mangkat sarta kabêktanan sêrat, kaparingakên Tuwan Amral kalihan ki
patih, lampahipun Ki Tohjaya sampun dumugi ing Malinjon. Sêrat lajêng kaparingakên
dhatêng Amral. Tuwan Amral sarêng sampun maos sêrat sangêt ing bingahipun. Lajêng
wicantên dhatêng Ki Tohjaya, Ki Tohjaya, samêngko bangêt bêgjamu, sang prabu bangêt
sihe marang kowe, karo dene dhawuhe sang nata ora anglilani yèn kowe pisaha karo aku
utawa karo bupati, lan jênêngmu amêsthi bakal daklêbokake ing êbuk. Para bupati sarêng
sami mirêng wicantênipun Amral sami suka manahipun sarta sami asih dhatêng Ki Tohjaya.
Ki Tohjaya nuntên kadhawahan dhatêng Amral. Kinèn ambêdhah ing Têmbayat. Sabab
botên purun nungkul, taksih angidhêp dhatêng Panêmbahan Purbaya, Ki Tohjaya inggih
tumuntên mangkat sabalanipun sarta kakanthenan bupati kêkalih, anama Radèn
Natawijaya kalih Mangunnagara sabalanipun. Sarêng dumugi ing Têmbayat, pinêthukakên
pêrang rame, tiyang ing Têmbayat kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Ki
Tohjaya sabalanipun. Tiyang Têmbayat sami ngungsi

--- 676 ---

dhatêng ing masjid. Ki Tohjaya angêlud. Kang kacandhak pinêjahan. Radèn Natawijaya
angèngêtakên dhatêng Ki Tohjaya wicantênipun, he adhi Tohjaya, ampun bangêt gon dika
siya-siya marang wong ing Têmbayat. Sabab punika padha trahing wali, kaya dene ing Giri
tanah Surabaya. Ki Tohjaya sarêng mirêng wicantênipun Radèn Natawijaya, lajêng sila
sarwi anyêmbah masjid kaping satus. Radèn Natawijaya pitakèn sarta gumujêng, adhi
Tohjaya, punapa dika nyêmbah ing masjid. Ki Tohjaya amangsuli, milanipun kula nyêmbah
masjid. Bokmanawi wontên pangeran kang trah wali katut kula pêjahi, supados kula
sampun ngantos kenging ing walat. Radèn Natawijaya utawi ingkang sami mirêng lajêng
sami gumujêng sadaya, nuntên sami wangsul dhatêng ing Malinjon.

Gêntos kacariyos Ki Dipati Jayapuspita ing Japan, anandhang sakit sangêt. Ki Dipati
Natapura kang wontên ing Picis dipun utusi, sarêng Dipati Natapura dumugi ing Japan,
Sang Dipati Jayapuspita lajêng pêjah, balanipun sami bibar arêbat pagêsangan piyambak-
piyambak. Srayanipun tiyang Bali inggih lajêng sami mantuk dhatêng ing Bali, dene para
santananipun Sang Dipati Jayapuspita wau lajêng sami anunggil akalihan Ki Dipati
Natapura wontên ing Japan.

--- 677 ---

Kacariyos Panêmbahan Purbaya kang abêbiting wontên ing Marbung, ênggènipun ajêng-
ajêngan kalihan Kumpêni utawi bala ing Kartasura laminipun sampun wolung wulan. Ing
sabên dintên tansah sami pêrang amariyêman. Kala samantên Panêmbahan Purbaya sarta
bala ing sawêtawis bidhal saking Marêbung kondur dhatêng ing Matawis. Karsa mundhut
gilir ingkang rayi Sultan Balitar, nanging sarêng dumugi ing Matawis lajêng pradangdosan.
Utawi Sultan Balitar sarta Pangeran Riya inggih lajêng sami pradangdosan sagarwa
putranipun tuwin balanipun sadaya, sumêja lolos dhatêng tanah ing môncanagari, sarêng
sampun samêkta lajêng bidhal saking ing Matawis. Arêrêp wontên ing dhusun Kêbon Agung,
panêmbahan anuntên angutusi balanipun kang taksih wontên ing Marêbung, kinèn sami
anilar bitingipun ing wanci dalu, sarêng ing wanci dalu bala Mataram kang wontên ing
biting inggih nuntên sami bidhal. Bala Kartasura tuwin Kumpêni botên wontên kang
sumêrêp. Ing sanèsipun dintên Tuwan Amral sumêrap yèn panêmbahan sarta sultan
sabalanipun sampun bidhal mangetan. Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing
Kartasura lajêng sami anututi, anurut ing salasahipun. Lampahipun panêmbahan mêdal ing
Manyaran, anjog ing Laroh, sampun kumpul kalihan Pangeran Hèrucakra, [Hèruca...]

--- 678 ---

[...kra,] lajêng mangetan mêdal ing Kaduwang anjog ing Kamagêtan. Wontên ing ngriku
lampahipun katututan. Lajêng pêrang kalihan Kumpêni sakêdhap. Panêmbahan kawon,
lumajêng dhatêng kitha ing Madiun. Kèndêl wontên ing ngriku sarta tata-tata.

Wondene Tuwan Amral arêrêp wontên ing Kamagêtan. Lajêng pirêmbagan kalihan ki patih
sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, kang tinilar kinèn baris ing ngriku Radèn Arya
Pringgalaya kalih Radèn Natawijaya, kakanthenan bupati pasisir sawêtawis. Sanèsipun
punika sadaya sami kabêkta mantuk dhatêng ing Kartasura, lampahipun Amral
sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura sarta sampun amratelakakên dhatêng ing
sang prabu salampahipun sadaya, Ki Ngabèi Tohjaya lajêng ginanjar nagari ing Lamongan,
kapatêdhanan nama Tumênggung Tohjaya, lajêng kadhawahan mantuk dhatêng ing
Lamongan anataa nagarinipun sarta adamêla prajurit.

Tuwan Amral anuntên pirêmbagan kalihan ki patih, kinèn akintun sêrat dhatêng Ki
Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kapurih bujuka Pangeran Arya Mataram kang
jumênêng nata wontên ing Garobogan. Pangeran Arya Mataram wau dipun aturi ing Tuwan
Amral têdhak dhatêng ing Japara, sagah badhe kaangkat jumênêng nata amêngku [a...]

--- 679 ---

[...mêngku] ing tanah Jawi, prajangjeanipun kalihan Kumpêni anuruta kados


prajangjeanipun Sinuhun Pakubuwana suwargi, nanging Tuwan Amral nyuwun epah nagari
ing Surabaya kalihan ing Japara, tiga ing Dêmak. Utusanipun ki patih ingkang ambêkta
sêrat inggih enggal lumampah, sampun dumugi ing Pathi, sêrat inggih sampun katampèn
dhatêng Ki Tumênggung Mangunonêng, sêrat lajêng kaaturakên dhatêng Pangeran Arya
Mataram, sarta Ki Mangunonêng akathah-kathah aturipun amurih pangeran puruna têdhak
dhatêng Japara, Pangeran Arya Mataram wau inggih lajêng kamologên galihipun. Botên
sumêrêp yèn badhe kenging ing paekan. Enggal angundhangi balanipun, nuntên bidhal
dhatêng ing Japara, Ki Mangunonêng botên kenging pisah.

Wondene Tuwan Amral inggih sampun mangkat saking Kartasura sarta ambêkta Ki Dipati
Citrasoma ing Japara, dumuginipun ing Japara sarêng kalihan rawuhipun Pangeran Arya
Mataram. Kumpêni ing Japara tuwin Tuwan Amral sangêt ênggènipun sugun-sugun dhatêng
Pangeran Arya Mataram. Pakurmatipun kasami kalihan sang prabu, pangeran sagarwa
putranipun sami eca ing galihipun.

Sarêng sanèsipun dintên Pangeran Arya Mataram sarta putra tuwin mantunipun kathahipun
wolu sarêng dumugi salêbêting [sa...]

--- 680 ---

[...lêbêting] loji lajêng cinêpêngan, binêkta dhatêng pasisir, sinedanan wontên ing ngriku,
sinêngkalan 1645. Tuwan Amral nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura, sarta ambêkta
garwanipun Pangeran Arya Mataram tuwin putranipun ingkang sami taksih alit-alit.
Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur dhatêng sang prabu ing kawitan dumugi
wêkasan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun sarta anarima sangêt dhatêng Amral.
Tuwan Amral anuntên matur yèn sumêja ambujêng ing sapurugipun panêmbahan tuwin
Sultan Balitar, sang nata parêng, lajêng parentah dhatêng ki patih, kinèn amarentahi Ki
Dipati Cakraningrat sarta para bupati pasisir, sami andikakakên dhatêng ing Ngawi
sabalanipun. Tuwan Amral inggih badhe dhatêng ing Ngawi sarta bala Kumpêni mêdal ing
Jagaraga, Radèn Natawijaya kang baris wontên ing Magêtan kinèn angêrig tiyang
môncanagari, abarisa ing wana Gagêlang sakidulipun Madiun. Ki patih wau enggal
anglampahakên utusan dhatêng Maduntên tuwin nagari pasisir môncanagari sadaya, para
bupati ingkang sami kadhawahan parentah wau inggih enggal sampun sami dhatêng wontên
ing Ngawi sarta ing wana Gagêlang, sakalangkung agêng bêbarisanipun. Anuntên sami
angaturi uninga dhatêng ing Kartasura. Wondene Tuwan Amral sarêng sampun anampèni
pratela, [prate...]

--- 681 ---

[...la,] yèn para bupati sampun sami ngalêmpak. Tuwan Amral nuntên bidhal ambêkta
Kumpêni sèwu, bupati ing Kartasura kang binêkta sapalih, têtindhihipun Radèn
Suradiningrat putranipun Pangeran Panular kalih Ki Dipati Mangkupraja, lampahipun
sampun dumugi ing Ngawi, akumpul kalihan para bupati môncanagari tuwin pasisir,
kathahing bala tanpa wilangan, lajêng ngangsêg dhatêng ing dhusun Kakajang.

Gêntos kacariyos putra ing Maduntên kang nama Radèn Jimat, kang binêkta Dewa Kêtut
dhatêng ing Bali rumiyin. Samangke sampun wangsul dhatêng ing tanah Jawi, akumpul
kalihan Ki Dipati Natapura, tumuntên sami rêmbag sumêja anunggil Panêmbahan Purbaya,
lajêng sami bidhal saking ing Japan lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Madiun
panêmbahan sakalangkung bingah ing galihipun. Ki Dipati Natapura lajêng sinêgahan dados
pamugarining prang, panêmbahan anuntên parentah anata baris sumêja mêthuk prang
wontên ing dhusun Pagagakan. Milih papan kang wiyar sarta radin. Ingkang pinatah dados
panjawat têngên Radèn Jimat, binêbahan mêthukakên pêrangipun bala ing Madura sarta
bala pasisir, Ki Dipati Natapura dados panjawat kiwa, amêthukakên pêrangipun bupati ing
Kartasura, ingkang dados dhadha panêmbahan, badhe anadhahi pêrangipun Kumpêni,
sarêng sampun [sampu...]

--- 682 ---

[...n] sami rakit nuntên bidhal saking kitha Madiun. Sadhatêngipun ing Pagagakan
mêngsahipun sampun mapan wontên ing ngriku, lajêng têmpuh pêrang rame, kathah kang
sami pêjah, balanipun Pangeran Cakraningrat ing Maduntên sarêng sami aningali dhatêng
Radèn Jimat sangêt ênggènipun sami ajrih, sabab punika saduluripun gustinipun. Nuntên
sami lumajêng angungsi wingkingipun Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat
sangêt duka, anêrêgakên bala sarwi angandika, hèh bocah Madura, aja ana kang wêdi, Si
Kacung cêkêlên bae. Nanging bala ing Madura mêksa mogok, lumajêng dhatêng ing
wingkingipun prajurit Kumpêni, bala ing pasisir kèlu sami lumajêng, utawi bupati ing
Kartasura ingkang aprang kalihan Dipati Natapura inggih sampun kaplajêng, nuntên
Kumpêni anadhahi pêrangipun panêmbahan. Sakalangkung rame sarta kathah kang sami
pêjah, panêmbahan kawon pêrangipun. Nuntên mundur alon-alonan sarta kasaput ing
dalu, sadhatêngipun ing kitha Madiun lajêng pradangdosan sumêja kèngsêr mangetan,
sarêng sadalu punika ugi panêmbahan sarta sultan bidhal saking ngriku lan sabalanipun,
mêdal ing siti Pranaragi lajêng anjog ing Kadhiri. Anuntên anakipun Surapati têtiga sami
sowan dhatêng panêmbahan wontên ing Kadhiri, inggih anama Surapati, kalih Suradilaga,
tiga Tirtanata, sarta ambêkta bala

--- 683 ---


gangsal atus. Lajêng kinèn amêthukakên Kumpêni ingkang sami ambujêng dhatêng
panêmbahan.

Wondene pambujêngipun Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura kèndêl
wontên sakilènipun bênawi palabuhan. Ênggènipun masanggrahan wontên ing ngriku
satêngah wulan, ajêng-ajêngan kalihan anakipun Surapati têtiga wau, nanging êlêt
bênawi, dene panêmbahan sarta sultan inggih wontên ing kitha Kadhiri, sarêng Tuwan
Amral sumêrêp yèn panêmbahan taksih wontên ing kitha Kadhiri, botên tumut baris cakêt
bênawi ngriku, Tuwan Amral lajêng anuduh Kumpêni gangsal atus, têtindhihipun kapitan
gangsal, anama Tonar, kalih Bêngkol, tiga Kapitan Pambayi, sakawan Kapitan Buyung,
gangsal Kapitan Jêmbaran, kinanthenan Ki Tumênggung Tohjaya, kinèn sami nyabrang
bangawan ngandhap, lajêng amenggok mangidul. Ingkang sami kadhawahan wau inggih
enggal mangkat nyabrang ing bênawi.

Sarêng panêmbahan sumêrêp yèn wontên baris Kumpêni badhe nubruk saking wingking,
sangêt ênggènipun kagegeran. Anakipun Surapati têtiga wau lajêng sami dipun timbali,
badhe kinèn amêthukakên Kumpêni kang sampun sami nyabrang bênawi. Sarêng tuwan
aningali baris sawetaning bênawi sampun bibar, Amral sakumpêninipun sarta bala ing
Kartasura lajêng sami nyabrang mangetan. [ma...]

--- 684 ---

[...ngetan.] Panêmbahan sangsaya kuwur galihipun. Sabab mêngsahipun maju kalih,


panêmbahan sarta sultan nuntên sami lumajêng dhatêng ing Malang, anakipun Surapati
têtiga anadhahi pêrang sakêdhap, anuntên nututi lumajêng. Wondene Amral sarta bala ing
Kartasura lajêng angêbrêki kitha ing Kadhiri, têtiyang môncanagari sampun kathah kang
sami nungkul dhatêng Tuwan Amral. Amral nuntên adamêl loji ing ngriku. Sarêng
ênggènipun adamêl loji sampun dados, Tuwan Amral lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya
ambêkta bala Kumpêni sapalih, kang sapalih taksih tinilar wontên ing Kadhiri kalihan bala
ing Kartasura sadaya, sarta atilar ubanggi dintên ênggènipun badhe ambêdhah ing Malang,
lampahipun Tuwan Amral mêdal ing Japan. Têtiyang ing Japan tuwin sakiwatêngênipun
sampun sami nungkul sadaya dhatêng Amral. Lajêng sami binêkta dhatêng ing Surabaya,
Tuwan Amral wau ênggènipun wontên ing Surabaya botên lami, nuntên mangkat sumêja
anggêbag ing Malang, dhatêngipun wontên ing Malang sarêng kalihan Kumpêni tuwin bala
ing Kartasura kang saking Kadhiri, lajêng têmpuh pêrang sakêdhap. Sultan Balitar
lumajêng dhatêng ing Dhumpul. Panêmbahan kalihan Pangeran Hèrucakra sarta Dipati
Natapura tuwin anakipun Surapati têtiga sami lumajêng angusi ing Lumajang, sinêngkalan
1646.

--- 685 ---

Tuwan Amral sarta bala ing Kartasura sami angêbrêki ing Malang, wontên ing ngriku
kaparag ing pagêring, bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang sami pêjah amargi
sakit. Radèn Suradiningrat kalihan Dipati Mangkupraja sami pêjah, Tuwan Amral
sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing
Kartasura sarta ambêkta kunarpa kêkalih wau. Ing sapêngkêripun Kumpêni tuwin bala ing
Kartasura, Sultan Balitar wangsul dhatêng ing Malang malih, wontên ing ngriku gêrah
andadosakên ing sedanipun. Layonipun anuntên binandhusa kabêkta dhatêng ing
Kartasura, kang angiringakên layon garwa putranipun sarta Ki Tumênggung Jayabrata,
nuntên sami mangkat saking ing Malang.
Kacariyos mantukipun bala ing Kartasura sarwi ambêkta kunarpanipun Ki Dipati
Mangkupraja kalih kunarpanipun Radèn Suradiningrat. Sarêng katur ing sang prabu
sakalangkung ngungun. Têtilaranipun anak Ki Dipati Mangkupraja satunggil, lajêng
kadadosakên bupati, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Anuntên Ki Dipati Sura
Adimênggala ing Samawis pêjah, nanging botên gadhah anak jalêr, amung anak èstri
kemawon, sampun kaemahakên angsal kapenakanipun Dipati Sura Adimênggala anama
Martayuda, Martayuda wau kala jumênêngipun Sunan Pakubuwana wontên ing Samawis
sampun kaabdèkakên, [ka...]

--- 686 ---

[...abdèkakên,] kadadosakên carik. Inggih kaparingan nama Ngabèi Martayuda, sarêng ing
sapêjahipun Ki Dipati Sura Adimênggala punika Martayuda sumêja angrêbat
kalênggahanipun. Nuntên agadhah panyuwun dhatêng Tuwan Komasaris Dulkub. Tuwan
komisaris inggih parêng, Ki Mangkuyuda lajêng katêtêpakên dados bupati ing Samawis.
Nanging tuwan komasaris wau kasupèn adatipun lampahing nagari, botên mawi ngaturi
uninga sarta anyuwun lilah ing sang prabu tuwin ki patih. Sarêng Ki Patih Danurêja
kamirêngan, yèn Ki Martayuda sampun dados bupati awit saking karsanipun tuwan
komasaris, ki patih enggal anglampahakên utusan animbali Martayuda, Ki Marta sarêng
tampi dhawuh saking ki patih, enggal lumampah sowan dhatêng ing Kartasura sarta
angangge panganggenipun bupati, sadhatêngipun ing Kartasura lajêng amondhok ing
kapatihan.

Anuntên ki patih anglampahakên utusan dhatêng tuwan komasaris ing Samawis sarta mawi
sêrat. Ungêling sêrat, ki patih pitakèn dhatêng komasaris, punapa tuwan komasaris purun
adamêl bupati, botên têrang kalihan sang prabu, kaping kalih ki patih anyêrêpakên
dhatêng tuwan komasaris, yèn Kumpêni ing Samawis botên kaparingan wêwênang yèn
amisesaa dhatêng [dha...]

--- 687 ---

[...têng] bupati ing Samawis. Naming padamêlanipun kemawon ingkang kaparingakên


dhatêng Kumpêni, dene bilih wontên kalêpatanipun ênggènipun jagi, tiyang Kumpêni
anglaporna dhatêng Kartasura, sabab botên kawênangakên yèn angukuma ing
kalêpatanipun. Tuwan komasaris wau sarêng sampun maos sêrat, sangêt ênggènipun
jêtung, amargi dipun wus- wusakên dhatêng ki patih, sarta kaduwung solahipun kang
sampun kalampahan. Anuntên amangsuli sêrat. Suraosipun, angrêrêpa dhatêng ki patih,
supados sampun ngantos karêpotakên dhatêng Batawi, dene prakawisipun Martayuda,
sarèhning samangke sampun wontên ing Kartasura, aprasasat yatra sampun wontên ing
kanthongipun ki patih, punapa ingkang dados karsanipun amêsthi badhe kalampahan sarta
tuwan komasaris angintuni barang warni-warni dhatêng ki patih. Sêrat tuwin barang
kintunan sampun sami katampèn dhatêng utusan. Nuntên mantuk dhatêng ing Kartasura.
Ki Patih Danurêja sampun maos sêrat wangsulan saking komasaris sangêt suka ing
manahipun. Ki patih enggal sowan ing sang prabu angaturakên prakawis wau, sang nata
sarêng mirêng pratelanipun ki patih, sakalangkung suka ing galihipun. Alon ênggènipun
ngandika, wakane, prakara iku môngsa bodhoa sira, sarèhning Martayuda mau kaluputan
[ka...]

--- 688 ---

[...luputan] marang ingsun. Iya tumuli patrapana paukuman. Nanging aja sira patèni,
krana kangjêng rama swargi wis prajangjean karo Si Dipati Sura Adimênggala, saturune
luputa ing ukum pati. Ki patih matur sandika, ki patih matur malih angaturakên ingkang
badhe anggêntosi bupati ing Samawis, anama Ngabèi Sêtrawijaya, sang nata inggih parêng,
ki patih tumuntên mêdal saking kadhaton.o.

1. cêthing. (kembali)

2. amanggihi. (kembali)

3. bèncèng. (kembali)

4. botên. (kembali)

5. Mataram. (kembali)

6. adhêdhêmitan. (kembali)

7. dhêl. (kembali)

8. pangidhêpipun. (kembali)

9. angububi. (kembali)

10. pêdarakan. (kembali)

11. Kadipala (dan di tempat lain). (kembali)

Anda mungkin juga menyukai