Anda di halaman 1dari 2

ULANGAN HARIAN

BASA JAWA
I. Ceceg-ceceg ing ngisor iki wangsulana nganggo tembung kang mathuk!
1. Dawa cedhake swara nalika maca geguritan diarani...
2. Nalika ana banjir bandhang ing sawijining dhaerah ,Salah siji kudu sing bisa dilakoni...
3. Dimas nekani ulangtahune Vina. Saben ana panganan dipangan. Jatahe kancane uga dipangan. Nalika
disuguhi mangan prasmanan, Dimas olehe mangan imbuh kaping telu. Dheweke kandha yen ing
omahe ora ana panganan kaya ngono. Watake Dimas sing kaya ing cuplikan crita diarani..
4. Murti omahe ing padesan sing omah rada larang. Wayah surup Murti mulih saka omahe simbahe.
Dheweke kudu ngliwati dalan lindhuk pinggir kali. Dalane peteng dirubung papringan. Nalika Murti
mlaku kamiweden dumdakan krosak, blug! Murti njerit sabantere.
Pengalamane Murti diarani pengalaman sing...
5. Sandangan swara kang unine “o” diarani...
6. Wati: “... kowe ora sido melu plesir menyang Lamongan?”
Budi: “ Jalaran aku ora nduwe duwit.”
7. Putri nampa layang ... kancane sing manggon Papua.
8. Rudi kelas telu. Senengane nonton TV, dolanan game ora gelem sinau. Panemuku...

9. yen ditulis latin dadi .....


10. Mbak Kristi nulungi adhik tiba. Nulungi asale saka tembung lingga...
11. Sikap kang becik nalika ana kancane maca geguritan yaiku..
12. Bocah kelas telu tansah guyup karo kancane.
Tembung guyup padha tegese karo tembung...
13. Mila yen kesenggol kancane mesthi nangis. Nggoleki potlote ora ketemu uga nangis. Nggarap tansah
kleru uga nangis. Mila diarani bocah sing...
14. Kupu kuwi
Kupu kuwi tak takencupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung saparan-paran
Mbok ya mencok takencupe
Mentas mencok cegrok banjur mabur kleper
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku...
15. Tembang Padhang Bulan iku ajak-ajak dolanan ana ing wayah..
16. Mamik didukani ibune jalaran ora gelem sinau. Mamik kalebu bocah sing...
17. Sari tangi turu enggal nglempiti kemule. Paturone banjur ditata rapi. Metu saka kamar banjur saka
kamar banjur raup dhisik. Nyusul ibune ing pawon ngrewangi isah-isah lan nyapu. Bareng wis jam
enem banjur adus, sarapan lan budhal sekolah. Watahe Sari diarani...
18. Sandangan swara suku unine....
19. Yen ngirim layang ojo lali wenehono tapak asma panulise. Tapak asma tegese...
20. Bapak gugur gunung ngresiki gorong-gorong. Gugur gunung tegese...
21. Anto: “Nyangapa kringetmu gumrobyos karo ngguya-ngguyu wae, ta Di?”
Ardi: “Aku mentas balapan mlayu. Aku menang tur nomer siji. Aku entuk hadiah dhuwit lan medali.
Pengalamane Ardi klebu pengalaman sing...
22. Weni njupuk gedhang. Ukara ing dhuwur yen dikramakake dadine..
23. Pakdhe Narto ... kopi ing teras.
Tembung kang bener kanggo njangkepi, yaiku...
24. Ulin: “ Kae lo Di, sing piket ngresik i kelas!”
Mardi: “Wegah. Kepenak lungguhan dadak di akon nyapu.”
Watake Mardi ing dhuwur diarani...
25. Esuk kuwi Tita budhal sekolah paling esuk. Ing dalan, Tika nemu dompet. Dompete isine duwit akeh
banget. Teka sekolahan dompete diaturake ibu guru. Awane ana wong nggoleki dompet ceblok.
Dompet diwenehne, bener sing duwe cocok karo KTP. Tita sing nemokake diwenehi duwit dening
sing duwe dompet. Pengalamane Tita diarani pengalaman sing...
26. Bapak mangan sega thiwul. Ukara kasebut menawa diowahi dadi krama alus...
27. Paklik numpak sepur. Numpak benere...
28. Parman: “ Kepriye kabare bulikmu sing ana Sidoarjo Dir?
Dirman: “Omahe klelep Lumpur Lapindo, saiki ngungsi ing pasar Porong.”
Mangane dijatah tur kerep entuk sega mambu. Putrane Bulik lara-laranen.
Kahanane( Keadaane) bulike Dirman diarani...
29. Istianah nulis layang... bulike.
30. Kacamata yen ditulis aksara jawa yaiku...
Apa sing kokweruhi ngenani geguritan?
31. Critakna pengalamanmu sing ora bisa dilalekake! ( Pengalaman kuwi bisa sing nyenengake, medeni,
ngisin-ngisini, lan nyusahake)
32. Sing nonton kebun binatang akeh banget. Wikan lan Parmin lagi seneng nonton jerapah. Nalika noleh
ketinggalan rombongane. Sinambi nonton kewan, bocah loro nggoleki kancane. Ing cedhak akurium
kepethuk Heni lan Narmi sing uga ketinggalan kancane. Bocah papat nonton bareng. Jam siji awan
durung kepethuk kancane. Dheweke menyang pos satpam, petugas satpam banjur ngundang kancane
sing padha dolan dhewe-dhewe . Tulisen sapa wae sing dadi paragane crita ing dhuwur!

33.
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
34. Sapa sing arep tindhak Jakarta?
Ukara iku kagolong ukara...
35. Ukara ngisor iki dadekna ukara tanduk!
Adhine digendhong Lisa

Anda mungkin juga menyukai