Anda di halaman 1dari 3

Ing wulan siyam punika kula ngaturaken“Sugeng nindakaken

ngibadah siyam ramadhan” sumangga sesarengan sami ningkataken


iman, saged nahan hawa nafsu, tumindak ingkang becik lan nebihi
tumindak ala ingkang dados laranganipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Ing mangsa pageblug covid-19 punika, sumangga sesarengan


tansah manut kaliyan anjuranipun pemerintah, tansah njagi kasarasan lan
boten pareng tindak-tindak (stay at home). Sumangga sesarengan tansah
ndedonga mugi-mugi pageblug covid-19 enggal musna, supados
manungsa ing alam Donya saged makarya kados adatipun lan siswa-
siswa saged pembelajaran kados adatipun.

Ing piwulangan kelas X sampun dijlentrehake babagan tembung


saroja, tembung garba, tembung plutan, tembung saloka, tembung
bebasan, tembung panyandra, tembung pepindhan, lan sanepa. Ing
piwulangan kelas XI ugi sampun dijlentrehake babagan cangkriman,
wangsalan, lan purwakanthi. Ing piwulangan punika bakal dijlentrehake
babagan prenahe sedulur.

Prenahe Sedulur :
Anak angkat : bocah liya seng di akoni anak <> ( anak orang lain yang diakui anak)
Anak kuwalon : anak gawane bojo <> ( anak bawaan suami / istri )
Anak mantu : bojone anak <> ( istri/suami anak )
Bapak / ibu angkat : wong liya ( lanang / wadon ) sing ngakoni anak <> ( orang tua yang
mengakui anak )
Bapak kuwalon : bapak sambungan dudu bapake dhewe <> ( bapak sambung bukan bapaknya
sendiri )
Besan : wong tuwane ( bapak / ibune ) mantu <> ( orang tua istri/suami )
Budhe / uwa / bupuh : mbakyune bapak / ibu ( wadon ) <> ( Kakaknya bapak / ibu yang
perempuan )
Bulik ( bibi ) : adhine bapak / ibu ( wadon ) <> ( adik bapak / ibu yang perempuan )
Ibu kuwalon : ibu sambungan ( dudu ibune dhewe ) <> ( ibu sambungan / bukan ibu sendiri )
Ipe : sedulure bojo <> ( saudaranay istri/suami )
Keponakan : anake sedulur tuwa utawa enom <> ( anak saudara tua atau muda )
Mara tuwa : wong tuwane ( bapak / ibune bojo ) <> ( orang tua istri/suami )
Mindhoan : sadulur tunggal buyut <> ( saudara satu buyut / bapaknya kakek/nenek )
Misanan : sadulur pada embah, anak dulur <> ( saudara yang sama kakeknya dengan kita )
Pakdhe / uwa / pakpuh : kangmase bapak / ibu ( lanang ) <> ( kakaknya bapak/ibu yang laki2 )
Paklik ( paman ) : adhine bapak / ibu ( lanang ) <> ( Adiknya bapak/ibu yang laki2 )
Pripean : ipene sedulur <> ( iparnya saudara )
Putu : anake anak <> ( anaknya anak )
Putu keponakan : anake keponakan <> ( anaknya keponakan )
Putu mantu : bojone putu <> ( istri/suami cucu )
Sadulur : sadulur tunggal bapak ibu <> ( Saudara satu bapak/ibu )
Sadulur asu : sadulur tunggal ibu seje bapak <> ( Saudara satu ibu lain bapak )
Sadulur kuwalon : sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak <>
( saudara lain bapak satu ibu atau saudara lain ibu satu bapak )
Tunggal banyu : sadulur tunggal guru <> ( Saudara satu guru )
Tunggal welat : sadulur tunggal bapak ibu <> ( saudara satu bapak ibu )
Urut-urutaning Sedulur lan Turunan manungsa

Anda mungkin juga menyukai