Anda di halaman 1dari 12

LAMPIRAN 1: Bahan Ajar

Uyon-uyon
A. Pemahaman Uyon-uyon
1. Hakikat Uyon-uyon
KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING

1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.


2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang,
gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang,
rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung
swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi
gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen
binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.

Katembangna sareng-sareng cakepan lelagon ing ngandhap menika!

Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pathet Barang

@ 7 @ 7 @ 7 @ 7 3 5 6 7 # @ 7 6
A - yo a - yo kan - ca kan – ca nga- yah- i kar- ya- ne pra- ja

@ # @ # @ # @ # @ 7 6 5 6 2 5 3
ke-ne ke- ne ke- ne ke- ne gu- gur gu-nung tan-dang ga- we

. . 5 6 6 6 6 6 2 3 5 6 5 7 6 5
sa – yuk sa- yuk ru- kun be- ba- reng-an ro kan- ca- ne

. . 2 3 3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2
li- la lan le- ga- wa kang-go mul- ya- ning ne- ga- ra
@ 7 @ 7 @ 7 @ 7 . . 3 5 6 6 6 6
si- ji lo- ro te- lu pa-pat ma- ju pa-pat pa-pat

. # 6 7 6 # @ # @ 7 6 5 3 3 3 .
di- u- lang u- lung- a- ke mes- thi eng-gal ram-pung-e

. 6 6 6 6 6 6 6 . 5 5 5 5 5 5 5
ho- lo- bis kun-tul ba- ris ho- lo- bis kun-tul ba-ris

. 3 3 3 3 3 3 3 6 . 7 5 2 2 2 g2
ho- lo- bis kun-tul ba- ris ho- lo- bis kun-tul ba- ris

Kawaosa kanthi pratitis!


GAMELAN KARAWITAN

Gb. 2: Gamelan kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit

Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah
(uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan
saka dhaérah liya, yèn musik gamelan Jawa umumé nduwé nada luwih lembut lan nganggo
témpo luwih alon, béda karo musik gamelan Bali sing témponé luwih cepet, uga gamelan Sundha
sing musiké mendayu-dayu lan di-dominasi swara suling. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga
kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwé 2 laras yaiku Gamelan Sléndro lan
Gamelan Pélog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7
(pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada, yaiku 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras
pelog iku nduwe 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi
dhasare ana 5 nada (penta = 5, tone = nada).
Laras yaiku swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistem nada/ tonal
system. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka
gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). Titi laras yaiku notasi nada kang ditulis manut
sistem nada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.)yaiku ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka
wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan
pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog yaiku, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan
pathet Barang (Br.). Kanggo gambaran bab pathet, iki grambyangane:
- laras slendro: pathet Nem 6-2 (6---5--3--2), tangga nadhane (2-----= 3 5 6 !
@), pathet Sanga 2-5 (@-!-6-=+-5)tangga nadhane (t- y 1 2 3 5), pathet
Manyura 3-6 (# @ ! 6), tangga nadhane (y 1 2 3 5 6).
- laras pelog: pathet Lima tangga nadhane (t y 1 2 4 5), pathet Nem tangga
nadhane (2 3 5 6 ! @), lan pathet Barang tangga nadhane (y u 2 3 5 6).
Instrumen Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang pakem, antarané saben piranti nduwé
fungsi dhéwé-dhéwé, kayata kang murba lagu yaiku rebab, gender, bonang, suling, gambang;
kang mangku lagu yaiku celempung, siter, lan balungan (slenthem lan saron); kang murba irama
yaiku kendhang, bedhug, dhodhogan; lan kang mangku irama yaiku kempul, gong, kethuk,
kenong, kempyang, kemanak, kecer. Dene arané pemain sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut
panayaga utawa nayaga/wiyaga, sing nembang arané pesindhèn utawa wira-swara/swarawati. Ing
ngisor iki andharan singkat bab perangkat gamelan:

BONANG

Gb. 3: Bonang
Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon. Bonang iku
ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon,
dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe
kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, yaiku bonang panembung kang wujude paling gedhe,
bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka
bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling
swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring kanggo mbukani gendhing yaiku
bonang barung.
CELEMPUNG LAN SITER

Gb. 4: Celempung Gb. 5: Siter

Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare
ana 11 lan 13 pasang. Celempung iki, bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan. Ing
pagelaran gamelan, piranti iki kalebu kelompok penerusan lan nduwe tempo kang padha garo
gambang yaiku tempo cepet. Ukuran celempung dawane kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga.
Dadi, dibanding siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa. Celempung disetel
pasangan ing laras pelog lan slendro. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter cendheke.

GAMBANG

Gb. 6: Gambang

Wujud gambang iki meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe
saka kayu. Jaman mbiyen ana gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam, nanging
saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih
gedhe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
Dene tabuh gambang iku luwih dawa dibandhing tabuh liyane yaiku kira-kira 35 cm.
GENDER

Gb. 7: Gender
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing
ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/silinder iku
umume digawe saka pring lan wesi tipis. Gender iki wujude meh padha karo Slenthem.

KEMPUL

Gb. 8: Kempul

Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe
gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan
diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong,
kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.

GONG

Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan, lan nduwé ukuran kang
gedhé dhéwé. Piranti iki biasané dipapanaké ing mburi dhéwé, digantung ing gayor kang umum
digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Wujudé
bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara kang gedhé
dhéwé lan nadhané paling cendhek tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh
kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akhir) iringan musik gamelan Jawa, dadi
arang banget ditabuh (ora terus-terusan) nanging ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat
musik tradhisional iki uga nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan
acara.

Gb. 9: Gong Ageng

Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere
udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng lan gong suwuk iku biasane
digantung ing bagian mburi. Wujud gong ageng padha karo gong umume yaiku bunder. Gong
ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo
tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan.

Gb. 10: Gong Suwukan

Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran
sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane
digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng. Wujud gong suwuk iki padha persis karo
gong ageng nanging ukurane luwih cilik. Gong suwuk iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding
gong ageng.

KENDHANG

Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo
driji (dikebuk). Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké
ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Wujudé mèh silindher, simetris,
ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé
disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iku ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Kendhang iku wujude ana kendhang ageng/gedhe/gendhing, kendhang ketipung, kendhang
ciblon/batangan, lan kendhang sabet/kosek/wayang. Swara kendhang umume yaiku: dlang,
dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara iku metu saka carane nabuh
kang beda-beda.
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane
(kerep disebut kendhang gedhe) dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga
ngasilake swara kang cendhak dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan kendhang
satunggal yaiku kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan kendhang kalih yaiku kendhang
ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung (kendhang loro).

Gb. 11: Kendhang Ageng

Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan
ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng
karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha karo swara kendhang umume lan jinising swara
iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.

Gb. 12: Kendhang Ketipung

Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng,
luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih
dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki uga umum disebut kendhang ciblon.
Kendhang ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing. Swara kendhang
batangan padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh
kang beda-beda.

Gb. 13: Kendhang Ciblon

Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran
sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng ning luwih gedhe sithik dibandhing
ciblon. Kendhang sabet ngasilake swara kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang. Swara kendhang wayangan
pada karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-
beda.

Gb. 14: Kendhang Sabet

KENONG

Gb. 15: Kenong


Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi
cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang
diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.

KETHUK LAN KEMPYANG

Gb. 16: Kethuk Gb. 17: Kempyang

Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan
kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan kethuk-kempyang iku
luwih cendhek dibandhing kenong.

REBAB

Gb. 18: Rebab


Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku
gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.

SARON
Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan
kayu. Ana 3 jinis saron yaiku: Saron Demung, Saron Barung/Ricik, lan Saron Penerus/Peking).
Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane. Wilah saron demung iki paling
gedhe ing kelompok saron (balungan) yaiku ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm. Ing
kelompok saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek.

Gb. 19: Saron Demung

Saron barung utawa saron Ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah yaiku
antarane peking lan demung. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron penerus ning
luwih cilik dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik.
Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhing saron demung.

Gb. 20: Saron Barung/Ricik

Saron panerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron panerus iku luwih
cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahané luwih kandel. Wilah kang luwih
dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus kang paling cilik dawané watara 18
cm lan amba 4 cm. Saron panerus ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhingaké karo
saron barung.

Gb. 21: Saron Penerus/Peking

SLENTHEM
Gb. 22: Slenthem
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang
balungan liyane (saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender.

SULING

Gb. 23: Suling

Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsiné kanggo variasi melodi. Ing musik
gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling
diasilaké saka rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuensi gelombangé gumantung
karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.

KEMANAK

Gb. 24: Kemanak


Kemanak yaiku perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane
ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
KECER
Gb. 25: Kecer
Kecer yaiku perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh
kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.

(Kapethik saking: http://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/17/serat-wedhapradangga/, kanthi ewah-ewahan


saperlunipun).

Anda mungkin juga menyukai