Anda di halaman 1dari 9

PETUNJUK UMUM

1. Tulis namamu di sudut kanan atas

2. Bacalah setiap soal dengan teliti.

3. Kerjakan dulu soal yang kamu anggap mudah.

4. Periksa kembali pekerjaanmu sebelum diserahkan pada pengawas.

A. Berilah tanda silang (x) didepan huruf a,b atau c didepan jawaban yang benar !

Rukun Agawe Santosa

R. Tantiningsih

Kadangku ….

Donya iki dudu duweku

Donya iki dudu duwekmu

Mula

Aja rebutan panguwasa

Aja rebutan bebener

Kadangku ….

Eling,

Aku lan kowe ora bisa urip ijen

Aku lan kowe kudu urip bebarenga

Sayuk rukun

Gotong royong

Bahu binahu

Adohna rasa drengki srei

Jail methakil
Gedhekna rasa tepa selira

Urip bakal tentrem ayem

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe pratelan kang bener !

1. Tembung kadangku tegese ….

a. anak

b. biyung

c. bapak

d. sedhulur

2. Tegese tembung donya kang ana ing geguritan kuwi, yaiku ….

a. danda

b. banda

c. duwit

d. jagat

3. Tembung bebarengan ngemuteges ….

a. guyup rukun

b. jail methakil

c. mlaku bareng

d. jejer bareng

4. Ira-irane judul geguritan ing duwur, yaiku …

a. Santosa

b. Angawe Santosa

c. Rukun Angawe Santosa

d. Angawe Santosa Rukun


5. Geguritan “Rukun Agawe Santosa” dikarang deneng ….

a. R. Tantiningsih

b. R. Yantiningsih

c. R. Triningsih

d. R. Dwiningsih

6. Isi geguritan ing duwur yaiku ….

a. Jail methakil

b. Drengki srei

c. Sayuk rukun

d. Kandangku

7. Karo kanca aja seneng … ben ora didohi kancane.

a. bebarengan

b. gotong royong

c. rukun

d. drengki

8. Urip ning lingkungan kuwi kudu seneng …

a. ijen

b. gotong royong

c. jaluk

d. rebutan

Kanggo soal nomor 9 - 11

Reroncene Kadang Tani

Ijo royo-royo

Gumelem sangisore langit biru

Angin tumiyup

Dolanan godhong pari


Kadang tani padha mesem

Nyawang parine wis kuning

Ati ayem tentrem

Pari kuning

Minangka reroncene urip

Tembe mburi

9. Isi paragraf kesiji, yaiku …

a. Tanduran pari kang akeh godhonge

b. Tanduran pari kang sangisore langit biru

c. Tanduran pari kang lemu-lemu

d. Tanduran pari kang kena angin

10. Isi parangraf kaping pindo, yaiku …

a. Kadang tani padha guyu

b. Kadang tani padha tandur pari

c. Kadang tani padha nyawang pari

d. Kadang tani padha bingah nyawang parine wis kuning

11. Isi geguritan ing duwur yaiku ….

a. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang parine lemu-lemu lan wis kuning

b. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang wit parine kena angin

c. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang langit biru

d. Kadang tani padha bingah nyawang sawahe

12. Gawe ukara pacelatho, sawise jeneng wong dikateni tandha ….

a. titik

b. titik loro

c. titik koma

d. koma
13. Komputer iku termasuk perangane barang ….

a. Bala pecah

b. elektronik

c. bala agung

d. otomotif

Puntadewa

Prabu Puntadewa iku raja ing Ngamarta. Putrane Pandu Dewanata lan ibune kuntinalibrata. Puntadewa
duwe watak jujur, ora tau nesu, lembah mana, lan seneng ngalah. Puntadewa duweni getih putih lan
jiwa sici.

Puntadewa kuwi pambareping Pandawa, duwe kasekten kang linuwih. Puntadewa duwe pusaka kang
ampuh aran jamus kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa nguripake wong sing wis mati.

Prabu Puntadewa jenenge akeh ana sing nyebut Yudhistira, Gunatalikrama utawa Prabu Darmakusuma.
Sakjone dadi raja, Prabu Puntadewa tansah tumindak adil lan ngutamaake kepentingane rakyat lan ora
sawenang-wenang. Mula negarane gemah ripa loh jinawi.

14. Jeneng liyane Prabu Puntadewa, yaiku ….

a. Arjuna

b. Bima Sena

c. Yudhistira

d. Pandu

15. Prabu Puntadewa putrane ….

a. Pandu Dewanata

b. sentanu

a. Destarata

b. Widura

16. Prabu Puntadewa kuwi ratu ing ….

a. Sawojajar

b. Pringgodani
c. Ngastina

d. Ngamarta

17. Krama aluse tembung ngomong yaiku …

a. nyerat

b. maos

c. matur

d. sare

18. Bapak maca koran. Krama alusi tembung sing kacetak miring kudune …

a. nyerat

b. maos

c. matur

d. sare

d. koma

19.Krama aluse tembung ngomong yaiku …

a. nyerat

b. maos

c. matur

d. sare

20. Bapak maca koran. Krama alusi tembung sing kacetak miring kudune …

a. nyerat

b. maos

c. matur

d. sare

Taneman Lombok

Lombok minangka komoditas pertanian kang penting. Tetuwuhan iki bisa ditanem ing pekarangan
omah, tegal, lan lemah kang jembar, utawa kanthi tumpang sari nanging kanthi tetanen liyane.
Jenis lombokiku werna-werna. Ana lombok abang kang kurang pedhes, lombok kriting pedhes, lan
lombok rawit kang banget pedhese.

21. Jenis lombok kang banget pedhese yaiku …

a. Lombok kriting

b. Lombok abang

c. Lombok rawit

d. Lombok ijo

22. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ….

a. Lombok

b. Taneman Lombok

c. Jenis Lombok

d. Komoditas Pertanian

23. Aku lagi mangan, Bapak uga ….

a. nedha

b. dhahar

c. mangan

d. maem

24. Kosok balen tembung kesed, yaiku …

a. angkara

b. gedhe

c. sregep

d. ala

25. Becik ketitik ala ….


Tembung sing cocok kanggo jangkepan ing dhuwur yaiku ….

a. konangan

b. ketara

c. keliru

d. kelakuanmu

II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang mathuk !

Pacelathon kanggo soal nomor 26-27

Kepanggih Bu Guru

Nordin : “Sugeng sonten, Bu!”

Bu Guru : “Sugeng sonten, Mas Nordi. Lho, arep besuk sapa?”

Nordin : “Nuweni rencang.”

Bu Guru : “Sapa wae rencangmu?”

Nordin : “Kalian Ibu lan Bapak, lha menika. Bapak, Ibu, menika Bu Guru.”

26. Sing kepetuk Bu Guru yaiku ….

27. Nordin tuwi rencang karo …

28. Puisi Jawa diarani ….

29.Pakaryan ngowahi wujud geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/cerita) diarani ....

30. Rukun agawe Santosa,crah agawe Bubrah ....

31. Saben sapada geguritan, dumadi saka siji ....

32. Yen isine geguritan iku sedih,polatane sing maca kudu .....

33.Tembung - tembung sing digunakake ana sing duwe tetes lugu Utawa apa anane kasebut....

34. Guyup tegese ...

35. Cancut taliwanda tegese ....

III. Wangsulana pitakon-pitakoning ngisor iki kanthi patitis !


36. Ana apa wae struktur teks geguritan iku?Sebutna!

37. Jelasna sing diarani geguritan iku!

38. Apa wae sing kudu digatekne nalika maca geguritan ing panggung Utawa ngarepe wong akeh?Cobo
Sebutna

39. Apa bedane konotasi lan denotasi nalika milih tembung gawe pakaryan geguritan?

40. Apa sing diarani parafrase iku?

Anda mungkin juga menyukai