Anda di halaman 1dari 5

1.

Wong sing penggaweyane golek pawarta arane…


a. Guru
b. Perawat
c. Dokter
d. Wartawan

2. Dinda arep nukokake obat kanggo ibune. Papan sing kudu ditekani Dinda yaiku…
a. KUD
b. Terminal
c. Stasiun
d. Apotek

3. Tomi diajak bapake lunga menyang Semarang kanthi numpak bis. Papan mandhege bis
arane…
a. KUD
b. Terminal
c. Stasiun
d. Apotek

4. Wong sing penggaweyane nyopiri kapal arane yaiku…


a. Nahkoda
b. Masinis
c. Kusir
d. Kasir

5. Wong sing sregep olahraga awake bakale dadi…


a. Penyakiten
b. Lemu
c. Kuru
d. Sehat

6. Pak, ….. kula badhe nyuwun pirsa, daleme Rinda menika pundi? Tembung kanggo njangkepi
ukara pitakon ing ngarep yaiku..
a. nuwun sewu
b. tulung
c. ngapa
d. sapa

7. Pusakane Raden Arjuna sing bener arane yaiku…


a. kotang antakusuma
b. kuku pancanaka
c. panah pasopati
d. tombak kunta wijaya

8. Panengahe Pandhawa yaiku raden….


a. Arjuna
b. Bima
c. Nakula
d. Puntadewa

9. Kastriyane Raden Bima iku ana ing…


a. Madukara
b. Ngastina
c. Sawojajar
d. Jodhipati

10. Punakawan kang sing dicipta saka ayang-ayange Semar yaiku…


a. Togog
b. Bagong
c. Petruk
d. Gareng

11. Grananipun Kakung mampet amargi pileg. Basa ngokone grana yaiku…
a. Kuping
b. Tutuk
c. Irung
d. Mata

12. Papan panggonan sing digunakake kanggo tuku karcis sing bener yaiku…
a. Loket
b. Lobi
c. Stasiun
d. Calo

13. Papan kang kerep digunakake kanggo mandege sepur yaiku…


a. Pelabuhan
b. Terminal
c. Stasiun
d. Bandara

14. Iku-dudung-bocah-kang-sinau . urutane ukara sing bener yaiku….


a. Bocah dudung iku kang sregep sinau
b. Dudung bocah iku sregep kang sinau
c. Dudung iku bocah kang sregep sinau
d. Kang dudung bocah sregep sinau iku

15. Penggaweyan utama kanggo bocah sekolah sing bener yaiku….


a. Sinau
b. ngewangi wongtuwa
c. dolanan
d. golek dhuwit

16. Ukara ing ngisor iku sing kalebu ukara pitakon yaiku ….
a. Simbah lagi lunga pasar.
b. Jipukna bukuku iku!
c. Bukakna lawang ngarep iku!
d. Sapa sing durung tekan kene?

17. Tulung tukokna uyah menyang tokone Mbak Ratih. Ukara ing ngarep klebu ukara..
a. Pakon
b. Andhap
c. Takon
d. Andhahan

18. Cacahe aksara Jawa iku ana pira….


a. 10
b. 20
c. 30
d. 40
19. Abdine Ajisaka sing manut legenda tiwas merga padha-padha ngugemi prentah saka
bendarane yaiku…
a. Dora lan Sentanu
b. Sembada lan Dana
c. Dora lan Sembada
d. Nakula lan Sadewa

20. Kaluwihan sing diduweni Sadewa lan ora diduweni dening pandhawa liyane yaiku….
a. Ngramal
b. Manah
c. Gelut
d. Ngruwat

21. Paraga padhawa kang paling sabar lan ora gelem goroh yaiku…
a. Sadewa
b. Bisma
c. Yudhistira
d. Arjuna

22. Sawijining dina Kancil kasil ngapusi macan kanggo nyemplung menyang sumuran kang
durung dadi merga keweden langite bakal ambleg.
Ringkesan crita ing dhuwur klebu..
a. Legenda
b. Mitos
c. Fabel
d. Sage

23. Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan yaiku….
a. Sinom
b. Pangkur
c. Gambuh
d. kidang talun

24. ...................................................................terjemahan saka aksara Jawa ing ngarep yaiku…


a. tuku sate
b. tuku kare
c. tuku gule
d. tuku ote-ote

25. ....................................................................terjemahan saka aksara Jawa ing ngarep yaiku...


a. bukuku rupane biru
b. bukuku rupane ungu
c. bukuku rupane klawu
d. bukuku cacahe telu

26. Anugrah Sutasoma dhewe saliyane diparingake marang sastrawan lan kritikus sastra kang
karyane dianggep paling pinunjul manut etungane para dewan juri. Uga diparingake menyang
guru kang nduweni dedikasi gedhe tumrap basa lan sastra.
Guru sing kepiye kang bisa nampa anugrah Sutasoma…
a. duwe kawigaten marang basa lan sastra
b. sregep mulang siswane
c. kereng marang siswane
d. sing disenengi para siswane
Wacan kanggo Soal Nomer 27-31

Tekane era internet kaya dinane iki ora mung nggawa kabecikan merga nggampangake
manungsa kanggo nindakake komunikasi lan nikelake daya kreativitase manungsa.

Jalaran ing era internet iki uga njalari ilange rasa rumangsa lan ngrumangsani saka pribadhine
sadengah oknum pangguna internet.

Akibate akeh wong kang seneng tumindak sapenake dhewe. Rumangsa bener dhewe lan yen wis
ngina wong liya kang dianggep beda panemu ora kenal wates.

Golongan sing kerep ngina liyan kang dianggep beda panemu iki kang kerep sinebut haters.
Tujuan wong nindakake tumindak sing kaya ngene iki maneka werna.

Ana sing mung kanggo seneng-seneng lan ana uga sing kanggo tujuan liya. Contone kanggo
bisnis tartamtu utawa kanggo kauntungan pribadhi.

Ngina lan ngasorake liyan kanggo tujuan bisnis utawa kauntungan pribadhi mesthi wae
mujudake tumindak kang asor banget.

Nanging gandhenge ing dinane iki tujuan sing kaya ngene iki asile ‘manis’ banget. Akeh wong
kang padha wani nindakake tumindak kasebut. Kaya-kaya wong sing nindakake tumindak sing
kaya ngeneni iki wis ora kenal lan duwe rasa wedi maneh karo sing diarani dosa.

Kang bisa ngalami tumindak kurang nyenengake saka haters iki bisa sapa wae. Wiwit saka
wong biyasa, artis, ulama, politisi, nganti para pejabat negara akeh sing nate ngalami.

Malah presiden Joko Widodo dhewe kerep banget ngalami. Anane tumindak kang kurang tata
iki njalari akeh pihak kang duwe gegayuhan supaya masyarakat pangguna internet utawa kang
kerep sinebut netizen tetep ngugemi tata krama sajroning srawung ing jagad maya.

27. Manut artikel ing dhuwur kang ora kena ditindakake ing jagad maya yaiku…
a. ngina lan ngasorake liyan
b. tetulung marang liyan
c. ngomongake liyan
d. golek kauntungan

28. Artikel ing dhuwur isine ngenani apa….


a. dampak alane internet
b. gunane internet
c. jaman internet
d. regane internet

29. Golek kauntungan pribadhi kanthi ngasorake liyan miturut artikel ing dhuwur mujudake
tumindak kang…
a. mulya banget
b. kena ditiru
c. asor banget
d. kena dituladhani

30. Haters ing artikel ndhuwur mujudake pawongan kang penggaweyane…


a. maido lan ngasorake liyan
b. seneng tetulung
c. dolanan internet
d. seneng tetukon
31. Kena ngapa ing jaman saiki akeh banget pawongan kang seneng dadi haters…..
a. asile lumayan
b. akeh kancane
c. wis kelangan rasa kamanungsane
d. golek kauntungan pribadhi

Anda mungkin juga menyukai