Anda di halaman 1dari 8

BAHASA DAERAH

Pacelathon
TUJUAN PEMBELAJARAN

1. Siswa dapat memahami cara menyusun teks dialog.

2. Siswa mampu menyusun teks dialog sesuai tema

Pacelathon
Pacelathon

Saliyane unggah-ungguh basa, isih ana maneh


tatakrama sing kudu diugemi sajeroning pacelathon,
yaiku sing diarani subasita. Bedane, yen unggah-
ungguh basa mujudake tatakrama ing bab guneman,
nanging subasita mujudake tatakrama ing bab solah
bawa (tingkah laku).
Sajerone pacelathon, wong Jawa biasa nuduhake
subasita, yaiku;
1) sadurunge pacelathon ngaturake ndhingkluk
minangka tandha pakurmatan,
2) polatan (ekspresi) tansah sumeh,
3) tangane ngapurancang (ditangkepake ing ngarep)
kajaba yen nuduhake samubarang,
4) madhep ora tolah-toleh lan ora nyawang pasuryane
wong sepuh sing diajak guneman, lan
5) ora disambi karo ngemut utawa ngemil panganan.

Pacelathon
Trap-trapan nyusun teks pacelathon, yaiku:
1. Nemtokake tema
Manawa tema “Gemi Nggunakake Energi” krasa
kejembaren, tema bisa kaciutake dadi anak tema,
tuladhane:
a. Ngirit setrum setrika listrik.
b. Ngirit setrum mesin cuci.
c. Ngirit setrum lampu.
2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete
karo tema sing dipilih (sumber informasi bisa
digoleki saka buku, koran, majalah, utawa internet).
3. Nemtokake cacahe pawongan sing melu omong-
omongan ing pacelathon.
4. Ngrembakakake tema sing dipilih dadi ukara.
5. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis
sing pener lan bener.

Pacelathon
Nalika nyusun teks pacelathon, ana bab sing
kudu dadi kawigaten, yaiku ukara sing
digunakake kudu saur-sauran (gentenan
ngomong). Teks pacelathon kerep nggunakake
tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi,
lan kapan.

Pacelathon
Coba gatekna teks pacelathon ing ngisor iki.

Agung : “Nuwun sewu, kok njanur gunung nitih


sepedhah, Pak. Kenging punapa
mobilipun?”
Pak Hari : “Mobile apik-apik wae, mung bapak
kepingin sepedhahan.”
Agung : “Bapak punapa boten lingsem?”
Pak Hari : “Ora, isin iku yen mbolos, telat, ora
nggarap PR.”
Agung : ”Lajeng menapa tujuanipun bapak nitih
sepedhah?

Pacelathon
Pak Hari : ”Kanggo njaga kesehatan lan
ngulinakake budaya gemi nggunakake
energi.”
Agung : “Wah, kula kok mboten mudheng, ta?"
Pak Hari : “Mobil kae bahan bakare apa?”
Agung : “Bensin, petralit, utawi petramax.”
Pak Hari : “Kuwi kabeh bahan sing asale saka
bumi. Yen digawe terus, suwe-suwe bisa
entek.”
Agung : “Wah, dangu-dangu rak saged telas?”
Pak Hari : “Mulane aku numpak sepedhah, ben irit
energi.”
Agung : “Wah, menawi para pejabat ingkang
dalemipun celak kantor, kersa niti
sepedhah, saged irit BBM?”
Pak Hari : “Ya, kajaba kuwi uga nyuda kemacetan.”

Pacelathon
Garapan

Nggawea teks pacelathon kaya pituduh ing dhuwur.

Pacelathon

Anda mungkin juga menyukai