Anda di halaman 1dari 4

SENGGAKAN SINOM

Sing kakung seniman sing putri seniwati


Kayane nglumpuk
Janji sabar aja dha kesusu, sawahe jembar-jembar
Parine lemu-lemu
Ngetan bali ngulon apa sedyane kelakon
Ngono ning jo ngono
Orang aring ojo lali kang peparing
ea…eo….ea..eo
Mampir mas aja mampir, pir mampir mampir, apa sida opo ora
Mampir- mampir
Timun sigarane ayo mbangun negarane
Ngono ning jo ngono
Degane klopo ijo bejane sing due bojo
Nanging ojo ngunu
Pipa pabrik sing padha sing becik
Jo ngesuk-ngesuk, jo mepet-mepet oraaaa

PAKET 2 LADRANG
Gerongan :
Parabesang smoro bangun
Sepat domba kali oyo
Aja dolan lan wong Priya
Gorehmeh nora prasojo

Garwa sang sindura prabu


Wicara mawa karana
Aja dolan lan wanita
Tan nyata asring kasatria
Gerongan : KINANTHI
Nalikanira ing ndalu
Wong agung mangsah semedi
Sirep kang bala wanar
Sadaya wus sami guling
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling

Kukusing dupa kumelun


Ngeningken tyas sang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging sanget angkibi
Sang resi akneka putra
Kang anjog saking wiyati

KETAWANG IBU PERTIWI


Ibu pertiwi, paring boga lan sandhang kang murakabi
Peparing rejeki manungsa kang bekti
Ibu Pertiwi 2x, sih sutresna mring sesame
Ibu pertiwi kang adil luhuring budi
Ayo sungkem mring ibu pertiwi
Bawa
Yen ing tawang ana lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing angkasa
Sun takon wartanireki
Janji-janji ku eling
Sumedhot rasing tyas ingsun
Nimas ingsun prasapa
Sineksenan bumi langit
Tangisingtyas, ngenteni padhang rembulan

Langgam
Yen ing tawang ana lintang, Cah Ayu, aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas suk takokke pawartamu

Janji-janji aku eling, cang ayu, sumedhot rasaning ati


Lintang-lintang iwi-iwi, nimas, tresnaku sundhul wiyati

Dhek semono janjimu, disekseni, mega Kartika


Kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu rungokna tangising ati
Binarung swarane ratri, nimas ngenteni mbulan ndadari
Ld. Ayun ayun Pl.6
Kibar.
Ayun-ayun gobyog gawe gumun tekun,
sarta rukun akeh kang kayungyun,
dadi srono iku datan jemu nyawiji ing panemu condonging kalbu.
Tulus rumangsang ngayun ayun sarwo sarwi samar ngayun-ayun tan kodeng emeng ngayun-
ayun,
tundone nalongsa ngayun-ayun.

iromo Wilet
Tansah ngayun-ayun kayungyun temah nandhang wulangan,
Marnane nyata mendah baya,
tansah besusu macak hangadi sariro,
hangadi busono karono hamung siro pindo mustiko,
esemu nimas maweh welas,
asih murih aja hanandhang kaswosih,
Mara age prayogane,
Tumulu gambuh rasane,
kang ana tambuhana,
kang ora ono takok eno.
Mrih condhonging kalbu,
mrih ojo rengu,
mugo-mugo adoh ing panyendhu,
bang bang wetan suruping suryo,
Ing wengi bangun tan kendhat angayun-ayun.

Anda mungkin juga menyukai