Anda di halaman 1dari 1

Nuwun, Kula nuwun

Lumintuning pudyastawa saking Gusti ingkang Maha Asih ambabar daya pangaribawa ingkang
tumanduk dhumateng para kawula dasih. Kacihna ing salebeting kalenggahan punika
Panjenengan saha kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman,
kabagyan, sarta kabagaswarasan.

Ingkang kinabekten saha pantes sinudarsana para rama dwija Pawiyatan GR mligi rama dwija….

Para kadang siswa pawiyatan GR ingkang sanget kula tresnani

Nyuwun agunging pangaksami dene kula kumawani ngadek wonten ing ngarsa panjenengan
sedaya, boten karana kiranging raos pakurmatan dhumateng panjenengan sedaya. Mila kula ugi
kumawani nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, awit nampi
ayahan supados nglantaraken reroncening adicara
pawiyatan wekdal siang punika.

Sepisan Atur Pambuka

Angka Kalih Nembangaken Mars GR ingkang dipun pandegani dening …..

Saklajengipun Materi ….ingkang dipun andharaken dening Rama Dwija….

Angka Sekawan Sumene antawisipun 30 menit. Dipun lajengaken materi ngantos tabuh 16.30.
WNIK

Ingkang angka gangsal Waosan pujahastungkara dening ……

Wasana Panutup.

Langkung rumiyin sumangga sami manungku puja dhumateng ingkang Amurba Amasesa, mugi
salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda. Ingkang ngrasuk
agami Islam sumangga kula dherekaken sesarengan maos basmallah…..

Anda mungkin juga menyukai