Anda di halaman 1dari 2

Liburan Ing Dalem Simbhah

Minggu isuk keluargane Rini budhal liburan Menyang nggone Mbah wito.

Rini : Bim, tas lan oleh –oleh kagem mbah wito ojo lali! (Ngoko Lugu)
Bima : Ora mbak rini, kabeh wes dhak lebokne mobil. (Ngoko Lugu)
Bapak : Rini, Bima wes siap kabeh ?
Rini lan Bima : Sampun pak ! (Krama Alus)
Ibu : Bapak, sampun kesupen diagem sabuk pengamane! (Krama Alus)
Bapak : Ya ,bu!

Sak jam perjalanan ora krasa, Keluargane Rini wes nyampek daleme simbhah.

Rini lan Bima : Assalamualaikum…!


Mbah wito : Waalaikumussalam, Alhamdulillah.. Pye kabarmu ndok le? (Ngoko lugu)
Rini lan bima : Alhamdulillah sehat mbah. (Karo salim mbah wito)
Rini : Mbah , Pripun khabare? Kulo kangen nagasari mbah ranti. (Krama alus)
Mbah ranthi : La iki lo nduk wes tak gawekne senenganmu, nagasari isine gedhang sri.
(Ngoko lugu)
Rini : Maturnembahnuwun mbah, niki mbah ranti… kulo betakne remenane
Panjengenan kalian mbah wito. Tahu kuning sambel kalih pecel Kediri. (Krama
alus)
Mbah Ranti : Alhamdulillah putuku kok jik eling senenganku!
Ibu : Rini, Bima wis ndang ditata gawane mau , padha ditokne ko mobil. (Ngoko
lugu)
Rini & Bima : Nggih bu, (Krama Alus)
Bapak : Ibu , dik siti kalih dik parman dhateng pundi? (Krama alus)
Mbah Ranti : Kae lo le, Adhikmu jik makani pitik (Krama lugu)
Bapak : Kulo Tinggalne teng wingking bu, (Krama Alus)
Paklik Parman : Mas piye kabare? (ngoko lugu)
Bapak : Alhamdulillah sehat, sajake pitikmu kok ngredo dhi?... (Ngoko lugu)
Paklik Parman : Ya mas, Alhamdulillah panenanku tahun iki apik regane. (Ngoko lugu)
Bulik Siti : Niki wau anggene bidhal saking Kediri jam pinten mas? (Ngoko alus)
Bapak : Bar shalat subuh sekitar jam 5 dhik siti. (Ngoko lugu)
Bulik siti : Monggo kulo aturi pinarak dhateng nglebet mawon mas! (Krama alus)

Kabeh mlebu omah podho guyon lan podho crita amarga suwi ra ketemu.

Anda mungkin juga menyukai