Anda di halaman 1dari 1

MATERI II KELAS X

Cerkak (Cerita Cekak)


Cerita cekak yaiku cerita kang ngandhut prastawa kang ora dawa sing nyeritakake perangan lelakon
sawijine paraga utawa bab-bab kang ana sesambungane karo lelakone manungsa kanthi ringkes. Isine cerkak
nyeritakake gegambarane urip sajrone masyarakat lan ngandhut pitutur tumrap pamaos.

- Unsur-unsur intrinsik cerkak


a. Tema, yaiku punjere lelakon sajrone cerita.
b. Alur, yaiku reroncenne kedadeyan kang ana sajrone cerita. Alur kaperang dadi telu, yaiku alur maju,
mundhur, lan campuran. Lakon cerita kaperang dadi bageyan-bageyan:
 Tahapan tetepungan bab situasi utawa kahanan cerita (exposition)
Ing bab iki, pangripta ngenalake para paraga, nata adegan lan sesambungan para paragane.
 Tahapan panjlentrehe masalah(complication)
Ing bab iki, kedadeyan konflik wiwitan kang dadi sumbere masalah kanggo para paraga.
 Tahapan konflik (rising action)
Ing bab iki, konflik kang dialami para paraga tansaya akeh.
 Tahapan Pucuke masalah (turning point)
Klimaks cerita. Ing bab iki nasib paraga ditemtokake (kasil orane ngadhepi masalah)
 Tahapan Rerampungan (ending)
Ing bab iki, tahapan muncule sawijine solusi lan nasib-nasibe kang dialami para paraga wis cetha uga
bisa diarani rampung.
c. Paraga, yaiku kalungguhane paraga kang nduweni tumindak ing maneka prastawa sajrone cerita.
d. Latar, yaiku gambaran ngenani panggonan, wektu, lan kahanan kang dumadi sajrone cerita.
 Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan sajrone cerita.
 Latar wektu, yaiku wektu nalika kadadeyan sajrone cerita.
 Latar kahanan, yaiku kahanan lingkungan sosial nalika kedadeyan sajrone cerita.
e. Amanat, yaiku gagasan utawa pesen kang pengin disampekake dening pangripta marang pamaos.

- Apresiasi cerkak
Apresiasi cerkak yaiku kagiyatan ngamati lan menehi pambiji marang wose cerita cekak. Wos kang
diapresiasi sajrone cerkak biyasane ngandhut nilai-nilai. Nilai-nilai sajrone cerkak kasebut kaya ing ngisor iki.
1.    Nilai moral, yaiku wulangan ngenani becik alane panindak, sikap, kuwajiban, akhlak, budi pakarti, lan
kasusilan kang ditampa bebrayan.
2.    Nilai keagamaan, yaiku wulangan ngenani panghargaan dhuwur kang diwenehake dening warga
masyarakat marang saperangan prakara pokok ing bebrayan keagamaan kang suci saengga bisa didadekake
pepanthan kanggo tindak-tanduk kang ana gegayutane karo bebrayan kasebut.
3.     Nilai sosial, yaiku wulangan perangan-perangan kang ana sesambungane karo bebrayan.
4.     Nilai budaya, yaiku wulangan ngenani adat istiadat kang katindakake dening sawijine dhaerah kang
ana sesambungane karo cara urip, cara mikir, lan cara kerja.

Anda mungkin juga menyukai