Anda di halaman 1dari 7

TUGAS PACELATHON BASA JAWA KELOMPOK 5

Anggota Kelompok:

1. Arif Rahmat Januar (VIII B/ 05)


2. Frederick Clementinus Pratama (VIII B/ 13)
3. Kayla Azzahra Sabrina (VIII B/ 21)
4. Rafie Irsyad Syarif (VII B/ 29)

Paraga:
1. Arif
2. Clement
3. Zahra
4. Rafie
5. Bu Widi

DISIPLIN IKU APIK

Dina kuwi SMP Maju Santosa ngadaake upacara bendera kanggo memperingati hari Pahlawan.
Kaya biasane zahra mangkat sekolah,nanging pas deweke ngampiri ana umahe rafie,zahra ora
nemukake uwong ing kono. Lan kasil ayu mangkat sekolah dewekan. Banjur tekan sekolah zahra
diparani Arif.

Arif: “Zah,tumben ora mangkat bareng Rafie?”


Zahra: “Aku mau wis marani ana umahe Rafie, nanging umahe kosong”
Arif: “Ora biasane umahe Rafie kosong,apa bocahe lunga ya?”
Zahra: “Aku ya ora ngerti,misal Rafie lunga mesti wong tuane Rafie nitip surat marang bapak
utawa ibuku”
Arif: “Kae bocah marai wong susah pancen”
Zahra: “ Menengna wae nggko lak bocahe teka
Arif: “Menengke piye,wong aku lan Rafie tugas nggo upacara iki koe ki”
Zahra: “Oh iya aku lali, ya wis koe cepak cepak wae,mengko nek Rafie teko koe tak beluk”
Arif: “Tenan lho zah, mengko nek Rafie teka aku di beluk”
Zahra: “ Iya rif,mengko koe tak beluk, wis rono ndang cepak-cepak ndak koe diseneni Bu Widi”

Arif banjur mlayu ana ing bangsal kanggo cepak cepak dadi petugas upacara. Konco koncone
Arif pada takon marang Arif ana ing ngendi Rafie saiki.Arif rumangsa ra ngerti ana ing ngendi
Rafie saiki,banjur nyauri kancane yen deweke ora ngerti Rafie ana ngendi. Sak uwise Arif
ngomong yen deweke ora ngerti ana ing ngendi Rafie, Bu Widi wis ana ing mburine Arif.

Bu Widi: “Ana apa ya rif,kok ribut ribut?”

Arif: “Niki bu, wau Arif dipunsanjangi kaliyan Zahra menawi Rafie mboten wonten ingkang
griyanipun”

Bu Widi: “Weladalah bukane Rafie tugas nggo upacara iki?”

Arif: “ Inggih bu,menawi niku kula bingung pados penggantosipun Rafie”

Bu Widi: “ Wis ora usah bingung saiki kowe parani wae Clement ning kelas kanggo ngganteni
Rafie yen tekan mengko Rafie ora teka”

Arif: “Nggih bu matur suwun”

Bu Widi: “Pada pada rif”

Sak uwise Arif di omongi karo bu Widi,Arif banjur marani Clement ana ing kelas

Arif: “ Clem,kowe gelem ra dadi pengerek bendera kanggo upacara iki?”

Clement: “Pengerek bendera? Lho bukane iku tugase Rafie ya kok dadi aku?”
Arif: “Kabeh kanca kanca ket mau wis nunggu Rafie nanging bocahe ora teka teka,lan sedela
maneh upacara bakalan dilaksanakake”

Clement: “Aduh aku wedi raiso,aku ra ana persiapan babar pisan”

Arif: “Ora apa apa clem,kowe pas kae wes tau dadi pengerek bendera ta”

Clement: “uwis si...”

Arif: “ Wis saiki enggal cepak cepak lan langsung menyang lapangan,ora ana penolakan aku
mau di kandahani bu widi supaya kowe wae sing dadi penggantine banu”

Clement: “ wah nek perintahe bu Widi aku ra wani nolak”

Arif: “ Ya wis rana enggal cepak cepak”

Clement: “Siap” (banjur mlayu metu kelas)

Sak uwise marani Clement ana ing kelas, Arif banjur nyusul Clement ana ing lapangan. Wektu
metu seka kelas Arif tabrakan karo Zahra

Arif: “Zah kowe ora apa apa ta?” (ngrewangi zahra ngadeg)

Zahra: “Aduh makane rif ati ati dadi nabrak ta kowe, ana apa ta mlayu mlayu?”

Arif: “Iki aku nembe wae marani Clement ana ing kelas supaya ngganteni Rafie”

Zahra: “Oalah, ya wis rana menyang lapangan ndak di goleki karo sing liyane”

Arif: “iya, ngapurane ya zah”

Zahra: “ pada pada rif”

Arif banjur mlayu ana ing lapangan.Sak lebare kuwi upacara di laksanakake kanthi ana kurang
luwih 1 jam setengah amarga ana penyerahan hadiah kanggo para siswa sing menang POPDA.
Sak rampunge upacara kabeh para siswa mbalek ana ing kelase dewe dewe termasuk
Arif,Zahra,lan Clement.

Arif: “Haduhhh panas banget cuacane”

Zahra: “hoo ya untung aku ra pingsan”

Clement: “Puji Tuhan aku mau iso ngerek bendera”

Arif: “ untung aku ra salah milih wkwk”

Clement: “ bukane bu widi sek printah ya”


Arif: “hahaha iya”

Zahra: “ Eh rif kae bukane rafie ya?

Arif: “ eh iya”

Arif langsung mlayu ngampiri banu ning kelas lan ninggal zahra karo clement sing isih ning
ngarep kelas

Arif: “ Raf kowe ning ndi wae aku karo kanca kanca liyane pada nggoleki kowe”

Rafie: “ ngapurane rif, aku tangi kawanen dadi telat mangkat sekolah”

Arif: “Kowe ki lho raf kulina, mau kowe digoleki karo bu widi”

Rafie: “ sing tenan rif?”

Arif: “Tenan raf aku ra ngapusi”

Pranyata metu Bu widi wis ana ing cedhake bocah loro mau. Bu widi langsung nyedhaki lan
ngandhani Rafie

Bu Widi: “ Ekhem ekhem”

Rafie: “B-bu widi...”

Bu Widi: “ Rafie, kowe mau ana ngendi cah?”

Rafie: “Nyuwn pangapunten bu widi kula wau wungu tilemipun kesiyangan bu”

Bu widi: “ kok iso tekan kawanen ki kepriye to cah?”

Rafie: “ Eee niku wau ndalu kula nonton sepak bola ngantos jam 11 ndalu bu”

Bu Widi: “ apa ya wong tuamu ki ora nggugah to?

Rafie: “ Bapak kaliyan ibu tindhak sabin enjing sanget bu”

Bu Widi: “ Wis ngene cah kowe sekolah diwarai supaya disiplin to, kudune kowe ki ngerti wektu
cah. Kepriye carane wektumu iso kebagi kanthi bener lan manfaat. Saiki ibu takon PR
matematika sing ibu wenehi minggu wingi wis mbok garap?”

Rafie: “Astagfirullah kula kesupen bu”

Bu Widi: “ nah to wes ngerti ana PR kok ya isih wani turu mbengi to cah cah. Saiki ndang garap
PR ana ing Perpustakaan nganti rampung ngerti?

Rafie: “ Ngertos bu”


Sakuwise Rafie langsung tumuju ana ing Perpustakaan. Arif lan kanca kanca kelase ngelanjutke
pelajaran karo Bu Widi

Bu Widi: Cah saiki ibu arep takon marang kowe kabeh, dadi murid iku kudu kepriye?

Clement: “ dados murid kedah disiplin bu”

Bu Widi: “bener Clement anggonmu ngomong.Dadi murid kudu disiplin lan ora oleh males.
Kedadeyan mau aja mbok tiru amarga ora becik. Kita kudu pinter bagi waktu lan tansah
kelingan apa sing dadi kewajibane kita. Sesok meneh yen ana kancamu sing kaya Rafie enggal
enggal di omongi supaya ora kebanjur ngerti?”

(Murid sakelas): “Ngertos bu.

Bel istirahat wis muni, kabeh murid murid pada metu saka kelase. Ana sing nuju
kantin,perpustakaan,lapangan,lan sapanunggale. Rafie nembe wae metu saka perpustakaan lan
saiki nuju ana ruang guru kanggo ngumpulke tugas ning Bu Widi.

Rafie: “Nuwun sewu bu kula badhe ngempalaken PR matematika saking Ibu”

Bu Widi: “ Oo... wis rampung ta fie?”

Rafie: “Sampun bu,punika tugasipun”

Bu Widi: “ Nah ngene lho penak to fie, sesok maneh yen ana PR kui di garap. Aja malah nonton
sepak bola”

Rafie: “ Nggih bu kula nyun pangapunten amargi kula kathah lepat, kula mboten nate kados
punika malih bu”

Bu Widi: “ Iya fie rapapa, sesok maneh aja ngono meneh yaa”

Rafie: “ nggih bu siap”

Bu Widi: “ Ya wis rana ngaso sek”

Rafie: “ Nggih bu matur suwun sanget”

Bu Widi: “ Pada pada fie

Sakuwise saka ruang guru rafie banjur mbalek ana ing kelase. Ing kelase jebul rafie wis
ditunggu karo clement,arif,lan zahra.
Arif: “ Raf koe ora kenopo kenopo to?”

Rafie: “ iya, aku ora kenopo kenopo”

Clement: “Kowe ora diseneni karo Bu Widi to?”

Rafie: “Ora kok, aku mung di omongi karo Bu Widi”

Arif: “ Ya wis alhamdulillah nek ngono”

Clement: “ Zah kowe kenopo kok meneng wae?”

Zahra: “ Hah, ora kok aku ra kenopo nopo”

Rafie: “ Ora kenopo nopo kok meneng ki aneh to”

Zahra: “ Emm.. iku raf aku njaluk ngapura ya, kudune aku mau nangekke kowe. Tapi aku malah
bablas mangkat sekolah”

Arif: “ Lah kowe ki piye to zah? Ra kowe ra rafie pada wae” (frustasi)

Zahra: “ Ya kan aku ra ngerti yen rafie tugas”

Arif: “ Halah tetep wae, kok yo ra di tangikke”

Zahra: “ iya aku salah”

Clement: “ Wis wis aja pada salah salahan, lali wis kedadeyan ta”

Rafie: “ Wis zah kowe ora salah kok wong kowe ora ngerti, rif ngapurane ya”

Arif: “ Huuh iya, zah ngapurane ya mau nyalahke kowe”

Zahra: “ Podo podo rif”

Clement: “ Nah ngene lho kan apik,podo podo ngapura. Sing penting sesok maneh aja ngasi
kedadeyan maneh setuju?”

Rafie,Zahra,Arif: “Siap”
Saka kadadeyan kuwi mau,pesen sing iso kajupuk yaiku dadi murid kudu disiplin ana ing ngendi
wae. Aja dadi murid kang keset. Dadio murid kang sregep.

-TAMAT-

Anda mungkin juga menyukai