Anda di halaman 1dari 2

Pranotocoro pengaosan wulan romadhon

‫السالم عليكم ورحمةاهلل وبركاته‬


‫ اما‬،‫ والصالة والسالم على سيد نا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين‬،‫الحمد هلل رب العالمين‬
.‫بعد‬
 Ingkang tansah Kulo tho`ati, poro alim ulama`, wabil khusus panjenenganipun
Romo .......... ingkang kito tenggo-tenggo fatwa lan nasehatipun.
 Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RW gangsal / ( 5 ) lan sedoyo perangkatipun.
 Ingkang kulo hormati Bapak – Bapak pengurus Takmir Masjid Baitut Taqwa Lemahbang.
 Poro Bapak, poro Ibu, poro remaja putra soho putri ingkang dimulyaaken Allah SWT.
Wonten kalodangan ingkang barokah meniko, sumonggo kito tansah ngunjukaken
pujo lan puji syukur wonten ngerso dalem Allah SWT, ingkang sampun pareng pinten-
pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun, nikmat Iman lan Islam, katitik kito
taseh saget kepangih wulan Romadhon lan saget hadir wonten mriki majlis kangge nderek
pengaosan wulan Romadhon kanthi wilujeng sehat wal `afiyat.
Sholawat soho salam mugiyo kaatur, kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW.
،‫بقولنا اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين‬
Kanti waosan sholawat meniko, mugiyo kito sedoyo angsal syafa`atul `udma mbenjang
wonten yaumil kiamat. Amin ya robbal `alamin
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.
Wonten mriki Kulo ingkang kajibah minangkani pranoto acoro, badhe ngaturaken reraciking
acoro pengaosan wulan romadhon wonten injang meniko :
 Adicoro ingkang sepindah, pembikaan.
 Adicoro ingkang kaping kaleh nipun waosan ayat suci Al Quran
 Adicoro ingkang kaping tigo waosan dzikir tahlil.
 Adicoro ingkang kaping sekawan, mauidhotul hasanah ingkang dipun lajengaken adicoro
pamungkas nun ingih do`a penutup.
Mekaten kolo wau reraciking adicoro pengaosan wulan romadhon wonten injang
meniko, Sumonggo pengaosan meniko kito bikak kanthi waosan ummul kitab ?

LI RIDHO ILLAHI TA’ALA WALI SYAFA’ATI ROSULILLAH SAW AL-FATIHAH ....


Lumampah adicoro ingkang kaping kaleh nun inggih waosan ayat suci Al Quran
ingkang kasuwunaken dumateng panjenengannipun sasono soho titilaksono
kawulo sumanggaaken,.______________________________
Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken agungeng panuwun.
Lumampah adicoro ingkang kaping tigo inggih waosan dzikir tahlil ingkang
kasuwunaken barokahipun Bapak H Muh. Kasijan dumateng panjenengannipun sasono soho
titilaksono kawulo sumanggaaken,.______________________________
Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken agungeng panuwun.
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.
Pranotocoro pengaosan wulan romadhon
Dilajengaken adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko adicoro inti, mauidhotul
hasanah ingkang dipun lajengaken do`a penutup ingkang bade kamedal sabdo dening
almukarrom Romo Kyai................... saking.............. dumateng panjenenganipun sasono soho
titilaksono kanti saagunging pakhurmatan, kawulo sumanggaaken,___________
Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken agungeng panuwun.
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.
Sampun paripurno pengaosan wulan romadhon woten injang meniko, mugiyo kito
sedoyo waget mendet hikmahipun, sehinggo waget mbeto manfaat dumateng kito sedoyo
awit wonten dunnyo meniko ngantos mbenjang dumugi akhirat. amin ya robbal alamin.
Saklajengipun, Kulo minangkani pranoto acoro awit awal ngantos akhir anggenipun
nderekaken lumampahing acoro, katah kalepatan lan kekirangan, kirang toto trapsilaning
tembung lan tingkah, kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo
Akhirul kalam
‫واهلل الموافق الى اقوم الطارق‬
‫والسالم عليكم ورحمةاهلل وبركاته‬

Di buat pada hari Sabtu, 21 Juli 2012 M bertepatan dengan tanggal 01 Romadhon 1433 H, Oleh Mukhtar
Shokhib, mohon saran untuk perbaikan teks Pranotocoro di atas. matursuwun.

Anda mungkin juga menyukai