Anda di halaman 1dari 1

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1

TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022


MI MUHAMMADIYAH ADISANA
Status Terakreditasi B

Nama : Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (lima ) Hari,Tanggal :

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang bener!


Pidhato Perpisahan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Sutajaya minangka Kepala Sekolah ingkang kula bekteni. Bapak/Ibu guru SD Kembang Teratai ingkang kula bekteni.
Bapak/Ibu tiyang sepuh saking mas lan mbak kelas VI ingkang kinurmatan. Mas lan Mbak kelas VI ingkang kula tresnani.
Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad, awit dinten menika kita
taksih saged kempal wonten aula sekolah kanthi bagas waras, kali sing rubeda nir ing sambikala.
Kaparenga kula pun Maharaja minangka sesulih siswa-siswa ing SD Kembang Teratai, ngaturaken sugeng rawuh ing acara
perpisahan siswa-siswa kelas VI ingkang sampung purna anggenipun sekolah kanthi lancer samudayanipun. Kula minangka adhik
kelas, ngaturaken slamat kagem Mas saha Mbak kelas VI ingkang ganggungipun 40, ingkang sampun lulus sadaya kanthi biji ingkang
sae. Sadya kala wau, awit saking panggulawentahipun saya Bapak/Ibu guru SD Kembang Teratai utaminipun Ibu Guru Saraswati
ingkang ngastha kelas VI ingkang tansah sabar anggenipun mbimbing para siswa.
Mugi-mugi kula kaliyan rencang-rencang saged nuladhani semangat Mas saha Mbak ingkang satuhu damel bombonging manah
kula lan damel kuncaraning SD Kembang Teratai. Mugi-mugi Mas kaliyan Mbak sekalian ugi saged nerasaken sekolah wonten ing SMP,
taksih pinter lan emut dhateng Bapak/Ibu Guru, mbangun miturut dhateng tiyang sepuh, saha mboten kesupen tansah nyaketanen
anggenipun manembah dhumateng Gusti. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun
pangapunten. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
1. Pidhato kuwi diwacakake ing acara perpisahan kanggo ….
a. kanca kang pindah sekolah c. siswa kelas VI kang lulus
b. guru kang pindah sekolah d. wong tuwane kang seda
2. Siswa kang lulus cacahe ana ….
a. enam b. sepuluh c. rong puluh d. patang puluh
3. Guru kang ngasta kelas VI asmane ….
a. Sutajaya b. Maharaja c. Saraswati d. Kembang Teratai
4. Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti ingkang Akarya
Jagad. Ukara ing pidhato kuwi kalebu perangan ….
a. purwaka b. surasa basa c. pangarep-arep d. salam pambuka
5. Nulis pidhato kudu cocog karo ….
a. isine b. tulisane c. kahanane d. perentahe
6. Pidato yaiku mendharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong ....
a. siji b. tuwo c. akeh d. cilik
7. Salah siji tujuan pidhato yaiku nyedhiyani ....
a. pengumuman b. informasi c. laporan d. nasehat
8. Urutane pidhato ana ...
a. lima b. papat c. telu d. loro
9. Tandha jeda // artine ...
a. mandeg sedela b. mandeg rada suwe c. intonasi munggah d. intonasi mudhun
10.Tandha jeda sing pas karo artine “mandeg sedela” iku ....
a. / b. // c. d.

B. Isilah titik-titik di bawah ini dengan jawaban singkat dan benar!


11. Jinis – jinis pidhato ana ....
12. Salam pambuka isine ngucapake ... marang tamu kang rawuh
13. Swara nalika pidhato ngucapake kudu ....
14. Tandha jeda ... artine intonasi mudhun
15. Wujude basa ngoko alus iku tetembunge ngoko kacampuran krama ....

Anda mungkin juga menyukai