Anda di halaman 1dari 1

Pidato Perpisahan Kelas 9

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu


Guru saha staf karyawan/ti ingkang kulo hormati, adhik-adhik kelas lan
rencang rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani.

Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem


Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanikmatan
dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing aula
SMP Persatuan kanthi sehat wal afiat.

Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang


sampun nglonggaraken wekdal nrawuhi adicara menika.

Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun


dumateng Bapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan
anggenipun nggulawentah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan menika, saha saged lulu 100%. Ingkang nomer
kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi ketampi
wonten sekolah ingkang dipun idam-idamaken. Ingkang pungkasan,
kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken SMP Persatuan
menika.

Kulo dedonga, mugi mugi SMP Persatuan tetep jaya lan majeng
prestasinipun.

Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai