Anda di halaman 1dari 2

Persiapan Lan kegiatan mauludan

Pas dina jemuah tanggal 7 oktober 2022 Asep, Agus, Ridwan, karo
Dani arep takon maring pak bagas ngenani mauludan tanggal 8
Ridwan: gus, sida takon pak bagas apa ora

Agus: ya sida lah nek ora mengko dewek ora ngerti apa – apa

Dani: sing arep takon sapa

Asep: nyong baelah, kan nyong sing paling kenal

Ridwan: okelah berarti asep sing takon

Dani: menko pas istirahat men ruang guru ya

Agus: okelah

Asep: aja jajan disit loh

Agus: ora nyong lih ora bakal jajan disit

Dadi sidane dani, Ridwan, asep, karo agus ninggoni ngasi istirahat terus
mengruang guru
Asep: assalamualaikum, pak bagas onten

Pak Bagas: waalaikumsalam, ana apa

Asep: anu, puniki ajeng taken bab maulud nabi

Pak Bagas: oh yawes arep takon apa

Asep: benjing dados mauludan mboten nggih

Pak Bagas: oh, ngesuk sida mauludan

Agus : oh nggih pak kalih taken benjing badhe agem ageman napa nggih

Pak Bagas: nek ngesuk pada nganggo klambi muslim

Kabeh: oh matur suwun pak

Ngesuke Asep, Ridwan, Dani karo Agus pada ngumpul bareng-bareng


Agus: wih pada nggawa apa

Asep: nyong nggawa kering tempe

Dani: nyong nggawa ayam bakar

Ridwan: nyong nggawa oseng mie

Dani: lah ko nggawa apa gus


Agus: nyong nggawa rendang

Dani: weh rendang nggawane ya enak

Pak Bagas: agi pada ngapa nang ngene

Ridwan: eh Pak Bagas, anu niki seg ngendikakaken dhaharan ingkang dibekta

Pak Bagas: oh yawes lanjutaken bae

Kabeh: nggih pak

Sawise mauludan Ridwan, dani, asep, karo agus bali bareng kambi ngomongna
mauludan mau
Agus: wah penak we mauludan mau ana makan – makan karo ceramah rame maning

Asep: iya moga – moga mauludan taun ngarep kaya kie maning

Dani: wah nek mauludan taun ngarep kaya kiye maning tah agus penak mangan rendang maning

Agus: hehehe

Ridwan: yawes lah ya nyong disit

Dani: Nyong pada bae disit ya nyong se RT kambi Ridwan

Agus/asep: iya

Keterangan
Asep = Ananda Dwi Prasetya (3)
Pak Bagas = Aufa Aditya Pramana (7)
Agus = Leading Wicaksono (14)
Ridwan = Naufal Alfaradis Wafi (21)
Dani = Muhammad Rizki Alfian (17)
Narator = Oktri Temi Saputra (22)

Anda mungkin juga menyukai