Khutbah I
ٰ علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ ٰ ه
ُّلِلا َوبَ َر َكاتُه َ سالَ ُم َّ اَل
علَى ال ٰ ِّدي ْٰن ُك ٰلِّ ٰه َ ُظ ٰه َره ْ ُق ٰليٰ ِّ س ْولَهُ ٰب ْال ُه َدى َو ٰدي ْٰن ْال َحـ ُ س َل َر ٰ اَ ْل َح ْم ُد ٰ ه
ْ ّلِل الَّذ
َ ٰي أَ ْر
س ْو ُل ه
.ّلِلا ُ ّلِلا َوأَ ْش َه ُد أَ َّن ُم َح َّمدًا َر أَ ْش َه ُد أَ ْن ََل ا ٰٰلهَ ٰإَلَّ ه، ََولَ ْو َك ٰرهَ ْال ُم ْش ٰر ُك ْون
فَ َيا:ُ أَ َّما َب ْعد. َص َحا ٰب ٰه أَ ْج َم ٰعيْنْ َعلَى أله َوأ َ س ٰيِّ ٰدنَا ُم َح َّم ٍد َوَ علَى َ ص ِّٰل َ اَلله ُهـ َّم
َوقَا َل تَعَالَى. َ فَقَ ْد فَازَ ْال ُمتَّقُ ْون،ّٰلِلا ص ْينٰي ٰ نَ ْف ٰس ْي َوإٰيَّا ُك ْم بٰتَ ْق َوى ه ٰ أ ُ ْو،ّٰلِلاٰعبَا َد ٰ ه
َص َدق َ . َّلِلا َح َّق تُقَاتٰ ٰه َوَلَ تَ ُم ْوت ُ َّن ٰإَلَّ َوأَ ْنت ُ ْم ُم ْس ٰل ُم ْون َ يَا اَيُّ َها الَّ ٰذيْنَ آ َمنُ ْوا اتَّقُ ْوا ه
ّلِلاُ ْال َع ٰظي ْم.ه
الر ٰج ٰيم
َّ ان ٰ طَ ش ْي ٰ َّ عوذُ ٰب
َّ اّلِل ٰمنَ ال ُ َأ
ب َ صا ٰب ُرونَ أَ ْج َر ُه ْم ٰبغَي ْٰر ٰح
ٍ سا َّ ٰإنَّ َما يُ َوفَّى ال
Artosipun kirang langkung :"Anging pestine wong-wong kang podo sabar iku
den tuhoni ganjarane kelawan tanpo kaetung. (Al-Qur'an Surat Az-Zumar:10)
Mekaten dawuhipun Gusti Allah, Wondene ingkang dipun maksud sabar
puniko sak mboten-mbotenipun wonten werni kalih:
Setunggal, sabar ing ndalem netepi dawuh- dawuhipun Gusti Allah lan nebihi
awisan-awisanipun. Tegesipun sinahoso dawuh-dawuhipun Gusti Allah puniko
kerahos awrat, kados dene netepi sholat gangsal wekdal ingkang kedah kito
lampahi saben-saben dinten wonten ing tingkah punopo kemawon, kito tetep
kedah sabar sarono ningkataken kesadaran bilih dawuh-dawuh Pangeran
puniko temtu mbekto kesahenan ingkang badhe wangsul malih dumateng
manungso piyambak. Semanten ugi ing dalem nebihi awisan-awisanipun, kito
kedah sabar ngempet howo nafsu saking pendamel duroko tuwen maksiat.
Panci mboten saget dipun ingkari bilih nebihi maksiat puniko perkawis ingkang
awrat sanget, punopo malih wonten manah kito manungso puniko wonten
perkawis ingkang nami howo nafsu ingkang tansah dipun tunggangi setan.
Ananging menawi kito saget ngempet howo nafsu puniko Gusti Allah Ta'ala
paring piwales ingkang agung sanget arupi suwargo. Kados dawuhipun wonten
ing Al-Qur'anul Karim:
الر ٰج ٰيم
َّ ان ٰ ط َ ش ْي
َّ اّلِل ٰمنَ ال ُ َأ
ٰ َّ عوذُ ٰب
ي ْال َمأ ْ َو ٰى
َ فَإٰ َّن ْال َجنَّةَ ٰه, ع ٰن ْال َه َو ٰى َ ام َر ٰبِّ ٰه َونَ َهى النَّ ْف
َ س َ َوأَ َّما َم ْن خ
َ َاف َم َق
Artosipun kirang langkung: " Sopo wong kang wedi marang keagungane
Pangeran lan ngempet howo nafsune, mongko suwargo kang dadi
panggonane." ( Al-Qur'an Surat An- Nazi'at:40)
Kaping kalih, inggih puniko sabar saking perkawis ingkang dumawah dumateng
kito arupi musibah.
الر ٰج ٰيم
َّ ان ٰ ط َ ش ْي
َّ اّلِل ٰمنَ ال ٰ َّ ٰعوذُ ب ُ َأ
ٍ ف َو ْال ُجوعٰ َونَ ْق
ص ٰمنَ ْاْل َ ْم َوا ٰل َو ْاْل َ ْنفُ ٰس ٰ ش ْيءٍ ٰمنَ ْالخ َْو َ َولَنَ ْبلُ َونَّ ُك ْم ٰب
َصا ٰب ٰرينَّ ش ٰر ال ِّ ٰ ت ۗ َو َب ٰ َوالث َّ َم َرا
Artosipun kirang langkung: " Lan yekti bakal ingsun cubo siro kabeh kelawan
sewiji-wiji saking wedi lan luwe lan kurang piro-piro bondho, piro-piro awak,
piro-piro woh-wohan, lan bebungaho siro Muhammad ing wong-wong kang
podo sabar." (Al-Qur'an, Surat Al-Baqarah:155)
Pramilo monggo kito tingkataken kesadaran kito sami. Kito ing ngalam dunyo
puniko namung ngelampahi gesang, sedoyonipun sampun dipun atur dining
ingkang damel gesang, Gusti Allah Ta'ala. Sampun ngantos malah nyacat-
nyacat nasibipun awak, punopo malih ngantos modho dateng Pengeran,
nganggep menawi Pengeran mboten adil dhumateng kawulonipun.
Menawi kito saget nampi kanthi ikhlas dateng cubo saking Pengeran,
selajengipun saget netepi sabar, InsyaAllah piwales ganjaran saking ngerso
dalem Allah agung sanget lan badhe pinaringan dalan gampang ingkang tanpa
kasongko-songko. Amin Ya Rabbal Alamin.
آن ْال َع ٰظي ْٰمَ ،و َج َعلَنٰ ْي َو ٰإيَّا ُك ْم ٰب َما فٰ ْي ٰه ٰمنَ ْاْليَاٰتّلِلاُ ٰل ْي َولَ ُك ْم فٰي ْالقُ ْر ٰ ار َك ه بَ َ
الر ٰح ْي ُم
ف َّ الرؤ ُْو ُ اب َّ .وال ٰذِّ ْك ٰر ْال َح ٰكي ْٰمٰ .إنَّهُ ُه َو ال َب ُّر الت َّ َّو ُ
َ
اح ٰميْنَ ـ ت أَ ْر َح ُم ِّ
الر ٰ ار َح ْم َوأَ ْن َ
َوقُ ْل َربِّ ٰ ا ْغ ٰف ْر َو ْ
Khutbah II
ش ُر ْو ٰر أَ ْنفُ ٰسنَا َو ٰم ْن اّلِل ٰم ْن ُّلِل ن َْح َم ُدهُ َونَ ْستَ ٰع ْينُهُ َونَ ْستَ ْغ ٰف ُر ْهَ ،ونَعُوذُ ٰب ٰ ه ٰ اَ ْل َح ْم ُد ٰ ه ٰ
ٰي لَهُ .أَ ْش َه ُدض ٰل ْل فَالَ هَاد َ ض َّل لَهُ َو َم ْن يُ ْ ّلِلاُ فَالَ ُم ٰت أَ ْع َما ٰلنَاَ ،م ْن يَ ْه ٰد ٰه ه سيِّٰئَا ٰ
َ
ي بَ ْع َدهُ .اَلله ُهـ َّم َ
ص ِّٰل س ْولُهُ ََلنَبٰ َ ع ْب ُدهُ َو َر ُ أَ ْن َلَ ٰإلَهَ ا ََّٰل هّلِل َوأَ ْش َه ُد أَ َّن ُم َح َّمدًا َ
ص َحا ٰب ٰه اَ ْج َم ٰعيْنَ .أَ َّما بَ ْعدُ .فَيَا علَى آ ٰل ٰه َواَ ْ علَى َ
س ٰيِّ ٰدنَا ُم َح َّم ٍد َو َ ار ْك َ س ٰلِّ ْم َوبَ ٰ
َو َ
ّلِلا َح َّق تُقَا ٰت ٰه َو ََل تَ ُم ْوت ُ َّن ٰإَلَّ َوأَ ْنت ُ ْم ُم ْس ٰل ُم ْونَ
ّلِلاٰ! اٰتَّقُ ْوا ه َٰ .ع َبا َد ٰ ه