Anda di halaman 1dari 9

‫‪Khutbah Jumat: Birrul‬‬

‫‪Walidain, Mikul Dhuwur‬‬


‫‪Mendhem Jero‬‬

‫‪Khutbah I‬‬
‫َالَّساَل ُم َعَلْيُكْم َو َر ْح َم ُة ِهللا َو َبَر َكاُتُه‬

‫َاْلَح ْم ُدِهلل اَّلِذى َأْنَز َل ْالُقْر آَن ِلُكِّل َشْي ٍء ِتْبَياًنا‪َ .‬و ِم ْنُه َتْو ِص َّيُتُه ِباْلَو اِلَدْيِن‬
‫ِإْح َساًنا‪َ .‬اْش َه ُد َاْن اَل ِاَلَه ِااَّل ُهللا َو ْح َدُه اَل َشِر ْيَك َلُه ِاْيَم اًنا َو اْع ِتَر اًفا‪.‬‬
‫َو َاْش َه ُد َاَّن َسِّيَدَنا ُمَح َّم ًدا َعْبُدُه َو َر ُسْو ُلُه اْلَم ْح ُمْو ُد َقْدًر ا َو َشاًنا‬

‫َالَّلُه َّم َفَصِّل َو َسِّلم َو َباِر ْك َعَلى َسِّيِدَنا َو َم ْو اَل َنا ُمَح َّم ٍد َو َعَلى آِلِه‬
‫َو َص ْح ِبِه َذِو ى الُّتَقى‪َ .‬أَّم ا َبْعُد‪َ :‬فَيا ِع َباَدِهللا! ِاَّتُقواَهللاا َح َّق ُتَقاِتِه‬
‫َو اَل َتُمْو ُتَّن ِااَّل َو َاْنُتْم ُم ْسِلُمْو َن ‪َ .‬فَقْد َقاَل ُهللا َتَعاَلى ِفى ِك َتاِبِه اْلَكِر ْيِم ‪،‬‬
‫َاُعْو ُذ ِباِهلل ِم َن الَّشْيَطاِن الَّر ِج ْيِم ‪َ :‬و َقَض ٰى َر ُّبَك َأاَّل َتْعُبُدوا ِإاَّل ِإَّياُه‬
‫َو ِباْلَو اِلَدْيِن ِإْح َساًناۚ ِإَّم ا َيْبُلَغَّن ِع ْنَدَك اْلِك َبَر َأَح ُدُهَم ا َأْو ِك اَل ُهَم ا َفاَل‬
‫َتُقْل َلُه َم ا ُأٍّف َو اَل َتْنَه ْر ُهَم ا َو ُقْل َلُه َم ا َقْو اًل َكِر يًم ا‪َ .‬ص َدَق ُهللا اْلَعِظ ْيُم‬

‫‪Jamaah Jum’at ingkang berbahagia,‬‬


Mangga, kita sami tansah ambudidaya
ningkataken ketakwaan kita dhateng
Ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Kita tuhoni
sedaya perintahipun Allah, lan kita
tebihi sedaya awisanipun. Lan mangga,
kita tingkataken penghambaan utawi
ibadah kita dhateng Allah, ugi kita
gatosaken babagan birrul walidain
utawi mbagusi piyantun sepah kekalih.

Amargi, Allah Ta’ala memposisikan


babagan birrul walidain menika, wonten
posisi ingkang agung. Yakni, sak
sampunipun kita dipun wajibaken
ngabekti dhateng Allah piyambak, dipun
lajengaken kewajiban birrul walidain.
Kados ingkang sampun dipun
dhawuhaken wonten Al-Qur’an, Surat
An-Nisa, ayat 36:

‫َو اْعُبُدوا َهَّللا َو اَل ُتْش ِر ُكوا ِبِه َشْيًئاۖ َو ِباْلَو اِلَدْيِن ِإْح َساًنا …األية‬
Artosipun: “Lan ngibadaha sira kabeh
marang Allah, lan ojo nyekuthokake
Allah marang suwiji-wiji apa wae, lan
agaweya bagus marang wong tuwa
karo.”

Jamaah Jum’at ingkang berbahagia,

Dhawuhipun Allah Ta’ala wonten Al-


Qur’anul Karim:

‫ َو َو َّص ْيَنا اإلْنَساَن ِبَو اِلَدْيِه َح َم َلْتُه‬: ‫َاُعْو ُذ ِباِهلل ِم َن الَّشْيَطاِن الَّر ِج ْيِم‬
‫ُأُّم ُه َو ْهًنا َعَلى َو ْه ٍن َو ِفَص اُلُه ِفي َعاَم ْيِن َأِن اْشُكْر ِلي َو ِلَو اِلَدْيَك ِإَلَّي‬
)١٤ :‫اْلَم ِص ْيُر (لقمن‬

Artosipun: “Lan Ingsun (Allah) wus


wasiat (perintah) ing manungsa supaya
mbagusi marang wong tuwa lorone.
Ibune wus sarana rekasa lan nyapih ing
ndalem mangsa rong tahun. Tegese,
syukura sira kabeh marang Ingsun
(Allah) lan marang wong tuwa loro iro.
Mung maring ingsun (Allah) nggonmu
bali.” (Q.S. Luqman: 14)
Wonten ayat menika, Allah Ta’ala
nerangaken bilih piyantun sepah
(langkung-langkung ibu), piyantun
ingkang sampun kathah
perjuanganipun. Awit saking nalika kita
taksih wonten kandungan, dipun
lahiraken, bahkan ngantos dewasa. Kita
dipun ramut, dipun gulawentah, lan
dipun cekapi sedaya kebetahan kita.

Jamaah Jum’at ingkang berbahagia,

Wonten kalih perkawis ingkang paling


mendasar tumrap putra kagem birrul
walidain:

Kaping sepisan, ndamel bingahipun


piyantun sepah kalih. Tumprap putra,
mutlak ambudidaya ndamel bingahipun
piyantun sepah kalih, sarana tuhu
dhateng dhawuh pangandikanipun,
ngladosi kabetahanipun, lan
ambudidaya mbales dhateng jasa-
jasanipun, anjagi nama baik lan
kahormatanipun utawi mikul dhuwur
mendhem jero dhateng piyantun sepah.

Sampun ngantos putra tumindak


ingkang ndadosaken gela lan
kuciwanipun piyantun sepah.
Langkung-langkung menawi piyantun
sepah sampun udzur, putra kedah sabar
lan wicaksana anggenipun ngladosi,
kedah memaklumi kawontenanipun.

Cinarita wonten ing salah setunggalipun


hadis:

‫ َج اَء َر ُج ٌل‬: ‫َعْن َعْبِد ِهَّللا ْبِن َعْم ٍر و ْبِن العاص َر ِض َي ُهَّللا َعْنُه َم ا َقاَل‬
‫ ِج ْئُت ُأَباِيُعَك َعَلى‬: ‫ َفَقاَل‬، ‫ِإَلى َر ُسوِل ِهَّللا َص َّلى ُهَّللا َعَلْيِه َو َسَّلَم‬
‫ “اْر ِج ْع َعَلْيِهَم ا َفَأْض ِح ْك ُه َم ا‬: ‫ َفَقاَل‬، ‫ َو َتَر ْك ُت َأَبَو َّي َيْبِك َياِن‬،‫اْلِه ْج َر ِة‬
)‫ (رواه ابى داود‬.”‫َكَم ا َأْبَكْيَتُه َم ا‬

Ingkang artosipun: “Cinarita sangka


Abdullah bin Umar radhiyallahu
‘anhuma dhawuh: wus sowan wong
lanang marang panjenenganipun
Kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi
wasallam. Nuli wong iku matur: ‘Dalem
sowan ba’iat dhateng panjenengan
badhe hijrah, nanging dalem nilaraken
piyantun sepah kalih kanthi
kawontenan muwun (nangis). Lajeng
Kanjeng Rosul dhawuh: baliya sira, lan
gaweha bungah marang wong tuwa loro
sira, kaya olehe sira wus agawe tangise
karone. (HR. Abu Dawud)

Ingkang kaping kalih, ndongakake


dhateng piyantun sepah kalih, sami ugi
piyantun sepah taksih sami sugeng,
utawi sampun seda.

Jamaah Jum’at ingkang berbahagia,

Selami piyantun sepah kita taksih


sugeng, kita suwunaken dhateng Allah
Ta’ala, kesehatan, kawilujengan lan
kaberkahanipun. Menawi piyantun
sepah kita sampun seda, kita
suwunaken dhateng Allah Ta’ala
rahmat, maghfirah lan suwarganipun.
Sak lebetipun Sunan Ibnu Majah,
Kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi
wasallam sampun dhawuh:

‫َعْن َأِبي ُأَسْيٍد َم اِلِك ْبِن َر ِبيَعَة َقاَل َبْيَنَم ا َنْح ُن ِع ْنَد الَّنِبِّي َص َّلى ُهَّللا‬
‫َعَلْيِه َو َسَّلَم ِإْذ َج اَء ُه َر ُج ٌل ِم ْن َبِني َسَلَم َة َفَقاَل َيا َر ُسوَل ِهَّللا َأَبِقَي ِم ْن‬
‫ِبِّر َأَبَو َّي َشْي ٌء َأَبُّر ُهَم ا ِبِه ِم ْن َبْعِد َم ْو ِتِهَم ا َقاَل َنَعْم ! الَّص اَل ُة َعَلْيِهَم ا‬
‫َو ااِل ْسِتْغَفاُر َلُه َم ا َو ِإيَفاٌء ِبُعُه وِدِه َم ا ِم ْن َبْعِد َم ْو ِتِهَم ا َو ِإْك َر اُم َص ِديِقِهَم ا‬
‫َو ِص َلُة الَّر ِح ِم اَّلِتي اَل ُتوَص ُل ِإاَّل ِبِهَم ا‬

Ingkang artosipun: “Saking Abu Usaid


Malik bin Rabi’ah dhawuh: Nalika kita
ana ngarsane Nabi shallallahu ‘alaihi
wasallam, dumadakan ana wong lanang
sangka golongan Bani Salamah sowan
marang panjenenganipun Nabi, lan
nyuwun pirsa: Duh, Kanjeng Rasul,
punapa taksih wonten malih perkawis
kagem bekti dhateng piyantun sepah
kalih kula, sak sampunipun kekalihipun
seda? Banjur Nabi dhawuh: bener! Yo
iku dongakake marang kekarone,
nuhoni janji-janji kekarone sak wuse
kekarone seda, mulyakake kanca-
kancane, lan ora nyambung tali
silaturahim kejaba amarga krana
kekarone.”

Jamaah Jum’at ingkang berbahagia,

Semanten agungipun derajat piyantun


sepah kalih kita, lan sampun dados
kewajiban tumprap saben putra
mulyakaken dhateng kekalihipun utawi
mikul dhuwur mendhem jeru.

Mugi-mugi kita pinaringan istiqamah,


ngabekti dhateng Allah Ta’ala, ugi
ngabekti dhateng piyantun sepah kalih
kita.

‫ َو َنَفَعنِي َو ِإَّياُكْم ِبَم ا ِفْيِه ِم َن‬. ‫بَاَر َك ُهللا ِلْى َو َلُكْم ِفى اْلُقْر آِن اْلَعِظ ْيِم‬
‫اَأْليَاِت َو الِّذ ْك ِر اْلَح ِك ْيِم َو َتَقَّبْل ِم ّنِى َو ِم ْنُكْم ِتَالَو َتُه ِإَّنُه ُهَو الَّسِم ْيُع‬
‫ َأُقْو ُل َقْو ِلْي َهَذا َو َأْس َتْغِفُر َهللا اْلَعِظ ْيَم ِلْي وَلُكْم َو ِلَساِئِر‬. ‫ْالَعِلْيُم‬
‫ ِإَّنُه ُهَو اْلَغُفْو ُر الَّر ِح ْيُم‬،‫ َفاْس َتْغِفُر ْو ُه ِم ْن ُكِّل َذْنٍب‬. ‫اْلُم ْسِلِم ْيَن‬

Khutbah II
‫َاْلَح ْم ُد ِهلل اَّلِذى َبَّشَر اْلُم َّتِقْيَن ِبَأَّن َلُه ُم اْلُح ْس َنى ِفى الُّدْنَيا َو اَاْلِخ َر ِة‪.‬‬
‫َأْش َه ُد َاْن اَل ِاَلَه ِااَّل ُهللا َو ْح َدُه اَل َشِر ْيَك َلُه‪َ .‬و َاْش َه ُد َاَّن َسِّيَدَنا ُمَح َّم ًدا َعْبُدُه‬
‫َو َر ُسْو ُلُه‪َ .‬الَّلُه َّم َفَصِّل َو َسِّلْم َو َباِر ْك َعَلى َسِّيِدَنا َو َم ْو اَل َنا ُمَح َّم ٍد‬
‫َأْش َر اِف اْلَم ْخ ُلْو َقاِت‪َ ،‬و َعَلى َاِلِه َو َاْص َح اِبِه َاْه ِل الَّتْقَو ى َو اْلَم ْغِفَر ِة‬

‫َفَياَاُّيَه ا اْلُم ْسِلُمْو َن ! ِاَّتُقْو َهللاا َح َّق ُتَقاِتِه َو اَل َتُمْو ُتَّن ِااَّل َو َاْنُتْم ُم ْسِلُمْو َن ‪.‬‬
‫َفَقاَل ُهللا َتَعالَى َو َلْم َيَز ْل َقاِئًال َعِلْيًم ا‪ِ :‬اَّن َهللا َو َم اَل ِئَكَتُه ُيَص ُّلْو َن َعَلى‬
‫الَّنِبِّي َيَأُّيَه ااَّلِذْيَن َاَم ُنْو ا َص ُّلْو ا َعَلْيِه َو َسِّلُمْو ا َتْسِلْيًم ا‬

‫َالَّلُه َّم َصِّل َو َسِّلْم َو َباِر ْك َعَلى َسِّيِدَنا َو َم ْو اَل َنا ُمَح َّم ٍد َو َعَلى َاِلِه‬
‫َو َص ْح ِبِه َو الَّتاِبِع ْيَن َو اْر َض َعْنُهْم ِبَر ْح َم ِتَك َياَأْر َح َم الَّر اِح ِم ْيَن ‪َ .‬الَّلُه َّم‬
‫اْغ ِفْر ِلْلُم ْؤ ِم ِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت َو اْلُم ْسِلِم ْيَن َو اْلُم ْسِلَم اِت َاَأْلْح َياِء ِم ْنُهْم‬
‫َو ْاَالْم َو اِت‪َ .‬الَّلُه َّم اْدَفْع َعَّنا اْلَبَالَء َو اْلَغاَل َء َو اْلَفْخ َشاَء َو اْلُم ْنَكَر‬
‫َو اْلُم ْخ َتِلَفَة َو الَّشَداِئَد َو اْلِم َح َن َم اَظَه َر ِم ْنَه ا َو َم اَبَطَن ِم ْن َبَلِدَنا‬
‫ِاْنُدوِنْيِسَّيا خآَّص ًة َو ِم ْن ُبْلَداِن اْلُم ْسِلِم ْيَن َعاَّم ًة‪َ .‬ياَر َّب ُكِّل َشْي ٍء‬
‫ِبُقْدَر ِتَك َعَلى ُكِّل َشْي ٍء ‪ِ ،‬اْغ ِفْر َلَنا ُكَّل َشْي ٍء َو اَل َتْس ىَأْلَنا َعْن ُكِّل َشْي ٍء‬
‫َو اَل ُتَح اِس ْبَنا ِفى ُكِّل َشْي ٍء َو َاْع ِط َنا ُكَّل َشْي ٍء ‪ِ .‬اَّنَك َعَلى ُكِّل َشْي ٍء‬
‫َقِدْيٌر ‪َ .‬ر َّبَنا آِتنَا ِفى الُّدْنَيا َحَسَنًة َو ِفى ْاآلِخ َر ِة َحَسَنًة َو ِقَنا َعَذاَب الَّناِر‬

‫ِع َباَدِهللا ! ِإَّن َهللا َيْأُمُر ِبْالَعْدِل َو ْاِإل ْح َساِن َو ِإْيتآِء ِذي ْالُقْر بَى َو َيْنَه ى‬
‫َعِن ْالَفْخ شآِء َو ْالُم ْنَكِر َو ْالَبْغِي َيِع ُظُكْم َلَعَّلُكْم َتَذَّكُر ْو َن َو اْذُكُر وا َهللا‬
‫ْالَعِظ ْيَم َيْذُكْر ُكْم َو اْشُكُر ْو ُه َعلَى ِنَعِم ِه َيِز ْدُكْم َو َلِذ ْك ُر ِهللا َأْك َبْر‬

Anda mungkin juga menyukai